diff --git "a/validation/jav.jsonl" "b/validation/jav.jsonl" new file mode 100644--- /dev/null +++ "b/validation/jav.jsonl" @@ -0,0 +1,440 @@ +{"id": "4845", "text": "Kelangan sepeda kuwi sing paling angel ditelusuri amarga sepeda kuwi ora duwe surat-surat kaya motor lan mobil sing bisa ndukung yen ana kelangan. Sepeda iki ugra transportasi sing gampang dipreteli lan didol terpisah kabeh komponene. Sing paling angel yaiku sepeda sing larang amarga perlindungane ora bedha karo sepeda sing regane luwih murah. Ora njamin bakal aman yen mung nganggo kunci ben ora ilang. Bagian sing penting saka sepeda iki salah sawijine nomor rangka, nanging akeh wong sing ora paham panggone nomor rangka sepeda amarga saban sepeda bedha lan ora kabeh duwe nomor rangka. Nomor rangka iki ana ning buku manual sing oleh saka tuku sepeda anyar.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3716", "text": "Wong saiki nag delok jeding sing kemproh polahe arang diresiki mesti jijike pol ambek jembere ora karoan. Padal nag wong biyen masio jedinge iku ora paik-apik koyok saiki tapi ora jember ambek jijikan koyok wong saiki. Nah sing garai jijik nang jeding saiki iku akeh-akehe yoiku ambune sing campur ora karoan antara pesing ambek banger. Biasane sing dadekno jember maneh yoiku ono pakean sing nang jero jeding maeng terus durung diumbah ambek ambune iku ora karoan iku yo tambah garai wong iku mangkele pol soale teko ambune wes campuran ora karoan koyok kandang. Tapi asline nag gelem ngeresiki yo iso ae dadi resik ambek ora jemberi wong sing ate mlebu jeding maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2997", "text": "Saiki sing dianggep harta karun iku bedo-bedo karek pengaweane wong iku maneg opo. Nag koncoku sing jurusan arkeolog, nag nemokno situs otowo bangunan tuo iku jelas bocahe senenge pol soale iku dianggep hartakarun. Akhir semester wingi bocaiku jumbul polahe nemokno harta karun sing digolek-goleki soale ate kanggo bahan penelitiane wonge. Terus koncoku maeng iku ngomong nang aku nag deke nemokno harta karun sing bener-bener langkah kanggo deke. Mangkane sing jenenge harta karun jaman saiki iku ora kudu rupo emas sing tumpukan utowo koyok sing ono nang Tipi-tipi iku, tapi harta karun iku yo barang sing dianggep wong-wong sing penting kanggo uripe utowo sing duwe manfaat paling gede.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3839", "text": "Aku tau diguyu boca sak kelas polahe ora gawe seragam sak mestine. Yo ancene isin, tapi guruku ngandani, ora atek dipek ati polahe bocah-bocah kan ora ngerti masalahmu opo mangkane guyu awakmu. Masio awakmu nang motone bocah-bocah iku keleru tapi nang keadaan opo sing bok lakoni iku ora keleru. Dadi sak durunge isin iku yo kudu ngerti opo sing tak lakoni iki ancene ngisine awak opo ora. Janji sing dilakoni iku maeng ora kenemenen yo ora masalah opo maneh iku ono alasane sing kuat ambek iso digawe nguatno ati sing diisin-isin. Sing tepak ancene urip iku kudu ati-ati, tapi yo ojo sampek dadi wong sing kakean mikir sing akhire dadekno ora maju.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9934", "text": "Kekerasan iku bisa nimbulake trauma kanggo wong sing ngalami. Apa maneh nalika digepuk karo wong sing cedhak karo kene misale karo wong tuwa. Iku nggarai trauma banget. Senajan kene wis bisa nyepura, nanging rasane isih kerasa lan ora bisa ilang ngono wae. Mula yen awakmu ujug-ujuh digepuk kene uga kudu evaluasi awake dewe. Apa kira-kira salahe kene sing nggarai wonge emosi lan akhire nganti gepuk kene. Yen gur masalah sepele wae, kene kudu wani kanggo njaluk sepura lan janji ora bakal mbaleni maneh. Yen ora bisa dijak kompromi lan isih nggepuki wae, baru bisa ditindak lan dilaporna polisi atas dasar kekerasan ana ing kaluwarga.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4369", "text": "Sampah iku ancene iso diarani barang sing ruso mergo teko barang sing ancene siso teko bekase wong. Nah barang iki ancene iso dadi barang sing jemberi nag sampek dadi barang sing bosok mergo wes saking akehe ambek saking suwene. Nah mergo iku nag ancene duwe barang siso sing sekirani iso bosok ambek marakno wong sing nang pinggire iku jember ambek mangkel nag iso iku diolah dewe ben iso dadi barang sing manfaat contohne nag ancene iku barang siso sing teko panganan yo dipemeh wae engko nag ancene wes garing kenek digawe pakan pitik utowo kewan liyane sing akhire kewan iku kenek didol, ora kok dibuwak sing akhire dadekno barang iku maeng bosok terus dadi ambune ora enak.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3878", "text": "Nak ora pengen isin polae ngelakoni perkoro elek, iku yo ojo ngelakoni elek ben ora ono sing diisini. Nah sing jenengen perkoro elek iki ora ono sing marakno wong seneng ambek sing marakno ati bunga ambek bangga. Sing ono iku tambah marakno ati iku bingun ambek isin nag konangan. Mangkane nag iso perkoro elek iku ojo sampek dilakoni nang panggonan umum nag ancene wedi konangan. Tapi nag iso dilakoni sing nang panggonan sing sepi ben ora konangan. Terus sing paling apik yoiku nang dilereni ben ora ngelakoni perkoro sing elek iku maeng. Tapi nag ancenen biasa biasane yo anggel kandanane. Yo ancene ngelerene perkoro elek iku ewoh tapi nag dijajal yo gampang ae.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2959", "text": "Nag jumbul polahe petok konco lawas iku biasane mesti ngomong ngalor-ngidul ora jelas. Kadang sampek takok-takok perkoro sing ora diduweni konco lawas iku maeng. Nah sing koyok nginiki ancene kudune ora oleh ditakokno. Nang endi-endi wong nang ditakoni perkoro sing koyok nginiki mesti atine maleh gelo soale nganggepe koncone sing takok maeng ngarepno deke luweh apik timbang biyen. Padal deke iku asline wes maleh tapi ora sing koyok ngunu. Dadi nag petuk konco iku yo sak lumrai takok ae ojo takok perkoro-perkoro sing ora diduweni opo maneh sing durung iso dilakoni polahe bakal garai deke iku isen nang awakmu sing takok iku maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9464", "text": "Ana ing instansi kerja iku wis lumrah kanggo ngewenehi penghargaan ing karyawan utawa anggotane. Penghargaan iki awujud bentuk apresiasi kantor kanggo ngeregani karyawane sing wis duweni prestasi utawa wis ngelakoni tindakan sing apik. Penghargaan kanggo karyawan biasane didum 3 wulan pisan. Wujude penghargaan uga macem-macem. Saben kantor duweni kebijakan dewe. Nanging sing paling umum yaiku wujud diwenehi dhuwit. Karyawan sing wis nrima penghargaan iki mesti awake seneng lan bakal termotivasi kanggo luwih semangat nalika kerja. Mula yen ana ing panggon kerja, kudu ngelakoni utawa ngerjakna penggawean kanti apik lan ikhlas supaya hasile uga apik lan bisa muasna kabeh wong sing ana.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2045", "text": "Ojo salah kiro, yen pitik kui khewan sing ora iso nyerang wong utowo khewan liyo. Jenis manuk kui iso nesu yen dheweke diganggu. nanging dheweke bakal luwih nesu meneh yen ono wong lan khewan sing ganggu anak-anake. Misale ono induk pitik karo anak-anake akeh. Pitik sing gedhe ono neng cerak anak-anake supoyo iso ngelindungi piyik-piyik kui. Nek awak dhewe jikuk piyek kui, awak dhewe bakal dioyak karo induk pitike kui. Pitik kui senadyan awake cilik lan sikile cendek, mlayune tetep banter. Yen awak dhewe keoyak, awak dhewe bakal dipatok utowo dicakar nganggo sikile. Makane kui, sebenere pitik kui khewan sing medeni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3732", "text": "Ambu amis iku biasane ono barang sing entah-entahan sing biasane marakno wong sing ora seneng ambek barang sing ngunuku maeng jember. Contohne barang iku maeng yoiku koyok geteh, daging entah, iwak sing isek entah, ambek liyan-liyane maeng. Yo ancene wong sing biasane ora tau nyekel barang sing koyok ngunuku maeng mesti jembere megilan nang nyekel barang ngunuku. Lah kadang lagek ambu amis tok ae wes jember opo maneg bag sampek emok yo tambah kerok-kerok ora karoan mergo saking jemeberi ambek sing jenenge amis iku maeng. Tapi yo ono wong sig ora mangkel barang mergo wes kebiasaan ambek perkoro ngunuku maeng. dadi wes ora jumbul maneh. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2559", "text": "Pengalaman sing paling nyenengno nag jero urip iku iso wae digolek'i, yo iso wae moro petok ora sengojo. Tapi sing jelas pengalaman sing nyenengno nang jero urip biasane iku iso dadekno wong sing duwe pengalaman iku ketok bungah nag iling perkoro iku maeng. Terus teko pengalaman iku maeng wong iku iso dadekno pikirane mlayu nang perkoro sing apik. Mangkane ayo golek pengalaman sing paling nyenengno nag jero uripe awak dewek pas isek duwe waktu utowo pas isek kober. Engko nag wes ora kober ambek ora sempat bakale getun. Terus ojo sampek duwe pengalaman sing nyenengno iku mok saitik. Nag saitik iku artine ora iso manfaatno kesempatan gawe golek pengalaman sing nyenengno nang jerone urip.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "374", "text": "Selama urip neng donyo iki, awak dewe mesthi ngelakoke kesalahan. Ono sing awak dhewe sadari ono sing ora awak dhewe sadari. Ono siji utowo beberapa seko kesalahan-kesalahan kui, sing awak dhewe getun banget wis ngelakoke perkoro kui utowo durung iso ngewujudke perkoro kui. Nanging, perasaan getun kui ora perlu disimpen suwe-suwe. Wektu kui ora iso diputer walik, dadi ora ono gunane awak duwe ngelangut mikirke perkoro sing wis lewat kui. Kabeh kui luwih apik neng dadi pelajaran, supoyo neng masa depan hal sing podo utowo sing mirip ora kedadean meneh. Nanging, roso getun kui tetep butuh ono. Kui iso dadi bukti yen awak dhewe tau salah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9842", "text": "Numpak pesawat iku kadang seneng kadang mangkelna. Kaya sing dialami karo Bu Dewi saiki. Bu Dewi dadi salah siji penumpang pesawat sing nuju Jakarta sing dina iki ujug-ujug jadwale dipindah lan ora ngewenehi kabar ning para penumpang. Pesawat sing asline budhal jam 4 sore ujug-ujug budhal jam 2 awan. Bu Dewi ngamuk banget. Dheweke nyeneni para petugas lan komplain kenapa kok ora kabeh penumpang dikandani. Swarane Bu Dewi banter banget ndadekake wong sing ana ing cedhak kono padha ndelok. Sikile uga wis mencak-mencak amarga tenanan eman karo pesawat sing wis budhal dhisik iki. Bu Dewi kudu cepet budhal ning Jakarta bengi iki amarga wis dienteni karo bose.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8373", "text": "Keju iku siji panganan sing digawe teko susu sing dipisahno, terus diperoleh dengan ngumpulno bagian kasein teko susu ambek susu skim. Pengumpulan iki kedaden mergo onok enzim rennit utowo nganggo peningkatan keasaman susu teko fermentasi asam laktat, utowo nggabungno rong teknik iku mau. Keju iku onok macem-macem jenise sesuai ambek susu sing dinggo karo teknik opo sing dinggo nggawe keju iku mau. Keju iku isok diarani dadi panganan sing wes membusuk soale wes ngelewati proses fermentasi. Mbasio ngono, panganan sing siji iki kaya akan nutrisi. Keju iki nduwe akeh elemen sing podo ambek susu, yaiku protein, lemak, kalsium, karo vitamin. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5720", "text": "Jam sepuluh bengi, Nita balik saka kerjane ning kantor. Nita rampung lembur numpak motor dhewean. Amarga wedi ning panggonan sepi, Nita iki bali liwat dalan gedhe sing uga biyasa diliwati truk. Wayah bengi, truk iki mesi rame lan ugal-ugalan. Kamangka, Nita kudu ati-ati. Nanging pas Nita wis ati-ati, motor ning ngarepe Nita kuwi moro kejungkel lan ditabrak mobil sedan sing kayane supire uga lagi mabuk. Banjur Nita mandheg lan arep nglinguk korbane. Korban ora nganthi seda, nanging kondisi motor rusak parah lan kayane korban rada bonyok. Pas ana polisi teka, Nita dikongkon dadi saksi, nanging Nita ya wedi amarga supir sedan kuwi katon mabuk lan uga nekat. Nita wedi yen dadi sasaran. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5677", "text": "Nulungi wong sing kelelep ning kolam renang kuwi ana carane ben ora melu katutan kelelep, mbutuhake kemampuan uga cara sing bener pas korban kelelep iki wis ana ning njaba kolam. Usahakake, kanggo wong sing nulungi korban iki wong sing temenan bisa renang lan kondisi awake lagi stabil uga ora oleh panik, amarga yen panik, malah melu kelelep. Banjur yen korban wis diangkat, sing kudu dilakoni yaiku ngecek ambegan lan respon saka korban, yen korban ora respon lan ora ambegan, CPR utawa pertolongan pertama kanggo jantung iki kudu dilakoni. Amarga suhu banyu iki adhem, korban iki kudu diangetake nganggo kemul lan diwenehi ombenan sing anget kaya teh utawa jahe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2004", "text": "Sing diwedike karo wong-wong pas disuntik kui, yen jebul jarum suntike kui iso nularke penyakit. Nanging selama, awak dhewe menyang dokter utowo rumah sakit sing bener lan resmi, awak dhewe ora perlu kuwatir kui bakal kedadean. Wis dadi prosedur neng omah sakit yen misale jarum suntik kui mung dienggo pisan. Seko pihak omah sakit lan dokter kui wis ngerti resiko yen jarum suntik kui dienggo luwih seko pisan. Rumah sakit lan dokter ora bakal nyuntik pasiene nganggo jarum suntik bekas wong liyo. Kui iso nyilakani. Wong sing disuntik nganggo suntikan bekas iso keno penyakit menular. Sakliyane kui, jarum sing wis disuntike kui wis ora landep meneh. Dadi yen digunake pisan meneh kui iso ngerusake jaringan kulit.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4959", "text": "Kadhang sing marai mahasiswa lali kuwi biaya sing diwenehake kanggo mbiyayai kuliah kuwi ora gedhe. Nanging mahasiswa iki uga sering lali amarga mahasiswa iki ora mikirake babagan golek dhuwit sing soro iki. Mahasiswa mung sibuk dolan lan ora peduli karo kondisi wong tuwane. Kamangka kuwi, awak dhewe kudu dadi mahasiswa sing duwe rasa tepa slira sing dhuwur ben bisa dadi panutan keluwarga lan ngisi jaman kuliah nganggo kegiyatan sing manfaat kaya ngembangake penelitian uga kesenian, utawa aktif ning olah raga, forum organisasi, debat, lan diskusi ilmiah ben ora marai wong tuwa kuciwa. Nanging sing uga kudu digatekake ya kesehatan lan ibadah wajibe. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1110", "text": "Aku tau arep nyolong garisane koncoku. Kui pas bubaran sekolah. Konco-koncoku wis podo bali, paling ora metu seko kelas. Aku lagi dhewekan neng kono. Pas kui, awak dhewe mulih gasik lan jam kui dudu jadwale aku dipetuk. Timbangane metu, mending aku ngenteni neng jero kelas. Nanging kira-kira wis liwat 10 menit, aku wis ngeroso bosen. Yen wektune kui kanggo garap PR, wegah aku. Dadine, pas kui aku mubeng-mubeng wae neng jero kelas. Ora nyongko, aku delok garisan sing apik banget sing tinggletak neng ngisor. Aku pengen banget jikuk kui nanging ora sido. Pas aku arep demok wae tanganku wes gemeteren. Akhire, aku deleh garisan kui neng mejo guru supoyo sesok sing duwe iso jupuk.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3366", "text": "Wedi polahe daincem iku termasuk perkoro wing lumrah dialami karo wong-wong wing ngalami perkoro iku maeng. Nah sing garai wong sing diancem maeng wedi iku asline ora kok wonge sing ngancem tapi perkoro liyane sing ono nang gurine wong sing ngancem maeng contone wong sing ngancem maeng goro tembak, terus sak liyane gowo tembak wong sing ngancem maeng gowo gaman sing sak waya-waya iso dadekno nyowone wong sing diancem maeng ilang utowo dadekno keselametane wong sing diancem maeng gawe bondone maeng. Nah teko iku maeng yo ono wae wogn sing ancene ora wedi blas barang yo ono ambek ancemane wong sing ngancem mergo deke iku duwe dekengan sing kanggo ngatasi perkoro sing ngancem maeng. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "609", "text": "Kanggo wong-wong sing wedi nonton film horor, tak andani alasane kenopo Sampeyan kudu nonton film genre iki. Sing keseji, film horor iki film sing iso mancing adrenaline awak dhewe. Ora mung film laga sing akeh adegan sing menegangkan. Efeke kui luwih keroso neng film horor. Film horor kui iso gawe jantunge awak dhewe berdebar banter banget. Salah siji kenopo film iki disenengi wong-wong kui uga mergo akeh adegan sing marai kaget. Kaget isi sing digoleki karo penggemare. Biasane wong-wong kui wis duwe sutradara film horore dhewe, dadi dheweke duwe bayangan koyo piye dheweke bakal dikagete ning film sing ditonton. Makane, kanggo wong sing durung tau ngerasake film horor blas, ono apike yen Sampeyan jajal dhewe asike.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7917", "text": "Onok suatu kejadian ndek ndi moro awakmu ditodong senjata tajam karo wong sing gak dikenal. Nek awakmu ngalami iku ndek kondisi awakmu gak nggowo opo opo, opo sing bakal mbok lakoni? Aku nduwe carane. Siji, tetep tenang, ojok panik. Sembarang jenis gerakan iku bakal digatekno ambek pelaku, dadi awakmu tetep tenang tapi tetep gatekno pergerakan pelaku iku mau. Loro, takon opo sing dipingini. Obrolan koyok ngono sik nyairno ketegangan situasi. Tapi delok maneh teko sikape, tambah kereng opo isok rodo sante. Telu, nek awakmu ketepakan cedek ambek area keramaian, alon alon mundur terus nyedek nang area iku dan mbengoko sing buanter sampe kabeh uwong krungu. Terakhir, kabur ben onok kesempatan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8012", "text": "Secara istilah nang pirang kitab, para ulama onok nang siji pemahaman, nek duso iku perbuatan sing ngelanggar perintah Allah ambek Rasul-Nya sing wes ditetapno sak durunge. Duso nang Islam iku nduwe varian jeneng sing akeh dan maknae bedo kabeh. Beberapa jeneng duso nang Islam iku koyok ngene. Siji, Al-Istm, yaiku ngelakoni tindakan sing gak dihalalno. Loro, Adz-Dzamb, yaiku sesuatu sing ngetuti, utowo sembarang perbuatan sing nyalahi aturan Allah ambek Rasul-Nya bakal entok balesan nang dunyo ambek akhirat. Telu, Al-Khatiah, sing nduwe makna kesalahan, utowo suatu perbuatan sing nyalahi perintah Allah ambek Rasul-Nya, dan kadang maknane iku duso gede. Papat, Al-Fisq, artine metune biji kurma teko kulite. Maksute iku wong-wong sing ngelampaui batas hukum-hukum Allah. Terakhir, Ishyan, yaiku metu teko ketaatan ambek nyalahi perintah-Nya.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8064", "text": "Sak liyane fobia dewean, onok maneh gangguan kejiwaan sing marakno wong iku gak isok dewean. Gangguan iku jenenge emotional dependency disorder utowo disingkat EDD. EDD iku kelainan mental sing marakno penderitane mesti pingin ngelibatno wong liyo ben entok perhatian. Mergo iku, penderita EDD iku bakal ngelakoni opo ae ben de’e iku gak dewean dan onok koncone. Nang kehidupan normal, wong sing kenek EDD iku pasti bakal kangelen gawe dalani rutinitas e. Hal iku mergo penderita EDD iku sangat bergantung ambek wong liyo dan gak isok mandiri. Padahal menungso iku gak bakal selamane dikancani, pasti onok momen kudu ngelakoni opo opo dewe. Penderita EDD selain ngerepotno awake dewe, bakal akeh ngerepotno wong liyo sisan. Soale wong liyo iku mau kan nduwe kesibukane dewe sing kudu dicandak, gak isok digelendoti terus karo penderita EDD iku mau. Opo maneh nek wong iku guduk sanak keluargane penderita EDD, tambah repot kabeh wes.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7611", "text": "Dino iki wayahe aku ganti frame kacamata setelah enem tahun gak ganti blas dan aku wes ngeroso gak nyaman kabeh. Awale aku kate berangkat karo koncoku, tapi de’e lagi onok urusan dadi aku berangkate dewe nang Optik. Koyok biasa, aku milah milih disik frame sing kate tak tuku. Mbari nemu frame sing tak pingini, aku langsung njupuk dan tak dekek nang mejo kasir. Mbari ngono pilah pilih jenis lensa. Pas wes beres kabeh, baru aku perikso mripat, minusku nambah opo igak. Dadakno mundak dadi minus papat. Akhire aku iyo iyo ae gawe munggahno minus nang lensaku. Dan gak onok abang gak onok ijo, moro mbak sing ngelayani iku nyeletuk, “Pantes nganggo kacamata, mripate ae juling” dan aku langsung emosi. Aku langsung nyentak, “Nek mripatku juling, kon kate lapo? Iki wes koyok ngene teko konone, gak usah nyocot” dan mbak iku mau cepet-cepet njaluk sepuro. Tapi telat, aku wes kadung emosi dan akhire batal tuku kocomoto nang kono.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8381", "text": "Suroboyo iku ancen sumuk pol nek wes awan koyok ngene. Akhire aku karo koncoku mutusno gawe njajan es campur cedek omah. Panas-panas ngene ancen enake iku mangan sing seger-seger. Mbari mesen es campur loro, aku karo koncoku lunggo sambil ngenteni pesenane diterno. Gak suwe, rong gelas gede es campur diterno nang mejane awak dewe. Gak atek suwe, langsung ae awak dewe nyendok isiane es campur mau. Awak dewe nikmati es campur iku sambil ngecewes dowo. Terus pas aku nyendok alpukat, moro aku ndelok onok cacing e nang njero buahe, aku langsung mbalekno nang njero gelas dan ngadohno gelas iku mau. Rasane wes kate muntah sisan saking gilone, dadi mending gak tak lanjut mangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3467", "text": "Wong sing wedi iku ora kok kok deke iku wedian, tapi deke nag wedi pas dewean iku asline teko mentale sing perlu dilateh soale ngunuku karek kebiasaan sing ancene kudu dilateh ben maleh kendel. Terus sing dadekno wong iku maeng wedi nag dewean yoiku pikirane dewe sing mikir macem-macem nang lingkungan pinggire deke. Asline iku kabeh ora opo-opo tapi mergo pikiran sing mikir macem-macem akire yo kedaden sing macem-macem. Mangkane kanggo wong sing wedi nag dewean iku kudu ngantengno pikirane iku maeng ben iso ngadepi roso wedine nag pas dewean. Mari ngunu yo kudu iso ngatasi roso wedine iku maeng ben ora ketalep ambek kacel.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7530", "text": "Sak dinoan iki aku nggolek hpku. Ket isuk hpku wes gak onok nang mejo belajarku. Kabeh uwong nang omah tak takoni gak onok sing eroh. Aku yo jelas panik lah, soale kabeh data ambek chat sing berhubungan ambek perkuliahan onok nang kono kabeh dan aku sek butuh kabehane. Tak telpon nganggo hp ne adekku yo gak onok munine blas. Sampe bengi kate turu iku yo sek tetep gak ketemu. Sesoke, moro-moro onok hp liyane nang mejo belajarku. Sing marai aku bingung, iki hp ne sopo, opo maneh ketok banget nek hp iki sek anyar. Bapakku ngomong nek iku hp anyar gawe aku. Tapi aku gak pingin, dan takon endi hp lawasku. Bapakku langsung nyodorku hp lawasku sing wes pecah dan gak isok dinyalakno maneh. Bapakku sengojo nyelidekno hpku wingi mergo gak sengojo mbari nyenggol dan logor sampe pecah. Dino iki, bapakku ngganteni atek hp anyar, dan jare kabeh datahe wes dipindahno nang hp anyar, tapi gak kabeh isok selamet. Aku melongo saking kagete. Dadi secara gak langsung, aku mbari diprank karo bapakku dewe ngono?", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8498", "text": "Keseleo lidah iku dadi salah siji penyebab wong iku dadi isin, termasuk awakku dewe. Aku nduwe pengalaman sing nggladak rai mergo keseleo lidah. Dadi ceritane aku presentasi materi nang ngarep kelas koyok biasane. Padahal yo aku isok nyampaino materi dengan apik dan gak onok halangan blas. Aku sisan gak lagi ndredeg ta opo. Cuma pas katene penutupan, aku gak sengojo ngomong kata sing gak senonoh. Niat awale iku aku kate ngomong kontrol, eh malah keplicuk dadi kontol. Bayangno, ngomong koyok ngono nang kelas. Yaopo gak diguyu ambek kabehe. Gawe awakmu sing moco iki, nek ngomong iku luwe digatekno maneh yo ben gak isin dewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "661", "text": "Koncoku kui ora tau gelem melu judi. Jarane judi kui haram lan ora ono logikane blas. Dheweke ora seneng ngadelke kebejoan neng urip iki. Dheweke percoyo neng urip iki, awak dhewe kudu kerja keras ben iso entuk sing dipengeni. Pas lagi piala dunia koyo nengene iki, akeh konco-koncone sing toh-tohan. Ora ngango duwit sih, nanging nganggo sak bungkus udud. Koncoku digodani ben melui toh-tohan kui. Dhewke tetep ora gelem naning dheweke mung melu bedek tok. Misale pas Argentina lawan Arab wingi. Dheweke mung waton bedok tok, nanging bener. Trus dheweke, bedek neng pertandingan sing liya, uga bener terus. Dheweke ora nyongko, kok iso dheweke jawab bener terus kui. Akhire kui, koncoku kegodo pengen melu toh-tohan karo konco-konco liyane.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1571", "text": "Pas isih cilik, aku ora nyangka jebul perlakuane wong tuwo neng anake sing wis gedhe lan sing ish bayi kui bedho. Aku donge kui biyen pas awak dhewe sak kaluraga gedhe ngumpul neng omeh simbahku. Kui pas lagi bakdo idul fitiri, dadi akeh banget panganan sing dicepake nong kono. Kabeh wong podo doyan mangan neng keluargaku. Paklik-paklikku podo jupuk sego akeh-akeh. Neng kono uga ono sedulurku pas sing isih bayi. Dheweke mbuh sengojo opo ora, nibake panganan sing ono neng ngarepe. Dheweke ora ngeroso bersalah opo piye. Dheweke malah guyu-guyu lan rupane ngetoke rupa sing nunjuke rasa isin. Terus wong-wong omah kui ora nyeneni dheweke. Padahal taun wingi aku nibake piring, aku diseneni entek-entekan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3094", "text": "Saiki nag delok status utowo berita sing ono nang media sosial iku ora karuan. Opo mane nag sampek ono masalah gegeran utowo wong biasa sing ngamuk nang petugas, mboh iku petugas keamanan utowo petugas liyane. Nag jareku asline srengen nang petugas iku ora masalah sing penting ora sampek ngeliwati bates contone sampek adu jotos ambek liyan-liyane. Tapi srengen iku cukup ben garai petugas iku ngerti nag awak dewe iku bener utowo ora seneng ambek perilakuni petugas iku sing kurang tepak masio petugas iku bener, soale saiki akeh petugas sing sak karepe dewe gunakno jabatane kanggo ngatur-ngatur utowo ngelakoni perkoro sing garai wong liyo iku mangkel.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "751", "text": "Jaman kuliah kui aku ono akeh tugas lan akeh kegiatan. Biasane wektu kui isih iso keatur. Nanging aku tau ngerasake kegiatan sing lagi padet-padete lan tugas sing numpuk okeh. Pas kui seminggu penuh, aku ono kegitan. Neng minggu kui uga, ono tugas gawe 3 artikel sing kudu dikumpule minggu kui uga. Dadine, sak ben dino kui aku kudu lek-lekan tekan liwat jam 12 bengi. Pas dino Jumate, aku dadi ngeroso mangkel banget. Aku dadi sensitif. Opo-opo iso tak nesuni. Uteke pas kui wis ora beres, ora iso mikir kanthi jernih. Pas kui, aku sengaja nendang pot kampus tekan rusak mung mergo bentuke elek wae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "282", "text": "Paklik lan tante nikah pas aku bar pindahan seko Lampung neng Bogor. Sak durunge, aku, bapak, ibu, lan adiku tinggal neng kota Bandar Lampung. Mergo gawean bapak dipindah neng Jakarta, dadi awak dhewe sekeluarga pindah neng Bogor, panggone eyang seko bapak. Kebutulan seminggu bar pindahan, Lik Diwud dadi manten. Panggon mantenan kui cerak omah calon garwane neng daerah Tajur, Bogor. Acara sederhana banget. Akade mung neng masjid sing cerak kono kui lan kanggo resepsine dipasang tenda biru neng ngarep omah. Panggon pelaminane ora ono. Manten anyar kui mung dilinguhi neng ruang tamu. Tamu-tamu sing arep teko salaman karo penganten anyare neng ruangan kui. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4365", "text": "Wong sing delok tumpukan sampak roto-roto iku mangkel ambek jember terus jijik barang yo wes gandengane. Nah sing jenenge sampak iku ora mok rusoh tok, tapi yo marakno pirang-pirang perkoro sing iso dadekno wong sing delok iku mangkel ambek ora seneng molakno wong-wong nang buak sampah mesti ado teko omahe ben ora sampek mambu teko omahe. Nah biasane sampah nag wes suwe iku tambah ora enake pol ambune mergo wes bosok. Nag wes bosok koyok ngunuku biasane ora mok ambu tok, tapi iso dadekno metune set sing ngolah sampah maeng. Dadi tambah ketok jemberine pol mergo wes ono sete maeng. Yo ancene roto-roto wong sing delok tumpukan sampah mesti jijike pol. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7282", "text": "Hubungan suami istri sing wes gak isok diterusno umume bakal berujung nang perceraian. Nang Islam, nek hubungan gak isok dilanjutno berarti kudu diselesaino baik-baik sebelum milih gawe cerai. Perceraian ancen gak dilarang nang agama Islam, tapi Allah membenci sebuah perceraian. Bercerai iku jalan terakhir nek terjadi permasalahan dan nek kabeh cara wes dilakoni gawe mempertahano rumah tangga, tapi tetep gak onok perubahan. Cerai iki gak oleh nek tujuane gawe ngilangno madzarat teko salah siji pihak, mboh iku suami utowo istri. Tapi cerai iku hukume isok dadi wajib nek madzarat sing menimpa salah satu teko suami utowo istri iki gak isok diilangno kecuali dengan cara cerai. Hukum cerai iki dadi haram mergo nimbulno madzarat gawe salah siji pihak teko suami-istri dan gak ngehasilno manfaat sing luwe apik teko madzarat e.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "295", "text": "Aborsi anak kui tindakan sing bejad. Janin sing wis ono neng rahim ibune kui wis duwe nyowo lan wis duwe rogo senadyan durung sempurna. Aborsi kui podo wae matine anak sing durung lahir. Sak liyane alasan kesehatan, aborsi kui tenanan praktek sing kejem. Janin kui durung ngelakoke opo-opo. Dee durung tau gawe salah ning donyo iki. Iso wae bayi kui sing iso gowo berkah marang wong tuwane. Opo iyo awak dhewe tego ngepatine jiwo sing suci koyo ngono. Opo wae latar belakang calon bayi kui kudu dirawat nganti ati-ati. Lan pas dee lahir, awak dhewe kudu nyambut bayi neng donyo iki kanggo tangan sing jembar kebuka.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5692", "text": "Ergophopia yaiku salah sawijining fobia sing dianggep unik lan mung setithik wong sing duwe fobia iki. Ergophobia yaiku phobia sing wedi marang kegiyatan kerja. Kegiyatan iki ora sewates gaweane, nanging uga bos, kanca, lan lingkungan kerja. Fobia iki kalebu salah siji social anxiety disorder utawa kecemasan. Fobia iki bisa dialami karo sapa wae wiwit wong sing durung kerja, wis kerja, lan uga ana sing pas kerja. Penyebab saka fobia iki yaiku anane tekanan saka keluarga, lingkungan kerja, lan wedi diseneni karo bos amarga ngelakoni kesalahan. Fobia iki bisa ngakibatake depresi, rasa cemas sing nemen, lan uga ngilangake rasa percaya diri. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7567", "text": "Doorprize iku salah siji jenis undian sing paling dikenal karo warga Indonesia. Biasane doorprize iki diadakno nek mbari onok kegiatan tertentu, salah sijine iku nek mbari jalan sehat pas Agustusan. Sopo ae isok ngadakno acara doorprize, salah sijine awak dewe. Cara gawene iku gampang banget. Berhubung doorprize iku salah siji jenis undian gratis, dadi hadiahe iku kudu disiapno dewe. Dadi hal pertama sing kudu dilakoni iku tentukno budget gawe tuku hadiah doorprize. Terus dibungkusi ben gak ketok rupone. Mbari ngono, gawe nomer sesuai jumlah peserta acara sing melu, terus dilipeti ben gak ketok, dan didekek nang njero wadah sing gampang dijangkau nganggo tangan. Wes mari deh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2545", "text": "Seneng polahe nemokno barang sing digoleki iku ancene megilan rasane. Tapi roso seneng sing koyok ngunu iku nag ora dikendalikno yo ora apik. Jarene koncoku sing duwe usaha nag suroboy, roso seneng iku apik wae, tapi kudu delok carane mujudno roso seneng maeng. Nag oleh mujudno maeng keliru yo ora apik soale nag keliru biasane ono wong sing ora seneng terus dadekno wong iku maeng mangkel. Sing namen maneh yoiku nag roso seneng maeng dibarengi ambek roso pamer, wah tambah blaeni iku. Soale nag wes kecampur ambek roso pamer ngunuku jelas ono sing loro ati. Mboh iku koncone, dulure, utowo musuh'e. Sing blaheni iku nag koncone sing loro ati, soaleh iso marakno gegeran utowo srengenan sing garai bejate konconan iku maeng. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8454", "text": "Akeh banget uwong iku tuku klambi ben ketok bedo teko klambi sing dinggo wong liyo. Terus nek misal ketemon onok wong sing nganggo klambi sing podo, pasti bakal isin terus maleh males gawe nganggo klambi iku mau. Akhire engkok maleh nggerundel karepe dewe, opo’o kok isok sampe kembar. Yo yaopo ya, nek awakmu tuku klambi sing guduk limited edition, sampe kapan ae bakal onok kemungkinan kembar ambek tekne wong liyo. Kudu diiling maneh, toko iku dodolan klambi gak mek siji tok, dadi bakal gede peluang gawe kembaran iku. Dan iku dadi hal sing gak isok dihindari maneh, kate yaopo maneh coba.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5284", "text": "Jaman saiki, kejutan ulang taun kuwi akeh banget maceme lan akeh banget sing bisa dilakoni amarga saban wong duwe kebebasan kanggo nduduhake ekspresi kebungahane. Nanging kejutan ulang taun iki kadang ya ora dimanfaatke kanggo keapikan, nanging malah dadi alesan kanggo ngerjani uga ngeweneni perlakuan sing elek marang kanca, kaya misal ditaleni ning sakane bendera banjur diuncali ndhog lan tepung. Prilaku sing ala iki marai ana rasa dendam lam rasa ora diregani. Kamangka, wong sing ngeregani kancane bakal ngerti lan milih nggawe kejutan sing marai seneng kaya kado sing istimewa uga acara mangan-mangan ning restoran dibarengi karo keluarga amrga bisa ngerasa luwih ana maknane. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9199", "text": "Wong sing kate ngelakoni ujian boso asing iku biasane bakal konconan ambek kamus. Alesane iku ben mereka isok nguasai akeh kosakata sing onok nang boso asing iku mau. Kadangan, mereka iku lali nek sembarang kalir jenis tes boso asing iku gak mek nguasai kosakata tok, tapi onok aspek liyane koyok listening ambek speaking. Aku nduwe saran ben kegiatan sinaumu iku isok luwe maksimal, yaiku nganggo aplikasi Duolingo. Nang aplikasi iku, awakmu isok sinau kabeh aspek boso asing sing bakal diujikno nang tes boso asing. Mulai teko reading, speaking, listening, sampe writing, kabeh onok nang aplikasi iku. Dadi gawe awakmu sing pingin maksimalno latihan boso asing, nganggo o Duolingo rek.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7521", "text": "Wes sak minggu iki aku gak melbu sekolah mergo demam dan watuk gak mari-mari. Tapi saiki demame wes mudun, garek watuke tok. Berhubung obat sing biasa wes entek, bapakku nukokno obat liyane sing dosise luwe kuat cek aku ndang cepet waras. Pas pertama tak ombe, gak onok efek opo-opo. Sesoke, aku langsung panik soale suaraku entek padahal gak mari lapo-lapo. Wes ngono, aku balik kenek demam maneh. Mergo panik, mamaku langsung ngeterno nang dokter soale kondisiku aneh banget. Pas diperikso, dokter langsung ngevonis aku kenek infeksi tenggorokan. Aku ambek mamaku langsung melongo mergo kaget. Mamaku takon, kok isok, wong aku ae gak onok mangan sing aneh-aneh. Doktere takon selama iki aku ngombe opo ae, dan mamaku nyudokno obat sing lagi tak konsumsi. Dokterku langsung nyuding nang obat watuk anyar sing wingi ditukokno bapakku. Jare dosise keduwuren dan gak isok diterimo gawe awakku. Teko kono, obate iku langsung ngelukai bagian tenggorokan dan marakno infeksi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9070", "text": "Dino iki aku kepekso moleh bengi soale mbari lembur. Pas tak cek, dadakno wes jam 8 bengi. Berhubung aku kepingin ndang cepet moleh, aku cepet-cepet mesen ojol gawe moleh e. Buru ae bales chat teko ojol e, moro-moro onok uwong nodong aku nganggo ladhing. Aku sing keweden mek isok angkat tangan tok. Penodong iku mau njaluk hp sing tak cekel saiki. Awale aku nolak, tapi wong iku tambah nyedekno ladhing iku nang guluku. Berhubung wes keweden nemen, akhire hp iku mau tak kekno ngono ae. Untunge gak suwe wong iku langsung kabur. Dan untunge maneh ojol e teko pas nang titik penjemputan. Aku langsung cepet-cepet njaluk moleh nang ojol e dan cerito nang wong tuwoku ben penodong mau isok ditindak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9189", "text": "Sopo ae iku pasti bakal seneng nek ketrimo nang sembarang kampus, opo maneh nek iku kampus idaman e ket suwe. Arek-arek iku pasti akeh ngelakoni pesta gawe ngerayakno iku mau. Tapi kadang onok sing dilalekno mereka, yaiku kudu cepet ngelakoni registrasi ulang. Sing aku eroh, registrasi ulang mbarine ketrimo kuliah iku bates wektune singkat pol. Makane akeh sing nyarano nek wes pengumuman terus ketrimo, kudune langsung ndang registrasi ulang. Nek wes mari, baru sembarang kate ngelakoni opo. Lah iki igak, maleh akeh sing ngelakoni perayaan disik baru ngelakoni registrasi ulang. Nek apes, isok ae kuota iku bakal hangus dan gak sido ketrimo. Dadi gawe awakmu kabeh sing ketrimo kuliah nang ndi ae, ojok lali lakoni registrasi ulang sak durunge hangus yo rek.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4877", "text": "Sing sering dilalekake sak durunge nonton konser, ana persiapan sing kudu dilakoni. Ora mung dandan utawa nyiapke peralatan sing dadi ciri idola ning konser kuwi, tapi masalah kesehatan. Sak durunge konser, penonton iki kudu nggatekke kesehatan fisik lan olah raga amarga nonton konser kuwi bakal ngadek terus lan ngentekake tenaga, dadi kondisi awak kudu stabil. Kaping pindho, kudu nggatekake panganan ben ora lara weteng lan ora kena gangguan-gangguan pencernaan liyane. Kaping telu, sak durunge konser kudu nyiapake sepatu sing penak digawe ben sikile ora lara lan ora kram. Kaping papat, kudu ngindari saka udan ben kondisi imun awak ora mudhun sak durunge konser. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "775", "text": "Awak dhewe sebagai umat Islam sing dadi mayoritas neng berbagai daerah kui ojo kepangan isu kristenisasi. Iso wae isu kui mung ngapusi utowo ono sing gelem mecah belah awak dhewe sebagai rakyat Indonesia. Nanging yen misale kui bener agendane lembaga agama kui, awak dhewe uga ora entuk nesu. Awak dhewe ora berhak nolak utowo bubarke acara agama liya mung mergo kui. Awak dhewe neng negoro iki diwajibke duwe agama, nanging agamane opo kui sak karepe wong sing ngedalani. Awak dhewe ora duwe hak kanggo wong tetep neng agama utowo pindah neng agam sing liyane. Awak dhewe kudu saling menghargai keputusan beragamane wong liyo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9836", "text": "Jaman saiki akeh wong sing senengane ngeprank wong liya. Ana wong sing mikir prank iku bisa nggawe swasana dadi seru utawa nambah keraketan kekancan. Nanging kadang prank uga bisa nggarai wong lara ati. Kaya sing dialami karo Haruka. Dheweke kaget setengah mati amarga wis dituduh njupuk jam tangane Rafi. Pas dheweke wis nganti nangis, Rafi ngomong yen iku gur prank wae. Cara supaya ora kaget banget yen diprank nomer siji, kudu ditelisik iki diguda tok apa tenanan. Yen wis ketara mung diguda, ora perlu ditanggepi tenanan. Nomer loro, aja gampang nangis lan aja gampang baper. Kabeh sing dilakoni mesti ana musababe. Dadi ora perlu kuatir nalika diprank.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "709", "text": "Awak dhewe sok kepengen tuku panganan sing awak dhewe delok neng lini masa media sosial. Biasane panganan sing enak kui viral lan dadi rame. Akeh sing ngerti lan kepengen artine akeh sing tuku. Yen akeh sing tuku kui artine antreane mesthi dowo. Pas rame kui, ora arang akeh wong sing ngerebut antreane dhewe. Akeh wong seng nesu-nesu tekan ngebentak-bentaki wonge utowo nyeneni pelayane panggon mangan kui. Nanging, sak mesthine awak dhewe ora perlu nesu. Soale, sistem pelayanan neng panggon kui durung siap. Sing awale sepi, ngerti-ngerti rame mergo diunggah neng sosial media. Panggon kui butuh wektu. Lan uga iso wae yen pelayane luwih gateke antrean kui, kwalitas panganane dadi ora seenak sing awak dhewe delok.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7998", "text": "Perasaan marah iku isok dirasakno sopo ae. Salah sijine iku wong tuwo sing nduwe anak. Marah iku wajar. Tapi isok dadi gak wajar nek awakmu marah gawe ngelampiasno emosimu mergo pegel ngadepi kerjoan, opo maneh nang anak. Gawe awakmu sing wes berkeluarga dan nduwe anak, sak isok mungkin ojok atek nyeneni anakmu, opo maneh sampe ngelampiasno emosi. Efek e iku elek banget gawe hubunganmu ambek anakmu. Sing jelas, anakmu bakal trauma dan bakal wedi karo awakmu. Nek wes ngono, hubunganmu ambek anakmu dewe iku bakal renggang, dan urip rumah tanggamu bakal anyep. Dadi gawe para wong tuwo kabeh, kelola emosimu yo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "672", "text": "Pas krungu koncone dewe kui wis ono sing metheng kui reaksine biasane podo kaget. Konco sing cerak karo dheweke langusung nyelametke liwat pesan teks. Trus, pas wis selo, konco kui dolan neng omahe. Ono uga konco pas ngerti koncone ono sing meteng, langsung ngitung usia kandungan karo usia pernikahane. Konco sing model koyo ngeneki sing rada mangkeli. Ono konco sing melu seneng pas krungu kabar bahagia kui, nanging uga sedih mergo dheweke durung duwe momongan. Ono konco sing perhatian banget. Dheweke langsung cerito opo-opo wae sing kudu dicepake pas lagi metheng kui. Konco sing koyono ono sing pancen wis ngalami, ono sing mung kuwatir wae.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3351", "text": "Biyen pas aku isek sekolah SMA nag duwe sepatu anyar utowo ganti klambi anyar mesti orawani campur bocah-bocah ambek konco-konco. Nah alasane iku mok perkoro sepele yoiku mesiti diece ambek enyek-enyek polahe iso tuku klambi anyar. Kadang nag duwe sepatu anyar barang kadang yo diedeki sepatune jarene sepatune nak kenalan disek. Akhire aku nag mari tuku sepatu anyar utowo klambi anyar mesti ora sepiro gelem campur bocah akeh soale yo ngunuku, wedi nag diece ambek digojloki polahe tuku klambi anyar. Nah koncoku barnag termasuk tau dadi korban barang sampek sepatune sing anyar maelh endot kabeh polahe diidaki karo alasan ben sepatune iku kenalan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5774", "text": "Nyambut gawe sing ora nyaman kuwi bisa marai serangan panik. Kaya misale para artis sing ana ning Korea. Tuntutan saka para penggemar, omongan negatif, gosip sing ora penting, lan uga gagale lagu sing diproduksi kuwi bisa marai panik kaya ora bisa ketemu karo media lan ora bisa nulis lagu. Penampilan para artis iki uga dadi elek banget amarga uripe akeh tekanan lan kaya robot. Kamangka, urip dadi artis ning Korea iki ora penak amarga akeh tuntutan saka publik lan agensi kuwi kudu tanggung jawab kaya nyediakake pengobatan lan uga ngewenehi jatah liburan ben artis bisa introspeksi lan uga nentokake dalan karire maneh. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "636", "text": "Ngeprank kui intene gawe wong iso kaget. Ben awak dhewe iso gawe prank sing berhasil ngageti wong, ono beberapa hal sing iso awak dhewe gateke. Sing pertama, rencana ngeprank iki ora entuk bocor utowo ketauan karo wong sing awak dhewe arep garapi. Yen ketauan kui, wong wis iso ngebayangke opo sing kiro-kiro bakal kedaden. Yen wis iso ngebayangke kui, wong dadi ora kaget meneh. Mergo kui, awak dhewe kudu gawe rencana sak rapi mungkin sak durunge ngelakoke prank. Awak dhewe kudu wis duwe strategi ben wong-wong kui bakal ora nyongko opo sing bakal kedadean. Sing ketelu, awak dhewe kudu nyepake aktor sing iso akting apik.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3435", "text": "Saiki akeh wong sing wes keweden nag ono bencana alam nag daerahe. Opo maneh sing daerah iku maeng tau ngalami bencana iku koyok gempa ambek liyane. Saiki kabeh bencana koyok banjir, lonsor asline kan iso ae diatasi, mok wong-wonge ae sing ora gelem sigab nangani iku. Padal alame sing dirusak ambek wong-wong iku sing dadekno ono ne bencana alam iku. Rong bencana alam iku maeng sing saiki gelek kedaden mboh iku nang kota utowo nang deso. Kabeh iku kedaden polahe alame iku wes rusak terus butoh didandani maneh ben balik koyok biyen maneh. Tapi kabeh iku butuh kekompakane wong-wong kanggo bangun ben iso balikno alam koyok biyen maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "281", "text": "Aku wis konconan karo Fariz ket SMA kelas 10. Pas kui, awak dhewe mesthi lingguh sak mejo terus. Awak dhewe uga ngopo-ngopo bareng seko penilitan, organisasi, lan dolan. Aku kaget sisan seneng pas krungu kabar seko dee yen dee arep nikah ning sasi Agustus 2020. Aku ngewangi Fariz nyepake lamarane dee. Awak dhewe tekan begadang 2 dino gawe dekorasine. Tekan pas hari paling bahagia kanggo Fariz lan Emma, bojone. Aku teko isuk-isuk jam 7-an kanggo klambi batikku sing paling apik. Neng kono, aku isih ngewangi dee kanggo ngedokumentasi video langsung neg Instagram. Nyekel HP sak jam luwih pancen kesel, nanging ora keroso banget mergo iki dino bahagia kanggo koncoku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7577", "text": "IUD utowo KB spiral iki salah siji alat kontrasepsi sing dinilai 99 persen efektif nyegah kehamilan. IUD iki dipasangno nang njero rahim melalui vagina. Gawe awakmu sing onok rencana pasang spiral, gatekno proses iki disik. Proses pemasangan iku dibagi dadi telu, yaiku sebelum, selama, karo sesudah. Sebelum pasang IUD, biasane bakal dikeki obat pereda nyeri ambek dokter sak jam sak durunge proses. Selama pasang IUD, awakmu bakal melbu nang ruang tindak. Nang kono, dokter bakal ngelakoni pemeriksaan bimanual gawe ngetahui kondisi rahim. Mbari ngono, dokter bakal ngelakoni proses menstabilkan ambek ngukur saluran rahim sing tujuane gawe ngehindari resiko nek onok lubang nang rahim mergo pemasangan IUD. Nek wes mari, dokter bakal ngelebokno IUD nganggo inserter sing dilebokno lewat vagina sampe nang kedalaman sing pas. Setelah pasang IUD, kabeh printilan sing digawe mbantu pemasukan IUD dilepas, dan sisa KB spiral iku tok nang njero.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3471", "text": "Pas aku delok lomba bal-balan agustusan tahun iki, aku gak nyongko nag deso sebelah bakale menang soale ket biyen iku mesti kalah. Nah sing garai menang iku pas ate waktune entek moro-moro kiperi melok maju ambek kabeh maju nyerang kabeh, nah lawane akhire bingung soale diserang sak pirang-pirang. Nah taktike iku sing garahi lawane maeng bingin soale mari bal dicekel kipere. Kipere langsung buwak mengarep terus kipere yo melok ambek liyane-liyane maju kabeh. Akhire lawane bingung opo maneh lawane ancene fokus nang nyerang mangkane beke mok saiktik terus dimanfaatno iku maeng. Terus bek sing kuwalaen ambek ora kepikiran nag bakal ngunu akhir kebobolan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3874", "text": "Ngelakoni perkoro sing elek ancene ngisin-ngisine wong. Opo maneh nag iku sampek konongan wong akeh yo tambah ngisin-ngisine wonge sing ngelakoni perkoro iku maeng ambek iso ngelekno keluargane barang. Opo maneh saiki kan we jamane sosial media ambek digital sing sangare rambloko yo jelas tambah ora karoan isine soale jelas wes ambyar ora karoan beritane, iso-iso tonggo parek wong tuo barang iso langsung ero. Yo mangkane nag ngelakoni opo-opo iku kudu dipikiri disek. Nag sekirane iku perkoro sing ora dadekno loro nang awake yo ora masalah tapi nag iku dadekno eleke nang deke ambek wong akeh yo jelas ojo diterusno nag iso langsung ditinggalno.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9866", "text": "Saiki akeh banget wong sing gawe undian. Nanging ora kabeh undian iku bisa dipercaya. Ana wong sing gawe undian nanging nggoroi wong liya. Cara supaya ora kejebak karo undian palsu, nomer siji kudu bisa ndelok apa ana izin teka Kementrian Sosial. Yen ora ana nomer izine wis mesti iku undian bijukan. Nomer loro, wong sing menang undian mesti langsung dihubungi lan dikongkon teka karo wong sing nggawe amarga langsung ketemu polisi, utawa notaris kanggo nyerahna hadiah. Yen wara-warane gur liwat sms utawa telpon wis jelas iku undian bijukan amarga biasane mesti dikongkon bayar dhisik. Sing terakhir, aja lali yen kate melu undian kudu didelok wong sing nggawe kira-kira bisa dipercaya apa ora.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2547", "text": "Uwong sing biasane goleh barang sak enggon-enggon utowo ngawur mesti nag goleki opo-opo bingung soale ora gampang ketemok. Terus nag wes ketemu mesti senenge oramblok utowo orakaruan alias megilan senenge. Lah seneng polahe nemokno barang sing digoleki biasane gelek gedaden nang wong sing biasane lali oleh goleh barang iku maeng terus goleki mumet samperk pegel tapi ora ketemu-ketemu, terus moro-moro ketemu nag seje waktu. Lah nak wes ketemu ngeneki bisane ngetokno roso senenge sing ora tau kepikiran sakdurunge. Mangkane kadang ono wong sing saking senenge nemokno barang sampek gayae megilan. Ono sing guyu, ono sing mengkerek, ono sing sujud, ambek liyan-liyane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5613", "text": "Persaingan politik ning Jogja kuwi dadi sejarah sing paling peteng nanging wis bisa dipahami karo warga Jogja amarga persaingan politik iki sing marai akeh kasus kriminal kaya klitih lan perang geng. Geng utawa kelompok sing paling terkenal ning Jogja lan uga nyebarake teror rampok gaman kuwi yaiku QZRUH lan JOXIN. QZRUH kuwi \"Q-ta Zuka Ribut Untuk Hiburan\" lan duwe aliran nasionalis. Kelompok iki didukung karo partai-parti gedhe sing ngandelake paham agama. Yen JOXIN kuwi Joxo Zinthing utawa Pojox Benzin (pojokan SPBU Kantor Pos Besar) utawa Jogja Zindikat. Kelompok iki didukung karo partai keagamaan. Banjur kelompok-kelompok iki uga ngundang bocah sekolah kanggo dadi anggota lan ngisruh ning Jogja.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8343", "text": "Laler iku serangga sing akrab karo panggon sing rusuh. Laler iku senengane sliweran nang ndi ae dan isok nggowo kuman utowo penyakit nang panganan. Salah siji sing kudu diwasi nek onok laler iku biasane bakal ngendhog nang panganan iku mau. Onok fakta ndhog laler sing kudu mbok gatekno. Siji, bentuke iku mirip karo beras utowo biji wijen. Loro, biasane gak sadar nempel nang panganan soale bentuke cilik. Telu, laler iku seneng ngendhog nang panganan. Papat, sekali ngendhog iku iosk sampe 150 butir ndhog. Limo, dalam wektu 24 jam isok netes dadi belatung. Terakhir, isok marakno penyakit nek gak sengojo kepangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3375", "text": "Pas aku bluron aku wedi soale koncoku klelep. Terus akhire bocah-bocah maeng mlayu kabeh ambek mbidek soale keweden. Nah mari ngunu bocahe moro mejudul teko jero banyu ambek pengengas-pengenges kosok bido ketulup. Lah tibake iku mok guyon. Yo ancene ora opo-opo guyon, tapi yo ojo sampek garai wong ngelu polahe guyonan maeng. Terus sing koncoku iku maeng mlayu sipat kuping marane pakne koncoku sing epok-epok klelep maeng. Pas nang kono akeh wong sing mrono terus bocahe tibake guya-guyu ambek ngomong \"aku mok bujuki bocah-bocah lo ben ora bluron soale banyune butek\". Terus pakne langsung jiwer bocahe. Polahe wes garai wedi pakne.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7514", "text": "Hampers iku salah siji jenis hadiah sing lagi usum banget akhir-akhir iki. Hampers iki teko kata dasar boso Prancis hanapier sing diserap nang boso Inggris dadi hamper. Hampers iki biasane berupa bingkisan sing ditoto nang keranjang, tapi tambah suwe akeh modifikasine nek nang Indonesia. Isi hampers iku biasane panganan. Roto-roto ae toko sing nyediakno paket hampers iku toko-toko panganan koyok toko roti ambek konco-koncone. Hampers nang Indonesia iki identik banget karo hadiah sing dikeki pas hari raya gede, koyok Idul Fitri utowo Natal. Bahkan ater-ater hampers iki wes dadi budaya nang Indonesia. Toko-toko sing nyediakno paket hampers sisan mesti bakal ngekeki ornamen sing onok hubungane karo hari raya sing kate dirayakno.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8470", "text": "Koyok biasa, ko Hendri lagi njogo Toko Kelontong nang njero sambil ndeloki keadaan ndek sekitar tokone. Buru ae kesliet kate merem, de’e gak sengojo ndelok Joko, salah siji tonggone, nyedek nang bagian beras, terus njupuk beras e ngono ae. Weroh nek berase dicolong, ko Hendri langsung tangi dan ngejar Joko sing mlayu tambah banter. Mergo ko Hendri bengak bengok, warga liyane maleh ngewangi gawe ngejar Joko. Akhire gak suwe Joko ketangkep dan ketok isin pol pas kudu ngadep ko Hendri. Pas ditakoni opo’o kok nyolong beras. Joko ngaku nek de’e gak nduwe duit gawe ngekeki mangan keluargane, akhire kepekso nyolong. Ko Hendri sing ngerungokno maleh iba dan ngeikhlasno beras iku. Joko langsung godek-godek dan mbalekno beras iku mau terus kabur maneh saking isine.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9925", "text": "Sapa sing kaget nalika ana berita artis kondang Jay Z sing selingkuh saka Beyonce? Iku nggemparne jagad sosial media banget pas iku. Masarakat utawa publik ora ngandel banget apa sing wis kedadean amarga padha mikir \"mosok sih?\" lan pikiran ora ngandel liyane. Nanging padha karo cinta utawa tresna, selingkuh iku bisa dijelasne kanti ilmiah. Mituru idntimes, ana pirang-pirang faktor utawa alesan kenapa wong bisa selingkuh. Nomer siji selingkuh bisa kedadean ing pasangan sing padha saling gantungake ing babagan ekonomi. Yen salah sijine wis ngerasa kurang puas anggone babagan dhuwit, wis mesti dheweke bakalan golek sing luwih sugih supaya bisa memenuhu kebutuhane.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7672", "text": "SARA iku dadi isu sing paling akeh diomongno nang masyarakat. SARA iku kepanjangan teko Suku, Agama, Ras, ambek Antargolongan. Akronim siji iki akeh banget didapati nang ndi ae. Mulai teko TV, koran, buku, sekolah, bahkan sampe obrolan sing onok nang tongkrongan. SARA iki realita sosial sing gak isok dihindari nang kehidupan masyarakat, bah iku modern bah iku tradisional, terutama nang Indonesia. Hal iki mergo Indonesia iki kaya akan kultur sing bedo-bedo teko Sabang sampe Merauke. Dadi jenenge SARA nek didelok teko kacamata netral iku varian kultur nang setiap daerah sing onok nang Indonesia. Sayange, tambah suwe terjadi pergeseran makna SARA sing marakno dadi konflik.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7254", "text": "Awakmu tau gak ngecewakno koncomu baik iku sengojo utowo gak sengojo? Dan yaopo perasaanmu setelah ngelakoni iku dan nyadar? Pasti onok rasa bersalah nang atimu. Opo maneh nek koncomu sampe menjauh dan gak gelem ngobrol maneh karo awakmu, pasti perasaan bersalahmu tambah numpuk. Tapi awakmu kudu iling, gak oleh nyalahno awak dewe secara berlebihan. Soale kate yaopo maneh, awakmu gak isok ngatur perasaane mereka. Awakmu wes ngomong apik-apik, tapi koncomu sek kecewa. Sakjane ngono iku awakmu gak bersalah, tapi tetep njaluko sepuro. Nek koncomu tetep bersikap podo ae, berarti awakmu wes gak nduwe tanggung jawab gawe ngatur perasaane. Toh awakmu wes njaluk sepuro, dadi awakmu gak perlu mohon-mohon maneh timbangane awakmu tambah angel kabeh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8446", "text": "Ayo ngaku, sopo sing tau salah nyeluk jenenge uwong? Pasti awakmu podo isin kan mbarine iku? Podo, aku tau ngalami dan tau isin mergo iku sisan kok. Pasti nek wes ngono rasane awakmu pingin ngilang saking isine. Tapi gak usah kuatir, aku nduwe cara nek awakmu sek tas salah nyeluk jenenge uwong ben gak isin nemen. Mbasio tetep isin, setidake gak kenemenen lah ya. Siji, jujur opo onoke ae ben gak isin nemen, terus ngomong nek de’e iku mirip ambek koncomu. Loro, pura-pura kenal ae, mbasio gak eroh iku sopo. Telu, pasang wajah polos seakan gak mbari onok opo-opo, terus anggep celukanmu mau mek angin lalu. Papat, jupuken hp mu terus pura-pura nelfon ben gak ngetoki nek salah nyeluk. Terakhir, timbang nanggung, kenalan ae sekalian.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1559", "text": "Momen sing paling ora enak, yen ono sing kelambine madake opo sing awak dhewe enggo, kui pas lagi melu pesta kostum, misale koyo halloween. Wong-wong kui bakal golek utowo malah gawe kostume dhewe-dhewe. Wong-wong kepengen dadi karakter sing bedo karo wong liyane sing melu pesta kui. Makana kui, awak dhewe kudu matike yen kelambi sing awak dhewe enggo kui bakal ono lan akeh kembarane opo ora. Yen misale, ono siji opo loro wong sing ngaggo kelambi sing mirip kui ora begitu masalahe. Nanging yen akeh wong, misale luwih seko 5, wong sing nganggo kelambi utowo kostum sing podo kui sing masalah.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1553", "text": "Wong-wong sing ketemu wong sing dheweke ora kenal nganggo kelambi sing mirip koyo dheweke kui mesthi ngeroso isin. Opo meneh yen wonge kui nganggep yen pilihan fesyene kui unik lan ora bakal ono sing iso madake, dheweke mesthi tambah isin. Wong sing isin mergo ketemu wong sing kelambine mirip kui reaksine bedo-bedo. Ono sing dheweke langsung ngindari wonge kui, lan berharap dheweke ora ketemu meneh selama isih ono neng mal. Ono sing dhewke langsung nutupi kelambine nganggo jaket. Ono sing dheweke sangking isine mutuske bali seko kono. Uga ono wong sing sangkin isine dadi nesu lan malah ngelbrak wong sing kelambine podo kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9908", "text": "Wis panas-panas antri dawa lan diserobot wong liya iku pancen megeli banget. Kene wis tangi isuk lan berkorban supaya bisa oleh nomer siji malah diserobot karo wong liya. Skajane kene ora apa-apa muring-muring, nanging kadang iku malah nggarai kene tambah pegel. Sing paling gampang sing bisa dilakoni yaiku ngandakke ning petugas wae supaya wong kaya ngene ora nggarai kisruh. Nanging kadang ing Indonesia tradhisi nyerobot antrian pancen isih dadi masalah sing kudu diadepi bareng-bareng. Isih akeh banget wong sing ora sabaran lan nggawe dalan pintas kanggo ana ing ngarep dewe. Mula ayo padha sadar yen nyerobot iku tindakan sing ora bener lan nggarai rugi wong liya.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5290", "text": "Dina minggu wingi aku reresik lemari ning omahe simbah. Lemari kuwi wis tuwo banget lan akeh barang sing gampang banget rusak kaya arsip kertas, utawa barang liyane sing gampang kena banyu lan lumut kaya kayu utawa kuningan. Pas aku mbuka, aku kaget amarga nemu akeh dokumen penting kaya foto pas jaman perang, foto simbah pas lagi tugas dadi tentara, uga foto-foto liyane sing ana ning jaman perang. Banjur ning dokumen iki uga diceritakake yen simbahku biyen tau oleh penghargaan saka Jendral Sudirman amarga melu pasukan gerilya pas jaman kemerdekaan. Amarga kuwi, saiki barang peninggalan iki dadi harta karun ning keluarga iki. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8008", "text": "Tenaga medis iku pasti wes eroh yaopo carane nganggo jarum suntik sing bener. Malah kadang awak dewe iki sing sek awam dan sek asal ae nganggo jarum suntik. Dadi nek awak dewe entok obat sing bentuke dalam bentuk suntikan, kadang awak dewe sek onok sing ngawur nganggone. Sing kudu digantekno, jarum suntik iku mek isok digawe ping pisan, mbari ngono diguwak. Ojok sekali-kali ngumbah jarum iku mau gawe dinggo maneh. Nganggo jarum bekas iku berpotensi isok marakno infeksi dan malah nambah penyakit. Dadi nek awakmu nduwe obat suntik, ojok sekali-kali atek nganggo jarum bekas terus dinggo maneh nek gak gelem nambah penyakit.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2953", "text": "Koncoku sing kerjo nang Korea wes balik, wingi aku kagete pol pas petuk nang warkop, soale rupane wes maleh. Saiki bocahe maleh ketok gede, awake putih ora ireng koyok biyen pas sekolah ambek aku, terus saiki yo dadi sugeh, ambek wes iso bangun omah barang, mari ngunu bocahe yo iso motor barang. Sak liyane iku bocahe yo ate tuku sawah ambek ate gawe usaha dewe. Wes aiki bocahe iku sugehe megilan ora koyok biyen, masio bocahe isek umur 28an tapi wes iso ngeragate awake dewe ambek sugehe pol sak deso. Terus wingi bocahe yo ate ngejak aku kanggo ngembangno usaha nang bidang kuliner soale usahaku yo nag kuliner ambek wes berkembang.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2047", "text": "Neng Taman Safari kui ono fasilitas supoyo awak dhewe iso delok khewan sing ono neng kono sing dilepas seko kandange. Nanging akeh wong-wong sing wedi nganggo fasilitas kui. Soale, awak dhewe neng kono nganggo mobil dhewe-dhewe lan ora nganggo pengawasan seko petugas kebon binatange. Supoyo awak dhewe iso ngeroso ayem pas nganggo fasilias neng Taman Safari kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngunci lawang mobile dhewe. Sing keloro, awak dhewe ojo ngebukak jendolo mobil lan ojo ngetoke anggota tubuh opo wae seko jendelo. Sing ketelu, awak dhewe ojo ngekei panganan opo wae neng khewan sing liwat neng ngarep mobile dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5211", "text": "Hadiah sing paling marai kaget kanggo Nita yaiku pas dekne rampung wisuda sumpah dokter. Dekne ora nyangka yen diwenehi hadiah kang gede amarga ngerasa usaha ngerampunge sekolah iki ora sumbut karo rega hadiahe. Ceritane, bocah kuwi bar ngerampungke koas ning salah siji rumah sakit bar dekne lulus saka fakultas kedokteran. Saban kuliah, dekne diterna nganggo motor karo wong tuwane. Kadang ya numpak angkot. Pas sumpah dokter, Nita kaget amarga ning omahe wis ana mobil warna abang. Nita uga ora percaya yen mobil iki wis dadi nggone. Nita ngucap sukur amarga iki uga rejeki kang gedhe saka Gusti sing disalurake saka wong tuwane. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "621", "text": "Aku wis konconan cerak karo Asmoro ket SMA. Tekan wis kuliah, awak dhewe sok-sok nyempetke ketemu. Pas dheweke nikah, aku uga ngewangi dheweke. Aku ngevideoke kangglo siaran langsung Instagram selama prosisi pernikahan tekan rampung. Bar kui aku uga ngewangi nyebar undangan kanggo acara undah mantune. Undangan iki kanggo kanco-kanco sing ora sempet kondangan pas nikahane wingi. Sak durunge, unduh mantu kui Asmoro karo bojone plisiran delok, critone bulan madu. Nanging, bali-bali seko kono, wong loro kui keno covid. Aku kaget pas kui. Padahal, acarane kui gari 2 dino meneh. Aku dadi isin karo konco-konco sing tak kei undangane mau, pengantene ora iso teko neng acarane dheweke.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7679", "text": "Keragaman budaya sing onok nang dunyo iki ancen uakeh buanget. Tapi sek akeh uwong sing durung eroh nek gak kabeh kebudayaan sing onok nang dunyo iki oleh ditiru utowo dilakoni selain golongan uwong sing nduweni kebudayaan iku mau. Semisal koyok tarian daerah sing dianggep sakral, iku blas gak oleh dilakoni wong liyo, nek gak iku wes termasuk tindakan cultural appropriation utowo pelecehan budaya. Utowo sing paling akeh dilakoni ambek arek enom iku ngomong nigga. Nigga iku dewe asale teko nigger, yaiku kata kasar teko kata negro. Wong kulit putih sing ngomong kata ‘n’ iku mau isok dikatakno rasis. Dadi nek awakmu kudu ati-ati nek kate nggolek eroh tentang budaya sing onok nang seluruh dunyo iki dan sampe mrakteknoe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5687", "text": "Akeh prosedur lairan sing kadhang ya bisa dadakan amarga awak dhewe ora ngerti kondisine bayi ning jero weteng kaya apa. Kanggo para ibu sing lagi ngandung, ana babagan sing kudu digatekake ben ora gugup pas arep operasi caesar. Kaping pisan yaiku nyiyapake barang keperluan ibu lan bayi amarga kadhang rumah sakit ora nyediakake. Kaping loro yaiku nyiyapake hiburan ben ora ndredeg lan bosen ngenteni wayah operasi. Kaping telu, yaiku ora macak utawa nggawe riasan ben para dokter iki luwih gampang meriksa kondisi ibu. Banjur kaping papat, adus nganggo sabun antiseptik lan kaping lima rutin meriksakake kondisi awak menyang dokter kanggo ngurangi risiko lairan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3438", "text": "Wedi pas ono bencana alam iku wes lumrah kanggo sing urip nang dunyo iku, soale dampak sing diwehno pas bencana alam ancene ora sepele. Kanggo wong sing wedi iku maeng nag iso ojo sampek wedine iku kenemenen soale iso dadekno ganguan mental sing sekirane marakno phobia utowo trauma. Nag wes kadung ngeneki ancene rodok angel mangkane nag iso nag diilangno. Nah kanggo ngilango roso wedi maeng asline ora ewo janji muruti anjurane wong sing ahli utowo pengalaman salah sijin yaiku kudu iso pikiran positif ambek bencana sing teko soale nag mikir sing elek-elek terus jelas tambah garai wong keweden, terus kudu iso nguatno mentale maeng ambek kudu iso nerimo ambek sing wes kedaden maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2652", "text": "Gelakno wong sing penting yoiku roso sing paling getun sing dirasakno ambek wong tau getun karo kelakuanmu utowo penggawean sing bok lakoni nang wong iku maeng. Lah deke geloh soale opo sing mbok lakoni iku maeng dadekno roso sing rodok mangkel nang atine wong maeng, mboh iku teko omongan, penggawean, utowo tulisan sing mbok lakoni. Tapi kabeh wong mesti tau garai geloh wong liyo mboh iku maneg disengojo utowo ora disengojo, sing jelas jenenge wong mesti tau ngalami perkoro koyok ngeneki. Mangkane dadi wong urip nang lingungan sosial koyok ngeniki yo kudu ati-ati polahe saiki jamane teknologi sing ora karuan ambek jamane sosial media sing garai wong akeh sing salah paham.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2016", "text": "Ngelakako perkoro sing dilarang karo agama lan ora ngelakoke perkoro sing diperintahke kui awak dhewe bakal entuk doso. Kabeh wong sing percoyo swarga karo neroko, ora kepengen duwe doso sing okeh-okeh. Awak dhewe wedi yen wis mati, awak dhewe bakal disikso. Supoyo awak dhewe ora kekakehan doso neng donyo iki, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu luwih ngerti lan paham opo-opo wae sing diperintahke karo agama lan opo-opo wae sing dilarang. Sing keloro, awak dhewe kudu pinter-pinter milih konco. Awak dhewe kudu milih konco sing duwe tabiat sing apik. Sing ketelu, sak ben awak dhewe arep ngelakoke sesuatu, awak dhewe kudu nimbang apik lan eleke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3333", "text": "Koncoku ulan wingi iku keweden pol soale bapake iku sekarat nang rumah sakit polahe mari kecelakaan. Yo asline awake ora opo-opo tapi mok wonge iku asline duwe darah jantung lemah mangkane iku paling sing garai sekarat. Sekarat iku termasuk kondisi sing endi awak iku wes mulai ora iso fungsi normal koyok sak mestine. Terus tondo-tondone wong sekarat yoiku awake iku lemah, terus sing sekarat iku linglung, terus ono pirang-pirang masalah nang bagian organ awak utowo bagian awak, nafase dadi ora normal, terus raine utowo wujudte maleh rodok pucet ora koyok umume wong, saraf-pe barang yo mulai rodok medun fungsine, ambek liyan-liyane. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9801", "text": "Kanggo wong sing organisasine akeh kaya Dion, wis biasa turu ing kampus. Dina iki Dion nginep ana ing kampus amarga nyepakna adicara ospek kanggo mahasiswa anyar. Dion turu ana ing kelas A. Kelas iki uga misuwur banget amarga jarene ana sing njaga. Dion ora ngandel karo sing kaya ngono kui. Jam 9 Dion karo Wayan mlebu kelas A kanggo turu. Bocah liyane nyusul amarga durung rampung anggone nyepakna panggung. Nalika Dion mateni lampu, Wayan langsung mbengok amarga ndelok ana wong sing guyu ing njaba kelas. Dion langsung kaget lan metek maneh lampune supaya Wayan ora keweden lan lelembute iku mau ilang. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4367", "text": "Sampah nag endi-endi iku mesti marakno wong sing masi iku mesti jember ambek jijik mergo bentuke termasuk barang siso sing akhire dadi barang bosok sing marakno pirang-pirang penyakit. Nah opo maneh nag sampek barang iku iku dadi numpuk sak pirang-pirang yo tambah marakno wong sing masi ambek delok iso dadi mangkel setengah mati polahe barang iki maeng. Nah sing marakno jijik iku maeng yo mok mergo polahe bentuke sing ora karoan, terus yo ambune barang sing iso marakno weteng loro ambek mules polahe ambune barang bosok ora karoan. Nah sak liyane iku yo termasuk iso dadekno penyakit barang akhire akeh wong sing mangkel ambek sing jenenge sampah iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5276", "text": "Kanggo wong sing wis rabi, nduwe anak kuwi mesti kepengenan sing gede amarga anak kuwi bisa dadi penerus garis keturunan ning keluwarga lan perjuangan dadi menungsa kang apik ning dunya iki. Nanging, amarga Indonesia iki wis kebak, nduwe anak kuwi kudu direncanakake ben ora kaget amarga ora sesuai karo uripe awak dhewe. Miturut ketentuan program sing ditulis karo KB, wong sing arep ngerencanakake kelairan kuwi kudu iling babagan umur. Kaping pisan, umur sing kenomen ora oleh. Kaping loro, sing ketuweken ya ora oleh. Kaping telu, ora oleh kakean anak sing jarake rapet-rapet kaya setaun utawa meh rong taun amarga bakal dikuwatirke ngerusak pola didik. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2584", "text": "Dino bahagia iku nag jareku ora kudu pernikahan. Soale akeh dino sing iso garai wong bahagia. koyok contone dino kelulusan sekolah, dino pas ketemu ambek pacar, ambek liyan-liyane. Tapi akeh sing ngarani dino sing paling bahagia yo iku nag dino pernikahan iku. Soale sing bahagia iku ora mok pasangan sing nikah tok. Tapi wong-wong sing parek utowo keluarga sing ono hubungan ambek pasangan yo melok seneng soale melok delok wong sing bahagia iku maeng. Terus jarene koncoku dino bahagio pas pernikahan ancene bedo ambek dino bahagia sing liyane. Soale nag kono wong sing nikah petok ambek pasangan uripe, mangkane nag dino iku iso diarane dino sing paling nyenengno.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6098", "text": "Ngeresiki kulit mati iki salah siji cara ben kulit ning awak iki bisa alus lan bebas saka penyakit kulit. Eksfoliasi utawa ngeresiki kulit mati iki penting banget kanggo wong sing sering aktivitas ning jaba lan uga sering kena kotoran. Fungsine ngresiki kulit mati iki bisa nyegah sumbatan sing marai sumbatan, lan ben wajah ora ketok kusam. Nanging pas ngresiki ya rada njijiki amarga mesti ana butiran ireng sing metu saka wajah. Senajan njijiki, ngresiki kulit mati iki dadi agenda sing wajib kanggo wong jaman saiki amarga wis akeh polusi sing bisa ngerusak penampilan. Kamangka, ayo kanca-kanca saiki mulai priatin lan ngopeni kulit ben tetep resik lan ora ana penyakit.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9468", "text": "Diregani karo wong liya iku nyenengke banget. Apa maneh nalika penggaweane kene didelok lan kene diwenehi penghargaan. Senajan mung barang sing cilik nanging nyenengke banget amarga kene bakal ngerasa yen kerjane kene iku bener lan bisa manfaat kanggo wong liya. Mula yen bisa kene uga kudu mbiasake awak dhewe kanggo ngeregani wong liya supaya kene uga gampang diregani karo wong liya. Misale kene ndelok kancane kene wis berusaha banget kanggo nggawe adicara lomba kampus berjalan lancar, kene bisa ngewenehi kembang utawa panganan kanggo penghargaane kancane kene mau. Dadi ayo padha peka karo kanca utawa wong saubenge kene lan sinau kanggo luwih bisa ngeregani wong liya!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "641", "text": "Pas jamanku SMA kelas 1, aku mesthi bali numpak Transjogja, sing biasane disebut wong-wong TJ. Jalure kui pas aku iso nganggo moda transportasi kui ono 10 jalur. Neng halte sing cerak sekolah kui ono 2 jalur utowo trayek sing diliwati, yaiku 3A lan 2A. Trayek sing iso ngeterke aku paling cerak neng omah kui sing 2A. Pas kui, aku lagi kesel banget bar latian tonti. Aku pengen cepet-cepet bali. Seko adoh aku iso delok buse kui wis nyeraki halte. Ora gelem ketinggalan, aku mlayu sak banter-bantere. Pas tekan kono jebul, sing lagi teko kuyu TJ 3A. Trayek sing 2A lagi wae mangkat mau. Aku gelo pas ngerti kui. Rasane tambah kesel.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6053", "text": "Flu kuwi ditularake liwat udara lan uga cairan. Wong sing kena flu iki disaranake kanggo ngombe obat lan istirahat amarga flu ikii penularane uga cepet banget marang menungsa. Flu biasa kuwi jaman biyen dadi penyakit sing ganas lan uga mateni, nanging amarga imun menungsa sing berkembang, penyakit iki dadi penyakit biasa sing ditularake liwat percikan wong sing lagi bersin. Kamangka, wong lagi kena flu, yen kepeksa ana aktivitas ning jaba omah, kudu nganggo masker lan antisipasi nggawa obat-obat. Virus influenza sing ana ning idu kuwi bisa nggabung karo udara lan uga lebu, banjur virus kuwi mabur bebas lan nulari wong akeh. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6058", "text": "Jaman saiki akeh virus lan bakteri sing gampang kesebar amarga tingkah menungsa sing sembarangan kaya mangan sembarangan, buang hajat sembarangan, lan sing paling sederana yaiku mbuwang idu. Kebiasaan iki kadhang dinduweni bapak-bapak sing produksi liure pancen akeh. Kadhang uga wong sing lagi watuk kudu mbuwang idu uga riak ben ora kerasa gatel. Nanging, sing kadhang ora digatekake kuwi cara mbuwange lan uga panggon mbuwange. Idu sing sembarangan dibuwang iki bisa nulari penyakit saka virus sing numpang ning angin utawa awu. Kamangka, awak dhewe kudu bisa njaga tingkah laku lan uga ora sembarangan mbuwang idu ben ora nulari penyakit marang wong liya. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7527", "text": "Onok salah siji alat sing penting banget gawe diduweni cek isok screening rutin. Jeneng alate iku autocheck alat cek gula darah kolesterol. Alat iki isok digawe ngecek kadar gula darah, kadar asam urat, karo kadar kolesterol. Tapi berhubung regane iku relatif larang, gak kabeh uwong mampu gawe tuku iki. Nek awakmu kepingin cek tapi gak nduwe alate, awakmu isok teko nang Apotek. Pirang Apotek nyediakno jasa gawe ngecek telung hal iku mau dan regane relatif terjangkau. Carane awakmu nang Apotek sing nyediakno jasa screening, terus langsung takon ae nang kasire nek kate screening. Engkok awakmu bakal diarahno nang bilik pemeriksaan dan bakal dijupuk darahe gawe diperikso. Garek ngenteni hasil dan bayar, mari deh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8496", "text": "Salah siji pengalaman sing paling marakno aku isin nemen iku pas suaraku pecah pas lomba nyanyi nang Sekolah. Mergo iku, aku maleh luwe sering pemanasan gawe vokalku ben gak gampang pecah. Aku ngelakoni iku rajin sampe akhire saiki aku gak tau ngalami pecah suara maneh pas nyanyi. Caraku pemanasan vokal iku ngene. Siji, pemanasan seluruh tubuh. Mulai teko mbungkuk, ngelakoni peregangan, olahraga rai, ambek ngetuk dodo. Loro, ngendurno otot-otot nang sira dan ngaktifno paru-paru. Telu, ambil napas sing dowo. Papat, latihan diafragma. Carane ngucapno pirang huruf karo kata sing kuat. Terakhir, ngeregangno lambe. Cara sing sering tak gawe iku ngucapno ‘brrrrr’ ping bolak balik sampe lambeku nggeter.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "267", "text": "Pas jenenge awak dhewe disebut kanggo maju neng ngarep panggung, awak dhewe bakal ngeroso seneng banget. Ono roso ora nyongko, awak dhewe iso entuk penghargaan kui. Atine awak dhewe berdebar luwih banter lan pikirane awak dhewe mlayu neng endi-endi. Malah pas kudu ngomong babagan entuk penghargaan kui, ilate dhewe malah dadi kaku sangkin seneng. Ben ora kedadean koyo ngono, awak dhewe kudu gawe persiapan. Sing utama kui, awak dhewe nyepake naskah pidato. Yen misale awak dhewe ora iso ngapal, pidato kui mau isi ditulis neng kertas kanggo kepekan. Senadyan, awak dhewe durung tentu menang nanging ora ono salahe gawe persiapan kui. Sing keloro, nganggo klambi paling apik sing awak dhewe duwe. Tujuane ben awak dhewe luwih percaya diri ngadek lan ngomong neng panggung.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1104", "text": "Aku kui gawanane pancen wedi karo jarum suntik. Nanging embuh kenopo, aku luwih wedi disuntik biasa timbangane pas donor darah. Padahal, jarum sing dienggo donor darah kui luwih gedhe. Makin gedhe jarume kui kudu makin lara rasane. Nanging yen aku kudu milih, aku tetep milih donor darah. Aku soale mikir yeng aku donor darah iki, aku lara kanggo wong liya. Laraku kui ono artine. Getih sing tak metu seko awakku kui bakal dienggo wong-wong sing lagi butuh getih, misale koyo wong sing lagi operasi utowo wong sing bar kacilakaan. Aku ngeroso dadi wong sing ono gunane wae. Bedo karo disuntik karo suntikan kanggo gawe awakku mari.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3706", "text": "Akeh wong sing ngomong nag delok utahan mesti jember ambek gilanen. Yo asline iku maeng kan perkoro sing wajar soale sing garai utah iku maeng marakno jijik yoiku bentuke sing mangkelno ambek sing gilani. Nah roto-roto sing garai wong iku maeng jijik nag pas delok utahan iku maeng yoiku bentuke sing koyok panganan mampu, terus ngiler-ngiler piye ngunu, wes koyok panganan mambu iku sing wes ate bosok. Mari ngunu sing garai jijik maneh yoiku wujute utowo warnae maeng iku ono sing koyok teleke pitik sing ojor. Yoiku maeng termasuk salah sijine sing dadekno lapooh wong iku akeh sing jijik nag delok utahan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4946", "text": "Durung berhasil mlebu perguruan tinggi iki dudu masalah sing gede yen calon mahasiswa iki tetep bisa njaga kekarepan sinaune lan kondisi awake. Ana sing bejo amarga mlebu kampus liwat jalur SNMPTN, uga ana sing kudu liwat ujian lan kudu sinau luwih akeh. Kanggo njaga tempo sinau kuwi, ana cara-cara sing bisa dilakoni. Kaping pisan, ngatur waktu sinau lan istirahat sing cukup lan semampune nanging rutin. Kaping pindho, nggawe jadwal rencana sinau materi sing kudu rutin dilakono. Kaping telu, tetep njaga mangan lan istirahat ben bisa nggarap soal sing tenang. Banjur ndaftar ning jurusan sing sekirane mampu lan sekirane bisa dirampungke. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4997", "text": "Ana kegiyatan sing bisa dilakoni yen pengen ora bosen urip dewean. Kegiyatan iki bisa marai awak dhewe luwih kenal sapa lan potensi apa sing diduweni amarga ana wong sing sak lawase ora bisa urip dewean. Kegiyatan kuwi ana macem-macem. Kaping pisan ana liburan. Liburan iki bisa nyenengake lan bisa marai pikiran luwih seger lan bisa adoh saka stres. Kaping loro, melu kelas online supaya bisa nambah kempuan lan bisa nduwe ketrampilan anyar. Kaping telu, kegiyatan dadi relawan kuwi ya bisa ngasah urip sosial awak dhewe ben ora ngerasa asing karo wong jaba. Kaping papat, uga bisa nulis jurnal utawa nulis ning media sosial ben bisa nduweni inspirasi kanggo wong. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2516", "text": "Seneng polahe lulus ujian iku roso sing biasane teko utowo kebentuk teko emosi sing apik. Biasane roso koyok ngene iki ketok utowo teko polahe perkoro lulus ujian sing dialami ambek wong sing mari ujian. Terus roso iki maeng biasane yo diketokno ambek wujud sing aneh-aneh karek wonge pengen sing model piye sing pas ambek roso seneng sing dirasakno maeng. Tapi biasane sing paling umum kanggo mujudno roso seneng maeng iku ambek berok-berok, utowo ambek guyu terus ngangkat tangan. Lah wujute roso seneng maeng asline kepengaruh teko emosine wong sing duwe roso seneng polahe lulus ujian maeng. Akhire nag wong iku maeng iso ngendalekno biasene mok mensem tok.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1155", "text": "Misale awak dhewe yakin nek ono wong sing ngetuti awak dhewe, apike awak dhewe ojo langsung bali neng omah. Yen awak dhewe bali neng omah, sing ngetuti kui bakal ngerti omahe awak dhewe neng endi. Iso wae dheweke iso gawe semacam jebakan neng jero omahe awak dhewe. Opo malah wong kui dadi ora kudu repot-repot ngetuti awak dhewe, soale dhewe wis ngerti neng endi tujuan terkakhire. Dhewek gari ngeteni neng cerake omahe dhewe lan ngenteni awak dhewe ngasi lengah. Yen awak dhewe langsung bali neng omah kui, awak dhewe malah iso digawe terpojok luwih gampang, terutama awak dhewe tinggale dhewekan. Yen wis ngono, wong kui iso ngelakoke opo wae lan awak dhewe ora iso galuk pitulungan neng endi-endi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2982", "text": "Pas ulang tahun wingi koncoku iku jumbul polahe oleh hadiah apike megilan. Hadiah iku ditukokno bapake teko jepang langsung pas bapakne dolan rono. Hadiah iku rupone kriol sing teko jepang, asline bentuke iku yo ora adoh teko sing nag Indonesia, mok modele sing apike orambloko soale nak motone iku ono ukiran-ukiran utowo batik sing modele urup kanji ambek ono batik kembang-kembange. Sak liyane iku warna emasi iku rodok meges ambek menterenge pol, ora koyok barang ecek-ecek sing biasane didol ambek bakol emas. Dadi kriole maeng iku maleh koyok larange megilan timbang kriol-kriol sing dituku wong-wong nag kene. Yo mesti lah kan barang larang.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "719", "text": "Yen awak dhewe ngeroso duwe kekurangan fisik, ojo tekan kui dadi alesan kanggo awak dhewe ora ngoyak cita-cita. Wong sing normal utowo sing cacat kui duwe hak sing podo gawe sukses lan bahagia, termasuk ngoyak cita-citane. Mungkin, wong sing duwe kekurangan kui bakal nemoni kesulitan. Nanging, wong-wong sing normal uga bakal nemoni kesulitan uga. Bentuke iso wae bedo. Intine, wong kui bakal nemoni alangan utowo hambatan sak durunge tekan neng tujuane. Awak dhewe kudu nyonto Helen Keler. Sendayan dheweke budeg lan ora iso ngomong. Dheweke tetep kerja keras neng uripe. Dheweke iso tekan entuk penghargaan Nobel sing terkenal kui. Awak dhewe kudu ora gampang nyerah neng mimpine awak dhewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "685", "text": "Wong sing kerep dhewekan utowo ngeroso dhewekan kui pas dekei kejutan ulang taun luwih keroso seneng timbangane wong-wong liyane. Wong sing kesepian kui biasane uripe kui datar banget. Dhewek arang ngeroso sedih naning arang uga ngeroso seneng. Dadi misale dheweke entuk kejutan kui dheweke bakal ngerasake seneng sing paling seneng seko dheweke rasake setaun kui. Dheweke mungkin arang kerep ngerasake kebersamaan bareng wong-wong liyane. Pas dino kui, dheweke iso ngerasake kehangatane wong-wong sing peduli karo dheweke. Dheweke ora bakal iso ngelalike momen kui. Rasa dregeg sing dheweke rasake pas dikageti lan adrenalen sing mompo getih neng utek sing marake semangat. Dheweke ora bakal ngelalike perayaan ulang taun kui.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4912", "text": "Upacara adat ning Indonesia kanggo mengeti dina kematian kuwi macem-macem jenise lan manika warna miturut adat setempat. Salah siji adat kuwi yaiku upacara Rambu Solo utawa Aluk Rambu Solo. Upacara iki ana ning Toraja lan fungsine kanggo ngewenehi penghormatan kanggo jenazah. Kanggo wong Toraja, wong sing wes seda kuwi ya wong sing bisa ngerampungke kabeh rangkaian upacara Rambu Solo kuwi. Yen durung ana Rambu Solo, jasad sing durung dikubur kuwi dirumat kaya wong lara, yaiku diwenehi panganan lan turu ning kasur. Ning upacara iki ana sembelih hewan kaya kebo, sapi, utawa babi, kanggo simbol mbalekake kabeh pawitan marang adat lan suku. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7228", "text": "Gagal iku suatu situasi ndek ndi harapane awak dewe gak terkabul. Terkadang, awak dewe sing ngeroso gagal iku mergo harapane awak dewe sing kebarus duwure. Gawe nyegah iku kabeh, awak dewe kadang perlu sing jenenge menurunkan harapan. Bahkan nek isok, siapno skenario terburuk sing kemungkinan bakal terjadi. Mulai teko kono, awak dewe gak bakal kecewa nemen nek semisal harapan iku gak terjadi. Kadang, nek berharap terlalu duwur iku pisane gak terkabul, rasa larane jauh luwe nemen timbang uwong sing gak berharap apa pun. Podo podo ngeroso lara, cuma tingkatan larane pasti bedo. Dadi gawe awakmu sing gak gelem kecewa dan sedih berlebihan mergo gagal, mulai turunkan harapanmu yok.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8433", "text": "Badut iku siji uwong sing ngerias ambek moleh wajahe nganggo bedak tebel, nganggo klambi sing uwaneh, terus leko nek kate ngelakoni ekspresi sing lawak. Badut iku ngacu nang uwong sing ngelakoni hal-hal lawak sing marakno wong liyo maleh ngguyu mergo kelakuane mau. Badut iki sisan disebut dadi pelawak soale kelakuane sing lucu. Jenis badut iku onok loro, yaiku badut maskot karo badut karakter. Nek jaman mbiyen, badut iku nampile nang atraksi sirkus gawe ngelakoni sembarang hal sing isok dadi bahan ngguyune akeh uwong sing ndelok. Nek jaman saiki, badut iku sering diundang nang pesta ulang tahun gawe penghibur kabeh tamu sing hadir nang kono.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5731", "text": "Senajan Bekasi kuwi sering banjir, aku ngerasa banjir taun iki luwih medeni amarga volume banyu uga akeh banget sing mlebu, luwih dhuwur saka banjir taun wingi. Akeh barang elektronik sing rusak lan sing paling penting yaiku akeh kewan-kewan kaya ula, tikus, cacing lan nyamuk sing bisa marai demam berdarah. Banjir sing taun iki yaiku amarga udan sing ora ana mandheke. Wingi malah ana ula gedhe banget sing metu saka gorong-gorong lan mlebu omahku. Sak uwise kuwi, aku dadi kuatir amarga aku ora ngerti jenis ula sing bisa mbelit lan bisa nyokot. Aku uga wedi amarga nyamuk iki uga akeh lan bisa nggarai penyakit. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9810", "text": "Dina iki mau rasane atiku campur cinampur lah pokoke. Ngawali dina mau aku tangi wae wis kawanen, marai aku ora bisa melu matakuliah kang jadwale jam 7.15 isuk, isin plus mangkel rasane. Dina mau kuliahku rampung jam 14.40. Aku banjur nelpon pacarku niate arep ngejak mangan bareng. Tak delok-delok keterangan ing HP kok panggah calling ora ringing, wah jan mangkelke banget. Ora let suwe dheweke muni wis siap dipethuk. Sawise ketemu, dheweke meneng wae ora kaya biasane. Mbasan daktakoni arep mangan apa, wangsulane kemudu-mudu kepengin mangan Pizza Hut. \"Hadehhhh tekorrrr\" batinku mangkel, ning kudu tetep sayang, wong pacarku dhewe. Aku kang wis rumangsa bodho amat, njaluk tulung anggone pesen padha wae karo pacarku, kareben ringkes. 30 menit ngenteni panganan ora teka, aku krasa luwe banget, ning pacarku ya meneng wae, padahal biasane yen pelayanan suwe dheweke bakal ngomel. Ora let suwe, aku weruh saperangan pegawe resto kuwi gawa cake ana lilin e, batinku \"wuelok ana le Ultah iki\". Lha tak mat ke kok arahe malah nyedhaki aku, aku bingung tenan padahal ultahku wis 2 dina kepungkur. Owaaalaaah jebulane salahsiji pegawe ngandhani yen pacarku jaluk tulung diewangi menehi surprise kanggo aku. Ora lali jam tangan favoritku diwenehke kado kanggo aku. Rasane atiku seneng, terharu, isin, jengkel, ya dadi siji kabeh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9518", "text": "Lumrah banget nalika ana keluarga sing seda lan kene nangis geru-geru. Apa maneh yen nangis iku bisa nggawe ati plong. Yen ditahan bisa nggawe ati tambah lara lan tambah stress. Nanging kadang yen mung nangis thok iku ya nggarai tambah sumpek banget. Yen ana keluarga sing seda, sing bisa dilakoni antarane yaiku dungakna. Senajan sedhih banget nanging donga ora oleh mandheg. Sawise iku kudu tetep eling yen kene iku kabeh nggone Gusti lan bakal balik ing Gusti. Mula, ayo padha istighfar wae lan kudu mikir sing seneng-seneng utawa golek kegiatan liyane sing bisa nggawe sibuk supaya ora larut ing kesedihan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8355", "text": "Awakmu tau krungu gak, nek idu iku isok digawe nyembuhno luka? Makane kan kadang uwong iku nek getihen, pasti langsung ngidoni luka e iku mau sing tujuane gawe ngurangi resiko infeksi. Ancene sih, idu iku nduwe kandungan histatin sing isok mbunuh bakteri sing isok nyembuhno luka. Terus, idu iku onok laktoferin ambek laktoperoksidase sing isok ngehambat perkembangan infeksi. Tapi kudu diiling maneh, nang njero cangkem iku sek onok bakteri liyane maneh. Bakteri iku mau pasti kecampur nang idun sing malah isok nimbulno infeksi liyane. Nek wes ngono, lukae awak dewe dadi maleh tambah nemen dan tambah angel gawe diobati. Ancen paling tepak luka iku yo diresikno nganggo alat medis.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9978", "text": "Wong nganggur bisane golek-golek cara supaya duweni kegiatan. Ning kegiatane iku mau kegiatan sing ora bermutu. Tuladhane kaya ngilokna agamane wong liya, ngilokna golongan utawa ras, lan liyane. Sakjane ngono iku mung golek perhatian wae. Mula yen kene diadepna karo sing kaya ngono, carane uga mung sabar. Muring-muring sakjane ora apa-apa senajan isih ana watese. Sing penting kene kudu nurut apa sing dianjurna karo Nabi Muhammad nalika ana sing ngilokna kene, yaiku ora oleh mbakes ngilokna supaya kene ora oleh dosa kaya wong sing ngilokna kene mau. Kudu tetep sabar lan dongakna wong sing ngilokna kene supaya dheweke entuk hikmah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4416", "text": "Akeh wong sing tau ngalami perkoro ngentut nang panggonan umum, utowo nang ngarepe wong akeh. Nah perkoro iku asline wes dadi perkoro sing biasan kedaden ambek wes lumrah kanggo wong akeh. nah sing garai isin iku maeng asline ora kok mergo entute tok. Tapi perkoro sing ono pas ngentut iku maeng, salah sijine perkoro sing metu pas ngentut iku maeng yoiku ambu basin sing marakno wong sing ono nang pinggire iku mangkel ambek geting. Nah perkoro iku maeng sing bakal marakno wong sing ono nang pinggir-pinggire terus ngelokno wong sing ngetut iku maeng sing akhire wong sing ngetut iku dadi isin ambek mesti sengedan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3056", "text": "Moro-moro srengen iku biasane gelek kedaden nang bocah sing lagek entas gede yaiku antara SMP sampek SMA utowo ambek wong sing pacaran. Perkoro iki asline wes gelek kedaden nang endi-endi polahe kurange kontrol utowo tuturan teko wong tuone. Terus biasane iku emosine ora stabil soale ono perkoro liyo sing isek ono nang pikirane mboh iku wes telong ulanan utowo perkoro sing paling garakno wong utowo bocah iku maneg mangkel. Nag wes kadung ngunuku bocah utowo wong koyok ngunuku kudu nang ditambakno soale iso dadekno kebiasaan elek sing akhire dadikno temperamen sing ora apik. Utowo nag pengen cepet ilang disiram ambek banyu ae ben adem.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3462", "text": "Koncoku mesti nag ono udan deres bengi-bengi ambek campur gluduk iku mesti orawani dewe nang kamar. Nah Gluduk iku maeng suarane bangete megilan nang duwur langit, terus biasane sak durunge muni iku ono kilap sing padange koyok precian genine las tapi nang duwur langit. Nah koncoku nag ono ngunuku mesti wedine ngaput opo maneh nag ora ono bocah sing nang kos polahe kuliha tambah ora wani metu ambek lampune kos mesti diakakno kabeh ben padang. Tapi ancene Udan nag campur ambek gluduk utowo bledek iku medeni, soale akeh yoan wong sing kenek utowo kesamber bledek sampek mati ambek gosong koyok kobong ngunuku. Dadi yo ora salah se nag bocahe maeng ancene wedi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3418", "text": "Nag wong mari ngelakoni kesalahan mesti akeh-akehe iku geton ambek opo sing dilakoni maeng. Nag wong gerang biyen biasane ngongkon nag wes kadung kelakon kesalahan maeng, yo kudu tanggung jawab, nag ambek uwong yo kudu jaluk sepuro nang wong iku maeng. Tapi saiki wong sing ngunuku iku arang. Nag wes kadung ngelakoni kesalahan biasane tambah sengedan ambek ora gelem ngokoni kesalahan maeng mergane deke iku wedi nag disalahno. Padal nag wes koyok ngunuku yo kudu wani ngakoni kesalahan ben mene mane ora dilakoni maneh. Terus yo ben ora garai perkoro elek liyane metu koyok ngelarakno atine wong ambek ngerugekno wong liyo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7272", "text": "Hampir uwong nang seluruh dunyo iku pasti tau ngeroso nyesel. Penyesalan iku keadaan emosi utowo kognitif sing negatif, sikap sing nyalahno awak dewe mergo kejadian sing buruk, rasa kelangan utowo hampa mergo suatu hal sing diroso mestine kedaden dadakno igak. Rasa penyesalan iki bagi sebagian uwong digowo terlalu dalam dan marakno de’e mesti ngeroso milih keputusan sing keliru nang uripe. De’e terlalu fokus karo kesalahan mergo perbuatane de’e nang masa lalu dan meratapi hasile sing dientukno sampe saiki. Penyesalan isok berdampak ngerusak pikiran karo awak nek dijarno terus-terusan. Pola pikiran berulang-ulang dan negatif iku isok berujung nang depresi dan isok ngerusak kesehatan mental uwong.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3305", "text": "Perkoro wedi polahe deman panggung iku wes umum dirasakano wong sing ancene gelek metu nang duwur panggung utowo sing gelek dadi MC mboh iku nag acara TV utowo nang ngarepe acara liyane. Perkoro iki asline yo wes lumrah kanggo wong sing lagek awitan metu utowo ngisi nag acara-acara sing butuhno mental kanggo ngomong nang wong akeh. Biasane nag wong iku maeng ora biasa ngomong nang ngarepe wong akeh, yo bakal ngerasakno bingung, terus pikirane iku kotong, tangane geder, ambek bingung ate ngomong opo karo ngomonge iku bingung kabeh ambek akeh salahe. Yo ancene nginiki iku iso ilang nag wes ora nag duwur panggung utowo lunggo nang panggonan sing wes ora ngomong nang ngarepe wong akeh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8097", "text": "Akeh banget kecelakaan sing disebabno mergo rem blong. Rem blong iki kecelakaan sing bahkan isok memakan nyawa sisan saking bahayane. Salah siji penyebab rem blong iku brake fading. Brake fading iku mau sek isok diatasi ben gak kedaden dan marakno rem blong. Siji, nganggo engine brake. Pas nang dalan blanjuran, manfaatno engine brake gawe nyegah beban rem. Loro, nganggo minyak rem sesuai standar. Minyak rem sing kepanasen marakno umep dan gak ngekeki kekuatan hidrolik sing dibutuhno. Nganggo minyak rem sing sesuai standar isok ngatasi minyak rem dadi umep. Telu, pastikno kondisi piringan ambek kampas rem. Rong alat iku nduwe rentang suhu kerja optimale. Nek atek kepanasen, isok marakno brake fading. Dadi rutin dicek sisan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4455", "text": "Saiki akeh barang sing murah mangkane akeh wong nag gawe klambi iku moro-moro kembar ambek wong sing ora dikenal. Nah ono wong sing nganggep nag petok wong sing ancene gawe klambi sing podo iku termasuk perkoro sing marakno isin nang ati. Tpai nag prosoku iku termasuk perkoro sing biasa ae, mergo sing jenenge pabrik ang gawe barang kan ora mok siji tok tapi kan yo sak pirang-pirang. Nag ancene ketepakan podo ambek wong liyo artine yo anggep ae podo ora atek mikir sing aneh-aneh. Yo ancene se ono sing ngelokno nag iku koyok dadi barang sing dianggep morah ambek pasaran sing akhire iso dadekno wong sing gawe maeng maleh anjlok harga dirine.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2011", "text": "Pas isih SD kui, aku wonge ora seneng nyonto. Paling ora, awal-awalan mlebu SD kui sing tak lakokani. Aku diajari karo wong tuwo kudu mesthi jujur opo wae kahanane. Nanging aku tau pisan nyonto pas kui. Yen ora salah, pas kui aku wis kelas 5. Aku lali garap PR pas kui. Sebenere aku ora ngerti yen ono PR malah. Nek ngerti ono PR mesthi aku wis garap wingi bengine. Aku panik pas kui. Mergo wis ngeroso kepentok, aku dadi nyonto garapane koncoku. Pas pelajarane kui, aku wedi banget yen guruku bakal ngonangi. Nanging, bejone, tekan pelajarane rampung aku ora diceluk. Seko kui, aku luwih teliti meneh delok PR kanggo dino sesoke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "684", "text": "Dino ulang taun keluarga, konco, utowo wong sing cerak kanggo awak dhewe kui penting kanggo dirayake. Awak dhewe ngerayake kui supoyo iso nunjuke rasa sayang lan perhatiane awak dhewe marang dee. Dheweke uga ngerasa spesial sing dino sing paling spesial kanggo dheweke sepanjang taun kui. Yen awak dhewe iso ngekei kado sing dheweke pengeni kui luwih apik meneh. Dheweke ngeroso yen dheweke kui dadi wong sing berharaga neng uripe dhewe selama iki. Opo meneh yen awak dhewe iso ngerayake ulang taune kanggo acara kejutan, dheweke mesthi bakal ngeroso luwih seneg. Efek ora disangka-sangka seko acarane kui iso gawe dino ulang taune luwih gampang diinget.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7256", "text": "Awakmu tau gak nang situasi ndek ndi koncomu moro-moro menjauh teko awakmu tanpa alesan? Pasti awakmu bingung lah, opo maneh nek tanpa alesan. Pasti mulai mikir, aku onok salah opo. Isok ae awakmu iku tau ngomong utowo ngelakoni sesuatu sing marai de’e kecewa. Nek awakmu bener-bener ngeroso bersalah dan pingin berdamai, berarti awakmu kudu njaluk sepuro. Tapi onok taktik sing bener gawe njaluk sepuro, gak isok langsung ketemu terus njaluk sepuro ngono ae. Pertama, awakmu nyedeki koncomu iku, isok mulai basa-basi disik cek obrolane isok mengalir. Terus alon-alon mulai takon opo’o de’e menjauh. Nek ancen bener awak dewe sing dadi penyebab de’e kecewa, awakmu njaluk sepuro dan usahakno gak bakal baleni maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1071", "text": "BIyen, aku tau melu arung jeram karo keluargaku. Pas kui, aku isih cilik. Awak dhewe sak keluargo ngumpul neng omahe simbah neng daerah Bekasi sing wis mepet karo Jakarta. Nek ora salah kui akhir-akhir taun, yen ora Desember akhir yo Januari awal. Awak dhewe pas kui ngerencanake dolan neng daerah-daerah Puncak, Bogor. Neng kono pakdeku nemu, panggon sing iso gawe dolanan arung jeram. Awale rodo ragu-garu aku arep melu neng prahune. Aku pas kui durung iso renang. Aku wedi nek tibo seko prahu karete kui lan keli tekan mbuh neng endi. Nanging, pas wis dijelaske karo petugase neng kono. Aku dadi ngeroso ayem lan tetep numpak prahune, senadyan rodo gemeter tetepan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7250", "text": "Tahun iki akhire aku lulus kuliah. Tapi mergo lagi pandemi, dadi gak onok sing jenenge wisuda. Dadi aku mek njupuk ijazah tok nang kampus terus wes mari. Berhubung kampung halamanku adoh teko kampus, dadi aku milih ndekem nang kosan sampe wayahe njupuk ijazah terus usung-usung gawe balik moleh. Aku lulus ket wulan April, dan njupuk ijazah Mei. Mamaku ngomongi aku nek aku bakal disusul Juni minggu awal, tapi aku ngomong nek aku sek kepingin ngentekno waktu nang kosan ambek konco-koncoku sampe akhir Juni. Nang kono mama langsung nutup telpon dan aku langsung panik. Aku telpon balik gak diangkat-angkat. Akhire aku takon bapakku, jarene mama kecewa soale aku gak gelem moleh. Aku langsung jelasno, aku gelem moleh, cuma aku kepingin manfaatno waktu gawe bareng-bareng karo koncoku sak durunge aku pisah adoh karo mereka. Bapakku isok maklumi dan cerito iku nang mama. Jare sih mama alon-alon isok maklumi, tapi jujur aku gak isok gak kepikiran. Ben dino aku telpon gawe njaluk sepuro, tapi mamaku koyok gak ikhlas ngeiyani. Aku nyesel banget seh marai mamaku sekecewa iku, tapi di sisi lain, ancen aku salah ta nek aku sek kepingin dolen ambek koncoku?", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5249", "text": "Akeh kasus ketinggalan pesawat amarga petugas sing ana ning bandara kuwi kurang sigap lan kurang tanggep ngewenehi informasi kanggo para penumpang. Informasi iki yaiku jadwal mlebu pesawat, jadwal terakhir nutup lawang pesawat utawa wates akhir penumpang mlebu, lan uga jadwal pesawat mulai mabur menyang tujuan. Kamangka kuwi, ning Indonesia saiki akeh penerbangan sing diprotes penumpange amarga kurang informasi saka petugas lan marai penerbangan iki ana wae halangane. Amarga kuwi, awak dhewe sing laku dadi penumpang kudu wani ngewenehi kritik lan saran marang perusahaan utawa petugas bandara babagan komunikasi ben transportasi udara ning indonesia iki lancar lan uga ora ana hambatan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8080", "text": "Dino iki iku dino pertama Satya dadi karyawan anyar nang Kantor panggon kerjane. Ndredeg jelas, tapi sing luwe akeh iku roso wedine. Kantor panggone kerjo iku sek dadi panggon sing anyar gawe de’e, sing otomatis de’e sek asing karo panggon iku. Iku sing marakno de’e wedi. Pas wes nang Kantor ae, de’e sek ngeroso wedi karepe dewe soale sek durung ngeroso familiar ambek panggon kerjone. Mergo iku, pergerakane de’e sek kaku, dan de’e mek ndekem nang mejo kerjone tok. Kate nanng jedhing ae ditahan soale wedi nyasar. De’e baru wani gawe beranjak iku pas dijaki rekan kerjone gawe mangan nang Kafetaria. Sak liyane iku, Satya sek milih gawe meneng tok nang panggon kerjane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8041", "text": "Desi iku paling seneng nek preian nang desone mbah e, soale bakal akeh nemu kewan dan isok dolen bareng kewan iku sisan. Isuk-isuk, de’e dijak ambek pakdhene nang kandang soang. Nang kono, pakdhene ngekeki mangan gawe angonane iku mau. Pas enak-enak soange podo mangan, pakdhene njupuki ndhog soang iku mau gawe didol. Desi melu njupuk ndhog iku. Tapi, onok siji soang sing ngonangi Desi. Soang iku mau langsung mbengok buanter marakno Desi kaget. Desi langsung panik pas soang iku mau ngejar de’e. Jelas de’e keweden lah, wong soang e iku guede pol, luwe gede timbang awake dewe. Dadi Desi berusaha kabur teko soang iku sambil nyekel ndhog nang tangane. De’e mlayu terus sampe tutuk omah mbah e.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4401", "text": "Pas diklat bocah MABA biyen, aku ambek konco-konco panitia mesti ngadakno jelajah kanggo seneng-seneng ben bocah-bocah maeng iku ora blenger ambek acarane. Nah ono salah sijine bocah sing anyar maeng iku tingkahe ora karoan mergo saking senenge ambek acara iku maeng. Terus pas bocahe maeng mencolot kali, mergo kaline maeng kan banyune mili terus karo banyune sing beninge ora karoan, moro-moro telonone maeng suwek pas tengah-tengah mencolot maeng, nah bocah-bocah sing kelompoke maeng iku langsung guyu mekakak mergo guyokno wong, nah bocah iku maeng langsung meneng klekep mergo saking isine ambek opo sing dialami maeng. Yo ancene perkoro ngunuku ora kenek dibade kapan tekone.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3730", "text": "Biyen pas kulia, bocah-bocah iku mesti ngejak manggang iwak nang omahku, soale ancene aku duwe tambak. Nah pas iku ono koncoku sing biasane ora tau melok moro-moro melok soale pengen ngerti daerah gonanku. Pas tok gonanku bocah-bocah mesti tak jak mancing nang tambak, nah iku sing garai bocah-bocah iku seneng nag dolan nang omahku. Opo maneh panggonane iku enake pol. Terus koncoku sing ora tau melok maneg yo senenge pol. Mari ngnunu mari mancing yo wes koyok biasane, iwak iku dibeteti terus dipanggang. Tapi koncoku sing lagek melok maeng moro-moro jepiping polahe jijik ambek ambune iwak betetan sing amise ora karoan. Mangkane bocahe kok rodok ngadoh karo bocah-bocah sing beteti.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7692", "text": "BPJS iku singkatan teko Badan Penyelenggara Jaminan Sosial, yaiku lembaga khusus sing tugase gawe nyelenggarakno jaminan kesehatan ambek ketenagakerjaan gawe masyarakat, PNS, sampe pegawai swasta. Kabeh WNI wajib melu program nduwene BPJS. Jenis BPJS iku onok loro, yaiku BPJS kesehatan karo BPJS ketenagakerjaan. Iuran ben wulane iku tergantung jenis karo kelase dewe-dewe, dan iku dibayarno sak durunge tenggat tanggal sing wes ditentukno. Pendaftaran BPJS iku bakal luwe akeh diurusno karo petugas BPJS e, dadi awak dewe garek nyiapno berkas sing dibutuhno, mbari ngono kabehe bakal dicikno karo petugase. Nek awakmu gelem pengurusane luwe cepet, japrien terus petugase ben cepet diurusno.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2015", "text": "Yen awak dhewe ngelakoke kesalahan kui awak dhewe kudu ngaku. Yen awak dhewe ora ngaku, bakal ono perkoro liyo sing jedul. Opo meneh iki kontekse neng donyo kerjo sing garapan wong siji karo wong liyo kui ono saling berhubungan. Awak dhewe ora gelem ngandani kesalahane dhewe kui mergo wedi diseneni. Nanging yen awak dhewe ngebiarke kesalahan kui konco kerjone awak dhewe sing liyo bakal melu salah pekerjaane. Supoyo kesalahane kui ora soyo parah, awak dhewe kudu ngandani salahe awak dhewe secepet mungkin. Harapane perokoro kui iso dirampung bareng-bareng. Dadi garapane kui tetep iso rampung sesuai karo wektune lan tetep duwe kwalitas sing apik. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6066", "text": "Tumpukan sampah kuwi bisa marai ora nyaman ning mripat lan uga bisa marai jijik amarga tumpukan sampah kuwi bisa ngetokake mambu senajan mung tumpukan kertas, kardus, utawa wadah sing digawe saka plastik. Tumpukan sampah iki sering dadi pojokan sing nyaman kanggo para kewan mbuwak kotoran kaya cicak, coro, lan uga tikus. Kamangka, barang-barang iki kudu disingkirake. Cara nyingkirake sampah iki akeh banget. Barang iki kudu diseleksi lan barang sing apik iki bisa didol ning internet. Barang iki uga bisa didaur ulang dadi alat sing luwih manfaat kaya dadi kerajinan, utawa bisa dikilokake ning tukang loak ben bisa dadi dhuwit kanggo jajan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5635", "text": "Peristiwa sing ana ning Kanjuruhan sing ngelibatake suporter kuwi dadi trauma dhewe kanggo warga kabupaten Malang amarga akeh banget keluwarga sing seda lan kabeh mayit dijejer ning ndalan lan ambulan sing ora ana mandhege. Trauma iki ditambah karo para pelaku sing saling lempar tanggung jawab uga ora ana empati marang korban sing wis seda lan sekarat. Kamangka, saiki yen ana rame-rame ning sawijining panggon, acara apa wae panitiane mesti bingug lan wedi yen perkara Kanjuruan bakal kebalen maneh. Wong akeh sing sekarat amarga sesek napas, kangelan ambegan, kanthi akehe wong kang bingung nggolek anak lan keluargane dadi pangiling-iling kanggo para keluarga.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1545", "text": "Salah ngundung wong kui mesthi rasane isin. Nanging sing paling isin kui, yen awak dhewe salah ngundang utowo nyelok wong sing umure adoh seko awak dhewe. Wong sing sepuh kui biasana ingetane wis ora tajem. Iso wae sebenere dheweke kui kenal karo awak dhewe nanging lali wae. Awak dhewe uga ora ono bukti yen wis tau kenalan. Awak dhewe uga rodo ragu kui wonge podo opo ora. Soale, wong sing wis tuwo kui biasane rupa-rupane arep podo. Yen dipekso bapake utowo ibuke kanggo ngiling-ngiling, rasane mesake. Dheweke mungkin wis angel meneh ngiling-ngiling hal sing lagi wae kedadean opo meneh kedadean sing wis suwe banget.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2581", "text": "Awal tahun iki isek akeh larangan ngadakno acara geden utowo duwe gawe geden. Tapi nag daerahe koncoku wes ora nguru masalah iku sing penting awak dewek jogo kebersihan. Lah pas iku aku ketemu karo koncoku sing biyen ora karuan ceritone ambek pacare. Deke ambek pacarae gelek putus nyambung soale gelek difitnah ambek koncone pacare soale koncone pacare seneng ambek deke. Mari ngunu wingi pas ketemu, bocahe ngomong nag deke bakal nikah ulan ngarep. Lah aku kerungu iku jelas senenge pol ambek dino bahagia iku. Opo maneh aku ngerti ceritone bocahe merjuangno cintae ambek pacare sing megilan ewoe polae fitnah-fitnah ora karoan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9892", "text": "Omahku isih dibangun. Akeh tukang bangunan sing ngewangi bangun omahku. Nalika ana tukang sing ngeduk lemah, dheweke njerit amarga nemu sak gebok duwit. Duwit iku ana sing duwit kertas jaman biyen lan duwit logan. Bisa didelok yen iku duwit jaman kerajaan biyen amarga ora ana sing kenal karo dhuwit iki. Nalika didelok, sak kaluwargaku padha kaget pol. Aku njingkat lan mripatku mendeliki dhuwik iku siji-siji. Ibuku kaget sisan lan langsung nelpon bapak. Adhiku wedi amarga dikira dhuwit iki bisa nekakna mala utawa bencana. Dheweke keweden nganti mripate abang amarga ngempet nangis. Aku ngomong yen iki uga mung dhuwit biasa sing paling biyen ana wong sing nyimpen ndhik omah iki. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "251", "text": "Pas cilik aku seneng banget dolanan robot-robotan Wektu dijak dolan-dolan neng mal, aku mekso pengen mampir neng toko dolanan, Toys City neng Botani Square, Bogor. Akeh mainan sing pengen tak tuku. Ning ono, siji dolanan sing tak pengenke banget. Dolanan robot-robotan sing jenenge Bionicle. Bionicle kui salah siji produk turunan lego. Modele arep merep, koyo bongkar pasang, nanging kui bentuk robot sing koyo menungso. Nanging regone larang banget, dadi aku kudu nabung disik. Selama setaun, aku ngelumpuke sanguku lan duwit angpao pas bakdo ora tak enggo. Pas duwite wis kekumpul luwis seko 300 ewu. Aku jaluk wong tuwoku neng toko dalanan kui meneh. Akhire aku seneng banget iso gowo bionicle kui bali. Regone 250 ewu, dadi aku isih duwe 50 ewu sing iso tak enggo jajan sing liyane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9469", "text": "Dina iku aku ditelfon karo kampus yen aku oleh penghargaan mahasiswa berprestasi semester iki. Aku diundang ing upacara penghargaan sing ana ing rektoran. Upacara iku ditekani karo rektor, dosen, lan para tamu undangan sing akeh banget. Sadurunge teka aku bingung kudu gawe klambi apa soale iki dadi pengalaman sepisan kanggo aku nekani adicara sing formal banget kaya iki. Kanca-kancaku ngomong ning aku supaya ora grogi lan sing penting kudu nggawe rasukan utawa klambi sing rapih kanggo ngeregani wong-wong penting iku. Mula, nalika ana ing adicara penting kaya upacara penghargaan iki aja lali kanggo nggawe sing terbaik kanggo ngeregani wong liya lan ndudokake yen kene uga pantes kanggo nrima penghargaan iku!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4363", "text": "Sing jenenge tumpukan sampah yoiku tumpukan barang sing ancene wes bekase wong sing ora digawe sing akhire dadekno perkoro sing rusoh. Nah wong sing delok perkoro iki utowo tumpukan sampah iki mesti mangkele setengah mati, opo maneh nag wes dadekno ambu sing ora enake pol yo tambah mangkele glani. Nah jijik polahe delok tumpukan sampah saiki yo wes gelek kedaden nang endi-endi mergo sing jenenge tumpukan sampah iku ono nang endi-endi ambek ora karoan ambune. Yo ancene saiki sampah iku dibuak ora karoan, karo wes kedaden nang endi-endi. Nah kudune kabeh wong iku ora atek buak sampah sing ngawur ngunu ben lingkungane maeng tetep kejogo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7919", "text": "Kadang awak dewe nek kuliah iku nek wes kadung kerkel, biasane isok sampe bengi. Kadang onok sing inisiatif gawe gak moleh, tapi onok sisan sing milih moleh. Padahal moleh bengi-bengi iku akeh gak amane, opo maneh gawe arek wedok. Akeh banget kejahatan sing biasane terjadi pas bengi, salah sijine begal. Nek wes ngono, kudune sing lanang iki ngancani konco wedoke nek onok sing kate moleh pas bengi. Isok diterno langsung, utowo dituti ket mburi nek nggowo motor dewe-dewe. Arek wedok sing dikancani koyok ngono iku pasti bakal berterima kasih banget soale wes dijogo. Dadi gawe awakmu arek lanang, inisiatif o gawe ngancani konco wedokmu sing kate moleh pas bengi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6010", "text": "Aku ora ngerti kenapa jedhing ning SD Inpres cedhak omahku mesti rusuk lan mesti akeh sampah. Wiwit aku cilik lan sekolah ning kono, jedhing iki dadi salah siji lokasi sing jarang banget diresiki lan sering ana sarang laba-laba, bungkus plastik, kanthi sisa kotoran sing durung disiram. Aku nganti trauma marang jedhing kuwi lan milih ngempet kanthi bali sekolah. Pirang taun sak uwise kuwi, adhiku uga melu sekolah ning SD kuwi lan jare ganti kepala sekolah. Kepala sekolah kuwi wong sing resikan banget lan mblenekan yen ndelok jedhing sing rusuh kuwi. Akhire, jedhing kuwi diresiki saban dina lan dicat maneh. Jedhing kuwi uga dipasangi lampu ben ora medeni. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2964", "text": "Jumbul polahe menang undian iku wes lumrah kanggo wong-wong sing ora tau menangno undian. Opo maneh kanggo wong sing ancene uripe nag ngisor utowo wong sing nang deso. Perkoro sing koyok ngeniki, nag jaman saiki yo wes akeh soale kanggo sponsor nag undian iku temenan. Terus wong sing kaget menang undian iku biasane senenge megialan soale ora ono kedadean sing temen-temen iso dadekno atine seneng sak durunge. Soale uripe wes kebingungen ambek perkoro urip sing diadepi nang uripe. Kadang roso sing jumbul iku maeng yo iso dadekno sampek ora karuan senenge sing iso ngetokno emosi ora karuan soale saking bungahe nang atine.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "644", "text": "Yen awak dhewe ketinggalan pesawat, sepur, utowo bis kui rasa getun banget. Awak dhewe ora nyongko yen sepure kui iso mangkat luwih gasik sak durunge awak dhewe teko. Biyen, misale perkoro numpak sepur, awak dhewe telat kui isih memungkinkan tetep mangkat. Soale pas kui sepur kui sok-sok tekone telat karo jadwale. Biyen iso tekan 30 menit malah telate. Yen saiki wis ora iso, mergone moda transportasi saiki sing saiki akeh sing tepat waktu. Sepur saiki mangkat sesuai karo sing ditulis neng tiket. Ora kecepetan utowo telat barang mung sak menit. Neng Bandara uga aksese saiki gampang banget. Misale awak dhewe ora iso numpak kendaraan pribadi donone, wis akeh dicepake tranporasi umum kanggo awak dhewe mangkat neng kono. Dadi saiki, angel banget kanggo awak dhewe duwe alesan ketinggalan transportasi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6060", "text": "Udan gedhe kuwi marai omahku kebanjiran. Jarene iki kabeh banjir kiriman saka kecamatan sebelah, kamangka banyune rusuh lan uga njijiki. Akeh sampah padha kegawa kaya sampah got, plastik, godhong, lan sing paling parah yaiku ning omahku ana gedhebog gedhang sing wis bosok, Sampah-sampah iki ninggalake akeh kewan kaya set, nyamuk, laler, lan uga uler. Bapakku uga nemu ula ning kono. Aku yen iling mesti kerasa merinding lan kaya nggilani. Kamangka, aku karo ibuku reresik kabeh sampah kuwi kanthi resik. Banjir iki sing kaping sepisan, kamangka ora ana sing nyangka yen sampahe bakal akeh. Para ketua RT uga nggolek bantuan kanggo ngangkut sampah iki. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5367", "text": "Pancen angel yeng ngomongake babagan keadilan ning kantor. Apa maneh yen awak dhewe iki duwe perkara sing kudune ora cocok karo wong liya nanging isih jajal dibanding-bandingke. Tindak lan tanduk iki bisa dadi motivasi utawa marai depresi. Kamangka ana cara-cara sing bisa ditiru kanggo ngurangi stres iki yaiku aja mikirake babagan sing ora penting kaya omongan sing elek uga omongan sik sekirane bisa ngganggu gawean. Banjur wani komunikasi yen ana sing ora beres ning kantor ben kesejahteraan uga bisa kejaga. Kaping telu yaiku golek kegiyatan sing sekirane nyenengake amarga bisa dadi sarana hiburan kaya olah raga, kegiatan seni, lan sak panunggale.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9198", "text": "Wong sing kate ujian iku pasti ngelakoni sembarang kalir persiapan ben isok lulus. Sing paling akeh tak gatekno iku pasti bakal luwe rajin gawe sinau materi sing diujikno karo luwe akeh ngelakoni latihan soal kisi-kisi ujian iku mau. Saking nggetune gawe nyiapno, kadangan mereka iku maleh lali gawe mangan. Padahal mangan iku hal sing paling penting gawe ngisi energi ben awakmu tetep isok fokus sinau. Nek atek gak mangan, utekmu iku gak bakal isok digawe mikir. Sing onok, awakmu maleh pegel dewe tapi gak onok ilmu sing melbu nang utekmu. Dadi gawe awakmu sing lagi persiapan ngadepi ujian, ojok lali mangan yo rek.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7694", "text": "Awak dewe pasti tau ketemu ambek pelayan utowo petugas sing malesi utowo marakno awak dewe emosi karepe dewe. Alesane iku pun yo muacem-macem. Mulai teko pelayane sing lelet, sing keliru garap kerjaane, utowo ancen pelayane sing nggapleki teko konone. Nek ketemu ambek pelayan modelan koyok ngono, wajar banget kok nek awak dewe emosi sampe ngamuk. Soale kan kudune petugas utowo pelayan iku ngekeki pelayanan sing maksimal gawe pelanggane. Nek gak maksimal, berarti pelayan iku gak njalano kerjaane dengan serius. Dan awak dewe sebagai pelanggan berhak protes sisan nek entok pelayanan sing elek. Nek pelayanan wes elek, jeneng toko utowo instansi iku mau bakal elek. Pelayanan sing gak maksimal iku dadi ngerugikno rong pihak, yaiku pelanggan karo instansi.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3097", "text": "Petugas-petugas saiki iku macem-macem, ono sing ramah ambek sopan, ono sing tegas ambek peraturan tapi gelek disrengeni wong. Biasane wopng srengen nang petugas iku yo polahe petugase maeng kaku ambek peraturan sing wes ono. Padal perturan iku ora kudu dituruti kabeh, opo maneh masyrakat iku bedo-bedo. Mangkane saiki akeh wong ngamuk nang petugas soale petugase ora ngerti carane nyambut wong sing apik, tapi sing dingerteni mok peraturan sing paik. Nah perkoro ngeneki masio sepeleh tapi kudu ditolehno ndase petugase ben ora dadekno wong srengen nang petugase. Biasane nginiki iku kedaden nang petugas sing wes tuwek-tuwek ambek sing lawas-lawas soale ora delok keadaan sing wes anyar.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4399", "text": "Wong nag tau duwe pengalaman sing jijiki nag uripe mesti nag lapo-lapo karo perkoro sing ancene duwe hubungan karo pengalaman sing jijiki maeng mesti ati-ati mergo wedi kedaden maneh. Nah kudune wong sing koyok ngunuku maeng ora atek kosroh garape mergo nag diangger ae oleh lapo-lapo yo bakal kedaden perkoro sing jijiki maneh. Contohne wong sing wetenge loro mergo mejen polahe mangan sambel terus akhire keceret nag katok kan yo jemberi, terus nag waras ngelakoni mangan sambel maneh mergo deke iku yakin ora bakal kedadean maneh padal yo wes ngerti nag wetenge iku ora kenekan. Nah sing koyok nginiki ancene kudu diati-ati.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3308", "text": "Akeh wong sing wedi nag ate tampil iku kenek demam panggung. Nah wong sing tau ngalami ngunuku maeng yo akehe pol ora mok siji loro tok, tapi akeh-akehe artis barang yo tau kenek ngunuku pas ate tampil ambek pas tampil barang. Terus anjuran ben ora kenek demam panggung yaiku kabeh opo sing ate ditampilno mboh iku pidato, lagu, utowo opo ae iku disiapno sak apik-apike ben pas tampil ora ono sing ganjel nang pikiran ambek ono sing lali sing akhire dadekno pikirane bingung ambek dadekno pikiran kotong pas nang panggung. Mari ngunu nenangno pikiran iki barang yo perlu soale nag pikirane iku maeng ora tenang mesti bapak ora karoan. Dadi anjuran iku maeng termasuk saran teko wong sing ahli ambke sing tau ngalami demam panggung. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5721", "text": "Jaman biyen, ning cedhak omahku kuwi ana peternakan sing saban sore, mesti ana mobil saka peternakan kuwi metu saka kandhang lan ning mburine mesti ana kewan ternak kaya sapi, wedhus, pitik, uga yen cedhak wayah imlek utawa natalan, uga kadhang ana babi. Ning kampungku dalane ora sepira gedhe. Kamangka, pas mobil saka peternakan kuwi metu, wong padha semingkir amarga wedi kesrempet. Nanging, ana siji kedadian sing marai aku merinding lan wedi tekan saiki amarga mobil iki tau nabrak telu bocah cilik sing lagi dolanan ning pinggiran dalan. Rasane kuwi isih kebayang getih lan swarane para ibu sing jejeritan amarga kuwi. Untunge bocah kuwi mung lecet setitik. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7125", "text": "Onok akeh banget cara nabung sing sesuai ambek kepribadian tiap uwong. Salah siji metode nabung sing paling efektif iku nduwe rong rekening bank. Dadi sing siji digawe transaksi, sing siji bener-bener khusus digawe tabungan. Hal iki fungsine cek duitmu gak bakal kecampur dadi siji nang sak rekening tok dan ngindari duit tabungan sing gak sengojo digawe transaksi. Rekening sing khusus digawe tabungan yo bener-bener wes diniati gawe tabungan dan gak bakalan mbok jupuk duite kecuali nek wes kepepet banget. Kartu debit sing rekening tabungan pun gak perlu mbok deleh nang dompet, cukup simpen nang lemari dan mek digawe pas nglebokno duit sing ditabung tok. Nek wes ngono, keuanganmu bakal luwe stabil. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7636", "text": "Kadang mbasio awak dewe gak nyontohno, arek iku tetep isok nduwe kebiasaan main tangan. Kebiaaan iku isok didapetno teko lingkungan sekolahe utowo tontonan sing didelok karo arek iku. Awak dewe sebagai wong tuwo kudu cepet-cepet ngilangno kebiasaan elek iku ben gak tambah tuman. Onok pirang langkah sing isok dilakoni. Siji, ditegur nek arek iku nggepuk adike utowo kakake. Loro, diajari nek nggepuk uwong iku gak apik dan ajarno sisan nek nggepuk, engkok isok ae bakal dibales luwe lara maneh. Telu, ajarno arek iku gawe ngelola emosine dan keki apresiasi nek arek iku berhasil, contohe koyok ngekeki jajan senengane utowo dipuji.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2593", "text": "Seneng polahe anggoto keluarga lahir yoiku roso sing garai ati iku sumringah polahe delok ono salah sijine keluarga sing bakal teko utowo lahir. Muncule roso ngeneki asline teko pikiran sing apik terus keterusan mlayu nang ati, akhire teko ati maeng dadi roso sing nyenengno. Masio roso ngeneki apik, tapi ojo sampek dadikno roso seng mangkelno teko ati polahe roso seneng sing kebacot utowo kenemenen. Roso mangkel iku asline yo teko roso seneng sing pol gedene terus ketubruk ambek perkoro sing sepele sing menurutmu ora pantes maleh dadi roso mangkel. Mangkane nag duwe roso seneng ojo pol senenge, terus nag duwe roso mangkel yo ojo pol mangkele.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3795", "text": "Koncoku iku biyen pas sekolah iku tau ngelakoni perkoro sing garai deke iku isin terus jarene deke iku termasuk perkoro sing dadekno pengalaman sing paling elek nang uripe. Pas iku deke iku wetenge loro terus diempet, soale ulangan sing diadakno langsung nang sekolah dino iku. Nah deke iku ngempet sampek akhire deke iku ngentut buanget terus ambune iku megilan ora enake. Terus mari ngunu diguyu ambek bocah-bocah karo dienyek ora karoan polahe saking basine ambuni. Mangkane deke iku kisinen terus budal nang jeding ambek nyumpet irunge soale kambon. Mari ngunu pas balik nang jero kelas deke iku yo rodok isin terus ngomong nang aku nag perkoro iku termasuk pengalaman urip sing mangkelno ambek sing paling ngisini.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7987", "text": "Pirang uwong sing kate operasi iku biasane ngeroso cemas terus wedi karepe dewe. Hal iku wajar, soale operasi iku tindakan sing serius, bahkan onok sisan sing ngomong nek operasi iku taruhane nyowo. Yo sopo sing gak wedi ya. Tapi onok cara gawe ngurangi rasa wedi ambek cemas iku mau ben proses operasi luwe lancar. Siji, kumpulno informasi sing akeh tentang kabeh hal sing berkaitan ambek operasi sing kate mbok dalani ben rasa cemas iku berkurang. Loro, ngomong nang dokter sing nangani awakmu ben dokter iku isok nenangno awakmu sisan. Telu, lakoni hal sing isok marakno awakmu rileks koyok dipijet, utowo yoga ringan. Papat, mangan panganan sing sehat. Kadang panganan sing melbu nang cangkem iku isok ngaruh nang mood sisan. Limo, istirahat sing cukup ben kondisimu tambah prima. Terakhir, mikir positif dan akeh dungo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5607", "text": "Meditasi sak durunge nampil ning ngarep umum kuwi penting banget kanggo nenangake lan marai pikiran luwih fokus. Kanggo para penari, meditasi iki uga bisa dadi salah siji kebiasaan kanggo nyambungake ati marang Gusti lan kanca-kanca sing ana ning jero pertunjukan kuwi. Salah siji kebiasaan meditasi iki arane telepon siri. Carane kabeh penari ngumpul lan merem. Penari iki kudu lungguh kang nyaman miturut postur. Banjur parapenari iki kudu fokus ndelok warna apa wae sing ana ning ngarepe saka buah pikiran. Banjur, sesi kuwi ditutup karo madhakake werna sing ana ning pikiran para penari. Kadhang ya ana sing ora percaya marang tradisi iki, nanging hasile uga bisa dadi bukti yen fokus kuwi ngaruh marang tarian. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4479", "text": "Nag ono wong sing biasane terkenal wonge apik ambek biasane ngelakoni perkoro sing biasa-biasa ambek apik, mesti nag ngelakoni perkoro elek iku wedine setengah mati, nah mangkane nag ancene iku termasuk perkoro elek kudune wong sing ngelakoni perkoro iku maeng yo nang leren ben ora sampek konangan wong liyo, mergane nag sampek konangan mesti bakal isine setengah mati. Dadi kampung durung konangan nag ngelakoni perkoro elek yo nang dimareni mergo iku isek durung nemen, polahe nag wes kadung nemen bakal ajor nag konangan, opo maneh nag wes kadung biasa ngelakoni penggawean apik karo terkenal wong apik yo tambah dadi perkoro sing ngisini wong.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4351", "text": "Ulan wingi iku aku dijak ziarah nang salah sijine wali sing ono nang Kota Pahlawan, nah pas sepedaan rono moro-moro ono wong sing teko montor iku idu ngawur sampek kenek tangane koncoku, akhire koncoku langsung mandek ambek gedeg-gedeg terus ijok banyu kanggo ngilangi idune wong sing ora colo maeng. Mari ngunu deke iku ngambu tipete idu sing ono nang tangane maeng ambek gedeg-gedeg endase mergo deke iku jembere megilan karo sing jenenge idu sing teko wong liyo. Nah sing garai deke jember iku yo mergo ambune iku ora iso ilang, terus nag pengen ilang iku mesti kudu disabun. Nah pas waktu iku ora ono sabun mergo nang dalan, ngunu koncoku mampir nang mesjid mergo nang jero mesjid iku mesti biasane ono sabun.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1443", "text": "Omahku kerep dileboni karo khewan-khewan utowo serangga. Kui marake aku lan kabeh keluargaku kui gilo. Awak dhewe wis pindah omah tekan peng telu. Sakben awak dhewe pindah kui mesthi neng omah sing kerep dileboni khewan sing aneh-aneh. Serangga sing kerep melebu neng omah-omahe awak dhewe kui laba-laba. Laba-labane kui dudu sing cilik. Laba-labane sing ono kui sing gedhe. Neng omahku kui, tau kerep dileboke cicak. Cicake kui okeh banget koyo neng sakben ruangan kui awak dhewe iso nemoke luwih seko telung cicak. Lan sing paling marake mangkel kui, omah kui kerep dileboke tokek. Ora mung swarane wae sing ganggu, nanging teleke uga marake awak dhewe gilo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1591", "text": "Aku duwe konco cerak. Pas awak dhewe lagi anyar-anyaran kenalan, ono kededean sing aku angel lalike. Pas awak dhewe pisan kenalan kui, dheweke jajake aku mangan awan. Awak dhewe ketemu neng kantin cerak kampus. Awak dhewe kuliah neng universitas sing podo nanging fakultase dhewe bedo. Awak dhewe iso cerak mergo nganggo kelambi gurp musik sing mirip. Grup musike kui arang dikenal wong, dadine pas ketemu ono wong liyo sing seneng awak dhewe dai seneng banget. Pas ketemu neng kantin, dheweke bayari aku mangan neng kantin. Pas ketemuan selanjute, awak dhewe ketemu neng panggon sing podo. Pas rampung ngobrol, tak kiro dheweke arep bayari aku meneh. Jebul wis ora. Aku pas kui kebacut pamitan disikan. Aku dadi ngeroso isin pas kui. Dadine pas ketemuan keloro kui, gentenan aku sing jajake.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5621", "text": "Minggu wingi aku ana latian diklat saka kantor. Diklat kuwi ana kerja sama karo SAR lan uga ana materi babagan renang. Aku ngelakoni kuwi ya kaya biyasane, nanging kancaku ora. Jenengne Ratih, dekne ngerasa wedi banget amarga ndelok banyu sing jero lan uga akeh kaya laut, kolam renang gedhe, sendang, lan sak panunggale. Ratih iki ngerasa yen banyu kuwi bakal marai kelem lan uga bisa mbahayakake amarga ning jerone ana kewan kaya baya, ula, iwak gedhe, lan uga liyane. Sak durunge nglangi, Rani ngerasa awake kaku kabeh lan kuwi marai angel sinau ning kolam. Banjur Rani milih mundur wae saka sesi renang amarga wis ngerasakake sesek. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2569", "text": "Sing jenenge wong normal, nga oleh hadiah utowo penghargaan mboh teko endi mesti duwe rosos bunga utowo rosos seneg masio iku saitik utowo akeh. Lah roso seneng polahe oleh penghargaan maeng biasane wong-wong iku ngeramekno roso senenge maeng, nag nang deso iku dianggep syukuran. Yo asline ora masalah ambek ngerayakno utowo syukuran maeng tapi yo kudu jogo roso seneng ambek olehe mujudnoe roso seneng maeng soale nag kenemenen iso dadekno roso elek-elek sing metu teko wong sing nang pinggire koyok roso iri ambek mangkel. Mangkane nag ngerasakno roso seneng polahe oleh penghargaan sak cukupe wae ojo sampek kenemenen soale iso garai wong mangkel ambek awak dewek.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5383", "text": "Histrionic personality disorder utawa HPD kuwi yaiku salah siji gangguan kepribadian sing ditandai karo gejala terus-terusan golek perhatian lan uga duwe perubahan emosi sing ekstrem, Wong kang duwe HPD iki pengen dadi pusate perhatian ning ngendi wae lan bisa mbahayakake wong sing ana ning kantor. Wong sing duwe HPD iki bisa duwe kepribadian sing apik lan nyenengake, nanging wong iki ya butuh perhatian sing akeh saka wong lan sering marai wong ora nyaman. Wong HPD iki uga sering marai wong liya ngamuk lan mangkel amarga golek perhatian saka njupuk gawean wong liya. Faktor penyebab HPD yaiku genetik, sosial, lan psikologis. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2048", "text": "Awak dhewe ora entuk panik yen lagi dioyak asu. Soale, yen awak dhewe panik, awak dhewe kerep ngelakoke hal-hal sing aneh lan kui malah gawe asune soyo nesu. Awak dhewe mungkin ora iso ngindari bakal dioyak asu. Senadyan awak dhewe arang delok asu liar, nanging akeh wong sing ngingu asu saiki. Dadi kemungkinan awak dhewe dioyak asu mesthi ono. Lan awak dhewe kudu sinau ben ora dadi panik yen kui kedadean. Panik kui ora ngerampungke perkorone, malah iso nambahke perkoro sing wis ono. Awak dhewe ora iso ngadelke terus pemilike kui ono kanggo nenangke asune sing diingu. Makane kui, awak dhewe tetep kudu tenang pas lagi dioyak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7626", "text": "Jenenge wong nek wes selingkuh iku wes gak isok disepuro. Nek kate ngadepi pasangan sing selingkuh iku rasane rodok menantang soale kudu nahan emosi, padahal rasa kecewa ambek amarah iki wes mrengkel dadi siji. Tapi mbasio ngono, awakmu kudu tetep ati-ati gawe nyikapi pasangan sing selingkuh cek gak salah pilih dan berakhir nyesel. Onok cara gawe ngadepi pasangan sing selingkuh. Siji, kendalikno awakmu. Pastikno kondisi awakmu lagi stabil sak durunge ketemu karo pasanganmu. Loro, ngomong empat mata terus utarakno perasaan satu sama lain. Mulai teko ngelakoni quality time bareng, terus pelan-pelan ajak gawe ngomong jujur. Telu, pertimbangno hubungan. Nek wes mari jujur-jujuran, wayahe nentukno, kalian bakal terus bareng opo pegat. Papat, coba nyepuro pasanganmu. Bah opo hasil akhir sing mbok putusno, tetep sepurakno pasanganmu. Limo, move on. Iki maksute berubah dan gak larut kalo masalah sing wes tau kedaden.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3062", "text": "Koncoku pas dai karyawan tau ngamuk polahe ora oleh keadilan teko duwurane. Nag sing garai ora adil iku maeng tibake bocahe iku nyaingi ponakane duwurane sing sak devisi ambek bocahe. Nah polahe ora trimo, bocahe ora mok ngamuk tok, tapi yo langsung lapor nang bos pusate ambek konco-koncone sing tau dikonokno ambek duwurane maeng. Terus kanggo nguatno bocahe yo ora mok sukur ngelporno tok, bocahe nyiapno bukti ambek data sing ancene nguatno laporane maeng. konco-koncone yo dijak ngunu sisan. Akhire teko laporan iku maeng koncoku akhire oleh keadilan teko kantor pusat, ambek dieleh nang jabang liyo seng sekirane koncoku maeng iso kerjo ambek anteng.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3492", "text": "Aku tau keweden pas remku blong nang daerah Cangar. Nah sing garai rem blong iku maeng asline polahe reme maeng kepanansan terus dadekno masuk angin nang reme maeng. Rem masuk angin iku ancene gelek kedaden kanggo sepeda sing gawe rem cakram soale nak ngerem iku gawe rem hidrolik sing nag gelek digawe utowo dipenyet terus erime bakal panas akhire nguap terus dadekno angin nang jero cairan sing digawe ngerem maeng. Nag wes masuk angin ngunuku ancene angel nag dandani. Tapi aku wes gelek ngalami ngunuku dadi ben rem blong maeng ora medeni aku biasane gantian gawe reme maeng ben ora panas terus cairan hidrolike yo ora panas akhire ora masuk angin.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1519", "text": "Pas kentute dhewe wis ora iso ditahan meneh, ojo ditahan-tahan meneh. Yen awak dhewe nahan ngentut terus ora apik kanggo awak. Perkoro isin ora usah dipikir. Mungkin rasan isine kui ora iso ilang. Nanging awak dhewe iso ngindari tudahan wong-wong, awak dhewe kui wong sing ngentutan. Awak dhewe mung ora iso ngelakoke opo-opo. Yen awak dhewe wis ngentut, lalike wae awak dhewe bar ngelakoke kui. Wong-wong neng sekitar dhewe ora ono bukti kanggo ngomong yen awak dhewe sing ngentut. Sing kudu awak dhewe lakoke kui mung ora usah ngaku. Ben wong-wong podo salah-salahan dhewe-dhewe. Sing penting awak dhewe sehat terus mergo ora nahan-nahan ngentut.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2027", "text": "Pas awak dhewe ngeroso keram pas lagi renang neng tengah kolam kui mesthi, awak dhewe bakal ngeroso wedi. Nanging awak dhewe ora perlu kuwatir, mergo ono penjogo kolam sing bakal nulungi awak dhewe. Nanging sebenere, awak dhewe tetep iso nyelametke awake dhewe tanpa pitulungan wong liyo. Supoyo iso nyelametke awake dhewe ono beberapa hal sing iso dilakoke. Sing kesiji, awak dhewe ora usah panik. Panik kui mung gawe awak dhewe luwih angel ngapung. Sing keloro, biasane sing keram kui mung salah siji sikil. Dadi awak dhewe iso renang neng pinggir nganggo sikil sing ora keram lan loro tangan. Sing ketelu, awak dhewe iso narik sikile dhewe sing keram pas wis mentas seko kolam. Sing kepapat, awak dhewe kud nunggu dilit sak durunge lanjut renang meneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1097", "text": "Bar awak dhewe diseneni kui mungkin akeh seko awak dhewe kui dai lara ati, neng jobo awak dhewe salah opo ora neng perkoro kui. Rasa wedi sing jedul sakdurunge lan sak wise diseneni kui koyo ora ilang-ilang. Ben roso wedi kui kurang lan ora lara ati pas lagi diseneni, ono hal-hal sing awak dhewe pahami. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngerti yen awak dhewe kui salah. Ora ono wong sing bener terus neng uripe, wong sing awak dhewe anggep sempurna wae iso ngelakoke siji-loro kesalahan. Sing keloro, awak dhewe kudu nrimo kenyataan yen awak dhewe kui salah lan diseneni iki dadi salah siji carane ngejalanke konsekuensi seko apa sing awak dhewe lakoke. Yen awak dhewe ngelakoke kabeh kui, awak dhewe ora bakal keroso lara ati pas diseneni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8416", "text": "Kentut iku hal sing normal. Jare MedlinePlus, roto-roto menungso iku ngentut antara ping 13—21 ben dinone. Tapi, kadang onok kondisi ndek ndi awak dewe kentut luwe akeh teko angka normal iku mau. Nek awak dewe mulai sering ngentut, berarti onok sing gak tepak nang wetenge awak dewe. Kadang ngono sampe marakno awak dewe mules. Nek wes ngono, awak dewe kudu njupuk tindakan. Cara ngatasi sering ngentut iku koyok ngene. Siji, ngindari panganan sing isok marakno kentut. Loro, mangan luwe sering tapi porsine luwe sitik. Telu, mangan utowo ngombe luwe lambat. Papat, olahraga teratur minimal 30 menit ben dinone. Limo, ngurangi konsumsi panganan berlemak. Enem, ngindari rokok karo permen karet. Terakhir, hindari ngombe soda.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8457", "text": "Awakmu wes pacakan sampe ketok ayu, milih klambi sing paling apik sing onok nang lemarimu, dan wes semangat gawe metu omah. Terus pas metu omah, dadakno awakmu nganggo klambi sing podo plek karo wong liyo sing papasan karo awakmu. Pasti awakmu rodok panik terus isin karepe dewe, utowo pingin balik omah gawe ganti klambi liyane. Tapi awakmu lagi ndek situasi gak mungkin balik omah. Terus opo sing kudu mbok lakoni? Aku nduwe tips e. Siji, nganggo o jaket sing isok gawe nutupi klambi kembaran iku mau. Loro, nganggo aksesori gawe ngubah tampilan outfit. Telu, telfon konco utowo dulurmu gawe nggawakno klambi. Papat, berusaha seliden teko wong iku mau. Terakhir, cuek ae dan pura-pura gak nyawang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9103", "text": "Indonesia iku terkenal ambek sembarang kalir kisah makhluk supernatural. Salah siji hantu sing paling terkenal nang Indonesia iku jenenge pocong. Pocong iki sejenis hantu sing berwujud menungso sing dibungkus karo kafan. Onok sisan sing nyebut pocong iki dadi hantu kafan. Konon, pocong iki arwah wong mati sing keperangkap nang kafan mereka. Nek jare mitos e wong Jowo, jiwone menungso iku bakal urip nang njero bumi selama 40 dino mbarine mati. Nek iketan kain kafan iku gak diculno selama 40 dino, mereka bakal metu teko kubur gawe njaluk tulung nang wong-wong ben iketan kafane ndang diculno. Nek wes diculno, jiwa iku mau isok ilang teko bumi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6002", "text": "Wong sing duwe penyakit lambung iki mesti sering ngerasakake ora nyaman yen lagi kumat, kaya misale ngerasa pengen muntah lan uga ngerasa wetenge perih. Wong kang lara lambung iki mesti ngetokake muntah cairan sing rasane kecut lan wernane bening. Cairan kuwi kalebu cairan asam lambung sing ndadekake respon awak lan sinyal yen lambung lagi bermasalah. Nanging sing bahaya yaiku asam saka lambung iki yen diterusake bisa ngerusak untu amarga sifate asam sing bisa marai untu keropos lan rusak emaile. Asam lambung iki uga saban isuk kadhang ngewenehake reaksi sing ngerangsang wong kanggo muntah senajan mung kena sikat utawa banyu putih.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9466", "text": "Piala sing ana ing omah saya suwi saya akeh. Meh saben semester aku nrima piala amarga aku mesti dadi mahasiswa sing bijine apik. Aku njaga banget supaya piala iku ora gampang rusak lan bisa awet. Nomer siji, saben minggu aku mesti ngeresiki piala iku karo gombal teles. Ning saben dina uga kudu tetep diresiki karo kebus utawa kemoceng supaya bleduge ora numpuk. Nomer loro, piala-piala iki taksimpen ana ing lemari kaca. Iki njaga supaya nalika ana dulur utawa tangga sing isih bocah ora nggawe dulinan piala iki lan nggarakke piala iki pecah. Sing terakhir, kudu gelek didelok nalika ana piala sing meh rusak kudu ndang dibenakne.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "383", "text": "Pas SMA aku duwe konco sing wong tuwane wis cerai. Aku karo dee hubungane lumayan cerak. Awak dhewe kerep ngobrol lan beberapa kali lungo bareng. Seko interaksi pas kui, aku ora ngeroso dhewe duwe kepribadian sing bedo karo liyane. Hubungane koncoku karo bapak-ibu e biasa-biasa wae. Nanging pancen, seko critone dee, aku durung krunge bapak lan ibu e ketemu bareng-bareng meneh, kecuali pas dee dirawat neng omah sakit mergo kecelakaan. Dee wonge tetep akeh senyum sering guyon. Koncoku adoh seko sifat menyendiri. Dee kui wong sing paling cerewet sak kelas. Seko dee aku dadi luwih paham, jebul stereotipe anak sing wong tuwane cerai kui ora mesthi dadi anak sing elek.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9496", "text": "Bayi sing lagi wae lair mesthi ora bisa apa-apa. Mung nangis, nyusu, ngising, lan turu. Yen kerasa luwe, lara, ngantuk, bayi mung bisa nangis. Ana pirang-pirang cara supaya bayi ora nangis wae senajan isih wae dilairake. Kaping siji, kudu ngerti kapan wektune bayi iku nyusu. Dadi kudu cepak lan lek bisa bayi mesti wareg supaya ora nganti kerasa luwe. Kaping loro, kudu dibiyasakake turu nalika wis bengi. Supaya bayi ora keterusan nalika bengi melek lan nalika awan turu. Kaping telu, kudu peka nalika bayi bisa ngising kapan wae. Dadi kudu gelek didelok menawa wis wektune bayi iku ngising kudu cepet diganti klambine.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6131", "text": "Biyasane ning dina Sabtu, sekolahe Anang ngadakake kegiyatan ekskul lan kabeh ekskul kuwi dilaksanakake bebarengan. Ning semester anyar iki, Anang pindah ekskul, sing wingi melu ekskul jurnalistik saiki pindah ning ekskul karya ilmiah. Pas Anang pindah kelas, Anang ndelok kanca-kancane kok isine wedhok kabeh. Para siswi ndelok Anang kanthi mesem ngempet ngguyu. Wis ana 15 menit, para siswi kuwi ngenteni pengajar jebul sing mlebu yaiku Bu Asti, guru agama ning sekolahe Anang. Bu Asti meneng wae nggatekake Anang lan mulai ekskul, jebul Bu Asti ngajar ekskul masak lan Anang salah kelas. kamangka kanca-kancane saiki padha ngguyu lan ora ngilingake amarga Anang bocah anyar ning ekskul kuwi. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "252", "text": "Dibandingke konco-koncoku, aku sing itungane paling telat duwe montor dhewe. Konco SMP-ku wis ono sing nganggo motor menyang sekolah. Pas kelas 1 SMA uga podo, wis akeh koncoku sing montoran menyang sekolah. Pas kui, aku wedi jaluk montor neng wong tuwoku mergo aku ngerti awak dhewe ora dhuwe duwit akeh. Pas ibuku ono rejeki, aku ditukoke motor, Honda Revo 110 cc sing anyar. Wernone motorku ireng, ono sleret werno abang neng stikere. Tarikan gas ora abot lan swara knalpote ora berbeiki kuping. Sing paling tak senengi seko montor kui hemate. Isi bensin 20 ewu iso dienggo seminggu luwih bola-bali sekolah-omah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "361", "text": "Peresaan sing paling sedih sing tak rasake kui pas dikuciwake karo seniorku neng sanggar tariku. Selama iki aku selalu ngidolake sosoke dee. Mase kui ketok dhuwe wibawa. Bocah-bocah kerep jaluk saran neng dee pas sanggar tari kui ono masalah. Lan solusi sing ditawarke karo dee kui apik lan kabeh setuju karo usalane. Nanging, akhir-akhiri iki, aku ngerti sifat eleke. Dee ora amanah banget perkoro duwit. Dee tau nyilih duwit kas neng bendahara tanpa sepengetahuan ketua sanggar. Pas ketua sanggar kui ngerti lan nagih neng senior kui, dee ono akeh alasen. Janjine 3 sasi ngebalike duwite kui lagi dibalik setaun sesoke. Aku dadi ora iso hormat meneh karo dee.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1459", "text": "Awak dhewe ojo melu-melu wong liyo ngidu sembarang. Ben wong liyo ngelokoke opo sing dheweke senenge, nanging awak dhewe sebagai wong sing ngerti adab kui, awak dhewe kudu jogo polahe dhewe neng lingkungan. Delok idu neng dalan kui marake wong-wong sing liwat podo jijik. Awak dhewe ora entuk ngeroso wong liyo jijik. Awak dhewe mungkin ora kenopo-nopo delok idune dhewe. Nanging, awak dhewe mesthi jijik delok idune wong liyo. Awak dhewe uga ora kepengen delok idu sing dudu idune awak dhewe. Awak dhewe kudu ngurmati perasaane wong liyo. Yen misale awak dhewe jijik karo idu kui wis sak yogyane awak dhewe ora ngidu sembarangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1409", "text": "Yen awak dhewe wis ngerti awak dhewe kui gampang banget mukok pas lagi perjalanan adoh, awak dhewe wis kudu nyepake obate. Timbangane, awak dhewe mukok neng kendaraan kui banjur gawe jijik wong-wong neng jejere dhewe. Obate kuwe iso gawe awak dhewe turu pulus pas perjalanan. Biasane wong sing ora kuwat numpak kendaraan kui mergo dheweke mumet isih delok dalan sing ketok goyang-goyang. Makane kui wong kui gampang mukok. Nanging yen awak dhewe turu, awak dhewe dadi iso nahan supoyo isi wethenge awak dhewe ora methu. Lan perkoro iki iso awak dhewe lakok kanthi gampil nganggo ngombe obat mabuke kui. Makanae, awak dhewe sing ngeroso gampang mukok neng perjalanan kui kudu nyepake obat kui sak durunge mangkat.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5243", "text": "Aplikasi liyane kanggo ndelok jadwal pesawat ben ora ketinggalan berita yaiku Flightboard. Aplikasi iki uga lengkap kaya Flightradar24. Aplikasi iki ana ning Playstore lan bisa dinggo ning android. Cara nganggo aplikasi iki uga luwih gampang lan ora ruwet kaya aplikasi liyane. Kamangka, wong sing ngunduh aplikasi iki uga luwih akeh. Aplikasi iki nyediakake informasi babagani nomor penerbangan, tujuan penerbangan, jadwal budhal lan tekane pesawat uga data terminal penumpang. Senajan aplikasine ora lengkap, aplikasi iki uga akeh sing seneng amarga bisa mbantu para penumpang ben ora kesasar uga ketinggalan pesawat. Banjur jadwal penumpang iki bisa luwih diawasi lan ora bisa telat maneh. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4384", "text": "Panganan iku ancene barang sing iso dipangan, masio iku sing marakno wong iso mangan, tapi ora kabeh panganan iku iso marakno wong seneng mergo ono wong sing ora seneng ambek penganan sing wes ono. Nah panganan sing endut barang yo mesti marakno wong jember mergo pangana endut iku mesti panganan sing ora kenek dipangan ambek menungso mergo wes endute megilan, terus nag dipangan meesti marakno weteng loro, tapi yo ono ae wong sing ora mangkel ambek panganan sing koyok ngunuku mergo pangana yo tetep panganan mok rupane tok sing seje yoiku resek ambek endut. Nah wong sing jember ambek jijik iku maeng biasane ancene wonge iku maeng resikan ambek panganan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3736", "text": "Sing jenenge ambu amis ancene ora kenek diadohi nang urip soale kadang metune utowo petuke barang kan ora kenek dibade. Opo maneh sing biasane masak iwak yo tambah mampu terus karo sing jenenge barang amis. Jembe ambek barang sing amis iku ora masalah sing penting jember iku isek lumrah ambek isek ora kenemenen. Soale ono sing jembere iku maeng saking nemene sampek nag mari petuk ambek barang sing amis maeng ora gelem mangan, ngombe ambek muta-muta barang. Dadi nag iso pikirane maeng yo kudu dilateh ben nag mari ambu barang sing amis iku maeng ora sampek kenemenen soale nag kenemene yo ora apik kanggo awake dewe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7571", "text": "Dino iki lagi onok pesta perpisahan kelas SMA nang omahku. Kabeh podo seneng-seneng kabeh soale bareng ngerayakno hasil UNAS sing podo lulus kabeh dan nilaine memuaskan. Onok sing mangan-mangan, onok sing karaokean, onok sing nguobrol ngalor ngidul. Tapi onok siji arek sing ketok meneng ae. Jenenge Pipit. Aku langsung ngampiri Pipit sing ketok meneng ae, padahal biasane arek iku ngecewes ae. Pas kate njawab, Pipit malah muntah ndek tempat marai aku kaget. Aku takon de’e onok loro opo, de’e nggeleng dan de’e ngeroso sehat ae. Pipit ngomong nek de’e mulai ngeroso ngene sejak nginep nang omahe pacare. Mboh opo’o aku malah nyodorno testpack tekne mamaku dan diterimo ae karo de’e. Aku ngenteni nang ngarep jedhing, ngenteni arek iku mari ngetes. Gak suwe, aku krungu suarane koyok getun yaopo ngono. Pas metu, de’e nyudokno testpack sing hasile dua garis. Aku langsung mak dheg. Pipit meteng mergo pacare.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6040", "text": "Lina nduweni rencana kanggo pindah kontrakan amarga kontrakan sing saiki wis rame lan uga tambah larang. Kontrakan sing saiki pancen luwih cedhak karo panggon kerjane, nanging konttrakan sing anyar bakale luwih murah lan uga cedhak marang pertokoan. Pas awal Lina mlebu kontrakan, Lina ngerasa keri amarga akeh sawang laba-laba. Jare kontrakan iki wis rong sasi kosong lan jarang diresiki, kamangka dadi akeh serangka lan uga marai merinding. Banjur Lina milih reresik kanthi jam 4 esuk tinimbang dirambati serangga lan uga kerutuhan laba-laba. Saiki kontrakane Lina wis mandan resik lan nyaman. Sapa wae sing dolan ning kontrakan kuwi ya mesti betah. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5713", "text": "Samsara yaiku salah sawijine ajaran sing ana ning agama Budha. Samsara iki identik karo perjalanan sing ora ana mandheke lan ora ana ujunge. Samsara iki uga ana kaitane karo moksa, utawa perjalanan marang akhirat. Samsara iki meh padha konsepe karo reinkarnasi. Kamangaka, yen ana wong sing sak umur uripe nggawe dosa, reinkarnasine bakale ora apik. Samsara kuwi ajaran Budha lan uga aliran-aliran ning India sing nduduhake yen menungsa kuwi uripe mesti ana siklus ning dunya iki, kabeh uga bisa dibaleni kaya kelahiran, kematian, jodoh, maut, lan uga karma. Nanging, yen wong kuwi berbuat sing apik, wong ya bisa munggah menyang akhirat yaiku moksa. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7683", "text": "Plagiarisasi iki lagi akeh banget terjadi. Kasus pagiarisme iki paling akeh didapati nang skripsi, tugas akhir, esai, utowo karya tulis liyane. Jaman saiki, nek kate ngecek karya sing teko hasil jiplakan iku isok nganggo situs web sing onok nang internet dan akeh sing gratis. Iki beberapa situs web gratis sing isok digawe ngecek plagiarisasi. Siji, Check Plagiarism. Web iki isok ngecek plagiarisme ket 10.000 ampe 15.000 kata. Loro, Copyleaks. Biasane digawe peneliti gawe ngecek tulisane sak durunge dipublikasi. Telu, Duplichecker. Web iki isok ngecek plagiarisme teko salinan tulisan, unggah dokumen, utowo input tautan. Papat, Grammarly. Isok digunakno nang hp utowo laptop.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9845", "text": "Ora perlu gupuh nalika kari numpak bis. Bis iku wes ngekei jam sing pasti kanggo budhal nalika kudu numpak transportasi umum iki. Sing perlu dilakoni nalika kari numpak bis yaiku langsung telpon panggon pesen bis. Sawise iku bisa njaluk pituduh utawa saran kudu kepiye. Ngenteni bis liya apa ganti jadual. Akehe wing-wong mesti milih ngenteni bis liya wae supaya ora ngenteni luwih suwe kanggo ganti jadual. Senajan bis iku transportasi umum lan ngemot wong akeh, kudu diusahakna supaya teka luwih isuk ben ora ditinggal karo bis. Kari karo bis pancen ora penak, senajan ora penak kudu tetep dinikmati wae perjalanane.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6179", "text": "Rasa jujur sing tuwuh saka lingkungan sing aman lan uga kepercayaan sing gedhe iki bisa dadi modal kesuksesane perusahaan. Lingkungan sing aman iki bisa marai para pegawe seneng lan uga nambah semangat kerja. Nanging malah rasa ora aman kuwi tekane saka wong sing ana ning jaba lingkungan kaya maling lan tukang ngutil. Kamangka, sing perlu dilakoni yaiku nerapake keamanan kaya satpam lan ga CCTV. CCTV iki penting kanggo ngawasi lan uga praktis banget ben ati ora kerasa was-was lan uga bisa lansung tindak lanjut marang maling sing arep nyolong. Amarga kuwi, ayo mulai ngango CCTV kanggo ngamanke lingkungan lan gedung panggon kerjamu.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1583", "text": "Sing paling tak malesi kui, yen awakku dadi mambu mergo aku bar seko panggon sing mambu. Aku pancen ono urusan utowo keperluan neng panggon kui, nanging aku ora pengen keno mambu seko panggon kui. Misale, pas lagi melayu neng ngarep omah liwat omah sing lagi ngobong sampah neng halaman. Awakku dadi mambu bar lewat kono. Yen misale ambu seko keringet kui pancen salahku nanging ambu kobongane kui dudu aku sing kepengin. Senadyan, aku wis ati-ati supoyo ora keno mambu sing liyo, nanging aku ora iso ngontrol kui. Aku dadi ngeoro isin mergo sesuautu sing aku ora gawe dhewe. Rasane kui koyo arep nesu sitik.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2646", "text": "Sedeh ditolak mlebu universitas kanggo saiki koyok dianggep kiamat. Soale saiki perkoro maeng dadi ukurane wong ambek konco-koncone bocah iku pinter opo ora. Ono sing luweh nemen polahe sedeh getolak mlebu universitas sing dipingini sampek bunuh diri barang, terus ono sing sampek gendeng, ambek sampek mencil teko koncone polahe kisinen dewe. Asline roso koyok ngunuku iki kenek diatasi janji wong sing duwe roso ngunuku ora kenemenen mikire polahe getolak maeng. Getolak ora berarti awakmu ora pantes. Tapi iso ae awakmu duwe dalan sing luweh apik timbang mlebu nang kono. Tapi bocah saiki nag wes kadong bingung ora kenek diomongi sing apik, pengene karepe dewe. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3883", "text": "Wong iku kadang duwe ambu sing enak yo kadang duwe ambu sing ora enak, nah kabeh iku maeng karek wong sing ngarani ambu iku maeng, soale seje wong mesti seje senengane ambu iku. Nah sing jenenge ambu ora enak iku yo ambu sing marakno wong iku mangkel ambek jember, nah biasane ambu sing ora enak iki biasane teko barang sing ora apik, contohne keringet sing kecute ora ukur, terus iler ambek liyan-liyane. Nah nag sampek diarani ambune ora enak iku yo gagih nang delok ambune iku maeng teko endi sumbere, teko kringet utowo teko perkoro liyane sing ono nang awak. Ojo sampek dielokno wong terus isin disike tanpo ngecek endi sing marakno ambu ora enak maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5228", "text": "Penyakit maag iki salah siji penyakit sing teka tanpa tandha lan vonise marai kaget amarga ora kerasa parah lan orane. Maag iki disebabake amarga kondisi asam lambung sing ora bisa dikontrol. Penyebab iki marai lambung nggerus organe dhewe. Penyebab lara maag iki yaiku telat mangan lan uga stres sing pengaruhe uga gedhe kanggo lambung. Kamangka, sing paling akeh kena penyakit iki yaiku mahasiswa sing ana ning semester akhir. Amarga kuwi, kanggo mahasiswa tingkat akhir, aja lali kanggo ngontrol mangan lan ngontrol kadar stres. Dadi mahasiswa kuwi kudu seneng lan akeh-akeh ngaca marang kemampuan ben ora stres lan tetep njaga kesehatan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8418", "text": "Kabeh menungso iku pasti tau ngentut. Nek menungso gak tau ngentut, guduk menungso jenenge, soale iku gak normal. Tapi kadangan, wong-wong iku ndadekno kentut iku dadi guyonan. Kadang sisan nek onok uwong ngentut, pasti bakal diguyu. Otomatis awak dewe sing ngentut iku maleh isin dan milih gawe ngempet entut. Alesane ben gak diguyu. Tapi kebiasaan ngempet ngentut iku gak apik gawe kesehatanmu lho. Kakean nahan ngentut iku isok ningkatno resiko diverkulitis, yaiku kondisi peradangan utowo pembengkakan nang kantong sing kebentuk ndek sepanjang saluran pencernaan dan isok marakno infeksi. Dadi ilingo, ojok atek ngempet entut maneh, losno ae, timbangane engkok awakmu dadi bedegelen.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4950", "text": "Rasa kuciwa kuwi wis nyerang wiwit tuntutan kasus Kanjuruhan kuwi ora digagas karo pemerintah. Suporter Aremania iki wis nuntut kanggo penyelidikan. Salah siji suporter kuwi arane Yoga. Kancane Yoga kuwi wis dadi korban lan ora oleh kejelasan saka pemerintah marang keluwargane. Sing marai mangkel salah sijine yaiku babagan liga sing dilanjutake. Para keluwarga korban langsung emosi amarga pemerintah lan federasi dianggep ora duwe empati. Yoga melu ngurus kabeh kebutuhan kanggo ngisi tuntutan ning Jakarta. Nanging kabeh ya ora gampang. Yoga nemu akeh kasus sing ora umum. Nanging keluwarga korban iki uga luwih penting, kamangka kuwi Yoga saiki ora sempet istirahat. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9156", "text": "Mergo viral nang akeh negara, anger room utowo rage room iku wes mulai akeh dibuka nang Indonesia sisan. Salah sijine iku Temper Clinic sing lokasine onok nang daerah Jakarta Selatan. Nang kono, awak dewe isok tuku tiket seharga 125 ewu gawe ngelampiasno emosine awak dewe selama 15 menit. Gawe awakmu sing stres terus kepingin ngelampiasno emosimu, coba ae mampir mrene. Rute nang Tempet Clinic iku koyok ngene. Mudun nang Stasiun Blok M BCA, awakmu mlaku sekitar 700 meter nang Halte Blok M Jalur 2. Mbari ngono, awakmu numpak Transjakarta sing nomer 6N. Engkok awakmu mudun nang Halte Sbr. Jalan Kemang II. Terus awakmu mlaku sekitar 160 meter dan awakmu wes tutuk nang Temper Clinic.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1156", "text": "Yen awak dhewe dietuti karo wong sing ora dikenal lan sing gawe awak dhewe curiga, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso ngabari wong tuwo utowo wong-wong sing cerak karo dhewe kui yen awak dhewe lagi dietuti. Dadi misale ono opo-opo karo awak dhewe, wong-wong mau bakal ngerti kiro-kiro opo alesane. Sing keloro, awak iso golek dalan sing paling rame. Ora masalah yen dalane kui rodo ngalang seko tujuane dhewe. Dalan sing rame kui luwih aman timbangane dalan sing sepi. Sing ketelu, awak dhewe iso nyepake senjata kanggo awak dhewe bela diri. Senjatane iso opo wae sing ono neng tas utowo sing cerak awak dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7649", "text": "Macet iku mergo volume kendaraan sing ngeluweni kapasitas dalanan. Timbangane pegel ngadepi macet nang dalan, mending numpak kendaraan umum ae. Sakjane kendaraan umum iki penting banget gawe ngatasi kemacetan nang kota gede. Saiki bandingno, sak mobil iku biasane isine mek onok siji utowo loro uwong. Nek nang kendaraan umum, contohe bus kota, siji kendaraan isok nampung sampe patang puluh uwong. Dadi siji kendaraan umum iku isok ngurangi sampe rong puluh mobil sing onok nang dalan. Jumlah sak mono iku wes cukup banget gawe ngurangi kemacetan. Opo maneh nek tambah akeh uwong sing milih kendaraan umum timbang mobil, wah tambah gak onok iku sing jenenge macet. Dadi ayo mulai numpak kendaraan umum nek kate nang ndi-ndi rek.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "662", "text": "Ibu-ibu kui terkanal seneng arisan. Mbuh kui ibu-ibu strata ekonomi ngisor utowo duwur ora ono sing ora seneng melu kegiatan kui. Arisan kui biasane acara kumpul karo madang bareng. Lan acarane utame kui kocokan. Sopo sing jenenge metu dheweke bakal entuk duwit utowo hadiah sing dijupuk seko iuran. Wong sing entuk kui bakal seneng yen entuk kocokane kui. Dheweke iso ngersake duwit sing tekone ora disangka-sangka. Nanging, saiki akeh arisan sing modele ora koyo ngono. Koyo arisan neng keluargaku. Sing entuk kui kocokan kui dijatah. Setaune bakal entuk ping 2. Dadi timabange arisan sing koyo mau, iki bentuke luwih mirip koyo bank.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7594", "text": "Nang pikirane uwong-uwong, harta karun iku pasti berupa emas. Padahal, harta karun iku gak mesti emas, tapi suatu benda sing nilaine duwur banget. Salah sijine sing dadi inceran wong akeh iku peninggalan kuno. Jaman mbiyene, Indonesia iku nduwe kerajaan sing akeh banget dan berkuasa ndek beberapa daerah. Printilan-printilan sing teko kerajaan iku mau akeh banget kesebar mergo peperangan sing tau kedaden pas jaman mbiyen. Contohe koyok bagian candi utowo relief bangunan liyane. Printilan-printilan iku sing nduwe nilai sejarah sing duwur banget, sing marakno harta karun asli Indonesia iki didol dengan harga fantastis. Makane iku opo akeh uwong sing berusaha nemukno harta karun peninggalam jaman kuno nang Indonesia.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3399", "text": "Ngeroso wedi pas mari diseneni iki asline yo lumrah se. Terus teko perkoro iku maeng iso dadekno awak iki tambah maleh apik maneh soale ngerti nag iku ancene salah. Tapi sing salah iku nag wedine iku sampek kenemen, soale nag sampek kenemenen akire iso dadekno perkoro mental sing angel diatasi terus iso dadekno gangguan mental dadi nag ancene iku dadekno wedi, yo ojo sampek iku kenemenen nag sampek kenemenen kudu nang diilangno soale nag ora ilang-ilang wedi mesti bakal ngelarakno mentale. Terus iso ae dadekno trauma ambek kondisi utowo keadaan sing dadekno deke maeng diseneni terus sak liyane iku mesti iso ae nekakno masalah mental sing liyone. Dadi nag ancene wedi polahe diseneni ojo sampek kenemen.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1566", "text": "Utang sing gedhe ora mung dadi beban kanggo awak dhewe. Awak dhewe uga isin nyimpen utang terus neng dompete awak dhewe. Maknae kui, awak dhewe kudu nyauri utang sak piro wae gedhene. Supoyo, awak dhewe iso nyauri utang kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu nyauri utangke sak ben sasi utowo sak ben awak dhewe entuk penghasilan. Sing keloro, utang kui kudu awak dhewe anggep sebagai pengeluaran. Dadi, sak ben sasi, awak dhewe kudu nyisihke dhuwit seko gajine dhewe kanggo nyauri utang. Sing ketelu, awak dhewe kudu kontakan terus karo wong sing ngekei utang supoyo awak dhewe iling yen isih duwe utang karo dheweke.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3737", "text": "Jijik mas ngambu perkoro sing amis utowo barang sing amis iku asline ora kabeh wong jijik. Terus sing biasane wong jijik iku biasane deke iki jember ket cilikane sing ora tawar ambek ambu sing koyok ngonoh. Yo roso jember ambek roso jijik iku maeng kan wajar kanggo wong sing ngalami roso iku maeng. Tapi masio jijik nag iso yo ojo sampek kenemenen soale iso marakno perkoro elek contone iso ae dadi muta-muta polahe ambu iku maeng. Terus biasane iku kenek pengaruh pikiran sing kecantolan perkoro elek teko ambu sing amis maeng sing akhire dadekno keilingan perkoro amis sing marakno perkoro elek nag biyen-biyene.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7668", "text": "Sikap-sikap baik iku luwe gampang melbune nek diajarno ket cilik, termasuk ngajarno nang arek cilik gawe bersikap adil. Kabeh uwong iku kudu nduwe sikap adil soale iku salah siji perbuatan sing mulia. Bahkan nang surat Al-Maidah ayat 8, disebutno nek menungso iku diperintahno gawe nduwe sikap adil, soale sikap adil iki luwe cedek karo takwa. Dijelasno sisan nang surat Al-Hujurat ayat 9, nek Allah SWT iku mencintai uwong sing berbuat adil. Wes jelas banget kan nek sikap adil iku nduwe keutamaane dewe nang Al-Qur’an. Dadi mulai saiki, ajarno arek cilik gawe bersikap adil, soale sesuatu sing diajarno ket cilik iku luwe gampang diserap karo arek iku mau.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2533", "text": "Jaman saiki akeh wong sing seneng polahe mendang undian. Lah roso seneng iki metu polahe perkoro sing apik sing iso dadekno roso senenge nang ati. Perkoro iku yaiku menang undian. Roso seneng iku asline yo ora mergo polahe menang undian tok. Tapi roso syukur polahe oleh rejeki sing ora dikiro nag bakal oleh rejeki koyok ngunu. Mangkane saiki akeh wong sing senenge megilan sampek lali nag wonge iku maen duwe kewajiban sing kudune dilakoni. Lah roso seneng sing sampek ngelalekno iku tambah dadi roso seneng sing elek. Mangkane nag duwe rosos seneng kudu iso ngendalekno ojo sampek roso seneng iku maleh dadi roso seneng sing iso marakno perkoro elek teko.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9547", "text": "Ora ketampa ning universitas sing dipengeni pancen rasane sedih tenan. Ana bayangan kanggo ngelakoni kegiatan utawa apa wae ing universitas iku akhire ora bisa kelakon. Yen ana ing Indonesia, tes kanggo bisa mlebu ana ing universitas iku ora mung pisan. Ana kurang luwih 2-3 kesempatan sing bisa digunakna maneh nalika percobaan sing sepisan ora mlebu. Kaping siji, jajal kanggo sinau luwih maneh nalika meh njajal tes maneh. Kaping loro, ora oleh pedhot semangate. Ditolak sepisan iku isih awal, kudu bisa semangat lan percaya yen bakal ana dalan liya. Sing terakhir donga marang Gusti supaya bisa dilancarke lan bisa diwenehi dalan sing paling apik.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7908", "text": "Onok salah siji alesan sing paling utama opo’o uwong iku ngalami demam panggung, yaiku wedi ambek persepsine wong-wong pas awak dewe nampil. Mulai teko wedi dienyek nek penampilane elek, gak memuaskan, dan akeh maneh. Pikiran negatif koyok ngono sing marakno awakmu terus kenek demam panggung. Pikiran sing koyok ngono iku kudune diguwak sing adoh teko utekmu. Timbangane ngono, yakinono nang njero atimu nek awakmu wes cukup latihan, dan awakmu garek nampil semaksimal mungkin. Gak usah atek mikiri opo jare wong liyo. Pokok aku wes latihan, wes nampil dengan lancar, hasile iku belakangan. Wong pasti bakal ngenilai, tapi awakmu gak usah ngurusi dan gak usah ngerungokno. Dadi mulai saiki, mulai bersikap bodo amat ambek penilaiane wong liyo ben gak kenek demam panggung dan marakno penampilanmu gak lancar.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5348", "text": "Kemacetan ning dalan iki penyebabe akeh banget lan ora bisa diprediksi. Kadhang macet iki marai mangkel, apa maneh kanggo wong kantoran sing budhale mesti kudu isuk lan dikejar-kejar wektu kerja sing ora nentu. Macet iki uga ora apik kanggo wong sing seneng nunda gaweyan lan milih budhal ning menit terakhir. Kebiasaan iki pancen marai rugi wong akeh amarga bisa dadi salah siji kebiasaaan sing ala lan nyebabake kerusakan ning kabeh rencana sing ana. Kamangka, tinimbang sambat ning dalan amarga macet, awak dhewe mestine bisa ngatur kapan kudu budhal ben ora kecegat macet lan kesusu ana masalah ning dalan banjur nggawe cilaka. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "358", "text": "Wong sing paling cerak karo dhewe kui penting neng kehidupan awak dhewe. Wong sing cerak kui koyo keluarga lan sahabat, opo sopo wae sing iso dipercoyo. Yen sengojo ora sengojo awak dhewe ngecewake wong kui, awak dhewe bakal nyesel seumur urip iki. Mungkin awale, bakal ngeroso, awak dhewe isih ono konco liyane. Nanging ora ono sing iso jamin kwalitas konconane kui luiwh apik timbange wong sing wis terjanjur ngeroso dilarani kui. Yen misale awak dhewe sadar yen awak dhewe salah, mungkin isih iso diusahake diobrolke meneh. Nanging kui uga ora gampil. Yen misale koncone kui gelem, mesthi perasaane ora sepercoyo koyo biyen. Ibarate koyo benake piring sing wis pecah. Seapik-apik pecahan kui digabungke meneh, wis ora koyo kahanan awale.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1075", "text": "Yen misale ono koncone dhewe sing kelelep pas, awak dhewe lagi renang neng kolam kui. Awak dhewe ojo panik lan wedi. Kui ora bakal gawe koncone dhewe slamet. Sing iso awak dhewe lakoke pertama kali kui ngundang sing jogo kolam. Yen ora ono, ono beberapa hasil sing awak dhewe iso lakoke. Sing kesiji, awak dhwe kudu golek pelampung lan semacem. Banjur, awak dhewe jegur-renang neng lokasine konco kui kekelep. Sing keloro, awak dhewe ngekei pelampung kui neng koncone dhewe ben sio dienggo cekelan. Sing ketelu, awak dhewe iso nuntun konco sing arep kekelep kui neng pinggiran kolam. Sing kelimo, awak dhewe ngebaringke koncone kui ben awake dadi sante.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9922", "text": "Sawise ngerti yen pacarku selingkuh, aku mung bisa muring-muring. Aku ngerasa apa aku kurang ning pacarku nganti dheweke golek wong liya. Nanging sawise aku ngerti kepiye bentukane selingkuhane, aku mung bisa ngelus dada. Selingkuhane isih bocah banget palingan gur cah SMA sing isih 17 taun. Raine pancen putih nanging ketok abang-abang sisan amarga akeh kukule. Bocahe ora dukur banget paling mung sak pundakku. Rambute dawa lan rada nggelombang. Bibire tipis, lan alise alis gambaran. Aku wis bisa nrima yen akhire diselingkuhi amarga bocah sing dadi selingkuhan ora luwih ayu tinimbang aku. Senajan isih mangkel banget nanging aku wis janji aku bakal entuk sing luwih apik teka pacarku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9824", "text": "Covid 19 dadi pandemi sing ana ing donya taun 2020 nganti saiki. Sing nggarai wong-wong padha kaget yaiku kadang ora ana tandha-tandha nalika lara jebul pas di swabtest langsung positif covid-19. Kadang uga metu tandha sing kaya lara biasa kayata watuk, pilek, lan meriang. Yen wis metu tandha kaya ngono biasane wis langsung padha sadar diri kanggo isolasi. Proses isolasi iki yaiku ngadoh saka wong omah. Misale ana ing kamar, nggawe jeding liyane, mangan lan ngombe nganggo piring sing beda karo kaluwarga liyane. Dhokter uga nyaranake supaya caring utawa mepeh awak ana ing ndisore srengenge supaya awak bisa luwih seger lan viruse cepet ilang.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9569", "text": "Yen ora bisa ngelakoni samubarang iku ora perlu isin ngakoni. Kene bisa ngomong kanti jujur yen pancen ora bisa supaya kene bisa sinau kanti tenanan nganti bisa ngelakoni iku. Iki sing tak rasakna nalika aku renang. Aku iki sakjane mung bisa satithik wae kanggo renang. Ning pas wingi, aku jumawa lan sombong ngomong yen bisa renang. Akhire aku dikongkon renang karo guruku ing kolam sing jerone 4 meter luwih. Kanthi grogi, aku renang sak bisaku lan akhire aku kelelep. Aku gaiso ambegan nganti rasane kaya meh mati. Iki dadi pengalamanku sing paling menyedihkan. Mula, aja sombong lan jumawa marang samubarang sing kene pancen ora bisa gur kanggo nyenengke wong liya.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7578", "text": "Sterilisasi iki gak mek onok gawe kewan tok, tapi menungso sisan. Operasi steril utowo sterilisasi iku kontrasepsi permanen sing tujuane gawe mencegah uwong nduweni anak. Prosedur iki isok dilakoni gawe lanang karo wedok. Nek gawe lanang, operasine iku dilakoni dengan vasektomi. Nek gawe wedok, operasine iku dilakoni dengan ligase tuba. Tapi gawe wong Muslim, sterilisasi iku hukume haram nang Islam. Soale akeh banget ulama sing berpendapat nek sterilisasi iki akhire bakal podo ae karo aborsi sing hukume wes jelas-jelas haram. Soale sterilisasi iki bakal ngakibatno kemandulan permanen, dan iku bertentangan sisan karo tujuan awal pernikahan. Dadi gawe dulur-dulur Muslimku, ojok atek coba-coba gawe sterilisasi. Sek akeh alat kontrasepsi sing sek oleh digawe nang Islam.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9509", "text": "Golek penggawean pancen ora gampang. Wong sing nduweni skill wae kadhang ora cukup kanggo golek penggawean. Nalika wis duweni penggawean, aja lali kanggo syukur marang Gusti lan tansah ora lali karo wong tuwa lan kaluwarga. Proses kerja uga ora mesti lurus-lurus wae. Kaya sing kedadean saiki. Miturut data tempo.co, ing antaraning taun 2022-2023 akeh banget perusahaan startup sing ngelereni karyawane. Salah siji tuladhane yaiku shopee, goto, jd.id, lan isih akeh liyane. Gelombang PHK ing startup iki disebabake karo resesi global ekonomi saengga perusahaan rada kangelan golek investor kanggo tetep nggawe bisnine tetep mlaku. Mula, senajan wis duwe penggawean tetep kene kudu bisa duweni skill sing akeh supaya bisa golek penggawean maneh mbok menawa kena apes di-PHK. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3027", "text": "Srengen mergo diselingkuhi iku wes ora aneh maneh kanggo angger wong sing urip nag planet iki. Soale sing jenege selingkuh iku termasuk perkoro sing paling didohi ambek kabeh gandengan. Terus sing garai iku maeng kedaden yo pirang-pirang perkoro, koyok ilangi roso percoyo nang pasangane, terus gampang kepengaruh karo liyane ambek liyan-liyane. Srengen polahe diselingkuhi iku wes lumrah ae kedaden. Soale iku dampake gedeh nag pasangan iku maeng contone iso ilange roso seneng, terus iso dadekno roso gelo sing akhire dadi loro ati ambek geting, ambek liyane-liyane perkoro sing iso ae metu teko perkoro siji iku maeng. Dadi roso ngeneki nag iso yo ojo sampek ngeloroni awake dewe, cukup diadepi ambek ati karo pikiran sing padang.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2972", "text": "Wingi pas mari riyoyo idul fitri bocah-bocah iku ngadakno reoni. Nah aku ambek bocah-bocah iku kaget delok koncone awak dewek iku moro-moro meteng tapi ora oleh kabar nikahe kapan. Tibake kedadeane iku cepete megilan. Bocahe meteng saline iku dinikah dodok ambek wong tuone soale kampung dinone enak ambek apik, nikahe iku wes 2 ulanan ambek pas sak durunge posoan. Dadi bocah-bocah yo ora ono sing ero. Terus Umure oleh meteng maeng yo lagek sekitar sak ulanan dadi ora sepiro ketok nang meteng soale isek cilik. Mok raine ae sing rodok pucet. Ambek ketok kepegelen yo ancene wong meteng kan ngunuku kudu akeh-akeh mangan panganan sing gizine akeh ben ora gampang pegel. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2686", "text": "Jaman saiki wes bedo ambek biyen. Saiki akeh bocah sedeh polahe pisah ambek koncone sing paling akrap sampek ketangis-tangis. Padal asline roso sedeh iku yo mok sedelok polahe wong iku maeng isek duwe konco akeh. Terus roso iku maeng asline metu teko atine wong polahe roso kuwatir ambek roso duweni sing kebangeten, akhire iso dadekno roso sing koyok maeng. Mangkane nag tau ngalami koyok ngeniki ojo kenemenen soale iso dadekno roso mangkel yo iso dadekno loro. Mangkel soale rumongso ditinggal dewe. Loro soale kuwatir ora petok maneh ambek koncone. Padal saiki jamane wes canggih ora koyok biyen, saiki nag pengen petok koncone ora atek kudu petok langsung tapi iso lewat hp.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3387", "text": "Ancene akeh wong sing wedi pas katene operasi soale operasi iku kanggo wong biasa iku medeni, opo maneh kanggo wong deso. Nah ben ora wedi iku ono pirang-pirang cara ben ora wedi yaiku sing awitan kudu ngerti prosedur operasi ambek komplikasine. Perkoro sing iki ancene kudu dilakoni ben iso ambek ero proses operasi sing atene dilakoni. Terus nyeritakno riwayat penyakit sing ancene dialami soale iku ono dampake kanggo operasi sing ate dilakoni mboh iku carane operasi, obate, ambek liyane iku maeng. Mangkane wong sing biasane duwe penyakit sing akeh nag ate operasi mesti prosese rodok suwe soale ancene prosese iku dowo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2638", "text": "Ora kabeh uwong duwe trauma pas waktu cilike, tapi yo ono ae uwong sing duwe trauma nag waktu cilike. Kanggo wong sing duwe trauma nag waktu cilik kudu iso ngendalekno traumae, soale nag ora iso ngendalekno sewaktu-waktu bakal iso ae moro-moro medeni wong. Lah carane ngendalekno iku mesti ono salah sijine wong sing duwe trauma pas waktu cilik iku kudu latian ambek wong sing dipercoyo iso nyadarno deke pas waktu traumane kumat. Teko latihan nggal saitik iku maeng wong iku bakal iso ngendalikno traumae. Trauma nag ora nang ditambani iso ae dadi perkoro elek sing bakal ngewoi wong iku maeng berkembang. Mangkane wong sing duwe trauma nang podo diadepi utowo nang diarekno.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1567", "text": "Sing kudu awak dhewe saur kui ora mung utang dhuwit nanging uga utang budi. Utang budi kui malah luwih ngisin-ngisini yen awak dhewe ora iso nyaurine. Kanggo bayar utang budi kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso terus kanacan utowo jalin hubungan sing cerak karo wong sing ngekei dhewe utang budi kui. Sing keloro, awak dhewe iso ngekei wonge kui hadiah pas neng dino-dino spesial, koyo dino ulang taune, taun anyar, bakdo, lan dino spesial liyane. Sing ketelu, awak dhewe iso golek usaha sampingan supoyo awak dhewe tetep isih duwe duwit sing lowong kanggo nyauri utang lan kanggo duwit mangan sak wulan sesoke.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "279", "text": "Ora ono sing salah karo duwe idola. Idola kui fungsi kanggo panutan. Awak dhewe bakal ngelakoni opo wae bin iso koyo dheweke opo iso ketemu langusng karo dee. Koyo saiki, akeh banget cah wedok sing duwe idola K-pop sing didelok rendah karo wong-wong liyo. Padahal, ono sisi positife seko kui ngidole grup musik asal Korea Selatan kui. Seko lagu-lagu sing dimainke karo grup musik kui, iso gawe uripe dhewe luwih berwarna. Lagu-lagu kui uga iso gawe awak dhewe luwih semangat ngejalani urip iki. Mergo tikete sing larang kui, awak dhewe dadi kudu muter otak ben iso nonton konsere pas diselenggarake neng Indonesia utowo negoro tetanggo.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6104", "text": "Nganggo celana sing bahane kepenak lan uga ukuran sing pas kuwi pancen nyaman lan ora mung kanggo tujuan gaya. Celana sing pas ning awak iki uga bisa marai gerak tambah fleksibel lan bisa luwih lincah. Nanging, celana iki ya cocok-cocokan. Ana sing seneng celana sing rapet, ana sing longgar, utawa cukup ngepas. Sing disaranake karo dokter yaiku celana sing pas utawa longgar. Utamane kanggo bocah lanan amarga bisa nyehatake testis ben ora kelangan tingkat produktivitas ning sel sperma. Celana sing longgar utawa pas iki uga bisa ngelindungi saka isin, yaiku ben ora gampang suwek lan dadi guyonan karo wong sing ndelok amarga suwek ning celana kuwi angel nutupine. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8032", "text": "Tsunami yaiku gelombang banyu gede sing diakibatno ambek gangguan nang dasar laut, koyok gempa bumi. Gangguan iki mbentuk gelombang sing nyebar nang kabeh arah sing kecepatane sampe 600—900 km/jam. Awale gelombang iku mau nduwe amplitudo cilik dadi gak bakal keroso nang laut lepas. Suwe-suwe amplitudo iku mau tambah gede pas cedek karo Pantai. Pas tutuk Pantai, tsunami kadang ngehantam daratan berupa dinding banyu raksasa, tapi bentuk sing luwe umum iku munggahe permukaan banyu moro-moro. Munggahe permukaan banyu iku isok sampe 15—30 meter, dan iku marakno banjir sing nduwe kecepatan arus sampe 90 km/jam, njangkau pirang kilometer teko Pantai, dan marakno kerusakan karo korban jiwa sing akeh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2977", "text": "Nag jumbul polahe meteng dodok iku kudune ora jumbulno kanggo wong sing wes rabi tapi iku tambah dadi perkoro sing nyenengno. Tapi nag kanggo bocah wedok sing ora duwe pasangan bakele jumbul. Nah kabeh iku asline kedaden polahe dewe mboh iku teko kelakuane utowo sifate. Ben ora kedaden perkoro ngunuku asline ora angel-angel sing penting jogo awake awit teko pakeani nag iso ditutupi ambek pakean sing apik, mari ngunu ambek kelakuane nag iso kudu sing apik terus ora endel ben ora garai lanangan kegodo. Soale nag teko perkoro loro maeng ora diilakoni mesti yo bakal kedaden perkoro sing koyok maeng mbok iku kepekso utowo ora.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7990", "text": "Dino iki Fira ngajak koncone gawe dalan-dalan wong loro bareng. Engkok de’e bakal nyusul koncone nganggo mobil terus langsung budhal nang Suroboyo. Wes budhal dan wes tutuk TP, mereka berdua isine seneng-seneng tok nang kono. Mulai teko belonjo, mangan panganan sing enak, karaokean, dolanan, wes pokok sembarang kalir dilakoni kabeh. Akhire mereka berdua moleh dalam kondisi ati sueneng. Pas melbu gang omah koncone Fira, de’e gak sengojo nyenggol trotoar. Berhubung panik, Fira langsung mandek dan mudun, terus koncone yo melu sisan. Pas didelok, dadakno onok beret nang cedeke ban. Fira langsung ketar ketir, wedi engkok pas moleh, konangan bapake terus pasti diseneni. Opo maneh ngecikno ngenean iku pasti larang buanget. Tapi yaopo yaopo maneh, de’e kudu moleh. Dadi mbasio keweden pol, de’e tetep ngeterno koncone moleh terus langsung balik moleh. De’e mek berharap mugo-mugo bapake gak nyeneni de’e sing kenemenen. Rela wes de’e ngetokno duit gawe ganti rugi, asal gak diseneni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3461", "text": "Pas aku kos nak Kota Pahlawan, aku duwe konco sing teko kota Apel. Deke nag nang kos dewean terus udan sing campur beldek mesti wedi polahe dewean maeng. Tapi nag pas campur ambek bocah akeh bocahe yo biasa ae. Mangkane deke nag nag kondisi koyok iku maeng mesti ora tau wani nang jero kamar mesti nang jobo nang balene kos ben iso ketok uwong sing nang jobone kos. Sing luweh nemen maneh nag udan ambek bledeke maeng pas bengi tambah wedine ngaput bocah iku maeng. Soale deke iku nag ono udan koyok ngunuku biasane campur bareng ambek wong tuone nang omah bareng-bareng nang balene omahe. Nah nag nag kos koyok ngene yo ora iso koyok ngunu. opo maneh kan bocah-bocah yo duwe urusan dewe-dewe ambek bedo urusane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3757", "text": "Sing garai jember nag kenek idu iku asline teko asline idu metu iku maeng. Nag teko lambene dewe yo kadang jemberi karek wonge dewe maeng piye oleh ngeroso. Nah roto-roto sing marakno wong iku maeng geting nag kenek idu yo polahe asale idu iku maeng. Nag teko wong sing kemproh biasane iku basine megilan, mari ngunu nag teko wong sing rokoan yo podo tambah basine pol. Terus roto-roto wong sing arang resik-resik koyok sikatan barang iku yo marakno idune basine pol. Mari ngunu kadang idune maeng iku biasane ora iso ilang-ilang ambune nak gak digebek nganggo sabun sing paling muro ambek sing paling nyengat ambune lagek iso ilang.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3352", "text": "Koncoku wedok sing pingger deso tau dadi korbane bocah-bocah. Deke iku dinyeki terus sampek keweden nang petuk bocah iku ambek genge. Nah sing garai gawe bahan enyekan polahe deke iku gembeng mangkane deke iku dinyeke ambek dikalah-kalahan. Gembeng iku iku sifat sing ora duwe roso wani ngelawan nang wong sing ngenyek ambek ngalem, terus sifat iku sing garai wong gampang nangis nag ono opo-opo sing gelarakno atine, utowo ngisin-isine deke. Ket iku deke mesti nag nang ngarepe bocah iku mesti mereh ben ora petukan, polahe nag petukan ambek arek iku mesti dienyek-enyek sampek ledeh sing marakno deke iku nangis. Masio deke iku gembeng tapi deke iku termasuk bocah paling pinter nang kelas. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1041", "text": "Menurutku, demit sing paling medeni kui kuntil anak. Senadyan aku ora kerep, itungane malah ora tau, delok film-film horor, nanging tak pikir kuntilanak kui sing paling medeni. Opo meneh yen disandingke karo pocong lan tuyul. Kuntilanak kui adoh luwih medeni. Kuntilanak kui demit sing wujude wedok. Rambute ireng lan dowo. Neng film-film kui digambarke nganggo rambut sing aur-araun lan ora kopen. Dheweke nganggo klambi putih sing semacem daster bentuke. Biasane kui, neng film-film utowo certio sing tau krungu, demit kui jedul neng duwur wit opo ngerti-ngerti ono neng buri montor. Nanging sing paling marake wedi seko demit kui swarane. Swarane kui melingking banget lan ganggu neng kuping.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9169", "text": "Wong-wong iku podo mikir nek wong sing plagiat iku sing dirugikno pemilik asline. Ancen bener sih. Cuma aku nduwe pendapat liyo, ndek ndi uwong sing ngelakoni tindakan plagiarisme lah sing bakal akeh rugine. Semisal de’e iku berhasil nggawe karya teko hasil plagiarisasi dan karyane iku akeh sing seneng, secara langsung publik bakal nagih karyane sing liyane maneh. Nek de’e pinter, de’e bakal ngakali gawe ngelakoni plagiat maneh. Tapi koyok ngono pun suwe-suwe bakal konangan sih, opo maneh nek penulis karya asline wes angkat bicara. Teko kono, pelaku plagiarisme iku bakal akeh dicecar dan bakal di-bully ambek publik. Wes ngono, de’e bakal kenek sanksi nek terbukti bersalah. Dadi gawe awakmu kabeh, gak usah atek ngide gawe ngelakoni plagiat, engkok awakmu sing rugi dewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5757", "text": "Ning panggon keramean kuwi uga ora bisa dadi panggon sing wis mesti aman. Kadhang ana wong sing sengaja ngetutake ning mburi ben bisa nyopet uga bisa ngelakoni babagan kriminal liyane. Biyasane, kedadian iki ana ning pasar utawa pusat perbelanjaan. Kanggo wong sing seneng banget lunga utawa kerja ning njaba, sing perlu digatekake yaiku kudu bisa njaga keamanan awake dhewe. Aja nggawe barang sing mencolok kaya gelang, anting, cincin, uga kalung. Banjur yen arep lunga nang ngendi-ngendi aja dhewenan ben wong uga ora kepikiran babagan kriminal. Sing paling penting yaiku aja nduduhake perilaku sing mbingungake ben ora mancing kriminal lan wong liya ora ana kepengenan sing jahat. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3043", "text": "Aku wingi kenek mancet nang dalan daerah sukoharjo sing megilan macete. Terus akhe wong sing mrengut polahe iku maeng. Macete iku maeng asline polahe dalane sing didandani, terus dowone dalane maeng sekitar sak kiloan, terus ora ono sempalan dalan blas. Nag tak delok, oleh bangun dalan iku kandele pol, soale betone ae sikitar telong puluan senti karo ono kawate gedeh-gedeh koyok kanggo sing bangun omah. Terus kawate iku ora ditekuki akhire wingi ono sing tibo bolahe kecantol kawat maeng. Dadi tambah rame terus macete tambah ora karuan. Sak liyane iku dalan iku yo termasuk itungane dalan alternative sing utama sing kudune dibangun sak apike.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3828", "text": "Nag mlebu jeding salah iku wes ora atek isin, jenenge wong salah kok yo piye maneh opo maneh iku kan wes kedaden yo wes barno ae. Tapi sing tepak mene mane iku yo kudu ati-ati ben ora isin polahe perkoro sing podo. Terus ben ora dadekno perkoro iku kedaden maneh nag ate mlebu jero jeding iku kudu delok disek ambek dipastekno endi sing kanggo lanang ambek sing kanggo wedok beno ora kleru mlebu. Tapi nag ancene ora ono tulisane biasane iku ora masalah se nag kleru polahe kan ora ono tulisane. Kejobo nag ono tulisane yo ancene kudu tepak, soale biasane ngunuku jerone iku seje antara jedinge wong lanang ambek wong wedok.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6043", "text": "Coro dadi kewan sing paling diwedeni senajan ukurane cilik banget lan ora ngganggu. Bentuke sing medeni lan mlayune sing cepet marai akeh wong sing ngerasa paranoid karo anane coro iki, apa maneh coro sing mabur lan obahe gesit. Coro iki duwe antena kanggo nangkep sinyal barang apa sing ana ning sekitare. Coro iki uga manake cepet. Kamangka yen ana coro gedhe, aja dipidhak utawa dipencet amarga awake mesti akeh ndhoge. Coro iki mambune uga gak enak. Kamangka yen nig bangunan kosong ana ambu-ambunan sing nggilani lan uga kaya lembab, kuwi arane mambu coro. Coro iki padha kaya rayap, seneng ning panggonan peteng lan lembab. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2661", "text": "Pas aku mlaku-mlaku nang kediri aku tau duwe pengalaman sing paling tak mangkeli sak umur uripku. Sampek saiki wae nag eleng yo mangkele pol. Kedadean iku tak alami pas aku numpak Bus jurusan Suraboyo Kediri. Biyen Bus iku isek ono. Tapi saiki wes ora ono polahe ojor kenek Covid. Waktu iku aku budal teko Suroboyo ate nang Pare, nag tengah-tengah perjalanan aku sandeng ambek embak-embak, aku ora wero wong endi, tibak'e mbak'e maeng moro-moro mutah-mutah terus aku jajal jaluk kresek karo kondektu bis'e. Tapi kondekture tambah ngongkon tuku nag terminal jombang sing engko bakale mandek. Lah ket iku aku mangkele pol soale aku maleh melok mbunek-mbuneh ambu mutahe mbak'e maeng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7991", "text": "Mimi dititipno nang omah koncone ibuke soale ibuke kate nang Rumah Sakit gawe nyambangi mbah e sing lagi lara. Mergo Mimi iku sek cilik dan kondisine lagi gak fit, makane dititipno nang konco ibuke. Nang kono, de’e dijak dolen karo anake koncone ibuke sing jenenge Lely. Lely iku sak tahun luwe tuwo timbang Mimi. Nang kono, Lely ngajak Mimi dolan opo ae. Mulai teko masak-masakan, dolan golekan, sampe mlayu mlayu. Pas enak-enak mlayu, Mimi gak sengojo nyenggol pot cilik sampe logor. Pas krungu muni pecahan, Mimi langsung panik. Opo maneh ndelok pot iku wes pecah, tambah keweden Mimi. Mimi langsung ngomong Lely nek pot e pecah. Ndelok pecahan iku, Lely langsung ngewangi Mimi gawe nyelidekno pecahan pot iku ben gak konangan ibue. Soale nek ibuke ndelok pot e pecah, pasti loro-lorone bakal diseneni, dan de’e wedi nek ibuke wes nyeneni de’e. Dadi mending diselidekno ae ben de'e gak diseneni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4392", "text": "Biyen pas sekolah SMA, koncoku iku tau ngalami perkoro sing iso diarani paling jembere sak umur uripe. Nah pengalam iku maeng kedaden pas deke mari istirahat terus nang jam terakhir, nah nang kursine maeng iku moro ono teleke kumbang ambek cecek, mergo kursine maeng nang ngisore pyane genteng sekolahan. Nah bocah bocah iku moro ngambu ora enak, terus goleki asale ambu iku, tibake dilunggoi karo koncoku maeng. Nah akhire deke yo isin lah, terus bocah-bocah yo ora wani parek-parek ambek deke mergo wedi kenekan teleke maeng. Yo ancene pas iku nang jam terakhir dadi bocahe langsung ijin muleh karo gurune soale wes isin.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9806", "text": "Lelembut iku nyata anane. Salah siji makhluke Gusti sing ana ing dunya yaiku lelembut. Nalika ndelok lelembut kabeh wong mesti keweden, nanging ana sisan wong sing wis ora wedi amarga wis gelek ndelok lelembut. Supaya ora semaput yen ketemu utawa ndelok lelembut ana apike kanggo ngelakoni babagan iki. Nomer siji, nalika ketemu lelembut aja lali langsung iling marang Gusti. Langsung maca apa wae sing diiling kayata Ayat Kursi, apa ayat-ayat Alquran liyane. Nomer loro, jajal kanggo ora nggatekna lelembut iku. Anggep wae ora ana. Nomer telu, yen wis ora kuat banget donga karo merem sawise iku banjur mlayu sak banter-bantere.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2023", "text": "Awak dhewe ora iso nyalahke kondisi kendaaran lan pengedara wae. Sing iso nyebabke kecelakaan kui uga medan dalanane. Dalan sing ora biasa kui iso gawe kecelakaan. Dalan biasa kui maksudku sing lurus lan ora okeh kelokane. Dalan sing wis nanjak lan kelokaane akeh kui iso luwih gampang gawe kacilakaan senadyan dalane kui alus lan roto. Nanging selama kui isih neng kota lan neng lemah sing luwih rata kui rodo aman. Nanging yen wis rodo mlosok neng deso kui, nek ora ati-ati iso gawe kacilakaan. Dalan sing akeh krikil lan pasire kui marake ban lunyu. Motor lan mobil luwih gampang tibo neng dalan sing koyo ngono. Opo meneh yen dalan neng deso kui durung aspalan. Dalane kui isih bener-bener seko lemah. Bakal luwih akeh kacilakaane neng kono.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4453", "text": "sing jenenge klambi kembar yoiku klambi sing ancene podo plek ambek liyane maeng. Nah klambi iki saiki wes akeh ambek gampang ditemokno nang endi-endi mergo pabrik iku oleh gawe ora mok siji tok tapi sak pirang-pirang. Saiki wong iku akeh sing isin mergo perkoro iki maeng, padal sing kembar iku kan mok klambine tok ora sak wonge barang sing kembar. Tapi ngunu ae kadang iso garai masalah contohne koyok wong sing kembar klambine maeng dienyek ambek koncone sing akhire deke maleh isin, terus opo maneh sing ngembari iku maeng wong sing ora dikenal, tambah megilan oleh isin mergo iku koyok-koyok klambi diwei ambek wong liyo padal iku yo tuku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9968", "text": "Manungsa sejatine ora bisa dadi wong sing adil banget. Senajan ora bisa adil banget, nanging kene kudu bisa duweni usaha kanggo bisa nindakake babagan sing adil njng wong liya. Nanging yen kene diadepake karo situasi lan kondhisi kene diperlakukan ora adil kene ora apa-apa kanggo muring-muring. Perasaane kene iku valid. Nanging sawise iku kene kudu sadar yen sakjane ana hikmah nalika kene diperlakokake ora adil. Nomer siji kene dadi ngerti yen ngelakoni babagan sing adil iku angel banget. Nomer loro kene bisa sinau babagan empati karo wong liya sing ngalami ketidakadilan. Sing terakhir, kene bisa sinau kudu bisa nyuarakke keadilan supaya ora ditindhes karo wong liya.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1425", "text": "Telek khewan sing paling mangkeli kui telek cecak. Cecak kui nelek iso sembarangan banget. Dheweke bakal kerep nelek neng ruangan utowo kamar sing ora kerep dienggoni. Koyo neng omahe budhe, ono siji kamar turu sing arang dienggoni. Neng duwur kasure kui, aku iso delok akeh banget telek cecak neng duwure. Awale kui kamare aku lan adiku. Biyen pas kerep dono, aku kerep turu neng kamar kui. Nanging saiki, pas aku lan adiku wis arang ngenip, dadi males aku turu neng duwur kasure. Telek cecake kui marake aku jijik lan wegah aku turu neng kono. Misale wis diresiki, aku isih tetep kebayang yen neng kono kui bekas telek cecak sing akeh mau.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4436", "text": "Sopo se sing diguyu koncone sak kelas terus ora isin nag ngelakoni perkoro sing ora pantes? mesti kabeh bocah iku bakal isin nag ngalami perkoro iku maeng. Nah tapi nag ancene guyune iku maeng polahe ora termasuk ngelakoni perkoro sing ancene ora pantes dilakoni yo ora atek isin mergo iku wes lumrah. Nah biasane sing garai bocah sing diguyu bocah sak kelas iku isin yoiku polahe ngelakoni kesalahan sing ancene ora pantes dilakoni contohne koyok nyontoh garapane koncone sing wes mari terus konangan gurune akhire didekno nang ngarepe bocah akeh ambek nang ngarepe kelas. Nah perkoro nginiki kan ancene marakno bocah iku maeng isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7138", "text": "Salah siji jenis permainan sing murah meriah tapi seru iku jenenge permainan gigi buaya. Permainan iki permainan sing cocok didoleno ambek dulur-dulur utowo konco-koncomu. Cara dolene yo gampang. Awakmu karo konco-koncomu gentian metek untu boyone. Nek onok salah siji sing salah metek, mulut boyo bakal ketutup dan tangan wong iku bakal ‘kepangan’. Nek wes ngono, wong iku bakal kalah. Pemenang ditentukno teko uwong sing isok bertahan metek untu sing bener. Nang kene, awakmu kabeh gak onok sing isok nebak endi untu sing salah soale bakal gonta-ganti nang ben permainan. Sensasi kaget dan menegangkan iku seru banget dan marai menantang sisan. Dadi gawe awakmu sing binyung nggolek permainan gawe didoleno karo koco utowo dulu, permainan gigi buaya iki isok dadi pilihanmu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6148", "text": "Identitas lan ciri khas kuwi penting kanggo wong sing urip ning lingkungan sing rame lan uga akeh maceme, apa maneh urip ning lingkungan sing penting banget kaya urusan gawean lan uga urusan ning instansi pendidikan. Akeh wong sing sering kisinan amarga salah ngundang, banjur ana urusan sing salah dialamatke amarga identitas fisik sing sing mirip iki. Saka kasus iki, bisa disimpulake yen identitas kuwi penting banget kanggo wong amarga ciri khas kuwi bisa dadi salah siji indikator kanggo ngenali wong. Amarga kuwi, awak dhewe kudu wani tampil bedha ben bisa dikenal lan uga wong ora salah ngundang amarga awak dhewe mirip karo wong liya. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "203", "text": "Aku kuliah neng kampus impianku, UGM. Neng kono, aku kuliah neng jurusan Sastra Indonesia neng Fakultas Ilmu Budaya. Pas pertama kali sikilku midak kampus kui aku ngeroso koyo ngimpi. Ora nyongko, aku isi sinau sastra lan boso neng fakultas sing tak idam-idamke. Fakultas kui panggone cerak karo Graha Sabha Pramana, dadi lokasine ono neng tengah-tengah UGM, ora angel goleke. Dibandingke karo fakultas liyane sing cerak-cerak kono, kampus kui kampus sing paling rindang. Akeh wit-witane. Sing paling tak senengi seko fakultasku kui perpustakaane. Akeh koleksi buku sing ora iso ditemoke neng perpustakaan kota lan propinsi. Aku iso moco akeh buku-buku sastra lan sejarah sing tak senengi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6184", "text": "Ana sing ngomong yen bocah wedhok iki awake luwih mambu saka bocah lanang lan marai isin amarga zat lan hormon sing ana ning awake bocah wedhok iki luwih akeh ngetokake racun lan uga kelenjar keringete luwih akeh. Bocah lanang iki ora mbutuhake parfum akeh senajan rampung aktivitas ning jaba, tetep ora sepira mambu yen dibandingake bocah wedhok. Nanging ya ana sing ora percaya karo mitos iki amarga mambune awak kuwi tergantung saka hormon, zat sing dikonsumsi kaya rokok, alkohol, lan sak panunggale, panganan, lan uga genetik. Dadi anggepan wong wedhok luwih mambu luwi ora sekabehe bener amarga isih ana faktor liyane sing berpengaruh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5786", "text": "Panggonan sing asing kuwi ora mung babagan negara, omah, utawa lingkungan fisik liyane. Nanging uga bisa dadi lingkungan sosial. Lingkungan sosial iki bisa nentokake awak dhewe bakale tetep urip tanpa rasa wedi apa ora. Sing dadi masalah gedhe yaiku yen lingkungan sosial iki ora nerima kondisi awak dhewe amarga dianggep bedha. Miturut para ahli sosial, para pendatang iki bakal luwih gampang yen bisa adaptasi karo aturan adat setempat. Kamangka kanggo ngurangi rasa wedi amarga ora kenal, wong luwih milih adaptasi marang cara urip wong setempat. Banjur yen wis bisa adaptasi, wong uga bisa mulai sinau luwih akeh saka para penduduk kuwi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1161", "text": "Aku rodo wedi yen misale aku lagi dhewekan neng omah. Soale perumahane omahku rodo sepi. Sakdurunge mlebu perumahanku kui kudu ngeliwati deso dilit lan neng jejer-jejere isih okeh sawah. Dadi pas wengi, daerah omahku kui pancen peteng banget. Opo meneh neng perumahan kui wis tau ono kedadean sing ora anak. Tonggoku kui tau kecolongan. Perhiasan-perhiasan karo montore ilang pas kedadean kui. Untunge, ora ono korban seko kedadean kui. Ngerti yen ono tonggoku sing kecolongan, aku dadi makin wedhi. Sing marake aku tambah wedi kui, posisi omahku sing ono neng paling ngarep perumahan, wis paling ngarep omahku uga langsung ngadep dalan gedhe meneh. Wong sing duwe niat ala dadi luwih gampang yen arep ngerampok omahku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8397", "text": "Sopo ae pasti bakal ngeroso wedi nek mbarine dadi korban pelecehan seksual, termasuk awak dewe. Gak mek psikis tok sing ancur, tapi korban iku isok maleh trauma berkepanjangan nang kehidupan sosial. Gawe awakmu sing tau dadi korban pelecehan seksual, onok pirang hal positif sing isok mbok lakoni. Siji, ojok nyalahno awakmu dewe. Ilingo, pelaku iku sing sempel, guduk awakmu sing salah. Loro, pilih wong sing tepak gawe curhat. Perlu digatekno, ceritone iku nang pendengar aktif sing isok merbaiki suasana atine awak dewe. Telu, ciptakno suasana sing nyaman ben isok mikir jernih dan proses pemulihan e luwe cepet. Papat, ojok terus mbahas perkoro pelecehan iku. Tambah sering diomongno tambah lara atimu. Limo, ngelakoni konseling ambek psikolog nek awakmu temenan butuh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1188", "text": "Rasa wedi lan kuwatir lumarah banget dirasake kanggo wong-wong sing ono neng lingkungan sing anyar. Nanging rasa sing ora penak kui ora entuk dadi alesan supoyo awak dhewe ora jajal neng panggon-panggon sing durung awak dhewe kunjungi. Lunga neng panggon asing kui akeh manfaate kanggo awak dhewe. Awak dhewe dadi iso entuk wawasan sing luwih omba. Sing keloro, awak dhewe dadi sio ngerti carane konconan utowo bergaul karo wong-wong sing tabiate beda seko wong-wowongan neng lingkungan omah. Iki uga artine, awak dhewe dadi iso duwe luwih akeh konco. Awak dhewe uga entuk akeh pengalaman seko perjalanan neng panggon asing kui. Awak dhewe dadi ngerti carane beradaptasi neng werno-werno kahanan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "226", "text": "Duwe tabungan kui penting. Tujuane kanggo tuku barang utowo keperluan sing durung iso dituku saiki. Cara nabung kui akeh. Salah sijine iso nganggo nyisihke seko pendapatan utowo gaji tetep. Seko gaji kui biasane diporo meneh, endi bagian sing dienggo kebutuhan, ono sing dienggo tabungan, dana darutat, lan hiburan. Proporsine iso werno-werno, tergantung penghasilan ben sasine lan keperluane, ono sing masing-masing 30% kanggo kebutuhan, dana darurat, lan tabungan. Lan sisane iso dienggo kanggo hiburan. Nanging, aturan kui iso diowah dhewe-dhewe. Nabung ugo iso nganggo duwit seko penghasilan tambahan. Dadi gaji pokok kui kabeh dienggo kanggo kebutuhan ben sasine. Kanggo nabung, golek penghasilan seko gawean sampingan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3797", "text": "Koncoku tau ngalami perkoro sing jarene deke iku jemberi sak uripe. Nah perkorone yoiku pas deke dikongkon maju ora polahe kon ngerjakno tapi dikongkon joget koyok wong wedok nang ngarepe bocah sak kelas polahe deke iku ngantu. Nah perkoro iku asline se ojo jijiki, tapi deke iku ngarani nag perkoro iku termasuk perkoro sing paling jijiki. Nah sing garai jijiki iku maeng yaiku jogete maeng sing koyok bocah wedok, nah perkoro iki asline kan ora jijiki. Tapi ancene sing ngetokno roso jijik iku maeng kan teko pikirane menungso sing ngelakoni perkoro iku maeng. Mangkane nag pikirane wong sing ngelakonio perkoro iku maeng nganggep nag iki jijiki yo maleh jijiki.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6069", "text": "Lingkungan sing sehat kuwi bisa diarani sehat yen sekabehe resik lan uga ora ana babagan sing bisa nimbulake penyakit kaya sampah lan uga limbah. Anane kegiyatan PKK kudube bisa dimanfaatke kanggo ngolek gagasan sing apik ben lingkungan tetep resik lan ora kerasa kumuh. Program PKK sing apik kanggo pemberdayaan lingkungan iki biyasane babagan ngolah sampah lan uga manfaatke limbah dadi barang sing luwih berguna. Nanging PKK iki kadhang mung dimanfaatke kanggo arisan lan kumpul biyasa nanging ora ana proyek. Kamangka, amarga PKK iki penting kanggo lingkungan, mulai dadekake PKK iki sarana kanggo ngapiki lingkungan ben sehat lan uga tambah asri. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "693", "text": "Wingi, pas lagi beres-beres kamar, aku nemu barang sing disik kui tak goleki. Ora nyangka aku iso nemu barang kui neng buri lemari buku. Barang sing tak maksud kui barang sing dikei konco-koncoku pas aku pindah seko Bogor neng Yogyakarta. Pas aku nemu kenang-kenangan kui debune okeh banget. Bar rampung beberes kamar, aku ngeresiki barang kui. Kondisi barange kui isih lumayan apik, mung pinggire kui ono sing cuil. Barange kui ono dua bagian. Bagian sing pertama kui papan plastik ireng sing dipojoke ditempel fotone konco-koncoku. Bagian sing keloro kui papan plastik iring sing ditulisi nganggo tinta sing timbul werno oren.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8455", "text": "Onok uwong sing seneng banget nduweni klambi kembaran, bah iku karo gendaane utowo karo sahabate. Biasane iku wernone bakal podo terus desain e bedo, utowo maleh kembar plek ket desain sampe werno. Mungkin iki aku tok sing ngerasakno, tapi ben ndelok uwong sing nganggo klambi kembaran ngono iku kesane norak pol koyok kordes. Aku nduwe alesan opo’o klambi kembaran iku norak. Siji, marakno jati dirimu sebagai individu iku gak ketok maneh, dadi terkesan kehilangan jati diri. Loro, ngetoki posesif nang gendaan utowo sahabat iku mau. Telu, ketok naif e. Papat, berlebihan ae kesane. Terakhir, yo norak ae. Pokok aku gak seneng ndelok uwong ndang nganggo klambi kembaran, sak liyane seragam lho ya.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5222", "text": "Penyakit autoimun yaiku penyakit sing kondisi sistem kekebalan awak bisa balikm nyerang marang organ liyane. Penyakit iki sering ora disadari lan bisa muncul tanpa ana tandha sing jelas. Kamangka penyakit iki bisa marai wong bingung lan ngerasa ora kenal awake dhewe uga mesti ana rasa kaget uga waspada amarga penyakit iki kadang ora dirasa. Ana 80 jenis penyakit autoimun. Tandhane penyakit iki uga mirip kaya penyakit biyasa kaya kekeselen, pegel linu, gatel, rambut rontok lan uga gringgingen. Nanging penyakit iki bisa nyerang kapan wae. Kuncine yaiku njaga kesehatan lan nutrisi sing ana uga sing sregep olah raga ben imun kejaga. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9882", "text": "Adikku saiki ulang taun kaping 1. Senajan isih umur setahun, ing kaluwargaku wis mesti dirayakna. Saiki panggon kanggo ulang taune adhiku ana ing salah siji restoran KFC. Panggone dihias apik banget. Ana balon maneka warna sing nemplek ana ing tembok. Ana foto-fotone adhiku nalika isih kawit lair lan foto bareng sak kaluwarga. Kuene uga dicepakne kue model spongebob soale adhiku seneng banget karo spongebob. Nalika adhiku teka, dheweke ketok seneng banget lan kaget ndelok foto-fotone nganti nangis amarga wedi. Kaluwargaku liyane sing teka uga seneng banget amarga bisa ngerayakna ulang taune adhiku sing umure wis setaun iki lan pada donga supaya adhiku dadi bocah sing pinter, seger waras, lan bisa nggawe bangga wong tuwane.!", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4484", "text": "Wayae udan-udanan mesti akeh klambi sing ambune ora enak. Nah biasane wong sing gawe kalmbi nginiki bakal isine megiolan nag dianggep ambek diomongi ambune ora enak mergo klambine sing ambune ora enak. Padal klambine maeng iku asline ora endut, tapi wong sing ngomong iku biasane ora nganggep ambek ora ero iku nag klambi resik tapi yo dianggep ae klambine endut. Perkoro iku maeng iso dadekno wong sing dianggep ambune ora enak maeng maleh isine megilan mergo koyok-koyok ora tau resik-resik awak. Padal deke iku mesti adus ambek resik-resik terus. Yo ancene nag wonge maeng kuline ambu wangi mesti bakal isine megilan, tapi nag wes biaa yo ora ngurus.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4907", "text": "Sak liyane evaluasi kanggo ndelok kemampuane awak dhewe, PHK iki sajane ya bisa ngewenehi kesempatan kanggo awak dhewe ben bisa golek peluang liyane, kaya contohe bisa melu kelas online sing sertifikate bakalan dinggo nambahi portofolio utawa hasil kerjane awak dhewe ning daftar riwayat hidup. Kelas-kelas online iki uga bisa kanggo ngisi waktu disambi nggolek-ngolek gawean. Rampung melu kelas online, awak dhewe bisa ndandani daftar riwayat hidup sak durunge dinggo daftar ning perusahaan anyar maneh. Sing didelok saka manajer penerimaan karyawan kuwi ya kemampuan sing wis tersertifikasi ning daftar riwayat hidup kuwi. Kelas online iki bisa diakses ning internet. Carane gampang uga ora repot. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6073", "text": "Ning buku biologi, sering ditampilake ana jamur sing bisa marai buah-buahan dadi bosok. Jamur iki uga bisa nyerang roti lan marai panganan iki dadi ireng warnane. Jamur iki ana amarga buah sing wis dibuka iki ora dideleh ning jero kulkas. Amarga jamur bisa nular liwat angin, jamur iki menclok ning panganan liyane lan mbosokake panganan kuwi. Jamur iki bisa marai panganan dadi empuk banjur ngetokake lendir lan cairan sing ngundang laler sing berkembang biak ning panganane. Jamur sing ana ning panganan iki bisa marai diare, muntah, lan uga bisa marai muntah. Miturut penelitian, jamur sing ana ning panganan iki uga bisa marai kanker pencernaan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5766", "text": "Jaman saiki, akeh bocah enom sing njajal ngelakoni akeh kebiasaan lunga menyang ngendi wae dewan amarga ngilangake rasa ketergantungan marang kanca. Bocah iki duwe pilihan lunga karo kanca, nanging akeh sing milih dhewe amarga pengen ngerasakake piye adrenalin lan cara urip dewenan. Kamangka ana sing jenenge solo trip utawa lunga dewean menyang panggon wisata uga panggonan sing ora dikenal. Kamangka, akeh wong sing kaping sepisan ngadakake acara lunga dewe iki persiapane luwih akeh yen arep lunga amarga ora ngerti kebutuhane dhewe apa wae. Saka cara iki, wong ya uga bisa ngenali awake dhewe tanpa ngerasa wedi ditinggal dewean karo kancane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "312", "text": "Kahanan sing paling sedih kedadean neng keluargaku kui pas ono 2 anggota keluarga sing sedo ning dino sing podo. Pas kui aku isih SD kelas 3. Ngerti-ngerti aku dipetuk karo jemputan pas mangan awan, sendayan kudune dipetuk bar jam 3. Neng mobil kui, aku bingung ono opo kui. Pas tekan omah, aku delok gendero kuning. Artine ono keluargaku sing sedo. Aku mlebu omah kui isih bingung banget. Neng omah kui ngerti-ngerti wong dadi akeh lan akeh uga sing ora tak kenal. Sebagian wong sing tak kenal kui nangis. Trus, aku lagi ngerti yen sing sedo kui buleku. Ora let suwe, aku delok bapaku dibopong medun. Jarene, arep digowo neng rumah sakit. Ora ono sing nyongko bapak uga sedo dino kui. Eyangku sing bar bali seko makame bulek, nangis kejer krungu brita kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3775", "text": "Jember ambek panganan sing mambu iku bakal kedaden nang kabeh wong soale sing jenenge panganan bosok iku iso marakno wong iku kepikiran karo panganan sing liyan-liyane sing ono nang pinggir-pinggire. Nah sing garai jijike iku yo ora mok panganane sing bosok tok, tapi yo karo panganan sing ono nang pinggir-pinggire maeng mergane kepenclokan kewan sing mari idek-idek pangangan sing bosok maeng. Tapi nag ancene wong iku maeng wes biasa ngadepi perkoro koyok iku maeng yo jelas ora masalah soale wes biasa, tapi kanggo wong sing durung biasa ambek lagek awitan yo bakal nyengir-nyengir koyok sapi diwei dedek mampu sing ambune banger ambek kecut.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5768", "text": "Kabeh wong kuwi ora mesti iso urip dewean amarga kabeh uwong duwe toleransi sing bedha marang rasa sepi. Nanging rasa ora nyaman iki uga ora ngerti bisa teka marang sapa wae. Kesepian iki ora mung bisa nimbulake rasa wedi, nanging uga bisa nimbulake rasa stres lan uga dadi pemicu marang babagan sing ora dikepengenake kaya rasa bunuh diri. Rasa sepi iki kadhang ora disebabake rasa individualisme sing dhuwur, nanging uga amarga keadaan kaya bencana alam lan wabah penyakit. Kamangka, awak dhewe kuwi wajib dadi kanca sing apik lan paham babagan keadaan kanca. Aja nganthi dadi wong sing egois ben kanca ora dewean lan stres.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7939", "text": "Pasti awakmu sering banget nemoni uwong sing rame-rame gawe macakno surat Yasin gawe wong sing lagi sakaratul maut. Jare wong-wong iku mau, macakno surat Yasin iku onok nang hadits. Tapi nek didelok maneh dan ngerungokno pendapate akeh ulama, hadist iki dinilai dhai’f sanad e alias lemah. Teko akehe pendapat para ulama, isok dirangkum dadi rong alesan. Siji, onok rong perawi sing majhul alias gak dikenal, yaiku Abu Utsman ambek bapakne. Loro, onok idhthirab utowo kegoncangan nang sanad e. Dadi istilahe ngono awakmu gak perlu gawe macakno surat Yasin gawe wong sing sakaratul maut. Lapo ngelakoni hal sing gak diajarno ambek Rasulullah SAW kan yo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6182", "text": "Ana wong sing ora bias nganggo parfum amarga feromon sing dihasilake yen kena kandungan kimia saka parfum iki bisa tambah mambu lan marai isin yen ketemu wong. Amarga kuwi, alternatif kanggo permasalah iki yaiku nganggo tawas. Tawas kuwi kalebu salah siji jenis watu mineral sing fungsine bisa kanggo macem-macem. Watu tawas iki uga bisa kanggo njernihake banyu lan uga kosmetik, yaiku fungsine kanggo ngilangi mambu awak amarga sifate absorbsi utawa nyerep cairan utawa keringet. Tawas iki ora ngetokake mambu lan bisa nyumbat keringet nanging ora nimbulake penyakit. Wernane watu iki putih rada transparan. Cara nganggone dicelup banyu banjur dioles ning bagian awak. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "378", "text": "Awak dhewe kudu ngerungoke nasihat sing diandani wong tuwo. Jenenge wae wong tuwo, artine piyambakipun umur luwih tuwo seko awak dhewe, artine wong tuwo kui duwe luwih akeh pengalaman seko awak dhewe. Nanging, awak dhewe sebagai anak sok ngeluwehke nasihat-nasihat kui. Iki iso dadi perkoro sing gedhe lan awak dhewe bakal nyesel ora ngelakoke opo sing wong tuwo awak dhewe kandani. Awak dhewe ngeroso luwih ngerti opo sing awak dhewe lakoke saiki. Padahal awak dhewe lali yen wong tuwo kui wis tau ngerasake opo sing dirasake dhewe saiki nanging awak dhuwe durung ngerasake opo sing wong tuwo alami. Opo meneh karo wong tuwo kandung. Awak dhewe kui darah daginge dee. Dadi sifat-sifate sitik okehe bakal nurun.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "200", "text": "Tekan kelas awal kelas 3 SMA, aku durung ngerti bar lulus mengko arep ngopo. Kepengine kuliah, nanging isih durung yakin arep kuliah neng jurusan endi. Awale aku pengen ngelanjutke studi ning jurusan ekonomi, manajemen. Pas kelas 2, mergo melu penelitian sejarah, aku pengen mlebu jurusan sejarah. Tekan pas lagi ono acara kartinian, konco-konco kelasku foto-foto nganggo kertas sing ditulisi jurusan impiane. Aku isih bingung arep nulis opo neng kertas kui. Embuh kepiran opo, aku pas kui nulis Sastra Indonesia UGM. Lan akhire, alhamdulillah, aku iso ketompo neng jurusan lan universitas sing tak tulis kui liwat jalur SNMPTN utowo jalur undangan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7625", "text": "Nang suatu ikatan pernikahan, iku pasti janjine bakal setia gawe terus bareng sampe ajal menjemput. Tapi ancen cobaan nang pernikahan iku onok sembarang kalir jenise. Salah sijine iku perkoro selingkuh. Sopo ae isok berpotensi gawe ingkar janji dan berpaling teko pasangane. Tapi, nek wong niat ket awal nikah iku gawe ibadah dan memenuhi amalan sing diutamakno agama, pasti bakal mikir ping bolak balik nek kate selingkuh. Gak onok agama sing ngolehi gawe selingkuh, dan kabeh hukume iku duso. Dadi uwong nek ket awal wes eroh koyok ngono, ben bosen ambek pasangane pasti njaluk dungo ben de’e isok balik ngerasakno kehangatan ben karo pasangane.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9170", "text": "Mbarine perikso untu, aku dikeki resep karo dokter e dan obate isok dituku nang Apotek. Gak atek ngenteni engkok, aku langsung budhal nang Apotek mbari teko klinik mau. Pas nang kono, aku ngekekno resep nang bagian kasir, terus dikon ngenteni ae. Aku nurut ae dan aku ngenteni nang kursi tunggu sing onok nang kono. Aku ngenteni sambil dolanan hp. Wes lewat sak jam, jenengku durung diceluk. Mergo ngeroso kesuwen, aku takon nang kasir e, obatku wes mari diracik ta ga. Terus kasir e njupuk resepku sing sek digeletakno nang mejo kasir iku. Aku langsung emosi dan ngongkon gawe cepet nggaweno. Dan bener ae, gak sampe 15 menit obate wes mari. Mbari bayar, aku negur kasir e ben gak ndlahom.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "724", "text": "Nentoke sing salah neng kasus perselingkuhan kui ora segampang sing awak dhewe bayangke. Sing cetho, iki dudu perkoro gender. Lanang lan wedok duwe kesempatan selingkuh sing podo. Yen golek akar masalah perselingkuhan kui komunikasi. Sing lanang ora iso ngomong opo sing dheweke pengeni seko pasangane lan sak walike. Yen wis ono sisih sing ngeroso kepinginan utowo kebutuhane kui ora terpenuhi. Dheweke bakal jajal golek opo sing ora dientoke kui neng wong liyo. Seko sudut pandang iki, sing salah loro-lorone. Yen seko awal iso ngomong sing bener opo sing dheweke masing-masing harapke seko pasangane lan duwe komitmen gawe ngelakoni kui, kemungkinan selingkuh kui bakal ora ono.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9904", "text": "Wong sing ora ngerti patrap iku akeh banget. Tuladhane yaiku nalika antrian dheweke ora gelem antri lan akhire nyerobot. Iki biasane akeh ditemokake ana ing pasar, panggon blanja, panggon ndelok konser, lan panggon sing biasae nggarai wong pada ngantri liyane. Biasane wong sing nyerobot antrian iku wong sing males lan wegah kanggo melu ngantri saengga kepengin langsung maju saenake dewe lan nggawe rugi wong liya. Yen ana wong sing kaya ngene kene kudu teges lan negur wong iku. Ora perlu wedi amarga iki pancen wis ngelanggar aturan sing ana. Yen wonge balik ngamuk utawa muring-muring, kene bisa lapor ning satpam utawa petugas keamanan liyane.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6125", "text": "Jedhing sing khusus digawe kanggo difabel iki wis akeh diterapake ning akeh panggonan umum. Nanging, jedhing difabel iki kadhang ora ana tengerane, dadi wong nondifabel uga bisa nganggo ning keadaan darurat. Yen kondisi ora darurat, iki ya ora oleh dilakoni amarga bisa ngerugikake wong lan dianggep ora toleran marang difabel. Kelakuan iki isih dadi babagan sing ngisin-isini ning negara liyane. Amarga aturan kuwi, sajane ya uwong kudune bisa luwih disiplin lan nggatekake wong sing ana ning sekitare, kalebu ndelok tetenger sing ana ning ngarep lawang. Kanggo manajemen gedung, uga kudune nduwe panduan kanggo nduduhake ngendi wae toilet sing ana layanan difabel. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4499", "text": "Ancene sing jenenge pengalaman sing marakno isin iku mesti ono nang uripe wong. Contohne koyok koncoku sing keturon nang sekolahan sampek dikongkong ngadek gurune mergo turu pas diterangno gurune maeng. Nah kudune nag ancene ngantuk yo ijin metu disek karo gurune terus raup ben ora sampek ngantuk. Nah ancene iku maeng kenemen yo kudu nang ijin ojo sampek gelakno gurune maeng, mergo nag sampek gelakno gurune mesti dadekno perkoro sing elek. contohne yo koyok dikongkon ngadek nang ngarepe kelas maeng sing akhire dadekno awake isin karepe dewe mergo ngelakoni perkoro sing ora pantes dilakoni nang ngarepe bocah akeh ambek gurune menisan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1164", "text": "Sing gawe awak dhewe wedi pas lagi dhewekan kui, awak dhewe ora ngerti kudu ngopo neng ana kedadeyan sing awak dhewe ora ngerti. Yen awak dhewe siap karo kabeh sing kemungkinan sing ono, awak dhewe bakal ora sewedi kui. Awak dhewe butuh wong liyo supoyo awak dhewe iso ngeliwati mangsa sing ora diduga kui. Awak dhewe wedi yen awak dhewe ora iso ngatasi masalah sing awak dhewe adepi dhewekan. Timbangane wedi mergo dhewekane, dheweke mungkin luwih wedi yen awak dhewe mengko bakal gagal. Awak dhewe wedi kelangan salah siji sing iso nyebabke awak dhewe berhasil ngedaline perkoro sing lagi diadepi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4415", "text": "Ngentut nang ngarepe wong akeh se prasaku ora lapo-lapo. Nah sing biasane marakno wong isin yoiku nag ngetute maeng sampek muni banget utowo pas ambune basine megilan iku sing marakno wong isin, tapi nag ngetute iku adem ayem ora ono surane yo ora ono ambune yo ora masalah mergo ora ono wong sing bakal ngerti nag wong iku maeng ngentut. Tapi yo ono sing paling ngisine maneh yoiku nag wes metu suorone terus dibarengi ambek ambu sing basine megilan, iku yo tambah ora karoan isine, opo maneh nag pas kedaden nang ngarepe wong akeh yo tambah marakno wong isin terus marakno wong liyo sing ngerti iku maeng yo jember mergo nganggepe wong sing ngetut iku koproh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4891", "text": "Tanggal 11 November wingi, aku lan keluargaku kesenengen amarga si Manis, kucingku nduwe anak. Kucing kuwi wis dianggep kaya keluwarga dhewe amarga wis diopeni wiwit cilik. Manis duwe anak 3, sijine werno putih kaya ibune, siji werna cokelat lan sijine kembang telon. Manis iki kucing kampung. Ning omah ya ora ana kucing lanang. Nanging anak-anake Manis kuwi metune apik kaya kucing ras campuran. Irunge pesek lan rambute dawa kaya anggora. Kayane bapake kucing-kucing iki saka bibit sing apik. Banjur karo bapakku Manis iki digawekake kandang sing luwih gedhe ben bisa turu karo anak-anake. Bayi-bayi kucing mau isih durung duwe jeneng lan kudu nyusu terus, kamangka ora diwenehake marang wong liya. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6124", "text": "Tengeran jedhing lanang lan uga wedhok iki ora mung babagan mbedhakake gender lan privasi, nanging pemisahan iki uga ana kaitane karo kondisi fisik. Wong wedhok kuwi butuh usaha sing luwih kanggo buang air amarga organ sing diciptakake uga bedha karo wong lanang. Pemisahan iki wis ana wiwit jaman Victorian ning Eropa abad 18. Jaman biyen, wong wedhok ora bisa metu omah suwe-suwe amarga ora ana toilet sing disediakake khusus putri. Amarga kuwi, toilet wedhok iki diciptakake. Nanging, jaman saiki toilet wedhok kuwi dirancang kanggo kebutuhan liyane kaya rias lan uga ana sing dadi siji karo ruang ganti popok bayi. Amarga kuwi, wong wedhok tetep nyaman lan ora isin salah mlebu jedhing. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6050", "text": "Indra wis suwo banget dadi penyiar ning radio lokal sing ana ning daerahe. Indra iki wis kondhang lan uga sering banget ngomong ning ngarep umum. Nanging, ing sawijining dina, Indra iki ketekan bintang tamu kanggo wawancara ning radione. Bintang tamu iki yaiku salah siji seniman sing ana ning Jogja lan terkenal karo gayane sing nyentrik lan uga saka penampilane kaya kurang njaga karesikan. Nanging Indra kudu profesional lan uga tetep ngelakoni pengaweyane senajan pas siaran, Indra ngerasa kurang nyaman amarga ora sengaja keciprat idu. Untung bintang tamu dina kuwi wonge grapyak semanak senajan Indra angel konsentrasi amarga kuatir karo karesikane. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4383", "text": "Panganan endut iku iso dadekno wong sing duwe panganan utowo wong sing masih iki maleh jijik mergo pangan iki kenek perkoro sing endut. Nah endute maeng iku nag nemen yo ora masalah, tapi nag endute iku sampek nemen ambek kenek perkoro sing rusok iku sing marakno masalah, iso-iso ae dadekno wong iku maeng gilamen mangkane ora gaok nak ono wong kadang ora mentolo delok panganan sing endut mergo deke iku kadang gampang jijikan ambek penganan sing endut. Nah tapi iku kabeh delok endute, nag endute iku maeng mok sak itik ambek ora sampek nemen yo isek kenek diresiki tapi nag endute iku maeng nemene megilan, yo mesti bakal ora iso dipangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3770", "text": "Pas aku liwat nang ngarepe warung-warung sing ono nang gurine kampus ijo sing nang kota Pahlawan, Aku sampek bunek-bunek kudu kuwok soale ono ambu panganan mambu sing slentang-slenting nang irung. Terus pas aku ngerosos tambah parek karo ambune maeng tibake ono nang pinggir dalan sing parek ambek tempat sampah. Nah panganan maeng iku biasane panganan siso sing ancene bekase warung tapi langsung dibuak nang sampak, yo campur sego barang. Padal sega sing luweh ngunuku iku kenek diolah maneh ben ora mambu terus kenek diadekno karak sing akire kenek. Yo carane yo ora ruwet soale mok karek garingno sego iku tok, nag engko nag wes garing biasane kenke didol.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8388", "text": "Awakmu tau gak, ngonangi panganan sing wes onok putih-putihe dan bentuke koyok wijen ngono? Nek semisal awakmu nemu panganan sing koyok ngono, cepet ndang guwaken nang sampah. Putih-putih iku asale teko ndhog e laler. Laler iku biasa ngendhog nang ndi ae, salah sijine nang sembarang jenis panganan. Ndhog e laler sing gak sengojo ketelen terus melbu nang weteng isok marakno bahaya gawe wong sing nelen iku mau. Salah siji penyakit sing disebabno ndhog e laler iku intestinal myasis. Kondisi iki infeksi mergo ndhog mau wes netes dadi belatung sing engkok urip ndek saluran pencernaan dan mangan jaringan urip organisme. Nek dijarno, isok ngerembet dadi penyakit sing serius. Dadi gawe awakmu sing ndelok panganan terus onok ndhog laler e, cepet guwaken dan ojok dipangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4426", "text": "Ancene sing jenenge wong sing kleru iku mesti isin, mboh iku disengojo utowo ora nag sing jenenge kleru iku mesti marakno roso isin iku metu teko atine wong sing ngelakoni kleru iku maeng. Opo maneh nag sampek kleru melbu jeding sing ancene wes ono wonge nang jero iku maeng yo tambah isine megilan. Nah perkoro iku maeng biasane kedaden karo song sing rodok kebelek nang jeding sampek akhire ora merhatekno endi sing jeding kanggo lanang utowo kanggo jeding wedok. Nah mangkane saiki akeh jeding sing ancene adoh oleh misah ben ora sampek kedaden perkoro iku maeng. Tapi nag iku maeng kedaden nang panggonan sing ancene ora ono tulisane utowo tondone, yo ora masalah.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9587", "text": "Kedadean sing nggarai sedih salah sijine nalika wong tuwa pegatan. Akeh bocah sing isih cilik nanging wis ditinggal Bapak lan Ibune pegatan. Cara iki bisa dilakokake nalika Bapak lan Ibu pegatan. Kaping pisan, ora papa kanggo nangis. Nangis bisa ngurangi rasa sedih. Kaping pindho, aja lali kanggo crita ning wong sing paling cedhak. Bisa crita nganti nangis bakalan luwih enak supaya ati rasane plong. Kaping telu, aja lali kanggo ngomong sisan ning wong tuwa. Ngomong wae apa sing ana ing ati lan isih ngganjel. Sing terakhir supaya ora sedih terus, bisa nggolek panggon kanggo plesir lan ngelakoni kegiatan sing keh manfaate.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "763", "text": "Pak Polisi, mbok tulung lah Pak, kasuse awak dhewe perkoro khewan ternak kui dilanjutke. Ojo mentang-mentang kowe duwe jabatan dadi iso sak penake dhewe yoh. Aku iki ngerti yen aku iki wong bodo, aku ora iso sekolah tekan sarjana. Tamat SMA wae ora. Bapak, Bapak sing sekolah iso tekan duwur. Bapak kui ora mungkinlah bodo, sak ora-orane Bapak kui pinter ngitung duwit bar gawe razia. Yen Bapak ora nulungi awak dhewe nangkep maling sing jupuk siji-siji penghasilan lan tabungane dhewe, Bapak kui bodo budine. Bapak kui sekolah polisi ben iso ngayomi warga sing susah Pak. Duduk nyambut gawe sak penake dhewe koyo ngene ki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7173", "text": "Salah siji panggon sing terkenal banget digawe sembarang kalir acara sing onok nang Suroboyo iku Jatim International Expo Convention Exhibition utowo sing biasa disingkat dadi JIE. Venue sing siji iki lokasine onok nang jalan Ahmad Yani nomor 99, Jemur Wonosari, kecamatan Wonocolo, Suroboyo. Gedung iki dadi gedung sing paling gede nang daerah Jawa Timur. Luas gedunge luwe teko 5000 m2 dengan ketinggian atap sampe 15 m. Gedung iki dadi gedung langganan akeh acara. Mulai teko konser, seminar, lomba-lomba, jobfair, sampe pameran sambarang kalir produk koyok fesyen, panganan, buku, omah, dan sek akeh liyane. Kapasitase isok sampe 8200 kursi dengan sistem teater, sampe 550 meja bunder dengan kapasitas 5500 uwong.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9920", "text": "Wis seminggu Kevin tukaran karo pacare. Iki mana amarga Kevin ngerti yen pacare wingi mari metu karo bocah lanang liya. Wis ditakoni nganti tenanan nanging pacare ora ndang ngaku, dheweke gue ngomong iku kanca biasa. Nanging Kevin ora percaya amarga pas metu iku nganti gandengan tangan. Kanca endi sing metu bareng nganti gandengan tangan terus ora dicoplok. Kevin wis mangkel lan muring-muring akhire pacare meh dipedhot. Nanging pacare ora gelem, dheweke ngomong isih sayang pol karo Kevin. Dheweke uga janji yen ora bakal mbaleni kedadean iki. Kevin tetep bakal medhot pacare amarga wis kadung muring-muring pol lan wis mangkel banget.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9560", "text": "Deni gaweane dadi artis. Dina iki dheweke kudu shooting sinetron ana ing Bogor. Shooting dina iki yaiku Deni kudu numpak jaran lan kudu nggawe jaran iku mlayu. Pirang-pirang dina kepingkur Deni wis latian karo pelatihe supaya mengko pas shooting ora ana kedadean sing ora-ora. Giliran Deni kanggo dishooring numpak jaran, dheweke munggah ning gegere jaran karo mesem wis percaya shooting dina iki bakalan lancar. Lagek pisan Deni nggepuk jaran karo taline, jarane langsung mlayu lan ora bisa dikendalikake karo Deni. Akhire Deni njungkel njempalik saka jaran iku. Tangane kecekluk lan aboh gedhe akhire shooting dina iki diendeg nganti Deni waras. Iki dadi pengalaman sing nggarai Deni sedih amarga dheweke ora bisa shooting 2 minggu.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9931", "text": "Ibu kaget nalika mlebu omah ngerti anak loro karone lagi padu. Anake yaiku Adi lan Budi. Teka critane Adi, dheweke digepuk sik karo Budi amarga ora nyelangi Budi dolanane. Nggepuke Budi uga banter banget lan nggarai tangane Adi nganti abang. Jebule Adi uga ora trima, dheweke langsung bales dendam nang Budi. Adi melu nggepuk Budi maneh saking kesele. Akhire wong loro iku padha padu. Ibune sing ndelok langsung misah bocah loro iku karo ngandani yen ora oleh padu karo dulur dhewe. Adi lan Budi isih ngamuk lan muring-muring kanti mlebu kamare dewe-dewe.Ibune mung bisa ngelus dada kenapa loro karone anake duwe watek sing ngamukan kaya ngene. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "741", "text": "Jurusanku setaun pisan ngadake makrab kanggo angkatan sing anyar. Sing dadi panitia acarane kui biasane angkatan sing setaun luwih duwur seko angkatan anyar mau. Pas angkatanku dadi panitiane, awak dhewe ngadake makrab kui neng salah siji vila sing ono neng Kaliurang. Seko kampus kui jarak lumayan. Numpak montor kira-kira ngenteke wektu ameh sak jam. Pas dino pelaksanaan kui ono koncoku sing telat mangkete. Dheweke sing tanggung jawab gawe peralatan kanggo kegiatan bengine. Koncoko sing dadi ketua panita wis muring-muring disikan. Tekan kegiatane arep mulai dheweke durung teko-teko. Telung puluh menit sak wise, dheweke lagi tekan. Jarene mau dalan Kaliurang lagi macet banget.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9439", "text": "Radio kanggoku isih dadi salah sawijining medhia elektronik kang tansah bisa menehi lelipur. Aku nate ngrungokake giyaran kang ngandhakake tips kepiye carane percaya diri anggone wiwit gawe tulisan. Ing giyaran mau host karo narasumbere ngandharake yen ana hadiah arupi buku “Menjadi Penulis Andal, Siapa Takut?” kanggo pamiyarsa kang kapilih, nanging kudu takon karo narasumber. Wektu kuwi aku ora bisa nyandhak telepon, dadi aku amung kintun WA. Ora let suwe WA ku diwacakke dening host, banjur pitakonanku diwangsuli karo narasumber. Ing pungkasaning giyaran, diumumake pemenang hadiah buku mau. Jebulane narasumber milih pitakonanku awit dirasa paling narik kawigaten. Aku krasa seneng banget, prayata bisa menang undian buku. Mula ayo padha semangat yen melu kopyokan undian, sapa ngerti begja kaya aku, hehehe. \r\n", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9960", "text": "Haris wis nggetu pol sinau kanggo ulangan iki. Dheweke saben mulih sekolah ora tau dolen, nanging langsung mulih lan sinau kanggo ulangan sesoke. Pas ngerjakna ulangan Haris uga ngerasa bisa kabeh lan ulangane gampang banget. Nanging pas bijine dibagi lan ngerti bijine dhewe, Haris ngerasa ora adil amarga dheweke lan kancane oleh biji padha padahal salahe akehan kancane. Haris langsung muring-muring ana ing kelas amarga ngerasa ora adil blas kanggo gurune ngekei biji iki. Akhire Haris ditenangna karo kanca-kancane supaya ora muring-muring maneh lan ngomong ning gurune supaya bijine dibenakna. Kadang gurune uga mboh lali mboh kepiye apa malah keliru le ngoreksi.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3415", "text": "Aku tau keweden polahe proposal ambek makalah sing tak gawe iku maeng salah itungane. Terus pas aku sadar nag iku salah, aku akhire konco opo ononeh nak iku kudu dibenerno ambek diitung maneh. Masio aku kenek semprot ora karuan ambek bos. Tapi nag ancene salah yo kudu tanggung jawab. Saiki akeh wong sing ora gelem tanggung jawab sampek sak temen-temene. Terus roso wedi iku asline yo ora kudu ono nag ancene gelem tanggung jawab ambek wani nanggung masalah sing bakal diadepi. Soale nag ngeroso salah terus yo bakal ora maju-maju polahe kejebah ambek roso salah iku maeng terus. Nag jareku roso salah se ora opo-opo tapi ojo sampek kenemenen polahe iku iso dadi perkoro sing nyuwen-nyuweni mlakumu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1538", "text": "Yen ono konco sing guyoni awak dhewe neng kelas, awak dhewe ora usah gawe perkoro kui neng ati. Awak dhewe kudu mikir positif, sopo ngerti dheweke ora kepengen gawe atine dheweke lara utowo gawe awak dhewe ngeroso isin. Dheweke lagi kepengen supoyo kelase dadi rame lan ora spaneng. Awakd dhewe ora usah ngeroso isin pas diguyoni kui. Nek iso malah, awak dhewe guyu bareng koar sing liyane. Awak dhewe uga iso nambahi guyonan supoyo kelas dhewe tambah rame. Ora ono koncone dhewe sing tenanan pengen ngelarani atine dhewe. Yen misale kui terlalu menyinggung kanggo awak dhewe, dheweke mesthi jaluk ngapura karo awak dhewe. Sak ora-orane, dheweke mesthi ngeroso ora penak neng awak dhewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9539", "text": "Duweni trauma luwih-luwih nalika isih bocah mbok menawa pancen angel dilalekake. Yen ora bisa ngendhaleni rasa trauma mau, mbok menawa bisa dadi depresi utawa rasa susah kang kalangkung. Ananging, lumantar tulisan iki, aku ngajak sedulur kabeh supaya luwih wicaksana anggone nanggapi rasa trauma. Lumantar trauma sakjane ana bab-bab kang bisa kapethik lan dadi piwulang tumrap awake dhewe. Trauma bisa dadi srana pasinaon tumrap dhiri pribadhi apadene wong sakiwa tengen. Tegese awake dhewe bisa luwih ngati-ati nalika tumindak. Awake dhewe uga bisa ndadekake trauma minangka piweling tumrap wong liya supaya ora ndadekake kacilakan ing tembene. Lumantar trauma awake dhewe bisa uga latihan njaga rasa dhateng wong liya. Tegese, awake dhewe nglakokake tumindak klang samadya wae. Paribasan yen ora pengin ditabok, mula aja nabok.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7526", "text": "Salah siji alat screening kesehatan sing paling gampang dientokno nang Apotek iku alat tensi darah alias tensimeter. Tensimeter iki gawe ngecek tekanan darah e uwong. Tensimeter iki onok rong jenis, tensimeter normal karo tensimeter digital. Tensimeter digital iki dinilai luwe praktis dan akurat. Cara nganggo alat iki yo gampang. Sak durunge nensi, pastikno awak lagi dalam kondisi rileks dan gak mbari ngelakoni aktivitas sing abot. Siji, pasang manset nang lengen dan sesuaino posisine, mbari ngono tarik sampe kenceng sesuai ukurang lengen. Loro, tekan tombol power nang alat tensi digital iku mau. Telu, entenono sampe metu dua angka sing dadi hasil pemeriksaan tensi darahmu.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7681", "text": "Koyok biasa, dino iki aku nulis cerito anyar sing engkok bakal tak posting nang Wattpad. Mergo aku nganggur dan durung entok kerjo, aku dadi luwe sering gawe nulis cerito terus tak posting nang Wattpad. Mbasio talah nang akunku durung akeh pengikute, sing penting aku nulis gawe seneg-seneng ae. Moro-moro aku entok pesan teko salah siji pengikut Wattpad ku, nek onok penulis sing njiplak tulisanku nang akun Medium. Jarene tulisane podo plek, mek diganti jeneng pemerane tok. Pas tak cek, dadakno temenan. Aku langsung emosi mergo cerito sing tak susun dewe malah dijiplak ngono ae. Tak hubungi penulis sing njiplak ceritane iku. Awale aku takon opo de’e eroh ceritoku, soale kok alure meh meh podo. De’e malah ngomong nek de’e blas gak eroh. Terus pas tak takoni maneh kok isok podo plek, jare mek kebetulan ae. Aku tambah emosi. Nek kebetulan tok, gak mungkin tata letak katane ae isok podo plek. Mergo gak terimo, akhire penulis iku tak viralno mergo plagiat dan postingan iku gak bakal tak busek sampe penulis sing bersangkutan njaluk sepuro dan ngapus ceritone de’e sing nang Medium.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3742", "text": "Wong jaman saiki iku akeh sing mangkel ambek sing jenenge coro, padal prosoku kean iku yo biasa ae. Tapi buktine akeh wong sing jimprak-jimprak nag delok utowo ero kewan iki mergo gilo mabek jijik maeng. Nah sing garai jijik iku maeng yo pirang-pirang perkoro sing ono nang kewan iku maeng contohne koyok bentuke awake sing klenyer-klenyer koyok sisike iwak, terus kulite sing kelem-kelem mari ngunuku ambune nag kenek wong barang iku sing ora enake rambloko. Nah kabeh iku maeng sing marakno perkoro jijike wong nag delok sing jenenge coro iku mesti mangkele megilan ambek jijike pol. Nah kadang coro iku nag wes kadung ono nang enggon iku maeng iku mesti ora siji, tapi sak pirang-pirang sing jemberi wong sing masi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9888", "text": "Ngewenehi surprise kanggo kanca utawa dulur sing ulang taun iku nyenengke banget. Kene duweni rencana kanggo gawe dina ulang taune dadi nyenengke lan ora bisa dilalekke. Nanging yen meh ngewenehi surprise ulang taun kudu delok situasi lan kondhisi. Aja nganti ngewenehi surprise ulang taun nalika bocahe isih ana ning kelas, amarga mesti bakal diseneni karo gurune. Yen ngewenehi surprise bisa pas ana omah wae supaya bisa enak kabeh. Yen ngewenehi surprise ana ing omah aja lali kanggo ijin ning wong tuwane supaya ora padha bingung lan bisa dijak kanggo kerja sama. Mula kudu dipikirna sing mateng nalika meh ngewenehi surprise wong liya.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4356", "text": "Sing jenenge wong sing kenek idune wong liyo mesti mangkele setengah mati. Nah kanggo perkoro iku maeng sing kenek iku mangkel polahe idu iku maeng teko wong liyo, terus ora ngerti wong iku maeng gelek ngeresiki lambene opo ora, terus gidale iku akeh opo ora. Nah mergo iku maeng, mangkane akeh wong sing jijik nag kenek idune wong liyo terus sing paling dimangkeli, yoiku nag wong sing duwe idu iku maeng loro, mergane teko idu iku mesti akeh penyakite wong sing duwe idu maeng. Yo ancene wong iku doh podo duwe idu dewe-dewe, tapi nag sampek kenek wong yo mesti iku dadi perkoro sing ancene marakno doso ambek marakno getinge wong sing kenek maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3055", "text": "Biasane srengen sing ora ono sebabe iku gelek kedaden nang nggonane wong wedok. Nag jareku orah mok wong wedok tok, tapi kabeh wong iku mesti tau ngalami perkoro iki. Dadi, perkoro iki iku iso dadi kebiasaan sing elek nang ora iso dikendalikno ambek wong sing ngalami iku. Mangkane srengenan koyok ngeneki kudune bener-bener diadohi soale iso dadekno wong iku maeng iso gampang ngamukan masio perkoro iku maeng cilike megilan. Terus yo iso wae dadekno wong iku maeng maleh diadohe ambek wong akeh soale podo wedi ang diamuk ambek wong kene maeng. Dadi sing jenenge srengenan tanpo sebab ancene medeni ambek kudu didohi. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7595", "text": "Wong nek sing wes nduwe tekad gawe nemukno harta karun iku bakal ngelakoni semabarangane. Mulai teko gali tanah nang ndi ae sampe nyelem nang laut. Hal iku mergo roto-roto harta karun iku akehe ditemukno nang rong panggon iku. Padahal, awak dewe iku gak kudu ngelakoni iku kabeh gawe isok nemukno harta karun. Kadang hal-hal remeh sing ditemukno awak dewe iku isok bernilai duwur dan diincer wong akeh. Salah sijine iku tau kedaden nang Thailand, pas onok uwong sing gak sengojo nemukno mutiara. Kejadiane awale iku de’e tuku suput sing regone 70 baht utowo setara ambek 32 ewu teko Pasar. Pas dibuka, awale dikiro iku watu. Dadakno iku mutiara sing nduwe nilai duwur banget. Teko kono, de’e ngedol mutiara iku dan dadi sogeh mendadak.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7241", "text": "Pas SMP, aku lagi seneng banget ambek salah siji kakak kelasku. Inisiale I, dan de’e rong tahun luwe tuwo timbang aku. Aku mulai cedek ambek mas I iki semenjak de’e dadi kakak pengurus pas ospek SMP dan aku dadi ketua regune. Mulai teko kono, awak dewe mulai cedek dan akhire tukeran nomer hp. Tiada hari tanpa aku gak SMS an ambek mas I iki. Alon-alon aku mulai onok rasa seneng dan nyaman ambek mas I. Aku cerito nang konco-koncoku, dan kabeh podo nyarano aku gawe nembak mas I, sopo eroh engkok aku isok pacarana ambek de’e. Akhire tak wanino gawe SMS mas I dan nyatakno perasaanku. Ternyata, aku ditolak. Mas I ngomong nek de’e wes nduwe pacar, dan iku marai aku lara ati banget. Dan buru ae ditolak, aku ndelok mas I lewat ngarep omahku sambil bonceng pacare. Aku tambah mangkel dan sedih sampe nangis sak bengen. Mergo mripatku dadi buengkak banget, aku njaluk mamaku gawe gak melbu sekolah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3489", "text": "Wong nag wedi ambek panggonan sing asing mesti wong iku biasane ora tau dolan adoh. Soale wong sing dolan adoh biasane masio wedi mesti iso cepet adaptasi ambek lingkungan iku. Yo asline sing diwedeni ambek panggonan anyar iku maeng asline ora panggonane tapi ancene wonge sing rumongso nag daerah iku aneh. Yo kudune wong sing ngunuku iku kudu iso adaptasi terus belajar ambek lingkungan sing anyar utowo sing asing. Koncoku sing gelek dolan adoh iku nyaranno nang aku nag ancene liwati panggonan sing asing terus awakmu rodok wedi nang kono yo kudu pikiran positif ambek jogo sopan-santunmu ben ora dilarani uwong ambek ora garai wong loro ati.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3771", "text": "Koncoku pas ngajak aku mangan nang warung sing ono nang pinggire kampus ijo nang kota Pahlawan iku moro-moro kuwok-kuwok koyok gudu mutah ngunu. Pas tak takoni tibae deke iku maeng saking jembere polahe delok ono panganan sing wes mambu ambek bosok sing dadekno ambune ora enake pol. Mari ngunu bocahe langsung ngejak metu golek warung liyane. Padal aku deke dewe sing ngejak marung nang kono, tapi jenenge wong jijik utowo jember yo ora kenek dimaido solae iku wes gawanane wong ambek perkoro ngunuku. Tapi kabeh iku iso ae ditepakno janji deke gelem ngelatih gal saitik ben kulino. Tapi deke mesti ora tau kober kanggo ngurusi perkoro ngunuku.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4428", "text": "Kleru melbu jeding iku asline ora atek digedek-gedekno sampek isin barang. Sing jenenge wong kleru iku asline yo wes lumrah kan iku kabeh ora sengojo. Nah nag wes kadung kedaden ngunuku yo wes barno ae ora atek dipirno sing aneh-aneh wong jenenge kleru. Tapi mene maneh ben ora sampek kedaden perkoro koyok ngunuku maeng yo kudu ati-ati nag ate mlebu jeding, didelok disek endi sing kanggo wong lanang ambek kanggo wong wedok. Mangkane nag iso diteliti disek sak durunge mlebu ben ora marakno perkoro sing aneh-aneh. Opo maneh nag jedinge maeng ancene akeh wong sing wes antri yo tambah marakno isine pol nag wes kadong kleru.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4396", "text": "Roto-roto wong sing urip iku mesti duwe pengalaman sing dianggep ambek deke iku termasuk pengalaman sing jijiki. Nah kabeh wong iku mesti duwe pikiran sing seje-seje karo wong liyo masalah perkoro sing jijiki. Nah aku tau duwe konco iku sing jijike pol nag ancene jejer ambek wong sing ambune kringete kecute megilan. Nah pas iku koncoku sing mari bal-balan iku moro-moro lunggoh parek ambek koncoku bocah wedok sing lunggoh nang jejere maeng. Nah pas iku koncoku sing wedok maeng langsung nyumpet irung ambek langsung mireh. Nah koncoku sing mari bal-balan maeng yo langsung rumongso nag deke iku digetingi ambek bocah wedok iku maeng, pas ditakoni jarene bocah iku maeng jember ambek jijik nag jejer bocah sing keringite kecute ngalah-ngalahi jeruk purut. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8301", "text": "Dino iki, aku ambek keluargaku kate nang Batu. Tujuane sih gawe ngeterno mamaku sing kate reunian karo konco kuliahe, terus bapak ambek aku dan adek-adekku nang Batu Secret Zoo. Awale aku ambek adek-adekku lunggo nang tengah. Berhubung onok koncone mamaku sing nunut mobil iki, awak dewe dadi pindah memburi. Pas iku, adekku sing paling cilik wes ngersulo nek ndas e ngelu pol, tapi tak kongkon nahan. Muesti ngene, ben lunggo mburi adekku pasti mabuk. Tapi de’e wes gak kuat maneh dan moro-moro muntah ngono ae. Eroh adekku muntah, mamaku langsung ngekeki aku handuk ambek kresek. Aku ngekeki kresek nang adekku disik gawe nuntasno muntahe. Krungu suara muntahe ae rasane wes girik-girik dewe, tapi kudu tak tahan. Pas wes mari, kresek iku mau tak iket mek nganggo rong jari tok saking jijike. Mbari ngono aku ngelap wajahe adikku, klambi, ambek celonone sing kenek muntahan sambil girik-girik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9576", "text": "Biyen pas SMA, aku ngerasa ora seneng babar blas kanggo sinau lan maca buku. Aku mikir maca buku iku ngentek-enteki wektu dolan wae. Wektu SMA-ku gur tak entekna kanggo dolan lan dolan. Tibane aku nyesel nalika aku angel golek panggon kuliah. Aku ngerasa angel pol kanggo nggarap soal ujiane. Supaya ora nyesel kaya aku, iki ana tips sing bisa dilakoni. Nomer siji yaiku kudu bisa ngerti lan bisa mbagi wektu kanggo sinau lan kanggo dolan. Nomer loro, kudu bisa ngerti yen wis wayahe kanggo nata masa depan supaya urip luwih tumata. Sing terakhir yaiku aja nganti nyesel kaya aku sing wis ora tau sinau babar blas.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6167", "text": "Kekancan kuwi pancen kudune ana batese amarga kekancan iki uga kudune ora ngerugikake wong liyane sing ana ning hubungan kuwi. Sing dadi masalah kuwi yen kekancan tanpa bates lan bisa ngerusak urip wong liya. Kaya misale kanca lagi kesusahan banjur nganggo identitas wong liya kanggo nyilih dhuwit liwat pinjaman ilegal online. Kanca sing kaya iki biyasane melu ngerusak urip kaya ninggalak utang banjur mlayu lan yen ketemu njaluk disepurani. Kamangka, wong uga sah wae yen nduwe ketegesan kaya medhot kekancan utawa lapor menyang kantor polisi amarga iki masalah serius lan kuwi ora peduli arep kekancan kanthi apik apa ora amarga utang kuwi kudune wajib dibayar. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9900", "text": "Konser NCT saiki dilaksanakake ana ing Jakarta. Kabeh penggemare padha teka salah sijine Mbak Tari. Senajan konsere diwiwiti jam 7 bengi, nanging Mbak Tari wis antri kawit jam 7 isuk. Iki mana supaya Mbak Tari ana ing ngarep dewe lan bisa ndelok NCT kanti puas pol. Yen dibarisna, Mbak Tari ana ing barisan nomer 50. Dheweke wis seneng banget amarga iki kalebu nomer ngarep. Pas Mbak Tari mari teka jedhing, dheweke kaget kok ana wong liya sing ngelungguhi panggone. Mbak Tari langsung ngamuk lan muring-muring amarga wis diserobot. Dheweke wis mbelani teka jam 7 isuk lah kok malah diserobot wong. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5732", "text": "Omayra Sanchez yaiku salah siji bocah sing kejebak ning jero banyu lan dadi kontroversi ning taun 1985. Tanggal 13 November 1985, Gunung Nevado del Ruiz sing ana ning Kolombia, mbledhos lan ngetokake awu panas lan campuran lahar. Campuran lahar iki mateni luwih saka 70 persen warga sing urip ning Armero, salah siji kutha sing ana ning cedhak gunung kuwi. Amarga lahar panas, gunung es sing ana ning sekitar mulai cair lan nyebabake banjir. Salah siji korbane yaiku Omayra Sanchez sing sikile kejepit ning isor reruntuhan omahe. Sikile ora bisa metu amarga akeh beton sing njepit lan ora bisa ditulungi amarga alat sing terbatas. Senajan keweden, bocah kuwi isih sempet ngomong yen pengen nerusake sekolah sak durunge seda. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2528", "text": "Wong sing mari tuku barang sak wise nabung akeh-akehe mesti seneng. Lah seneng sing koyok ngeneki iku wes biasa kedaden nang uripe menungso sak ben dinone. Roso iku daden soale minongko dadi simbol roso syukur ambek sing gawe urip soale wes mujudno usahae nabung maeng dadi hasil sing kewujud ambek iso tuku barang maeng. Dadi polahe nabung maeng roso seneng iso dadi nyoto ambek metu nang jeru ati soale iso tuku barang sing bener-bener dikarepno ambek diusahakno liwat nabung maeng. Dadi nag awakmu pengen tuku opo-opo sing paling enak yo iku usaha nyelengi disek ben awakmu iso ngerasakno nabung ambek seneng soale tabungan cukup gawe tuku barang. Mangkane nabungo ben ora utang nag pegnen tuku opo-opo dadak.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5620", "text": "Aku duwe kanca kantor sing jenenge Alda. Bocah iki nduwe fobia marang ruangan sing cupet utawa ruangan cilik kaya lift lan uga ruangan gudang lan jedhing sing isine mung sak bilik. Ning bayangane Alda, ruangan cilik kuwi kaya ruangan sing sewayah-wayah bisa nutup lan ndesek dekne. Kamangka, ning bayangane Alda, ruangan sing cupet iku kaya tambah mepet menyang jero. Kamangka, yen kudu numpak lift dewean, Alda wegah senajan kantore ana ning lantai 5. Alda luwih milih mungah andha. Yen kepepet, Aldha numpak lift nanging ya kudu ana kancane. Jarene, Aldha ngerasakake sesek lan tangane kemringet saban munggah lift utawa ana ning panggonan sing cupet kuwi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3020", "text": "Pas aku delok film FTV wingi, aku delok ceritane kok yo guyokno. Ceritane iku ono wong lanang sing seneng ambek kancane. Bocah lanang maeng awitane ora wani kondo seneng tapi akhire konco seneng terus akhire pacaran. Tapi karo sing wedok maeng, wong lanang iku maeng dimanfaatno soale wonge pinter nag nang sekolahan, terus akhire wonge maeng ngerti nag deke iku mok dimanfaatno soale ngerti pacare maeng pacaran ambek wong liyo nang salah sijine cafe bapake. Terus wong iku maeng srengene megilan tapi deke pengen jumbulno pacare karo macak dadi pelayan sing ngeterno pesenane bocah iku maeng. Pas tutuk mejoe pacare maeng wong lanang maeng langsung buka topine ambek ngomong nak wes emoh hubungan maneh ambek deke.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7152", "text": "Crazy Little Thing Called Love iku salah siji film bergenre komedi-romantis teko Thailand. Film iki dirilis tanggal 12 Agustus 2010. Pemeran utama film iki yaiku Baifern Pimchanok Luevisadpaibul sebagai Nam karo Mario Maurer sebagai Shone. Ceritane iku tentang Nam sing nyimpen perasaane nang kakak kelase sing jenenge Shone, salah siji kakak kelas nang sekolahe sing populer banget. Nam sadar nek awake iku elek dan gak bakal isok nggapai Shone. Akhire dengan bantuan konoc-koncone, de’e nyoba kabeh trik sing onok nang buku Sembilan Resep Cinta. Mulai teko nulis nama Shone sampe ngubah penampilan, kabeh dilakoni karo Nam cek Shone isok kecantol ambek de’e. Tambah suwe, Nam isok luwe cedek karo Shone mbasio cobaane akeh banget. Nang tengah dalan, mereka ancen gak isok bersatu. Tapi ndek akhir, mereka ketemu maneh dan perasaan mereka saling terbalaskan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8497", "text": "Salah siji kebiasaan sing pingin tak ilangno ket mbiyen iku kagetan. Aku iku wonge kagetan puol, dan iku kadang marakno awakku isin dewe. Nek kaget mergo muni bledosan opo ae sih sek wajar. Lah aku krungu suara banyu disemprot ae kaget. Yaopo gak marakno isin ya. Mulai teko kono, akhire aku ngelatih ben awakku gak kagetan nemen dan cara iki lumayan ngaruh nang aku, mbasio durung ilang bles ngono ae. Pencegahane iku luwe nang tindakan ambek gaya urip sing tak lakoni. Siji, urip luwe sante dan ngindari stres fisik karo mental. Loro, mangan sing cukup terus bergizi. Telu, turu sing cukup, minimal 6—7 jam. Papat, nduweni urip sosial sing sehat. Terakhir, gak nutup diri nang wong liyo sing isok ngekeki pengaruh apik.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3359", "text": "Ancene sing jenenge gojlokan ambek enyekan iku paling jengkelno ati, tapi kanggo wong sing wes biasa ngadepi iku maeng yo wes ora ngiro dilebokno ati mergone wes biasae megilan. Nah ben ora sampek keweden nag digojloki ambek dienyek maeng, aku ambe konco-konco mesti ngomong nang bocah-bocah sing ancen ora betah ambek mangkelan nag dikojloki iku ngongkon nganggep gojlokan iku koyok barat liwat ae, soale nag tambah digatekno ambek dipikirno ancene manasno ati ambek garai pikiran iki maleh ora karoan. Mangkane nag iso enyekan ambek gojlokan iku wes dianggep ae barat sing liwat utowo entut ae, soale ngunuku yo ora ngiro suwe paling notok nag wong-wong wes blenger lak ilang dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "323", "text": "Kegagalan sing ora ketok kui nanging kerep dialami karo wong-wong kui salah sijine gagal neng ngecukupi kebutuhane awake dhewe. Akeh wong ning urip iki seneng banget ngedisike kesenangene wong liyo tinimbang kesenangane dhewe. Wong akeh sing iklas rekoso sing penting wong liyo ora ngeroso kesusuhan. Nanging kui sifat sing kurang tepat. Awak dhewe kudu sadar yen kebutuhan lan kesenangane awak dhewe kui kudu digateke. Ciri wong sing ngedisike kesenangan liyane secara berlebihan kui salah sijine duwe empati sing duwur. Saking duwure empatine, egone dadi ketetutup tekan ora iso delok yen dheweke dee perlu diopoeni. Sing keloro, wong sing ora kepenakan. Wong kui angel banget ngomong ora senadyan opo sing dijaluk kui marake dee ora nyaman. Sing ketelu kui, wong sing barang-barange elek nanging malah seneng nukoke wong sing liyo barang-barang liyane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9555", "text": "Nindakake samubarang ana ing urip iki kudu ati-ati. Kene iku saben dina ngadepi wong liya sing sifate uga beda-beda karo kene. Nalika nindakake samubarang karo wonb liya, kene kudu bisa maca situasi lan kondhisi supaya ora nganti keblasuk lan ora nggarai wong liya lara ati. Misale nalika kene kekancan karo dheweke, kene kudu nindakake samubarang sing apik wae supaya kekancane ora pedhot. Utawa nalika ana ing tengah masarakat, kene uga kudu ngelakoni tindakan sing apik supaya ora nggawe wong liya kecewa. Aka nganti getun mburi wis nggawe wong sinb kene sayangi dadi kecewa ambek kene supaya urip tansah tentrem lan damai.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7153", "text": "Dino iki aku diajak adekku gawe pesta panganan karo adek-adekku. Bener-bener ket isuk sampe bengi gak leren mangan. Awak dewe wes berencana kate nang PTC cek isok jajan akeh. Sak durunge berangkat, awak dewe sarapan mangan sego krawu karo martabak usus. Jam 9, awak dewe berangkat cek tutuk kono sek sepi. Jam 10an, akhire tutuk nang PTC. Durung-durung, adekku ngajak tuku bubble tea dan tak turuti jajan nang Tiger Sugar. Mbari ngono, awak dewe keliling-keliling mall koyok biasane. Pas lewat Reddog, adek-adekku langsung semangat dan nggeret aku melbu. Nang kono, awak dewe tuku 3 corn dog, 1 kentang, karo 1 rose tteokbokki. Awak dewe mangan nang kono sambil ngobrol-ngobrol. Terus dijeda sholat disik. Moro-moro adekku sing lanang ngomong nek luwe maneh. Akhire awak dewe nang Tom Sushi. Nang kono, adek-adekku podo kalap njupuk sushi sing isok mlaku koyok kereta dan njupuki kabeh jenis sushi sing disajekno. Mereka sampe entok 20 piring dewe, dan aku mek entek 7 piring. Pas kate moleh, adekku sek njaluk mangan maneh soale luwe mergo keliling suwe ngiteri PTC. Akhire sak durunge moleh, awak dewe mangan ramen nang Golden Lamian. Bener-bener dino iki isine pesta mangan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9444", "text": "Yen kelangan samubarang, anggone goleki kudu kanthi sabar lan ngati-ati. Pamanggih kalawau kapireng sanget sae lan wicaksana. Awit, kathah tiyang manawi kicalan samubarang banjur alok-alok kekanthen karep wonten tiyang sanes kang priksa. Madosi barang ical kedah kanthi sabar. Tegesipun boten perlu lathinipun ingkang opyak, ananging badanipun lajeng pangkat saperlu pados barang kalawau. Pados kanthi sabar, nyata saged damel tentreming ati, ngirangi raos kemrungsung, wedi, lan sisah awit barangipun ical. Sabar kalawau salajengipun nuntun manah supados tinata. Madosi barang kanthi ngati-ati tegese migunakake pikir, daya pangenget, ngetut ana ngendi anggone deleh barang wau. Uga ngeling-ngeling sadurunge kelangan dhirine nglakokake menapa mawon. Kekanthen kalih bab wau, sampun pesthi menawi langkung gampil anggen pados barang ical.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7148", "text": "Pasti awakmu gregeten banget nek onok barang sing ilang mergo dicolong. Sing paling sering iku pulpen, opo maneh nek nang kelas. Buru ae ngetokno pulpen teko tepak, sak ketipan ae moro wes ilang. Pelakune pun biasane gak onok sing gelem ngaku. Koyok ngono iku pasti marai gondok. Solusine nek wes koyok ngono iku keki penanda nang setiap barangmu. Paling gampang iku nganggo selotip sing onok gambar-gambare. Selotip iku mau tempelno nang kuabeh barangmu, mulai teko buku, pulpen, pensil, stipo, stabilo, sampe buku pisan. Hal iku tujuane gawe nandai barang kepemilikan. Dadi nek semisal pulpenmu ilang terus onok arek sing nganggo pulpen sing onok lilitan selotipe, berarti jelas arek iku pencurine. Nek wes ngono, resiko barang dicolong bakal luwe cilik. Dadi sing pulpene sek sering ilang, coba praktekno solusi iku mau.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9814", "text": "Awit kabeh wong seneng yen diwenehi kado. Nanging ning ujug-ujug diwenehi kado uga kadang nggarai mak jegagik lan njingkat. Apa maneh yen duwe kanca sing love language iku seneng ngewenehi kado. Ora ana angin ora ana udan kadang langsung ngewenehi kado. Nanging wong sing duweni love language iki biasane duwe alesan kenapa gelek ngewenehi kene kado. Salah sijine dheweke wis ngerasa nyaman karo kene. Dadine dheweke mesti eling momen-momen penting kanggo aku. Kayata nalika aku wis rampung nalika dadi panitia, lan momen penting liyane. Mulane kudu syukur marang Gusti yen duweni kanca kaya ngene nanging aja nganti kanca kaya ngene mung dimanfaatne thok. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5259", "text": "Ning urip jaman saiki, awak dhewe kudu pinter milah lan milih pergaulan utawa kanca, apa maneh kanca lawas sing ora tau kenal sak durunge. Kanca lawas iki ya kudu didelok kelakuane. Ana kanca lawas suwe ora ketemu, banjur njaluk utang lan njaluk pitulungan sing bisa mbahayakake awak dhewe kaya nggawe identitas kanggo selangan dhuwit online utawa koperasi. Akeh wong kang manfaatke iki keapikan sing diwenehake kanca lawas amarga ora paham perubahan apa wae sing kedadian sing ora dingerteni sak durunge njaluk tulung. Amarga kuwi, ayo dadi kanca sing bisa ngerteni nanging ya uga kudu teges marang kanca liyane ben ora ana wong kang rugi. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7258", "text": "Ngeroso gak, nek ngecewakno wong tuwo, bah iku sengojo utowo gak sengojo, pasti rasa bersalahe dua kali lipat lebih nemen timbangane sing biasane. Opo maneh nek wong tuwone awak dewe sampe menengno awak dewe dan gak ngewaro awak dewe, rasane pasti luwe nyelekit. Dadakno tindakan ngecewakno wong tuwo iku isok melbu nang salah siji jenis tindakan sing marakno awak dewe durhaka nang wong tuwo. Balesan gawe arek sing durhaka nang wong tuwone iku langsung nang dunyo dan engkok nang akhirat sisan. Makane iku opo rasa gak nyaman mergo ngecewakno wong tuwo iku luwe gede mbasio awak dewe wes njaluk sepuro. Dadi mulai saiki, jogo perasaane wong tuwo, ojok sampe ngecewakno wong tuwo nek gak gelem dicap anak durhaka.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5273", "text": "Kanggo wong wedhok sing duwe kelainan PCOS, meteng kuwi berkat sing uga ora bisa diomongake amarga saking senenge. PCOS iki bisa cilik kemungkinane kanggo meteng lan uga bisa marai siklus haid ora teratur. PCOS utawa polycystic ovarian syndrome iki salah siji kelainan hormon yaiku jumlah hormon androgen iki luwih akeh lan bisa marai sel telur ora bisa ngembang miturut fungsine. Penyebabe bisa saka jumlah insulin sing kakehan utawa faktor genetik. Wong sing duwe wong tuwa diabetes, gedhe kemungkinane duwe kelainan insulin lan PCOS. Wong sing lara PCOS iki uga gedhe kemungkinane kena kista amarga ovarium sing numpuk lan ora ngembang. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7137", "text": "Giveaway iku kegiatan ndek ndi uwong bagi-bagi hadiah dengan syarat tertentu. Biasane syarate iku mulai teko nge-like postingan sampe ningalno komentar sing akeh. Sopo ae isok ngelakoni giveaway, termasuk awakmu. Uwong iku pasti tertarik banget gawe melu giveaway, dadi kadang jeneng sing melbu daftar iku sampe membludak. Onok salah siji cara efektif gawe nentukno pemenang giveaway, yaiku nganggo Random Name Picker. Pertama, awakmu melbu nang web wheelofnames.com. Mbari ngono lebokno daftar nama nang kolom sing wes disediakno. Awakmu isok nglebokno piro ae jeneng sing onok nang daftarmu. Nek wes mari, garek klik enter dan sistem bakal ngacak jeneng sampe engkok metu jeneng pemenange. Teko kono, awakmu isok nentukno pemenang giveaway mu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3758", "text": "Kabeh wong sing kenek idu iku roto-roto mesti mangkel ambek jember, opo maneh nag iku idune owng liyo yo tambah mangkele orambloko. Sing garai geting ambek jember iku maeng asline ora idune tapi ambuni sing ora enake pol ambek bentuke sing gilani. Nah ben nag keneg idu iku maeng cepet ilang ambune iku asline gampange pol, karek diguyang banyu ambek sabun sing wangi ben ambuni idu maeng iso ilang cepet. Nag ancene ora nemokno sabun polahe kenek idu maeng nang dalan yo mandek dilek terus diwei lemah utowo awu nang pinggir dalan iku mandine pol. Nah iku maeng carane ben nag kenek idu iku ora ambu basin terus gelis ilange.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2044", "text": "Yen misale, awak dhewe ketemu tikus neng omah, awak dhewe kudu ngusur utowo mateni khewan pengerat kui. Opo meneh yen awak dhewe delok ora mung siji utowo awak dhewe kerep delok tikus kui wira-wiri liwat neng omah. Iso dadi yen tikus kui gawe sarang neng omahe dhewe utowo neng cerak-cerake omahe dhewe. Awak dhewe kudu matine tikus kui soale kui dadi salah siji khewan sing gowo penyakit. Tonggoku durung suwe iki ono sing sedo soale dheweke keno virus tikus. Aku ora ngerti jeneng asli viruse kui opo, naning wong-wong ngaranine koyo ngono. Tekan saiki, tonggo-tonggo dadi luwih wedi yen delok tikus neng sekitar kompleks e awak dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3421", "text": "Pas aku kerjo nad daerah Industri Jawa Timur sekitar 2018. Aku delok ono rame-rame nang ngarepe kantorku, tibake ono kecelakaan sing ditubruk maeng iku wong tuwek, terus sepedae maeng sampek bengkong untunge wonge maeng ora lapo-lapo. Nah terus polisi maeng teko ambek ngamano lalulitas maeng. Mari ngunu koncoku sing nang ngarep iku langsung mlebu nang jero kantor kampung polisine ora ngerti, jarene deke wedi nag dijaluki dadi saksi mergone deke sing nulungi maeng. Asline deke iku ora wedi, soale engko nag dadi saksi jelas kerjone ora mari-mari terus targete dino iku ora mari terus gajine dipotong. Kejobo nag dadi saksi oelh duwek sing kenek gawe ongkos mangan se ora opo-opo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9146", "text": "Gak sembarang dokter iku isok ngelakoni prosedur bedah. Dokter sing isok ngelakoni bedah iku kudu ngelakoni sekolah spesialis bedah ben mereka entok gelar iku mau. Proses gawe ngentokno gelar iku gak gampang lho rek. Mereka iku roto-roto kudu sekolah sampe luwe teko sepoloh tahunan. Lapo ae kok sekolah dokter tok sampe sakmono suwene? Proses dadi dokter bedah iku koyok ngene. Siji, ngelakoni masa preklinik alias kuliah sekitar 4 tahun. Loro ngelakoni tes UKMPPD. Telu, disumpah gawe dadi dokter. Papat, ngelakoni proses koas sing dilakoni sekitar 2 tahun. Limo, nempuh program intership sekitar 1 tahun. Enem, sekolah maneh nang PPDS gawe isok ngentokno gelar spesialis. Khusus spesialis bedah iku sekolahe sekitar 10 semester alias 5 tahun. Nek ditotal kabeh, dokter bedah iku sekolah sampe 12 tahun sing paling suwe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8322", "text": "Curut iku hama sing aktif pas bengi. Curut iku isok ditandai keberadaane teko teleke sing cilik-cilik dan werno ireng. Biasane, bedo jenis curut bedo sisan ukuran teleke. Nek curut got iku, biasane teleke iku dowone 18 mm. Terus nek curut atap, teleke iku dowone 12 mm. Nek curut omah, teleke iku dowone 3—8 mm. Terus teleke tikus iku akeh dipadakno karo teleke coro karo cicak. Biasane nek teleke coro iku luwe cilik timbang teleke curut. Terus nang teleke curut iku biasane onok rambut-rambute sing gak mungkin onok nang teleke coro. Terus nek teleke cicak iku biasane nang bagian ujunge onok werno putihe, gak koyok teleke curut sing ireng bleng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7645", "text": "Macet iku ancen dadi hal sing paling malesi. Nek uwong wes kenek macet, pasti emosine luwe gak teratur dan marakno luwe gampang stres. Hal iku mergo wong-wong sing kenek macet iku wes pegel, terus diuji maneh karo macet, dadine wong iku luwe sensian dan marakno gampang emosi. Nek gak, wong isok dadi ngeroso panik mergo wedi telat utowo kegiatane dadi terganggu. Rong penyebab iku sing marakno ujung-ujunge wong sing kenek macet bakal stres karepe dewe. Nek uwong wes stres, iku bakal nganggu rutinitas e dan marakno kerjaane dadi gak maksimal kabeh. Dadi macet iki isok mbrebet nang masalah ndi-ndi ae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7531", "text": "Buru ae tangi turu, aku wes krungu suara ribute adek-adekku. Saking wes biasane, mek tak jarno ngono ae. Adek-adekku iki ancen senengane tukaran ben dino, dadi aku wes kulino. Awale ancen ketok rebut biasa, cuma suwe-suwe mulai ketok aneh. Sing siji nggepuk, sing siji njambak. Sing siji nyubit, sing siji nyaduk. Sing siji nyelentik, sing siji napok. Terus tambah suwe tambah antem-anteman sing marai aku panik. Gak biasane soale arek loro iku tukaran ndang atek main fisik. Aku cepet-cepet misahno arek loro iku dan ngomeli siji-siji. Moro adekku sing lanang nyeletuk nek mereka ngelakoni iki mek gawe iseng-isengan tok soale lagi bosen dan sengojo marai aku panik. Adekku sing wedok setuju dan langsung ngguyu pas ndelok raiku sing mek isok melongo. Yaopo gak kaget, wong aku sek tas ae diprank karo adekku.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4337", "text": "Ancene ora kabeh wong iku beta mabek mentolo nag ambu barang sing amis-amis. Nah barang sing amis-amis iku biasane mesti ono hubungane ambek sing jenenge iwak sing isek entah. Masio iku onon hubungane ambek iwak sing entah tapi sing marakno wong mangkel ambek jijik nag ambu barang sing amis iku yoiku polahe nyabe utowo lomlomen karo sing jenenge sumbere amis maeng sing dietet-etet utowo isek entah. Dadi iku maeng termasuk perkoro lapooh wong sing ambu barang sing amis iku mesti jijik ambek jembar. Sak liyane iku maeng, ambu amis iku biasane dihubungno karo barang sing nyukeri koyok contohne geteh ambeh iwak sing isek entah. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4331", "text": "Pas aku dadi panitia diklat bocah MABA nang kampus biyen, aku mesti bagian konsumsi. Nah pas iku aku ambek panitia liyane iku pengen nunu iwak soale rasane ancene enake megilan. Nah sak durunge ditunu aku mesti bagian etet-etet iwak ben ora ono wedele, pas tak etet-etet koncoku sijine iku dadi sing bagian gawe bumbu, tapi pas mambu wedel sing tak etet-etet ambek sing tak bledosi, bocah langsing nyingkreh ambek mengkirik mergo nyabe karo jember maeng. Yo ancene ora kabeh uwong iku tatak ambek sing ambune amins-amis. Sing garai ngunuku maeng aku dewe yo ora ero, tapi wong sing jember ambek amis ngunuku biasane nag petok perkoro sing amis-amisan mesti nyingkreh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7624", "text": "Selingkuh iku onok macem-macem penyebabe. Salah sijine iku perkoro duit. Duit iku ancen dadi perkoro sing paling sensitif nang hal opo ae, salah sijine hubungan pasangan. Perkoro finansial stabil iku sek isok marakno perselingkuhan, contohe wong lanang sing kakean duit dan ngeroso bosen karo pasangane terus milih gawe selingkuh. Sing stabil ae isok marakno perselingkuhan, opo maneh nek finansial gak stabil. Contohe wong wedok sing milih nggolek lanangan liyo mergo pasangane mlarat dan gak isok mbiayain uripe. Ancen perkoro duit iku koyok pisau bermata dua, dan kabeh isok dadi korbane, gak lanang gak wedok. Nek wes ngene, potensi keretakan rumah tangga dadi tambah gede.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3023", "text": "Pas dolan nang alun-alun ambek koncoku dok kota gudeg. Aku delok ono bocah wedok sing moro-moro seneni ambek wong lanang teko gurine. Tibake wong lanang maeng iku srengen polahe pacare maeng nyelingkuhi deke. Sing jenege selingkuh yoiku perkoro sing ora jujur opo onone ambek pasangane utowo nyeleng karo wong liyo sing ora pasangane. Nah kedadean utow perkoro ngeneki asline wes gelek kedaden nang endi-endi tok, ora mok wong sing pacaran tok, tapi yo ambek wong sing wes kawin ambek duwe anak ae gelek gedaden. Dadi penggawean iki ancene ora apik nag dilakoni soale iso dadekno perkoro elek. Sak liyane iku perkoro iki yo termasuk khianat nang wong sing wes percoyo. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8351", "text": "Dino iki aku iseng-iseng berangkat nang Kampus mlaku. Berhubung lagi males nyetir mobil, dadi sesekali mlaku gak masalah. Wong Kampusku gak adoh nemen teko Kos ku, dadi gak megelno sisan. Koyok wong-wong pejalan kaki liyane, aku melu mlaku nang trotoar pinggir dalan. Berhubung iki wes rodok awan, dadi pejalan kakine yo rodok akeh sisan. Tapi mbasio ngono, aku tetep nikmati kok. Tapi pas enak-enak mlayu, moro aku midak sesuatu sing teles. Pas tak angkat sikilku, dadakno aku buru ae midak idune uwong. Aku langsung nggosok sepatuku buanter nang paving sing sek garing dan cepet-cepet ngadoh teko panggon iku. Sumpah seh, sing sek tas iku nggilani puol.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8389", "text": "Panganan sing rusuh iku gak mergo rupane tok lho rek. Bahkan onok panganan sing rupane resik, tapi isok dikategorikno dadi panganan rusuh. Salah sijine iku junk food. Nek diartikno, junk food iku panganan sampah. Kok isok diarani koyok ngono? Hal iku mergo junk food iku gak nduwe kandungan gizi sing bermanfaat gawe awak dewe. Malahan kandungane iku didominasi karo lemak jenuh ambek natrium sing duwur. Rong kandungan iku isok memicu pirang jenis penyakit sing serius. Mulai teko stroke, kolestrol, hipertensi, sampe gagal jantung. Dadi gawe awakmu sing sek seneng mangan junk food, mulai dikurangi yo rek nek awakmu sek sayang ambek awakmu dewe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5389", "text": "Kadhang penggawean sing du]ijupuk wong liya kuwi bisa kedadian amarga ora disengaja, ning hasil akhir biyasane langsung hasile dobel lan salah siji uga kudu berkorban disingkirake utawa diilangke. Tugas sing digarap wong liya kuwi bisa kedaden amarga kurange komunikasi ning jero kelompok uga kurang cedhak. Kamangka, penggaweyan dadi kurang teratur lan kurang apik amarga gawean sing tumpang tindih lan uga ngerugikake wong akeh. Amarga kuwi, saiki awak dhewe kudu nguwasai teknik komunikasi sing apik ben bisa dadi conto lan ora gampang ngelarani wong ati. Yen posisi awake ndhuwuran, ayo sing luwih apik maneh nyusun rencana kerja ben ora ana tumpang tindih. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7188", "text": "Pas awakmu teko nang acara nikahane sopo ae, pasti awakmu nduwe klambi khusus gawe melu kondangan. Biasane klambine luwe mewah timbangane koleksi klambimu sing liyane. Dan iku wes dadi budaya nang Indonesia. Cuma, kadangan onok wong sing teko nang kondangan nganggo klambi sing ketok heboh banget, bahkan ngalah ngalahi pengantine. Sing koyok ngono iku kadang kurang nyaman didelok gawe beberapa uwong. Nek saranku, isokno nganggo klambi kondangan iku sing luwe sederhana. Mewah oleh, tapi ojok sing heboh banget koyok ngono. Soale yaopo yaopo maneh, iki acarane pengantin, guduk fashion show. Dadi sing kudu ketok paling menonjol iku pengantine. Dadi mulai saiki, nganggo o klambi mewah tapi sederhana cek gak nutupi pengantine.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2626", "text": "Saiki akeh wong ngeroso nag awake gagal nang uripe. Padahal perkoro maeng kedaden polahe awake dewe. Lah sing garai wong gagal nag uripe iku yo akeh koyok contone wong sing bujuk'i awak'e dewe, maksute piye? maksute akeh wong sing ngeroso nag deke iku sing paling sugeh, paling pinter, paling bener, padal kenyataane akeh wong sing koyok ngunuku iku. Roso sing koyok ngunuku sing dadekno wong iku maeng duweni sifat sombong sing akhire deke ngelakono penggaweane sak karepe dewek terus akhire gagal polahe rumongso iso maeng. Terus nag gagal biasane wong koyok ngunuku iku angel kandanine ambek senengane yalahno wong liya. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4882", "text": "Jaman saiki, ana layananan jasa kepengurusan manten jenenge WO utawa weeding organizer. Jasa WO iki nawarake dadi panitia kanggo wong sing arep ngadakake kawinan. WO iki ngurusi kabeh kebutuhan kaya gedung, katering, dokumentasi, tamu-tamu, lan kabeh urusan liyane kajaba administrasi ning KUA. WO iki ngganteni jasa laden manten ning kampung-kampung. Biyasane isine bocah enom sing kreatif lan nduwe akeh kanca saka vendor manten. Jasa WO iki dibayar sak paket lan nduwe kewajiban ngurusi manten wiwit saka lamaran kanthi resepsi. Dadi jasa WO iki sak liyane kreatif uga kudu duwe kebiyasaan komunikasi sing apik amarga kudu ngurusi tamu lan keluarga manten. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3442", "text": "Aku wingi mari mlayu sipat kuping polahe diajaki asu sing ora umum rupane. Nah rupane iku putih rodok abu-abu terus ono garis-garisi teko duwur endos sampek anjok buntut, terus nag endase iku maeng ono jambule koyok singo sing rowes-rowes tapi warnae abu-abu, terus gedene iku maeng meh sak mondo wedus, dadi gedene megilan. Aku sing wes kadung keweden delok rupane yo langsung mlayu, terus karo asune utowo kirike maeng yo ngajaki menisan, apane aku nag gak keplayu lak dicokot lak yo apik. Mangkane aku saiki nag liwat kono mesti ati-ati ojo sampek rame-rame. Tapi nag gak kepekso mesti ora tau liwat kono mesti golek liyane. Soale kirike iku galake pol.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "387", "text": "Yen awak dhewe cerai sebagai wong tuwo, anak kui bakal ngeroso sedih, sak ora-orane bakal dadi bingung. Mungkin, ning pikiran anak kui takon, kenopo dee, bapak, lan ibu ora tinggal bareng meneh. Keputusan cerai kui pancen ditangan bojo lan garwane, nanging sebagai wong tuwo kui kudu gateke perasaan anak. Paling ora, yen misale kudu padu karo pasangane dhewe kui ora neng ngarep anak. Anak kudu dekei pengertian, opo kuwi maksude cerai. Kanggo dee, konsep cerai isih asing. Awak dhewe uga kudu nunjuke neng anak yen bapak karo ibue tetep sayang neng dee, senadyan wis ora sak omah meneh. Lan wong tuwone kui kudu ono neng setiap tahap kehidupan anake kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1532", "text": "Jaman sekolah kui jaman awak dhewe nakal-nakale. Awak dhewe kerep garapi koncone dhewe tekan dhewe ngeroso isin, malah ono sing tekan nangis. Awak dhewe kerep guyoni polah-polah koncone dhewe neng kelas. Sing dadi alesan awak dhewe guyu kui okeh. Nanging sing paling kerep, awak dhewe guyoni konco-konco mergo dheweke bedo dhewe. Conto sing paling sederhana kui yen koncone dhewe salah nganggo seragam. Sakliyane kui, awak dhewe uga guyoni koncone dhewe sing ngerti-ngerti polahe aneh pas lagi neng ngarep kelas. Biasane pas guru neyluk dheweke kanggo jawab neng ngarep papan tulis utowo ngewacake teks sing dibagi mau. Ono uga pas lagi jam kosong. Konco-konco pas jam kosong sok dadi edan lan ngelakoke hal sing aneh-aneh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7961", "text": "Akhir-akhir iki rasane Nunuk ngeroso uripe gak tenang kabeh. Hal iku mergo akhir-akhir iki onok uwong sing neror de’e dan ngancem kate nekani de’e. Awale Nunuk njarno ae, ngirone iku mek wong iseng tok. Dadakno teror lewat chat iku sek terus ae kedaden. Padahal nomere iku wes diblokir karo Nunuk, tapi peneror iku nganggo nomer liyane gawe neror de’e. Akhire Nunuk nyoba ganti nomer, sopo eroh de’e wes gak diteror maneh. Eh dadakno peneror iku weroh nomer anyare dan sek tetep neror Nunuk. Iku marakno Nunuk maleh wedi metu nang ndi-ndi. Bahkan kate berangkat kerjo ae de’e keweden. Nunuk wedi pol nek moro de’e ketemu karo peneror iku dan dijaluki sing gak gak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5278", "text": "Tanggung jawab moral masyarakat saiki tambah gedhe amarga tambah akeh wong kang meteng nanging ora direncanakake. Keluwarga saiki ana sing anti nganggo KB amarga alesan agama. Nanging alesan kuwi ya ora logis amarga KB kuwi ya ana hubungane karo kesejahteraan masyarakat. Tanggung jawab moral liyane yaiku njaga para anak ben ora kejebak ning pergaulan bebas lan sak penake dhewe nggawe fasilitas lan teknologi banjur kaget yen wis meteng dhisikan amarga ora oleh pendidikan seksual. Kamangka, awak dhewe generasi enom kudu bisa ndidik anak kanthi bener lan uga bisa ngitung lan ngerencanakake kelairan nganggo ukuran ekonomi sing bener miturut penghasilan ben ora dadi beban lingkungan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4818", "text": "Kampung Inggris ning daerah Kediri kuwi salah sawijining kampus sing nyediakake program sinau basa Inggris kanggo wong sing pingin nduwe biji utawa skor sing dhuwur. Program sinau basa Inggris iki wis bisa ngeluluske akeh wong ning ujian kemampuan basa Inggris kaya TOEFL utawa IELTS. Kampung Inggris iki nyediakake akeh fasilitas lan kurikulum sing bisa ndukung biji TOEFL lan IELTS. Wis akeh sing mbuktikake lan seneng amarga bisa lulus ujian lan oleh biji sing apik. Kamangka, ajak kabeh kanca sing pengen sinau basa Inggris ning Kampung Inggris amarga akeh manfaat lan bisa nambah kanca kanggo ndukung sinau basa Inggris ben luwih semangat. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2520", "text": "Aku wingi seneng tuku barang pas mari nyelengi soale duwete wes bedo itungan ambek sing nag celengan. Terus sing garai seneng maneh aku iso nyelengi sisan terus iso tuku barang sing iku tak senengi. Mari ngunu barang iku yo termasuk apik soale manfaate kede kanggo ngerjakno tugas. Opo maneh saiki jamane serba digital, kabeh nganggo internet mangkane aku kudu tuku barang iku ben ngerjakno tugase lancar. Sak liyane iku barang iku maeng yo asline hasil teko tabunganku biyen sing wes akeh, tapi tetep wae aku isek iso nabung masio aku tuku barang iki. Yo ikiloh sing jenenge urip hemat tapi ora kiamat kanggo wetenge. Soale isek iso mangan masio kadang lawo tahu tempe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4840", "text": "Ning omah, ibu mesti dadi wong sing paling titen perkara barang. Yen ana barang ilang, mesti ibu sing ngewangi nggoleki. Nanging barang-barang sing ilang kuwi yen tak goleki mesti ora ketemu. Salah sawijining dina, aku kilangan kaos kaki. Kaos kaki kuwi penting banget amarga ana logo sekolah lan kudu digawe isuk kanggo upacara dina Senin. Aku wis nggolek kanthi bingung amarga kaos kaki kuwi bisa nyelip ning ngendi wae. Nanging aku ora weruh ning ngendi wae. Banjur ibuku melu nggoleki. Aku ora weruh kepiye carane kaos kaki kuwi bisa ketemu ning tangane ibuku. Aku seneng banget pas kaos kaki kuwi ketemu. Kamangka kuwi, aku ora sida dihukum. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3472", "text": "Aku pas dolanan game iku moro-moro bingung dewe polahe lawane moro-moro nyerang ambek karakter sing wes levele gede. Terus senjatai iku yo apik-apik wesan. Nah game iku jenenge Empire Earth. Nag game iku ono pirang-pirang negoro sing iso mok dadekno omahmu. Terus teko ngoro iku maeng awakmu iso ngedekno militer sing gede sing engko bakal iso perang utowo digawe jajah negoro liyane. Kabeh negoro nang permainan iki iku iso munggo level nag salah sijine barang utowo sumber dayae maeng wes cukup koyok emas, woco, tembogo ambek liyane. Nag wes update engko lagek iso gawe tentara sing apik-apik. Nah wingi aku jumbol moro-moro negoroku diserang entek-entekan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9519", "text": "Tradhisi nalika ana wong sing seda iku akeh banget. Ana sing nggawe pengajian nganti seminggu, ana sing nggawe bancakan nalika dina pengetane, lan tradhisi liyane. Kanggo wong sing seda sakjane sing dibutuhake iku donga saka kaluwargane supaya dalane bisa lancar lan padang. Nanging kadang wong-wong isih pengin banget ngelakoni tradhisi kaya ngono. Nanging yen wis dirasa tradhisi iku ngabotna kaluwarga sing ditinggalne sakjane wis ora perlu dilakoni. Kaluwarga sing mesti isih ngerasa sedih lan atine ora karu-karuan amarga ditinggal seda isih kudu nyepakna panganan kanggo para tamu. Mula, aja wedi kanggo mandheg saka tradhisi iki yen wis dirasa iku ngerepotna banget.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2904", "text": "Ulan 8 wingi pas aku muleh teko Ponorogo aku wedine pol soale koncoku sing tak gonceng iku moro-moro berok-berok polahe keweden delok pocong sing ono nang pinggire wet asem sing gedene naudubillah ambek petenge megilan. Nah aku sing keweden sisan yo langsung gas sepeda sak notok-notoke gas. Asline jumbul polahe masi wetan iku wajar ae soale menungso iku mesti yo duwe roso jumbul. Tapi nang koyok ambek koncoku maeng iku jenenge wes ora jumbul maneh tapi kejumbulen sampek dadi keweden. Dadi asline yo sing jenenge jumbul iku mok sedelok mari ngunu nag wes ngerti yo ora dadi jumbul maneh. Dadine jumbul iku nag jareku se lumrah ae.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9800", "text": "Bengi iki aku lan dulur-dulurku turu ana ing omahe Bulik. Omahe Bulik iku ana ing tengah kebon ing Gunungkidul. Nalika aku tekan kene pas jam 5 sore wis sepi lan swasane nggegirisi banget. Aku rada wedi tapi isih tenang amarga ora gelem mikir sing ora-ora. Nalika jam 9 bengi, aku kebelet nguyuh. Jeding ing kene ana ing njabane omah dadi kudu metu. Aku ijenan ana ing jeding lan kuaget ana wong gedhe duwur ireng ing mburine jeding. Aku gur meneng lan ora bisa ngapa-ngapa. Kanggo mbengok wae ora bisa, langsung ora suwe Ayahku ndelok aku sing keweden akhire njawil aku. Sawise iku takdelok wis ora ana wong gedhe dhuwur iku mau ing mburine jeding. Aku langsung mlayu mlebu omah lan ora sida nguyuh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8325", "text": "Salah siji telek kewan sing paling akeh digunakno dan dimanfaatno iku teleke sapi. Pemanfaatan telek sapi iku guduk dadi hal sing anyar ndek dunyo pertanian. Petani iku nganggo teleke sapi gawe pupuk soale teleke sapi iku gak bakal ngerusak konstruksi lemah sing digawe bertani. Selain iku, telek sapi iku limbah sing nduwe kandungan unsur hara duwur berupa nitrogen, fosfor, karo kalium. Unsur hara iku mau berguna pol gawe perkembangan taneman. Tapi kudu digatekno sisan, telek sapi sing apik digawe iku sing garing soale wes ngalami proses fermentasi. Malah telek sapi sing sek teles iku gak oleh digawe pupuk soale malah isok marakno tanaman dadi mati.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9164", "text": "Plagiat iku tindakan gawe njupuk karyane wong liyo terus dianggep dadi tekne dewe. Nek tak deloki, akeh-akehe plagiat iku dilakoni secara sengaja. Maksute iku mereka dengan sadar njupuk karyane wong liyo dan ngakoni dadi tekne. Tapi percoyo gak nek kadangan plagiat iku kedaden mergo sesuatu sing gak disengojo? Hal koyok ngono iku mungkin banget gawe kedaden. Biasane awak dewe iku entok inspirasi teko siji karya, terus nggawe karya sing gak sengojo nduwe akeh kemiripan teko karya sing dadi inspirasine awak dewe. Padahal awak dewe iku gak onok niatain gawe niru, mek entok inspirasi ae. Makane iku opo’o kadangan plagiat iku isok kedaden mergo gak sengojo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7520", "text": "Akhir-akhir iki aku ngeroso nek mripatku iku puerih banget rasane. Awale tak kiro mripatku garing mergo kakean nang ngarep layar laptop. Awale yo mek tak tetesi obat mata biasa. Tapi tambah suwe gatele iku tambah nemen dan saiki onok keroso perihe. Timbangane tambah nemen, mending aku nang dokter mata. Moleh teko kuliah, aku langsung njujuk nang rumah sakit mata. Pas diperikso, doktere ketok nggumun dan takon iki aku mbari lapo ae akhir-akhir iki. Aku mek ngomong nek ngerjakno UAS sing bentuke makalah kabeh. Doktere langsung geleng-geleng sira dan langsung ngevonis nek korneaku iku suwek marai aku langsung mbengok saking gak percoyone. Dan gak suwe mripatku langsung dikeki salep, ditetesi obat, dan ditutup nganggo perban. Selama ditangani, aku mek isok meneng saking gak isok percoyone nek mripatku isok sampe koyok ngono.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2002", "text": "Aku sebenere kui takut yen disuntik. Misale ono pilihan ora disuntik, aku milih sing liyone wae. Nanging yen misale, ono kahanan sing mekso aku kanggo disuntik, aku kepengen disuntik karo suster utowo dokter sing wis tuwo. Menurutku, rasane beda banget disuntik karo dokter utowo suster sing tuwo lan sing enom. Yen wong nyuntik kui wis tuwo kudune pengalamane wis akeh. Dheweke wis nyuntik ewunan wong sak durunge aku. Dadi pas disuntik karo dokter utowo suster sing wis tuwo kui rasane ora patio lara. Nanging yen disuntik karo sing luwih enom kui biasane lara. Mungkin mergo pengalamane kurang. Iso wae sebenere dokter utowo suster sing enom kui nyuntik ora lara, nanging aku durung nemoke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "397", "text": "Urip dhewekan kui mendeni. Opo meneh neng lingkungan sing awak dhew ora kenal, ditambah ora ono wong sing awak dhewe kenal lan iso dipercoyo neng kono. Salah siji sing kudu digateke kui perkoro keamana. Sadurunge niggalke omah, awak dhewe kudu ngecek meneh kiro-kiro ono celah kanggo maling utowo wong asing mlebu. Sing awak dhewe iso lakoke kui sing ke siji, ngunci lawang, nek iso ora deleh kunci neng panggon sing tersembunyi naning isih neng omah. Tetep ono kemungkinan wong liyo iso ngerti panggon delehe kui. Jendelo-jendelo uga kudu dikancing. Barang berharga koyo perhiasan duwit lan liyane-liyane kudu disimpin neng panggon sing aman. Luwih apik meneh, yen awak dhewe iso nyimpen neng brangkas.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1410", "text": "Pas lagi mudik kui, dalan gedhe lagi rame-ramene. Dalan antar propinsi sing biasane macet pas kui soyo macet. Salah siji panggon sing kerep digunake wong sing mudik kanggo leren kui SPBU. Neng kono wong iso ngisi bensin, madhang, sembahyang, lan sing paling kerep kui neng kamar mburi. Nanging masalehe kui, kamar mburi neng SPBU kui akeh sing jijiki. Aku tau pas lagi mudik seko Yogyakarta neng Jakarta kui mamper neng salah siji SPBU neng Jawa Tengah. Kamar mburine kui reged banget. Neng jerone kui, akeh lemah-lemah sing kegowo neng kasut utowo sandal wong-wong. Ombune neng kono uga pesing banget. Bar mlebu kamar mburine, aku rasane pengen cepet-cepet metu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9418", "text": "Ujian iku dadi memedi kanggo kabeh murid sing ana ing sekolah. Ujian dadi penentu kanggo ndelok siswa wis bisa lulus apa ora saka sekolah iki. Supaya bisa lulus ujian uga kudu sinau kanti tenanan lan donga sing kerep marang Gusti. Manut ing guru uga penting supaya dalane dilancarke nalika ujian. Sadurunge ujian sing paling apik yaiku jaga kasarasan. Sinau nganti bengi iku pancen ora apa-apa kanggo mbaleni maneh materi utawa pelajaran sing wis diajar ana ing sekolah. Nanging yen wis cedhak karo dina ujian luwih apik ora turu laur-lauran nganti begadang kanggo sinau amarga bisa nggarai awak lara lan malah ora bisa melu ujian. Saliyane sinau, aja lali kanggo jaga awake dhewe ya supaya bisa seger waras pas ujian!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1042", "text": "Koncoku tau cerito pas cilik, jarene dheweke tau delok demit. Demit sing dee maksud kui Banaspati. Dheweke delok kui maghrib-magrib bar bali seko masjid. Bentuke kui koyo sirah sing mabur. Sirahe kui kobongan. Jarene, mirip-mirp sirahe Ghost Rider sing ono neng film. Aku gumon kerungu gambaran banaspati seko dheweke. Soale, sak ngertiku banaspati kui, bentuk koyo geni biasa utowo buletan cahaya sing werno abang. Lanjute koncoku, pas delok sosoke kui, dheweke wedi banget. Dheweke langsung nyopot sandale ben iso mlayu luwih banter. Nanging yo bener sih, aku yo wedi nek delok sirah sing mabur ngono. Banaspati sing didelok dee luwih medeni seko neng bayanganku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7226", "text": "Kegagalan iku marai beberapa wong dadi terpuruk bahkan onok sing sampe stres dan akhire menyendiri dan gak gelem ketemu ambek wong liyo soale ngeroso isin. Nek misal awakmu nduwe konco sing ngalami hal sing podo, awakmu kudu cepet-cepet nyegah iku sak durunge hal sing gak dipingini terjadi. Onok langkah-langkah sing tepat gawe ngajak arek sing gagal bangkit maneh. Siji, cedeki arek iku disik. Mulai teko dijak mangan bareng, dolen bareng, pokok seneng seneng bareng disik ae. Pikat hatine sampe de’e percoyo ambek awakmu. Loro, alon-alon mulai bahas tentang kegagalan sing dialami de’e. Alon-alon sisan ngomongo, nek kegagalan sing dialami de’e iku guduk akhir teko segalane. Ojok terlalu larut nang kesedihan iku mau, soale sek akeh hal nang dunyo iki sing isok dinikmati. Mulai teko indomie sing sek isok dipangan kapan ae. Dan jelasno hal-hal remeh liyane sing isok dinikmati tanpa bakal gagal pas dilakoni. Ojok lali sisan dungo cek arek iku segera bangkit teko keterpurukan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5387", "text": "Ning wayah pandemi, akeh penggaweyan sing rasane tumpang tindih amarga komunikasi sing kurang apik. Kerja saka omah nganggo laptop lan internet kadhang uga mboseni lan marai kualitas kerja kurang apik. Penggaweyan sing tumpang lan tindih iki uga marai suasana kerja kurang enak. Kamangka, kanggo ngindari keliru ning babagan komunikasi iki, kabeh wong sing ning kantor kudu duwe grup utawa panggon ngobrol virtual kanggo ngelaporake gawean amarga gawean iki bisa diomongke bareng-bareng yen komunikasi lancar. Kaping pindho, kudu ngerteni kondisi sing bedha ning omah. Kaping telu, kudu tepa slira lan ngerti porsi penggawean wong liya lan uga ora njegal wong liya. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3419", "text": "Nag ancene wong iku ngeroso wedi pas ngalakoni kesalahan artine wong iku maeng isek duwer ati. Soale kadang nag wong sing ancene ora duwe ati ambek biasa ngelakoni salah iku mesti ora ngiro ngeroro salah. Anjurane wong sing wing tau ngalami ngunuku yaiku kudu iso dadekno roso salah maeng dadi pengalaman urip ben ora ngelakoni kesalahan maneh ben ora dadekno roso wedi maneh, terus kudu wadi tanggung jawab ambek kesalahan sing wes dialkoni soale biasane wong nag wes kadung ngelakoni kesalahan mesti sengedan utowo buwak nag wong liyane. Belajar tanggung iku ancen penting ben wong iku maeng duwe roso mental ambek tanggung jawab sing apik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9157", "text": "Onok uwong sing ngelampiasno amarah e atek cara nyanyi sak karepe dewe. Aku iku sering ngelakoni koyok ngono sisan. Cuma kadangan suaraku kebanteren dan nganggu penghuni omah liyane. Mergo iku, aku nggolek solusi yaopo ben awakku isok nyanyi gawe ngelampiasno emosiku ben gak gampang marah-marah. Akhire aku nemu, yaiku nang panggon karaoke. Nang kono, aku isok nyanyi dan bengak bengok karepe dewe soale ruangan nang karaoke iku kedap suara. Salah siji panggon karaoke sing sering tak kunjungi iku NAV Karaoke. Nek awakmu kepingin karaokean gawe ngelepas emosi, rutono rute iki. Berangkat teko Kebun Binatang Surabaya, jupuk arah lor ndek jalan Diponegoro nang jalan Setail. Mbari ngono, belo kiwo nang jalan Dr. Soetomo. Mbari ngono pas ngelewati The Pianoza, awakmu puter balik. Engkok lokasine onok nang kiwo dalan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6199", "text": "Tukaran lan padu rumah tangga kuwi babagan sing biyasa, nanging yen ketemu wong utawa krungu tanggane, kuwi dadi babagan sing marai isin. Rumah tangga sing apik kuwi yaiku rumah tangga sing bisa nutupi aib saka wong lliya. Nanging saiki malah seneng yen dadi bahan guneman karo tangganae, utamane yaiku keluarga artis. Banjur malah nambahi bumbu cerita ben rame lan dadi omongan sing panas kiwa lan tengen. Yen wes kaya iki, tambah akeh wong sing melu urusan rumah tangga sing kudune sifate privasi. Kamangka, yen wes rumah tangga, ayo kudu bisa ngelanggengake lan bisa nutup aib ben ora isin diomong karo tanggane.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3309", "text": "Wong sing wedi polahe kenek demam panggung iku ora saitik. Artis-artis sing saiki terkenal yo tau kenek masalah koyok ngunuku. Tapi asline ben ora kenek ngunuku ono pirang-pirang anjuran sing iso kenek dipertimbangno yoiku latihen terus opo sing atene mbok tampilno nang umum utowo pertunjukan ambek sing nang duwur panggung, soale ambek latihan iku maeng awakmu bakal kebiasa ambek materi sing mbok sampekno akhire nguasai materi iku. Terus sing paling penting yoiku nguasai materi, nah nguasai materi iki tambah penting maneh soale nag ora iso nguasai ambek ngerti materi yo jelas bingung bakal ate ngomong opo, opo maneh nag wes nang duwur panggung yo tambah ora karuan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5300", "text": "Aku ngerasa mangkel pas teka marang mantenane misananku. Acara kuwi diadakake ning Jakarta lan ngundang akeh tamu. Ya kira-kira ana 1000 wong, amarga kuwi acarane katon rame banget. Acara mantenane mlaku kaya biyasane, ya ana orkes, uga ana panganan sing macem-macem. Amarga wis awan, budheku ngongkon aku mangan. Banjur aku nang bagian prasmanan lan njupuk piring uga sendok. Pas aku arep njupuk sega, jebul ana ibu-ibu ning ngarepku nutupi dalan. Tingkahe uga ora karuan lan marai antrian saka aku ning mburiku rada kisruh. Aku mangkel nanging ora bisa muring-muring amarga ora gelem marai acara kuwi kacau lan aku isih duwe rasa sungkan marang sedulurku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7503", "text": "Istilah indigo ambek indra keenem iki lagi akeh banget dibahas dan akeh sing ngait-ngaitno. Onok sisan sing nganggep rong hal iku podo. Nek didelok teko fisik tok ancen gak onok perbedaane. Padahal indigo ambek indra keenem iki bedo. Sing paling jelas, arek indigo iku pasti nduwe kelebihan sing diduweni arek sing nduwe indra keenem, tapi durung tentu arek sing nduwe indra keenem nduwe kelebihan sing diduweni arek indigo. Arek sing nduwe indra keenem iki luwe condong dadi arek sing super perasa. Misale koyok isok telepati, ndeteksi kebohongan, ambek penglihatan kedua. Arek indigo nduwe kelebihan iku kabeh, dan nduwe kelebihan liyane. Contohe koyok isok ndelok masa lalu ambek masa depan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2046", "text": "Yen awak dhewe wedi karo tikus, awak dhewe kudu gawe omahe dhewe piye carane ora kelebonan tikus. Yen ono tikus neng omahe, sopo wae sing dono bakal keganggu lan dadi ora betah, ora mung awak dhewe sing tinggal neng kono. Supoyo omahe dhewe ora ono tikus, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhew kudu nutup lobang kanthi rapet. Awak dhewe ojo ngekei dalan kanggo tikus mlebu neng omahe dhewe. Sing keloro, awak dhewe kudu kerep ngeresike omah lan yen perlu awak dhewe iso noto perabotan supoyo ora akeh celah kanggo tikus dilik. Sing ketelu, awak dhewe iso deleh bawang-bawangan neng panggon-panggon sing kiro-kiro dadi panggon delik tikus.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1140", "text": "Pas aku isih neng Bogor disik, aku, ibu lan adiku yen arep neng endi-endi kui kudu numpak kendaraan umum. Sakdurunge iso neng dalan gedhe, awak dhewe dadak mlaku disik seko omah. Omahku tekan dalan gedhe kui kiro-kiro sak kilona. Jarak ora patio adoh sakjane nanging kanggo bocah umur 10 taun kui, rasane adoh banget. Pas arep neng dalan gedhe kui, biasane awak dhewe ngeliwati omah sing akeh asune. Sak ben liwat kono rodo wedi aku sebenere, nanging mergo asune neng jero pager aku ngeroso luwih aman. Aku tau arep dioyak karo asu-asune kui. Aku ora sengojo mlayu neng ngarep omah kui. Jebul pagere ora ditutup dadi asune podo metu ngoyak aku. Banjur aku mlayu balik luwih banter. Bejone, sing duwe kui langsung metu lan ngekon asune balik omahe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4477", "text": "Perkoro elek iku ancene pirang-pirang wernone. Nah nag jaman saiki ngelakoni perkoro elek iku gampange megilan ora koyok biyen mergo kabeh saiki wes jaman sing sangare megilan. Nah mergo kenen maeng, ono wong sing ketoke apik tapi ngelakoni perkoro elek liwat hp-ne barang yo ono. Contohne yoiku nag hp-ne maeng digawe maen, delok perkoro sing elek, terus utang ambek bijuk barang yo akeh, masio iku wonge ketok apik. Tapi nag ancene wong iku maeng biasae ngelakoni apik utowo dianggep apik nang motone wong-wong biasane nag konangan ngelakoni perkoro elek mesti isine megilan ambek ora karoan mergo deke iku wes dikenal dadi wong sing apik nang lingkungane deke.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9160", "text": "Aku dijaki koncoku gawe diskusi tentang tugas Penulisan Karya Ilmiah. Mbasio aku wes mari nggarap tugasku, aku iya iyo ae dijaki ketemuan. Sopo eroh aku isok ngewangi koncoku iku mau. Pas nang kono, koncoku takon aku mbahas tentang opo, aku njawab topik gedene tok. Terus pas ditakoni bocoran tentang detail karyaku, mboh opo’o aku njawab opo onone ngono ae. Pas ngumpulno, aku langsung ditodong ambek dosenku nek aku ngelakoni plagiat. Aku jelas kaget lah. Padahal aku nggarap tugasku murni nganggo ideku dewe. Terus dosenku nyudokno nek hasilku akeh mirip e karo tekne koncoku sing wingi ngajaki aku diskusi. Dadakno koncoku iku mau ngumpulno luwe ndisik timbang aku nganggo ide sing tak lontarno wingi. Eroh ngono, aku langsung nguamuk. Terus aku nyeluk koncoku sing iku dan njaluk penjelasan. Siale, arek iku bersikap defensif dan maleh playing victim. Aku langsung misuh-misuh sampe dosenku panik dewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8058", "text": "Stalker iku marakno awak dewe kabeh ngeroso gak aman. Onok siji barang sing kudu mok gowo nang ndi ae, mbasio talah awakmu gak lagi dituti karo stalker. Jenenge iku pepper spray. Pepper spray iku semprotan merico sing nduwe kandungan zat pengikat utowo lachrymatory sing marakno perih nek sampe kenek mripat. Sak liyane iku, cairan pepper spray sing melbu irung iku isok marakno nyenggrak. Terus nek melbu cangkem, isok marakno iritasi cangkem sampe tenggorokan. Iku sing marakno pepper spray iku dadi alat sing efektif gawe ngelindungi diri teko stalker utowo penjahat liyane. Dadi mulai saiki langsung tuku pepper spray terus gowoen nang ndi ae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8349", "text": "Awakmu tau gak, ngeroso nek wes rajin ngeramut wajah, rajin cuci muka, rajin nganggo skincare, tapi sek tetep ae jerawaten? Padahal awakmu wes njogo mangan sisan, gak mangan gorengan, ngurangi gulo, tapi kok tetep jerawaten? Sopo eroh, penyebabe iku teko kasurmu dewe. Nek misal awakmu jarang ganti sprei, iku sisan isok marakno wajahmu jerawaten. Nang kasur iku, onok tungau ambek tumo kasur sing marakno kasurmu iku rusuh. Nek wes ngono, serangga iku mau bakal ngeneki wajahmu dan marakno awakmu jerawaten. Dadi gawe awakmu sing sek ngeluh jerawaten ae, coba ganti spreimu deh, opo maneh gawe awakmu sing juarang ganti sprei.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5266", "text": "Lotre kuwi salah siji dolanan sing dilegalake ning Turki. Ing akhir taun, lotre iki dadi tradisi sing paling dienteni masyarakat amarga lotre iki meriah lan bisa dadi salah siji daya tarik pariwisata ning Turki. Ning Turki iki uga ana Badan Nasional sing ngurusu babagan lotre. Lotre iki legal uga amarga dhuwit saka lotre iki mlebu ning pajake negara. Wong bisa ngantri ning toko utawa warung sing ngedol kupon lotre. Banjur ngisi identitas sing ana ning karcis lotre lan ngelebokake ning kotak sing disediakake karo panitia. Lotre iki bakal diundi wayah taun baru. Pengumuman lotre iki uga disiarake ning TV nasional banjur bisa dadi hiburan amarga reaksi pemenang lotre iki uga macem-macem kaya kaget, seneng, lan trenyuh. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1522", "text": "Koncoku ono sing tau salah mlebu toilet. Pas kui dheweke lagi ono neng mal. Pas dheweke mlebu toilete kui lagi ora ono wonge dadine dheweke ora ngeroso salah mlebu. Mergo wetheng wes keroso mules banget, dheweke ora mikir dowo meneh. Dheweke langsung mlebu neng biliki. Sekitar limang menitan dheweke lingguh neng jamban, dheweke kerungu swara. Sing marake bingung, dheweke kerungu swara wong lanang. Awale, dheweke kiro kui wedhok sing swarane ngebas wae. Nanging suwe-suwe, swara sing koyo lanang kui makin akeh. Ora mungkin, ono akeh banget wong wedhok sing swarane ngebas neng sak ruangan beberangan. Akhire dheweke, sadar yen dheweke salah mlebu toilet. Supoyo dheweke ora isin pas methu, dheweke ngenteni disik tekan sepi. Pas wis sepi, dheweke langsung mlayu metu seko toilet kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "325", "text": "Kegagalan kui bakal awak dhewe temuke selama awak dhewe isih urip. Kegagalan kui ono sing gede banget tekan awak dhewe dadi trauma ngelakoe hal sing gagal kui. Nanging, kesedihan seko kegagalan kui ora mesti diadepi suwe-suwe. Suwe-suwe, kegagalan kui iso dadi crita lucu sing iso awak dhewe bagike neng wong-wong cerake dhewe. Ono rumus tragedi ditambah wektu podo karo komedi. Seiring berjalane wektu, lan wektu kui awak dhewe lakoni kanggo ngelahke persaan sedih kui, kegalan iso dadi crita sing lucu sing awak dhewe uga iso guyo ngerungokene. Seko hal sing marake wong sedih, iso dadi hal sing marake wong liyo guyu lan seneng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6092", "text": "Karang gigi yaiku lapisan kapur sing ana ning untu, nempel lan uga ngganggu proses sing ana ning untu. Karang gigi sing ora ditangani bisa nimbulake masalah kaya infeksi gusi, untu bolong, lan uga ambu napas sing ora enak uga ngganggu. Wong sing duwe karang gigi iki biyasane perokok berat amarga ning rokok kuwi ana zat kimia sing bisa nempel ning untu. Kanggo ngilangi karag gigi sing nggilani iki, perlu ana proses scaling utawa ngikis karang sing nempel ning untu banjur nganggo pasta gigi khusus sing bisa ngurangi karang gigi. Nanging sing paling penting yaiku njaga karesikane untu lan sikatan saban dina. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "716", "text": "Yen awak dhewe dirundung mergo kondisi fisik, awak dhewe wis sak wise ngelawan, opo meneh ngelok-loki kondisi fisik sing ora iso diowah. Timbangane awak dhewe nesu lang ngamuk-ngamuk ora cetho, ono coro liya kanggo ngebales wong sing garapi awak dhewe. Sing kesiji kui awak dhewe ora usah gagas opo sing diomongi. Wong kui mung golek perhatiane awak dhewe, dtadi yen awak dhewe ora ngerespon, dheweke bakal males ganggu awak dhewe meneh. Sing keloro, bales nganggo karya. Maksude, awak dhewe kudu ngebukti yen awak dhewe kui wong sing luwih unggul timbangane dheweke. Misale pas neng sekolahan, awak dhewe iso dadi wong sing duwe rangking luwih duwur timabangane dheweke.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5682", "text": "Kanggo wong sing nganggo kaca mata nanging butuh diobati amarga arep seleksi ning instansi, operasi lasik iki bisa dadi solusi sing efektif. Nanging akeh wong sing wedi amarga operasi lasih iki kontak langsung marang jaringan lunak sing ana ning mripat. Operasi lasik utawa laser iki tindakan medis sing bisa ngilangi kelainan kaya miopia, hipermetropi, lan uga silinder. Biaya kanggo ngelakoni operasi iki akeh variasine tergantung kualitas, tahapan, lan uga suwene wektu kanggo penyembuhan. Amarga operasi lasik iki kalebu jenis estetika, lasik iki ora bisa dibayarake kanggo BJPS. Negara sing wis nganggep lasik kuwi prosedur sing wajib, murah, lan umum dilakoni yaiku Korea Selatan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4481", "text": "Pas semester wingi aku ambek koncoku kan ngeterno dulure wedok tuku parfum kanggo acara ngantenan sing bakal dilakoni deke. Nah pas iku aku termasuk salah sijine korban percobaan parfum ambek dulure wedok koncoku maeng. Nah parfum iku maeng ambune wedok pol ambek wangine megilan. Yo iyo se ancene regane sampek atusan ewu. Terus esoke iku aku lali nag klambiku isek durung garing mergo lagek tak umba, akhire gawe klambi sing kene maeng. Nah pas tutuku kelas, aku diguyu ambek bocah akeh mergo ambune sing koyok wong wedok, terus akhire aku kisinenlah mergo aku sing biasane ora tau gawe parfum koyok ngunu moro-moro gawe parfum sing ambune ngunuku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "665", "text": "Undian kui kerep digawe acara kanggo narik peserta. Misale koyo acara mlaku utowo pit-pitan sehat. Neng poster acarane kui, mesthi ono hadiah undian sing menarik. Acara sing gede iso ono hadiah umrahe, nanging sing paling kerep kui perabotan rumah tangga lan sepeda motor. Undian kui menarik kanggo wong-wong kui mergo ngekei ilusi yen dheweke bakal iso entuk sesuatu tanpa perlu usaha sing gedhe. Pas wis nyekel nomor kui dheweke ngeroso wis ngentoke barange kui. Dheweke berharap banget entuk rejeki seko panggon sing ora disangka-sangka. Nanging, ora akeh sing sadar yen kemungkinan dheweke entuk kui cilik banget. Yen misale dheweke entuk kui mung mergo bejo wae.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7155", "text": "Nek ditakoni pengalaman opo sing paling menyenangkan dalam uripmu, aku bakal kangelen njawabe soale akeh banget dan gak isok tak sebutno siji-siji. Tapi salah siji sing paling tak iling iku pas aku akhire entok SIM A karo SIM C. Ket mbiyen, awakku iku pingin banget isok ngendarai kendaraan dewe, terutama montor karo motor. Tapi cek isok ngendarai kendaraan dengan legal, awakmu kudu nduwe SIM disik. Akhire pas aku wes entuk KTP, aku cepet-cepet daftar gawe pembuatan SIM anyar. Nang kono, aku bener-bener jungkir balik gawe dapetno SIM soale aku gagal terus peng bolak balik pas tes praktek e. Akhire setelah sekian lama, aku isok lolos dan isok entok SIM A dan SIM C. Jelas aku seneng banget, soale perjuanganku terbayarkan dan aku isok ngendarai kendaraan tanpa wedi ketilang. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "754", "text": "Nesu-nesu sing ora ono sebabe kui nesu sing paling nyebai, tertuma kanggo wong sing kudu ngeladani koncone sing koyo ngono. Awak dhewe ora iso nebak kapan koncone dhewe kui bakal nesu lan opo sing arep dilakoke. Yen ono koncone dhewe ono sing gampang kepancing pas dilok-loki perkoro hal fisiki, awak dhewe iso nyegah kui nganggo ngalihke obrolan. Yen awak dhewe ora ngerti sebabe, piye carane awak dhewe ben koncone dhewe kui ora dadi nesu. Kui wis koyo bencana alam wae. Kui peristawa alam sing ora iso awak dhewe prediksi. Yen wes teko, awak dhewe mung iso pasrah lan dongo supoyo kui ora mateni awak dhewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2607", "text": "Nag ono wong sedeh kenek PHK iku wes dadi kebiasaan nang uripe menungso soale akeh wong sing butuh kerjo utowo dadi karyawan nang perusahaan. Lah roso sedeh iki asline yo kenek diilangno nag janji wong sing duwe roso sedeh utowo wong sing kenek PHK maeng gelem pikiran sing positive ambek iso dadekno pengalaman urip sing wes dilakoni sak durunge PHK maeng diolah apik. Dadine roso sedeh maeng iso ilang teko atimu soale ono pengarush sing apik teko pikiran maeng. Mangkane wong sing sedeh polahe kenek PHK biasane pikirane iku reno-reno, ono sing wedih ora iso mangan, ono sing wedi polah ora oleh kerjo, ambek kaeh sing wedi nag ora iso nyukupi kebutuhan uripe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "224", "text": "Nabung kui penting dibiasake seko isih cilik. Nyimpen duwit kui berguna banget pas wis gedhe. Opo meneh wis duwe keluarga dewe. Makin mandiri wong kui, makan akeh pengeluarane. Sak liyane pengeluaran pokok koyo magan, listrik, lan banyu, wong dadi sadar ono pengularan sing ora terduga. Pengeluaran kesehatan lan kecelakaan kui ora cilik. Makane, wong kudu nyisihke duit kanggo bayar premi asuransi. Yen sampun duwe anak kui, wong uga sadar yen biaya kanggo anak kui ora murah. Biaya bersalin karo biaya pendidikan kanggo anak kui jumlahe ora main-main. Dadi ket enom, wong kudu ngebiasake nahan kepenginane kanggo disimpen neng tabungan supoyo ora keteteran pas wis dewasa.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5241", "text": "Aku lagi ngerungokake radio awan-awan. Ning radio kuwi ana siaran saka artis komedi kondhang yaiku Boris Bokir. Ning radio kuwi, Boris nyeritakake babagan pengalaman ketinggalan pesawat ping 2 sing ujung-ujunge malah marai dekne numpak bis saka Surabaya menyang Jakarta. Ketinggalan pesawat sing pertama amarga Boris salah jadwal, yaiku dekne salah ndelok jam sing ana ning tiket lan kesuwen golek mangan. Banjur Boris kaget lan mlayu-mlayu ning Bandara. Sing kapindho, Boris ketinggalan amarga macet ning tengah dalan amarga ning Surabaya ana pawai pencak silat sing ora ana pemberitahuane. Boris wes bingung amarga dhuwite wes entek banjur milih numpak bis saka Surabaya. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2524", "text": "Seneng tuku barang sak wise nabung ancene ati senenge megilan opo maneh tabungan iku oleh nabung dewe oleh nyambut gawe dewe rino wengi, yo mesti wae senenge megilan. Jarene koncoku sing wingi nane iso tuku sepeda montor anyar ngomong nag roso seneng sing koyok ngunu ancene roso seneng sing bener-bener nyoto ambek senenge ora karuan sampek garai ati lali sembarang kalir. Roso koyo ngunu iku apik wae asline sing penting ora nggarai wong atine loro polahe roso seneng maeng opo maneh nag dibarengi ambek roso pamer nag liyan-liyane tambah ketok elek'e soale iso marakno atine wong liyo loro. Mangkane nag duwe roso seneng sing koyok ngunu ora atek diumbar-umbar cukup dirasakno sak cukupe ae. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6091", "text": "Saban isuk, Sita sekolah numpak bis lan kudu ngenteni ning halte cedhak omahe. Sita wis ana ning halte wiwit jam setengah 7 isuk. Dina kuwi pancen Sita lagi apes banget. Pas lagi lungguh, Sita ngerasa ana sing aneh saka rok sing digawe. Nanging Sita ora peduli amarga Sita wedi telat. Banjur Sita teka ning sekolah lan didelok karo kanca-kancane. Sita bingung. Bar kuwi, Asih ngomong yen ning rok sita kuwi ana permen karet sing nemplek. Sita kerasa isin nanging uga jijik amarga Sita nganggep yen permen karet kuwi kudune dibuang ning tempat sampah lan kudu dibungkus dhisik ben ora nemplek sak panggon-panggon lan nyelakakake wong akeh kaya iki. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5722", "text": "Kecelakaan ning wilayah kerja kuwi bisa dialami karo sapa wae. Kamangka, ning perusahaan Indonesia saiki nganut prinsip K3 yaiku filosofi Kesehatan dan Keselamatan Kerja (K3). K3 iki salah siji prinsip sing wis dianut karo perusahaan ning Indonesia amarga akeh kecelakaan kerja sing bisa kedadian nanging ora ana asuransi sing bisa njamin para pekerja. Umume, perlindungan pekerja iki ana ning 3 prinsip, yaiku perlindungan ekonomis, sosial lan teknis. K3 kuwi kalebu ning kelompok perlindungan teknis. Ning UU Ketenagakerjaan Pasal 86 Undang-Undang No.13 Tahun 2003 kuwi disebutake yen kabeh pegawe kudu oleh perlindungan, salah sijine waspada lan ngati-ati dadi korban utawa trauma marang kecelakaan kerja. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8076", "text": "Serangan panik iku isok kedaden nang ndi ae dan kapan ae. Serangan panik iku marakno korbane ngeroso wedi ambek cemas sing kenemenen. Gawe awakmu sing ngalami rasa wedi berlebih tapi gak nduwe riwayat kenek serangan panik, onok tanda-tanda sing isok mbok kenali ben awakmu eroh rasa wedi iku termasuk serangan panik ta gak. Siji, ngeroso bakal teko malapetaka. Loro, wedi kelangan kendali terus dadi ‘sempel’. Telu, ngeroso wes cedek ambek ajal. Papat, jantung ndredeg nemen. Limo, kemeringet nggobyos nemen. Enem, gemeter sak awak. Pitu, ambekan endek terus gulu koyok onok sing nyekek marakno sesek. Wolu, onok sensasi adem nang sebagian utowo kabeh awak. Songo, rai rasane puanas. Sepoloh, mual sampe kram weteng terus nyeri nang dodo. Sulas, sira rasane luara, terus keroso ngayang sampe kate semaput. Terakhir, ngeroso koyok lepas teko realita.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3377", "text": "Sing garai wong wadi polahe klelep asline iku ora mergo klelepe, tapi mergo nyowone ambek keselametane awak maeng, nah ben iku maeng selamet teko klelep maeng, biasane bocah-bocah sing durung iso ngelangi iku gowo ban montor sing guwede kanggo latihan ngelangi ben sampek pinter ngelangine lagek dicolno bane. Yo coro iku ancene mandine pol mergane podo ambek latihan ngalangi nang wong-wong sing nacene pintere megilan kanggo ngelangi. Sak liyane iku ben ora sampek klelep yo nag ngelangi utowo pas bluron iku kudu ngejak bocah ben ora sampek kelelep nang jero banyu, terus nag ono opo-opo ben ono sing ngewangi utowo sing nolong.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6170", "text": "Kantin sekolahku sing biyen kuwi bedha karo saiki amarga ana sawijining peristiwa sing marai sekolah melu ndandani sistem jajan para siswa. Sajane kuwi babagan sing sederhana nanging ana pengaruhe. Biyen kantinku kuwi ana sistem kantin kejujuran, yaiku njupuk banjur mbayar dhewe, nanging suwe-suwe ora ana untunge lan malah nomboki. Saiki ning kantin ana sing jaga lan uga ana sing ngitung rega jajan ben wong sing dodol jajan iki ora ngerasa rugi nemen. Pas digoleki ning CCTV, jebul sing njupuk yaiku bocah kelas 10, bocah anyar lan mesti njupuk pas wayah jam pelajaran ben ora ana sing weruh. Pas keruhan, dekne ngerasa kisinan lan ora mbaleni maneh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3402", "text": "Koncoku ancene wedian ambek sing jenenge suntik. Nah nak wes kadung wedi ngunu bocahe iku mesti berok-berok, terus nyekeli kasur utowo kursine dokter sing biasane di gawe mrekso pasien, terus mesti kringeten koyok wong adus, ambek kadang awake iku anyepe megilan polahe saking wedine. Sing jenenge wedi iku biasane duwe roso sing elek-elek teko perkoro iku maeng sing metuk teko pikiran sing garai eleng ambek perkoro elek sing didadekno teko suntikan iku maeng. Dadi wong wedi teko suntik iku biasane wong sing biyen cilike iku duwe kenangan sing elek ambek suntikan iku utowo ancene biyen cilike iku arang ora tau disuntikno ambek diwedeni nak suntik iku loro.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2955", "text": "Biasane wong nag petuk konco lawas mesti jumbul opo maneh nag ora sengojo. Terus biasane ngunuku mesti takok sing ora-ora ambek takok kebiasaan biyen sing tau dilakoni iku isek opo ora. Nah kelakuan ngunuku nag menurutku yo rodok ora pantes ditakokno opo maneh nak wes suwe ora perok, masio iku konco apik nag sing jenege perkoro ora pantes yo tetep ora pantes nag ditakokno. Masio wong-wong gerang biyan yo ngomong, nag petuk konco sing wes ora tau petuk iku kudune nguwei opo sing sekirane ora dadekno gelone atine konco iku maeng, mboh iku ngampirno omah, ngejak ngopi, mangan, utow sak liyane. sing penting ora dadekno gelane atine koncomu maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2695", "text": "Pas aku dolan ambek koncoku nag daerah kota mojo pahit. Aku petok ambek wong bokul cireng soale pas waktu iku aku mandek ambek koncoku terus tuku jajan nang wonge soale keleson durung sarapan. Bakule maeng cerito sak wise koncoku takok nang bakule \"wes pirang tahun dodolan cireng\". Bakule maeng ngomong nag deke dodolan cireng wes ono sekitar 5 tahun kat ditinggal bojone mati. Mari ngunu bakule maeng cerito ambek drodosan elo'e soale kelengan uripe sing dewean ora ono koncone. Terus mari ngunu koncoku ngomong nang aku, tibak'e wong sing sedeh polahe uripe dewean yo macem-macem yo, ono sing ditinggalno kabeh keluargane, ono sing dipencilno ambek wong-wong nag pinggire polahe sifate barang yo. Wah angel-angel nginiki.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6004", "text": "Gejala morning sickness ning ibu hamil kuwi dadi gejala sing umum amarga kabeh sing dialami kuwi reaksi hormon. Saban isuk, ibu sing lagi ngandung jabang bayi iki ngerasakake mual lan uga pengen muntah nanging ora ngetokake apa-apa. Nanging isih akeh bapak sing jijik amarga ora kuat ndelok muntahan lan uga ngerungokake swarane. Akeh bapak sing milih ngindari ibu hamil sing lagi sara muntah-muntah wayah isuk ben ora kepancing melu muntah. Nanging ya ana ibu sing ora ngerasakake muntah, malah bojone sing ngerasa mual amarga sugesti. Kabeh iki wajar, nanging sing dibutuhake ya mung kerja sama pasangan ben ora ngerasakake meteng dewean. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6024", "text": "Ning kampung-kampung, akeh bahan saka alam sing disalahgunakake kanggo mabuk lan akibate padha kaya ngonsumsi narkoba. Salah sijine yaiku kembang kecubung lan uga jamur teletong. Kembang kecubung saiki wis dilindungi amarga bahaya lan bisa ndadekake racun ning jero awak. Nanging sing isih akeh yaiku konsumsi jamur teletong sing lagi kondhang ning kalangan bocah enom sing ana ning desa. Efek jamur iki sak liyane mabuk uga bisa marai ketagihan. Akeh cerita kesebar ning sosial media babagan jamur iki bisa marai halusinani parah. Kamangka kuwi, sak liyane nggilani lan bisa marai lara pencernaan, jamur iki uga bisa marai rusak saraf lan uga pikiran. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3341", "text": "Nag daerah gurine kampusku iku mesti nag bengi iku sepi ambek medeni, soale akeh cerito nek nang kono iku mesti ono koyok sundel bolong sing biasane manggon nang ngisore wit sing biasane nag rino iku mog digawe nyeleh barang-barang bekase kampus sing ora kenek digawe. Nah pas iku koncoku bengi-bengi iku mrono soale ancene golek barang sing gawe keperluan acara MABA menesok. Pas iku koncoku ongkra-ongkra nag kono moro-moro ono ambu amise megilen koyok pasar iwak. Tibake pas noleh mengguri ambek gowo barang sing ketemok maeng koncoku langsung keplayon soale saking wedine delok setan sing koyok ngunuku. Saking wedine deke pas tutuk nggonane bocah-bocah langsung jipek banyu ambek kringeten dredesan ora karoan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8072", "text": "Panic attack utowo serangan panik iku kemunculan rasa wedi utowo gelisah sing kenemen dan muncule moro-moro ae tanpa onok sebab sing jelas. Kondisi iki isok berlangsung selama pirang menit sampe setengah jam. Serangan panik iku ditandai ambek detak jantung sing tambah banter, ambekan endek, ngelu, tegang otot, ambek tremor. Kondisi iki isok kedaden kapan ae, bah pas lagi beraktivitas utowo lagi istirahat. Nek uwong ngalami serangan panik, utek bakal merintah sistem saraf gawe ngerespons ambek ngelawan utowo ngindar. Mbari ngono awak bakal ngasilno zat kimia koyok adrenalin sing micu peningkatan detak jantung, frekuensi ambekan, ambek aliran darah nang otot. Serangan panik iki terjadi pisan dan bakal ilang dewe nek situasi sing memicu iku berakhir. Tapi kadang isok kedaden secara berulang dalam jangka waktu sing suwe. Nek sing koyok ngono iku jenenge gangguan panik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6147", "text": "Biyasane wong sing wis sepuh kuwi sering banget salah ngundang wong amarga wis pikun lan uga biyasane kemampuan mripat wis mulai berkurang lan kabur. Biyasane uga anggota keluarga iki ngewenehi pengertian kanthi jelas, nanging yen ana wong sing ora dikenal, bisa wae malah nyeneni amarga sering salah lan kuwi mesti marai wong sing wis sepuh iki tersinggung. Kamangka, sing kudu digatekake kuwi yaiku ngewangi para sepuh iki ngiling-iling wong sing ana ning ngarepe saka ciri fisiki kaya rambut, kulit, bentuk irung, lan uga swara. Banjur sing uga kudu digatekake yaiku barang apa wae sing marai wong kelingan ben memori sing ana ning otak iki kelatih. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "694", "text": "Bandha sing paling penting kui kaluarga. Pernyataan kui mungkin awak dhewe tau krungu seko lirik lagu jaman biyen. Neng TVRI disik ono acara utowo sinetron sing judule Keluarga Cemara. Sinetron kui ngajari awak dhewe kebersamaan lan koyo opo pentinge keluarga saiki. Awak dhewe mungkin nganggep anggota-anggota keluarga kui ora penting-penting banget. Nanging pas dheweke wis ora ono utowo awak dhewe ora iso ketemu meneh, awak dhewe bakal kaget sak piro pentinge wong kui selama iki. Misale, sesok pas awak dhewe wis ngerantau, awak dhewe bakal penting perane ibu neng uripe awak dhewe. Pas dhewekan, ibu ora iso ngerawat awak dhewe pas lagi lara utowo ngilingki awak dhewe pas awak dhewe ngelakoke kesalahan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "631", "text": "Jadwal latian tariku kui padet banget. Ora mung padet, jadwale kui saklek banget. Aku lan konco-konco ora iso sak penake ora teko latian pas lagi ono penampilan. Aku sing paling disiplin perkoro latian iki. Pas kui, aku tau diisengi karo konco-koncoku. Dino Sebtu kui jadwal sok biasane beda-beda. Dino Jumate, aku takon sesok mulai latian kui jam piro. Konco-konco podo ngomong mulai jam 8. Sesoke, isuk-isuk aku wis teko neng panggon latian. Aku ngeteni tekan 30 menit. Kesuwen ngeteni, aku nesu. Aku arep nesu-nesu neng grup pesan. Nanging, sak durunge aku ngetik. Muncul gambar, koncoku mlebu rumah sakit. Wong sing ngirim pesan kui ngomong latiane dadi ora sido. Aku mung meneng tok neng kono, ora percoyo. 10 menit aku meneng, konco-koncoku podo teko. Jebul, dheweke kui mung arep garapi aku.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7230", "text": "Pas cilik, aku iku areke gampang banget nangis saking sensitif e arek e. Kaget sitik, nangis. Tibo pas mlayu, nangis. Pokoke peyebab sembarang kalir iku isok marai aku nangis. Sampe ndek satu kejadian ndek ndi aku nangis mergo tukaran ambek adekku. Siraku digebuk ambek mobil-mobilan dan iku lara puol. Aku sampe nangis kejer banget. Pas aku ngadu, mamaku malah negur opo’o kok aku gak gelem ngalah ambek adek. Aku jelas tambah kejer pindo. Akhire bapakku metu dan ketok banget nek emosi. Moro-moro bapakku bentak aku dan ngusir aku teko omah nek gak mandek nangis. Seketika aku mandek dan bapakku sek ngomeli aku nek beliau gak seneng nduwe anak gembeng. Dadi nek aku nangis maneh, bakal diusir temenan teko omah. Sejak saat iku, aku wedi banget gawe nangis. Sesedih apa pun, aku bakal nahan nangis. Ben aku nangis, aku pasti kebayang kata-katane bapakku.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9118", "text": "Salah siji perbuatan bullying sing durung akeh disadari ambek wong akeh iku pelecehan seksual. Kok isok dadi bentuk bullying? Soale iku mek nguntungno pelakune tok dan korbane iku bener-bener dirugikno. Sembarang kalir hubungan sing nguntungno sak pihak tok iku isok dikondo dadi bullying, termasuk pelecehan seksual. Pelaku pelecehan seksual iku akeh-akehe wong lanang terus ngelakoni pelecehan nang wong wedok. Biasane mereka iku nggolek korban wedok sing ketok lemah ben mereka isok ngentokno kepuasan mbari ngelakoni iku. Jarang pol mereka nggolek wedok sing tangguh, soale wong wedok tangguh pasti wani gawe ngelawan balik. Dadi gawe awakmu wong wedok, awakmu kudu ketok tatak dan ketok tangguh ben gak dadi korban pelecehan seksual.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9186", "text": "Ujian mandiri iku diadakno nang kabeh kampus negeri, salah sijine iku UGM. Kampus iki akeh dadi pilihan soale gak onok atek uang pangkal e, dadi biaya melbune gak larang nemen. Nek misal awakmu kepingin daftar nang jalur mandiri UGM, gatekno cara iki. Siji, melbu nang laman simaster.ugm.ac.id, terus petek “Registrasi”. Loro, pilih jalur sesuai program, terus petek “Registrasi CBT-UM UGM Tahun 2022 (Ujian Masuk UGM)\", terus petek “Selanjutnya”. Telu, isi indentitas pendaftar, terus petek “Login”. Papat, lanjut pengisian biodata ambek tahap selanjute. Gatekno kolom sing onok tanda bintang, iku wajib gawe diisi. Terus isikno angka nol gawe isian sing gak onok utowo gak diketahui jumlah e.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1428", "text": "Kabeh omah kui mesthi akeh cicake. Makin akeh cicake, artine makin akeh uga telek. Telek kui yen awak dhewe benke wae mesthi numpuk. Makane kui, awak dhewe kudu kerep utowo rutin ngeresike telek cicak kui. Sebenere cicak kui biasane nelek neng panggon-panggon sing ora ketok utowo panggon sing rodo dilik, kayo neng buri lemari utowo neng pojokan kamar. Nanging tetep wae, yen telek kui wis numpuk dadine ketok. Makane kui, awak dhewe kudu kerep-kerep ngeresik. Supoyo wong sing delok ora ngeroso jijik. Mungkin awak dhewe ora ngeroso jijik, malah cenderung biasa wae. Nanging yen ono tamu, kui sing dadi masalah. Awak dhewe ora gelem to yen tamune dhewe ora kerasan neng omahe awak dhewe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3342", "text": "Aku karo koncoku tau keweden polahe delok banaspati sing ono nang duwure omah sing pinggir sekolaha. Setan iku asline ora wani marek nag janji wong iku ora keweden. Tapi nag langsung mlayu yo bakal slamet. Nah setan sing garai wedi iku maeng rupane iku koyok bal sing diobong ambek geni, terus genine maeng iku warnae kening-kuning abang ambek bulat-bulat ora karoan. Kancoku sing keweden maeng iku sampek meneng cep saking wedine. Akhire langsung tak seret soale engko nag ora nang mlayu biasane dadi korbane. Perkoro iku maeng asline biyen wes gelek kedaden nang daerah gonku. Dadi wong gerang nag dino-dino sing setan iku metu biasane mesti ngejak konco utowo ronda bareng ben setan iku maeng ora parek-parek deso.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3845", "text": "Koncoku sing gelek salah nyelok wong iku tibake yo ngeroso duwe isin barang nag ngalami perkoro iku. Padal tak kiro deke ora isin tibake yo isin. Jarene deke, \"masio aku gelek kleru oleh nyelok uwong tapi aku iki isek duwe isi lo cak\". Terus deke iku nganggep nak iku termasuk perkoro sing ngisin-ngisini asline. Tapi polahe deke iku wes biasa dadi ora sepiro kepikiran nag salah nyelok wong maneh, tapi isek onolah roso isin masio iku gelek salah. Yo sing penting perkoro iku maeng ora sepiro dilebobno ati yo bakal langsung ilang karepe dewe nang wes suwe. Opo maneh kan ora petuk bendino ambek wong sing salah dicelok iku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2937", "text": "Prank sing biasane jumbulno wong sing koyok ono nang sosial media, iku tibake ora gampang nag ancene pengen disiarno nang sosial media. Kabeh iku tibae ono persiapane sing matenge pol. Awit teko poto, hp, rencana prank-nge koyok opo, terus panggonan sing digawe ngeprank iku nag endi, iku kudu temen-temen disiapno soale nag ora ngunu biasane ora rame ngeprank-nge terus ora nguyokno utowo ora oleh hasil sing apik apek sing dikarepno. Nah ngeprank iku kan asline podo mbek godoi wong cumak saiki didadekno jeneng sing rodok aneh ben tambah terkenal maneh asline kat jaman ora enak yo wes ono. Tapi polahe ora ono sosial media dadi yo ora rame koyok saiki.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1442", "text": "Semut neng omahku kui akeh banget. Sak ben ono panganan sing geletak neng jobin utowo ono remukan kerupuk sing tibo, semute kui langsung ngerubungi panganan sing ono neng ngisor kui. Sangking kerepe ngerubungi kui, aku tekan apal semut jenis opo wae sing ono neng omahku. Secara garis besar kui ono teling jenis. Iki dibagi sesuai ukurane. Ono semut sing cilik. Semut sing iki sing paling kerep ngerubungi panganan neng omahku. Sing cilik iki, yen misale kepenyet ngetoke ambu sing ora penak. Sing keloro, semut sing ukurane sedeng. Iki ora patio sering ngerubungi panganan. Biasane semut sing iki ngerubungi bak sampahku. Sing ketelu, semut sing gedhe. Senadyan jumlahe sitik, nanging semut kui tetep ganggu awak dhewe neng omah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3753", "text": "Sing jenengen idu iku ancene kadang jemberi uwong, mergone bentukane iku maeng rodok jemberi ambek gilani uwong nag apan masi idu iku maeng. Nah idu iku maeng termasuk koyok banyu tapi warnai iku butek-butek terus ono campurane uro sing rodok ngiler. Nah sak liyane iku maeng sing garai jemberi maneh yoiku ambune iku ora enake pol mergo teko lambene wong sing ora jelas gelem resik-resik lambe opo ora. Nah teko kono maeng mangkane akeh wong sing jember ambek mangkel mergo durungkaroan wong sing idu iku resikan lambene, terus durung karoan nag sehat barang mergo idu iku yo akeh sing ngarani nag sumbere penyakit barang. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6172", "text": "Salah siji sistem keamanan tradisional ning kampung yaiku anane pos ronda sing wis dikembangake wiwit jaman biyen sing duwe fungsi kanggo pusat keamanan ning lingkungan kampung. Asal mulane pos ronda iki yaiku niru sistem keamanan penduduk sing ana ning jaman penjajahan, yaiku saban wilayah mesti ana pos sing dijaga karo petugas sipil utawa tentara. Pos ronda iki uga biyasane dilengkapi kentongan kanggo alat komunikas warga kaya ngabari yen ana maling, kebakaran, lan uga sak panunggale. Pos ronda iki bisa dadi sarana kanggo tindakan preventif ning lingkungan kampung ben ora ana tindakan kriminal sing bisa marai main hakim dhewe banjur nimbulake kerusuhan. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1433", "text": "Menurutku kui, kabeh sudut sing ono neng pasar kui ambune amis. Seko ujung tekan ujung, seko parkiran tekan parkiran meneh, aku tetep ngambu amis seko werno-werno bahan panganan sing ono didol neng kono. Senadyan, ambune amis kabeh, kabeh bahan panganane kui duwe ambu sing sing bedo. Ambu amise iwak kui sing paling cetho. Amis kui wis identik banget karo ambu iwak sing wis ora seger. Ambu amise kui koyo ambu segoro utowo mungkin sing luwih tepate mambu pantai. Sing keloro, panganan daging-dagingan, koyo daging pithik karo sapi. Kabeh daging kui ambune amis, nanging ora koyo iwak. Ambune amis seko daging-dagingan kui nyambur karo ambu getih.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8310", "text": "Ket dino Kamis sampe Sabtu, aku bakal melu acara Hizbul Wathan nang gedung Muhammadiyah sing nang Gresik. Berhubung gedung e iku durung dadi, makane isok digawe kemping. Aku ambek konco-koncoku ndirikno tenda koyok sing wes tau dipelajari. Mbarine ngono, baru istirahat sambil ngenteni engkok mbari ashar ngelakoni Upacara Pembukaan. Berhubung aku kebelet ngoyo, aku takon nang ndi panggon sing isok digawe ngoyo, jare wes onok toilet darurat e nang mburi bangunan gedung e. Aku langsung mrono dan melbu ngono ae. Ndelok bentukan toilet e sing bener-bener gak layak dan ngguilani pol marakno aku gak sido kebelet maneh. Yaopo maneh, bilik toilet e campur karo tumpukan sampah, sopo sing gak gilo coba.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4327", "text": "Nag moro-moro petok ambek sing jenenge telek kewan mesti roto-roto uwong iku ora mentolo mergo rupane sing ora karoan. Nah sak liyane rupone sing marakno wong sing delok iku gilo, ambune barang yo marakno wong sing ambu iku mangkel mabek jijik. Nah teko kono maeng mangkane akeh wong sing jember ambek jijik nag petok ambek sing jenenge teleke kewan. Terus telek kewan iku yo ono sak pirang-pirang maceme, tapi sing paling ora mentolo ambek jijiki nag diwasi yoiku nak teleke kewan iku maeng masur utowo ajur mumur koyok linet, nah nag wes koyok ngunuku maeng mesti akeh wong sing jember ambek mangkel mergo ambune sing ora karoan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "336", "text": "Tau delok wong gedhe sing kelakuane koyo bocah cilik? Dheweke kerep ngelakoke hal-hal sing diangep irasional utowo dianggep ora mutu yen dilakoke wong dewasa. Mungkin wong kui duwe bocah cilik sing ono neng jero awake. Sifat kui muncul mergo duwe trauma utowo pengalaman sing ora kepenek pas masa ciliki. Pas wis gedhe, wong sing masa cilike duwe trauma kui cenderung kegowo sifat masa cilike kui. Salah siji carane, ben awak dhewe ora dadi kekanak-kanakan kui, awak dhewe kudu luwih kenal karo awake dhewe. Carane iso ngewiwiti jurnaling, dadi awak dhewe ngenulis pengalaman-pengalamane biyen sing berkaitan karo perkoro kui. Awak dhewe uga iso ngelakoke hal sing nengangki ati, koyo meditasi, lan hal opo wong sing iso marake seneng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6037", "text": "Selera mangane wong kuwi macem-macem. Salah sijine yaiku jerohan sapi, pitik, lan sak panunggale. Nanging, wong sing ora pinter masake mesti kangelan amarga isih kerasa amis. Ambu amis kuwi bakalan pengaruh marang kabeh masakan lan uga kadhang marahi wadah mambu yen ora resik. Ambu amis kuwi bakale nempel lang ngerusak rasa kamangka rasane dadi marai mlukok. Kamangka, ngolah jerohan iki kudu pinter, yaiku kaping siji nggodhok jerohan kuwi nganggo salam lan uga sereh. Banjur banyu godhokan kuwi dibuwak. Kaping loro, en jerohan sapi, utamane babat, ngeresikine kudu nganggo kapur sirih ben kabeh kotoran lan sisa teletong kuwi ilang kamangka bisa dimasak. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7558", "text": "Ben ketemu karo konco lawas iku isok dadi momen nostalgia sing nyenengno. Dadakno ketemu karo konco lawas iku akeh banget manfaate gawe kesehatan mental lho. Siji, nguripno maneh kenangan sing apik. Terutama pas momen nostalgia, pasti bakal onok ae momen sing dadi kenangan indah gawe kedua belah pihak. Loro, mbantu kehubung karo masa lalu. Maksute iki awakmu isok eroh yaopo bedone awakmu mbiyen karo awakmu saiki. Telu, entok perspektif anyar. Wong iku kan pasti berubah, termasuk konco lawasmu sisan. Teko kono, awakmu isok entok perspektif anyar tentang sosok konco lawasmu sing liyane. Papat, mbangun maneh kedekatan sing mbiyen kendor. Obrolan sing dibangun iku isok nyambungno maneh tali pertemanan. Dadi nek awakmu papasan karo konco lawas, terutama konco lawas sing mbiyen nduwe hubungan apik karo awakmu, ojok lali disopo rek.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5378", "text": "Ning lingkungan kerja, kadhang ana guyonan sing ora pantes. Guyonan iki kadhang sing ora dadi perhatian marang wong sing ana ning lingkungan kerja. Suku, ras, lan agama sing beda uga bisa dadi masalah sing gede yen ora dikendalikake lan bisa marai kanca kerja kuwi pegel lan nesu amarga ora gelem ngomong karo kanca kerja sing ora ngeregani dekne. Yen wes nesu, cara kerja ning tuwi wis ora apik. Kamangka, awak dhewe uga kudu bisa njaga perasaan kanca ning panggon kerja. Aja nggawe masalah sing bisa ngganggu kerjoan ning kantor lan marai hubungan karo karyawan ora apik amarga guyonan sing kelewat wates iki. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3331", "text": "Pas aku dolan nang daerah Cangar, aku delok ono wong wedok mumeti sepedae ambek ketok bingung. Koncoku moro-moro ngejak mandek disek ambek delok wong iku maeng. Pas mari delok rodok suwe titik, koncoku moro-moro marek ambek takok ono opo. Pas diparek wong iku maeng rodok keweden, opo maneh deke keadaane koyok ngunu. Terus koncoku maeng ngerti nag wong iku maeng keweden akhire dek buka helm ambek takok ngunu iku maeng. Akhire wonge rodok lego, terus koncoku maeng jajal dandani sepedae sing jarene moro-moro ora kenek ambek moro-moro mati dewe. Tibake jarene koncoku iku busine sing kudu diganti. Akhire ambek koncoku diakali karo ditetesi bensin ben rodo resik. Akhire sepedai iku maeng kenek maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5377", "text": "Kadang energi nsing elek kuwi ana amarga kakean maca ketikan rasis ning sosial media. Ketikan-ketikan iki kadang marai mangkel sedina lan marai mikir abot. Kanggo ngurangi paparan energi iki, sing kudu dilakoni yaiku ngurangi wektu kanggo ndelok sosial media, amarga miturut paraa ahli, aktivitas ning jaba omah luwih bisa ngurangi paparan energi sing negatif iki. Sosial media iki uga disaring kalimat lewat layanan filter. Layanan iki wis ana ning meh kabeh aplikasi lan uga bisa dimanfaatke kanggo nutupi informasi sing sekirae bisa marai mangkel lan gemreget. Sing paling penting yaiku nggolek lingkungan kekancan sing apik lan uga kulina mbahas sih positif. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8438", "text": "Kabeh iku isok dadi objek bahan ngguyune wong liyo. Bah iku awak dewe sing ngguyu wong liyo, wong liyo sing ngguyu awak dewe, utowo wong liyo ngguyu nang wong liyane maneh. Pokok nek onok sing ngelakoni kesalahan, onok kemungkinan gede gawe diguyu ambek wong liyo. Tapi awak dewe gak isok madakno roto sikape kabeh uwong. Onok sing ketok biasa ae, onok sing sampe isin terus maleh minder. Nek wes ngono iku maleh dadi awal bentuk pembullyan dan engkok ujunge dadi gak apik. Nek misal awakmu ndelok onok koncomu sing ngguyu mergo kelakuane koncomu sing liyo, dan sing diguyu iku ketok gak nyaman, cepet beloen koncomu sing diguyu iku dan negur koncomu sing ngguyu.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2603", "text": "Sedeh kenek PHK yaiku roso seng moro-moro teko nang atine wong polahe perkoro PHK maeng. Lah perkoro iki asline sing garai akeh wong wedi polahe iso dadekno perkoro akeh. Salah sijine perkoro sing didakno polahe PHK yaiki ilange penggawean utowo sumber rejekine uwong-uwong. Mangkane nag ono wong sedeh kenek PHK asline ora sedeh polahe PHK-ne tapi sedeh nag ora iso nyukupi kebutuhane urip. Sedeh sing koyok nginiki ancene medeni. Opo maneh nag wong iku maeng wes akeh anggoto keluargane, roso sedeh iku maeng bakal tambah medeni, iso-iso wong sing sedeh iku maeng nag ora kuat mentale tambah dadi kenek mental, sampek kisinen, terus iso wae keluargane ajor.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3031", "text": "Pas biyen aku preian semester siji aku dijak koncoku dolan nang Blitar. Nah pas mari dolanan nag kono awit teko pantai sampek pesareane Pak Karno, aku ambek koncoku balik nang omah koncoku tapi pas nang setopan lampu abang moro-moro ono polisi gepuk koncoku teko guri, terus koncoku ora terimo miso-miso ora karuan karo polisine. Akhire urusan nang kantor polisi, tibake polisi maeng salah wong, koncoku dianggep wong sing nyrobot lampu ambeng sing ono nag sadurunge maeng. Padah aku ambek koncoku ora lewa kono. Mari ngunu koncoku sing klaran maeng yo jaluk ganti rugi ambek polisine maeng. Terus akire ambek plisine diwei duwek kanggo tomboh soale awake jarem abang. ", "label": 4, "label_text": "angry"}