Dataset Viewer
Auto-converted to Parquet Duplicate
image
imagewidth (px)
74
258
text
stringlengths
8
46
Akeh bocah pinter nanging ora bagus
Budi pakertine sabab dha kumagus
Ring wong tuwa bangga ngrrgani kang ngajeni
Sabab pinter dhewe langka kang madani
Jare iku jamanipun sak punika
Ora ngono dudu intelek merdika
Ngagem blangkon surban sarung dadi gujeng
Jare ora kebangsaan ingkang majeng
Sawang iku Pangeran Dipanegara
Imam Bonjol Tengku Umar kang kuncara
Kajaba yen bapa dhawuh he anakku
Iku turahe wong alim kiyaiku
Bagi rata sak dulurmu kabeh
Katularan alim sugih bandha akeh
Niyat ira nuprih berkahe wong mulya
Ora niyat rebut turahe wong liya
Sikap lan laku
Anak Islam iki mangsa kudu awas
Aja nganti lena mengko mundhak tiwas
Luru ilmu iku perlu nanging budi
Adab Islam kudu tansah dipersudi
Ana tamu
Tetkalane ibu rama nampa tamu
Aja biyayakan tingkah polahmu
Aja nyuwun dhuwit wedang lan panganan
Rewel beka kaya ora tau mangan
Lamun banget butuh kudu sabar disik
Nganti tamu mundur dadi sira becik
Ari kala padha bubaran tamune
Aja nuli rerebutan turahane
Kaya kething rerebutan najis tiba
Gawe malu lamun dideleng wong jaba
Alim iku gampang owah molah-malih
Ari kala sira madep ring wong liya
Kudu ajer aja mrengut kaya baya
Karo guru
Marang guru kudu tuhu lan ngabekti
Sekabehe prentah bagus dituruti
Piwulange ngertenana kanti ngudi
Nasiyate tetepana ingkang mardi
Larangane tebihana kanti yekti
Supaya ing tembe sira dadi mukti
Bubar saking pamulangan enggal mulih
Aja mampir-mampir dolan selak ngelih
Tekan omah nuli salin sandhangane
Kudu prenah rajin rapi aturane
Ana ing omah
Karo dulur kanca ingkang rukun bagus
Aja kaya kucing belang rebut tikus
Dadi tuwa kudu weruh ing sepuhe
Dadi anom kudu rumangsa bocahe
Lamun bapa alim pangkat sugih jaya
Sira aja kumalungkung ring wong liya
Nuli pamit ibu bapa kanti salam
Jawab ibu bapa ุนูŽู„ูŽูŠู’ูƒูู…ู ุงู„ุณูŽู‘ู„ูŽุงู…ู’
Disangoni akeh sithik kudu trima
Supaya ing tembe dadi wong utama
Ana pamulangan kudu tansah gati
Nampa piwulangan ilmu kang wigati
Ana kelas aja ngantuk aja guyon
Wayahe ngaso kena jajan lan guyon
Karo kanca aja bengis aja judas
Mundhak diwadani kanca ora waras
Mulih saking pamulangan
Kenthong subuh enggal tangi nuli adus
Wudu nuli shalat khusyu ingkang bagus
Rampung shalat tandang gawe apa bae
Kang prayoga kaya nyaponi omahe
Lamun ora iya maca-maca Qur'an
Najan namung sithik dadiya wiridan
Budal ngaji awan bengi sakabehe
Tata krama lan adabe padha bae
Ing pamulangan
Lamun arep budal menyang pamulangan
Tata-tata ingkang rajin kang resikan
Lamun sira liwat ana ing ngarepe
Kudu nuwun amit sarta depe-depe
Lamun ibu bapa duka becik meneng
Aja milu padon uga aja greneng
Bab ambagi wektu
Dadi bocah kudu ajar bagi zaman
Aja pijer dolan nganti lali mangan
Yen wayahe shalat aja tunggu prentah
Enggal tandang cikat-cikut aja wegah
Wayah ngaji wayah sekolah sinahu
Kabeh mau kanti gati kelawan tuhu
Ibu bapa riwangana lamun repot
Aja kaya wong kemagus ingkang wangkot
Lamun ibu bapa prentah enggal tandang
Aja bantah aja sengul aja mampang
Andhap asor ing wong tuwa najan liya
Tetepana aja kaya raja kaya
Gunem alus alon lirih ingkang terang
Aja kasar aja misuh kaya bujang
Yen wong tuwa lungguh ngisor sira aja
Pisan lungguh dhuwur kaya jama juja
Yen wong tuwa sare aja geger guyon
Lamun sira nuju maca kudu alon
ุจูุณู’ู…ู ุงู„ู„ู‡ู ุงู„ุฑูŽู‘ุญู’ู…ูฐู†ู ุงู„ุฑูŽู‘ุญููŠู…ู
ุตูŽู„ูŽุงุฉู ุงู„ู„ู‡ู ู…ูŽุง ู„ูŽุงุญูŽุชู’ ูƒูŽูˆูŽุงูƒูุจู’
End of preview. Expand in Data Studio
README.md exists but content is empty.
Downloads last month
39