diff --git "a/train/jav.jsonl" "b/train/jav.jsonl" new file mode 100644--- /dev/null +++ "b/train/jav.jsonl" @@ -0,0 +1,2800 @@ +{"id": "7541", "text": "Isuk iki aku kerinan mergo alarm hpku mati. Pas aku ndelok jam sing nyudokno jam 7, aku langsung kedandapen. Dino iki aku rencanane moleh nang Suroboyo dan tiket pesawatku iku jam 7.45. Saiki aku durung siap-siap blas. Akhire aku cepet-cepet adhus bebek dan aku ngelebokno barangku asal nang koper. Mbari wes mutus aliran listrik nang kamar kos, aku cepet-cepet pesen gocar gawe nang Bandara. Untunge ae gocar e gak suwe tekone. Cuma siale, iki aku kejebak macet, padahal iki wes jam 7.35. Sepuluh menit ngkas sak durunge sepurku berangkat. Siale aku buru tutuk nang Bandara pas jam 7.45, barengan ambek pesawatku sing buru ae take-off. Awakku langsung lemes dan utekku langsung kopong saking shock e ketinggalan pesawat.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2992", "text": "Aku wingi bengi iku ngipik oleh keduk-keduk lemah terus langsung jumbul soale nempokno kotak kayu sing rodok gede yo koyok koper ngunu, Pas tak buka aku langsung jumbul tibake isene iku macem-macem barang sing regane larange megilan, terus aku kepikiran opo iki sing jenenge harta karun. Terus harta karun sing tak temokno maeng isine iku ora mok siji tok, ono kalung sing teko mas asli, tapi ora ono surate, terus emas batangan sing ono telung iji, ambek ono tulisane \"mok ngipi tok\", terus ono ali-ali barang ambek koyok arloji sing teko emas. Lah pas ate tak jipik kabeh tibake langsung ono banjir guwede, soale aku nemoknoe nang pinggir kali, terus akhire aku tangi. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "603", "text": "Sak liyane tuyul, suster ngesot uga dadi demit sing paling kerep muncul neng layar kaca lan media-media popular liyane. Demit iki, koyo jeneng, nganggo klambi suster putih lengkap karo topine. Demit iki digambarke ora iso mlaku mergo ora duwe sikil utowo sikile cacat. Dadi demit kui gerake nganggo coro ngesot. Ono sing ngomong yen suster ngesot iki, muncule seko arwah gentayang suster sing dibunuh karo dokter pas tengah wengi. Sak durunge dipateni, suster kui diperkosa lan dipotong sikile. Ono uga versi sing ngomong yen suster ngesot kui biyen dadi suster neng panti jompo. Dheweke dituduh bunuh pasien-pasien neng kono nganggo ilmu hitam. Dheweke diantemi warga tekan sikile kui remuk kabeh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4338", "text": "Perkoro amis, iku ancene ora kabeh wong iku seneng ambek ambune iku, nah kanggo wong sing biasane mangan iwak, sing biasane asale ambu amis iku teko, yo kadang isek ono sing jember karo ambu amis maeng. Nah nag wes ancene geting ambek jijik karo sing jenenge ambu amis, iku kudune latihan mareki soale nag ora dipareki biasane bakal kacel ambek dadi contoh sing elek karo anake sing ancene kudu diwanekno ambek perkoro sing jemberi iku maeng ben ora jijikan. Nah latihane ben kendel iku yo gal sak itik ora kok langsung akeh ambek langsung wet ngunu. Soale sing jenenge wong jijik ambek jember iku mestine ora karoan rasane lapooh kok iso jember.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7590", "text": "Dino iki aku ngancani dulurku nang Pantai. Berhubung bojone kerjo dan anake njaluk dolen nang Pantai, akhire njaluk tulunge nang aku. Nang kono, aku sing akeh dolen karo ponakanku, dan dulurku malah leyeh-leyeh dan gak melu dolen banyu ambek aku. Aku langsung ngelirik sinis, soale dulurku dadakno sengojo dadekno aku babysitter sementara. Tapi aku langsung ke-distract pas ponakanku nyipratno banyu nang siraku. Akhire aku balik asyik dolen banyu ambek de’e. Pas mlayu-mlayu, moro ponakanku tibo mergo jendulan. Pas didelok, dadakno jendulan iku mau isine bintang laut sing ketumpuk pasir. Aku ambek ponakanku langsung nggali pasir iku dan ndelok bintang laut secara langsung. Awak dewe jelas kuaget lah. Tapi ponakanku langsung ngomong nek bintang laut iku uripe nang njero laut, dadi kudu dibalekno. Aku nurut ae dan aku njarno ponakanku ngeculno bintang laut iku nang banyu Pantai.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2913", "text": "Koncoku iku tau diwehi hadiah ambek pakne sing lunga nang Arab Saudi. Hadiah iku diwehno soale pakne ora iso mule pas riyoyo. Hadiahe iku rupo montor remotan, sing iso mlayu ambek menggo nag diremot terus iso mundur barang. Montor remotane iku ora cilik koyok nggonane bocah-bocah tapi iku sekitar seket centinan pokoke sak mondo tekel sing gede ukurane. Terus mari ngunu yo ono batune, tapi batune iku ces-cesan dadi ora angger entek buak terus tuku maneh. Nah jarak oleh ngeremot yo adoh sekitar telong meteran. Mangkane masio pakne ora teko koncoku senenge megilan soale ditukokno dolanan sing ancene disenengi kat jaman biyen ambek bocahe yo wes kepengen kat kae.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2097", "text": "Yen awak dhewe dadi penumpang neng mobil sing blong kui, ngeroso wedi kui wajar. Kahanan kui gawe awak dhewe ora iso ngopo-ngopo. Awak dhewe dudu supir sing nyekel setire. Mung sitik sing iso awak dhewe lakoke, nanging awak dhewe iso ngewangi supoyo kahanane ora dadi parah-parah banget. Sing kesiji, awak dhewe ora entuk panik. Panik kui nular. Yen kabeh wong neng jero kui panik, tekan sopire panik, kemungkinane awak dhewe selamet makin cilik. Sing keloro, awak dhewe mending meneng yen ora ngerti arep ngomong. Sing ketelu, awak dhewe iso usaha kanggo nenangke penumpan sing liyo. Sing kepapat, awak dhewe kudu percoyo koro wong sing nyekel setire.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6041", "text": "Omah sing ana ning pojok dalan kuwi jarena omah angker. Ora ana wong sing wani mlebu amarga akeh banget cerita yen omah kuwi ana penghunine kaya kuntilanak, genderuwo, lan uga mitos wewe gombel. Nanging, Ardi ora percaya amarga saban bengi, Ardi liwat omah kuwi pas bali kerja. Ing sawijining dina, Ardi nelok yen omah kuwi dituku karo Bu Susi, wong sing duwe toko klambi sing ana ning ruko ngarep perumahan. Banjur Bu Susi ngongkon Ardi kanggo ngeresiki omah amarga mung Ardi sing wani. Ardi pancen ora wedi setan, nanging wedine akeh kewan kaya kumbang, coro, lan uga kewan cilik liyane. Ardi panggah grisiken yen mbayangake kewan kuwi mrambat ning sikile.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8398", "text": "Awakmu tau gak seh bertanya-tanya, kok kasus pelecehan seksual iku tambah suwe tambah akeh ae. Wes ngono, roto-roto pelakune iku lanang dan gak nduwe kelainan khusus alias isok dikategorikno normal. Nek digatekno maneh, dadakno salah siji penyebab paling gede wong ngelakoni pelecehan iku mau berasal teko ndelok video porno sing suwe-suwe dadi kecanduan. Teko kono, mulai deh de’e mraktekno opo sing onok nang video porno iku. Alesane mereka ngelakoni iku mergo mereka isok ngentokno kepuasan mbarine ngelakoni iku. Iku perilaku sing ngguilani pol seh. Tapi teko kono, awak dewe dadi eroh nek efek ndelok video porno separah iku. Dadi gawe awakmu sing nduwe anak, jogoen anakmu ben de’e gak sampe kecandung ndelok video ngonoan sisan dan gak dadi pelaku pelecehan seksual nang masa depan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5203", "text": "Banaspati yaiku salah sawijine barang gaib sing nandakake ana ilmu santet utawa ilmu sing bisa nyelakai wong. Ning jaman modern, banaspati iki wis jarang ditemokake. Nanging banaspati ya isih ana ning kampung. Bentuke kaya bal geni sing bisa mabur. Banjur bisa ngobong omah senajan bal kuwi mung sewates liwat. Banaspati uga bisa nggawa penyakit kulit lan bisa marai bayi-bayi penyakiten. Banaspati iki uga wujud saka ilmu santet sing dikirim, dadi yen wong ndelok banaspati iki kudu akeh-akeh maca dzikir. Banaspati iki uga bisa ngageti wong sing lagi nyupir lan marai kecelakaan ning wilayah pegunungan. Setan iki medeni lan dianggep sing derajate paling dhuwur.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9813", "text": "Libur Natal taun iki mbokmenawa dadi libur natal paling endah kang tau dakalami sasuwene urip ing donya. Kabeh mau awit panjaluke Mami kang pengin liburan ing mancanagari. Awit Papi oleh jatah cuti dawa, mula aku sekeluarga banjur diboyong ing negeri ginseng. Aaaaa, mbungahi tenan atiku. Aku sarombongan bakal menyang numpak Garuda Indonesia seka Surabaya langsung nuju ana Seoul, Korea Kidul. Liburan iki kapetung suwene 6 dina, lan bakal ngunjungi papan kaya Pulau Jeju, Seoul, Nami Island, serta Gunung Seoraksan. Kajaba arep menikmati kaya piye salju ana korea, aku lan rombongan uga kepengin banget kulineran ana kana. Kabeh wis duwe rencana arep ngicipi Tteokbokkii, Kimchi, Bulgogi, Kimbap, Eokmukguk, Bibimbap, lan liyane. Arep streetfood nganti restoran pokoke kudu dicoba kabeh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5675", "text": "Kabeh kuwi diciptakake ana alesane, salah sijine yaiku tulisan kanggo mengeti para pengunjung ning sekitare kolam renang sing ana ning panggon wisata. Senajan wong bisa ndelok sepira jerone lan luwih bisa ati-ati, tulisan iki kudune tetep ana amarga bisa dadi pangiling-iling ben ora gampang kebanjur seneng. Nanging, para pengunjung iki ora titen maca tulisan iki kamangka isih ana sing kelelep. Sak liyane kudu bisa renang, ati-ati lan nggatekake papan rambu iki uga penting amarga ben ora tinemu cilaka. Akeh wong sing isih seneng nyoba-nyoba ngelanggar senajan wis ditulis gede ning papan. Kamangka, kelelep iki dudu uga amarga ora bisa renang, nanging ya amarga ora ati-ati lan ngelanggar aturan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9477", "text": "Minggu iki, Dizca bakalan ketemu karo idolane yaiku Hyunsuk. Dizca wis nyepakke kabeh babagan kanggo persiapan ketemu Hyunsuk. Kanggo sing kate ketemu karo idolae, cara iki bisa dilakokake supaya luwih cepak kanggo ketemu idolane. Nomer siji, cepakke mental. Aja nganti mentale ora kuat dadine pas ketemu langsung semaput. Nomer loro, cepakke klambi sing bakal digawe. Yen nggawe klambi sing pas bakalan bisa nggawe awak dhewe luwih seneng lan cepak kanggo ketemu idola. Nomer telu, ora nggawa samubarang sing akeh. Cukup nggawa sing dibutuhke wae kayata kipas, ngombe, obat, lan alat kanggo macak. Sing terakhir, aja lalu dunga marang Gusti supaya adicara ketemu karo idola dilancarke.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7646", "text": "Gawe awakmu arek-arek rantau sing kuliah nang kota pendidikan koyok Jogja utowo Malang, pasti wes gak kaget maneh ngadepi macet, opo maneh pas jam-jam brangkat sekolah karo brangkat kerjo utowo pas jam buyaran kabeh. Gawe awakmu arek kuliahan sing jam kuliahe luwe fleksibel timbang arek sekolah utowo wong kerjo, onok cara sing isok mbok lakoni cek isok kehindar teko macet. Siji, kenali disik jam-jam macet iku kapan ae, dan awakmu usahakno ojok brangkat utowo moleh pas jam-jam iku. Loro, nek awakmu kepekso banget berangkat utowo moleh pas jam iku, golek dalan tikus sing gak akeh wong eroh cek isok ngindari macet.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5658", "text": "Kanggo para pelajar sing isih seneng melu-melu ning kasus perundungan kanca, mulai saiki kudu pinter jaga sikap amarga akeh instansi sing bisa ndelok perilaku para pelajar lan bisa wae nolak pelajar kuwi ben ora sekolah ning kono. Banjur sing paling penting yaiku, pelajar saiki kudu bisa paham yen bully kuwi dadi perilaku sing perlu diilangi ben duwe kepribadian sing luwih apik. Yen bisa, pelajar iki kudu ngerti carane ngelawan perundungan ning sekolah ben ada suasana sing guyub. Kamangka kuwi, ayo para pemuda saiki dadi pelajar sing bijak lan uga golek kegiatan sing positif ben bisa adoh saka kasus bully sing lagi akeh ning Indonesia. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1003", "text": "Rasa wedi yen arep munggah panggung lan tampil kuwi wajar. Kabeh wong duwe carane dhewe-dhewe ben iso ngurangi rasa wedi mau. Ono wong sing meneng wae dipojokan, domblong ora ngopo-ngopo. Ono sing ngeroke musik karo joged-joged opo paling ora sirahe mantuk-mantuk. Ono wong sing dungo utowo simbayang, jaluk marang Tuhan supoyo pemampilane dilancarke. Ono wong sing jaluk koncone kanggo dhewe diantemi. Ono wong sing sadurunge munggah panggung bengok-bengok disik. Ono wong sing saking wedine kui sakdurunge tampil dheweke mesthi wethenge lara. Ono wong sing mlaku bolak-balik ora cetho. Pokokmen werno-werno polah wong sing wedi sakdurunge tampil kui. Naning opo wae carane kui, sing penting gawe wong kui pede pas munggah panggung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4432", "text": "Wong sing tau diguyu kancane sak kelas mesti tau ngelakoni perkoro sing ora pantes dilakoni mangkane sampek diguyu. Nah sing diarani diguyu iku maeng duwe rong arti yoiku ngenyek ambek seneng, karek perkoro sing dilakoni iku maeng opo. Nag sing dilakoni iku maeng termasuk perkoro sing pantes ambek sing iso dibanggakno berarti wong sing guyu iku maeng seneng ambek deke. Tapi ang sing dilakoni iku maeng termasuk perkoro sing ora pantes kanggo dilakoni berarti wong sing guyu iku ngenyek ambek ngisin-ngisin. Yo roto-roto wong sing tau sekolah mesti tau ngalami perkoro koyok ngeneki. Mboh iku pisan tok utowo peng bolak-balik.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5240", "text": "Nana kuwi kerja dadi salah siji manajer ning Jakarta. Ing sawijining dina, Nana oleh jatah cuti lan bisa liburan ning Bali karo kanca-kancane. Rencanane, Nana arep liburan ning Bali 3 dina lan ning dina ke-4 Nana lan kancane bali ning Jakarta. Nanging, pas dina ke-4, Nana malah tangi kawanen lan kudu nguber jam pesawat sing gari sejam maneh. Sing marai mumet yaiku Nana ora ndelok TV kamangka ketinggalan berita yen ning tengah kutha bakal ana pawai ogoh-ogoh mengeti dina suci umat Hindu. Nana lan kancane teka ning bandara 10 menit sak durunge pesawat budhal. Nanging pas arep mlebu, Nana lan kancane dicegat amarga wis telat.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1515", "text": "Kentut sing paling marake isin kui kentut sing mambu. Soale, mambune kui ora iso awak dhewe tutup-tutupi. Yen kentut sing mung gedhe swarane tok kui awak dhewe isih iso ono usaha ben swara kentute ora krungu. Awak dhewe iso bengok banter utowo gawe swara-swara aneh seko barang neng cerake awak dhewe. Nanging kentut sing mambu kui, ora iso tak apa-apake. Yen awak dhewe nyemprotke parfum kui uga ora pengaruh-pengaruh banget. Harume parfum kui ora iso nutupi ambu busuke kentute dhewe. Mungkin, iso nanging bakal suwe banget. Wong-wong neng sekitare dhewe wis kebacut ngambu kentute disik. Awak dhewe mung iso pasrah isin yen wis kentut sing mambu koyo ngono.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7274", "text": "Menyesal iku wes umum terjadi ndek kalangan uwong-uwong. Opo maneh nek sing dilakoni hasile dadi buruk utowo gak sesuai ambek sing diingino. Pasti akeh sing mikir “coba ae nek aku ngene” utowo “coba ae nek aku ngono”. Iku wes akeh banget didapati ndek sekitare awak dewe. Tapi gawe muslim, sing koyok ngono iku dilarang. Bahkan kata “andaikan” iku diharamkan karo beberapa ustad. Hal iku soale awak dewe gak nerimo opo sing wes kedaden. Kabeh iku wes diatur ambek Allah, bah iku kejadian apik bah iku kejadian elek. Kabeh sing wes terjadi iku jenenge takdir, dan awak dewe kudu mengimani iku.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1404", "text": "Misale awak dhewe delok wong mukok utowo delok mukokan neng dalan, mbuh ngopo, awak dhewe gawanane dadi pengen melu mukok. Senadyan mukokane kui ora ono ambune, tetep wae wetenge dhewe rasane koyo lara. Opo meneh yen ono ambune, rasa larane nambah-nambah. Mungkin sing marake awak dhewe jiji seko delok mukokan kui awak dhewe ngebayangke prosese panganan kui metu seko mulute wong. Awak dhewe delok sisa-sisa panganan sing ono neng mukokane kui, awak dhewe dadi ngerti opo sing dipangan karo wong sing mukok kui. Soyo akeh mukokane, awak dhewe samsoyo ngeroso jijik. Awak dhewe kepengen cepet-cepet metu seko ruangan utowo dalan kui.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6165", "text": "Prilaku konsumtif lan uga gengsi yen ora ngetutake gaya urip wong liya iki sing marai utang ning rumah tangga isih akeh. Yen kebutuhan utang kuwi kanggo produksi utawa kanggo ngelola ekonomi keluarga kuwi isih sah, nanging yen kanggo tuku barang mewah kaya tas, sepatu, klambi lan uga alat komunikasi sing bermerek, kebiasaan utang gedhe iki kudu diilangake amarga bisa marai rantai konsumsi ning keluarga kacau, apa maneh yen penghasilan ora sepira lan ngutang ning panggon sing bungane dhuwur. Amarga kuwi, saiki pemerintah liwat OJK lagi ngurus bank sing nyediakake kredit ilegal kanggo masyarakat ben ora ana utang sing bisa ngerusak panguripan sosial wong sing ana ning Indonesia. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4902", "text": "PHK utawa pemutusan hubungan kerja kuwi salah siji cara sing bisa dilakoni ben perusahaan tetep bisa mlaku lan bisa nguripi karyawan. PHK iki penyebabe akeh. Ana sing ngalami kerugian, ana sing omzete mudhun, ana uga sing PHK amarga kejadian-kejadian sing ora bisa diprediksi kaya bencana lan krisis ing negara. PHK iki wis ana ning undang-undang pemerintah. PHK gedhe ning Indonesia iki salah sawijine kedadian ning taun 1998 amarga krisis moneter lan akeh perusahaan sing rugi. PHK iki nduweni kewajiban ngewenehi pesangon kanggo karyawane. Nanging saiki, PHK iki wis diatur ning undang-undang sing anyar amarga akeh hak-hak pekerja sing ora bisa dituruti. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7942", "text": "Hantu utowo demit iku roh teko uwong utowo kewan sing wes mati terus nampakno wujude nang uripe menungso. Definisi demit dewe iku bedo gawe ben agama, peradaban, utowo adat istiadat. Akeh akehe, demit iku dibedakno dadi rong jenis, demit apik ambek demit jahat. Demit apik iku sing nduwe kemampuan gawe nulungi menungso. Nek demit jahat, iku jelas gawe nganggu menungso, contohe koyok setan, iblis, utowo genderuwo. Nang konsensus ilmu pengetahuan, demit iku guduk konsep sing sah secara ilmiah. Keberadaan mereka iku gak isok difalsifikasi. Wong-wong sing percoyo keberadaan demit iku biasane percoyo sisan ambek kekuatan kekuatan spiritual sing biasane onok nang beberapa kepercayaan tertentu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9867", "text": "Menang undian iku mesti nggarai kaget lan seneng. Apa maneh yen sadurunge durung tau blas menang undian. Nanging kadang wong wis males dhisik amarga wis mesti ora menang. Ana cara supaya kene bisa gampang menang undian. Kaping pisan, yen model undiane akeh-akehan kanggo tuku barang ya kudu tuku barang sing sing akeh supaya bisa luwih akeh peluang kanggo menang undian. Kaping pindho, ora perlu diiling-iling yen wis melu undian supaya ora pati ngarep. Yen diarep-arep banget kadang malah ora entuk, nanging yen ora diarep-arep biasane entuk. Sing terakhir yaiku kudu pasrah lan nyerahna kabeh ning sing Kuasa, lan aja lali kanggo donga. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "669", "text": "Yen awak dhewe seneng sensasi kaget lan adrenalin mergo menang judi, apike awak dhewe jajal kasino sing ono neng Singapura. Neng kono syarate mlebu kasino kui, mung paspor wae. Kasino neng Singapura kui pancen diutamake kanggo turis-turis. Warga lokale neng kono kudu bayar disik sak durunge iso mlebu. Ning negoro kui, kasino kui legal neng mata ukum, jadi awak dhewe ora perlu wedi opo-opo. Timbangane awak dhewe judi neng Indonesia sing secoro ukum judi kui ora diolehke, mending awak dhewe judi neng Singapura. Biyen, neng Jakarta kui tau ngelegalke judi, malah tekan ono bangunan kasinone. Naging mergo kui dirasa ora sesuai karo wong-wong Indonesia sing mayoritase agama Islam, peraturan sing ngelegalke judi kui dicabut.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7141", "text": "Koyok biasane, ben aku mari garap tugas, pasti file e tak simpen nang flashdisk dan engkok garek nggowo iku ae. Kali iki onok tugas nggawe PPT kelompokan, dan hasil garapane anggota kelompokku dikumpulno nang aku gawe didadikno siji, dan sesoke garek dipresentasikno. Mergo laptopku error, aku njaluk tulung koncoku gawakno laptop dan engkok file e tak gowo atek flashdisk. Pas kate presentasi, aku langsung siap-siap njupuk flashdisk ku. Atiku langsung mak dheg pas eroh flashdisk e gak onok nang tas. Aku langsung panik dan nggeledah tasku gawe nggolek flashdisk. Aku iling banget kok wes nglebokno flashdisk e nang tas. Koncoku dadi melu panik dan melu ngrewangi aku nggoleki. Eh pas aku ngerogoh saku, dadakno flashdisk e onok nang kono. Aku langsung mbrosot teko kursi dan ngelus dodo saking lego dan senenge. Akhire presentasi isok dilakoni dan berjalan lancar.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3805", "text": "Telono suwek iku ancene mangkelno, opo maneh iku nag kedaden nang ngarepe wong akeh yo tambah garai wong sing telononan iku isin. Terus perkoro iku kan ora ngerti kapan kedadenane. Yo iso ae nag pas kedaden nang nggon sing sepi akhire kenek disedakno mangkane ora marakno wong isin. Terus yo iso ae kedaden nang umum sing kenek diwasi wong akeh. Jarene koncoku kabeh iku ora iso dadekno roso isin, soale iku karek delok keadaane ambek kondisi suweke iku nang endi nag mok saitik ambek ora ombo yo ora ngiro marakno wong isin, tapi nag ombone iku maeng kenemenen sing marakno sing duwe iku maeng ora iso nutupi, yo iki sing marakno wong bakal isine megilan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7929", "text": "Awakmu tau gak ngeroso ngelu mergo ndelok getih? Iku isok dadi cikal bakale hemophobia. Hemophobia utowo hematophobia iku melbu nang fobia spesifik sing ditandai ambek rasa wedi utowo cemas pas ndelok getih, bah iku getihe dewe, getihe wong liyo, getihe kewan, utowo getih sing bentuke gambar utowo tayangan. Kondisi hemophobia sing nemen isok marakno penderitane langsung semaput pas ndelok getih. Makane psikiater iku sering nyarano nang penderita hemophobia gawe mbatesi aktivitas nek misal kondisine wes nemen. Misal kate masak, iku kudu ati-ati banget pas nganggo ladhing cek gak kebeler. Utowo pas beraktivitas, ojok berlebihan ben gak mimisen. Gawe awakmu sing nduwe fobia sing siji iki dan mulai nganggu rutinitasmu, gak onok salahe gawe njaluk bantuane psikiater.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "664", "text": "Menang neng undian opo wae kui kemungkinane mung sitik, termasuk undian neng lotre. Dadi yen ono sing menang lotre kui, podo kaget lan ora nyongko. Dheweke iso entuk duwit sak mono akehe mung modal bejo tok. Nanging, duwit sing dientoke seko lotre kui ora apik. Iya, kui termasuk duwit sing haram, nanging ono alesan sing liyo. Duwit seko lotre kui kegampangen kanggo dientuke senadyan jumlahe gedhe banget. Kui iso ngerusak cara pikire awak dhewe. Awak dhewe nganggep yen ngentoke duwit kui gampang lan awak dhewe uga dadi gampang ngentekene. Padahal, awak dhewe pas kui mung bejo. Bejo kui ora iso awak dhewe kendalike. Awak dhewe uga ora ngerti yen awak dhewe jajal meneh, awak dhewe isih bakal bejo opo ora.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9424", "text": "Bisa tuku barang sing dipengin karo tabungane dhewe pancen bisa nggawe kene puas. Puas wis berhasil kanggo nyisihake dhuwit kanggo jajan dewe. Miturut website traveloka.com sing ngendikan babagan tips nabung sing gampang lan bisa dilakoni karo kabeh wong. Sing penting yaiku kudu duweni tujuan kanggo nabung iku mau. Supaya pas kene wegah kanggo nabung bisa semangat maneh ndelok tujuan iku mau. Sawise iku kudu bisa nyathet kabeh pengeluaran utawa dhuwit iku wis digawe jajan apa wae. Iki bisa ngewangi kene kanggo ndelok nalika ana barang sing sakjane ora perku dituku. Sing penting teka kabeh yaiku, kudu rutin lan bisa konsisten kanggo nabung.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2502", "text": "Seneng getrimo nag perguruan tinggi yaiku roso sing paling seneng polahe perkoro ketrimo maeng. Lah sing garai roso iku maeng teko yaiku ono sing jenenge usaha sing dilakoni ambek wong sing ketrimo maeng. Lah usaha sing dilakoni iku maeng sing garai wong sing ketrimo maeng maleh iso mujudno roso senenge maeng soale usahae ono wujute. Tapi roso seneng iku yo macem-macem wujute karek wong sing duwe roso seneng iku piye watak'e nag wonge menengan biasane yo mok mensem ngunu tok, nag wonge sing biasane rame koyok emak-emak nang pasar yo jelas bakale ramene megilan, mboh iku kondo-kondo koncone utowo poto-poto nag media sosial yo ora ero.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4905", "text": "PHK dadi salah sawijine isu sing lagi rame ning Indonesia, apa maneh ngadepi krisis ing 2023 iki, akeh perusahaan sing rugi lan njupuk risiko kanggo mutusake hubungan kerja karo para pegawe. PHK iki dadi isu kang nyiksa, apa maneh kanggo wong sing dadi tulang punggung utawa siji-sijine wong kang golek pangan ning omah. PHK iki tambah digawe ruwet yen ngurusi BPJS lan jaminan kerja liyane saka pemerintah utawa swasta. Akeh perusahaan sing pada mindahke alur urusan administrasi lan ngulur wektu kanggo ngetokake paklaring utawa surat pernyataan sing ngewenehi informasi wektu kerja lan alesan PHK. Dadine pekerja sing wis PHK iki ya angel golek peluang liyane. PHK iki pancen marai kabeh urusan angel. . ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3050", "text": "Waktu semestes siji aku iku kelompokan ambek bocah akeh sing teko daerah endi-endi sing ancene kanggo diklat. Terus, ono salah sijine bocah iku moro-moro ngamuk-ngamuk dewe ambek raine mrengut koyok mari wong digepuk pacare. Pas tak takoni ono opo. Bocahe mlolong tok terus mereh. Aku mikir, Bocah kok aneh. Terus ono kakak kelas sing moro-moro marek nang aku ambek ngomong \"sing sabar yo jenenge wong pacaran iku mesti akeh cobaane\". Terus aku batin \"sopo sing pacaran, aku ae lagek ero ambek bocah iku\". Mari ngunu aku wes ora ngurusi perkoro iku terus kumpul ambek kelompoku maeng. Tibake bocah sing rodok senewen maeng sak kelompok ambek aku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7596", "text": "Harta karun iku gak mesti kudu dilakoni karo uwong sing lagi nggolek barang-barang sing nduwe nilai berharga. Sensasi nemukno harta karun iku sisan isok dilakoni karo awak dewe teko dolanan. Awak dewe isok nggawe permainan sing misine kudu nemukno harta karun nang spot sing wes ditentukno. Permainan iki isok dipraktekno ambek sopo ae dan isok gawe kabeh kalangan umur. Carane iku tentukno disik spot harta karune. Mbari ngono awakmu nggawe peta sing ngarahno gawe nang panggon harta karun mau. Tapi nang setiap titik nang jalur iku mau dikeki misi cek isok lolos dan isok ngelanjutno gawe ngentokno harta karun mau.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5634", "text": "Ning Indonesia, kurikulum kanggo pertolongan pertama kecelakaan iki durung kuat nemen kaya ning manca negara. Kurikulum iki sajane wajib amarga Indonesia iki rawan bencana lan isih akeh jalur sing rawan kecelakaan. Sing ana ning kurikulum iki salah sijine yaiku penanganan marang korban kecelakaan kanggo nyelametake nyawane kaya CPR lan pertolongan kanggi ngatasi pendarahan. Pendidikan iki mung ana ning PMR lan kurang efektif, amarga kuwi Indonesia uga yen ana bencana kangelan golek relawan bencana alam. Kajaba kuwi, amarga ora nduwe dasar ilmu sing cukup, wong-wong dari panik lan wedi ngadepi korban sing lagi sekarat kanthi ora ketulung amarga ora ngerti carane pertolongan pertama. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8445", "text": "Wong Indonesia iku dikenal ambek sifate sing ramah ambek sopo ae, bahkan ambek wong sing gak dikenal. Biasane ngono paling minimal bakal senyum gawe nyopo. Tapi kadangan, awak dewe iku gak popo lho ngurangi sifat ramah sing diduweni awak dewe. Soale kadangan awak dewe nek lagi mode ramah, pasti bakal nyeluk sopo ae sing awak dewe kenal. Iyo nek awak dewe tepak nyeluk jenenge, gak masalah. Nek misal pas iku awakmu gak sengojo lali jenenge wong sing kate mbok celuk terus malah keliru nyeluk jenenge, opo gak tambah nggladak rai? Makane ngurangi sifat ramah iku kadang yo perlu ben awak dewe gak isin-isin nemen.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9993", "text": "Panggon pelayanan umum wis ora kaget yen saben dina ana sing ngamuk amarga ngerasa pelayanane kurang muasake. Iki kedadean ning bank. Ana wing sing mari kebijuk nganti duwike entek blas sing ana ing atm. Dheweke niat kanggo mbenakna atm e supaya diblokir nanging petugase lelet. Wonge langsung ngamuk-ngamuk. Meja petugase digebrak, mripate wonge abang banget saking ngamuke, tangane langsung nduding ning petugase nganti misuh-misuh. Satpam teka kanggo misah wong iki sing saya suwi saya nyerang petugas banke. Nanging satpame malah dijejek karo wonge iki supaya ora melu urusane. Kabeh wong sing ana ing njero bank iki padha wedi lan akhire nyengkreh metu saka bank.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "640", "text": "Adiku tau arep ketinggalan sepur pas arep nyusul aku lan ibuku neng Bogor. Pas kui, adiku isih ono kegiatan karo konco-koncone neng Yogyakarta. Acara kui ora iso dheweke tinggalke. Pas malam Jumate, dheweke arep mangkat numpak sepure. Kebetulan, sepupu-sepupune awak dhewe lagi neng Yogyakarta. Dadi adiku diterke bareng-bareng neng Stasiun Lempuyangan. Nanging, mas sepeupuku ngide banget dheweke arep tuku es krim neng McDonald. Tekan kono macet banget. Mobile ora iso metu. Rupane adiku wis dadi pucet, wedi yen dheweke ketinggalan sepure. Budheku neng kono wis muring-muring. Akhire, adiku neng stasiun numpak ojek daring. Jarane sepanjang dalan, dheweke meng meneng wae, pandangane kosong. Yen ora dijak mlaku-mlaku, dheweke iso tekan stasiun luwih cepet mergone omahe budhe kui ono neng cerak Lempuyangan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7568", "text": "Yaopo perasaanmu nek pas menang undian dan entok hadiah? Pasti kaget disik, tapi akhire pasti seneng. Opo maneh nek hadiahe iku sing bermanfaat utowo sing awak dewe senengi. Kadangan, saking senenge, awak dewe sampe pamer nang liyane. Tapi gawe dulur-dulur Muslimku, ilingo, sing koyok ngono iku salah siji perbuatan sombong dan kudu dihindari. Awakmu menang undian iku wes takdir. Dan hadiah sing mbok terimo iku rezeki sing dikeki karo Allah SWT lewat jalur undian. Dadi gak onok sing isok dibanggakno secara berlebihan nek awakmu menang undian, wong iku dasare wes takdir kok. Dadi nek awakmu menang undian, ojok pamer kenemenen.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7292", "text": "Uwong sing suwe-suwe urip dewe iku kadang bakal ngeroso kesepian. Kesepian iku emosi kompleks sing biasane gak menyenangkan dan merupakan respon isolasi. Kesepian biasane mencakup perasaan cemas mergo kurange koneksi utowo komunikasi ambek makhluk liyane, baik pas masa saiki sampe engkok nyambung nang masa depan. Penyebab kesepian iku macem-macem, mulai teko faktor sosial, mental, emosional, sampe fisik. Penelitian nyudokno nek kesepian iku terjadi ndek seluruh lapisan masyarakat, termasuk uwong dalam perkawinan, hubungan, keluarga, dan mereka sing nduwe karir sing sukses. Dadi kesepian iku isok dirasakno mbasio dikelilingi ambek akeh uwong. Kesepian iki yo isok dirasakno gawe kabeh umur, mulai teko arek cilik, remaja, dewasa, sampe wong tuwo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9924", "text": "Selingkuh iku kaya penyakit. Wong sing wis ngerti rasane selingkuh mesti ana rasa kepengin mbaleni maneh. Mulane wong sing wis tau lan ngerti rasane diselingkuhi biasane ora gelem babar blas kanggo balen maneh. Yen kasuse wis parah banget, wong iku bahkan ora gelem nyepura pasangane sing wis mari nyelingkuhi. Rasane diselingkuhi iku kaya nggawe rasa ora percaya diri. Akhire rasa insecure langsung metu kabeh. Ngerasa awake ora pantes, ngerasa awake kurang ayu, ngerasa awake kurang nggawe pasangane nyaman lan rasa insecure liyane. Mula aja nganti kowe nyelingkuhi pasanganmu yen kowe ora gelem kena karma ing hubungan percintaanmu liyane amarga dunya iku mesti muter.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2616", "text": "Kabeh wong nag ditinggal mati salah sijine keluargane mesti sedeh. Lah roso sedeh polahe anggota keluargae mati iku ancene yo ora apik. Nag terus-terusan. Sedeh sing dioleh polahe anggota keluarga mati yo kudune sedeh seng sak delok ora sampek pirang-pirang dino. Lapooh sedeh suwe iku ora olhe? Soaleh roso sedeh sing sampek suwe iku duwe pengaruh sing elek kanggo wong sing sedeh maeng. Salah sijine dampak sing elek yaiku dadekno pirang-pirang penyakit, contone toiku ilange roso lesu mergone wes ora duwe roso kepingin mangan. Mangkane wong saiki akeh sing kenek lambung soale kakean sedeh. Dadi nag kepekso duwe roso sedeh nang gagih diilangno.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "320", "text": "Aku duwe konco sing lumayan cerak, jenenge Fatoni karo Wisnu. Awak dhewe cah telu kui kerep lingguh cerak-cerakan pas SMA. Awak dhewe uga kerep conto-contonan PR bareng pas isuk-isuk sak durunge mlebu jam pelajaran sing ke siji. Pas wis lulus sekolah kui, awak dhewe wis ora kerep ketemu. Paling pas ono acara diklat tim KIR neng sekolahan wae. Sak liyane wektu kui, awak dhewe arep ora tau ketemu. Telung taunan seko awak dhewe terakhir ketemu kui, awak dhewe kumpul bareng. Wisnu ngejaki awak dhewe usaha ternak lele. Aku karo Fatoni setuju karo ide kui. Awak dhewe gawe kolam bareng-bareng seko enom. Nanging, usaha kui ora lanjut meneh. Singkat cerito, awek dhewe jebul duwe pandangan sing bedo-bedo ning usaha iki lan kui ora iso digatuke. Neng kono aku ngeroso, aku gagal dadi konco kanggo wong loro kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3054", "text": "Srengenan sing polahe ngadepi perkoro gede ae ora apik, opo maneh sing srengen karepe dewe, yo tambah ora apik. Jarene guruku ngaji, song sing penggaweane srengenan iku geles cepet tuwek soale raine iku getekok terus. Sak liyane iku biasane wong sing koyok ngeneki iku koncone ora patek akeh mergone wedi nang diamok ambek wong sing nginiki. Mangkane sing jenegen srengen tanpo ono sebabe iku ora apik, soale iso dadekno awakmu kenek ciloko, mboh iku teko wong liyo sing mangkel ambek awakmu utowo koncomu sing wes pegel sing iso dadekno awakmu tambah loro atimu. Mangkane srengen sing model nginiki kudu dikendalekno karo wong sing ancene duwe sifat koyok ngneneki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1503", "text": "Aku dhewe kathok jins sing wis suwek. Kathoke kuwi wis rodo lawas. Werno kathoke kui uga wis luntur ora biru koyo biyen. Neng gok pupune, kaine wis tipis lan kain sing cerak dengkul kui wis podo sowek. Sowek sing kui ora ono masalah kanggo aku. Kathoke jins kui suwek neng bagian ngisore. Aku isih iling banget kedadean soweke koyo piye. Pas kui, aku lagi dolan karo koncoku. Pas tak enggo kui, kathok kui pancen wis lawas, wis tak enggo kurang luwih wis rong taunan. Pas aku arep ngadek seko bangku kui, kathok kui suwek. Aku diguyoni konco-koncoku neng mejo kui. Nanging mergo kathok jins kui kathok kesayanganku, aku dadi eman guake. Tekan saiki, kathoke kui isih tak simpen neng lemari.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8024", "text": "Salah siji fenomena sing paling ninggalno luka mendalam gawe warga Gresik iku fenomena jeglongan sewu nang dalan Pantura. Maksude jeglongan sewu iku dalanan sing akeh puol jeglongane sing marakno lalu lintas nang kono iku bener-bener terhambat. Jeglongan sewu iki kedadene sekitar 2016—2017an. Dan sing paling ngenes maneh, jeglongan sewu iki kedaden pas musim udan sing marakno genangan iku mau nutupi dalan, dadi wong gak eroh dalanan endi sing onok jeglongane. Hal iku sisan sing marakno jeglongan sewu iki akeh memakan korban nyawa. Korban sing mati mergo jeglongan sewu iki sampe ewonan, makane wargane yo sisan sampe demo nang pemerintah ben ndang dicikno dalane dan gak makan korban jiwa maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9419", "text": "Kanggo bisa lulus ujian, sinau thok iku ora cukup. Sadurunge ujian kudu mastekake yen awake seger waras lan siap kanggo ngerjakna ujian. Salah siji sing kudu diperhatikna yaiku menu sarapan sing dipangan isuk sadurunge ujian. Miturut website frisianflag.com, ana pirang-pirang menu sing bisa dipangn sadurunge ujian supaya otak luwih siap kanggo ngerjakna ujian. Menu iku yaiku iwak salmon, ndog, apukat, cokelat, lan kacang kenari. Menu iki akeh ngandung omega 3, protein, sing bisa nggawe otak luwih siap, daya ingat luwih kuat, lan nambahi fokus. Mula ayo padha merhatikna panganan sing kudu dipangan nalika meh ujin ya supaya bisa nggarap kanti gampang lan bisa lulus ujian!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7244", "text": "Biasane uwong sing mari ditolak cinta iku bakal galau berkepanjangan. Kadangan sampe koyok wong sing gak nduwe semangat hidup. Nek wes ngono, pasti akeh uwong sing nggojloki, buru ae patah hati, ndaniyo nek loro sing liyane. Akeh wong beranggapan pisan nek patah hati iku gak onok apa-apane timbanangane lara fisik liyane. Padahal, patah hati iku beresiko marai serangan jantung bahkan sampe kematian, dadi gak oleh dianggep remeh. Patah hati iki marai stres emosional. Nek wes kenek stress iki, bakal terjadi peningkatan kadar hormon adrenalin sing marakno perubahan bentuk otot jantung. Otot jantung sing ‘patah’ marakno gagal mompa darah nang seluruh tubuh dan isok berujung nang kematian.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "793", "text": "Petugas utowo pelayan kui kerep banget didelok salah neng mata pelanggan utowo tamu sing teko. Embuh kui pancen kesalahane dee, opo koncone, opo malah kesalahan atasan utowo sisteme, pokokmen sing pertama kali keno sembur kui mesthi petugas sing neng ngisor. Reaksine kui pas lagi diseneni kui werno-werno. Ono sing malah nangis pas diseneni. Mungkin, kui lagi dino pertamane dheweke nyambyt gawe neng kono. Ono sing iso kalem lan iso ngandani tamune kui masalahe bakal diurus karo pihak manajemen. Ono malah sing balik nesu karo tamu sing komplen. Dheweke ora gelem dibentak-bentak dadi dheweke balik nesune wonge. Ono uga petugas sing ngiyo-ngiyoni, nanging dheweke ora ngelakoke opo-opo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5703", "text": "Program KB utawa program keluarga berencana kuwi dadi salah siji program sing ana ning agenda pemerintah kanggo mbenakake struktur kependudukan ben pembangunan iki uga rata. Salah sawijining prosedur kanggo ngendalikake keturunan yaiku nganggo KB jenis suntik. KB suntik iki diwenehake 3 sasi sepisan karo dokter, bidan, utawa tenaga kesehatan sing duwe wewenang. Nanging, KB suntik iki duwe isu akeh sing marai masyarakat keweden kaya berubahe fungsi seksual lan hormon sing marai rumah tangga ora tentrem. Nanging para tenaga medis sering ngewenehi seminar babagan KB jenis suntik sing sajane ya luwih efektif saka jenis KB pil kanggo ibu rumah tangga sing sibuk. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9450", "text": "Aku wis kerja kurang luwih setahun. Saben wulan aku mesti nglumpukke bayaranku kanggo tuku laptop. Dhuwit bayaranku wis ngelumpuk 7 yuta, aku wis cepak kanggo budhal ning toko laptop dina iki. Sawise tekan toko laptop, aku diewangi mas mbak sing jaga toko kanggo milih laptop sing cocok kanggo aku lan regane ora luwih saka 7 yuta. Sawise mubeng-mubeng kanggo milih, akhire aku mutusake tuku laptop sing jenenge Asus kanti rega 6 yuta. Isih ana turah dhuwit 1 yuta sing bisa dicelengi maneh kanggo tuku barang liyane. Pengalaman tuku laptop nggawe dhuwitku dewe iki dadi pengalaman sing paling nyenengke ing uripku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9062", "text": "Nek nang KBBI, gugup iku ngelakoni sesuatu utowo ngomong dalam keadaan gak tenang, gagap, gopo nemen, ambek bingung. Gugup iki mau berhubungan erat ambek sing jenenge demam panggung. Demam panggung iku kekhawatiran sing berhubungan ambek penampilan nang ngarep audiens. Nek uwong wes kenek demam panggung, bakal nganggu keseluruhan penampilan pas lagi ndek ngarep publik. Demam panggung iku isok dialami ambek sopo ae. Mulai teko public speaker sampe uwong liyo sing nduwe profesi liyane sing berhubungan kudu muncul nang ngarep publik. Salah siji contohe iku atlet. Mereka iku biasane ngalami demam panggung perkoro prestasine nek misal lagi jatuh teko harapane wong-wong sing ndelok utowo penggemare.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "613", "text": "Ngekei hadiah kejutan kui wis dadi lumrah utowo sering dilakoke karo wong-wong enom. Iki salah siji cara mengapresiasi utowo ngeryake prestasi kanggo wong sing paling cerak. Momen-momen sing pas kanggo ngekei hadiah kejutan iki werno-werno, nanging sing jelas kudu sing bedo seko biasane. Sing kesiji, dino ulang taun. Ulang taun kui kudu dirayake mergo artine wong kui wis dadi luwih gedhe lan luwih dewasa. Sing keloro, menang lomba. Usahane wong sing menang lomba kui ora main-main. Dheweke nganggo wektu selone kanggo sinau utowo garap opo sing dilombake kui. Pengorbanane kanggo entuke juara kui wis sak yogyane diapresiasi. Sing ketelu wisudaan. Wisuda kui tanda wong wis ngerampungke pendidikane lan lanjut neng jenjang utowo donyo selanjute.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3404", "text": "Bocah cilik nag keweden ambek suntik iku kenek dimaklumi ae. Tapi asline wedi ambek perkoro ngunuku yo ora masalh kan isek cilik. Sing garai masalah iku nag ancene wedine iku sambek dadekno bocahe wedi sak lawase. Nah nak ngunuku kudu diilangno. Soale nag ancene iku sampek kedaden sampek gede iku iso dadi kenek gangguan mental ambek trauma nang suntik. Sing apik nak ono bocah sing ngunuku yo kudu dikendelno ambek sing jenenge suntikan, ora kok tambah diwedi. Terus saiki akeh wong sing nang desoku tambah medeni bocah-bocah ben ora suntik polahe loro. Terus nak koyok ngunu kan efeke elek nang mentale bocah sing durung ngerti opo-opo. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3053", "text": "Wong sing moro-moro tanpo ono sebabe iku biasane ono perkoro sing marakno iku dadi koyo ngunu, salah sijine yoiku stress. Nah strees yoiku perkoro sing dialami ambek wong mboh iku awake utowo emosine sing ora iso nyocokno ambek lingkungan sing kudune wong iku maeng nyocokno awake. Stress iku wes termasuk wajar sing gelek dialami wong nang urip, kadang strees iku yo iso ae abot, iso ae enteng karek wonge carane ngendalikno emosine. Nag wong sing ora iso ngendalikno emosine biasane strees iku tambah dadi perkoro sing ruwet soale ono hubungane ambek mental karo pikirane menungso sing kudune iku stabil ambek ketoto.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3072", "text": "Aku gelek kerungu akeh wong sing saiki pengaweane bedak-bedakno agama, terus sing srengen yo akeh soale rumongso agamane iku dienyek-enyek. Padal agama iku ora ngunu karepe. Terus opo agama iku? Agama iku yo kepercayaane wong nang gone pengeran ambek coro-coro sing dipercoyoi kanggo nyembah nang pengeran. Cara iki yo akeh sak pirang-pirang ambek bedo-bedo, terus agama iku yo ono pirang, pirang koyok islam, hindu, budha, kristen, konghucu, ambek liyan-liyane. Kabeh iku tujuane podo nanggone pengeran. Nah sing garai bedo yaiku carane nyembah ambek dalane nang gone pngeran iku tok. Mangkane wes ora atek digawe rame, cukup aturen awake dewe wes bener opo durung ambek sing bok belajari iku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3346", "text": "Kabeh wong nag ketok setan yo mesti mlayu utowo ketinggingen sampek ora iso obah akire nglekes, yo kabeh iku maeng kedaden polahe saking wedine nang setan iku maeng. Nah sing garai wong wedi nang setan iku maeng ora kok mergo iku medeni, tapi sing garai wong wedi iku biasane wujute setan sing ora karuan sampek marakno pikiran iku mikir sing aneh-aneh antara kemproh, elek, ambek nyabe iku dadi siji. Akhire dadekno roso ora karuan wedine nang pikiran. Asline nag wonge sing ketok setan iku maeng pikirane anteng yo ora bakal keweden. Soale ancene pikiran anteng mesti ora ngiro mikir sing aneh-aneh. Terus jelas duwe arah ate lapo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3057", "text": "Saiki iku gelek wong sing moro-moro srengen tanpo ono sebab sing sekirane iso dadekno ngamuk. Wong sing model koyok ngeniki iku biasane duwe temperamen sing ora normal utowo emosi sing kudune diolah maneh ben iso kesalurno nang perkoro apik. Nag kesalurno nang perkoro elek iku medeni. Mangkane kadang ono wong sing duwe kebiasaan moro-moro srengen ora ono sebab wong sing nang pinggire mesti ngeroso aneh ambek wedi dewe engko nang kenek perkoro elek. Mangkane sing duwe perkoro koyok ngeniki kudu iso ngedalikno emosine ben iso dadi emosi sing apik ora tambah dadi perkoro sing elek sing dadekno awake maelh dadi elek nang ngarepe wong akeh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3487", "text": "Panggonan iku asline podo wae, sing garae bedo yoiku wong-wonge tok ambek panggonane tok. Terus nag ono wong sampek keweden polahe nang panggonan asing utowo sing durung dikenal iku polahe deke durung ngerti panggonan iku sak apike. Terus sak liyane iku deke durung ero amebk durung apal panggonan sing ancene dianggep iku penting. Tapi sing garai wong wedi ambek panggonan iku asline yo ora panggonan iku, tapi kondisi nang panggonan iku sing ancene durung cocok ambek wong iku mangkane kudu nyocokno disek. Dadi wong sing dolan nang panggonan asing kudune iso cepet nyocokno ambek panggonan asing iku maeng ben ora keweden.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4348", "text": "Serangga iku ancene ono sak pirang-pirang. Tapi sing dijijiki wong iku ora kabeh serangga sing ketok. Nah biasane serangga sing paling gelek dijijiki karo wong iku contohne koyok coro. Nah coro iku maeng ancene jemberi mergo rupane iku sing mangkelno nag didelok terus yo ora apik blas koyok teletong. Nah nag ancene petuk kewan sing jemberi opo nag nang jeromah iku akehe megilan yo kudu dibuak ambek diusir ae corone ben ora marakno jember ambek jijik. Nah biasane ben ora sampek akeh koyok ngunuku yo kudu disemprot gawe obate ae ben mati sak endok-endoke ben ora ono maneh, Soale sing jenenge coro nang panggonan sing rodok jemek titik mestik gampang manak. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8019", "text": "Menungso iku ancen panggone gawe ngelakoni kesalahan, bah iku sengojo utowo igak. Gawe awak dewe wong Muslim, wajib banget hukume gawe ngilingno dulure awak dewe utowo konco-koncone awak dewe sing Muslim nek mereka ngelakoni kesalahan utowo ngelakoni sesuatu sing marakno duso. Nek gak dilakoni, hukume isok dadi duso dan dijaluki pertanggung jawaban nang akhirat engkok. Pokok sing wajib iku ngilingno ping siji iku tok. Nek misal sing diilingno sek gak ngandel, iku wes gak dadi tanggung jawabe awak dewe soale awak dewe wes ngilingno. Dadi gawe awakmu sing Muslim, ojok lali ngilingno dulur utowo koncomu nek ngelakoni kesalahan ben awakmu gak nduwe tanggunan nang akhirat.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4890", "text": "Wayah rendeng udan dina Rabu, Tina oleh kabar nyenengake saka kakange. Dina kuwi mbakyu ipare Tina babaran bayi kembar lanang. Sing marai bungah kuwi, kakange Tina iki wis ngenteni 5 taun ben bisa duwe anak. Kabeh usaha wis dilakoni, nanging ya mesti ana wae halangane. Mbakyu ipare Tina ya wis tau keguguran, banjur ora mikirake perkara anak. Nanging Gusti Allah maringi berkat yaiku laire bayi kembar lanang sing dadi putu pertama ibune Tina utawa dari ponakan pertamane Tina. Bayi kuwi lair normal lan ora ana kelainan. Bobote uga ya normal nanging sing siji kalung usus dadi laire luwih suwe saka kembarane. Bayi kembar kuwi dijenengi Bima lan Bumi. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3872", "text": "Sing jenenge wong isin nag kecekel polahe ngelakoni perkoro elek mesti isin, opo maneh wong iku maeng terkenal ora tau ngelakoni perkoro elek, yo tambah isine megilan. Nah nag iso ancene kudu ati-atai ojo sampek perkoro elek iku dadekno isin nang awakmu. Nah perkoro elek kanggo wong apik iku yo macem-mcaem, ono sing nyolong, ngelakoni perkoro sing ora tau kepikiran sak durunge yoiku diarani ngepek barange wong liyo padal mok nemokno barang iku maeng, utowo petok ambek koncone sing bedo jenis, Nah kabeh iku maeng iso dadi perkoro sing ngisini merko ancene perkoro sing elek, terus nag diwasi mesti iso dadi perkoro sing eleke megilan. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4996", "text": "Akeh keadaan sing meksa awak dhewe urip dewean, salah sijine yaiku ngerantau lan adoh saka keluwarga. Gawe ngilangkake rasa sepi, ana cara-cara sing bisa dilakoni yaiku dimulai saka netepake tujuan kango urip dewean. Kudu ngerti apa wae risiko lan keuntungane. Banjur kudu ngerti kebutuhan apa wae sing bisa didhisikake lan kudu pinter ngatur dhuwit lan gaya urip. Kaping telune, nggolek kegiatan sing sekirane bisa dilakoni kanggo ngilangake bosen kaya kerja lan ngopeni awak. Kaping papat yaiku sing paling penting, awak dhewe kudu bisa mastikake penghasilan sing mlebu ben ora kekurangan lan ora soro urip dewean. Ning daerah rantau uga kudu nggolek kanca ben ora ijenan. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4498", "text": "Pengalaman sing ngisine iku mesti ono nang uripe menungso mboh iku pas cilik utowo pas gede. Nah biasane sing gelek ngalami perkoro ngeneki iku nag pas waktu SMP utowo SMA. Pas biyen aku SMA ono salah sijine koncoku iku dikongkon gurune nang kantor kanggo jukuk kapur, nah bocahe iku maeng rodok ora kringi, akhire dicipekno kapor tapi ora kapur tulis. Nah kapus iku maeng tibake kapur sing biasane digawe mateni semut ambek bangsane. Nah gurune maeng yo langsung guyu ambek bocah-bocah barang. Nah perkoro iku termasuk perkoro sing iso diarani perkoro sing ngisine mergo bocahe iku maeng dlelem ambek ora tau gelem ngeringekno.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1570", "text": "Pas aku isih cilik, aku tau nibake pot kembang neng ngarep omah. Pas kui, aku lagi dolanan dheweke neng omah. Aku lagi dolanan oyak-oyakan karo kucing kampung sing sok liwat neng ngarep omah. Kucinge kui lincah banget. Mungkin mergo pas kui aku uga isih cilik banget, aku ora iso nyekel kucing kui. Kucinge mlayu tekan ngarep halaman omah, panggone budhe deleh kembang lan taneman liyane. Panggone kui cilik banget. Dadine pas arep ngoyak kucinge merono, aku ora sengojo nyenggol pote kui tekan tibo. Panik, aku langsung mlebu omah. Sorene, pas budheku arep nyirami kembange. Dheweke bengok-bengok mergo delok ono pot sing tibo. Ora suwe, banjur aku ngaku karo isin-isin ngono.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8440", "text": "Aku berangkat gawe melbu kuliah koyok biasane. Aku berangkat dewean teko Kos sisan koyok biasane. Terus ket adoh, aku ketok onok arek mirip pol karo koncoku sing jenenge Nisa. Akhire tak sopo lah. Tapi kok areke gak noleh ya? Dadakno pas digatekno, iku guduk Nisa, tapi wong liyo sing mirip karo Nisa. Aku sing wes isin pol pura-pura ndelok nang arah liyane, pokok ngindari tatapan mata karo arek sing buru tak celuk iku mau. Untung ae arek iku gak ngeh nek mbari tak celuk, dadi aku gak isin nemen lah. Pas melbu kelas, aku ndelok Nisa wes lunggo anteng nang bangkune. Kelingan mau, aku maleh ngeroso isin maneh mergo salah nyeluk.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4879", "text": "Babakan seneng marang idola kuwi bisa dadi mata ladhing kembar, iki berlaku gawe kabeh, ya bal-balan kanthi musik. Bisa dadi semangat, uga bisa dadi bumerang sing marai males. Akeh penggemar sing mutusake ninggalake pendidikan kanggo ngejar idolane lan dadi males-malesan banjur ngapusi liwat dodol cindera mata. Ana sing ngerugikake wong lan milih gelut ning internet karo penggemar liyane. Nanging ya ana sing malah rajin sinau lan rajin ibadah amarga niru idolane sing kuliah kanthi S3 lan rajin ibadah pisan. Kamangka kuwi, saiki awak dhewe kudu pinter-pinter nyaring informasi lan ora berlebihan yen seneng karo idolane awak dhewe. Usahakke sing ditiru kuwi sing apik-apik wae.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "606", "text": "Dedemit kui makhluk alus sing tinggal ning dimensi sing bedo karo menungso. Nanging, tetep wae makhluk alus kui ora nutup kemungkinan ngerti-ngerti jedul neng ngarepe awak dhewe. Yen awak dhewe delok dedemit ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngendalike rasa wedine dhewe. Awak duwe ora kudu wani-wani banget. Awak dhewe cukup tenang wae. Yen rasa wedi kui ngendalike pikiran lan awak, awak dhewe iso ngeloke hal-hal sing ora masuk akal utowo sing sembrono. Malah mergo sembrono kui awak dhewe iso ciloko dudu, mergo diapa-apake karo demite. Sing keloro, awak dhewe ora entuk nantang demit kui. Demit utowo jin ku uga cipataan Tuhan lan awak dhewe wis sak mesthine uga saling menghormati.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "248", "text": "Pas ketemu barang sing wis digoleki ket suwe, awak dhewe ngeroso seneng banget. Ana roso lego neng dodo mergo awak dhewe ora sido kelangan barang sing berharga. Nangin yen misale barange kui tetep ora ketemu, awak dhewe tetep kudu seneng, mungkin bosone sing paling pas kui legowo. Soale, barang kui dudu gone awak dhewe, sendyan barang kui dituku nganggo duwit lang keringet awak dhewe. Kabeh barang sing awak dhewe kui titip saking Tuhan Sing Kuasa. Yen Tuhan pengen kui jipuk kui balik, awak dhewe kudu iklas. Awak dhewe uga percoyo, Tuhan kui ngerti sing paling apik kanggo awak dhewe. Misale, ono barang kesayangan dhewe sing dijupuk, awak dhewe kudu percoyo yen barang kui bakal diganti karo sing luwih apik marang Gusti Allah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3453", "text": "Pa aku lungo nang jogja aku jajal liwat Bojonegoro-Ngawi. Tibake liwat alas sing megilan ombone sampek ate sak jam mlaku nang alas iku tok. Terus moro-moro aku ditotno wong teko guri sing aku dewe yo ora ero sopo wong iku maeng. Aku kan wedi dewe soale nang tengah alas terus sepine megilan. Wong iku maeng sepedae Satria ireng sing durung LED isek lampu kuning biasa. Mari ngunu deke iku jaketan ireng teko kulit sing ancene dadi cirikase wong begal nang dalan, terus deke iku barnag gowo helem ireng bledes ben ora ketok raine wonge, terus nag ake banter deke iku melok banter. Tapi polahe aku gowo sepeda lanang ambek aku yakin wonge ora bakal iso nututi akhire tak gas sak banter-bantere akhire wongi ngilang soale aku wes tutuk kota.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4920", "text": "Aku duwe kanca arane Heru. Kudune wulan ngarep dekne ngadakake lamaran. Nanging lamaran iki kudu batal utawa digagalake amarga calon bojone kerja ning luar Jawa. Ora amarga kerja lan komunikasi jarak adoh sing dipermasalahake, nanging calon bojone Heru kuwi malah mlayu karo wong liya. Heru katon mangkel lan katon stres amarga keluwargane lan keluwarga calone wis arep nyiyapake sekabehe. Lamaran iki ya sajane ora rame-rame, nanging lamaran iki dadi tandha yen Heru iki wis siyap omah-omah. Nanging amarga masalah iki, Heru dadi ora gelem mangan lan ora gelem nyambut gawe. Pancen mesakke, nanging Heru ya mbutuhake wektu kanggo nenangke awake dewe. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1536", "text": "Diguyoni sak kelas kui rasane mesthi isin. Nanging awak dhewe iso ngurangi rasa isin kui kanggo ngelakoke beberapa hal. Awak dhewe iso ngikuti siji utowo luwih saran sing arep tak jabarke. Sing kesiji, awak dhewe iso melu guyu bareng cah-cah kelas liyane. Isine mungkin ora iso ilang banget, nanging paling ora awak dhewe dadi ora canggung pas ngobrol karo konco-konco meneh. Sing keloro, awak dhewe iso langsung metu seko kelas. Iki cocok kanggo wong-wong sing mentale ora kuwat yen diguyuni konco sak kelas. Sing ketelu, awak dhewe iso etok-etoke lara. Awak dhewe iso lungo neng UKS lan ora melu pelajaran.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7650", "text": "Akhir-akhir iki aku ngeroso nek onok sing salah ambek awakku. Gak onok abang gak onok ijo isok moro rasane pengen marah-marah karepe dewe. Padahal yo gak onok sing mancing, tapi kepancing dewe. Enak-enak mangan, moro pengen marah. Enak-enak turu, moro ketangi dan rasane mangkel dewe. Enak-enak adhus, moro nang njero ati kroso mrengkel dewe. Aku dewe sampe bingung iki awakku opo’o. Awale sih tak jarno ae soale sek isok tak tahan. Tapi suwe-suwe dadi nganggu rutinitas. Rasane sitik-sitik dadi gak mood ngelakoni sembarang kalir. Hal iku marakno kerjaanku dadi gak tuntas kabeh. Terus eroh kerjaanku gak sesuai target, engkok emosi maneh. Kan bingung ya.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4911", "text": "Iki wis 7 dinane simbah kakunge Rani seda. Ing 7 dina iki keluwarga sing omahe adoh mulai padha persiapan balik. Rani wis ngerti yen 7 dinane saka sedane simbah kakung iki bakal sepi lan mesti bakal melasake simbah putri amarga mengko kesepian. Nanging Rani ya ora bisa nginep ning omah kuwi amarga sesuk kudu bali ning Jakarta kanggo kuliah. Ning slametan dia kepitu iki Rani uga ngewangi simba lan budhe-budhene reresik kamar lan lemari kanggo nggolek klambi tinggalane simbah kakung sing isih kena dinggo utawa disumbangake. Klambi-klambi iki bakal disumbangake ben dadi amal lan ganjaran sing apik kanggo simbah kakung utawa bisa migunani kanggo wong liya. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8318", "text": "Aku tau diomongi karo mamaku, nek lagi mencret-mencret utowo diare, toilet iku mau kudu disiram sing bener. Tujuane iku ben uwong sing kate nganggo toilet mau gak bakal ketularan diare sisan. Diare iki mau dimarakno infeksi saluran cerna. Mikroorganisme penyebab diare iku mau isok nular, salah sijine yo teko kursi toilet sing buru ae dilunggoni uwong sing kenek diare. Teko kono, penularan diare iku bakal gede banget. Bah iku nang toilet omah bah iku nang toilet umum. Dadi gawe awakmu sing kenek diare, ojok lali gawe nyiram kursi toilet sing mbari mbok nggo ben gak nularno penyakit nang wong liyo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5212", "text": "Anthurium ning budhaya Tionghoa kalebu salah siji kembang lambang kemakmuran uga kabejoan kanggo tuan rumah lan tamu sing teka wayah imlek. Tanduran iki duwe bentuk sing kaya keladi lan duwe kembang abang mbranang lan uga manika werna sing uga ora kalah padhang kaya kuning uga werna abang jambon. Kembang anthurium iki bentuke kaya waru banjur ana buntute. Kembange uga wernane nggilap lan kandel. Wong Tionghoa sing oleh hadiah iki mesti bungah atine amarga ngerasa diwenehi dunga sing apik. Sak liyane dadi pajangan, kembang iki fungsine uga akeh kaya dadi penyaringe udara lan bisa nyerep racun sing ana ning udara lan ruangan. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4425", "text": "Nag prasaku mlebu jeding iku ora ngiro dadi perkoro sing ngisine nag ancene panggonane sepi ambek ora konangan. Terus iku nag kedaden nang panggonan sing ancene ora ono ruangan sing misah contohne koyok jeding sing ono nang panggonan-panggonan umum koyok jeding umum sing ono nang panggonan leren. Tapi iku yo iso ae dadi perkoro sing ngisine nang ancene wes ono sing nyejekno antara panggonan sing lanang ambek sing wedok. Contohne nang mesjid gede, nang panggonan umum koyok bioskop, rumah sakit, ambek liyane-liyane maeng. Dadi nag jareku yo karek panggonan iku maeng, soale kadang ono jeding sing nang panggonan umum barang ora ono tondoe endi sing digawe lanang ambek sing digawe wedok.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9139", "text": "Aku iku nduwe konco sing kepingin pol gawe nyemplung nang kolam renang, tapi de’e iku wedi kelelep. Dadi nek de’e dolen nang Waterpark, pasti de’e mek wani kecek kecek nang kolam arek cilik. Alesane ben de’e isok nikmati dolen banyu tanpa wedi kelelep. Tak sarano gawe nganggo pelampung sing jenis klambi ben gak kelelep. Mbarine tak sarano ngono, akhire de’e wes wani gawe nyemplung nang kolam. Soale nek nganggo pelampung sing iku, gak atek onok acara kelelep soale posisi lambe ambek irung iku pasti nang duwur banyu terus. Dadi gawe awakmu sing sek wedi gawe nyemplung, coba ae nganggo pelampung sing jenis klambi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3391", "text": "Aku ambek bocah-bocah pas isek SD mesti senengani nyolong-nyolong wektu nag mari sekolah gawe mancing bareng. Soale nag ora ngunu mesti diseneni wong tuo polahe mari sekolah iku karepe ora oleh dolan ben ora pegel. Jenenge bocah cilik iku mesti ora duwe pegel nag gak bosen karepe dewe. Tapi masio wedi ambek gelek diseneni bocah-bocah tetep budal bareng ambek gowo pancing. Soale nag oleh iwak iku mesti senenge mgilan. Terus mesti nag mari mancing iku langsung amblas budal ngaji ben ora diseneni wong tuo. Biyen sing jenenge mancing iku kadang sampek magrib barang bocah-bocah lagek bubar soale wes podo lesu ambek wes dalu terus pengen nang mesjid barang gawe ngaji maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5612", "text": "Klitih kuwi salah siji fenomena kriminal sing ana ning Jogja lan mbahayakake kanggo warga. Klitih kuwi sajane singkatan saka \"Kliling Golek Getih\". Pelaku klitih iki saka bocah remaja sing umure SMP utawa SMA. Umume, target bocah klitih iki para bocah SMA utawa SMK ning Jogja sing akeh nduwe musuh utawa sing sekolahe kerep gelut. Sajane, tembung \"klitih\" iki ora duwe makna sing negatif amarga pengertiane yaiku kegiyatan mlaku-mlaku golek barang bekas ning pasar klitikan. Miturut sosiolog, klitih iki maknane uga mlaku-mlaku wayan bengi kanggo ngilangi sumpek. Nanging, tambah tuwane jaman, tembung iki ngalami makna sing geser dadi mlaku-mlaku bengi kanggo nggawa senjata lan nyerang marang wong liya. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7581", "text": "Biasane nek aku mari moleh sekolah, aku gak langsung adhus tapi langsung kelesetan nang kasur mbari pegel sekolah. Gak atek ganti klambi, aku ngleset sek nganggo seragam. Aku iku wes katene turu sek, moro-moro bel omahku muni. Aku sing males tetep njarno, ben engkok dibukakno karo pembantuku. Gak suwe, pintuku diketok, dadakno pembantuku. Jarene onok koncoku sing ngenteni nang ngarep omahku. Aku bingung, lapo koncoku nang omah. Buru ae aku metu, moro-moro awakku langsung diuncali tepung karo konco-koncoku sambil nyanyi ulang tahun. Gak mek tepung tok, onok bayu karo ndhog. Aku sing shock mek isok meneng. Tapi gak suwe aku sadar dan ngincer koncoku gawe tak peluki siji-siji. Kabehe langsung ngehindar soaleh awakku rusuh pol. Tapi akhire aku berhasil meluki kabeh koncoku dan kabeh dadi korban sisan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7920", "text": "Mbari tektokan, akhire diputusno nek dino iki bakal ngumpul nang omahe Uut gawe kerkel tugas kuliah. Tami wes siap-siap ket isuk soale kos e rodok adoh teko omahe Uut. Butuh waktu sekitar 30 menitan dan akhire Tami tutuk nang omahe Uut sing wes rame mergo konco-koncone wes podo teko. Mbarine Tami teko, kerkel e langsung dimulai ben marine gak kebengen. Enak-enak diskusi, moro-moro onok kucing lewat sing marakno Tami mbengok nemen. Wes ngono, de’e bolak balik ngomong gawe nyingkirno kucing iku. Uut sing dadi majikan kucing iku mau langsung nggendong kucinge terus dilebokno nang kandange. Pas ditakoni kok koyok keweden nemen karo kucing. Tami ngomong nek de’e nduwe fobia ambek kucing. De’e mbiyen tau dicakar karo kucing nang kampunge, dan bekase iku sek onok sampe saiki nang lengene. Pas disudokno, konco-koncone langsung neri dewe dan akhire maklumi rasa wedine Tami mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8489", "text": "Awakmu pasti sering krungu istilah “cangkemmu mambu bawang”. Istilah sing siji iku wes terkenal nang ndi ae. Mulai teko TV, media sosial, sampe nang sekitare awak dewe. Pokoke ambu cangkem iku pasti bakal disambungno karo ambu bawang. Salah siji jenis bawang sing paling nemen marakno ambu cangkem iku bawang putih. Hal iku mergo bawang putih iku ngandung sulfur sing bakal ngetokno gas pas dihancurno. Pas bawang iku kecampur karo bakteri sing ngetokno gas, ambu badek iku bakal muncul. Makane iku muncul istilah mau. Dadi gawe awakmu sing gak gelem dikondo koyok ngono, utowo ngehindari ben gak ngalami ambu cangkem, ojok akeh-akeh mangan bawang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7178", "text": "Gawe awakmu sing durung tau nonton konser, ngandelo aku, awakmu kudu nonton konser setidake sekali seumur hidup. Onok akeh banget alesan opo’o awakmu kudu banget nonton konser. Siji, sensasi nonton konser secara langsung iku bedo banget karo ngerungokno lagu biasa. Awakmu isok eroh luwe detail lagu-lagu sing biasa mbok rungokno. Terus awakmu isok mbuktino nek artis sing mbok senengi iku berbakat soale mereka iku nyanyi secara live. Loro, awakmu isok ketemu ambek fans teko kota liyane, dadi awakmu yo isok menambah koneksi dan nambah konco sisan sing isok diajak ngehype artis iku. Dadi gawe awakmu sing durung tau nonton konser, nek artis senenganmu ngumumno bakal ngonser nang Indonesia, gak usah ragu ndang budhal tuku tikete.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5652", "text": "Intimidasi ning dunya maya utawa cyber bullying kuwi salah siji kegiyatan sing akeh ditemokake jaman saiki. Kebebasan sapa wae sing nggunakake sosial media kuwi kekerasan ning sosial media sing ora nyerang fisik langsung, nanging nyerang psikis saka tuturan, ukara, lan tinembung sing ana kesan ngedhukake martabat. Senajan efek serangan iki ora langsung ning fisik, serangan iki bisa marai wong stres, depresi, lan uga ana kepengenan kanggo bunuh diri. Penyebab cyber bullying iki salah sijine yaiku kurange pengawasan wong tuwa marang anak lan tambah akehe konten diwasa sing ditonton karo anak sing durung cukup umure. Pelaku biyasane bocah umur welasan taun, nanging uga bisa wong sing wis umur. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1521", "text": "Aku tau salah mlebu toilet. Pas kui, aku lagi ono neng hotel. Aku lang sanggar tariku lagi ono penampilan neng salah siji hotel sing paling gedhe neng Yogyakarta. Sak durunge munggah panggung, aku ngeroso kepuyuh makane aku pengen neng toilet. Toilete kui rodo adoh seko panggon tampile dadine aku kudu mlayu. Pas tekan kono, aku ora langsung mlebu. Tak deloki disik lambang neng ngarep lawange. Aku ora gelem yen aku salah mlebu toilet. Pas aku wis yakin mlebu toilet lanang, aku malah ketemu mbak-mbak pegawe hotel kono. Lawange langsung tak tutup. Banjur aku neng toilet sijine. Neng ngarep lawang kui wis cetho-cetho ono lambang wong wedhok sing werno abang enom. Nanging mergo mau wis salah lan aku wis kepuyuh banget, lawange tak bukak. Jebul kui tenanan toilet kanggo wedhok. Aku langsung nutup lawange meneh, banjur langsung neng toilet sing awal mau. Jebul neng kono mbak pegawene, pancen tugase ngeresik toilet.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8006", "text": "Wong wong sing kenek diabetes, wes biasa ambek sing jenenge suntik insulin. Biasane suntik insulin iki dilakoni dewe nang omah, engkok obate entok teko resep dokter dan isok dituku dewe. Cara nyuntik insulin iku koyok ngene. Siji, pastikno awakmu wes cuci tangan. Loro, alon-alon darik pompa pendorong sing onok nang alat suntik sampe nyentuh angka dosis sing wes ditentukno. Telu, resikno kemasan botol insulin bagian duwur nganggo alcohol swab. Papat, tusuk jarum suntik nang botol terus teken pompa alon-alon ben gak nyisakno udara nang njero tabung. Limo, tarik pompa sampe tabung terisi insulin sampe dosis sing dianjurno. Enem, cubit bagian awak sing dadi area suntik. Ojok lali resikno area iku nganggo alcohol swab. Pitu, suntikno insulin dengan posisi 90 derajat. Terus tarik suntik sak durunge ngecul cubitan iku mau. Terakhir, tutup area suntikan nganggo kassa sampe getihe mandek ngalir.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4353", "text": "Idu iku masio ketok ora endut, tapi akeh wong sing ngarani iku termasuk barang sing paling jemberi ambek ora pantes dijemok. Opo maneh nak idu iku maeng teko lambene wong liyo yo tambah jemberine pol. Mangkane nak ono wong jember kenek idu iku wes lumrah mergo iku termasuk perkoro sing eleke pol kanggo wong sing kenek idu maeng. Nah akeh-akeh wong sing jijik ambek perkoro iku maeng mergo deke iku jember ambek ambune maeng sing angel ilang-ilangane. Nah teko perkoro iku maeng mangkane kudu iso nag buak idu iku ojo sampek kenek wong liyo polahe iso dadekno wong sing kenek iku atine loro. Dadi nag iso idune nang nggon sing sekirane ora ono wong.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9109", "text": "Nek tak uwasi, akeh akehe makhluk halus utowo jin iku senengane nampakno wujud e nang wong-wong sing gocik. Nek nang wong-wong sing tatak iku maleh jarang, kecuali nang uwong sing mancing disikan. Jenis makhluk halus koyok ngono iku dasarane nduwe sifat sing resek dan senengane meden-medeni menungso tok. Aku gak eroh opo alesan pastine kok onok jenis jin sing koyok ngono. Cuma koyok ngono iku marakno aku yakin ambek siji hal, ojok ngetoki nek awakmu iku keweden. Nek awakmu tambah wedi, makhluk halus iku mau tambah gencer gawe nampakno diri dan meden medeni awakmu terus. Dadi gawe awakmu sing gocik, ayo isok luwe tatak maneh ben gak diganggu ambek jin iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "718", "text": "Awak dhewe ora perlu ngamuk-ngamuk yen kondisi fisik dhewe dilok-loki karo wong liyo. Awak dhewe kudune malah seneng, senadyan dadi wong sing ora populer, isih ono wong sing gelem perhatian marang awak dhewe. Kondisi fisik kui gak iso diowah. Awak dhewe arep mangkele koyo ngopo wae bakal tetep ngono-ngono wae. Awak dhewe kudu ngewiwite nrimo kondisi opo onone. Supoyo uripe dhewe luwih ayem lan ora kegangggu karo omongane wong liyo. Awak dhewe uga ora ngerti sopo ngerti kondisi sing dianggep kekurangan kui iso dadi sumber rejeki kanggo awak dhewe. Iso wae awak dhewe dadi model sing terkenal. Iso uga awak dhewe dadi artis utowo dadi wong sing ngehibur neng TV utowo panggung liyane.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1440", "text": "Aku rodo gila karo semut-semut sing ono neng omahku. Soale, semut kui teko cepet banget tekone. Panganan lagi tibo dilit neng jobin, durung tekan 5 menit, semut kui wis ngerubungi gogrokan panganan kui. Aku tau pas kui bar masak sego goreng. Aku yen masak sego goreng kui akeh banget. Soale, keluarga seneng panganan kui. Makane kui aku gawe sak porsine akeh. Pas kui lagi sarapan. Adi lan ibuku wis mangkat disikan. Ibuku neng kantor lan adiku neng kampus. Aku neng omah dhewekan. Sakdurunge aku beres-beres bekas mangane mau, aku nguyuh disik. Bali seko kamar mburi, semut kui wis ngerubungi piring lan sego-sego sing tibo. Gilo aku deloke.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1430", "text": "Aku iling banget pertama kali aku dijak karo eyangku mlebu neng pasar. Aku ngeroso ora betah. Sing marake aku ora betah kui mambu amis sing ono neng endi-endi. Pas kui, aku isih kelas 2 SD. Dino kui dino Sebtu. Sesok dino Minggune ameh ono acara neng omah, dadine eyangku arep belonjo neng pasar. Delok aku tetengukan neng ngarep teras, aku uga dijak merono. Tekan neng kono, rasane pengen cepet bali. Aku ora kuat ngambu amis neng endi-endi. Aku ngeliwati bakul iwak, bakul pithik, tekan bakul daging. Kabeh kui ambune amis. Durung meneh neng cerak parkiran kui ono bakul iwak asin. Rasane pengen mukok aku pas lagi neng kono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4973", "text": "Asuransi liyane sing bisa kanggo jaga-jaga kuwi yaiku BPJS-TK utawa BPJS kanggo tenaga kerja. Asuransi iki ditujokake kanggo wong sing kerja ning perusahaan. BPJS jenis iki nanggung kabeh kebutuhan asuransi karyawan kanthi wayah pensiun. Ing taun 2019, jenenge BPJS-TK iki ganti jeneng resmi dadi BP JAMSOSTEK. Gedhene iuran kanggo jamsostek iki yaiku 5,7%. Pembagiane yaiku 2% saka pegawe lan 3,7% dibayar karo perusahaan. Manfaate asuransi iki yaiku ngurangi risiko ekonomi sing disebabake saka risiko penggawean kaya PHK, kecelakaan kerja, lan kematian uga jaminan hari tua. Ana prosedur sing kudu diurus yen asuransi iki arep diklaim amarga kudu ana informasi sing jelas lan kepentingan kanggo klaim JHT. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4423", "text": "Kabeh wong mesti butoh jeding, mboh iku wong deso utowo wong kota. Masio iku mlaku adoh utowo nang omah mesti utoh sing jenenge jeding. Nah perkoro iku asline ora masalah ambek lumrah kanggo wong normal. Tapi sio dadekno wong isin nag sampek wong iku maeng kleru oleh mlebu jeding. Nah klerune maeng mergo wes kepekso utowo kepepet mangkane iso kleru. Nha biasane sing iso dadekno isine nemen iku nag ancene wes ono tengerane terus dadekno wong sing liyane iku antri akeh, iku sing bakal dadekno isine pol mergo polahe wong sing kleru maeng iso dadi antri terus konang awong kaeh menisan. Nah mergo iku maeng nag iso mlebu jeding iku sing ati-ati.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5344", "text": "Wis kebukti pirangane taun, yen Jakarta iki dadi kutha sing paling marai macet ning Indonesia. Jakarta iki uga dadi kutha sing sistim transportasine maju, nanging ora kabeh wong bisa numpak amarga akses transportasi iki ora bebas lan isih larang. Akeh wong sing milih numpak kendaraan dhewe lan kuwi marai tambah macet. Ana rasa bingung yen ndelok transportasi iki. Yen pengen bebas polusi lan bebas macet, kudu bisa numpak kendaraan umum, nanging fasilitase ya uga durung lengkap. Amarga kuwi, wong Jakarta lan macet iki ora bisa dipisahake. Kemacetan iki ngaruh marang tingkat stres. Wis akeh wong sing cerita ning media sosial babagan stres kerja ning Jakarta amarga transportasine. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "331", "text": "Wektu kui, aku, adi, lan ibuku durung suwe pindah neng Yogyakarta. Awak dhewe numpang neng panggone Budhe Erni. Sepupuku neng omah budhe kui sepantaran karo aku. Awak dhewe mesthi ngelakoke kegiatan bareng, termasuk ngaji. Ngaji kui ora dhewean nanging ngundang ustadzah sing kebutulan tonggone awak dhewe. Pas lagi ngaji kui, aku tau nangis kejer. Moconanku akeh sing salah dadi dikon balane karo ustadzahe. Makin dikon koyo ngon, aku dadi makin tertekan. Mergo moconanku ora bener-bener, ustadzahku kui ngandani ning ngaggo nada sing luwih dhuwur. Aku ngerti maksude kui ora gelem nyeneni aku. Nanging aku tetep nangis. Pas kui, aku langsung iling kerep diseneni karo guru ngajiku neng SD.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9961", "text": "Wingi sadurunge plesir, aku lan kembaranku sempet padu dhisik. Iki mana amarga aku ngerasa ora adil babagan Ibuku sing ngekei aku sangu. Adhiku diwenehi sangu 500 ewu lan aku diwenehi sangu mung 300 ewu padahal kene plesir ing panggon sing padha. Aku muring-muring ning Ibu lan ngomong yen ora bakal melu budhal plesir misal isih ora adil le ngewenehi sangu. Akhire Ibuku ngomong yen kanggo kembarangku iku diwenehi luwih akeh amarga dheweke ora bisa mangan sega, dadine engko kudu tuku panganan saliyane sega sing rada larang. Nanging aku tetep mangkel lan isih muring-muring, kenapa aku diperlakokake ora adil karo ibuku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4936", "text": "Duwe trauma jaman cilik kuwi pancen ora penak. Apa maneh trauma sing mbutuhake bantuan saka ahli kaya psikolog lan wis direwangi medikasi saka psikiater. Nanging ada cara sing bisa dilakoni kanggo ngikis trauma kuwi yaiku saka cara meditasi. Kaping pisan, fokus karo awake dhewe lan lungguh sing kepenak, banjur diatur pernapasane lan mbayangke kabeh sing marai santai lan ora ana beban. Kaping pindho, coba ngiling-iling trauma sing ana ing jaman cilik, jajal dianalisis jenis emosine lan dirangkul ben ana pelajaran sing bisa dijupuk. Kaping telu, jajal ngewenehi ngapura karo wong sing ana ing trauma kuwi. Rampung meditasi kuwi dijamin awak bisa luwih enteng. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9859", "text": "Manungsa iku panggone lali. Kadhang apa sing dilakoni dina wingi wae bisa lali apa maneh kedadean pirang-pirang taun kepungkur. Wis gelek banget nalika ana ing panggon umum, ana sing nyapa lan kene bingung iku sapa. Nalika dieling-eling jebule iku kanca jaman SD utawa kanca lawas sing wis suwe banget ora tau ketemu. Yen wis kaya ngono aja lali kanggo nakok kabare lan yen bisa njaluk nomere supaya mengko bisa tetep hubungan senajan mung liwat sosial media. Biasane kene uga ditraktir utawa ditukokna mangan kanggo wujud peduli ketemu karo kanca lawas. Yen wis kaya ngono wis dadi kewajiban kanggo kene ngomong matur nuwun lan yen bisa diagendakna kanggo ketemu maneh lan gantian kene sing nraktir.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9876", "text": "Manten anyar nalika duwe anak kadang bingung nalika ngerti dheweke meteng. Bingung kudu apa sik lan bingung kudu kepiye. Nalika ngerti yen awake meteng nomer siji bisa langsung ngandani wong sing paling cedhak. Kayata bojo, wong tuwa, utawa kanca. Nomer loro, langsung mara menyang dhokter supaya bisa ndang dipriksa. Meteng awal awal iku rada rawan, mulane kudu langsung mara ning dhokter utawa bidan kanggo mastikna supaya jabang bayine tansah seger waras. Nomer telu kudu tenang lan ora perlu gupuh. Yen Gusti wis ngewenehi rejeki kanggo meteng berarti Gusti wis percaya karo koe lan bojomu kanggo ngurus lan nggedekna bayi sing dadi anakmu iki. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2087", "text": "Neng kuto kui pola uripe bedo karo neng deso. Neng kuto kui awak dhewe opo-opo kudu cepet lan kudu awak dhewe lakoke dhewe. Kanggo wong sing durung biasa pola urip sing cepet lan instan, iso dadi hal sing medeni. Supoyo awak dhewe iso ngadepi perkoro kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu sinau dadi egois. Awak dhewe ngutamake kebutuhane dhewe disik sak durunge kebutuhan wong liyo. Yen arep nulungi wong liyo, pastike kepentingane dhewe kui wis entuk disik. Sing keloro, awak dhewe iso kudu luwih wani jupuk risiko, terutama risiko yen wong kui bakal ngelarani perasaane wong liyo. Yen ora ngono, awak dhewe sing bakal dilarani perasaane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "227", "text": "Nabung kui dudu kegiatan sing mung iso dilakoke karo wong-wong sing wis duwe gawean. Bocah cilik utowo bocah sekolahan kui uga iso ngewiwiti nabung. Mungkin, jumlahe ora bakal seakeh wong sing duwe gajih, naning bukane ora mungkin. Anak sekolahan iso nabung seko uang jajane. Misale, sedino uang jajane Rp10.000. Iso wae sedino duwite kui disisihke Rp2.000. Dadi kiro-kiro seminggu wis iso entuk Rp10.000. Artine sesasi iso entuk Rp.40.000. Setaun kiro-kiro entuk Rp480.000. Duwite kui ora sitik, arep setengah yuto. Kui lagi setaun. Yen iso konsisten selama 3 taun neng sekolahan, dee iso entuk 1,5 yuta kurang. Seko duit kui, anak sekolah iso tuku barang-barang sing disenengi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5337", "text": "Kasus kekerasan ning sekolah iki dianggep salah siji cara sing ala kanggo mbuktikake kekuatan para bocah berandal ning sekolah. Kekerasan ning sekolah iki kadhang uga akibat saka tontonan sing ora layak kanggo bocah-bocah. Miturut para peneliti perilaku, tontonan iki mbuktikake yen anane kekerasan kuwi bisa dadi wong paling jago sak sekolahan. Nanging, sak liyane tontonan, didikan saka omah kiki perlu digalakake. Kaping pisan yaiku ngewenehi pengertian yen kanca kuwi padha lan ora oleh dibedakake. Kaping pindho yaiku ngajari bocah babagan bela diri ben bisa ngolah emosi. Kaping telu, yaiku ngajari bocah ben luwih kritis lan wani ngelawan uga wani nuturi yen ana kekerasan. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7289", "text": "Awakmu tau gak nduwe konco sing marakno awakmu tersiksa lahir batin? Opo maneh nek koncomu iku sering marai awakmu sering ngeroso bersalah padahal asline awakmu gak lapo-lapo. Nek awakmu nduwe konco koyok ngono, wes wayahe awakmu menjauh teko de’e, dan nek iso bener-bener memutus hubungan ambek de’e. Perilakune koncomu iku jenenge guilt-tripping, yaiku pelaku bakal ngomongno hal sing mari awakmu ngeroso bersalah. Dan perilaku iku bener-bener 'beracun', terutama gawe kewarasanmu. Nek awakmu sek bertahan ambek arek sing koyok ngono, suwe-suwe awakmu bakal stres dewe dan de’e gak bakalan nolongi awakmu. Dadi nek nduwe konco koyok ngono, gak usah ragu gawe mutus hubungan ambek de’e dan nggolek konco sing luwe apik gawe awakmu.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9476", "text": "Akeh artis sing ngerasa ora penak nalika ketemu karo pnggemare ning panggon-panggon umum kayata mall, warung mangan, lan panggon liyane. Babagan iki amarga artis ngerasa langsung ditekani, diubengi, lan padha njaluk foto kabeh saengga artis iku ora bisa ngelaksanakake kegiyatane kanti marem. Iki ana cara nalika ketemu artis ana ing panggon umum nanging tetep bisa njaga supaya kene lan artise tetep ayem. Nomer siji, ora langsung nekani artis iku. Kudu bisa ndelok apa maneh nalika artise iku lagi mangan ora oleh langsung ditekani, iku bakal ngganggu. Nomer loro, jajal kanggo nyapa. Yen disauti berarti artis iku ngerasa kene ora ngganggu, lan kene oleh kanggo njaluk foto. Nanging yen sawalike, artis iku meneng wae berarti dheweke lagi pengin ngelaksanakake kegiyatan kanti ayem lan ora ana sing ngganggu. Gawe penggemar, kene pancen kudu ngerti wates supaya ora nganggu artis.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4960", "text": "Biyen pas isih SD, aku nduwe kucing jenis anggora sing tak sayang banget. Kucing iki ana ning kabeh kegiyatan sing ana ning omahku kaya melu aku sinau, ngetutake ibu masak, uga turu-turuan ning cedhak bapakku. Kucing iki arane Momo. Momo iki kucing sing pinter lan tingkahe lincah. Ora tau nakal lan mesti mangan apa wae gelem. Nanging ing sawijining dina, Momo iki ilang lan ora ana kabar. Aku lan ibuku uga bapakku wis ngideri kampung nanging ora ketemu. Sawijining dina, tanggaku arep mbuwang sampah ning cedhak kebon, jebul nemu Momo wis mati. Pas didelok jebul Momo diracun wong. Pas kuwi rasane aku ora tega ndelok Momo lan mesti kelingan tekan saiki. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2925", "text": "Pas rame-rame corona, wong-wong wedi budal nang puskesmas soale wedi ambek kire dokter sing jarene akeh sing ngawur. Jarene wong-wong kampung ambek omongane wong sing tau nang puskesmas, akeh wong sing perikso polahe watuk ambek pilek terus dianggep corona. Mangkane wong-wong sing budal nang puskesmas sing diarani corona yo mesti jumbul soale awake iku mok loro watuk pilek sing wes biasane ono. Terus polahe jumbul maeng wong-wong yo terus mireh ambek keweden karepe dewe. Opo maneh pas iku corona orakaruan ramene. Terus wong daerah panggonanku yo nag gak nyambut gawe yo ora iso mangan, mangkane akeh wong ora terimo nag dicoronano.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7988", "text": "Biasane, uwong iku ngeroso abot nek dokter wes ngomong kudu operasi. Sing dipikir siji, pasti biayane luarang. Durung maneh engkok biaya pengobatan liyane sak wise operasi. Jelas butuh duit akeh gawe ngeramut iku mau. Onok solusi sing paling gampang, yaiku nganggo BPJS. BPJS iku istilahe asuransi sing isok mbantu awakmu gawe berobat teko segi finansial. Nek misal awakmu nganggo BPJS, sembarang kalir jenis operasi iku bakal ditanggung, dadi awakmu gak perlu ngetokno duit maneh. Gak mek operasine tok, biaya pengobatan sampe engkok awakmu waras iku bakal ditanggung sisan. Wes ngono, iuran sak wulane iku terjangkau. Dadi gawe awakmu sing kate ngelakoni operasi, ojok lali dinggo BPJS e yo rek.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3002", "text": "Wingi pas aku tuku bensin iku ono wong ngamuk polahe antriane iku disrobot ambek wong-wong sing tatoan. Nah bapak sing ngamuk maen, iku awake ora sepiro gede tapi kokote pol, terus wonge iku gowo sepeda vario sing warnai ireng. Bapake maeng iku lagek ate maju terus langsung disrobot ambek wong tatoan maeng, terus bapake maeng langsung ngomong nag deke ora balik nang antrian bakal ditabrak teko buri, Terus bapake maeng ambek nyopok jakete, tibake wonge maeng tentara. Akhire wong sing tatoan maeng langsung balik nang antrian sing nang buri dewe. Bapake kendel tibake ancene anggota TNI. Nah wong sing tatoan maeng akhire ora sido antri soale dowone rambloko. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3008", "text": "Saiki akeh sing ngeviralno wong-wong sing ngamuk polahe ngantri terus disrobot ambek wong liyo. Kudune petugas sing jogo yo nertipno ben ora garai perkoro. Terus wong sing penggaweane nyrobot kudu disaranno ngantri soale nag dibarno engko mesti tuman ambek terus dadi kebiasaan sing ngerugekno wong liyo. Anjuran antri ancene ora ono nang undang-undang utowo aturan sing tertulis, Tapi iku wes dadi aturan adat sing ancene kudu dilakoni wong akeh. Nag ora dilakoni mesti bakal kenek sangsi sosial sing teko lingkungan mboh iku diamok uwong utowo liyane. Mangkane kabeh wong nag endi-endi ancene dianjurno kon antri ben ora ngerugekno wong liyo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5746", "text": "Akeh banget wong sing ngerasa yen dikejar kewan kuwi medeni amarga kewan kuwi bisa nyokot, apa maneh asu. Sing dadi penyebab wong iki wedi salah sijine yaiku amarga asu sing nguber iki kadhang nduwe penyakit kaya rabies sing bisa mbahayakake kanggo menungsa lan bisa nular. Nanging akeh wong sing ora ngerti tandha-tandhane rabies iki kamangka nganggep yen asu sing kena rabies iki mung asu biasa sing lagi ngamuk. Kewan sing nguber iki kadhang uga tanpa sebab. Kamangka, kesehatan kewan kuwi penting, ora mung fisik nanging uga psikis kaya ngusahakake kewan ben ora wedi karo wong sing ora dikenal, nanging uga tetep waspada lan tetep dilatih.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5674", "text": "Ana sing ngomong yen awak dhewe ngelanggar pantangan ning salah siji panggon kaya laut utawa danau kanggo renang, awak dhewe bakal digawa karo para penghuni. Nanging isu iki ana ning masyarakat kanggo ngewenehi peringatan ben ora sembarangan renang amarga ora ana sing ngerti kondisi banyune. Kaya salah siji mitos sing diciptakake, yaiku yen renang ning Parangtritis nganggo klambi ijo, bakal diseret karo Nyi Roro Kidul. Nanging kasunyatane, mitos iki ana kanggo meden-medeni warga ben bisa luwih ati-ati amarga ana gelombang gedhe lan dasar laut sing wernane ijo rada biru nyamarake werna klambi lan marai tim SAR ora bisa nemu korban sing kelelep. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2634", "text": "Trauma pas waktu cilik ancene aneh-aneh. Ono sing ambek kucing, ono sing ambek walang, ono sing ambek wit-witan, ambek ono ae sing ambek wedos barang yo ono. Kabeh sing diarani trauma iku duwe awitan perkoro sing bedo-bedo. Jarene koncoku trauma nag waktu cilik iku iso wae diwarasno karo bantuane wong psikolog. Tapi iku kabeh yo butuh biaya. Tapi nag jare wong sing nang desoku iku kudu disuwukno nang wong pinter (dukun jowo) ben nang mari. Tapi kabeh saiki iku ono ilmune ora angger sat set terus ketemok. Mangkane wong trauma iku angel tambanane opo maneh sing trauma ket cilik tambah rodok angel tambanane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9116", "text": "Aku iku tau dadi korban cyberbullying nang media sosial. Awale aku sempet sampe keweden dan ngeroso lara ati dewe. Dan setelah berproses suwe, aku isok selamet teko cyberbullying iku. Cyberbullying iku kadangan isok marani nang opo sing dilakoni awak dewe. Tapi awak dewe isok nyegah ben hal iku gak kedaden nang awak dewe maneh. Cara gawe nyegah cyberbullying sing dituju nang awak dewe iku koyok ngene. Siji, ojok keseringen gawe posting. Loro, batesi komentar sing gak penting utowo isok ngelarakno atine awak dewe. Telu, batesi penggunaan media sosial ben gak akeh ndelok komentar pengguna media sosial liyane sisan. Terakhir, ojok gampang kepancing, mending komentar jahat iku dijarno ae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6080", "text": "Toni oleh perintah kanggo kerja ning luar Jawa seminggu amarga dekne saiki ana ning badan survei penduduk. Toni iki kudu blusukan menyang kabupaten lan kecamatan sing adoh saka pusat kutha. Bagian sing dikunjungi Toni yaiku pasar tradisional. Ning omahe Toni, yaiku Surabaya lan panggonan kerja ning Jakarta, pasar iki dikenal resik amarga wis modern. Nanging ning kutha iki rasane luwih rusuh. Warung-warung kuwi uga ana sing sandhingan karo panggon mbuwak sampah. Sing luwih nggilani maneh yaiku ana panganan sing wis dimasak wiwit isuk lan uga ana ndhog laler ning kono. Amarga kuwi, Toni luwih milih masak dhewe ning penginepan tinimbang tuku panganan sing rusuh. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4433", "text": "Bocah sak kelas nag guyu iku ono rong perkoro, nag gak bocah sing dikuyu iku ngelakoni perkor sing ngisine, yo ngalkoni perkoro sing ancene lucu. Nah nag sampek ngalakoni perkoro sing sampek ngisine iku sing dadi masalah mergo mesti dadi anjlok regone awak nang konco-konco. Nah contohne maeng iku koyok bocah sing turu, terus konangan ambek gurune, mari ngunu terus diukum ambek gurune nang ngarepe sekolah utowo dikongkon ngadek nang ngarepe bocah akeh utowo diukum opo sing biasane diguyu bocah akeh. Nah ngunuku maeng iso dadekno perkoro sing isine glani ambek ora karoan isine mergo ngelakoni perkoro sing ora perli ambek ojo sampek kedaden.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6088", "text": "Yen kanca-kanca nduwe ponakan utawa anak sing isih SD, luwih becik saiki dibiasakake nggawa bekal saka omah. Variasi bekal sing digawa iki kudu macem-macem ben anak ora bosen lan uga ngindari njajan ning jaba. Jajanan sing ana ning sekolah iki durung mesti kejaga tingkat higienise lan bekal sing digawa iki uga kudu muat akeh gizi kaya protein, karbohidrat, lan vitamin. Amarga saiki jajanan sing ana ning sekolah kuwi ora bisa didelok resik lan orane. Apa maneh ning jaman saiki, akeh banget kasus keracunan amarga jajanan sekolah. Amarga kuwi, ayo budhayakake nggawa bekal saka omah lan luwih disiplin babagan jajanan. Oleh njajan, nanging uga kudu diawasi ben ora salah mangan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7195", "text": "Gawe para ibu sing meteng terus nduwe riwayat mata minus, pasti beberapa dokter nyarano gawe milih operasi caesar timbang persalinan normal. Nek wes disarano koyok ngono, ojok atek ngeyel dan nuturo opo jare doktere. Persalinan normal iku akeh anget resikone gawe ibu sing nduwe riwayat mata minus. Hal iku mergo persalinan normal iku kudu ngeden cek bayine metu. Nek semisal ngedene kekencengen, isok beresiko kebutaan gawe ibu sing mripate minus. Dan kadang kan gak tau iku ngedene kekencengen ta gak, kadang dilosno ngono ae. Iku sing marai resiko kebutaan tambah duwur. Gawe ngurangi resiko iku, onok apike nek milih operasi caesar gawe ibu sing mripate minus.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3463", "text": "Ora kabeh wong iku wani nag ditinggal dewe nang sembarang enggon. Contone koyok koncoku, deke iku wedine pol pas tak tinggal nguyo pas kema nang gunung. Alasane wedi tibake deke iku duwe trauma sing dadekno bocahe ora wane nag ditinggal dewean nang panggonan sing ora deke kenal. Pas deke keweden maeng iku awake maleh linglong, terus keringete koyok wong ados, motone iku kotong ambek tangane iku anyepe megilan terus moro-moro koyok wedi sembarang-barang sing obah nang pinggire. yo paling ngunuku salah sijine trauma soale aku yo ora ngerti ciri-cirine wong duwe trauma iku koyok opo tapi sing jelas iku sing tak delok nang gone koncoku sing cerito nag deke iku trauma.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2093", "text": "Kendaraan sing reme blong kui ngebahayani pengendara lan wong-wong sing ono neng dalan liyane. Akeh kendaraan neng iso awak dhewe temoke neng dalan. Nanging menurutku, kendaraan sing paling bayani yen reme blong kui bis. Sebenere kabeh kendaraan sing gedhe kui luwih medeni yen reme blong. Misale koyo trek sing gowo material utowo barang-barang sing ngebaki bagian burine. Bobot seko kendaraane lan gawanane marake kendaraan kui luwih angel meneh mandege. Nanging trek kui biasane ora gowo wong akeh. Bis kui mesthi gowo wong-wong dudu barang. Sing gawe bis kui luwih medeni kui mergo yen reme blong korban seko kacilikaane kui luwih akeh. Rugine ora seko material nanging awak dhewe dadi kelangan nyowo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3012", "text": "Ono koncoku sing gendut iku gelek dielokno bocah polahe kelemuon awak. Nah ngunuku asline iso dadekno bocahe gangguan mental polahe gelek srengen. Nah ganguan mental iku maeng salah sijine yoiku Anoreksi sing biasane dikenal ambek Anoreksia nervosa, Nah sing dimaksud iku maeng yoiku gangguan jiwa sing garai wong iku maeng pengen duwe awak sing kuru soale wedi ambek awak sing kelemon. Nah dampake iku iso dadekno wong iku maeng ora doyan mangan terus akhire loro tipes ambek lambung. Mangkane saiki iku wes akeh wong sing nyeneni perkoro ngenyek nang awak soale dampake nang mental iku gedene megilan nang nggone wong sing dielokno.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6139", "text": "Ngeregani wong sing ana ning ngarep kelas kuwi perlu banget kanggo pendidikan lan nuturi babagan piye carane ben presentasi uga pendapat iki luwih digatekake. Wong sing nggatekake presentasi mesti oleh ilmu anyar amarga luwih fokus. Sing marai mangkel yaiku pas lagi nggatekake presentasi lan ana kanca sing senengane ngomong sing ora sesuai karo topik. Babagan kuwi pancen bisa marai ngguyu nanging uga bisa marai buyar konsentrasi. Amarga kuwi, kanggo para siswa, yen ana kancane lagi presentasi aja diguyu amarga kuwi padha wae karo ora ngurmati wong sing ana ning ngarep. Kepiye wae kanca sing ning ngarep kuwi nyampekake ilmu sing wis disinaoni. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5758", "text": "Pentinge ngelindungi awake dhewe ning lingkungan kuwi bisa dadi salah siji tameng kanggo ngindari saka aktivitas kriminal kaya penguntit. Cara ngelindungi awake dhewe kuwi uga macem-macem.Salah sijine yaiku sinau babagan bela diri lan uga cara nggunakake senjata alternatif kaya silet lan gaman liyane. Saiki, akeh wong sing ngelakoni kejahatan ning panggonan umum dudu kanggo materi, nanging uga amarga nekat lan ana kepengenan sing spontan. Kamangka, ayo awak dhewe kudu dadi wong sing waspada. Awak dhewe kudu bisa nyediani gaman lan kudu bisa dasar bela diri kaya pencak silat utawa taekwondo. Yen awak dhewe wis bisa nyediani gaman, awak dhewe mesti wis bisa tenang.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4438", "text": "Kabeh wong nag diguyu kancane ska kelas iku mesti isin. Masio iku termasuk ora ngenyek tapi guyu mergo penggawean sing dilakoni iku maeng lucu utowo guyokno yo tetep ae iso marakno wong sing ngelakoni maeng isin. Nah kabeh iku maeng nag iso kudune diadohe ambek diati-ati ben ora samepk ngelakoni perkoro sing marakno wong liyo iku guyu nang awake. Soale sing jenenge guyu wong iku ono kolone wong iku maeng nganggep wogn sing diguyu iku maeng goblok, ora ngerti opo-opo, utowo ora iso lapo-lapo. Nah mangkane nag ate lapo-lapo kudu dipikirno disek ben ora sampek marakno wong akeh sak kelas iku ngeremehno nang awake.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4881", "text": "Akeh kancaku sing wis padha dadi temanten. Salah sawijine Riris. Riris kuwi kancaku wiwit TK kanthi SMA. Banjur pas kuliah, aku lan Riris pisah amarga Riris oleh kampus ning Jakarta. Pas ngeterake undangan, Riris mampir ning omah lan melu pamitan marang ibuku amarga Riris nang ibuku wis kaya keluwarga. Pas resepsi uga ibuku teka. Ning acara resepsi kuwi, Riris katon ayu lan manglingi. Tamu sing teka yo akeh, ana kanca TK, SD, SMP, SMA, lan kanca-kanca kampus uga kanca kerja. Dadi ning acara kuwi kabeh kanca ketemu lan dadi acara reuni lan foto karo kanca lawas. Ning acara kuwi aku lan kanca-kancaku uga melu seneng lan ndungakake Riris .", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3396", "text": "Kadang ono wong sing diseneni iku biasa ae, kadang yo ono sing diseneni iku keweden yo ono. Perkoro iku asline kedaden polahe pirang-pirang perkoro, ono sing ancene teko kesalahane wong sing diseneni, yo ono sing teko sejene pikiran sing akhire dadekno wong padu sampek senen-senenan. Mangkane kabeh wong iku asline iso mutusno kudu wedi opo ora nag diseneni. Tapi biasane wong nan diseni polahe salah. Nag kanggo nagedepi ngunuku yo kudu jaluk sepuro masio wedi soale iku dalan sing paling apik. Terus sing jenenge wedi iku ojo sampek dilebokno ati utowo dipikir jero-jero soale iso dadekno gangguan pikir utowo loro pikir sing ancene marakno elek nang awake dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1069", "text": "Pas ono wong sing ngancem awak dhewe, neng kahanan opo wae, awak dhewe, ora entuk wedi. Iso wae wong kui mung modal kendel tok ngancem awak dhewe. Malah dheweke sing sebenere wedi. Misale wong sing ngancem awak dhewe gowo lading utowo pestol utowo banda sing bahayake liyane, awak dhewe tetep kalem wae. Ojo nunjuke yen awak dhewe kui gemeter. Yen dheweke ngerti yen awak dhewe wedi, dheweke bakal luwih wani meneh. Nanging sak walike, yen awak dhewe ekspresine biasa-biasa wae, kalem, dhewek bakal bingung lan suwe-suwe wong sing ngancem mau sing bakal wedi. Awak dhewe bakal luwih akeh kesempatan selamate yen ngadepi kui kalem-kalem wae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2627", "text": "Gagal sing ono nang jeru urip iku ancene pengalaman sing paling elek. Masio iku iso dadekno awak dewek kenek mental, terus atine maleh ngeroso sedeh tapi kudu iso tetep ngadek jejek ben iso ngadepi urip sing bakal teko nag ngarep. Lah carane ngatasi kegagalan nag jero urip iku piye carane? carane ngadepi iku ono pirang-pirang maceme karek endi sing cocok ambek pemikiranmu yaiku anggepen kegagalan iku dadi pengalaman urip sing iso digawe ilmu ben mene nag nagdepi perkoro sing podo amebk iku maeng wes ora bingung soale wes tau gagal. Mari ngunu, mikiro sing apik-apik ae teko kegagalan iku maeng, soale nag awakmu iku nganggep gagal iku perkoro elek yo bakal elek, padal gagal iku ora sak lawase bakal gagal.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4983", "text": "Ning dunya psikologi, ana salah sawijine profesi yaiku konseling pernikahan. Konseling iki bisa dijupuk saka psikolog utawa psikiater. Tugase konseling pernikahan iki yaiku ngurusi perkara rumah tangga sing ana hubungane karo pertahanan lan nyegah mundhake angka pegat. Kegiyatan konseling iki wis akeh ning manca negara amarga akeh sing nganut hubungan bebas. Nanging, ning Indonesia ora akeh amarga cerai kuwi urusan dhewe-dhewe lan perkara rumah tangga dianggep aib. Masalah sing bisa diceritakke macem-macem, yaiku seksual, keuangan, narkoba, emosi sampe kesiyapan yen arep duwe keturunan. Konseling pernikahan iki bisa ditekani salah siji pasangan utawa sepasang ben ngerti piye perkara lan cara ngerampungkene. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8387", "text": "Awak dewe sing biasa masak panganan nang omah iku pasti wes yakin nek panganan iku mau jelas resik dan higienis. Iku ancen dadi hal sing puenting dan isok ndukung kesehatane awak dewe. Tapi sadar gak, kadang awak dewe ngelakoni kesalahan sepele sing isok marakno nilai keresikan ambek kehigienisan nang panganan iku dadi berkurang. Awak dewe isok nyegah kesalahan sepele iku ben hal sing disebutno mau gak kedaden. Siji, bedakno pisau ben jenis panganane. Misal pisau A iku gawe sayur, terus pisau b gawe daging mentah. Tujuane ben gak kedaden cross-contamination. Loro, gunakno wadah sing bedo gawe jenis panganan mentah ambek mateng. Ojok atek dicampur, soale panganan mentah iku isok ngontaminasi panganan sing wes mateng nek wadahe dipadakno kabeh. Terakhir, ojok dekek panganan sing wes mateng ndek suhu ruangan suwe-suwe. Mending simpen ndek kulkas.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5248", "text": "Akeh pengalaman ketinggalan pesawat utawa bus amarga penumpang sing kurang tertib lan ora nggatekake jadwal. Penumpang sing ora tertib iki kadhang ngerugikake penumpang liyane amarga bisa marai perjalanan ditunda. Penumpang iki kadhang telat amarga ora ndelok jadwal sing ana ning tiket utawa budhale sing mepet. Banjur kurange informasi iki uga marai penumpang mlayu-mlayu lan kesusu nggoleki kendaraan sing ana ning bandara utawa ning terminal. Kamangka kuwi, ayo dadi penumpang ning bijak lan ora marai rugi wong liya. Awak dhewe kudu ndelok jadwal lan uga informasi penting sing ana ning tiket uga saka jadwal informasi sing ana ning terminal utawa ning bandara. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9898", "text": "Wong sing nemu harta karun mesti rasane kaget lan njingkat banget. Sapa sing ora njingkat yen ujug-ujug ndelok emas utawa dhuwit sak koper sing ana jng lemah. Nalika nemu kedadean nemu harta karun kaya ngene sing bisa dilakokake yaiku ora gupuh. Ora gupuh kanggo njupuk harta iku soale kudu dipastikna sek iki ora ana sing duwe. Nanging ora perlu gembar gembor ing sosial media amarga wedin emalah dicolong karo wong liya. Sing penting kudu bisa koordinasi karo pamrentah sing ana ing kono kanggo nggawa metu harta karun iku saka lemah supaya digawa ana ing kantor desa lan diselesaina bareng-bareng supaya ora ana kesalahpahaman.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5343", "text": "Taun 2021, peneliti saka lembaga Tomtom, yaiku lembaga sing ana ning negara Belanda, ngumumake yen Istanbul, Turki, dadi negara sing paling macet ning dunya iki saka 404 negara. Jumlah iki bisa disimpulake yen ana fluktuasi ekstrem utawa munggah lan mudhun sing anjlok. Turki iki duwe persentase macet rata-rata 62% miturut TomTom Traffic Index. Kutha iki dadi pusat perdagangan ning Eropa lan dadi persinggungan ekonomi ning Eropa. Kutha iki uga dadi kutha sing penduduke paling akeh ning dunya. Kutha iki uga dadi singgungan transportasi, kamangka kutha iki dadi kutha paling macet. Banjur kutha iki uga dadi pusat pariwisata, dadi tambah macet lan marai sumpek pariwisata.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2560", "text": "Tahun 2020 pas sakdurunge covid teko nang indonesia, Aku dijak koncoku sing oleh penghargaan soale dadi juara nag lomba sing makili kampus nang kementerian pendidikan kota gudeg. Tapi sak durunge iku koncoku senenge pol soale oleh penghargaan sing ora gesongko-songko soale bocahe melok lomba iku polahe senengane nulis. Tapi yo jelas seneng lah masio ora niat ngolehno penghargaan. Opo maneh koncoku asline yo seneng ambek nulis yo tambah girange megilan. Sak liyane iku, koncoku yo oleh penghargaan sisan teko fakultas soale wes banggakno fakultas gawe lomba sing diadakno antar kampus se jawa tengah. Mari ngunu koncoku yo oleh hadiah mesisan teko gone rektor. Wes enake pol.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4452", "text": "Sing jenenge klambi saiki iku ora mok digawe kanggo wong siji tok, tapi mesti pabrik iku gawe sak pirang-pirang soale pengen payu akeh. Nah sing sing diarani klambi iki maeng termasuk pakean sing biasane digawe wong-wong terus ono beniki sing kanggo nganceng klambi iku ben ora ketok awake. Nah klambi iku mestine ora ngiro marakno isin soale nutupe awake wong sing ancen ora pantes nag diwasi. Nah sing marakno isin iku maeng nag klambi iku maeng isin. Yo asline ora mergo iku tok, tapi mergo sifate wonge sing ora karoan mangkane iso dadi isine megilan ang ngerti wong sing duwe klambi podo. Tapi ang jaman saiki yo wes ora masalah se.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7222", "text": "Kegagalan iku suatu keadaan utowo kondisi ndek ndi awak dewe gak isok ngeraih tujuan sing diingino sing dianggap sebuah kesuksesan. Ben menungso iku pasti nduwe cita-cita, dan gak sitik sisan wong sing gagal gawe ngeraih cita-cita iku mau. Sebagian uwong sing ngalami kegagalan bakal nganggep iku sebagai akhir teko segalane. Mereka sing nduwe pikiran koyok ngono iku cenderung putus asa dan berlarut sedih terus-terusan. Sing nemen, uwong sing wes kadung gagal dan nyesel, suwe-suwe dadi stres dan isok ae ngelakoni hal-hal negatif. Nang Islam, sing koyok ngono iku duso. Allah wes ngajarno nang umate gawe gak gampang berputus asa dan berpasrah diri nang diri-Nya.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9852", "text": "Sapa sing ora kaget nalika ketemu kanca sing wis pisah kurang luwih 10 taun. Ya iki sing tak rasakna saiki. Ndilalah aku bisa ketemu maneh karo kancaku pas SD biyen ana ing kantorku. Raine ora berubah babar blas. Mripate sipit, irunge mbangir, bibire tipis, lan pakulitane sing putih persis karo wong Cina. Aku kaget banget pas ketemu amarga aku wis ora tau krungu kabare blas sak jok aku pindah sawise SD. Nanging aku isih bisa ngerti amarga raine ora berubah blas. Swarane ya padha kaya pas SD biyen, cempreng banget, lek bengok banter, lan lek nyeluk aku uga pancet \"cipluk\".", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6117", "text": "Ngentut iki penyebabe uga bisa amarga sembelit. Sembelit iki ngalangi kotoran metu saka awak. Sembelit iki ana amarga kurang mangan serat lan uga kurang banyu putih sing bisa dicerna awak. Sembelit sing ngalangi kotoran iki marai pembusukan sing awak kuwi luwih suwe lan ngasilake bakteri luwih akeh. Bakteri sing isih urip iki uga ngasilake karbon dioksida sisa pernapasan sing uga digawa metu liwat gas kentut. Amarga kuwi, mangan serat kuwi penting banget kanggo ngindari kentut sing mambu lan uga bisa ngurangi frekuensi ngentut ning ngarep umum ben ora kisinan lan ilang kepercayaan diri. Sing paling penting yaiku kudu bisa ndelok kapan wayah pencernaan ora normal.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5355", "text": "Ana sing jenenge emosi ning jerone alam bawah sadar, yaiku emosi sing kadang ora bisa dipahami amarga kesel sing kependhem pirang-pirang taun. Emosi iki sing marai wong sering kena gudho kanggo muring-muring utawa marai mangkel tanpa sebab yen dipancing sitik karo wong sing ana ning sekitare. Sing dadi masalah yen emosi iki wis diempet suwe amarga sifat emosi iki kaa bom wektu sing bisa mbledos kapan wae. Kadang yen wes muring-muring iki marai lega, nanging ya kadang nggawe masalah sing anyar amarga wong sing ana ning lingkungan kuwi bisa bingung. Emosi sing ora bisa dikendalikake iki bisa dadi gejala depresi serius yen ora cepet ditangani. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4301", "text": "Pas dolan nang Kota Onde-Onde, aku biasane numpak bis teko Kota Pahlawan sekitar sejaman. Nah pas iku aku lunggoh jejere mbak-mbak sing ketoke se isek kuliah mergo gowo jas salah sijine almamater PTN sing ono nang Kota Pahlawan. Nah pas mlaku oleh setengah jam, wong sing pinggire mbake maeng sing lungguh kursi baris jejere iku moro-moro mutah-mutah. Nah mbake iku moro-moro koyok gedeg ambek piye ngunu, terus koyoke nag tak delok raine iku koyok mangkel ambek jijike pol mergo delok utahe sing ancene ora kadahan nang kresek. Mari ngunu mbake maeng madek nang sebelah pinggirku mergo ora gelem delok maeng. Akhire tak kongkon ngaleh nang panggonanku menisan mergo wong koyok ngunuku biasane iso ketularan mutah-mutah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4971", "text": "Getun sing paling jero sing dirasakake Ani yaiku ora bisa ndampingi bapake sak durunge bapake seda. Bapake Ani wis lara diabetes lan darah tinggi suwe banget. Pas sak durunge seda, bapak ora sadar lan kondisine tambah mudhun. Pas kuwi Ani uga lagi kerja ning Jakarta lan ora duwe wektu kanggo cuti. Ani dikabari yen bapake seda kuwi pas dekne lagi ana proyek ning Bandung. Banjur pas dikabari bapake wis kritis, Ani langsung golek bisa nang Semarang, yaiku nang omahe wong tuwane. Ning perjalanan, Ani dikabari maneh yen bapake wis seda. Pas dikabari kuwi, Ani langsung nangis las ngerasa getun amarga nelangsa ora bisa ndelok bapake kanggo sing terakhir. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5622", "text": "Coulrophobia yaiku salah siji jenis fobia sing wedi marang badut. Sejatine badut iki lucu lan uga ngewenehi hiburan kanggo para bocah cilik. Nanging badut iki bisa dadi medeni amarga ning sebagian wong, badut kuwi bisa ngelakoni kegiyatan sing ana ning njaba nalar lan ora tinemu pikiran. Apa maneh sak uwise ana film psikopat sing ndadekake badut dadi lakon sing utama. Phobia iki ora merujuk marang gangguan mental nanging marai gangguan cemas sing uga ngganggu panguripan menungsa. Penyebab fobia iki yaiku amarga nonton film, ana peristiwa sing marai trauma, lan percaya yen badut kuwi salah siji sosok sing medeni lan nggawa apes.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3800", "text": "Biyen pas aku sekolah, aku ambek koncoku iku sak kelompok pas waktu balbalan. Nah pas deke iku dikongkon nyaduk bale deke iku senenge megilan polah ancene deke wes suwe ora nyaduk bal nang ngarepe kiper langsung. Pas deke jipek ancang-ancang terus nyaduk, tibake moro-moro telonone suwek nak mestake. Bocah-bocah sing ero langsung guyu kabeh soale suarone banget titik. Yo asline salahe dewe polahe deke ora gelem salin seragam olah raga tambah gowo telono sekolah akhire yo jebol ambek suweke iku maeng yo rodok luwong titik. Mari ngunu deke ora sido nerosno balbalan maeng polahe telonoe suwek ambek kisine soale didelok bocah akeh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5353", "text": "Salah sawijining hormon sing uga ana pengaruhe karo emosi yaiku hormon endorfin. Endorfin iki dihasilake saka sistem saraf pusat lan kelenjar pituitari. Hormon iki uga ngaruh karo tingkat stres, prasaan seneng, lan uga kekebalane awak. Menungsa bisa ngerasa luwih tenang lan luwih anteng pas ngadepi masalah amarga hormon iki. endorfin iki dikandung panganan kaya cokelat lan es krim, amarga wong yen lagi suker utawa lagi nesu tanpa sebab, ngonsumsi es krim lan cokelat iki bisa marai seneng. Zat iki uga bisa marai nyaman lan bisa marai emosi luwih stabil, kamangka hormon iki dihasilake pas lagi ngguyu utawa ngelakoni babagan sing disenengi. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2663", "text": "Kabeh uwong mesti tau duwe pengalaman sing paling elek ang uripe. Nah pengalaman sing paling elek nag jero urip yaiku perkoro sing garai dadekno roso mangkel utowo geteng nag jero ati. Tapi ono sing sampek nemen yoiku dadekno sedehe ati. Roso koyok negene iki nag dibarno utowo diterus-terusno nag jero ati tambah dadi ora karuan mangkane kudu ati-ati ambek pengalaman sing koyok ngene iki. Soale pengalaman ngene iki nag wonge ora bijak iso dadekno perkoro sing luweh nemen ambek nyisakno dampak nang mentale wong sing duwe pengalaman iku maeng. Dadi pengalaman sing koyok ngunuku nag iso didadekno pengalaman urip sing iso gawe sange nag masa sing atene tekok.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3747", "text": "Coro iku ancene gampang dipateni tapi akeh wong sing jember ambek gilo nag petok, saking gilone kadang wong wedok sampek berok-berok barang nag petok, padal diantem pisan yo cemet. Pas ditakone sing garai gilo ambek jember iku opo. Jawabane yoiku bentuke sing kelem-kelem nang weteng ambek gendur-gentur iku sing garai gilo, terus mlayune sing gelek ngajaki uwong iku sing marakno jember, terus ono maneh sing paling mangke yoiku ambune sing ora enake pol. Iku lagek siji nag jumlahe pirang-pirang opo gak semapot nag ancene wong iku maeng jijikan ambek sing jenenge Coro maeng. Yo ben omah iku maeng ora ono corone yo gelek-gelek ae diresiki ben ora ono Corone.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8360", "text": "Koyok tahun-tahun biasane, omahku iku mesti dadi langganan gawe ngelaksanakno Halal Bi Halal. Selain mergo mbah uti sing saiki onok nang kene, omah iki sisan dadi panggon sing lumayan luas gawe nampung akeh uwong. Sing paling malesi iku nek wes buyaran, pasti bakal numpuk akeh banget sampahe. Mama ambek adekku sing wedok bagian ngeringkesi, terus engkok aku dikon ngguwak kabeh sampahe nang TPS cedek omah. Untung ae iku kresek sampahe wes didobeli, dadi gak sepiro jijik. Aku numpak mobil soale ancen sampahe seakeh iku. Pas wes tutuk, aku metu teko mobil dan njupuk kantong isi sampah iku mau. Ndelok sampah sing numpuk sak mono akehe nang TPS, marakno aku cepet-cepet nguncal kantong sampah mrono dan cepet-cepet moleh sisan. Temenan, aku gak isok suwe-suwe soale wes girik-girik nemen.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9069", "text": "Salah siji alesan uwong kenek demam panggung iku soale wedi ngelakoni kesalahan mergo nge-blank dan maleh gak eroh opo sing kate diomongno. Makane kabeh public speaker iku mesti nekeno nek awak dewe wajib gawe nguasai materi sak durunge nampil ndek duwur panggung. Nek awak dewe iku wes nguasai dan paham ambek opo sing kate diomongno, awak dewe isok luwe gampang ngomong dan luwe gampang sisan ngelakoni improvisasi. Mbulet e koyok yaopo mergo lali materi, awakmu bakal tetep isok nyambung gawe ngomong dan gak bakal ngomongno topik ndek luar pembahasan iku mau. Dadi gawe awakmu kabeh sing kate ngomong ndek ngarep audiens, ojok lali gawe kuasai materi yo rek.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "240", "text": "Aku kuliah neng jurusan Sastra Indonesia. Pas jaman kuliah biyen, aku tertarik karo bidang pernaskahan kuno. Salah siji matkul sing berkaitan soal naskah kui, kodikologi. Elmu kui sinau perkoro opo-opo wae sing ono hubungane karo naskah, termasuk sejarah pemusnahan naskah. Aku tau nemu buku sing judule Penghancuran Buku dari Masa ke Masa. Aku kepengen banget duwe buku kui soale ono kaitane karo naskah kuno. Sayange, pas kui aku gur iseng-iseng neng toko buku, dadi ora nyepake duwit. Tak pikir aku bakal tuku buku kuwi kapan-kapan waelah. Nanging rong sasi seko kui, buku kui wis ora ono. Getun banget rasane. Aku golek neng toko buku sijine tetep durung ketemu. Akhir-akhir iki, pas aku delok toko buku daring, aku nemu bukune kui. Saiki, aku seneng mergo iso duwe buku kui.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5317", "text": "Wedhok utawa lanang mesti duwe masalah ora percaya karo bentuk awak lan ora wani ndelok kaca amarga bentuk awak sing kurang apik. Masalah iki bakal ngaruh ning urip sabendinane, ditambah yen wong ning sekitare kuwi ngelek-ngelekake bentuk fisike. Nanging, sak liyane nutup kuping, sing perlu dilakoni yaiku evaluasi marah awake dhewe kaya kekurangan apa wae sing perlu didandani lan kira-kira apa sing bisa marai wong seneng ndelok awakdhewe. Yen evaluasi kuwi bentuke membangun lan apik kanggo kesehatan fisik lan mental ya ora ngopo-ngopo. Banjur sing bisa nambahi semangat yaiku akeh golek kanca lan ora malah nutup pergaulan saka wong jaba. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5641", "text": "Amarga nonton film pocong, adhiku dadi wedi lunga menyang jedhing dewenan. Dekne kelingan adegan sing ana ning film yaiku pas pocong kuwi nginceng saka nduwur plafon amarga jedhing ning omahku iki bukaan nduwur, Nanging pancen dasare bocahe lucu yen dikerjani, bocahe tak kancing saka njaba lan dekne bengok-bengok amarga lampune uga tak pateni. Pas wis krungu dekne meh nangis, baru tak buka lawange. Nanging, pas tak buka dekne malah meneng wae. Sesuke, dekne langsung panas lan ora bisa ngomong. Aku ngerasa salah. Banjur ana Pak Kyai nang omah lan jarena adhiku iki ketemplekan penunggu jedhing. Saiki aku sing wedhi dewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4463", "text": "Utang yoiku termasuk nyelang duwek nang wong liyo terus pas balekno maeng iku duweke maleh nambah. Nah perkoro maeng iku iso ae dadekno wong sing ngelakoni perkoro iku maeng maleh isin mergo ono sing nganggep perkoro iku termasuk aib nang uripe. Nah contohne wong sing nganggep iku maeng dadi aib yoiku wong sing biasane dianggep sugeh ambek wong sing ono nang pinggir-pinggire mari ngunu konangan utang nang wong liyo contohne koyok wong Bank ambek liyane maeng. Terus sing garai isin iku maeng asline yo ora mergo utange maeng. Tapi yo martabate maeng sing wes kadung apik nang motone wong akeh, tapi polahe perkoro sing ora kekiro akhire utang maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8380", "text": "Mbarine moleh kerjo, aku dijaki karo koncoku mangan nang Warung sing jarene dodolan sego goreng paling enak sak dunyo. Rodo alay seh kata-katane, tapi tak iyoni ae. Pas tutuk kono, dadakno panggone nguantri pol saking ramene. Koncoku ngomong, saking enake sampe akeh uwong sing rela gawe ngantri sak suwe iki. Aku mulai percoyo. Mbasio dowo, tapi ngelayanine iku cepet dadi gak kudu ngenteni suwe. Ben cepet, aku madakno pesenanku karo tekne koncoku ae. Gak suwe, rong piring isi sego goreng dikekno. Awak dewe mangane lunggo nang pinggir jalan mergo gak onok kursi maneh. Rasane ancen enak sih. Tapi pas tengah mangan, moro aku nemu rambut nang segoku. Aku langsung mukok dan ngingkirno piringku. Mbasio enake koyok yaopo, gak kolu aku mangan terus onok rambute koyok ngono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3048", "text": "Saiki wes jamane edan ora karuan. Nag endi-endi ono montor ambek sepeda montor. Terus saking akehe maeng yo akeh macet sampek garai wong ngamuk nag ono macet soale saking pegele, terus dikongkon ngenteni macet sisan, mari ngunu, ditambahi panas apane gak tambah srengen. Nah nag pengen ora srengen nag pas macet, iku kudune ngeringekno musik utowo hibur awake dewe ambek joget-joget iku yo apik wae, utowo ngombe es ben tambah seger. Tapi nag wong sing wes kadong bingung yo ora mikir ngunu soale wes kadong emosi nag ndalan. Masio ngunu, kudune wong sing omosi iso jogo awak ben ora dadekno perkoro sing elek nang dalan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8395", "text": "Sing jenenge menungso iku pasti nduwe hawa nafsu gawe ngelakoni hubungan seksual, iku normal kok. Cuma hawa nafsu iku kudu diempet dan gak oleh diumbar-umbar sisan. Akhir-akhir iki, lagi akeh pol wong wedok sing ngeluh pacare iku njaluk gawe ngenthu padahal durung sah. Utowo istri sing ngeluh nek bojone selingkuh mek mergo gak puas pas ngelakoni aktivitas seksual dan milih ngenthu karo perek nang njobo. Kasus koyok ngene iku wes uakeh pol nang Indonesia. Tapi sumpah yo, lanangan sing isi uteke selangkangan tok iku nggilani pol. Padahal urip iku isine gak mek ngenthu tok, sek akeh sing kudu dicandak gawe urip. Lanang sing apik iku sing bertanggung jawab dan isok njogo hawa nafsune, gak mikir perkoro ngenthu tok.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5294", "text": "Harta karun iki dudu mesti bentuke perhiasan, nanging uga bisa bentuk naskah lawas sing ditulis karo para raja amarga tulisan utawa naskah lawas iki dadi wujud uripe wong jaman semono. Salah siji panggon utawa skriptorium kanggo nyimpen naskah iki ana ning Pakualaman. Pakualaman iki termasuk salah siji panggonan sing paling rapi lan bisa ngerumat naskah-naskah iki. Naskah ning Pakualaman iki dijaga rapi, kajaba ning masjid Pakualaman amarga jarang ana sing weruh. Nanging pas ketemu, uga langsung dadi peninggalan sing disimpen, yaiku al-quran sing isih nganggo kertas lawa. Kamangka, naskah lawas iki bisa dadi harta karun sing larang ning jaman biyen. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9561", "text": "Dias duweni alergi urang. Nalika dheweke mangan urang, awake langsung abang kabeh. Wingi pas mangan bareng karo kanca-kancane, dheweke ora ngerti ana salah siji panganan sing ngandung urang. Pas mangan iku, awake Dias langsung ketok abang kabeh, kerasa gatel, lan dheweke langsung sambatan sesek ora bisa ambekan. Kanca-kancane sing ndelok langsung padha gupuh lan langsung nggawa Dias ana ing rumah sakit. Sawise ana ing rumah sakit, Dias langsung dipriksa karo dhokter lan perawat. Iki dadi dina sing paling medeni lan nyedihna kanggo Dias. Dheweke janji karo awake dhewe kanggo ngati-ati nalika mangan apa wae lan mesti nggawa obat alergi sing digawa saben dina.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6052", "text": "Akeh wong sing setuju yen senajan pademi COVID-19 wis rampung, wong ning panggon umum iki kudu tetep nganggo masker kanggo perlindungan pribadi lan njaga protokol. Babagan iki isih ana hubungane karo kampanye kesehatan sing njelasake yen efek pandemi iki isih dawa. Wong saka macem-macem umur nduweni imun sing lemah lan gampang lara. Efek iki arane long covid. Penyakit sing ditimbulake uga manika werna. Mulai saka pernapasan, rambut rontok, kanthi pencernaan. Wong sing wis sepuh sing mau sehat, saiki gampang lara. Penularan penyakit saka idu iki dadi pencegahan sing paling utama saka long covid utawa efek COVID-19 ing jangka wektu sing dawa. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "766", "text": "Neng donyo kerjo kui, biasane awak dhewe kudu manut karo atasan utowo bos. Nanging bos kui uga menungso sing iso duwe salah lan tabiat sing olo. Timabange awak dhewe ngerasani lan misuh-misuh atasane dhewe neng burine, awak dhewe mending ngomogon neng dheweke supoyo iso ketemu solusine. Sing kesiji, awak dhewe kudu golek wektu sing pas. Atasane kui biasane sok stres dhewe mergo duwe tanggung jawab sing okeh lan abot. Awak dhewe kudu ngenteni tekan dheweke selo lan ora akeh pikiran. Nanging, awak dhewe kudu ngomong secepete yen diroso opo sing arep diandani kui sifate mendesak. Sing keloro, awak dhewe kudu nganggo unggah-ungguh pas ngomong neng bos dhewe. Awak dhewe kudu ngagnggo boso sing ales lan ora nganggo emosi. Yen cara omong dhewe ora bener, atasane dhewe iso ora gagas maksud intine seko opo sing disampeke.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2639", "text": "Kanggo wong sing duwe trauma pas waktu cilik ancene bekas sampek gede. Trauma pas waktu cilik iku maeng iso kedaden teko pirang-pirang perkoro koyok kurange roso sayang teko wong tuo, saking wedine ambek opo-opo, terus ambek geleke diwedekno ambek wong tuone. Lah nag pengen ngilangno trauma iku maeng yo iso ae. Salah sijine cara sing dianjurno teko menteri kesehatan yaiku jajalen cerito ambek wong sing mbok percoyo, ceritakno utowo omongno opo sing dadekno awakmu iku trauma soale iku bakal dadekno awakmu ngerti opo sing garai awakmu trauma terus iso gal saitik ngadepi trauma iku. Mangkane nag duwe trauma ojo isin kanggo cerito nang wong sing kenek dipercoyo. Dadi cerito iku yo perlu, mangkane ceritakno opo masalahmu ben iso ngadepi masalahmu.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6014", "text": "Ana sing ngomong yen pengen ndelok kualitas negara, wong kudu ndelok jedhing sing ana ning negara kuwi. Sistem sanitasi iki uga bisa mbuktikake anane menungsa sing beradab apa ora. Akeh wong sing mbangun gedung apik nanging lali yen toliet uga penting banget. Ning negara kaya Tiongkok lan India, toilet kuwi dianggep bagian sing rusuh nanging ya akeh wong sing ora gelem ngeresiki toilet. Sistem penyiraman lan banyu sing kurang apik uga ndukung toilet sing rusuh lan nggilani ning negara iki. Amarga kuwi, masalah toilet, Jepang bisa luwih maju lan luwih resik. Saka teori sing ana, Jepang uga bisa dadi bukti yen sistem sanitasi negara apik, berarti wonge uga luwih maju. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4341", "text": "Pas awit-awitan aku kulia nang kota gudeg, aku ngekos ambek koncoku sing ono nang daerah kampus, omah iku ancene bangunane teko kayu terus rodok lawas. Nah pas isuk mari subuh koncoku sing ate nang jeding iku moro-moro balik nang jero kamar maneh ambek ngomong nang aku nag deke iku mangkele pol ambek raine iku koyok wong sing gilamen. Terus bocahe maeng ngongkon aku delok balene kos-kosan maeng, terus aku metu teko kamar kanggo delok balene kos, tibake bek irek-irek ambek ambune amise pol. Yo pantes se, nak koncoku jember ambek jijik karo perkoro maeng mergo deke ambek amis-amisan ae mangkele ora karoan opo maneh ambek irek-irek sing bek sak balene omah yo tambah ora karoan mangkele.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7656", "text": "Beberapa pakar ngomong nek marah tanpa penyebab iku nyambunge ambek penyakit mental. Nek awakmu wes ngeroso nek awakmu sering marah tanpa penyebab, awakmu kudu cepet-cepet ngatasi iku sebelum terlambat. Pertama, awakmu kudu ngenali disik opo sing marakno aku marah teko hal-hal sing remeh disik. Opo mergo kurang turu utowo stres mergo kerjaan sing numpuk. Nek ngono, berarti perbaiki pola turu ambek istirahat disik, ojok nyekel kerjoan disik. Nek rong hal iku wes tuntas tapi awakmu sek tetep marah tanpa sebab, kudu cepet-cepet ketemu ambek psikolog utowo psikiater. Sopo eroh awak dewe ancen onok gangguan mental sing kudu ditangani ambek ahline.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "683", "text": "Pas SMA aku neng kelas IPS 3. Kelas iki sio diomongi sing paling solid sak angkatan. Kekompakane kui ketok seko, awak dhewe kerep ngerayake ulang taune cah-cah. Biasane, awak dhewe kui awak dhewe lakoke pas wis rampung jam pelaran. Awale kui, biasane cah-cah gawe drama sing marake wong sing ulang taun kui bingung nek ora wonge kui digawe nesu. Dramane wis tekan klimakse bar kui wonge digarapi. Bar rampung kui, kelas dhewe kui koyo pecah. Kabeh meja lan bangku neng kelas kui posisi podo ora karuan. Neng ngarep kelas akeh genangan banyu bar nyiram wong sing ulang taun kui. Neng jobine akeh bekas tepung lan endog mentah sing wis rampung dipel, ambu amise kui ora ilang-ilang. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3381", "text": "Biyen pas aku isek cilik mbahku iku loro hernia. Terus nag pengen waras iku ancene kudu dioperasi. Tapi mbah iku ngomong ora opo-opo pas dikongkon operasi sing penting waras. Pas menesoke deke ate dioperasi tibake deke iku wedi soale ono wong sing mari dioperasi terus kenek perban sing ora karoan. Tapi mbah masio wedi deke isek mekso budal soale pengen waras. Masio aku sing ora operasi delok wong sing teko operasi iku jibrat terban ambek awake iku bek ambek terban mesti rodok mengkorok ambek wedi pol. Tapi sing jenenge wong tomboh gelem gak gelem yo kudu budal ben waras. Soale nag ora ngunu kapan warase. Tomboh kan ora ero nag endi panggonane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9442", "text": "Aku ora kepikiran kanggo duweni tas kulit. Regane tas kulit iku bisa tak bayangke bakal larang banget, nanging aku uga tetep duwe impen kanggo tuku tas iki. Wulan iki, dhuwitku wis cukup kanggo tuku tas kulit. Aku langsung mlebu ana ing toko sing dodol tas kulit sing tak goleki. Aku seneng banget akhire bisa nemu tas kulit sing wis takpengin tekan suwi. Tas kulit iki warnae soklat tuwa, digawe asli saka kulit sapi. Duweni motif kaya kulit jeruk lan gedhene kurang luwih 29 centimeter. Pas kanggo aku sing ora pati seneng tas sing gedhe banget lan butuh tas sing cilik kanggo mlaku-mlaku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2930", "text": "Aku ambek konco-konco sak kelas tau melok diklat sing diadakno ambek kampus. Pas iku ono bocah sing ancene rodok meleleng akire bocah-bocah sepakat kanggo nggodoi bocah iku sampek nange ben ora mleleng maneh. Pas iku aku ketepakan dijak kanggo gawe perkoro sing ancene gawe bocah iku ben jumbul disek. Nah aku ambek panitian sing liyane ancene sengojo nyedakno Hp-ne bocah iku maeng soale angger ono acara diklat utowo agenda diklat bocahe ora tau melok diklat tambah foto-foto ambek hpne terus. Akhire bocah iku maeng bingung soale Hp-ne moro ilang padahal wes gelebokno tas pas turu. Sakibg bingunge bocahe iku maeng akhire nangis-nangis jenenge bocah wedok yo mesti ngunu. Akhire panitia maeng nyelok bocah iku maeng nang ngarek pas acara iku ate ditutup. Terus hp iku maeng dibungus karo model hadiah soale bocah iku maeng dinobatno dadi peserta sing paling rajin. Nah terus bocah iku maeng jumbule ora karon soale deke langsung ngerti nag deke digodoi. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9458", "text": "Yen ditakoni apa pengalaman ing urip sing paling nyenengke yaiku bisa kuliah ana ing manca nagari. Kanggo wong sing mikir sesok mangan apa wae isih angel, bisa kuliah ing manca nagari lan ora mbayar babar blas iku kaya ketiban rejeki saka langit. Nanging bisa kaya ngene uga ora gampang. Akeh perjuangan sing kudu dilakoni. Salah sijine yaiku kudu sregep golek info babagan beasiswa kanggo kuliah ing manca nagari. Yen wis nemu info iku, aja lali kanggo nyepakna kabeh dokumen, nyepakna mental kanggo ujian, lan liyane. Mula nalika duweni impen kuliah ing manca nagari, ayo sing sregep golek info beasiswa ya!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1523", "text": "Aku ngerti rasane, paling ora aku iso ngebayangke, yen salah mlebu toilet kui rasane isin. Nanging sing marake aku mikir kui kok ono wong sing iso salah mlebu. Padahal, toilet kanggo lanang lan wedhok kui bedo banget. Perbadaane sing paling cetho kui iso awak dhewe seko lambange. Sing lanang kui biasane nganggo werno biru lan sing wedhok wernone abang enom. Nanging aku isih paham yen ono sing salah senadyan wis dikei lambang neng ngarep lawange, soale sok-sok lambange kui ora cetho. Naning jerone kui bener-bener bedho. Perbadaan sing paling mencolok kui yen neng toilet lanang kui mesthi ono panggon pipis sing karo ngadeg. Yen ora ono kui, cehto banget, kui toilet kanggo wedhok.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4919", "text": "Wong kang seda amarga bencana kuwi pancen ora bisa disangka lan kadang ngewenehi rasa duka sing jero. Nanging keadaane mayit sing seda iki ora dipikirake karo relawan amarga akeh sing fokus karo sing isih urip, apa maneh yen bencanane kaya tanah longsor utawa gempa sing marai angel golek area pemakaman. Ora ana penyuluhan sing nuturi piye carane ngerumat mayit ning pengungsian. Kamangka, akeh pengungsi sing isih setenda karo keluwarga sing wafat. Mayit iki bisa nularake penyakit yen ora ndang dirumat. Amarga kuwi, sak liyane butuh dukurang materi, ayo dadi relawan sing cerdas lan luwih maksimal amarga wong sing wis wafat iki uga butuh dirumat lan diregani.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9489", "text": "Ketemu karo jodho kang wus suwene ditunggu-tunggu pancen nekakake rasa bungah tumrap kakung lanputri apadene tiyang sepuhe. Mula ora mokal yen akeh wong gawe acara resepsi kanthi ngundhang tamu-tamu kang akeh supaya regeng anggone duwe pesta. Ing suwalike pesta resepsi mau, aku ngajak kowe kabeh kanggo negesi maneh, sakjane apa ta surasane palakrama utawa menikah kuwi. Miturut artikel ing idn.times, palakrama kuwi ngemu surasa ing antarane: Palakrama kuwi minangka samubarang kang ngiket antaraning priya lan wanita supaya kekal anggone amemangun bale wisma. Tegese, palakrama kuwi ora katindakake kanggo nuruti gengsi wae, sebab kudu kajaga salawase. Loro, palakrama kuwi minangka janji ing sangajenging Gusti kang Maha Kawasa. Tegese, ukara salebeting ikrar akad ora kena kanggo dolanan, awit kuwi mau minangka janjining priya katur dhateng wali apadene dhateng Gusti. Telu, palakrama uga kudu duwe visi mujudake bale wisma kang sakinah, mawadah, warahmah. Tegese, antaraning priya lan wanita kudu bisa dadi partner kang gawe ayoming siji lan sijine, supaya ora gampang nekakake padudon.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5662", "text": "Debt collector yaiku salah siji pihak ketelu ning urusan utang piutang sing wis diatur ning undang-undang. Fungsi debt collector iki yaiku nagih utang kanggo kelancaran kredit ben ora macet lan ora ngalangi nasabah liyane. Wong sing dadi debt collector iki tanggung jawabe gedhe amarga kudu mudhun ning lapangan kanggo ndandani kabeh aluh utang piutang lan biyasane sing dipilih yaiku wong sing galak, tegoan, nanging uga pinter negosiasine. Wong sing diwenehi tugas kanggo nagih utang iki kudu duwe kepribadian sing teges lan uga ngerti omah nasabah, jadwal penagian, lan jadwal utang jatuh tempo uga jaminan sing bisa diwenehake yen kreditur ora bisa mbayar, kamangka ning kampung profesi iki paling diwedeni. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4966", "text": "Bencana alam kuwi bisa dadi trauma seumur urip sing angel dilalekake, apa maneh kanggo bocah cilik sing durung ngerti carane mitigasi lan ora ngerti piye carane antisipasi karo trauma. Kanggo relawan, ana cara-cara sing bisa dilakoni kanggo ngilangake trauma iki. Kaping pisan, relawan iki bisa ngejak kerjasama karo komunitas peduli anak kanggo ngewenehi fasilitas edukasi kaya kelas uga bacaan sing bisa kanggo pemulihan ning pengungsian. Kaping pindho, relawan uga bisa ngadakake acara dolanan bareng ben ngurangi trauma bencana alam amarga sing paling dijaga kuwi yaiku kondisi mentale anak-anak ning pengungsian. Kaping telu, relawan uga bisa ngajar ning pengungsian ben ana kegiatan edukasi kanggo anak-anak. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8368", "text": "Akhir-akhir iki, jeneng Pandawara Group iku lagi rame banget diomongno. Hal iku mergo konten e mereka nang TikTok lagi viral pol. Pandawara Group iki nduwe konten gawe ngeresikno saluran irigasi sing wes ketumpuk karo sampah dadi sampe resik maneh dan bener-bener bebas teko sampah. Ndelok arek limo iku ngeresikno sampah sing wes numpuk uwakeh koyok ngono iku marakno aku salut pol seh. Dan baru kali iki aku ndukung konten sing viral. Soale biasane konten sing viral iku mesti gak jelas, kecuali konten teko Pandawara Group. Kudune konten koyok ngene iki sing terus didukung. Dadi gawe awakmu kabeh rek, terus dukung konten resik-resik sampah teko Pandawara Group iki yo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4915", "text": "Tradisi kanggo mengeti dina kematian kuwi salah sawijine ngiling-ngilingake weton keluwarga. Ing budhaya Jawa. mengeti weton iki penting kanggo keluwarga. Misale kaya wong kang arep rabi nanging duwe sarat tanggal nikahan iki ora oleh padha karo geblak sedane wong tuwa utawa keluargane. Iki budhaya sing ana pro lan kontrane amarga perkara wektu nikahan. Ana pendapat sing setuju amarga dadi wujud kinurmatan kanggo anggota keluwarga sing wafat. Nanging ana sing ora setuju amarga wong sing seda kuwi ya beda karo sing isih urip. Ana tanggal sing ora bisa digawe nikahan amarga kehalang cuti lan liyane. Nanging sing isih akeh ning budaya timur yaiku ngindari dina kematian anggota keluwarga kanggo dina nikah. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2903", "text": "Pas ketigo wingi iku akeh wong sing nang sawah nag bengi soale ngrobyak tikus ben ilang tikuse. Pas iku aku ambek koncoku sawah pinggire kuburan. Koncoku iku moro-moro nyudohno nag ono Banas Pati. Rupane iku asline medeni uwong ambek gak ono wong sing bakal wani marek soale nag pinggir-pinggir awake iku ono genine mbulat-mbulat koyok bediang sing gedene megilan. Nag nang film iku koyoh tokoh Flame nang film Fantastic Four. Terus deke iku mumbul ngawang nang duwur-duwur omah ambek wit-witan. Ambek glundung-glungung ngunu. Aku sing wes keweden mlayu koncoku tambah wes banteri megilan sakpek ora ketok, mboh ngilang nang endi. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9171", "text": "Dino iki Devina dikeki wektu prei karo kantore. Sing biasane kerjo terus ket Senin sampe Minggu, akhire isok prei. Devina gak gelem nyia-nyiakno kesempatan iku dan langsung budhal gawe me-time. Tujuan awale iku nang salah siji kafe favorit e. Mergo rame, de’e kudu rela gawe ngantri nang ngarep kasir e. Pas enak-enak ngantri, moro-moro onok pelayan sing gak sengojo nyenggol awake Devina. Siale maneh, kopi sing digowo pelayan iku mau utah nang klambine. Mergo iku, klambi putihe Devina dadi ireng kabeh. Devina jelas emosi lah, akhire maleh ngomeli pelayan iku terus terusan. Mbasio pelayan iku mau wes njaluk sepuro, Devina tetep ngomel gak mari-mari.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9583", "text": "Deni sakno ndelok adhike. Wis 2 dina, adhike ora gelem metu teka kamar. Ning kamar uga mung nangis nganti ora arep mangan. Adhike Deni kaya ngene amarga mari ditinggal karo Bapak Ibune pegatan. Wis setaun kepungkur, rumah tanggane Bapak Ibune wis ora apik. Saben dina gelud, ilok-ilokan, pisah panggon turu, lan ora nyapa senajan sak omah. Akhire minggu wingi Bapak lan Ibune mutusake kanggo pegatan wae. Deni lan adhike melu karo Ibune amarga isih sekolah kabeh. Deni mesti mbujuk adhike supaya gelem metu teka kamar. Deni bisa krungu teka njaba lek adhike mesti nangis amarga isih sedih lan ora trima yen Bapak lan Ibune pegatan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7127", "text": "Wong nabung iku kudu disesuaino ambek penghasilan sak wulan. Tapi kadangan sek akeh uwong sing sek angel milah duit sing marai akhire gak isok nabung. Padahal onok akeh banget cara gawe milah penghasilan cek tetep isok nabung. Salah sijine sing paling gampang diterapno iku gawe aturan 50:30:20. Sing pertama, jupuk 50% penghasilanmu gawe kebutuhan primermu. Mulai teko bayar tagihan, tuku mangan ngombe, dan liyane maneh. Terus 30% iku khusus gawe kebutuhan sekunder ambek tersier, koyok ngelakoni hobi, belonjo, dolan, ambek liyane. Nah baru sisa 20% iku ditabung dan gak oleh dijupuk blas. Coba aturan iku konsisten dilakoni sampe sak taun, suwe-suwe awakmu gak bakal sadar nek awakmu wes entok tabungan akeh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7237", "text": "Trauma sing dijarno ae suwe-suwe isok nganggu uripmu dewe. Dadi mending diatasi cek awakmu isok berdamai ambek trauma mergo masa lalu utowo isok disebut trauma psikologis. Onok beberapa cara gawe ngatasi trauma psikologis iki. Siji, akui disik nek awakmu nduwe trauma dan luwe terbuka. Trauma sing dipendem dewe iku marai dampak traumane tambah nemen. Loro, maafno uwong sing terlibat teko kejadian masa lalu iku. Fokus nang masa depan, dan tekano nang utekmu nek jaman wes berubah dan uwong isok berubah sisan. Telu, mulai hadapi rasa wedi iku. Rasa wedi sing terus-terusan iku gak apik gawe awakmu dewe dan bakal ganggu rutinitas. Kuatno awakmu dan mulai berhadapan ambek rasa takut iku. Gak perlu langsung, alon alon ae. Papat, tatak dan sabar. Tatakno atimu gawe ngadepi iku kabeh dan yakin, terus ojok lali sabar. Proses ngadepi trauma iku dowo, dan gak isok grasak grusuk cek gak tambah kacau. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3416", "text": "Asline wong sing ora tau utowo ora biasa ngelakoni perkoro elek iku mesti ngeroso wedi ambek ora enak nang jero atine maeng. Nah sing garai atine wong sing ngelakoni perkoro elek maeng ngeroso wedi ambek salah iku asline yo pirang-pirang contohne koyok wedi konangan karo wong sing kenal ambek wong sing ngelakoni perkoro iku maeng sing akhire dadekno jenenge deke nang motone wong sing dikenal maeng maleh dadi elek ambek ora ono derajate utowo pantese. Mari ngunu kuwatir wong akeh ngerti nag deke iku tau ngelakoni perkoro sing ancene ora pantes dilakoni koyok perkoro kesalahan maeng sing iso dadekno deke iku kisinen mergo kesalahan maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "276", "text": "Ketemu idola kui kesempatan sing ora akeh wong duwe. Yen awak dhewe ono kesempatan kui, awak dhewe kudu manfaatke kanthi maksimal. Awak dhewe kudu nganggo klambi sing paling apik sing awak dhewe duwe. Yen perlu, awak dhewe tuku klambi sing kiro-kiro iso narik perhatian idolane dhewe. Sing keloro, awak dhewe iso nyiapke hadiah kanggo idolane. Hadiahe kui gampang digowo, soale biasane wong sing bakal dono uga bakal sesak. Ora mungkin gawa hadiah sing gede. Hadiah kui uga kudu ngewehi kesan, kudu bedo karo hadiah seko wong-wong liyane. Dadi hadiah kui, bakal diiling-iling terus karo idolane awak dhewe. Sing ketelu, awak dhewe kudu siap mental ben ora pingsan pas ketemu langsung.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9812", "text": "Dina Minggu awan, aku diajak bapak menyang dealer Toyota ing daerah Jalan Adisucipto. Ngendikane Bapak, kancane pengin golek mobil anyar nanging durung bisa survei, mulane Bapak dijaluki tulung survei Avanza sing keluaran terbaru. Aku mandheg ing ngarep mobil Toyota All New Avanza. Bentuke semi minibus, amot kanggo wong 6-8. Yen disawang wujude, mobil kang warnane abu metalic iki kalebu dawa, awit dawane kurang luwih 4,3 meter, ambane 1,7 meter, lan dhuwure udakara 1,5 meter. Ing sisih kiwa lan tengene ana lekukan dawa mujur saka ngarep memburi. Yen ndelok wujud ban mobile sakjane dakrasa ya biasa wae, nanging velg e katon elegan. Aku matur yen kayane mobil iki cocok kanggo kancane Bapak sing golek tipe family car. Rong sasi sawise aku ngancani bapak, aku kaget lhakok mobil Avanza mau diterke ana omahku, aku takon Bapak. Sinambi mesem Bapak ngendika \"Mobil Xenia kae tak ijolke Avanza iki le, sak BPKBne nganggo jenengmu, dirumat ya\". Aku ora bisa ngucap apa-apa, mung bisa ngekep Bapak kenceng banget.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1194", "text": "Kanggo wong-wong sing tinggal neng daerah pegungungan kui, kondisi rem neng kendaraan ku dadi penting banget. Sebenere, rem kui penting neng kabeh medan dalan sing diliwati, nanging mergo pegunanan kui akeh dalan sing munggah midun kondisi rem sing selalu pakem kui dadi luwih penting. Yen misale, reme awak dhewe blong pas turunan kui iso gawe ciloko banget. Awak dhewe iso mlebu jurung mergo kui. Opo yen ora ngono awak dhewe iso nbarak kendaraan seko arah sing berlawanan. Neng gunung kui, dalane akeh sing kelok-kelok. Dadi iso wae awak dhewe ora iso delok kendaaran neng arah liyane seko adoh. Yen wis adep-adepan ngono medeni banget sih.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "244", "text": "Biasane pas awak dhewe lagi butuh suatu barang kui digoleke angel banget. Dilalah, pas golek barang sing liyone barang sing digolek kui malah ketemu. Lan tetep barang sing lagi dibutuhku kui ora ketemu-ketemu. Opo iki cara Tuhan ngandani awak dhewe supoyo ngopeni barang sing bener opo meneh neng barang kui duwe nilai finansial lan fungsional sing duwur. Tuhan dadi kudu turun tangan langsung sendyan perkoro iki wis diandani karo wong tuwo berkali-kali. Opo malah barang sing ilang iki mergo awak dhewe ora tau dongo, dadi setan utowo jin iso gampang garapi awak dhewe. Jin sing lagi gabut utowo pengen ora ono gawean deliki barang-barange dhewe bin misuh-misuh banjur doso misuh kui dicatet karo malaikat.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "608", "text": "Yen bar nonton film horor kui, awak dhewe sok-sok wedi. Awak dhewe bakal ngebayangke demit sing awak dhewe tonton mau ngerti-ngerti jedul neng ngarep raine awak dhewe. Awak dhewe dadi ngeroso ora tenang opo meneh pas lagi dhewekan. Nanging, awak dhewe kudune ora wedi karo dedemitan kui. Demit kui mung salah siji tokoh seko crito neng film kui. Demite kui ora nyoto. Yen awak dhewe terus kepikiran karo demit-demit kui, awak dhewe malah iso ngebayangke sing ora-ora. Sing kudune awak dhewe ora delok opo-opo, nanging mergo kepikiran kui terus, awak dhewe iso ngedelok opo sing awak dhewe bayangke. Kudu awak dhewe ora perlu wedi yen bar nonton film horor.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9979", "text": "Sayah suwi sayah akeh banget wong sing sak karepe dewe karo wong liya. Akeh wong wing senengane nggarai kisruh ana ing kehidupan nyata utawa ing sosial media. Salah sijine wong sing gampang ngilokna babagan SARA utawa suku, ras, agama. Apa maneh ing sosial media wong bebas nulis apa wae lan ora ngerasa duweni salah amarga ngerasa aman wong liya ora ngerti raine. Nalika ana akun anonim sing nulis lan ngilokna babagan SARA, wis mesti iku kanggo ngadu domba wong liya. Mula yen ana kasus kaya ngono, kene ora oleh gampang kepancing lan cukup ora direken wae supaya meneng-meneng dewe wonge.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6059", "text": "Pemeriksaan untu, lambe, lan uga THT iki penting banget ben tetep sehat amarga banyu idu lan cairan kuwi dadi media sing empuk kanggo nularake penyakit. Kamangka, wong liya ngerasa jijik amarga keciprat idu pas lagi ngomong lan uga wedi kena penyakit. Wong uga yen lagi lara disaranake nganggo masker ben ora nular. Kanggo wong sing jijikan apa maneh, mesti ngerasa keganggu ning panggonan umum. Iki uga ana hubungane karo tata krama. Amarga kuwi, awak dhewe yen wayah ngomong kudu dikontrol ben ora ninggalake jejak kaya cipratan idu, yen ngomong kudu sing temata ben tetep kepenak sing ndelok lan uga melu komunikasi. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9929", "text": "Wong sing seneng banget selingkuh biasane tipe wong sing ngerasa ora bersyukur lan ora puas karo apa sing diduweni. Saliyane iku wong sing seneng selingkuh iku biasane wong sing ora duweni rasa tanggung jawab. Akhire ora eling yen wis duwe pasangan lan akhire milih kanggo golek wong liya. Yen wis kaya ngene, mending kene ngalih wae supaya ora ngerasakna lara sing tambah nemen. Aja nganti ngewenehi sepura kanggo wong sing wis bolak balik nyelingkuhi kene amarga selingkuh iku penyakit lan bisa nggarai wong iku kumat maneh. Aja nganti kene akhire ngelarani atine kene dewe amarga wis duweni hubungan kari tukang selingkuh. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "275", "text": "Kabeh wong duwe idolane dhewe-dhewe. Kabeh wong uga kepengen ketemu karo idolane secara langsung. Yen wis kesamapain ngono, ati rasane seneng banget. Nanging awak dhewe tetep kudu jogo ben ora ngidolake wong berlebihan, opo meneh karo wong sing dadi artis. Soale, opo sing biasa awak dhewe delok neng TV kui, ora mesthi podo karo asline. Artis kui iso wae ngelakoke ramah neng ngarep kamera lan dadi ketok sengak pas awak dhewe delok langsung. Ono uga kasus, sing fanse ora dadi penggemaran artis kui mergo tabiate ora seapik sing dibayangke. Awak dhewe kudu iling yen artis kui uga menungso sing iso gawe salah. Lan mungkin artis kui tabiate seko ngono seko awal nanging tabiat sing elek kui ora tau kecekel karo kamera. Dadi awak dhewe duwe prasangka yen artis kui uripe lurus-lurus wae.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2699", "text": "Saiki akeh wong sing sedeh polahe urip dewean. Padahal asline sedehe iku maeng ora polahe uripe sing dewean ora ono koncone, tapi polahe masalah sing biyen tau dilakoni pas ono koncone. Terus sing garai sedeh yo polahe kesalahan sing tau dilakoni maeng, mangkane nag pas tau ngelokni salah pas ono ewange urip iku jaluk sepuro iku luwih penting utowo ngomong ambek ijol pikiran iku penting ben ora rumongso urip dewean pas waktu masalah iku maeng wes kasep diadepi awake. Dadi nag awakmu pengen ora sedeh urip dewean, ceritakno utowo gembulo ambek konco-koncomu utowo silaturahmio ambek konco-konco sing ankrap utowo sing raodok akrab, sopo ngerti teko iku maneg awakmu iso ngadepi sedehe urip dewean mu.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9913", "text": "Lita saben dina ngamuk amarga dikira kaya gotek utawa kayu sing duawa kanggo nggotek pencit. Dhukure Lita pancen ana ing dhuwure rata-rata bocah wedhok sing isih SD. Lita wis ana ing angka 170 senti dhukure. Sikile pancen duawa banget. Yen njupuk buku ana ing perpustakaan sakjane gampang banget apa maneh buku sing ana ing dhuwur. Nalika mlebu kelas dheweke kudu ndiluk sitik amarga lawange rada endhek. Iki sing nggarai Lita muring-muring soale diguda terus karo kanca-kancane. Mbuh diilokna kaya raksasa, mbuh diilakna kaya gotek, lan liyane. Nanging kadang Lita uga syukur marang Gusti amarga wis ngewenehi dhukur kaya ngene. Dadine Lita ora perlu olahraga maneh kanggo ndukurne awak.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8066", "text": "Fobia spesifik iku salah siji jenis gangguan kecemasan sing kudune ditangani ambek tenaga medis. Tapi, fobia iku kadang isok diatasi dewe, salah sijine autophobia utowo fobia dewean. Cara gawe ngatasi autophobia tanpa bantuan psikiater iku koyok ngene. Siji, identifikasi penyebab rasa wedimu nek pas dewean. Ojok jarno rasa wedi iku mau ngendalikno awakmu, opo maneh uripmu. Loro, ojok jarno rasa wedi iku ngalangi pikiran ambek perasaanmu. Telu, nyandak kerjaan nang omah dewe, dan visualisasikno nek awakmu iku gak bakal kenopo-nopo nek awakmu dewean. Visualisasi iku mau isok marakno awakmu luwe pede ngatasi rasa wedimu iku mau. Papat, terimoen rasa wedi iku mau. Terus alon alon pertimbangno secara sadar nek awakmu iku gak perlu wedi soale iki bakal aman aman ae. Terakhir, paparan bertahap nang situasi sing marakno rasa wedimu iku mau. Metode pemaparan bertahap iki bakal ngelatih pikiran ambek awak ben isok beroperasi secara otomatis dan alami.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9980", "text": "Pas dadi panitia lomba pitulasan, aku dibageni dadi divisi humas. Tugasku yaiku ngehubungi wong-wong sing bakal terlibat ana ing adicara iki kayata juri lomba, wong-wong sing diundang, lan liyane. Dina iki aku pancen lagi ora penak awak, dadine aku ngundur sesok kanggo ngehubungi juri lombae. Pas aku wis waras lan ning juri lomba, dheweke ngomong yen wis dikandani karo kancaku. Aku ngamuk banget. Iki penggaweanku kok malah dijukuk lan ora kandha aku. Jarene kancaku yen ngenteni aku waras bakalan kesuwen banget. Ya sakjane ora oleh ngunu, iki kan pancen tugasku. Yen pancen pengin ngewangi ya ora papa nanging ya kudu kandha dhisik supaya ora dadi misskomunikasj kaya ngene.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9451", "text": "Renjun duweni dulur ing Amerika sing jenenge Mark. Renjun lan Mark durung tau ketemu maneh sawise Mark pindah saka Indonesia menyang Amerika. Wis kepisah kurang luwih 10 taun, dina iki akhire Renjun dolan menyang Amerika nyambangi Mark. Ing Amerika, Renjun ngentekna wektu saben dina kanggo dolan karo Mark. Dolan menyang cafe, mall, taman, utawa kadang mung ndelok film ana ing omah. Renjun seneng banget akhire bisa kumpul maneh karo Mark.Kaluwargane Renjun uga melu nyambangi kaluwargane Mark. Dadine iki dadi pakumpulan kaluwarga sing wis kapisah suwi lan adoh. Rong kaluwarga iku padha seneng banget bisa kumpul maneh senajan mung 2 minggu wae, amarga bapake Renjun isih duwe gawean ing Indonesia lan ora bisa prei suwi-suwi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3488", "text": "Wong sing wedi ambek panggonan sing durung dikenal utowo asing iku ancene wes lumrah ambek gelek kedaden. Tapi nag jarene wong sing penggaweane ngeluyur yo mesti ora masalah koyok ngunuku. Nah sarane wong sing gelek ngeluyur yaiku kanggo adaptasi ben wong sing lagek teko nang kono iku iso gembul ambek iso ngamati nang daerah kono karo cepet. Soale nag ora iso adaptasi mestine wong iku bakal keweden nag lapo-lapo. Mangkane adaptasi nang lingkungan ancene bener-bener dibutohno ben iso ngerti keadaan nang lingkungan sing dianggep anyar iku maeng. Terus sak liyane adaptasi wong sing gelek dolan biasane nyaranno kanggo ngamati lingkungan sing ono nag sekitare maeng. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5342", "text": "Ora salah yen ibukota Jakarta dadi peringkat siji kutha sing paling macet ning Indonesia amarga kutha iki uga dadi kutha sing paling sibuk lan uga dadi pusat ekonomi lan bisnis. Kutha Jakarta iki nduwe rata-rata kemacetan 63 jam per taun. Yen wayah jam normal, kemacetan ning Jakarta iki 21%. Nanging pas jam sibuk, persentasene munggah dadi 24%. Kemacetan ning Jakarta iki didominasi karo wong sing nyambut gawe saka kutha penyangga. Kemacetan ning Jakarta iki uga nyumbang polusi ning Indonesia, kamangka pas wayah pandemi, kutha Jakarta dadi luwih resik amarga kemacetan berkurang lan nambah transportasi umum miturut penelitian saka Negara Belanda.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8414", "text": "Kentut iku normal. Kentut sing gak mambu iku normal. Bahkan kentut sing mambu sek isok dikategorikno normal nek gak diituti gejala sing aneh-aneh. Gak lanang gak wedok, pasti tau ngalami ngentut sing mambu badek, dan iku normal. Cuma nek luwe digatekno maneh, biasane entute wong wedok iku luwe badek timbang entute wong lanang. Hal iki mergo onoke perbedaan kandungan gas nang wetenge wong lanang karo wong wedok. Sing marakno bedo iku konsentrasi gas hidrogen sulfida. Gas iki sing marakno kentut iku dadi mambu. Dadakno, nang njero wetenge wong wedok iku, kandungan gas hidrogen sulfidane luwe akeh timbang wong lanang. Iku sing marakno entute wong wedok ambune luwe badek timbang entute wong lanang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7299", "text": "Urip dewe iku ancen berpotensi marakno kesepian. Tapi awak dewe kudu iling, gak kabeh uwong iku bakal terus siap sedia gawe awakmu. Dadi awakmu kudu mulai isok ngelakoni sembarangane dewe. Mulai teko mangan nang njobo dewe, belonjo dewe, berangkat kerjo dewe, pokok sembarange dewe. Hal iki ben awakmu gak ketergantungan ambek wong liyo. Dan awakmu kudu nekano nang diri sendiri, nek awakmu iku gak bakal dewean, soale onok Allah sing bakal ngawal awakmu nang ndi ae. Mulai teko kono, isok muncul rasa aman dan tenang nek awakmu lagi dewean dan gak bakal ngeroso kesepian. Dadi gawe awakmu sing bingung kudu nggolek konco disik gawe ngelakoni opo ae, coba mulai ngelakoni sembarang dewean.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2908", "text": "Ulan wingi pas aku muleh bengi teko kuto Gadis, aku jumbule rambloko soale ketok tuyul nang pinggir dalan. Terus aku kelingan anjurane guru ngajiku nag wes petuk ngunuku dikongkon moco ayat kursi ambek moco shloawat sak akeh-akehe ben slamet ambek atine maleh anteng. Nah masalahe pas iku aku mlaku dewe ora ambek konco dadi yo tetep keweden. Masio moco ayak kursi sampek jibrat kabeh lambene ambek idu. Mangkane pake barang yo ngomong nag ancene metu bengi nag iso iku gowo konco soale nag ono opo-opo nang dalan ben ono koncone ben ayem atine. Masio ono konco nag wes kadung koyok ngeneki yo tetep podo keweden kabeh, lawong mlebu alas nag wes dalu masio ambek konco ae pikir-pikir.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4462", "text": "Jaman saiki wong iku wes akeh sing duwe utang mergo kebutuhane sing ora karoan. Nah kanggo nyukupi perkor iku maeng mangkane wong mesti utang. Nah opo se sing diarani utang iku maeng? sing diarani utang iku termasuk penggawean sing nyilah duwek tapi ono tambahane nag pas balekno, mboh iku sak itik utowo akeh, pokoke nag balekno iku mesti tambah akeh timabng pas waktu nyialh duwek. Nah perkoro iku maeng iso dadekno isin nang wong sing utang nag ancene wong iku maeng ora tau utang, terus dianggep wong sing ono nang pinggire iku dadi wong sugeh ambek derajate duwur. Nah wong sing nginiki biasane nag konangan utang mesti isine megilan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2078", "text": "Yen ono wong sing keno serangan panik, awak dhewe kudu nulungi dheweke supoyo iso dadi kalem. Opo meneh awak dhewe kui wong sing cerak karo dheweke. Awak dhewe paling ngerti opo sing nyebabke dheweke keno serangan panik kui. Awak dhewe uga wong sing paling ngerti tabiete dheweke lan opo sing lagi dipikirke. Yen wong kui iso ngerti alesan sing keno serangan panik kui, dheweke bakal luwih gampang golek coro kanggo nenangkene. Soale, yen awak dhewe ngekei stimulus sing salah kanggo gawe dheweke kalem, mungkin carane dhewe iso ora efektif lan sing paling parah iso gawe serangan panik kui soyo parah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1157", "text": "Yen awak dhewek kerep ngeroso diututi bar ngelakoke aktifitas rutin dhewe, koyo misale bali kantor, bali sekolah, lan sak liya-liyane, awak dhewe iso nyobo jajal rute bali utowo perjalanan sing bedo. Sing kesiji, awak dhewe iso nganggo rute sing koyo biasane nanging awak dhewe iso mampir-mampir disik. Sak ben dinone, awak dhewe iso mampir neng panggon sing bedo lan durasi sing bedo-bedo. Sing keloro, awak dhewe iso gawe rute sing ngalang seko tujuane dhewe. Sing ketelu, awak dhewe iso bali numpak kendaraan umum sing bedo-bedo. Misale biasane awak dhewe gawe ojek daring, awak dhewe iso jajal pisan-pisan numpak bis utowo angkot.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3010", "text": "Pas aku SMP aku duwe konco sing uringe megilan awit teko rambut sampe kulite. Tapi bocahe kendele megilan ambek uwong-uwong karo bocah sak kelas barang kendele ora pokroh. Mari ngunu salah siji dino bocahe dilekno soale bocahe irenge megilan ambek salah sijine kaka kelas. Mari ngunu bocahe ora terimo akhire bocah iku maeng marani nang kelase kakak kelas maeng, terus ngelokno kaka kelase maeng. Akhire koncoku maeng ambek kakak kelase geger sampek diparani salah sijine guru sing pas iku ngulang nang kelas sing ono nang pinggire. Akhire Bocah loro maeng diukum polahe gelut maeng. Tapi sak durunge diukum bocah loro maeng dikongkon podo-podo salaman ben rukun maneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8426", "text": "Toilet umum iku biasane wes bakalan onok simbol jenis kelamin ben uwong gak keliru gawe melbu. Tapi kadangan, sek onok ae toilet sing gak onok simbol iku dan marakno wong dadi ketuker-tuker. Biasane sing koyok ngono iku onok nang panggon pelosok utowo toilet umum sing onok nang deso. Nek wes ngono, awak dewe kudu bertindak ben gak tambah akeh uwong sing keliru maneh. Carane iku ngene. Pertama awakmu izin disik nang perangkat deso sekitar gawe masang simbol jenis kelamin iku mau. Terus awakmu nggawe stiker simbol jenis kelamin. Simbole isok mbok jupuk teko internet. Mbari ngono cetaken dewe. Terakhir garek tempel ae. Wes, dadi deh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5605", "text": "Kabeh wong mesti tau ngerasakake demam panggung. Apa maneh yen kaping sepisan ngomong ning ngarep. Sing paling ndredeg lan marai demam panggung kuwi yaiku anggepan wedi salah lan wedi dikomentari elek. Anggepan iki ana amarga ora ana apresiasi saka wong sing wis nampil lan diakibatake wong tuwa sing kurang perhatian lan ngewenehi pujian marang usaha anak. Kamangka, anak dadi angel nduwe rasa percaya diri. Banjur sing paling penting yaiku anak iki uga kudu didukung lan kudu dilatih ngomong ning ngarepe wong akeh saka njawab pertanyaan uga diajari ngomong sing cetha wiwit cilik kamangka anak ora wedi salah ning ngarepe wong akeh. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6197", "text": "Swara fals pas nampil nyanyi kuwi dadi salah siji kekurangan sing kudu didandani lan ditutupi karo para penyanyi amarga bisa ngerusak suasana ning ndhuwur panggung. Swara sing fals iki dadi salah siji tandha penyanyi sing ragu-ragu lan uga ora yakin karo apa sing dinyanyekake. Kamangka, sak durunge nyanyi, penyanyi iki kudu paham apa sing arep dinyanyekake. Banjur saka nyanyian kuwi, penyanyi uga kudu ngelatih sak durunge tampil lan uga peka marang nada lan musik. Yen ngerasa kurang sehat, akeh ngombe banyu putih lan uga istirahat ben ora tambah ngerusak pita swara. Sing pungkasan, aja grogi lan tetep berusaha nyanyi kanthi rampung. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3301", "text": "Nag pas agustusan mesti nag sekolahanku biyen iku ramene megilan polahe akeh lomba. Terus tahun iki pas waktu ngumumno sing menang lomba, koncoku ditunjuk dadi MC kanggo ngisi acara iku maeng. Tapi deke iku kudu ora gelem saole wedi nang nang duwur panggung ora iso ngomong koyok agustusan sing biyen sampek deke tak wei ngombe ben lancar oleh ngomong. Kat kedadean iku deke maleh rodok wedi nag munggah panggung polahe mesti deke rodok dredek ambek bingung nag nang duwure panggung. Masio ngunu, deke iku asline pintere ngomong megilan, dredeke iku mok awitan tok polahe isek rodok kagok karo sing jenenge motone wong akeh polahe nyawang deke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4471", "text": "Semester wingi aku karo koncoku sing biasane nag mangan mesti nang pinggire parkiran iku moro-moro masi bocah sing ancene ora asing kanggo awak dewek kabeh, yo bocah sak kelas iku akeh singerti ambek deke. Nah pas iku deke iku moro-moro yopoti spione sepeda sing rodok larang, terus jarene koncoku iku ora gonane deke mergo deke iku ora duwe sepeda iku. Nah karo koncoku maeng langsung diparani. Ambek ditakoni, \"ate lapo awakmu, nyolong ya?\". Terus mocahe maeng ngomong nag ora ngelakoni iku, ambek raine kemringet karo abang soale wedi konangan karo isin mergo biasane deke iku meneng ambek bocah-bocah ngertine deke iku termasuk bocah alim.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7131", "text": "Wes dadi rutinitas gawe kabeh mahasiswa gawe KRS an ben pergantian semester. KRS iku tujuane gawe milih mata kuliah sing bakal dileboni pas semester iku mau. Biasane para mahasiswa iki cepet-cepetan gawe KRS an cek entuk mata kuliah sing dosene enak. Aku pun termasuk sing bertujuan koyok ngono. Dadi pas bengi sak durunge KRS an, aku wes siap nang ngarep laptop dan wes nyiapno daftar mata kuliah sing tak pingini dan dosen sing tak pingini. Aku yo wes siap gawe melbu nang web KRS an e. Pas jam 12 teng, ketepakan banget aku langsung isok melbu nang web e dan cepet-cepetan milih mata kuliah sesuai daftar sing wes tak catet. Gak suwe aku langsung klik konfirmasi dan aku temenan isok entok mata kuliah sing dosene enak nek ngajar. Temenan bejo puol aku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4334", "text": "Jarene koncoku sing biasane etet-etet iwak, ambu amis iku ancene marakno wong sing ora tawar ambek ambu iku maelh jijik. Nah sing garai jijik iku maeng yo mergo deke ura kulina mangkane sing ambe mesti mangkel ambek kuwok-kuwok. Tapi jarene deke mergo wes kulino etet-etet iwak, ambu amis iku ora masalah toh disabun ae engko wes ilang. Tapi ono sing ambune amise iku angel ilangane yoiku amise iwak laut, nah amise iwak laut iku ancene angele megilan nang diumbah, mergo sing jenenge iwak laut iku amise megilan nag dibandingno karo sing jenenge iwak biasane utowo iwak tambakan. Nah mangkane wong sing ora mentolo ambu amis biasane nag ambu titik langsung mengkirik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6086", "text": "Ngajari anak babagan mangan kuwi pancen angel-angel gampang, utamane kanggo balita sing pertama kali thukul untu. Rasane kabeh barang lan panganan pengin dilebokake menyang lambe. Virus lan bakteri uga gampang mlebu lan bisa marai penyakit pencernaan lan bisa marai bayi rewel. Kamangka kuwi, para ibu iki kudu nggatekake keresikan lingkungan apa sing dipangan karo anak. Carane yaiku ngeresiki kabeh bekas panganan lan uga alat mangan nganggo sabun sing higienis lan uga aman kanggo bayi. Banjur ibu kudu ngawasi apa wae sing dipangan karo anak, kaya dolanan lan uga panganan sing wis ceblok ben ora dadi penyakit lan ora dadi kebiasaan sing ala. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8337", "text": "Ben awakmu mbari masak iwak utowo daging, pasti tanganmu bakal mambu amis. Dan ambu amis iku mau gak bakal ilang nek dicuci nganggo sabun biasa. Ambu amis sing gak ndang diresikno iku bakal isok nempel luwe suwe pindo, dadi ancen kudu diresikno sing bener. Onok cara gawe ngilangno ambu amis nang tanganmu, yaiku nganggo lemon. Kemampuan lemon iku gak usah diragukno maneh. Cara gawe ngilangno mambu amis nang tangan iku koyok ngene. Siji, rendem pirang potong lemon nang njero banyu. Loro, nggoen banyu rendeman lemon iku mau gawe wisuh sambil terus gosok telapak tangan nganggo irisan lemon mau sampe ambune ilang. Wes ngono tok carane.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7533", "text": "Salah siji acara sing lumayan terkenal dan isine tentang ngeprank iku jenenge Just for Laughs Gags. Just for Laughs Gags iki acara komedi bisu sing asale teko Kanada. Acara iki digawe karo grup Just for Laughs. Produser teko acara iki yaiku Wild Rover Productions. Lokasi produksine iku nang Montreal, Kanada. Acara iki pertama kali ditayangno nang kanal CBC Television ambek The Comedy Network. Acara iki iku nampilno wong-wong sing dijebak ndek berbagai situasi sing uaneh pol karo para aktor, terus kamera tersembunyi bakal ngerekam reaksi wong-wong sing dadi korban kenaehan iku mau. Acara iki gak onok suara blas, mek onok efek suara, ngguyu, karo musik.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9106", "text": "Sing jenenge setan iku bakal terus ganggu menungso sampe engkok pas kiamat. Salah siji gangguan sing dimarakno setan iku rasa was-was. Penyakit was-was iki temenan onok dan wes disebut sisan nang surat An-Naas ayat 1—5. Nek uwong wes kenek penyakit was-was, pasti wong iku bakal diliputi keraguan, gak tau tenang, dan bakal ngeroso abot gawe ngelakoni ibadah. Nek awakmu sadar nek lagi kenek penyakit iku, awakmu kudu cepet ngelakoni tindakan ben isok ucul teko penyakit iku. Carane gampang. Siji, ojok dipikir jeru nemen. Loro, njaluk perlindungan nang gusti Allah SWT. Telu, fokus ibadah sing luwe rajin. Terakhir, akehno sinau tentang ilmu agama.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2685", "text": "Saiki akeh bocah sing saking akrape utowo pareke ambek koncone sampek nangis-nangisan nag pisah ambek koncone. Jarene ngunuku iku sedeh polahe pisah ambek koncone. Tapi ono sing ngarani roso sedeh pas pisah ambek koncone iku wajar soale sing jenenge konco apik mesti duwe kenangan sing ora iso dilalekno. Mangkane nag roso sedih polahe pisah ambek konco jaman saiki dianggep wajar karo bocah-bocah soale iku dianggep dadi simbol roso sayang ambek konco-konco sing bakal ora iso ngalami opo-opo bareng maneh koyok nag pas ora pisah. Dadi iku iso dadi simbol roso keakrapan sing ono nag gone ati sing perlu diketokno ambek ora iso diempet nag pas waktu ate pisah ambek konco.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5244", "text": "Kualitas pesawat domestik ning Indonesia saiki rada gonjang-ganjing amarga akeh keluhan saka penumpang sing diomongake lewat sosial media. Manajemen pesawat sing elek iki dadi masalah transportasi ning Indonesia. Lalu lintas udara iki uga dadi ora karuan amarga penjadwalan penerbangan sing ora tertib. Kadhang ana pesawat sing telat, dibatalake, uga ana sing malah budhal luwih dhisik saka jadwal. Jadwal sing ora teratur iki marai penumpang akeh sing kaget amarga ora ana informasi sing diumumake utawa informasi sing telat. Ora terature jadwal iki marai rusake akeh jadwal ning kabeh aspek, apa maneh jadwal kanggo wong sing lagi bisnis, kargo, lan kanggo profesional liyane.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3334", "text": "Wong nag wes kadung kepepet polahe ngadepi bahaya mesti keweden, mboh iku polahe sing dadekno perkoro iku utowo ambek sing garai wong iku maeng ngerasakno wedi iku maeng. Tapi roto-roto wong iku mesti tau ngalami perkoro iku maeng. Mbak iku ambek uwong utowo karo lingungan sing dadekno wong iku maeng kepepet sampek keweden contone wong diajak asu sampek pojokan, terus ora iso mlayu. Akhire deke kan wes kepet ora iso lapo-lapo. Terus sing ono yo mok keweden sing iso-iso dadekno roso trauma utowo gangguan mental nang wonge iku maeng. Mangkane nag iso ngelakoni sembarang iku yo kudu ati-ati utowo nag gak ngunu kudu nyiapno mental sing ancene kuat.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8483", "text": "Halitosis utowo ambu cangkem iku isok dialami karo sopo ae. Ambu cangkem iku kondisi sing disertai ambek mambu napas cangkem sing gak enak. Kondisi iki isok disertai ambek lambe garing, rasa gak enak nang lambe, ambek werno putih nang ilat. Ambu cangkem iku isok mergo teko jenis panganan sing melbu nang cangkem, keresikan lambe sing gak kejogo, penyakit sing diderita, ambek gaya urip sing gak apik. Ambu cangkem iku sek normal nek misal kondisi liyane gak onok gangguan, dan isok diatasi dewe. Tapi nek misal onok keluhan tertentu, mendingan diperiksakno nang dokter. Keluhan iku isok teko lambe garing, lara pas ngunyah, lara untu, getihen nang daerah cangkem, demam, ambek bercak putih nang amandel.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5307", "text": "Wong kang nyerobot antrean kuwi pancen marai gondok lan mangkel, apa maneh antrean kuwi babagan sing kudune ora kudu ngantre tapi ya tetep oleh kaya ngantre ning kasir uga ngantre ning panggon hajatan. Nanging akeh wong sing ora sabar lan kudu dikandhani amarga kebiasaan iki ngerugikake wong akeh. Carane ben ora gampang diserobot uga macem-macem kaya misal ngadek lan nunggoni antreane awak dhewe ben ora didhesek karo wong. Banjur yen isih meksa, wong wing isih nyerobot kuwi dikandani lan diarahake nganggo basa sing apik. Yen isih ngotot, kudu wani lapor marang petugas keamanan amarga wis kalebu kasus ngganggu ketertiban lingkungan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6030", "text": "Saban Sabtu isuk, aku ngerewangi ibuku blanja ning pelelangan iwak sing ana ning cedhak omahku. Pelelangan iwak iki dadi siji karo pasar tradisional sing ana ning pinggir pantai. Kamangka, mesti rame banget wayah isuk. Apa maneh saiki cedhak banget karo preian sekolah. Ning cedhak pasar kuwi uga ana jasa kanggo mbakarake iwak ben bisa langsung mbakarake iwak ning wilayah laut kuwi. Amarga mau bengi laut ombake galak, akeh kapal sing ora lunga menyang laut lan ninggalake iwak mati akeh banget. Kamangka, suasana pasar dadi mambu banget, apa maneh campur karo sampah sayur saka pasar sing wis mbosok. Tinimbang muntah amarga jijik, aku luwih milih ngentenin ning parkiran. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3835", "text": "Prosoku diguyu bocah sak kelas iku ancene perkoro sing garai isin lo. Tapi iku nag sing diguyu maeng perkoro sing ngisin-ngisini. Nah koncoku iku tau turu sampek ngiler-ngiler pas diterangno ambek gurune polahe deke mari melekan bengine. Terus koncoku iku maeng digetak ambek gurune sampek keplayon. Akhire bocah-bocah sak kelas guyu kabeh mergone deke jumbul maeng. Terus ket iku deke maleh ora tau turu maneh nang kelas polahe wes kisinen ambek kapok nag diguyu bocah sak kelas maneh. Terus jarene bocahe, perkoro iku bakal dadi perkoro sing ngisin-ngisine sing bakal dadi kenangan sing elek nang uripe sampek tuwek. Tapi deke ora trauma ambek perkoro iku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7518", "text": "Hadiah nang istilah madzhab Syafi’i iku berarti pemberian suatu benda tanpa onok imbalan, sing disertai karo pemindahan barang iku nang penerima hadiah sebagai bentuk penghormatan. Ngekeki hadiah iki gawe beberapa uwong isok dadi salah siji ungkapan ekspresi gawe ngejalin hubungan ambek sesame menungso. Dan hukume ngejalin hubungan apik karo sesama iku wajib gawe kabeh wong Muslim. Dadi hukume ngekeki hadiah iku halal, dan malah dianjurno. Nang hadits sing diriwayatno karo Al-Bukhari, Rasulullah SAW bersabda, “Hendaknya kalian saling memberi, niscaya kalian akan saling mencintai”. Dadi gawe dulur-dulur Muslimku, ayo saling tuker hadiah nang satu sama lain. Selain nyenengno awak, isok ngejalin hubungan apik karo sesame, entok pahala maneh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "755", "text": "Ora ono wong sing nesu tanpa sebab. Yen ono wong sing ngomong dheweke nesu mergo nesu wae dudu artine dheweke ngapusi. Iso wae dheweke kui ora ngerti opo sing sebenere gawe dheweke emosi. Koyo misale sing paling gampang, wong kui sok ngerti-ngerti senewen dhewe. Padahal solusine kui mung mangan. Mungkin uteke kui ngeroso dheweke durung butuh mangan, nanging wetenge kui sak jane wis butuh. Hal sing podo mungkin iso kedadean neng nesu-nesu tanpa sebab sing liyane. Iso wae pas kui awak dhewe nesu karo konco cerake awak dhewe. Nanging mergo neng pikirane awak dhewe kui konco cerak ora mungkin gawe nesu, pikirane dhewe nutup kemungkinan kui seko kesadarane awak dhewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4812", "text": "Ana tradisi ning salah sawijing kampus ning Korea Selatan kanggo ngerayakake lulus ujian. Tradisi iki ana ning Universitas Sungkyungkwan. Universitas iki perguruan tinggi sing paling tuwa ning Korea Selatan lan wis ana wiwit jaman kerajaan. Universitas iki kalebu salah sawijining perguruan tinggi sing duwe peninggalan kaya museum lan monumen pendidikan. Pas lulus ujian, kabeh mahasiswa ing mesti duwe tradisi kanggo ngewenehi kinurmatan kanggo leluhur sing wis ngabdi marang kampus lan pendidikan. Rampung wisuda, kabeh mahasiswa ngumpung ning ngarep monumen lan ngadakake upacara dan ndedunga bareng. Upacara iki wis ana wiwit jaman biyen lan tetep dilestarekake kanggo njaga tradisi ning Sungkyungkwan. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "784", "text": "Yen awak dhewe nesu mergo diseneni bos kui gamblen neng media sosial kui dadi solusi sing paling tepat. Timbange awak dhewe bengak-bengok utowo gebrak-gebrak mejo neng kantor, kui malah iso marake bose dhewe tambah ora seneng, mending awak dhewe neng kamar karo teturon misuh-misuhi bose dhewe neng media sosial. Media sosial kui dadi panggon sing paling cocok karo perkoro sing koyo ngene. Neng kono awak dhewe iso gawe pseudonim utowo jenenge neng akun kui ora nganggo jeneng asline awak dhewe. Mergo identitase bedo kui, awak dhewe iso ngomong opo wae neng kono. Awak dhewe iso goblok-gobloke bose dhewe tanpa ono sing ngerti awak dhewe ngelakoke kui. Paling bose dhewe ngerteni awak dhewe nyambut gawe dadi biasa meneh koyo biasane.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8010", "text": "Dino iki, aku dijak ambek koncoku nang Restoran dimsum nang daerah Blok M. Jare arek iku kate nraktir aku soale aku lagi ulang tahun, sekalian kate nyudokno nek nang kono iku dimsum e kebacut enake. Berhubung aku penasaran sisan, akhire tak iyani ae. Awak dewe mrono numpak MRT dan mlaku dilut wes tutuk nang Restoran e. Berhubung lagi sepi, awak dewe gak atek leren ngantri. Pas nang kono, aku dipeseno sembarang kalir ambek koncoku dan aku nurut ae. Gak suwe, panganane podo teko. Gak atek mikir, awak dewe langsung mangan iku kabeh. Dan kudu diakoni, iki ancen uwenak kabeh. Pas ditakoni, endi sing paling enak, aku jawab mie ne. Terus koncoku langsung ngomong nek iku mau jenenge mie char siu. Aku langsung mak dheg. Char siu iku kan daging babi, dan sek tas iku aku buru mangan babi? Aku langsung ketar-ketir karepe dewe. Berusaha ngeyakino awak dewe nek aku gak eroh iku berarti gak bakal duso, wong wes kadung. Tapi aku gak isok gak kepikiran nek aku buru ae mangan babi sing jelas-jelas haram. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8023", "text": "Kecelakaan kerja iku isok diklasifikasikno dadi pirang-pirang jenis. Siji, klasifikasi menurut jenis kecelakaan. Mulai teko tibo, keluguran benda, tertumbuk utowo kenek benda, kecepit ambek benda, pengaruh suhu duwur, kenek arus listrik, sampe kontak ambek bahan-bahan bahaya utowo radiasi. Loro, klasifikasi menurut penyebab. Penyebab iki dibagi dadi pirang subbab sing engkok terbagi dadi pirang sub subbab maneh. Subbab iku mulai teko mesin, alat angkut ambek alat angkat, peralatan liyane, bahan bahan, zat-zat, radiasi, lingkungan kerja, kewan, ambek penyebab liyane sing durung memadai. Telu, klasifikasi menurut sifat luka utowo kelainan. Mulai teko patah tulang, keseleo, regang otot, abo, amputasi, luka bakar, keracunan, dan liyane maneh. Terakhir, klasifikasi menurut letak kelainan utowo luka nang awak. Mulai teko sira, gulu, awak, anggota duwur, anggota ngisor, ambek kelainan umum.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "601", "text": "Aku tau diget-geti karo demit seng ono neng poster bioskop. Ceritane ngene. Aku lagi neng bioskop karo konco-koncoku. Pas kui, awak dhewe lagi pengen lagi nonton film Captain America: Civil War. Awak dhewe wis pengen nonton kui seko pertama film super hero kui muncul neng bioskop. Nanging, mergo filme kui laris banget lan awak dhewe duwe kesibukan dhewe-dhewe, awak dhewe lagi iso nonton pas filme kui jam tayange mung setik. Sak durunge mlebu, aku neng kamar mburi disi. Pas metu, aku ora nemu konco-koncoku. Dadi aku mung ngadeg meneng karo dolanan HP neng cerak tembok. Saking bosene, aku geleng-gelengke sirah. Pas nengong, aku delok rupa demit neng ngarep rai persis. Kaget, aku bengok banter banget. Mergo aku bengok kui, koncoku iso nemoke aku. Jebul kui mung poster film horor tok. Isin aku.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3861", "text": "Biyen pas aku dolan nang omahe koncoku, ono salah sijine wong sing duwe oamh apike megilan. Nah koncoku iku maeng ngomong nag wong iku termasuk wong sing paling sugeh sak desone. Tapi saiki deke iku ora tau metu omah polahe omahe biyen iku tau ate disita ambek bank soale telat bayar utang nang bank. Nah utange iku maeng yo termasuk gedene megilan, kiro-kiro oleh montor loro anyar lah. Nah koncoku sing ngerti iku maeng yo bade nag wong iku paling yo kisinen ambek wong sing ono nang pinggir-pinggire soale biasane wonge kan dianggep sugeh. Terus nag ono opo-opo warga kunu kan yo mesti jaluk bantuan nang kono. Tapi saiki wes ora tau mergane wong sing nang kono ngerti kedaden iku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5790", "text": "Pas KKN ning Lampung pedalaman, aku disilihi motor karo Pak Kades kanggo lunga menyang desa sebelah. Motor iki jenis matic lan akeh sing rusah amarga dipreteli karo anake Pak Kades. Ning desa kuwi pancen akeh kebo uga sapi sing diternak cul-culan. Sing marai ndreged yaiku rem sing ana ning motor iki uga blong lan ora kena dinggo. Kamangka, aku milih lunga dhewean amarga ora gelem mbahayakake kancaku. Pas ning dalan sing mudhun, aku ndredeg lan wedi amarga dalan iki tambah kacau lan kaya nantang maut. Aku uga meh nabrak sapine warga nanging ora kena amarga aku jajal gawe fokus ben ora nabrak amarga iki motor nyilih.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3068", "text": "Nag ono wong sing dadekno wong liyo iku srengen polahe ora diwei keadilan, artine wong iku maeng wes ngelanggar anjurane tokoh-tokoh sing biyen merjuangno kemerdekaane negoro iki. Padal nang Pancasila wes ditutuk nag keadilan iku kudu dilakoni kabeh wong sing nang negoro iki. Tapi kenyataane akeh sing ngelanggar, awit teko pemimpin sampek ngisor. Nang kabeh ajaran sing jenenge anjuran dikongkon adil ancene kudu dijejekno soale nag ora jejek mesti akeh wong sing bakale ora trimo terus akeh sing srengen. Nag wes akeh sing srengen polahe ora jejeke keadilan maeng yo bakal apes, terus akeh sing kenek dampake, mboh iku elek utowo apik.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3458", "text": "Nak ancene keweden pas ditotno wong asing iku kudu ngedoi wong iku terus soale kan ora ero wong iku duwe niat apik opo elek. Terus nag iso mlebuo panggonan sing rame-rame ben ora ono kedadean sing ora dikaerpno contone kerampokan, begal ambek sebongsone iku maeng. Tapi sarane koncoku iku nag iso lereno nang panggonan sing sekirane iku aman kanggo leren yaiku panggonan umum sing ancene rame karo uwong ben ora kedaden perkoro elek. Mangkane kudune wong nag wes ditutno wong asing terus keweden iku yo pikirane ambek atine kudu iso tenang terus karo golek panggonan sing anteng tapi akeh wong, ben nag ono opo-opo iso jaluk tolong.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5391", "text": "Ning daerahku, layanan puskesmas iki kaya ora ana manfaate amarga antriane mesti rame lan senengane nyisihake wong kang nganggo layanan BPJS. Aku melas karo wong sing wis sepuh sing lagi berobat wis ngentesi saka isuk nanging ora oleh layanan sing apik lan kadang ora bisa ditangani amarga doktere kudu dinas ning rumah sakit liyane utawa ana acara. Rumah sakit iki uga wis kaya panggon pengungsian yen wayah musim udan amarga akeh sing lara, wiwit saka bocah bayi kanthi wong sing wis sepuh. Amarga kuwi, saiki aku milih nganggo asuransi liyane sing luwih bisa dipercaya lan luwih cepet ditangani ben ora kedadean sing ora dipengeni. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9452", "text": "Taun iki aku lan kaluwargaku akhire bisa dolan ana ing Korea. Negara sing dadi kepenginku wiwit 2 taun kepungkur. Aku seneng lan pengin dolan ing Korea amarga aku seneng karo kabudayane. Aku uga pengin sinau kabudayan sing ana ing Korea. Nalika aku ing Korea, ing kana lagi mangsa adhem lan ana udan salju. Iki dadi pengalaman paling nyenengke yaiku ndelok udan salju. Warnane putih, lugur sithik-sithik saka langit. Yen didelok luwih cedhak, wujude kaya es batu sing ana ing kulkas. Nalika saljune mudhun, aku kudu nggawe jaket sing kandel banget supaya ora kadhemen. Yen kadhemen, kulit bakalan abang kabeh lan kerasa garing.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7112", "text": "Mergo pandemi, kepekso aku kudu sidang skripsi online nang kosanku. Sidang skripsi online sing bakal tak lakoni iku bakal video call-an ambek para dosen pembimbing nang WhatsApp. Dadi aku wes sedia koneksi internet sing banter cek engkok pas tengah-tengah gak atek macet-macet. Ket isuk, aku wes nyiapno kabeh. Mulai teko mosisino hp cek pas digawe video call-an, materi skripsi, ambek mental. Onok koncoku sing teko gawe nyemangati aku nang kosan dan ngancani aku pas sidang skripsi. Dan iku marai aku gak sepiro ndredeg. Pas sidang skripsine mulai, aku nyampaino materi dengan batas waktu 10 menit, nek gak ngono bakal diputus ambek dosene. Untunge aku isok nyampaino kabeh materiku dalam waktu 10 menit. Mbari ngono, baru sesi tanya jawab sing berjalan dengan lancar. Diskusi iku mau berlangsung selama kurang lebih sak jam setengah. Marine diskusi, aku dikongkon out teko call soale para dosen arep diskusi dewe gawe nentukno nilai sidangku dan engkok bakal di-call maneh. Aku ngenteni 10 menitan, dan akhire di-call maneh. Dosen pembimbingku ngumumno aku lulus dengan nilai A-. Pas krungu iku, rasane luego banget, karena akhire aku lulus sidang skripsi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7108", "text": "Gawe awakmu mahasiswa anyar, pasti rodo kepikiran pas ndelok UKT sing gak sesuai ambek kemampuan ekonomi keluargamu. Tambah bingung maneh nek awakmu gak termasuk nang mahasiswa sing lolos bidikmisi soale kondisi ekonomi sing jauh luwe mending timbang mahasiswa sing ketompo bidikmisi. Nek wes koyok ngono, solusine adalah daftar beasiswa. Dengan awakmu daftar beasiswa, iku wes akeh membantu wong tuwomu gawe bayar UKT ben semester. Wes ngono, nek awakmu ketrimo beasiswa, bakal isok melbu nang CV sing isok berpengaruh gawe nilai dirimu dewe dan bakal akeh dipertimbangno nang dunia kerja engkok. Dan akeh banget pilihan beasiswa sing isok mbok njupuk. Dadi gak usah bingung, langsung ae daftar beasiswa.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4443", "text": "Kleru nyelok wong iku ancene gelek kedaden nang endi-endi masio iki ora sengojo ambek kadang sing nyelok barang kecelek. Tapi perkoro iki yo termasuk perkoro sing ngisini mergo iso dadekno ati wong sing nyelok iku koyok rumongso nang deke iku macak-macak ngenal nang wong sing dijeluk, padal yo asline kenal, tapi lali jenenge tok. Nah perkoro ngunuku maeng ancene nag sampek kedaden iso marakno isin nang ati. Opo maneh nag iku sampek kedaden nang ngarepe wong akeh utowo nang ngarepe konco-koncone wong sing diceluk iku maeng terus kenal ambek wong sing diceluk iku yo tambah ora karoan isine. Yo mangkane nag ancene lali ambek wong iku ati-ati.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3001", "text": "Ulan wingi aku ambek koncoku dolan nang salah sijine mall nang Suroboyo gawe golek laptop. Nah pas tutuk kono aku ngelake orambloko soale hawane panase megilan. Terus maringunu aku ambek koncoku tuku es teh sing ono nang mall iku. Wes ngantri nang bote tibake ono mas-mas sing moro-moro nyrobot ambek pacare. Nah koncoku ora trimo akhire koncoku moro nang bakule terus ngomong \"Mbak aku kat maeng ora nang didoli nang iki moro-moro ate mbok ladeni mbak\". Terus sing dodol maeng ngomong \"Iki wes langganan mas\". Mari ngunu koncoku langsung tuku es liyane sing ono nang pinggire wong maeng ben, jarene \"ben ngerti rasane ati loro wong kene maeng, gak ngerti aku ket maeng ngenteni ketelak, tambah dikekno wong liyo\". ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7971", "text": "Koyok biasane, ben onok periode penerimaan mahasiswa anyar, iku pasti onok sing jenenge diklat. Tujuane iku gawe ngenalno maharasiswa anyar mau karo senior e. Ben tahune panggon diklat e mesti bedo-bedo. Tahun iki, diputusno nek diklat e diadakno nang Pantai. Anes sing krungu pemberitahuan iku langsung cepet-cepet nolak. Nurul sebagai PJ kelompoke Anes langsung takon, opo’o kok berhalangan hadir nang diklat engkok. Anes jawab lah nek de’e fobia karo Pantai, dan de’e gak kuat ngadepi fobiane. Nurul ngeroso nek iku gak masuk akal, dan tetep nyoba mbujuk Anes gawe melu. Anes sek tetep nolak terus, sampe akhire de’e nangis kejer saking emoh dan saking wedine kebayang ambek pantai iku mau. Ndelok Anes sampe koyok ngono marakno Nurul gak tego dan akhire ngoleni adek tingkate iku gak melu diklat.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6103", "text": "Salah siji jenis kain sing ora bisa suwek utawa bedhah senajan dinggo akeh obah yaiku bahan kain ribstop. Bahan kain iki sajane kaya katun nanging ora bisa suwek amarga kekuatane ana ning cara nenun lan kain iki bentuke 3 dimensi saking kandele. Ribstop iki biyasane digawe njahit seragam tentara amarga kain iki tahan angin, nduwe kelebihan ngangetake awak, tahan senajan kena gaman sing landhep, lan ora gampang nyebarake bocoran banyu. Nanging kekurangan kain iki yaiku ora bisa nyerep keringet lan abot. Amarga kuwi, wong sing nganggo celana bahan ribstop iki bisa kejaga saka rasa isin amarga celana suwek nanging sering gatel amarga keringet sing ora bisa diserep.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4470", "text": "Pas aku mangan jajan ambek koncoku nang gurine parkiran kampusku, koncoku moro-moro jawil aku ambek ngejak mlaku nang pojoke parkiran sing ancene rodok sepi, nah pas nang kono maeng, ono bocah loro lanang ambek pacare. Nah pas nang kono maeng aku ambek koncoku maeng mandek ambek lunggo terus karo mangan jajan maeng. Bocah loro maeng moro-moro gegeran ambek padu terus ngajak pedot mergo sing wedok maeng ora temen soale jarene sing lanang maeng deke iku mlaku ambek lanangan liyane. Nah aku ambek koncoku mok mantuk-mantuk tok delok iku maeng. Terus pas aku masih menduwur nang tingkat loro ambek telu tibake akehe pol sing delok. Nah pas bocah loro iku maeng ngerti nag akeh sing delok, bocah loro maeng langsung bubaran mergo mari gegeran ambek padu sing ora jelas ngunuku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7621", "text": "Rencanane dino iki Gusti kate jogging koyok biasane. De’e nelpon Yuna, pacare, gawe ngajak jogging bareng. Tapi Yuna malah ngomong males dan ngongkon Gusti jogging dewe ae. Akhire dengan perasaan kecewa, Gusti tetep milih gawe jogging mbasio dewean. De’e milih jogging nang GOR cedek omahe. Berhubung wingi wes isok mencapai target nganti petang puteran, saiki de’e narget sampe limang puteran. Mbarine muteri area GOR ping limo, Gusti langsung lunggo gawe istirahat. Mripate ndeloki pemandangan sekitar GOR sing lagi rame banget. Cuma mripate moro nagkep wajahe Yuna sing lagi gandengan ambek wong lanang. Sing marai de’e emosi, de’e eroh lanang sing digandeng pacare iku Hendra, koncone dewe. Emosine memuncak pas ndelok Yuna nyium pipine Hendra. Gusti njupuk hp ne dan ngefoto Yuna karo Hendra, dan ngirim nang chatroom e de'e karo Yuna. Gusti isok ndelok nek Yuna langsung ngecek hp ne dan langsung panik. Ket adoh, Yuna ambek Hendra clingak clinguk nggoleki Gusti. Pas wes ketemu, wong loro iku langsung mlayu dan ngampiri Gusti. Sedangkan Gusti langsung ngadek dan mlaku ngadoh. Moro tangane didarik. Gusti langsung noleh dan ndelok raine Hendra. Gak atek abang gak atek ijo langsung ditapok ngono ae raine. Yuna langsung panik dan misahno mereka. Gusti sing sek emosi langsung nyentak Yuna dan ngongkon de’e meneng. Gusti sing kepalang emosi langsung misuhi wong loro iku dan mutusno Yuna ngono ae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1180", "text": "Pas lagi neng panggon sing awak dhewe ora kenal kui, rasane pancek ora kepenak. Aku tau ngerasake kui pas lagi ono acara neng TMII. Kui acara pertemuan siswa sak Indonesia sing melu lomba seko Dinas PU lan Tata Ruang. Lomba kui diadake neng 34 propinsi neng Indonesia. Sakben propensi kui ngirim sing siswa sing menang neng daerahe neng TMII kui. Sing marake aku ngeroso ora kepenak neng kono kui ono beberapa perkara. Sing kesiji, aku kui ora bener-bener menang. Aku mangkat neng Jakarta kui mergo ora ono wong meneh sing melu. Sing keloro, kui panggon ngenepi koyo neng barak tentara. Dadi kabeh siswa seko akeh daerah kui ono neng kono. Sing paling parah kui, alesan sing ketelu, aku lan rombangan seko Yogyakarta kui teko telat. Dadine, aku ora ono akeh wetku ben iso dadi cerak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7221", "text": "Aku nduwe kucing jenis bengal, jenenge Brian. Kucing iki ditemukno ambek bapakku pas sek cilik banget dan langsung diadopsi timbang keleleran ning dalan dan ditubruk motor. Aku sing seneng banget ambek kucing langsung seneng banget. Berhubung Brian iki umure sek sekitar seminggu, aku bener-bener ngeramut kucingku dengan intens. Mulai teko ngedoti susu sampe ngresikno awake. Tambah suwe, Brian tumbuh dadi kucing sing sehat. Brian yo mulai isok mangan panganan kucing sing liyane. Sampe suatu hati, moro-moro Brian meneng tok. Terus gak onok abang gak onok ijo, moro-moro Brian muntah-muntah. Langsung cepet-cepet tak gowo nang vet cek ndang diperikso ambek dokter. Dadakno Brian kenek diare dan kudu dirawat luwe intensif nang omah. Akhire aku tuku obat-obat sing dibutuhno teko resep dokter. Buru ae tutuk omah, pas aku kate ngetokno Brian teko kargo, kucingku wes lemes banget. Dan gak suwe, de’e wes gak onok napase. Pas tak obahno, blas gak obah. Awake suwe-suwe dadi kaku. Aku langsung nuangis mergo gak isok nyelametno nyawene Brian.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5247", "text": "Kanggo wong sing sering budhal lan mulih numpak pesawat, informasi jadwal iki penting banget didelok amarga kadhang ana perubahan jam utawa terminal bandara. Jadwal penerbangan iki uga kadhang ora bisa diprediksi amarga cuaca sing elek utawa urusan administrasi liyane. Kamangka kuwi, kanggo wong sing sering numpak pesawat ana persiapan sing perlu dilakoni. Kaping pisan yaiku wajib ngenali kabeh denah lan alur ning bandara. Kaping pindho, informasi ning bandara iki kudu dirungokake temenanan lan uga digatekake. Kaping telu, teka sak durunge jadwal, paling cepet 30 menit sak durunge jadwal budhal amarga ing 30 menit kuwi, jadwal bisa luwih cepet uga bisa luwih suwe. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7945", "text": "Onok akeh uwong iku berpendapat, nek wong mbari ketindihen iku mergo mbari ditindiki karo demit. Dadi ketindihen iki kondisi awak kaku dan gak isok diobahno blas, tapi awakmu sadar nek awakmu iku wes tangi. Biasane sampe gak isok ngomong blas, ngeroso dodone diteken, angel ambekan, terus kemeringet. Dan sek akeh banget sing koyok iku mergo ditindiki karo demit. Padahal, tindihen iku gak onok hubungane karo demit. Tindihen iku onok nang istilah medis sing jenenge kelumpuhan turu. Penyebab utamane iku mergo proses sinkronasi utek ambek awak sing sempet keganggu pas lagi turu. Dadi gak onok yo hubungane tindihen ambek demit iku rek, wong penjelasan medis e ae onok lho.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7913", "text": "Begal iku sebuah aksi ngerampas ndek tengah dalan sing carane ngentikno pengendarane. Begal iki biasane dilakoni nang dalanan sing adoh teko keramaian dan pas bengi. Biasane pembegal iki sampe ngancem nganggo senjata ben korbane gelem nyerahno harta sing diduweni korban iku mau. Begal iki wes melbu nang tindakan kekerasan sisan dan sakjane isok dilaporno nang polisi. Nang Islam, begal iku onok patang macem. Siji, nek begal iku mbunuh tanpa njupuk harta, berarti hukume pelaku dibunuh. Loro, nek begal iku mbunuh terus njupuk harta, berarti hukume pelaku dibunuh terus disalib. Telu, nek begal mek njupuk harta, berate hukume tangan ambek sikil pelaku dipotong bersilangan. Papat, nek begal mek gawe meden medeni, hukume pelaku iku dipenjara.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7275", "text": "Biasane uwong sing nduwe rasa menyesal iku mergo de’e gopoh pas kate ngelakoni sesuatu. Makane iku, perlu sing jenenge ati-ati pas bertindak cek gak nyesel ndek akhir, opo maneh nek pilih keputusan penting. Nek semisal awakmu dikon milih, pertimbangno dengan ati-ati banget apik karo eleke teko masing-masing pilihan iku. Nek awakmu sek bingung, awakmu isok njaluk pendapat nang wong liyo. Dengan eroh api eleke, awakmu dadi luwe siap ambek segala resiko sing bakal mbok pilih. Soale awakmu wes ati-ati, dadi nek semisal onok penyesalan pun gak bakal sampe sing berlarut mergo awakmu kelingan resiko sing wes mbok persiapno iku mau.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8452", "text": "Seragam iku klambi sing digawe karo sekelompok uwong nang siji organisasi, instansi, komunitas, utowo kelompok sing liyane sing nganggo klambi atek desain ambek werno sing podo. Biasane uwong nganggo seragam iku mergo wes dadi klambi wajibe de’e. Seragam iki wes onok ket jaman kerajaan mbiyen. Kabeh dayang, prajurit, ambek keluarga iku wes nganggo seragam. Tujuan nganggo seragam iku mau gawe nyudokno identitas ambek gampangno gawe ngelakoni ativitas kelompok iku mau. Manfaat teko nganggo seragam iku ben ketok kompak, gawe nyudokno identitas, ambek marakno rasa kepercayaan diri dadi meningkat. Fungsi teko seragam iku mau mulai teko ningkatno motivasi gawe karyawan, dadi identitas organisasi utowo perusahaan, karo ngekeki kenyamanan. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "278", "text": "Selama uripe, wong kui mesthi ngidolake wong. Idola kui sing dadi patokan wong kui ngelangkah. Kasarane, opo wae sing dilaoke idolane bakal dee etuti. Menurutku, idola kui ora mesthi artis. Sing paling penting kui idola duwe prestasi sing iso dituru. Artis pancen duwe prestasi nanging akeh wong liyane ning donyo iki sing uga duwe prestasi. Misale ora usah adoh-adoh, kakak kelas sing juara olimpiade nasional. Awak dhewe iso ngidolake wong kui. Mergo jarak sing cerak, awak dhewe malah iso takon langsung neng wonge piye carane dee entuk prestasi kui. Ora nutup kemungkinan, kakak kelas kui bakal bimbing awak dhewe seko awal. Iki malah luwih apik soale awak dhewe iso ngerasake langsung perubahan neng uripe awak dhewe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4854", "text": "Akeh sing ngomong yen pengalaman sing paling nyenengake kuwi pas jaman SMA amarga ning jaman SMA iki akeh kenangan lan wayahe bocah kuwi bisa dadi wong sing luwih dewasa. Pengalaman sing paling disenengi akeh bocah SMA kuwi salah sijine ya study tour utawa lunga maring njaba kutha kanggo rekreasi utawa sinau bareng ning industri utawa panggon sing nyediani wahana edukasi. Pengalaman iki sing paling nyenengake amarga bisa kumpul karo kanca-kanca lan ngelakoni perjalanan bareng karo rombongan. Uga biyasane jaman SMA iki ana kanca-kanca sing tingkah lakune marai ngguyu lan angel dilalekake. Study tour iki uga bisa dadi salah sawijine kenangan sing bisa diceritakke marang anak putu. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9988", "text": "Wong sing ora ngerti patrap lan gampang jupuk gaweane wong liya pancen nyebahi banget. Wong sing kaya ngene kudu ditegur utawa dikandani sing apik. Njupuk penggaweane wong liya nalika wonge isih bisa nyambut gawe ya rada kurang ajar. Mulane yen ketemu kanca utawa rekan kantor sing kaya ngene kene ora perlu wedi. Kene duweni hak sing padha karo wong liya, dadine yen ana ketidakadilan ya wis mesti kudu disuarakna. Kandha ning bos ya ora apa-apa nalika kene wis negur nanging ora digatekke. Sing paling penting aja nganti dadi wong jahat amarga royokan penggawean karo wong liya ana ing kantor utawa ana ing panggon ngendi wae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3403", "text": "Ono ae wong sing wedi ambek sing jenengen suntik. Suntik iku asline oar atek diwedeni polahe sing disuntikno iku obat kanggo ngobati penyakite wong sing disuntik iku maeng. Suntik iku termasuk corone ngelebokno obat sing jenisi koyok banyu nang jero awake uwong. Suntik iku bentuke koyok polpen sing ono penyetane terus duwure iku ono dome. Dome iku yo wes koyok umume dom tapi rodo gede soanel dome iku bolong ora buntu. Fungsine dome sing bolong tengae iku maeng kanggo ngelebokno obat sing bentuke cairan maeng nang jero awake menungso. Terus dome iku maeng mok digawe pisan terus dibuwak soale ben ora kecampuran ambek bekase wong sing mari disuntik sing kawitan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7135", "text": "Salah siji tren sing lagi marak banget iku jenengen mystery box. Dadi teko mystery box iki, pembeli bakal ngetokno duit dan entok barang ‘misterius’ alias gak terduga. Mbasio mystery box iki dadi tren, akeh banget sisi buruk sing onok teko kene. Berhubung jenenge mystery box, awak dewe gak bakal eroh iku isine apik opo elek, dan awak dewe kudu bayar dengan harga sing podo. Iyo nek entok barang sing apik, isok untuk awak dewe. Lah nek isine elek, berarti awak dewe malah dirugikno dong? Durung maneh tren iki didadekno ajang penipuan ambek oknum sing gak bertanggung jawab. Ngomonge mystery box, tapi isine malah kosong, padahal awak dewe wes bayar sesuai jumlah sing wes ditentukno. Jelas rugi banget lah dadine.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6049", "text": "Semprotan antiserangga sing paling tak senengi wiwit biyen yaiku Baygon. Baygon iki bisa ngilangake serangga kaya nyamuk utawa coro nganggo teknologi kimia semprot sing canggih. Wong sing ngampang gilo ndelok serangga mestine bakal aman yen ana semprotan iki. Baygon luwih ekonomis tinimbang liyane amarga sithik wae wis bisa mateni coro sak keluargane. Baygon iki gampang dituku ning supermarket lan uga mesti akeh promo kaya gratisan lan uga potongan harga. Baygon iki wis kondhang wiwit jaman biyen lan terbukti dadi kesenengane masyarakat. Amarga kuwi, ayo tuku Baygon kanggo kenyamanan lan keamanan keluarga saka nyamuk lan coro sing bisa nyebarake penyaikit kapan wae. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3394", "text": "Ponakanku mesti wedine pol nag diomengi ambek makne. Yo asline pewrkoro sing dadekno wong ngamuk iku yo ora apik soale marakno mangkele atine wong sing ngamuk iku maeng. Tapi nag iso dadi wong iku yo ojo ngamukan soale ngamuk iku mesti marakno perkoro sing garai atine wong sing diamuk maeng yo geteng ambek deke. Opo maneh nag sing ngamuk iku maeng emak-emak sing wes duwe anak terus ngamuki anake yo tambah ora apik. Soale anak iku kudune dikandani ora kudu diseneni. Nak kakean diseneni mesti akhire nag kede iku ora bakal abot ambek wong tuane. Terus nag wes ngunuku sing salah yo awake dewe ora gurune, sekolahe,utowo liyane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1472", "text": "Ibuku kerep nyimpan panganan beku neng omah. Ibuku nyimpen kui ben adiku gampang maeme, soale adiku kui wongi kerep milih-milih panganan. Sak liyane kui, supoyo ibuku ora usah kerep masak neng omah. Salah siji sing jenis panganan beku sing kerep dituku kui karage. Karage kui panganan seko Jepang. Panganan kui digawe seko dagin pithik sing dipotong rodo cilik lan balunge wis diilangi. Bar kui dilumuri tepung banjur digoreng. Seminggu wingi, ibuku lagi wae nyimpen panganan beku kui. Nanging pas digoreng kui mambu. Seko jobo ora ono bedane karo pas kondisi isih enak. Nanging daginge kui keroso ono kecute lan yen diceraki neng irung ambu busuke iso keambu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4844", "text": "Nggolek barang ilang kuwi kadang ngerepotake, apa maneh yen barang kuwi penting kaya dompet, surat-surat penting, kartu identitas, lan barang sing ana hubungane karo administrasi, Barang-barang iki kudu ngliwati prosedur sing dawa lan ruwet. Salah sawijine ya njaluk surat kehilangan marang polisi. Nanging njaluk surat iki kadang ya ora cukup kanggo mbalekake barang ning wektu sing cepet. Surat kehilangan iki penting, nanging tindak lanjute kurang maksimal amarga ora kabeh instansi bisa cepet nangani kasus kelangan iki. Bedha karo motor sing duwe nomor rangka, surat lan identitas iki pancen kudu bisa dijaga dhewe yen sampek saiki solusine durung ana kanggo ngamanake. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "729", "text": "Yen awak dhewe diselingkuhi karo pasangane dhewe, awak dhewe ojo tekan percoyo nyelehke atine dhewe meneh neng dheweke. Soale, gedhe kemungkinane, wong kui bakal selingkuh meneh. Koyo manis opo wae kata-kata sing dienggo kanggo bujuk awak dhewe balikan meneh karo dheweke, ojo digagas. Angep wae kui swara angin sing liwat, ora ono isi. Pancen, ora ono sing iso ngebuktike 100% yen dheweke ora bakal selingkuh meneh, nanging kemungkinan kui tetep ono. Timabangane atine awak dhewe loro meneh, mending dirampungke sisan hubungane. Awak dhewe uga ora arep gawe perkoro kan. Awak dhewe uga ora pengen tekan ngantemi opo ngebales kanggo hal sing luwih parah neng wonge kui.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4846", "text": "Jaman saiki, angka kriminal ning Indonesia tambah akeh. Akeh barang elektronik kaya HP, laptop, lan komputer sing ilang, kadang malah ning omah dhewe utawa ning kos sing kudune aman kanggo barang-barang kuwi. Nanging jaman saiki kabeh peralatan wis ana kode sing bisa dilacak. Salah siji contohe HP. Yen HP kuwi kesambung karo internet, HP kuwi bisa dilacak panggone ning ndi lewat email. Carane yaiku pertama mlebu ning salah sawijine web lan nyatetake nomor produksi hp. Banjung ning web sing dikelola Google kuwi, ana gambar peta sing nunjukake panggon HP kuwi. Nanging cara iki rada angel amarga ora kabeh HP bisa murup koneksi internete lan data ning jerone ora berubah. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7588", "text": "Biasane nek awak dewe dikeki surprise ulang tahun iku bakal ngeroso seneng banget sih. Tapi kadang onok momen ndek ndi awak dewe ngeroso gak seneng ambek surprise sing dikeki ambek koncomu. Isok ae teko rasa kuene sing awakmu gak seneng utowo printilan hadiah liyane sing awakmu gak seneng. Tapi iling, ojok sekali-kali ngomong gak seneng pas detik iku sisan. Iku isok marakno koncomu sing ngekeki surprise lara ati dan kecewa. Tetep terimoen dan tetep ngomong suwun gawe bentuk apresiasine. Nek wes berlalu suwe, baru awakmu ngomong nek awakmu iku gak seneng ambek rasa A sing dadi rasa kue sing pas iku, uutowo awakmu sakjane gak seneng karo printilan sing dikeki. Nek wes ngono, pasti koncomu isok luwe nerimo dan gak onok roso kesel. Dadi nek awakmu dikeki surprise sing gak mbok pingini, ojok lali tetep hargai.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3383", "text": "Wedi pas ate dioperasi iku wes lumrah dialami menungso opo maneh wong sing ora iso ngempet loro, yo tambah wedine ngapot. Terus operasi iku piye? Operasi yoiku penggawean nambani wong sing loro ambek cara bedah bagian sing loro maeng. Terus biasane wong sing dioperasi iku dikongkon poso disek ben stabil emosine utowo ambek kondisi awake barang. Terus Operasi iku biasane nag mari iki ono bekasi jahitan nang panggonan sing mari dioperasi maeng. Tapi sing jenenge operasi iku ora bakal dilakoni nag gak wes nemen lorone terus ora ono dalan liyane kejobo operasi tok pilihane. Soale dampake operasi yo akeh contone koyok bekas operasi sing ora iso ilang.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2984", "text": "Wingi pas aku melok ngerayakno ulang tahune koncoku. Bocahe maeng ketok jumbul soale bocahe ora ngerti nag oleh hadiah sing ulang tahun sing koyok ngene teko bocah-bocah. Saking senenge bocahe maeng sampek nangis-nangis polahe senenge megilan tapi yo campur jumbul. Yo asline apik wae se soale jumbule maeng jurus nang perkoro sing apik soale iso dadekno wong liyo yo seneng ambek jumbule maeng. Mangkane wong-wong nang ono koncone sing ulang tahun mesti gawe perkoro ben sing ulang tahun maeng jumbul tapi mari ngunu seneng soale oleh hadiah ulang tahun. Masio hadiae iku ora bejaji tapi sing penting iku iso dadekno roso seneng sing bener-bener teko jero ati.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5684", "text": "Operasi kuwi sajane dudu prosedur medis sing medeni. Nanging operasi iki dadi medeni amarga ning film utawa ning TV digambarake kaya babagan sing serius lan taruhane nyawa, padahal operasi kuwi prosedure uga macem-macem lan dokter sing apik kuwi mesti ngewenehi solusi sing paling apik kanggo para pasien lan ora sembarangan. Operasi kuwi dadi medeni amarga ana wong sing meden-medeni lan nambahi crita ben para pasien sing kudune oleh sugesti apik iki malah oleh kabar sing kurang enak. Kamangka, sugesti aik marang pasien kuwi penting lan uga ora bakal marai pasien wedi marang prosedur operasi sing kudune bisa nyelametake nyawane dhewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3440", "text": "Minggu wingi pas aku mlayu-mlayu nang kampus ambek niat olah raga, moro-moro ono bocah mlayu buanter megilan terus aku mikir. Terus, aku noleh mengguri tibake ono asu mlayu ngajaki bocah iku maeng terus akhire aku mlayu sisan soale wedi dadi sasarane asu iku maeng. Nah polahe keweden aku wes mlayu sak banter-bantere, terus bocah sing diajaki iku maeng tak salip mari ngunu wes rumongso adoh aku terus leren sak delok. Terus masi mengguri bocah iku maeng moro-moro jipek kayu ate digawe gepuk asu maeng. Terus asune akhire mandek ambek mumet ae. Tapi terus ono wong sing ngewangi bocah iku maeng. Akhire bocah iku maeng yo langsung lunggu ambek megap-megap.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3058", "text": "Wong gerang iku wes akeh sing nganjurno ojo sampek srengen tanpo ono sebabe. Lah wong srengen sing digarai wong ae isek kongkon sabar kok, opo maneh sing ora ono opo-opo terus srengen yo tambah ora oleh. Nah anjuran ngunu maeng ancene kanggo jogo martabat ambek awake wong dewe-dewe soale sing jenenge srengen iku iso garai perkoro elek ora karuan, mboh iku maelh digetingi wong, maleh dienyek uwong, utowo tambah dadekno perkoro sing iso ngancem uripe wong sing srengen maeng. Mangkane kabeh wong iku dianjurno nag srengen iku oj sampek keterusan utowo kenemenen, soale iku ora apik. Padal nang kabeh kitab suci yo wes podo ngulangnoperkoro iku maeng.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4894", "text": "Sing paling dienteni saka wong sing wis dadi temanten lan omah-omah kuwi ya anane keturunan. Nanging pemikiran iki wis ora sejalan karo jaman saiki amarga akeh perkara sing kudu dipertimbangake kaya lapangan penggaweyan, ekonomi, pendidikan, akses transportasi, lan akeh pertimbangan liyane. Kamangka, akeh temanten anyar sing nunda duwe anak amarga durung siyap karo keadaan finansial. Cara iki pancen apik kanggo ngendalikake ekonomi keluwarga lan nyiapke mental kanggo ndidik anak kanggo cara sing uga apik, nanging ya ana wae sing ora paham kondisi lan nyalahke perencanaan iki. Nanging jumlah penduduk ning Indonesia iki ya kudu dikendalikake lan kudu dimulai saka perencanaan keluwarga iki. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4824", "text": "Resesi 2023 iki marai akeh wong kang kuatir karo kebutuhan finansial. Akeh barang-barang sing regane mundhak amarga BBM ya regane mbludak. Salah siji solusi sing ditawarke karo para ahli ekonomi ya nyelengi nganggo aset sing gampang dicairke utawa mbalik maneh nyelengi ning bank konvensional. Para ahli ekonomi ora nyaranake kanggo nabung ning saham amarga sifate fluktuatif utawa nduwe pergerakan munggah lan mudhun sing cepet. Aset kang gampang dicairke kuwi kaya emas lan logam mulia amarga ngedole gampang lan mesti regane ora bedha adoh. Uga keuntungane saka nyelengi iki bisa tuku barang tanpa kredit lan bisa langsung lunas tanpa tambahan angsuran amarga wis nabung saka rekening utawa aset pribadi. Cara iki bisa nyelametake saka resesi 2023.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1142", "text": "Selama awak dhewe urip kui paling ora pisan awak dhewe ngerasake pengalaman sing ora enak karo asu. Biasane awak dhewe dioyak karo khewan kui utowo kaget mergo digong-gongi. Awak dhewe ngeroso wedi lan jajal opo wae sing iso nyelamatke awak dhewe. Ono wong sing sangking wedine pas dioyak asu, dheweke mung meneng wae. Dheweke jongkok lan ngerungkul nyekeli dengkule. Ono wong sing pas dioyak asu dheweke mlayu. Mlayune malah iso luwih banget seko asu-asu sing ngoyak kui. Ono wong sing balik gertak asu-asune. Wong modelan koyo ngene iki kendel bangat. Biasane dheweke gertake kui nganggo nguncal watu neng asune opo pura-pura arep nguncal watu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8359", "text": "Awak dewe pasti tau ndelok nek dokter iku sering mraktekno cara wahing sing bener iku koyok yaopo. Tau gak mikir, lapo wahing ae kudu onok carane? Wong mek wahing ngono tok lho, atek diatur sisan. Tapi sadar gak, ben awak dewe wahing, iku pasti muncratno idu menjobo. Idu sing nyiprat iku mau isok dadi penularan penyakit soale nang kono iku ono akeh pirang jenis virus karo bakteri sing digowo. Makane tujuan wahing onok carane iku ben idu sing nyiprat iku gak nyebar nang ndi ndi dan mek nyiprat nang siji titik iku tok. Dadi gawe awakmu, nek wahing iku ojok ngawur ben droplet e iku gak nyebar.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5631", "text": "Lulu kerja ning rumah sakit dadi perawat ning UGD. Wis bolak-balik Lulu iki weruh wong sing sekarat amarga lara lan uga sing paling medeni yaiku amarga kecelakaan. Lulu tau jaga bengi lan weruh pemandangan sing ora kepenak yaiku korban kecelakaan sing isih urip senajan bagian awake kaya tangan utawa sikil sing wis ajur utawa keamputasi. Pas isih rong sasi kerja ning UGD, Lulu isih sering ndredeg lan ngerasa wedi yen dikongkon jaga bengi. Dekne mesti kudu muntah lan ngerasa jantunge deg-degan parah, tangane uga kemringet. Banjur saiki wis kebiasaan, nanging ya isih ora napsu mangan yen ketemu wong sing lagi sekarat amarga ora mentala. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2947", "text": "Sing garai wong jumbul polahe ketinggalan bis pas lungo iku asline pirang-pirang. Perkoro-perkoro maeng ancene penting kanggo wong sing kari bes maeng. Tapi akeh wong sing nganggep nag mlaku utowo lungo bis kudu ati-ati ambek ora perlu ngelakoni perkoro-perkoro sepele sing iso dadekno kari bis. Perkoro maeng yo koyok metu teko bis nag bise leren nang terminal soale mesti suwe nag mandek nang terminal, terus telponan sampek lali nag bis ate budal, ambek cangkruk karo wong sing dodol jajan. Perkoro-perkoro maeng ancene gelek dilakoni ambek wong sing lungoan karo numpak bis soale kanggo ngilangno pikiran sing buntuk polahe pegel nang jero bis. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3049", "text": "Anjurane wong srengen ancene dikongkon sabar, tapi nag wes kadoong ngadepi macet nang dalan iku wes angel. Health.detik.com nganjurno nag wes kadung kedaden koyok ngunuku nang dalan utowo embong kudu ambekan sing jeru terus diempet, tapi ojo kesuwen engko mati nang dalan, mari ngunu di losno. Coro iki maeng jarene ampune pol kanggo ngurangi srengen sing digarai polahe macet nang dalan. Nah lapooh kok gak oleh srengen, soale nag kakean srengen iku iso dadekno cepet tuwe, terus dadekno akeh pengyakit sing moro-mor metu nang awak. Nah mangkane kabeh wong iku dikongkon ojo sampek srengen nag endi-endi enggol ben awake iku tetep sehat. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "362", "text": "Ngeroso diasingke pas SD dadi pengalaman sing paling ora menake kanggo aku. Pas kui, aku lagi pindah neng Yogyakarta. Aku ora ngerti corone bergaul neng kota budaya kui. Opo meneh aku durung iso boso Jowo, dadi soyo angel kanggo aku duwe konco pas kui. Ditambah, awakku lemu pas kui. Lemu banget. Saking lemune, katok biyen pas SD kui isih iso tak enggo pas SMA. Aku pas kui uga lingguh dhewekan, ora jejeran karo sopo-sopo. Mungkin, mergo aku dideloke aneh karo konco-konco sak kelasku kui, aku dadi sering digarapi. Gegerku kerep ditempeli kertas sing tulisane elek. Aku uga tau disurung tekan tibo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3713", "text": "Nag ono WC kemproh mesti wong sing delok jelas jembere megilan abek ngeroso piye ngunu koyok jijike pol ngunuloh. Nah sing sing garai jember ambek jijik maeng ora kok mergo WC-ne tapi mergo kemproe WC maeng sing ancene ora diresiki ambek wong sing nang kono emboh iku sing jogo utowo wong sing duwe iku maeng. Nah perkoro iku maeng ancene jemberi mergo biasane WC sing kempro iku ora mog endut tok, tapi sampek perkoro ambu barang iku yo ora enake pol mergone ambune iku campur-campur karo pesing ambek ambu endut liyane sing marakno wong sing ngerti maleh ora karoan mangkeli. Nah kabeh iku ancene iso dadekno roso jijike wong maleh metu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1056", "text": "Misale awak dhewe dadi salah siji korban rundungan neng sekolaha kui, mesthi awak dhewe ngeroso wedi. Nanging awak dhewe ora iso meneng wae, awak dhewe kudu wani ngelawan. Ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke supoyo awak dhewe iso ngeroso luwih wani. Sing kesiji, awak dhewe kudu sadar yen tindakan koyo ngono kui sebenere wis ngelanggar HAM lan ora ono wong sing entuk ngelangar HAMe wong liyo. Sing keloro, awak dhewe uga kudu sadar yen awak dhewe kui ora dhewekan neng donyo iki. Ono wong tuwa, ono guru-guru, ono konco-koncone dhewe sing gelem ngewangi masalah-masalah sing awak dhewe adepi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5711", "text": "Pengalaman sing ora enak pas kerja ning salah siji perusahaan BUMN kuwi yaiku nerima persenan saka sumber sing ora dikenal. Kaya dina kuwi, Rika sing wis suwe dadi tenaga administrasi ning perusahaan teknologi ngerasa yen ana proyek sing ora ana ning rencana. Ana pengusaha swasta sing ngelakoni kunjungan ning kantor lan ngelakoni diskusi karo para bos. Nanging Rika ora ora gelem melu campur amarga iki bisa dadi masalah gedhe. Banjur seminggu sak uwise kuwi, Rika nemu dokumen sing nduduhake transaksi ning jaba anggaran. Banjur Rika uga oleh bagian. Ngerasa iki salah, Rika ngerasa yen kabeh iki kalebu pencucian uang. Banjur Rika keweden lan milih metu saka kantor kuwi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4942", "text": "Jurusan sing paling angel miturut pengalaman lan pengamatan sing dikutip saka Kompas yaiku jurusan kedokteran utawa pendidikan dokter. Ning media kuwi, dijelaske yen saban taun, jurusan kedokteran iki nerima mahasiswa sing bijine apik-apik uga mahasiwa sing pinter. Jurusan iki uga angel ditembus amarga mbutuhake akademis sing kuwat. Yen biji rapot SMA apik lan grafike munggah terus, utamane pelajaran IPA, siswa bisa mlebu jurusan kedokteran. Jurusan iki uga dadi jurusan sing paling larang amarga UKT-ne mesti dhuwur lan akeh biyaya kaya praktek lan sapanunggale. Jurusan kedokteran iki dadi jurusan sing favorit amarga wis jelas prospek penggaweyan lan bakal bisa ngangkat derajat keluwarga. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5205", "text": "Ning taun 2010-an, kualitas film horor ning kabeh negara saiki akeh sing ngitung saka jumlah adegan ngageti ning filme utawa basa Inggrise jumpscare, dudu babagan alur crita, akting, lan piranti sing ana ning film kuwi. Film iki uga ditambah adegan sadis ben kesane kaya apik. Nanging cara ukur iki wis ora sesuai karo film jaman saiki amarga film jaman saiki kuwi ngutamakake babagan alur lan teori sing ana ning film kuwi. Adegan sing ngageti lan marai jantung copot kuwi wis ora sesuai amarga penonton saiki bakal oleh kesel lan oleh kemringet tanpa ana pitutur sing bisa dijupuk saka film kuwi. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2611", "text": "Sak tahun wingi tepak'e tahun 2021 akeh wong sing mati polahe covid ambek penyakit liyane barang malah tambah cepet mati. Salah sijine sing dadi korban covid yaiku bojone pamanku sing ono nag kota pahlawan. Pak lek sedehe pol soale ditinggal salah siji anggota keluargae mati tepak'e iku bojone dewe. Opo maneh bojone paman itungane yo isek enom. Tapi polahe kerjone nag pabrik akhire wonge yo kenek covid mesisan. Tapi sing garai sedeh maneh yaiku anake isek cilik-cilik, sing paling cilik isek umur sekitar 4 tahun. Seng paling gede iku umur 16 tahun. Kat iku sing jenenge covid maleh diwedine nag keluargaku kejobo aku sing isek beling nag dikon gowo masker. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7579", "text": "Wong-wong iku kakean podo mikir, nek wes tuwo, pasti gak bakal isok meteng maneh. Soale kan wes meh meh cedek karo masa manopouse. Tapi nyatane, wong sing wes berumur iku sek onok sing tetep isok meteng. Istilahe iku nek nang kene dijenengi kebobolan. Pikire kan wes tuwo, dadi nek ngeseks gak nganggo kondom yo gak bakal meteng. Tapi nek wes takdire, yo bakal tetep meteng. Pasti wong-wong sing ngalami iki kagete nemen pol, soale temenan gak nyongko. Dan akeh-akehe bakal bingung engkok bakal yaopo. Yo gaonok sing isok dilakoni selain diterimo. Mosok kate digugurno? Kan sing onok tambah duso. Dadi nek onok wong sing kebobolan, dikon gawe nerimo ae.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1153", "text": "Ngetuti wong kui isih disebut salah siji kejahatan sing serius. Mergone wong sing ngeroso dietuti kui bakal dadi wedi lan ngeroso kuwatir. Mungkin, wong sing ngetuti kui pancen ora ketok, nanging wong sing dietuti kui bakal ngeroso yen ono wong sing lagi ngetuti. Yen wonge kui ngetutine suwe, kui bakal ngeganggu uripe wong sing dietuti. Dheweke bakal ngeroso ora nyaman sak ben arep metu omah. Dheweke ngeoro ora ono panggon sing luwih aman sak liyane neng omahe dhewe. Dheweke wedi wong sing ngetuti awak bakal nyilakani dheweke. Mungkin durung tentu kedaden, nanging dheweke mesthi ngebayangke kemungkinan sing palik elek sing bakal kedadean.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9161", "text": "Kelasku entok tugas gawe ngelukis dan temane bebas. Berhubung lagi jam kosong, aku langsung ngetokno buku gambarku dan corat coret kasaran e disik. Pas kerangkane wes dadi, baru aku ngetokno cat sing onok nang lokerku dan ngelukis sesuai kerangka sing tak gawe. Kabeh koncoku podo ndeloki dan podo nyeletuk. Jarene cek rajine talah tugase langsung digarap saiki. Aku mek nyengir tok. Pas wes mari, lukisan iku mau tak jemur nang ngarep kelas, mumpung lagi terik. Mbari ngono, pas moleh sekolah, lukisan iku mau tak dekek nang loker ben sesok garek dikumpulno. Sesok e pas aku tutuk kelas, aku bingung soale lukisanku wes gak onok nang lokerku. Aku takon konco sak kelas tapi gak onok sing eroh. Terus onok arek siji sing ngomong nek lukisanku wes ditempel nang mading sekolah. Langsung aku ngampiri mading dan ndelok, ancene lukisanku wes nang kono. Cuma sing marakno aku ngamuk iku mergo nang kono dijenengi e nganggo jeneng arek teko kelas liyo. Berhubung aku wes ngamuk nemen, langsung ae tak labrak arek e dan tak jaluki tanggung jawab.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9927", "text": "Wis ngamuk-ngamuk amarga mari diselingkuhi pancen ora penak. Apa maneh bocahe sing dingamuki ora ngerasa bersalah amarga wis ngerasa paling apik. Kanggo ngadepi wong kaya ngene pancen ora gampang nanging bisa nganggo cara iki. Kaping siji, ora papa langsung ngamuk. Ngamuk ning omah karo ngorat arit kamar ora papa supaya ati bisa luwih tenang. Kaping loro, wong sing wis nyelingkuhi ora pantes kanggo diwenehi kesempatan maneh. Langsung dipedhot wae komunikasi karo wong sing seneng selingkuh. Sing terakhir, langsung golek pacar maneh. Iki dadi salah siji cara sing bisa digunakake supaya cepet lali lan ora duwe urusan maneh karo pacar sing wingi wis nyelingkuhi kene.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2989", "text": "Wong nag diwei hadiah pas ulang tahun mesti jumbul. Tapi wong saiki nganjurno nag ulang tahun iku ora kudu larang utowo mewah sing penting iso ngerayakno ulang tahun. Terus hadiahe yo ojo sampek marakno gelone wong ulang tehun maeng soale iso marakno atine ora enak ambek rumongso diremehno. Dadi nga ngerayakno ulang tahun iku wes opo onone ae sak mampuni sing peting iso seneneg bareng ambek wong sing ancenen disenengi utowo keluarga sing diayomi. Soale nag delok saiki sing jenenge hadiah ulang tahun iku mesti apik-apikan soale digawe sombong-sombongan padal asline sing jenenge ulang tahun iku kudune berdukan soale umure tambah kalong.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "305", "text": "Dimandegke seko gawean karo atasan kui, kiro-kiro aku ngerti, rasane lara tenan. Mending yen ono alasan sing cetho kenopo awak dhewe ora dibutuhke meneh, ono uga sing mecat wong ora ono alasen. Nanging, arep kepiye wae, awak dhuwu ora dhuwe kuasa kanggo ngubah keputasan kui. Awak dhewe mung iso legowo. Iso wae PHK kui kesempatan awak dhewe kanggo leren. Mungkin, awak dhewe keakehan kerjo pas kui dadi ora sempet ngurus keluarga. Iso dolan karo anak lan bojo kui perkoro sing ora kabeh wong iso ngerasake. Awak dhewe ugo dadi duwe wektu selo luwih akeh kanggo nemuke jati diri. Kui iso nyegerke pikirane awak dhewe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "291", "text": "Budheku kudu ngenteni suwe banget sadurunge iso duwe anak. Mbakyu paling tuwo seko ibuku kui duwe masalah karo kesuburane. Selama ora dhuwe anak kui, budheku sedih banget. Kanggo nyenengke atine, budhe kerep dolan neng panggone keponakane. Pas meteng anak pertama, budheku langsung akeh moco buku sing ono hubunganan karo anak, seko persalinan tekan perkembangan anak. Anak pertama budhe kui, Mbak Kusuma, lahir 1996. Budheku seneng banget pas mbakku kui lahir. Akhire dee iso momong anake dhewe, bar ngeteni luwih seko 5 taun. Ora let suwe, anak sing keloro lahir, Mas Wicak, tanggal 20 Juni 1998. Kebahagiane budheku dadi lengkap bar duwe anak 2, wedok siji lan lanang siji.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8016", "text": "Sak apik-apike menungso sing nduwe duso iku sing cepet-cepet gawe taubat. Gawe awak dewe wong Islam, taubat iku isok dilakoni dalam bentuk opo ae. Salah sijine iku sholat taubat. Sholat taubat iku isok dilakoni kapan ae, tapi luwe afdol iku pas wayahe sholat tahajud. Carane sholat tahajud iku guampang pol, wes podo koyok sholat koyok biasane sebanyak rong rokaat. Sing mbedakno iku niat, dungo sak durunge sholat, karo dungo sak wise sholat. Pertama, awakmu niat gawe sholat taubat. Mbari ngono, awakmu ndungo, \"Robbana dholamna Anfusana wa illam taghfirlanaa wa tarhamnaa lanakunanna minal khosirin.\" sak durunge takbir. Pas wes mari sholat rong rokaat, moco rong wacanan dungo. Siji, moco, \"Astaghfirullahal ladzi laa ilaaha illaa huwal hayyul qayyum wa atubu ilaihi.\". Loro, dilanjut moco dungo, “Allaahumma anta rabbii laa ilaaha illaa anta khalaqtanii wa ana'abduka wa ana'alaa 'ahdika wa wa'dika mastatha'tu a'uudzubika min syarri maa shana'tu. abuu ulaka bini'matika 'alayya wa abuu u bidzanbi fahghfirlii fa innahu laa yaghfirudz dzunuuba illaa anta.”", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2922", "text": "Koncoku ono sing diarane kenek gagar otak soale mari tabrakan. Nah bocahe yo jumbul ngerti hasil perikso teko dokter ngunu mangkane dase diperban. Nah gagar otak ringan iku maeng iku termasuk salah sijine loro sing ancene disebabno polahe ono tatapan sing ora nenen nang endose wong. Nah ciri-cirine utowo gejalae iku endase mesti ngerasakno loro tapi ora nemen koyok cenut-cenut ngunu, ono mencune sak itik nang endasi sing loro maeng, ambek kadang ngerasakno nggliyeng nang endase maeng. Mangkane mari ngunu koncoku yo rodok bingung, tapi jarene dokter iku iso waras sing penting leren sak cukupe ambek ora atek dolan utowo nyambut gawe sing garai pegel.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7970", "text": "Dino iki Indri dijak renang ambek konco-koncone nang Selekta. Mergo gak onok kerjoan dan bosen mergo gak lapo-lapo, Indri melok ae. Akhire ket isuk berangkat teko Suroboyo dan tutuk Selekta jam 9an. Pas tutuk kono, kabeh podo cepet-cepet ganti klambi renang soale wes podo gak sabar gawe nyemplung nang kolam renange. Awale Indri mek dolan banyu nang areane arek cilik, terus diajak ambek sing liyane gawe renang nang kolam sing jeru. Indri nolak, soale de’e gak isok renang dan wedi kelelep. Tapi ambek konco-koncone didarik dan akhire Indri melu renang nang kono. Mergo sek wedi, Indri mek ndekem nang pinggiran sambil cekelan pinggir kolam. Moro-moro, tangane keselip dan marakno cekelane ucul. Mergo panik, akhire Indri kelelep nang kolam renang iku mau. Indri tambah panik soale temenan kelelep. De’e wes megap-megap. Untunge gak suwe koncone ngampiri dan nyelametno Indri.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "297", "text": "Ngelahirke kui dudu proses sing gampang. Akeh wanita sing ngerosoke lara banget pas ngelahirke, terutama kanggo sing ngelahirke secara normal. Ben awak dhewe luwih gampang utowo ora ngerasake lara sing banget-banget pas ngelahirke ono latian utowo olahraga sing iso dilakoni. Sing pertama, latihan nafas. Pernafasan kui penting kanggo ngatur kecepatan lan kekuatan pas ngelahirke. Sing keloro, latian otot panggul lan pupu. Otot kui penting dadi kekuatan utama pas ngelahirke. Coro latiane kui iso jongkok banjur gerake lutut alon-alon. Sing ketelu, latian otot punggung lan sikil. Pas wis meteng gedhe, bobot awak mesthi ketumpu neng wetheng. Dadi awak kudu ditahan kanggo rong otot kui. Cara ngelatihe kui awak dhewe iso gawe posisi merangkat banjur ngangkat-midunke punggunge dhewe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7673", "text": "Akeh uwong sing nganggep rasisme ambek rasialisme iki podo mergo jenenge sing meh meh mirip. Padahal iku dua istilah sing bedo arti. Rasialisme iki berarti dijelasno dadi suatu penekanan nang ras utowo pertimbangan rasial sing sifate netral. Contoh perbuatan rasialisme iku sadar nek ras nang dunyo iki onok akeh dan berbeda-beda. Nek rasisme iki berarti suatu kepercayaan utowo doktrin sing marakno wong mikir nek ras e iku luwe superior timbang ras liyane dan mereka ngeroso berhak ngatur ras liyane. Contoh perbuatan rasisme iku musuhi wong kulit ireng sing marakno golongane mereka mesti diserang dan marakno wong berkulit ireng mau dadi ngeroso minder.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5608", "text": "Ora ana wong sing bisa langsung lancar ngomong ning ngarep umum. Proses iki mbutuhake latian sing suwi amarga wong kudu bisa nguwasai panggung. Wong sing pidato kuwi mesti latihan dhisik wiwit ning ngarep kelas, kanca, uga wong tuwa lan ngasilake pidato sing apik. Sing paling bisa dikira-kira saka proses sinau iki yaiku piye carane ngewenehi omongan sing jelas lan uga artikulasi sing bisa dirungokake karo wong liya. Mesti kanggo nyalurake info iki kudu paham banget apa sing disampekake. Kamangka, kanggo kanca-kanca, aja wedi ngomong ning ngarep amarga kabeh kuwi ana proses lan ora langsung bisa, sing penting kudu wani lan uga akeh latihane. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7586", "text": "Awakmu pasti kadangan pingin gawe nyiapno surprise gawe koncomu sing lagi ulang tahun. Tapi pas ndelok dompet, dadakno duitmu lagi sitik banget dan durung entok kiriman duit. Onok cara gawe nyiapno surprise sing sederhana dan gak butuh duit akeh. Siji, awakmu nang Indomaret utowo Alfamart. Loro, tuku kabeh jajanan sing disenengi koncomu sing lagi ulang tahun dan sesuain karo budget sing mbok duweni. Telu, sekalian tuku paperbag polosan gawe madani jajanan iku mau. Papat, bayaren kabeh disik. Limo, dekek kabeh jajan nang paperbag iku. Enem, keki tulisan sing menyentuh nang paperbag e. Terakhir, awakmu garek nang omahe koncomu dan kabari nek awakmu nang ngarep. Pas metu, garek surprise-ono ae koncomu. Sederhana, tapi koncomu pasti seneng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3406", "text": "Sing garai wong wedi disuntik iku ora polahe wonge ancene jere utowo ora kendel. Tapi ono pirang-pirang perkoro sing ancene garai wong iku maeng wedi yaiku wong iku maeng duwe truama sing ono kat cilik, nah sing garai trauma iku maeng biasane pas suntik iku deke keweden terus kedaden perkoro sing ora dikarepno, mangkane deke bas keweden sampek gede. Terus ono maneh yaiku deke iku awit cilik diwedekno ambek keluargane sing ancene duwe wedi ambek suntik, dadi deke melok wedian sisan nang sing jenenge suntik. Mangkane nag ono wong wedi ambek suntik iku ora mergo deke iku wedi ambek suntik tapi ancene deke duwe ilingan sing elek ambek suntik iku maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7697", "text": "Onok dino pas ketepakan awakmu lagi ketemu pelayan sing marai emosi sampe misuh-misuh saking nggaplekine. Sing marai mangkel iku, kadang wong sekitar gak bakal ngurusi dan bakal sibuk karo urusane dewe. Yo wajar seh, cuma kan kadang awak dewe ngeroso butuh uwong gwe mbelo awak dewe. Nek misal mentok koyok ngono, gak onok cara liyane selain ngeviralno pelayan iku. Carane koyok ngene. Siji, awakmu rekam meneng-meneng kelakuane pelayan pas debat karo awakmu. Loro, pas wes direkam, cek luwe ngeyakino, awakmu usahakno ngomong luwe kalem. Soale uwong mesti ndelok sing nyolot iku biasane sing salah. Dadi ketokno nek pelayane iku sing nyolot. Telu, nek wes kerekam, garek sebarno ae nang kabeh akun media sosialmu. Hal iku ben pelayan entok teguran teko atase, malah nek isok dipecat ae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4953", "text": "Rasa kuciwa pancen bisa marai depresi lan tekanan mental uga bisa marai korbane ngerasa pengen ngilangake nyawane dhewe utawa basa kasare bunuh diri. Ning Indonesia, Kemenkes wis nduweni sarana kanggo nangani pencegahan marang kasus bunug diri 24 jam lewat telpon lan email. Sak liyane kuwi, ana layanan khusus kanggo pencegahan bunuh diri saka PDSJKI, yaiku Perhimpunan Dokter Spesialis Kesehatan Jiwa Indonesia. Perhimpunan iki mbuka layanan web. Layanan iki ana 3 jenise, yaiku periksa kecemasan, trauma psikologis, lan depresi. Yen ana indikasi, ning web kuwi langsung dikabari langkah sak wise kanggo ngecek saran lan akses perawatan selanjute ben ora tambah parah. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1424", "text": "Menurutku, telek khewan sing paling ganggu neng daerah omahku telek pithik. Soale khewan unggas kui sing paling akeh neng cerak omahku. Sebenere ono kandang sapi lan wedhus cerak omahku. Nanging telek ora patio ganggu, soale panggone rodo adoh lan rodo masuk meneh. Aku ngeroso jijik karo telek pithik kui mergo jumlahe kui akeh. Yen misale, ketemu siji loro sak ben dino wae ora dadi masalah. Soale, aku uga kerep mlayu neng ngarep komplek omahku. Yen misale, aku delok dalan mergo ora kepengen midak telek kan rodo repot kanggo aku. Mungkin pas wiwitan mlayu isih iso, nanging yen wis kesel bakal luwih angel meneh kanggo ngindari teleke kui.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2622", "text": "Gagal nag urip iku wes biasa ambek kabeh wong mesti tau ngalami. contone sing dikarepno utowo sing direncanakno iku jane nang A tibake bangkel nang O. Kagal nang urip yaiku gagal sing asline awak dewek kabeh ora kepikiran nag perkoro sing dilakoni iku nguwei dampak sing ora karuan nang gone masa depan uripe wong maeng. Tapi kabeh iku maeng iso diadepi nag wong iku maeng iso dadekno gagal iku dadi pengalaman kanggo ngadepi masa sing ono nag ngarepe maneh. Dadi gagal uripe iku yo macem-macem. Karek wonge sing ngalami gagal nag bidang opo. Nag bocah sekolah pasti ora lulus iku termasuk salah sijine gagal sing ono nag uripe utowo oleh nilai nol iku yo termasuk gagal nang jero uripe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7604", "text": "Wong wong tuwo iku senengane njar njarno arek cilik kate lapo ae, gak atek diatur iki iku. Salah siji contohe gawe njarno arek cilik nyerobot antrean. Pas ditegur, mesti engkok alesane, “Halah, sek cilik, jarno ae”. Ketoke remeh sih, tapi nek sing koyok ngono dijarno, arek cilik iku bakal tumbuh dadi wong sing egois, gak gelem ngalah, dan senengane njupuk hak e wong liyo. Soale ket cilik de’e wes diajari nek nyerobot antrean ae gak masalah kok, akhire kebentuk pemikiran nek de’e isok dapetno opo ae sing dipingini asalno de’e sek dibelo wong tuwone. Nek gak ditegur ket cilik, engkok marakno tuman.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4409", "text": "Telono suwek iku ancene perkoro sing iso marakno wong sing ngalami iku mesti isine pol. Mergo sing jenenge telono suwek iku merti ora kepikiran sak durunge mangkane nag iso sak durunge budal iku kudu didelok disik telono iku maeng normal opo ora, nag ancene normal yo ora masalah tapi nag sampek rodo metet jelas bakal suwek. Nah suweke telono sing jelas dadekno wong isin yoiku nag ancene suweke iku maeng nang mestak utowo nang bangonan sing ora panters diwasi karo moto. Mangkane nag iso sak durunge gawe telono iku maeng kudune didelok disek ambek dipastekno telono iku maeng isek apik opo ora, opo maneh sing bagian mertak ambek bokong.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9854", "text": "Ana wulan Ramadhan utawa wulan pada mesti akeh banget adicara buka bersama. Adicara iki dadi panggon kanggo ketemu karo kanca lawas. Rata-rata kabeh kanca biasane ngejak kanggo buka bersama. Ing adicara buka bersama, aja lali kanggo basa basi karo kanca-kanca liyane. Tapi kudu dieling yen basa-basi ora oleh kanggo ngomong sing nyinggung wong liya kaya misale nakok bayarane pas kerja. Kanggo pirang-pirang wong, iku rada sensitif. Yen bisa ya ngomongna babagan sing seru wae kayata kedadean lucu pas ning sekolah mbiyen. Mula ayo padha peka karo wong sak ubenge kene supaya ora babar blas yen ngomong lan nggarai wong liya kesinggung.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7918", "text": "Tambah akehe senjata api sing tersebar ndek Indonesia, marakno uwong luwe gampang gawe tuku senjata iku mau. Onok sing tujuane gawe koleksi, gawe berburu, onok sisan sing gawe gaya gayaan tok. Biasane wong sing tuku senjata api mek gawe gaya gayaan tok, bakal berpotensi bakal nganggo senjata iku gawe ngancem uwong. Padahal, penggunaan senjata api iku gak oleh ngawur. Nang Indonesia, penggunaan senjata api wes diatur nang UU Nomor 8 Tahun 1948 tentang Pendaftaran dan Pemberian Izin Pemakaian Senjata Api. Kemungkinan gede, nek wong sampe ngawur nganggo senjata api iku, bakal isok dipidana. Dadi gawe awakmu sing nduwe senjata api, pastikno awakmu nduwe izin iku mau ben gak dipidana.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "386", "text": "Pisah karo konco kui, pas awal-awal, bakal ngerasake sedih. Awak dhewe bakal arang ketemu karo konco-koncone dhewe. Nanging, dudu artine yen wis pindah utowo wis bedo kota, awak dhewe lan konco-konco ora iso hubungan meneh. Awak dhewe isih iso kontak-kontak lewat HP. Awak dhewe iso jadwalke panggilan video karo konco-koncone dhewe sing adoh. Pancen, kwalitas ketemuane luwih apik pas langsung, nanging ngelakoke panggilan video kui sing paling memungkinkan. Awak dhewe uga iso luwih kerep meneh posting kegiatane dhewe neng media sosial. Seko unggahan kui, konco-koncone dhewe bakal ngerti kondisi awak dhewe sing paling anyar kui koyo piye. Selain kui, awak dhewe iso komentar neng unggahan foto koncone dhewe, ben tetep ono interaksine.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5345", "text": "Masio kutha sing gedhe, Jogja kuwi bisa dadi conto kutha sing transportasi lan pengendarane iki rada tertib tinimbang warga kuthe liya. Polisine uga pinter ngatur lalu lintas lan nggawe rekayasa jalur, kamangka masio kutha wisata, Jogja iki uga jarang macet lan bisa dadi salah siji jujugan kanggo wong sing pengen kerja ning kutha sing tenang. Biyasane, Jogja iki bakal macet yen ana acara adat utawa kecelakaan. Nanging mesti wis ana woro-woro wiwit pirang dina sak durunge acara utawa cepet ngabari lewat media sosial babagan kecelakaan lan uga ngewenehi koordinate. Kamangka warga Jogja iki uga tertib lan ora emosi ning dalan amarga wis ana kebiasaan sing uga apik saka polisine. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7290", "text": "Kadang aku iki rodo nyesel ngekos nang kosan sing saiki. Yo bener seh fasilitas nang kene iku super lengkap, mulai teko kamar ber-AC, air panas, kulkas bersama, pawon, mesin cuci, sampe rooftop. Tapi sayange wong wonge podo individualis kabeh. Bahkan gak onok sing jenenge grup chat khusus kosan. Arek-areke temenan urip dewe-dewe dan gak ngurus kondisi tetangga kos e. Iku sing marakno aku rodo kesepian nang kos iki dan luwe sering dolen metu. Sing angel iku semisal lara, gak onok sing isok dijaluki tolong. Sembarang kudu dihadepi dewe. Mbasio kondisimu pas lara wes nemen banget sampe gak isok tangi teko kasur, tapi kudu dipekso isok tangi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7191", "text": "Sore-sore, moro mamaku ambek bapakku siap-siap berangkat nang rumah sakit soale mamaku wes mulai kontraksi dan adek baruku wes kate lahir. Aku awale njaluk melu, tapi gak dioleni. Akhire aku nang omah ambek adekku sing gede karo pembantuku. Berhubung aku durung nduwe hp, dadi aku gak isok eruh langsung yaopo kondisine mama saiki. Aku ambek adikku kepikiran terus, dan mek isok dungo mugo-mugo mama isok ngelahirno dengan lancar. Sesoke sak durunge berangkat sekolah, bapakku moro nelpon teko telpon omah dan ngabari nek mama wes ngelahirno adik lanang. Aku ambek adekku langsung sueneng soale isok nduwe dulur lanang. Pas nang sekolah, aku koar-koar nang koncoku nek aku saiki nduwe adek lanang, padahal ketemu ae durung. Tapi saking senenge, aku wes bodo amat. Pokoke kabeh kudu eroh nek aku seneng banget adekku wes lahir.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4397", "text": "Kabeh wong mesti tau lah sing jenenge moro-moro terus kenek telek pas lunggoh, nah iku maeng tau dialami karo kocoku pas buka stand karo bocah-bocah ukm pas kulia biyen. Nah pas iku koncoku iku teko terus ora atek delok panggonan sing di panggoni iku maeng resik opo ora, dadi pas iku deke iku lagek sadar teles-teles nang bokonge iku opo, tibake iku maeng teleke manuk. Nah bocah-bocah sing ngerti yo langsung bubar mergo ancene termasuk perkoro sing jijiki. Terus sak liyane iku sing garai jijiki yoiku telek maeng sing moncrot ora karoan nang telonone koncoku maeng. Nah polahe isin koncoku yo langsung balik ambek salin nang kose.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5386", "text": "Kerja ning kantor kuwi pancen akeh cobaan. Apa maneh yen duwe kanca sing kurang mendukung karo kerja lan seneng marai gawean elek kaya kanca sing duwe histrionic personality disorder utawa HPD utawa sindrom sing seneng golek perhatian marang bos lan kanca kerjane liyane. Biyasane kanca kantor iki njupuk gawean tanpa ijin lan koordinasi. Kanggo ngatasi babagan kaya iki, karyawan kuwi kudu kuat lan kudu bisa njaga komunikasi sing apik marang kanca sing sedivisi utawa kanca sing sak gawean ben gawean iki ora marai beban. Banjur yen wes bisa njaga komunikasi, kabeh uga kudu kejadwal lan kudu bisa dikontrol karo ketua divisi. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7136", "text": "Salah siji permainan sing mbutuhno keberuntungan tapi isok digawe asik-asikan iku jenenge Barrel Pirate Jumping utowo gampange bajak laut loncat. Tampilan permainane iku unik, dadi onok bajak laut sing sembunyi ndek barrel minuman terus onok pisau sing bakal ditancepno nang barrel iku mau. Cara dolane iku berkelompok. Awakmu ambek konco-koncomu gentian gawe nusuk pisau nang barrel bajak laut. Nek salah siji onok sing nusuk nang lubang sing salah, bajak laute bakal mental dan wong iku bakal kalah. Pemenange ditentukno teko sing paling terakhir isok bertahan sampe akhir isok nusuk lubang sing bener. Lubang sing salah bakal gonta-ganti, dadi awakmu gak bakal eroh. Makane permainan iki butuh keberuntungan nek awakmu gelem menang sampe akhir.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2063", "text": "Salah siji penyebab bocah neng sekolah ngeroso dhewekan kui mergo dheweke ngeroso dadi wong sing bedo dhewe. Biasane cah cilik kui durung iso nerimo perbedaan. Dheweke mesthi ngindari wong-wong sing bedo lan nganggep kui aneh. Ono bocah sing kelewatan tekan ngeceni lan ngerundung wong-wong sing dianggep bedo mau. Senadyan, ora ono salahe dadi bedo. Bedo kui artine awak dhewe duwe hal sing ora diduweni karo wong liyo. Kui ora selamane elek. Malah mungkin luwih akeh sing apik timbangne sing elek. Balik meneh, bocah-bocah durung ngerti kui. Senadyan awak dhewe ngandai kui, bocah-bocah durung tentu paham. Dheweke butuh pengalam sing akeh sakdurunge ngerti perkoro kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3095", "text": "Kabeh petugas mboh iku petugas keamanan utowo petugas liyane sing ono nang PT utowo panggonan sing merlukno petugas iku saiki ora koyo biyen. Nak saiki akeh wong sing nyalah gunakno jabatane kanggo nguntungno awake dewe. Mangkane saiki akeh wong biasa sing ora duwe status sosial dukur wani karo petugas mergane kelakoane sak penake dewe. Jarene koncoku sing jurusan Hukum, \"srengen nang petugas iku wajar, soale petugas yo menungso yo kadang salah kadang bener, opo maneh saiki yo akeh petugas sak penake udele dewe, tapi kabeh iku ono peraturane, dadi eloko peraturan sing wes ono nang undang-undang\". Dadi srengen nang petugas iku ora masalah tapi ojo kebacot. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7261", "text": "Mari rapat KKN nang omahe pak lurah, aku ambek konco-koncoku langsung lunggo nang kursi bersama dan diskusi perkoro kinerjane awak dewe sing sek dipandang kurang ambek penduduk desa iki. Awale berjalan lancar, sampe moro-moro koncoku sing inisiale I nyudokno tanda-tanda kate ‘kumat’. De’e nduwe riwayat penyakit bipolar dan ancen kudu diawasi banget nek wes mulai kumat. Moro-moro arek iki kumat dan langsung benturno sirane nang mejo ping bolak-balik. Aku langsung nyegah de’e cek gak tambah nemen. Eh de’e malah tantrum dan bengok-bengok sambil nangis. Gak suwe de’e berontak dan mlayu menjauh nang pawon. Aku langsung ngejar dan aku ndelok de’e banting gelang beling sampe wes pecah kabeh. Tangane njupuk pecahan beling mau dan kate nggores tangane. Aku langsung nahan de’e, tapi aku malah diserang dan tanganku sing kegores. Terus nemene maneh, de’e ngomong nang aku tentang hal sing gak ngenaki dan iku marai atiku langsung nyes. Wes ngono de’e sek berusaha nyerang aku nganggo beling, untunge si I iki langsung digeret ambek koncoku sing lanang, dan aku langsung ditenangno ambek konco wedokku sing liyane. Mboh opo’o tapi rasane atiku rasane lara ae mergo iku mau.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "340", "text": "Aku karo konco kelasku, Dito, bareng-bareng sinau seko awal kelas 3 SMA. Dee kepengen banget melbu jurusan hukum neng UGM. Senadyan, aku isih ragu-ragu karo pilihan jurusanku. Aku tetep ngancani dee sinau kanggo mimpine kui. Awak dhuwe mlebu les-lesan bareng neng Newtron Taman Siswa. Bar sekolah, awak dhewe mesthi boncengan mrono. Pas pengumuman jalur SNMPTN utowo jalur udangan, si Dito kui sedih banget soale dee ora ketompo. Sing marake sedih meneh, ono konco neng sekolahe dewe sing ketompe jalur udangan ning jurusan hukum UGM. Dee rodo ora trimo. Opo meneh sing ketompo kui murid seko jurusan IPA. Dee ngeroso kui ora adil mergo konco-koncone dhewe sing milih jurusan sing podo sing seko IPS yo akeh lan ora ono sing ketompo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9916", "text": "Kanggo bisa nrima awake dhewe supaya luwih bersyukur marang Gusti iku pancen rada angel. Kabeh wong mesti ngerasa awake dhewe iku kurang sempurna. Padahal saben wong pancen ora bisa dadi sempurna. Mesti ana kelebihan lan kekurangane sing kudu mesti disyukuri. Aca cara sing bisa dilakokake supaya bisa nrima awake dhewe. Nomer siji kudu bisa ndelok kelebihan lan ora ngersula senajan duwe kekurangan. Nomer loro ora kudu dadi sempurna supaya bisa dadi berharga. Sing terakhir yaiku kudu bisa damai kro awake dhewe. Yen wis bisa ngelakoni iku kabeh mesti akhire bisa kanggo nrima awake dhewe lan bisa tansah syukur marang Gusti. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3728", "text": "Akeh wong sing jijik utowo jember ambek sing jenenge teleke kewan. Tapi asline iku kan wong sing ancene ora biasa ambek sing jenenge teleke kewan. Tapi nag wong sing biasane gelek ngopeni kewan yo ora masalah ambek ora sepiro jijik ambek sing jenenge teleke kewan. Tapi nag ancene jijik yo nag iso nang mireh wae nag petok soale iso dadekno keilingan perkoro telek terus masio wes adoh teko telek iku maeng. Iso-iso pas mangan barang iku yo maleh kelingan teleke kewan sing iso dadekno ora koluh ambek mangane maeng. Nah ngunuku kan maleh dadekno perkoro elek, mangkane nag ancene iku iso dadekno perkoro elek yo palang nag diadohi ae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8430", "text": "Aku iku nduwe kebiasaan elek, yaiku nek lagi ngomong terus lali ambek kata sing kate tak omongno, pasti bakal refleks ngomong “opo jenenge?”. Dan iku sering kedaden nang ndi ae. Koyok dino iki, aku lagi presentasi tentang materi Sastra Sejarah. Aku akeh gak familiar ambek istilah sing dinggo nang kene, dadi aku maleh ndredeg, wedi nyeplos “opo jenenge?” terus. Dan temenan, aku nyeplos kata iku ping bolak balik sing marakno aku diguyu karo arek sak kelas. Gak mek koncoku tok sing ngguyu, bahkan Dosen ku yo sisan ngguyu mergo aku. Sumpah seh, aku isin pol mergo diguyu akeh wong mergo iku mau.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "306", "text": "Ora ono wong sing seneng pas ngerti dee keno PHK. Gawean ilang artine pendapatan ben sasi uga melu ilang. Hal pertama sing kudu dilakoke kui trimo disik yen awak dhewe dadi wong sing kepilih PHK. Yen awak dhewe durung iso iklas, awak dhewe langkah opo wae sing bakal dilakoke selanjute kui mesthi emosional. Sing keloro, delok tabungan lan aset sing awak dhewe duwe. Kiro-kiro tabungan bakal cukup pirang sasi. Seko tabungan kui opo ono duwit sing iso disisihke kanggo gawe usaha. Awak dhewe uga iso ngedol aset-aset sing ora perlu. Sing ketelu, tentuke arep golek gawean meneh opo bukak usaha. Yen isih arep golek gawean meneh, awak dhewe kudu sadar, kemampuan sing awak dhuwe saiki dibutuhke opo ora lan iki kemampuan sing gampang digantike wong liyo. Yen ora memungkin, luwih apik coba gawe usaha dhewe. Sing penting kudu wani disik. Wis akeh contohe wong sing di-PHK malah luwih sukses pas dodolan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3722", "text": "Kabeh wong mesti ngerti sing jenenge taeke kewan, nah taeke kewan iku maeng yo pirang-pirang, terus ambune yo ora karoan sing marakno wong sing ambu iku jembere megilan ambek kadang iso dadekno roso gilo barang. Nah sing koyok ngunuku maeng ancene paling mangkelno mergo sing jenege taeke kewan iku mesti gilani, nah sing garai gilani maeng iku yo mergo bentuke taeke maeng sing ora karoan terus kadang iku ono uget-uget sing marakno wong sing yawang iku kudu mutah nag ero barang iku maeng. Nah iku maeng termasuk deskripsine taeke kewan sing marakno menungso sing delok ambek sing ambu mesti jember ambek gilo mergo ero barang koyok taeke kewan iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2648", "text": "Delok media sosial saiki akeh statuse bocah-bocah SMA sing lagek mari lulus terus bingung karepe dewe ambek sedeh mergo ditolak mlebu universitas. Asline roso iku maeng kan teko kelakuane dewe lapooh kok sedeh ambek imbase kelakoan sing dilakoni. Nag pengen getrimo mlebu universitas yo sinau sing mempeng, engko lak getrimo. Mangkane kanggo bocah-bocah sing sedeh getolak mlebu universitas, ilengo, ojo sedeh maneh kabeh iku ono sebabe. Ora mungkin ditolak polae oro ono sebabe. Lah sebabe iku teko awakmu dewe. Mangkane ora atek sedeh universitas iku ora mok siji golek'o liyane engko lak ketemu universitas sing cocok karo awakmu. Dadi ora atek sedeh maneh polahe perkoro iku.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8420", "text": "Koyok biasa, Deni ambek Lola nek gendaan iku mesti nang Mall ben isok ngelakoni akeh kegiatan. Mulai teko tuku buku nang Gramedia, terus isok dolen nang Funworld, dan mangan nang Burger King. Mbarine mangan, Deni ngeluh nek de’e mules pol. Ambek Lola langsung dikon nang Toilet ae. Akhire Deni langsung mlayu nang Toilet keburu cepirit. Mergo gopoh kabeh, Deni gak ndelok simbol sing onok nang ngarep pintu iku mau. Pas dibuka pintune, de’e ndelok akeh wong wedok sing noleh dan langsung mbengok mergo ndelok onok wong lanang melbu nang Toilet wedok. Deni langsung njaluk sepuro dan ngeroso isin sisan. Tapi gak suwe, de’e cepet-cepet pindah gawe mbuka pintu Toilet lanang dan cepet-cepet ngising.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4990", "text": "Amarga wabah virus corona, Fitri saiki urip dewean ning apartemen. Bapake seda ning wulan Juli, disusul ibune ning wulan September, banjur adhine wulan Oktober. Kabeh keluwargane seda amarga corona sing nyerang Jakarta lan kurange sarana lan prasarana kesehatan. Ing wayah corona kuwi, Fitri uga ora bisa ngerumat mayit keluwargane amarga ora oleh kalo keluwargane sing liyane. Maune Fitri ngerasa dewean lan depresi. Nanging, pakdhe, budhe, sedulur lan kanca padha gantian ngancani Fitri ben ora kesepian ning apartemen. Omah keluwargane uga saiki didol ora ana sing njaga. Kabeh tinggalan wong tuwane Fitri uga wis diatur ben ora dadi omongan karo keluwargane. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2974", "text": "Jaman saiki akeh wong tuo sing jumbul polahe anake moro-moro meteng. Perkoro koyok nginiki asline kudu di ati-ati opo maneh kanggo bocah wedok. Nag ancene wes kedaden kudune yo moro sing metengi kon tanggung jawab soale nag ora ngunu iso dadi aipe wong tuone ambek awake dewe. Opo maneh saiki ukuman teko lingkungan tambah ora karuan. Ono sing ngelokno, ono sing ngedohi, ono ngelek-elekno barang. Perkoro ngunuku asline kedaden yo polahe bocahe dewe sing ora ati-ati nag gembulan ambek wong lanang. Opo maneh saiki wes jamane koyok ngene. Mangkane nag milih konco iku sing ati-ati opo maneh kanggo bocah wedok. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7940", "text": "Bengi iku, aku lagi ngimpi elek banget. Dadi nang ngimpi iku, aku lagi ditekani hantu sing wujude mek koyok bayangan ireng ngono tok. Aku kate nang ndi ae iku tetep dituti karo hantu iku mau. Kate aku seliden nang ndi ae sek tetep isok dikonangi. Gak suwe, aku ketangi dan dodoku rasane sesek puol mergo ngimpi iku mau. Lah kok moro awakku rasane kaku kabeh dan gak isok dibahno. Bahkan kate ketip ae lho gak isok. Aku tambah ketar ketir lah. Aku tambah ndredeg pas moro onok bayanan ireng sing ngerambat nang tembok dan kate nyedek nang aku. Sakjane aku wes pingin mbengok saking wedine, tapi lambeku blas gak isok diobahno. Moro aku ditepuk ambek adekku sing lagi turu nang sampingku. Seketika bayangan ireng iku langsung ilang dan awakku wes isok diobahno. Aku langsung ambekan gede saking legone.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3304", "text": "Akeh wong sing gelek ngalami wedi polahe demam panggung. Sing garai iku maeng asline iku ora panggunge sing medeni ora. Tapi iku asline karek mentale wong sing ate maju. Jarene wong-wong sing tau manggung, iku asline perkoro sing moro-moro metu pas awakmu ate tampil utowo ngomong nang ngarepe wong akeh. Terus perkoro iku bakal ilang nag awakmu wes ora nag panggung maneh, yo bakal normal maneh koyok sak durunge nag panggung. Wong sing ngalami perkoro iki biasane raini iku ketok koyok ora iso lapo-lapo ambek bingung nag nang duwure panggung, terus moro-moro kringete iku adem, ambek tangane iku otek ora karuan pas nyekel mik utowo liyane sakjenesi iku, utowo sing nemen iku yo sikile yo geder polahe saking wedine.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8491", "text": "Akhire sing dinanti iku teko sisan, yaiku liburan semester kuliah. Liburan kali iki, berhubung aku sek durung isok balik kampung saiki, tak puasno gawe dolan dewe nang Mall. Mbasio mek mlaku-mlaku tok nang Mall iku rasane wes seneng pol soale rosone koyok bebas dan gak onok sing ngatur ngono lho. Mergo luwe, akhire aku milih mangan nang salah siji Restoran AYCE BBQ. Berhubung wes keluwen, aku maleh kalap pol njupuk daging sing kate tak masak engkok. Wes ngono, aku akeh njupuk jajanan liyane maneh. Mbari njupuk sampe patang piring gawe awakku dewe, buru aku balik nang mejoku dan masak dagingku. Mergo aku temenan keluwen, makane aku isok ngentekno iku kabeh. Dan gak sengojo aku antep guede pol, sampe wong-wong podo ndeloki aku. Dideloki koyok ngono marai aku isin pol dan mek isok nunduk pas ngentekno jajanan sisane sing onok nang mejoku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9869", "text": "Wong sing melu undian iku mesti duweni kekarepan kanggo menang lan entuk undian iku. Nanging kadang wong-wong gawe cara sing ora apik supaya bisa menang undian. Cara iku kayata nyogok utawa mbayar wong sing gawe undian supaya njupuk jenenge, nganti gawe cara-cara elek liyane. Undian iku pancen kaya oleh rejeki, kene ora perlu kanggo meksa supaya entuk undian iku. Yen wis rejekine bisa oleh ya bakal oleh ora perlu kudu nyogok lan bayar wong liya kanggo ngetokna jenenge kene. Mula yen melu undian kudu ngelakoni tindakan sing apik supaya dongane bisa tembus lan manjur lan akhire bisa entuk undian iku mau", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "731", "text": "Aku mung iling, selama urip 24 taun iki, aku mung tau gelud pisan. Lucune kui pas aku TK. Tekan saiki, aku isih kurang yakin kui tenanan kedaden opo mung neng mimpi. Sak ilingku kui, pas TK kui aku ora duwe konco akeh. Aku mung iling duwe siji konco, jenenge Dika. Aku ngeroso uga aku dadi salah siji wong sing ora disenengi koyo wong liya. Aku ora heran yen disik ono wong sing jaluk gelud karo aku. Aku ngeroso konco kelas sing ngejak gulit kui mung ora seneng karo aku, mungkin mergo aku wong sing bedo dhewe neng kelas. Aku ora ngeroso opo-opo. Wonge kui tak ladani wae. Nanging, aku tekan saiki ora ngerti yen akhire gelude kui kepiye.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5663", "text": "Pengancaman kuwi kalebu salah siji tindakan kriminal sing bisa marai resah ning tengah masyarakat. Ning KBBI, wis dijelaske yen pengancaman kuwi kegiyatan sing ana hubungane karo ngancem lan ngewenehi tawaran sing sekirane marai rugi, isin, wedi, lan uga sifate bisa dadi intimidasi. Pengancaman iki bisa dari kriminal amarga bisa nyelakai wong liya lan uga bisa marai wong susah, cilaka, lan uga bisa ngilangake nyawa. Pengancaman iki diatur ning jero Pasal 369 ayat (1) KUHP. Hukuman kanggo wong sing tukang ngancem iki yaiku 4 tahun kurungan. Kejahatan ini kalebune delik aduan yaiku ora dituntun kajaba wong sing kerasa diancem kuwi lapor. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "321", "text": "Neng uripku iki, kegagalan sing paling tak rasake kui, aku ora ketemu opo sing tak senenge sadurunge lulus kuliah. Mungkin luwih tepate, aku ora tenanan golek opo perkoro sing tak senengi sing iso dadi penghasilan neng masa depan. Seko SMP, aku ora melu ektra kulikuler opo-opo. Pas bel bali sekolah, aku langusung menyang omah. SMA yo ora bedo adoh. Senadyan aku nikmati melu tonti neng sekolah, nanging melu kui dudu tenanan pilihanku. Pas kuliah aku wis ketemu opo sing tak senengi, yaiku nari. Nanging nari kui ora isi didade karir mergo kanggo aku kui wis telat. Ben iso dadi profesional persiapane kui wis kudu ket cilik.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9855", "text": "Reuni sekolah sing sejatine adicara kanggo nyambung silaturahmi malah biasane dadi adicara kanggo pamer harta lan kesuksesan. Kabeh wong seneng banget yen dijak reuni, amarga kanggo nyambung silaturahmi karo kanca-kanca jaman biyen. Nanging kadang reuni wis duweni stereotype ing saperangan wong kanggo pamer harta. Iki sing nggarai wong sing ngerasa kurang sukses dadi males kanggo teka. Apa sing diomong ning reuni ora adoh karo omongan \"bayaranmu pira?\", \"wis duwe omah pira?\", \"montormu merk-e apa?\" lan liyane. Yen sing dibahas babagan kaya ngene, ya ora maido yen akeh wong sing wegah melu reuni. Mula ing adicara reuni yen bisa ngomongna liyane wae supaya bisa ngerangkul kabeh golongan supaya gelem melu reuni.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9089", "text": "Awakmu tau gak ngeroso nek awakmu blas gak nduwe trauma dan gak nduwe fobia sisan, tapi kadangan awakmu iku ngalami rasa wedi nang objek tertentu. Nek rasa wedine sek biasa ae, berarti iku sek normal. Tapi nek rasa wedine iku wes kenemenen, terus dituti ambek gejalan liyane sing gak normal, iku berarti onok indikasi nek awakmu nduwe fobia ambek objek tertentu. Misal nek sampe kemringet utowo sampe ndredeg nemen pas ndelok objek tertentu. Nek wes koyok ngono, awakmu kudu nyadari dan kudu nggolek pertolongan ben awakmu isok ngusir fobia iku sak durunge tambah nemen. Dadi gawe awakmu kabeh sing nduwe rasa wedi ambek objek tertentu, gak onok salahe kok gawe perikso nang tenaga ahli.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "246", "text": "Iso nemuke barang sing suwe banget digoleke kui senenge bukan main. Kanggo iso nemuke barang sing awak dhewe goleki kui ono beberapa cara sing iso dilakoni. Sing kepisan, awak dhewe kudu ngiling-ngiling neng endi wae kowe nyelehke barang kui. Misale, awak dhewe lagi goleki kunci montor. Awak dhewe biasa deleh neng duwur kulkas, neng jero helm, nek ora neng cerak lemari. Awak dhewe iso golek ning telung panggon kui. Yen isih durung ketemu, awak dhewe ngecek neng barang utowo klambi sing awak dhewe kanggo sadurenge. Misale, awak dhewe golek neng sak kathok, sak jaket, lan neng jero tas. Yen durung ketemu meneh, awak dhewe iso nelusuri, sak ilinge mau awak dhewe neng endi wae. Seko kui, awak dhewe iso ngiro-ngiro panggon endi wae sing mungkin awak dhewe nyeleh kuncine.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2026", "text": "Awak dhewe mungkin bingung yen misale ono omahe tonggo dhewe sing kobongan. Kui mungkin arang banget kedadean. Nanging ora nutup kemungkinan, yen awak dhewe ngalami hal kui, paling ora pisan neng uripe dhewe. Yen misale kui, kedadean ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakokoke. Sing kesiji, yen durung ono sing sadar yen ono omah sing kobongan awak dhewe iso ngundang tonggone dhewe. Sing keloro, awak dhewe kudu nulungi wong sing omeh kobongane matine genine. Awak dhewe iso jaluk tulung tonggo-tonggone dhewe kanggo ngewangi. Sing ketelu, awak dhewe iso nelpon pemadam kebakaran. Sing kepapat, yen petugase wis teko, awak dhewe tetep iso nulungi matine geneni sesuai karo arahan petugas kebakaraane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "225", "text": "Tuku omah utowo duwe properti kui wis dadi impian kabeh wong. Wong sing wis tau tuku omah mesthi iling bakal koyo piye senenge pas omah kui akhire ketuku. Ning makin dene, duwe properti kui makin angel. Populasi wong neng Indonesia bludak. Lahan-lahan makin sempit. Ngetuti prinsip ekonomi, barang sing makin langka regone bakal makin duwur. Wong-wong sing strata ekonomi menengah lan ngisure bakal luwih angel duwe properti. Makane, duwe tabungan kanggo omah kui luwih apik dipikirke pas isih enom, ora kudu nunggu duwe keluarga disik. Awak dhewe ora mung kudu pinter nyisihke duwit kanggo nabung, nanging butuh golek duwit tambahan. Soale, yen mung ngarepke seko gaji UMR wae, ora bakal cukup kanggo nyicil tuku properti.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9942", "text": "Pas dino minggu wingi aku dijak ayahku dolan ning surabaya. kaitane aku seneng mergo dijak metu mlaku-mlaku. nanging surabaya nek awan iki hawane panas pol durung maneh dalan e rame pol macet e dowo e ra kiro-kiro. ning dalan akeh montor gedhe-gedhe sing nggarai tambah macet ndek dalan. durung maneh suarane bel e montor sing kepingin mlaku dilik ndek dalan. amarga dino iki preian sekolah akeh wong dulin nak surabaya sing nggarai tambah rame tambah macet pol ning dalan e . untunge ning sebelah dalan e surabaya iki isih akeh tanduran lan wit witan ijo sing nggarai ra nemen polusi lan panase. suwi ning dalan akhire aku tutuk ning pasar DTC langsung tuku es degan ning ngarepe pasar saking panase hawa surabaya.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2942", "text": "Aku tau nang terminal iku jumbul soale bis sing tak tumpaki moro-moro ilang. Bis iku maeng ancene cepete megilan nag mandek. Soale ancene nggodak waktu ben oleh duwek akeh. Bis iku ancene dadi idolai wong lungoan soale cepet, banter, ono tipine, murah, ambek enak. Sing dadi warna intine bis iki yo biru, kuning, ireng, ambek abu-abu, terus ono tulisane Suroboyo-Yogyakarta. Nag wes numpak bis iki ancene kudu cepet kabe, nang jeding kudu keplayon, mangan, wes mesti kudu cepet, soale lerenen iku ngger mok ambekan tok ambek ganti sopir tok terus budal maneh. Mangkane kanggo wong sing lungoan bis iki ancene andalan. Soale yo iku maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3789", "text": "Wong iku kadang ono sing jijikan ambek panganan sing endut. Nah ben ora jijik iku yo ojo sampek nyawang panganan sing endut, soale iso ae kepikiran terus ambek kadang iso dadekno pikiran iku maeng keilingan terus ambek panganan sing endut akhire dadekno ora doyan mangan. Mangkane nag iso geleh panganan iku yo nang panggonan sing resik-resik tok ae ben ora dadekno roso jijik iku maeng metu ambek jember nang panganan barang iku moro nang pikiran. Dadi nag iso goleh panganan iku nang panggonan sing temen-temen resike ben ora marakno jijik ambek penyakit polahe kepenclokan barang-barang sing ora jelas ambek ora iso diwasi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9821", "text": "Minggu iki aku seneng banget. Awit sesuk setu wayahe aku bali menyang kuthaku. Aku wis tuku tiket bali menyang Purwokerto numpak sepur Joglosemarkerto. Wektu kuwi salah siji syarat numpak sepur kudu swab test amarga kahanane isih pandemi covid-19. Amarga tiket sepurku jam 13 awan, aku budhal stasiun luwih isuk kanggo swab test ing kana. Udakara jam 10.30 aku wis tekan stasiun banjur antri swab test. Proses swab test ora suwe, mung 10 menitan lah. Sing suwe iku ngenteni hasil swab e sing bisa mangan wektu 40 menit dhewe. Aku delok wong liya nampa surat keterangan mung dinehke seka loket, banjur diaturi ninggalke papan swab test. Mbasan giliranku, kok aku diundang mlebu ana ruangan? Jebulane aku dikandhani yen aku katerak virus Covid-19 nanging mlebu golongan tanpa gejala utawa OTG. Aku setengahe kaget awit aku rumangsa sehat, ning aku ya kuciwa banget awit orasida ketemu Bapak Ibu ana omah mengko. Petugas ing kana dak apresiasi banget anggone ngrumat pasien Covid. Aku disambungke shelter covid ana kampusku, banjur diterke ana papan karantina numpak ambulans. \"Wah yowislah, orasida bali, mengko lehku ngandhani bapak ibu yen wis tekan shelter wae nganggo video call, yen mung tak kirimi WA ndak dha panik\" omongku ngrememeng dhewe.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4378", "text": "Akeh wong sing ora mentolo ambek sing jenenge panganan bosok sing nang ngarepe moto. Masio iku ora dipangan tapi nag petuk iku mesit jijik ambek mangkel. Nah asline panganan bosok iku mergone panganan maeng iku wes mambu terus dibarno ae akhire dadi panganan bosok sing ora pantes didelok karo moto. Nah nag wes ancene kadung bosok iku maeng kudune panganan iku maeng dibuak ae nang lemah ben dadi subur lemahe mergane pangana sing bosok iku ancene gampang dadi pupuk sing ancene apik kanggo lemah. Nah mangkane nag petuk panganan sing kadung bosok iku asline ora perlu jijik-jijik nemen, mergo nag kenemenen terus ora sengojo peruk yo bakal ora apik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1590", "text": "Hal sing paling isin sing tau tak lakoke neng panggon umum kui, aku tau bengok-bengok neng panggon umum. Ora mung pisan, tekan saiki aku kerep ngelakoke kui. Aku tau ngundang koncoku banter banget kanggo undangan sing sebenere ora pantes. Aku lagi sadar yen kui lagi neng panggon umum. Aku langusng macak ora ngerti opo-opo. Aku uga tau ngomog-ngomong dhewe ora cetho. Aku kerep ngelakoke kui pas lagi dhewekan neng omah, utowo lagi dhewekan neng kamar. Nanging aku sok lali. Aku kerep kelepasan pas lagi neng panggon sing akeh wonge. Wong-wong sing kerungu aku ngomong dhewe kui deloki aku terus. Mungkin neng pikirane, aku kui koyo wong edan utowo ora waras.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3405", "text": "Nag ono wong wes gerang kok wedi ambek sing jenenge suntikan iku ora pokro nemene. Opo maneh nag wes duwe anak kok isek wedi ambek ngunuku yo tambah koplo nemene. Yo ancene wedi ambek perkoro sing dianggep medeni iku ora masalah. Tapi nag wedi ambek perkoro sing sing dianggep wong akeh iku perkoro sing or kudu diwedeni iku ora apik. Opo maneh saiki jamane tenogo kesehatan wes moderen ora jamane pil maneh. Terus suntik barang yo saiki dianggep perkoro biasa, dadi nag sampek keweden polahe suntik iku kebacut. Nag iso yo kudu diilangno ben ora ngisin-ngisine wong sing parek ambek deke. Terus nag wong gerang kan asline kudu wani soale ben kenek gawe contoh sing cilik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5384", "text": "Kadhang cobaan wayah kerja kuwi ora mung perkara bayaran lan gawean numpuk uga ora cocok karo kesepakatan. Nanging pacobaning gawean sing kadang ora disadari yaiku anane kanca kerja sing seneng njupuk gawean tanpa arahan sing jelas uga tanpa komunikasi. Karepe inisiatif, nanging ya uga bisa dadi masalah yen tujuane salah lan kanggo golek rai. Kedadian iki sering ana ning kantor dinas sing akeh banget senior. Sing marai gemes yaiku yen gaweane elek, korban iki mau sing kongkon ndandani kanthi bener. Kamanga, kanca kantor sing kaya iki perlu diwaspada amarga bisa nyingkirake alon-alon lan luwih gampang amarga duwe strategi sing culas. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1058", "text": "Awak dhewe ora iso meneng wae yen delok koncone dhewe kui dirundung. Mesake, dheweke mesthi ngeroso wedi kudu dhewekan ngadepi wong-wong sing garapi dheweke. Wong sing dirundung kui ora kabeh sing iso ngelawan. Wong sing ngerundung kui iso wae ngincim koncone dhewe supoyo ora jaluk pitulungan neng wong liyo. Dheweke ngincim yen koncone dhewe ngelakoke kui dheweke bakal luwih kejem meneh garapi konco kui. Senadyan koyo ngono, awak dhewe tetep kudu usaha kanggo ngelindunge konco sing dirundung kui. Awak dhewe ora iso ngebiarke konco kui kelaran terus. Awak dhewe mesthi ngancani dheweke supoyo ora ngeroso dhewekan lan dadi luwih pede bergaul karo konco-konco sing liyane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2637", "text": "Saiki istilah trauma pas cilik ancene dadi rame gara-gara akeh bocah cilik sing wedinan ambek sifate sing aneh-aneh. Lah trauma pas cilik iku asline kedaden teko pengalaman sing paling diwedeni ambek pirang perkoro utowo barang sing garai bocah iku maeng sampek kewedene pol. Perkoro iku maeng iso ae koyok gelek digepuk'i, terus ono bencana alam koyok bledek sing saking bantere, terus gelek ditinggali, ambek liyan-liyane. Mangkane nag duwe anak cilik kudu dijogo teko barang-barang utowo perkoro sing iso dadek bocah cilik maeng keweden. Soale keweden nag saking nemene iso dadekno bocah cilik maeng trauma sing angel tambanane masio nang nggonane dokter sing ahli yo angel.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4884", "text": "Pingitan utawa pingit kuwi tradisi ketimuran sing isih ana tekan saiki. Acara pingitan iki biyasane dilakoni sak durunge mantenan lan sing ngelakoni temanten putri. Temanten kakung utawa manten lanang ana sing dipingit, uga ana sing ora. Pingitan iki tujuane kanggo njaga manten saka mara bahaya sak durunge acara. Nanging, ana wong sing ora percaya tradisi iki lan milih ngelakoni kegiyatan kaya biyasane. Misale tetep kerja, padahal sesuke wis dadi manten amarga ora gelem kelangan cuti. Ana sing ngomong yen pingitan iki budhaya kuno lan ora ana hubungane karo upacara temu manten. Nanging pingitan iki sejatine ngewenehi manten wektu kanggo istirahan ben pas dina temu manten ora lara lan ambruk. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7542", "text": "Dino iki aku wes siap-siap gawe berangkat nang Jogja numpak bus. Jadwal berangkate bus ku iku jam 12.45, dan aku wes stand-by nang kene ket jam 12.00, dan bus sing tak tumpaki durung teko. Pas jam 12.15, bus e wes teko dan siji-siji mulai melbu bus, termasuk awakku. Moro-moro onok petugas sing nakoni siji-siji opo penumpang iku wes rapid test ta durung. Aku langsung panik soale aku durung rapid test. Pas ditakoni, aku akhire jawab opo onone. Akhire dikon tes disik baru oleh melu bus iki. Aku mudun dan mlaku nang panggon rapid test. Siale, antreane lagi dowo banget dan aku wedi nek aku bakal ketinggalan. Ngenteni suwe banget sampe akhire aku entok giliran tes. Iku ae sek leren ngenteni hasile. Pas entok hasile, aku langsung cepet-cepet mlayu nang bus ku. Sayange, bus ku wes tutupan dan wes mulai mlaku. Aku wes berusaha ngejar, tapi gak nyampe. Akhire aku ketinggalan busku. Untung ae kok tasku iki tak gowo, gak kari nang bus.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9434", "text": "Ora kabeh bebungah utawa hadiah kuwi katampa nyata karo apa kang ditawakake. Pengalaman iki kalakoni dening sedulurku. Critane, dheweke kapilih minangka wong kang begja oleh bebungah duit rong yuta saka acara kuis interaktif ana TV. Bisa diarani ora jumbuh karo kanyatane, awit jebulane kuis mau wus diseting dening kru, utawa ana jokine. Dheweke ditawari lan dijaluki nomer hp lan biodata. Sabanjure kuwi diwenehi jadwal kapan bakal ditelepon nalika kuis interaktif. Naluka mbagekake jadwal, dibagi uga kunci jawaban kuis berhadiah mau. Mula yen kowe melu telepon nalika ana kuis interaktif mesthi angel anggone bakal nyambung. Yen wis rampung jawab kuis mau, bakale oleh dhuwit cacah rong yuta. Nanging dhuwit mau disuda kanggo pajak hadiah 500 ewu, kbayar kru 500 ewu, uga bayar joki 500 ewu. Wasanane dheweke mung nampa 500 ewu. Kuwi wae anggone transfer kacek 3 sasi sawise menang kuis. Mula nyata yen bebungah saka kuis interaktif katampa ora nyata karo kang ditawakake.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4925", "text": "Wong kang gagal nikah saiki saya akeh amarga ora ndelok bibit, bebet, lan bobote calon garwa. Akeh sing pada ndelok jaman pacarane nanging ora ndelok urip calon sing asli kaya kebiyasaane ning omah, kelakuane marang keluwargane, lan sapa wae kancane. Kegagalan iki pancen bisa dipaksakake kaya tetep nikah wae, nanging ya ana risiko sing gedhe kaya bakal gelud saban dina lan ujunge pisahan.Yen pisahan, bakal angel dadi siji maneh amarga wis ana trauma lan bisa ndadekake masalah anyar. Kerugiane ora mung perkara materi, nanging ya perkara mental. Amarga kuwi, pemerintah saiki nggalakake umur sing legal kanggo pernikahan ben ora kejadian sing kaya iki. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5392", "text": "Apostil kuwi salah siji prosedur kanggo njaluk ijin marang pemerintah Indonesia ben dokumen-dokumen iki bisa dinggo ning manca negara. Apostil iki uga dadi salah siji prosedur saka pemerintah sing paling dawa, paling ruwet, lan uga ngetekake dhuwit paling akeh. Prosedur iki sajane mung njaluk tanda tangan lan cap marang Kementrian Hukum dan HAM, Kementrian Luar Negeri, uga Kementrian Dalam Negeri. Sak durunge apostil, dokumen iki kudu oleh cap saka notaris. Prosedur sing ana ning apostil yaiku prosedur pengecekan keaslian dokumen lan dokumen iki bisa dinggo apa ora. Apostil iki biyasane kanggo gawe mahasiswa sing ning oleh beasiswa manca negara utawa para TKI.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "253", "text": "Kebahagian kui ora kudu duwe barang sing mewah nanging uga iso entuk seko mensyukuri barang utowo kahanan sing awak dhewe duwe saiki. Misale, soal perkoro montor. Pas aku KKN aku kerep kanggo motore koncoku. Seko performane, motorku kui kalah adoh karo montore dhewe. Motore luwih duwur. Pegangan stange nyaman. Joke empuk. Tarikan gase mantep. Pas aku numpak motor kui, aku uga ngeroso gagah. Nanging pas aku bali seko panggon KKN kui lan balik meneh nganggo motorku neng omah, aku lagi sadar yen motorku kui luwih penak. Pancen motore, koncoku kui luwih wangon nanging motorku kui luwih nyaman. Aku luwih kerep nganggo motor butut kui. Aku ngerti kekurangane motor kui neng endi wae. Dadi aku tetep bakal seneng motor sing tak enggo saiki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4937", "text": "Ana kondisi-kondisi sing marai wong butuh ngunjungi psikiater. Termasuk kondisi wong sing duwe trauma lan disimpen wiwit cilik. Ana persiapan-persiapan sing kudu dilakoni sak durunge marang psikiater. Kaping pisan, catet kabeh penyebab uga gejala-gejala sing muncul. Kaping pindho, jajal ndelok riwayat keluwarga sing duwe penyakit mental opo ora. Banjur ndelok maneh apa ana trauma liya sing bisa marai kabeh kerja kehambat. Kaping telu, cek penyakit utawa gejala fisik kaya lara ning sirah utawa awak. Yen wis tau periksa marang psikiater uga psikolog aja lali nggawa hasil diagnosa sing terakhir ben bisa dicek lan didelok perawatan apa sing cocok kanggo nangani masalah mental.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4991", "text": "Mbak Marto kuwi salah sawijining sesepuh ning kampung iki. Mbah Marto urip dewean ning omah cilik pinggir sawah lan adoh saka kampung. Wulan wingi, bojone Mbah Marto, yaiku Mbah Surti seda lan Mbah Marto urip dewe amarga ora duwe anak utawa putu. Sing ngopeni ya wong kampung iki. Sak wise Mbah Surti seda, wong kampung kadhang ben dino nglinguk Mbah Marto lan ngirim panganan apa wae. Nanging Mbah Marto wis bisa nerima kondisine saiki lan wis lunga menyang sawah, jare ben ora ngerasa ijenan terus. Kadhang bapak-bapak ning kampung uga ngancani Mbah Marto jagongan wayah bengi ben ora sepi lan ya bocah-bocah enom gantian ngancani turu ning omahe. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6128", "text": "Kesalahan mlebu toilet kuwi pancen ngisin-ngisini nanging ya kudune dadi pelajaran ben bisa luwih teliti yen ana ning tempat umum, apa maneh panggoran sing rame. Aja nganthi kijolan karo toilet difabel lan uga toilet uniseks. Biyasane kesalahan iki amarga kesusu lan wis kebelet banget dadine ora konsentrasi ndelok tengeran sing ana ning toilet. Nanging, perbuatan iki wajar yen ora disengaja amarga wektune wis mepet. Nanging tetep wae, iki bisa ndadekake kecurigaan marang wong liya. Amarga kuwi, awak dhewe ya kudu cermat sak durunge lunga menyang jedhing, Yen kaping pisan teka ning gedung, kudune awak dhewe uga takon dhisik ben ora salah mlebu. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "307", "text": "PHK kui ora ngerti-ngerti pegawe dilepas banjur dikei pesangaon. PHK kui ono toto corone. Sing pertama, pihak perusahaan lan pegawe ngelakoke musyawarah, opo ono perkoro liyo sing iso dadi solusi sak liyane PHK.Yen wis ono kesepaktan, ron pihak kui iso ngadake perjajian bersama sing ditandatangani karo kabeh pihak. Ke loro, yen proses musyawarah antara rong pihak kui ora ketemu dalan tengah, ndungang pihak ketiga, yaiku Dinas Tenaga Kerja utowo Disnaker. Yen pihak ketelu kui uga ora iso nengahi antara kepentingan perusaahn lan pekerja, dikokoke langkah ketelu, yauku mediasi hukum. Mediasi hukum dilakoni lewat pengadilan. Yen keputusan akhire perusaaham tetep ngelakoke PHK, iso lanjut neng Pengadilan Hubunga Industrial. Yen misale, ternyata perusahaan kudu tetep PHK. Perusahaan wajib ngekei pesangan neng pegawene.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5701", "text": "Jaman pandemi corona wingi, akeh wong kang mulai vaksin kanggo nambah kekebalan awak. Utamane wong sing sering aktivitas ning jaba omah. Salah sijine yaiku budheku sing kerja ning kantor kecamatan. Budheku iki wedi banget karo jarum suntik amarga jare jarum suntik kuwi bisa marai tatu lan bekas sing ora bisa ilang. Nanging, saiki kudu vaksin kaping 3 sing wajib kanggo para pegawai kecamatan. Maune budheku nggawe alesan lara lan ora bisa disuntik. Nanging, budheku mulai kangelan, apa maneh saiki yen arep lunga adoh kudu ana sertifikat vaksin. Banjur aku ngeterake budheku vaksin lan pas disuntik, budheku ora wani ndelok lan jare ngerasakake lara amarga tangane kaku pas disuntik. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "692", "text": "Skripsi termasuk sing rampunge suwe. Rata-rata konco-koncoku podo rampung sekitar 1 taun. Yen awaku dhewe butuh 2 taun kanggo ngerampungke tugas akhir kui. Salah sijine mergo buku acuan sing angel disitik lan angel digoleki. Pas mumet-mumete garap skripsi kui, aku golek-golek buku neng perpustakaan. Aku ora ngerti arep golek buku opo, mung waton mubeng-mubeng wae. Ora tak sangka aku nemu buku sing iso dadi referensi skripsiku. Judule Malay Magic. Bukune kui ketoke dudu buku asli, buku kui fotokopiyan. Buku kui duwe kocer werno abang lan nganggo kertas burem. Buku kui kandel banget. Sak ilingku, ono 500 lembar luwih. Buku iki diterbitke pertama kali taun 1900. Isine kui bababgan perkoro-perkoro mistis sing ono neng daerah Melayu.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7912", "text": "Akhir-akhir istilah sing siji iki lagi akeh dibahas. Jenenge iku klitih. Dadi klitih iki nduwe kepanjangan kliling golek getih. Klitih iki fenomena kejahatan sing akeh terjadi ndek Jogja. Biasane pelaku klitih iku pelajar remaja. Biasane sisan, pelaku klitih iki bakal ngincer korban sing dianggep sek SMA utowo SMK nang daerah sing sepi terus bakal nyerang wong iku secara fisik, contohe dibacok. Klitih iku biasane dilakoni geng geng an, dadi gak wong dewe ngono. Biasane koyok ngono iku gawe nyudokno area teritorial e dan de’e iku sing berkuasa nang kono. Kadangan sisan, klitih iku dilakoni arek enom nang Jogja sing lagi nggolek jati diri utowo butuh pengakuan nang lingkungan sekolah e.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5335", "text": "Bocah sekolah jaman saiki rawan kena kekerasan ning jero sekolah amarga kancane dhewe. Kekerasan iki amarga anane budhaya senioritas sing ora bisa dikendalikake. Taun 2010-an, kejadian iki wis dadi babagan sing diwajarake karo sekolah amarga ora ana sing wani ngelarang. Apa maneh yen pelakune saka geng utawa anak wong sing paling duwe pengaruh ning sekolah. Nanging jaman saiki, pas ana sosial media, bocah-bocah mulai sadar yen kekerasan iki ora apik. Wis akeh bocah sing nduduhake perlawanan lan wani ngomong yen kekerasan iki dadi salah siji kasus serius ning sekolah. Akeh bocah sing sinau bela diri kanggo ngelawan kanca-kancanesing tumindak ala kaya iki ben ora dadi sok jagoan. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3763", "text": "Akeh wong sing mangkel nag delok tumpukan sampah nang ngarepe motone, nah peroro iku maeng jane iso dadi kocone wong sing penggaweane buak sampah nang pinggir dalan ambek ngawur nang endi-endi panggonan sing akhire dadekno tumpukan samaph ora karoan. Nah polahe tumpukan sampah iku maeng iso dadekno roso jijik ambek jember polahe sampah iku roto-roto mesti marakno perkoro elek sing garai wong gilo nag masi contohne ambune barang, terus wujute sing dadekno sampah sing bosok maeng ono sete akhire direbung laler barang. Nah perkoro iku maeng sak liyane dadekno eleke lingkungan yo dadekno penyakit sing ono nang lingkungan iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1113", "text": "Neng agama Islam, awak dhewe iso bagi doso dadi rong jenis, yaiku doso ilihiah lan doso muamalah. Doso ilihiah kui doso sing hubungane mung awak dhewe lan Gusti Allah. Iki doso sing ono mergo awak dhewe lali perkoro ngibadah koyo salat, poso, lali bayar zakat, lan sakpanunggalane. Yen awak dhewe gelem tobat lan janji ora baleni kesalahan kui meneh, Gusti Allah mesthi iso ngaurani awak dhewe. Bedo ceritone karo jenis doso sing keloro. Doso sing keloro kui doso sing hubungane menungso karo menungso. Gusti Allah tetep iso ngapurani awak dhewe, nanging wong sing awak dhewe larani kui kudu ngapurani awak dhewe disik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1030", "text": "Aku ora kerep delong wong sing lagi sakaratulmaut. Tekan umurku sing ke 24 iki, aku mung tau delok pisan. Aku delok kui pas bapak arep sedo. Kui kedadeane pas aku umur 9 taun. Isuke buleke dikabarke sedo. Pas dino kui, bapakku ngerti-ngerti lara lan ora iso nyambut gawe. Aku pikir kui lara biasa wae. Aku mangket sekolah koyo biasane. Pas bali neng omah, kamarku wis kebak karo wong. Ono ustaze bapaku sing ngewangi proses sing paling medeni kanggo menungso sing urip kui. Aku wedi lan bingung pas kui. Aku mung dikongkon karo ustaz supoyo dongake bapak terus. Mung kui sing iso tak lakoke. Neng ruangan kui aku neng pojokan gemeteran.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9149", "text": "Jaman saiki, tambah akeh wong wedok nang Indonesia sing kenek kanker payudara. Nek wes kenek kanker payudara, gak onok solusi liyane selain operasi ngangkat payudara mau. Dan awakmu eroh gak, kanker payudara iku isok dicegah secara dini pol lho. Onok metode gawe nyegah kanker payudara, yaiku ngelakoni Sadari alias periksa payudara sendiri. Gerakan Sadari iki wes disosialisasikno ambek Kemenkes dan wes dijelasno sisan yaopo carane. Nek awak dewe wong wedok luwe rutin ngelakoni Sadari, awak dewe isok ndeteksi nek semisal onok benjolan nang payudarane awak dewe luwe dini. Nek wes ngono, isok ditangani luwe cepet ben gak sampe kenek kanker dan kudu operasi. Dadi gawe awakmu wong wedok, rutin lakoni Sadari yo rek.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9500", "text": "Joni wis kerja ana ing Jakarta 2 taun mlaku. Dheweke kerja ning salah siji kantor toko online sing jenenge shopee. Saben dina Joni kerja saka jam 8 nganti jam 5. Awan iki, ndilalah Joni nrima surat PHK utawa kontrak kerjane dipedhot. Padahal Joni ora ngrasa duweni salah apa-apa. Tibakna pancen kantore medhot kontrak kanggo 200 karyawan lan Joni mlebu ing daftar iku. Joni mulih ning kos karo sedih lan kudu nangis amarga bingung meh kerja ning ndi maneh mari iki. Kancane padha nakok kepiye kahanane Joni, nanging Joni isih wegah kanggo mbales kabeh chate kancane. Joni njajal kanggo semedi lan intropeksi awake dhewe mbok menawa kurang syukur marang Gusti dadine bisa kena kedadean kaya ngene.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3715", "text": "Saiki iku akeh wong sing jember ambek sing jenenge jeding sing endut, aku dewe yo ora ngerti lapoo. Padal jaman biyen jedinge tambah nemen-nemen, ora koyok saiki sing rodok resik. Bedane iku yo sepele asline. Nag biyen ambune jedinge masio ora apik koyok saiki tapi ambune ora sepiro nemen koyok saiki. Nah jaman saiki jedinge nag ora diresiki langsung ambune ora karoan. Nah sing garai wong jijik ambek jember nang jeding yoiku ambune sing ora iso ditolak utowo diirekno teko irung. Kadang irung gawe masker ae isek tembus. Nag wes kadung ambu wong-wong iku ono ae tingkae, ono sing langsung wakhing kanggo wong sing duwe gangguan irung.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4989", "text": "Pegatan iku dadi pilihan terakhir ning rumah tangga yen kepala keluwarga mutusake ora bisa mlaku sak dalan maneh. Penyebabe ya macem-macem. Nanging salah sijine pegat iki penyebabe ya amarga akeh wong kang ora ngenali pasangane dhewe. Ngenali pasangan iki butuh waktu sing suwe. Kudu bisa ngademake emosi lan ego uga kudu bisa kerja bareng pasangan kanggo njaga utuhe rumah tangga. Kamangka kuwi, yen wes umure nikah, aja wedi kanggo nggolek pasangan sing duwe pemikiran sing padha. Banjur pasangan kuwi uga kudu bisa tepa slira lan kudu eman karo keluwarga lan wani karo tantangan uga gelem ngadepi bareng. Amarga kuwi, ayo nyiyapake dadi menungsa sing duwe kualitas ben oleh pasangan sing mantes.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "667", "text": "Salah siji judi sing iso awak dhewe kendalike kui judi sing nanggo kertu, yaiku poker. Neng dolanan poker kui ora ono bandare. Kemenangane awak dhewe mung tergantung karo awak dhewe lan wong-wong sing sak mejo karo dheweke. Carane ben awak dhewe kerep menang pas dolanan poker kui, sing kesiji, awak dhewe kudu ngerti aturan dolanan kertu kui. Yen awak dhewe wis sinau peraturane kanthi teliti, awak dhewe iso ngerti celah seko dolanan kui. Sak liyane sinau, awak dhewe uga akeh praktek utowo latian. Awak dhewe iso ngejak dolanan poker nganggo duwit dolanan. Seko latian kui, awak dhewe iso sinau alur permainan lan tabiat-tabiat pemaine.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "301", "text": "Aku tau delok video neng kanal Youtube Comedy Central Indonesia, ono siniar sing crito pengalam sing lucu utowo dilematis pas lagi ngelawak. Selain dadi pelawak, dee nyambut gawe neng salah siji perusahan swasta. Pas kui, dee diceluk bose. Bose ngerti yen dee kui iso ngelawak. Pas kui kebetulan ono acara gede neng perusahaane, bose jaluk dhewe dadi salah siji pengisi acara kui. Nanging dee uga diandani bose kui yen kui acara hiburan sadurunge para pegawe kui di-PHK. Sak durunge munggah, penonton utowo pegawe sing arep di-PHK diwehi pesangaon disik. Dee bingung, nanging mergo wis dikon bose dee tetep ngelawak neng duwur panggung. Koyo sing wis dibayangke, ora ono siji-sijine wong sing guyu. Kabeh wong podo ngertapi amplot sing dewehi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5274", "text": "Pendidikan seksual ning sekolah iki dadi kebutuhan sing paling penting amarga jaman saiki wis jaman edan lan akeh kejahatan sing kedadian amarga majune teknologi, kaya misale kejahatan seksual lewat internet uga perdagangan menungsa sing didadekake obyek seksual kanggo wong sing ora dikenal. Pendidikan seksual iki uga bisa ngajari para siswa babagan kontrasepsi lan ngindarake saka salah pergaulan lan rabi sing ora pas karo umure. Akeh wong tuwa sing kuciwa amarga anake meteng tanpa bapak lan diwiwiti saka pacaran sing ora sehat lan ora ngerti babar blas babagan kontrasepsi. Nanging ya isih ana wae sing nolak pendidikan seksual iki ning sekolah. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7953", "text": "Bullying iku tindakan penggunaan kekuasaan gawe nyakiti uwong. Jenis-jenis bullying sing paling sering kedaden iku onok limo. Siji, bullying fisik. Iki jenis bullying sing paling gampang gawe diidentifikasi. Jenis penindasan fisik iki mulai teko napok, nyekek, nyikut, ninju, nyaduk, nyokot, nyakar, sampe ngidui korban. Loro, bullying verbal. Iki jenis bullying sing paling umum kedaden. Penindasan verbal iku isok teko celaan, fitnah, kritik kejam, penghinaan, dan akeh liyane maneh. Telu, bullying relasional. Penindasan sing siji iki dilakoni gawe ngelemahno harga dirine korban dengan cara ngabaino, ngucilno, sampe mungsoni. Papat, cyber bullying. Penindasan sing siji iki dilakoni dengan cara ngekeki pesan utowo komentar negatif nang media sosial e korban. Terakhir, sexual bullying. Intimidasi iki dilakoni dengan cara cat-calling, ngelakoni gerakan vulgar nang korban, sampe ndemok-ndemok area privat e korban.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4482", "text": "Biasane wong mesti isin nag dielokno ambu nang ngarepe wong akeh. Nah sing jenenge ambu iku ono pirang-pirang, ono sing ambu basin, wangi, ambek seger. Nah nag sing digawe ngelokno maeng ambu wangi iku yo iso ae marakno wong maleh isin nag panggonanae ora tepak, contohne nang sawah gawe ambu wangian ben wangi yo ngisini polahe oleh gawe wangian maeng ora tepak. Terus nag metu barang yo ngunu, iso ae dadi perkoro sing ngisine nag ambune ora enak opo maneh nag campur wong akeh terus diwadani nag ambune ora enak, yo tambah ora enake megilan. Nah mangkane nag wong dielokno ambune ora enak terus isin iku wes biasa kedaden nang endi-endi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2521", "text": "Aku wingi kepetok koncoku nag dalah sijine mall sing dodol laptop. Bocahe tuku laptop apike megilan, terus regane yo lumayan larang nag dibanding ukurane sing cilik. Tapi bocahe cerita nag bocahe seneng tuku barang iku maeng soale mari nabung terus hasile tabungane pas kerjo sak bendinone. Maring ngono bocahe yo kondo nag pas nyelengi digawe tuku barang iku bocahe bener-bener ngirite pol. Sampek diewange mangan sedino mok peng pisan barang soale pengene pol ambek laptop iku maeng. Mangkane pas mari tuku laptop iku maeng bocahe senenge pol. Opo maneh laptop iku termasuk laptop sing berkelas ambek termasuk paling limited edition.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3754", "text": "Nah nag sing jenenge idu iku rodok aneh, sing garai aneh iku nag idune dewe iku ora opo-opo, tapi nag kenek idune wong liyo mesti ngamok masio iku ora sengojo. Yo ancene se, nag idune wong liyo iku ancene mangkelno ambek jijiki. Opo maneh nag wong iku loro-loroen, yo tambah jijike pol. Nag jareku jijike iku ora mergo wonge sing idu tok, tapi ambune ikuloh sing basine ora pakat, opo maneh nag wong sing rokokan tambah megilan. Terus bentuke barang yo ngunu sing ngiler-ngiler piye ngunu ambek sing ono koyok plentu-plentune. Nah tambah sing koyok iku mono sing ambune basine megilan. Mangkane nag ono wong sing kenek idune wong mesti mangkel.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8320", "text": "Mamaku ngomong nek kate metu nang Indomaret. Krungu ngono, aku langsung njaluk melu sisan gawe njajan. Akhire awak dewe nang Indomaret nganggo motor. Nang kono, mamaku ngomong nek aku mek oleh jajan rong jenis tok, gak oleh luwe teko iku. Aku iya iyo ae dan njupuk rong jajan sing ancen lagi tak pingini. Gak suwe, awak dewe nang kasir gawe mbayar tukonane awak dewe kabeh. Wes mari, awak dewe langsung metu deh. Balik posisi awal ndek ndi aku dibonceng karo mamaku. Pas kate berangkat, moro awak dewe diteleki karo manuk. Pas aku nyekel siraku, dadakno telek e iku kenek nang rambutku. Aku langsung mukok kate muntah mergo jijik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2076", "text": "Serangan panik kui iso teko pas kerungo wong sing disayangi kui ora ono. Wong kui iso wae ngilang nanging iso uga wis ninggalke donyo iki. Ora bakal ono sing siap yen wong sing disayangine kui ninggalke dheweke. Makane kui dheweke iso keno serangan panik. Ono beberapa coro sing iso awak dhewe lakoke kanggo iso nenangke wong sing koyo ngono. Sing kesiji, awak dhewe iso gaweke banyu putih yen dheweke isih duwe kesadaran. Sing keloro, awak dhewe iso gowo wong kui ke panggon sing jembar lan ora ono wonge. Awak dhewe uga iso jaluk wong-wong sing ono neng sekitar kono ngadoh disik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7260", "text": "Dino iki aku ngelakoni rutinitas koyok biasane, gak kurang gak luwen. Ket isuk nyapu, sarapan, garap kerjaan, dan sempet santai-santai. Pokok gak onok hal-hal sing aneh. Moro-moro aku dichat ambek dulurku nek GFriend, salah siji girlgroup Korea, bubar. Aku langsung mak dheg. Cepet-cepet aku buka Twitter dan wong-wong wes podo rame ngomongno bubare GFriend. Aku tambah potek lah. Yaopo maneh GFriend iku salah siji girlgroup sing paling tak senengi. Aku ngerungokno lagune hampir bendino saking enake lagu-lagune. Dan saiki mereka kudu bubar. Sumpah rasane aku langsung luemes dan koyok wong linglung. Opo maneh alesane iku super gak jelas. Aku tambah suedih dan mangkel ambek agensine.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4312", "text": "Sopo se sing ora mangkel nag ono jeding rusoh ambek ora tau diresiki? mesti kabeh wong iku mangkel ambek perkoro siji maeng. Nah sing jenenge jeding iku maeng yo, panggonan sing biasane digawe wong nguyo adus utowo nelek, iku maeng sing jenenge jeding. Nah sing garai mangkel ambek jeding iku maeng yoiku nag panggonan maeng ketok kemproh ambek ambune sing ora karoan mergo ora tau diresiki. Nah sing garai ambu maeng yo bekas-bekase telek ambek uyo sing ora resik maeng mangkane dadi ngetel terus akhire marakno mabu sing ora sedep ambek ora enak. Terus wong sing mlebu yo mesti mangkel ambek perkoro iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6020", "text": "Joni ngopeni dara ning omahe budhene. Dara-dara iku diopeni wiwit cilik kanthi gedhe. Manuk dara kuwi pancen yen wayah awan diculake pas awan lan dilebokake wayah sore. Amarga kuwi, manuk dara iki mbuwang kotoran ning ngendi-ngendi. Kotoran kuwi kececer ning latar lan marai latar rusuh. Budhene Joni nesu-nesu amarga latar omah mesti rusuh lan kudu ngepel bola-bali. Mambu kotoran dara iki uga ngganggu lan marai jijik sapa wae sing liwat ning ngarep omah. Amarga gangguan kuwi, budhe muring-muring lan ngongkon Joni ngedol dara kuwi mau ben ora tambah marai rusuh. Nanging Joni ora gelem ngedol dara kuwi lan marai masalah tambah gedhe. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1160", "text": "Aku tau dhewekan neng kampus tekan bengi. Pas kui pancen lagi preinan, dadi ora ono wong akeh sing nongkrong neng kampus. Kui posisine aku bar rampung latian nari. Pas konco-koncoku wis bali, nanging mergo isih kesel aku tinggal dilit ben iso leren. Ora sengaja aku keturon sekitar 10 menitan. Tangi-tangi aku kerungu swara gamelan. Aku langsung merinding. Yen dipikir-pikir meneh, rungan gamelan kui wis dikancing lan ora bakalan ono wong sing gelem neng kono pas preinan koyo ngono. Banjur, aku langsung mlayu jupuk montor. Aku wedi yen aku suwe-suwe neng kono malah iso delok demit utowo kelebonan. Pas aku arep neng parkiran kui, jebul aku tenanan dhewekan. Satpame wae pas tak delok lagi ora neng pose.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8450", "text": "Dino iki, ono acara Maulid Nabi nang Sekolah. Mergo iku, dino iki aku nganggo busana muslim nang Sekolah. Aku nggolek busana muslim paling apik sing tak duweni demi ketok ayu ndek antara konco-koncoku. Pas tutuk Sekolah, dadakno busana muslime koncoku podo apike sisan. Tapi tetep tekku sing paling apik. Pas aku jajan nang Kantin, moro aku papasan karo arek sing busana muslime iku plek ketimplek karo tek ku. Ket duwur sampe ngisor iku isok podo kabeh, kecuali sepatune. Ndelok onok sing ngembari klambiku rasane langsung gak mood kabeh. Rasane pengen ndang moleh ndang nyoplok klambi ben gak kembar ambek arek iku mau saking isine.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4940", "text": "Cerita sedih amarga ditolak universitas iki wis tak alami taun iki. Taun iki aku ndaftar salah sawijining kampus nganggo jalur beasiswa. Iki kaping pindhone aku daftar amarga sing pertama ya ketolak. Persiapane wes tak lakoni kabeh, yaiku mulai saka nggarap formulir, melu tes basa inggris, nglengkapi dokumen lan sak sembarange. Aku lolos kanthi tahapan wawancara. Nanging pas wawancara aku ora lolos amarga pertanyaan lan standar kampuse sing dhuwur banget. Amarga kuwi, aku kerasa sedih lan abot amarga beasiswa iki ya ngetokake dhuwit sing rada akeh. Kepiye maneh, pancen dudu rejekine. Rampung kuwi aku ngumpulake formulir maneh lan njajal daftar maneh taun ngarepe. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6157", "text": "Ning acara khusus, kadhang ana kewajiban nganggo kostum kaya misal ning acara pesta ulang taun sekolah, kantor, utawa acara Halloween karo kanca-kanca. Ning kesempatan iki, kadhang uga ketemu wong sing klambine padha kaya awak dhewe lan uga marai isin, canggung, lan ora nyaman ning acara. Kamangka, sing paling penting yaiku komunikasi. Awak dhewe kudu mikirake mateng kostum apa sing arep digawe banjur ngomong ning kanca kantor ben ora ana sing madani. Kaping loro, yaiku mikirake ide sing ora kepikiran lan ora biasa ben angel ditiru. Kaping telu, yaiku mbedakake kostum sing digawe saka werna lan versine kaya misal nganggo kostum Batman nanging werna abang jambon. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5742", "text": "Komodo utawa biawak komodo kuwi yaiku spesies biawak gedhe sing ana ning Pulau Komodo, Rinca, Flores, Gili Motang, dan Gili Dasami di Provinsi Nusa Tenggara Timur. Komodo iki spesies sing paling gedhe ning golongane kadal lan biawak, yaiku ukurane 2 kanthi 3 meter. Bobot komodo iki bisa nganthi 100 kg utawa sak kuintal. Ning rantai makanan, komodo iki kalebu salah siji konsumen sing ana ning rante puncak amarga ora ana karnivora liyane sing bisa ngonsumsi komodo. Komodo iki katone anteng, nanging ya bisa medeni wong amarga bisa nguber lan nyokot. Ilere komodo iki ngandung bakteri sing bisa mateni wong. Kamangka yen dikejar komodo, wong luwih milih mlayu zigzag amarga komodo mlayune lurus. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9981", "text": "Wis seminggu ing kantorku ana wong anyar. Wong anyar iki jebule dulure bosku. Aku duweni perasaan ora enak karo wong iki. Ya bener wae, ora suwi aku diceluk ning ruangane bosku. Jarene aku ngelakoni babagan sing kliru lan aku kudu dipindah panggon kerja. Aku dideeh cabang sing adoh banget karo omahku. Posisiku ing kantor iki digantenk karo dulure bos iku mau. Aku tenanan muring-muring banget lan akhire aku mutusake kanggo metu wae. Aku wis ora sabar kanggo dadi wong apik ing panggon sing ora bisa nrima lan nindak aku adil. Aku mangkel banget karo bosku lan dulure sing wis njupuk penggaweanku iku mau. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7537", "text": "Onok salah siji game sing temane iku tentang ngeprank, jenenge Maze Game Horror Prank. Game iki game jumpscare lawas sing mbiyen disebut The Exorcist Maze Game utowo permainan labirin. Game iki isok didoleno karo sopo ae, termasuk awakmu. Game sing siji iki ngelatih ketrampilan awak dewe gawe ngelola dalan ben isok ngelalui kabeh labirin. Cara dolene iku awakmu petek mulai, terus bakal muncul onok dalan werno biru enom, kotak cilik abang, karo garis finish. Awakmu kudu nggerakno kotak cilik abang iku ngelalui dalan biru mau sampe nang garis finish. Pokoke ojok sampe kotak merah iku nyenggol dinding ireng nek gak engkok bakal onok jumpscare hantune.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4841", "text": "Salah siji barang sing paling tak goleki lan aku butuh saiki yaiku mouse komputer sing tanpa kabel. Mouse iki angel digoleki ning kuthaku amarga stok sing ning kuthaku mung setitik lan ora kabeh komputer cocok karo mouse iki. Amarga ora ana, aku lan mbakku kudu lunga marang Tegal amarga stok barange luwih akeh lan akeh jenise. Aku nggolek ning kabeh toko lan aku nemu produk sing cocok kanggo laptopku lan penak digawe. Mouse iki regane uga murah lan aku bisa luwih ngirit. Tokone uga ngewenehi bonus kaya alas mouse lan diskon liyane. Atiku seneng amarga piranti iki bisa mbantu penggaweyanku ben ndang rampung. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1068", "text": "Yen awak dhewe lagi ono neng perlombaan nasional utowo olimpiade, awak dhewe ngeroso kaincim karo wong-wong sing dadi lawane dhewe, wong sing seko daerah liya. Nanging awak dhewe ora entuk gemeter lan ngeroso wedi pas kui. Yen ono sing gawe gamang neng ati pas kui, awak dhewe kudu dadike perasan kui kanggo motivasi. Peserta utowo atlet sing liya kui ketoke apik-apik nanging awak dhewe kudu yakin neng awak dhewe ora kalah seko wong-wong kui. Awak dhewe kudu nampah semangat lan ojo dadi lemes, neng panggon lombane kui. Kabeh wong neng kono kui wis usaha semaksimale dhewe-dhewe. Awak dhewe ora entuk ngeroso wedi sak durunge rampung lomba.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5390", "text": "Pancen urusan sing ana kaitane karo pemerintah kuwi mesti suwe lan marai ati mangkel. Kadang layanan pemerintah iki uga malah ruwet lan ora kena dipercaya. Kaya wingi aku ngurusi ganti KK lan ngurus ganti akta ora rampung-rampung lan ngulur waktu banget amarga petugase ndhisikake layanan kanggo wong utawa kenalane. Ora nganggo kanten, langsung tak gerbak meja administrasine amarga aku wis ngenteni suwe banget malah ndhisikake sing liyane. Pegawene pancen judes nanging pas aku protes, dekne ora wani mbantah lan langsung nggarap sekabehe dokumen sing dibutuhake karo wong liya sing wis ngantri uga karo aku. Kamangka aku bali saka kono karo nesu. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3060", "text": "Biyen pas ujian akhir semerster ono salah sijine mahasiswa sing rodok males tapi diwei nilai A. Terus konco-konco sing gelek mlebu ambek sregepe pol ora terimo soale rumongso ora diperlakokno ora adil ambek dosen maeng. Akhire konco-konco sing ora terimo maeng moro nang jurusan ambek ngelaporno kedadean iku nang kepala jurusan. Terus dosen sing nguwei nilai maeng akhire diceluk terus dijaluki penjelasan lapoko kok iso koyok ngunu dosen iku maeng ora iso jawab. Mari ngunu kepala jurusan langsung negasi nag bocah sing oleh A maeng kudu diganti nilaine, terus sing moro rono maeng kudu diganti nilaine sisan. Terus nag ora diganti ambek sak layake kajur bakale nguwei sangsi nang dosen iku maeng soale ora kompeten.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "740", "text": "Wingi aku kondangan neng nikahan koncoku. Undangane kui seko jam 7 wengi, nanging mergo neng dalan macet aku tekan panggone arep jam setengah wolu. Dino kui dino Jumat. Kebetulan banget, aku ono gawean tambahan sing kudu rampung dino kui. Aku garape kui kesusu-susu. Akhire, gaweane kui iso rampung jam 7. Aku metu kantor kui wis mumet. Banjur langsung neng panggon kondangane. Mbuh ngopo, pas kui lagi macet banget neng dalan. Aku kejebak neng bangjo kui iso tekan peng 3. Wis mumet tambah mancet, mangkel tenan aku. Yen lampune wis ijo, aku mung wonton nglakson wae, ben motor utowo mobil neng ngarep cepet maju. Akhire, aku tekan kono mepet banget acarane rampung. Nanging, paling ora aku isih iso mangan lan ketemu karo mantene.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4876", "text": "Nonton konser kuwi dadi sala sawijine kesempatan kanggo ketemu idola. Nonton konser iki uga bisa dadi salah siji acara kanggo promosi produk lan idola kuwi dadi brand ambassador utawa model produk kuwi. Acara-acara konser iki umume mbuka lapak dodolan tiket online lan kadhang ana keluhan amarga server sing digawe eror lan ora bisa kanggo tuku tiket. Nanging ana cara sing bisa dadi alternatif kanggo tuku tiket lewat online. Para penonton iki bisa nggawe jasa joki kanggo tuku tiket, nanging ana tambahan dhuwit kanggo bayar joki kuwi, Kaping pindho, calon penonton iki bisa tuku tiket dhewe nanging golek koneksi sing apik ben lancar. Uga yen bisa wis buka web 15 menit sak durunge pembukaan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2539", "text": "Senen polahe menang undian biasane iso dadekno wong iku maeng polahe ora karuan opo maneh nag hadiane gedene megilan. Iso-iso tambah ora karuan tingkahe. Roso seneng sing polaher perkoro ngene iku asline kudu diempet ojo sampek dibar-barno engko tambah dadi ora karuan. Opo maneh nag undian maeng akeh persertai, iso ae dadekno roso iri nang perserta liyane sing menang tapi ora podo hadiahe. Mangkane nak iso kudu disimpen ae oj sampek diumbar-umbar ora karuan. Ancene mujudno roso seneng iku yo apik ae minongko gantine roso syukur polahe nerimo rejeki, tapi nag kebangeten roso seneng maeng yo maleh dadi ora apik. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3824", "text": "Wong nag salah mlebu jeding ora kudu isin, soale kabeh kan delok kondisine jedinge maeng, nag ancene ono wonge nang jero lagek isin. Tapi nag ora ono wonge lapooh isin kan sepi. Tapi saiki akeh-akehe wong iku wes ora ngurusi iku jeding lanang opo wedok polahe wes dijejer jedinge dadi yo ora ngurus. Opo maneh nag iku ancene fasilitas umum koyok nang termnal yo tambah ora ngurus iku langna opo wedok pokoe sing pengen nang jeding bayar. Yo perkoro iku iso dadi perkoro sing ngisini nag ancene jedingi wes ono tulisane gede terus dipisah ambek enggon sing adoh tapi isek dijarak iku lagek isin-isini wong, nag ora lapooh isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "610", "text": "Biyen, pas aku kerep latian tari neng sanggarku, aku lan konco-koncoku ora duwe wektu luang sing okeh. Wektune awak dhewe dienggo garap tugas kuliah utowo laperan lan neng wektu selo awak dhewe nganggo kui kanggo maksimalke latian. Latiane kui iso ben dino tekan dino Sebtu karo Minggu. Termasuk pas tanggal abang, awak dhewe tetep latian. Pas kui, ono sing arep ulang taun. Sebagai salah siji koncone, ora mungkin awak dhewe ngebiarke dino spesiale liwet ngono wae. Dadi, awak dhewe rencana tuku kue ulang taun kanggo dheweke. Awak dhewe arep gawe kejutan cilik-cilikan bubar latian. Pas dheweke krungu lagu slamet ulang taun lan kuene, dheweke seneng banget. Awak dhewe uga dadi seneng delok konco dhewe sing siji kui seneng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8479", "text": "Tau gak seh, awakmu lagi dijak ngomong karo wong liyo, tapi awakmu lagi gak fokus dan marakno awakmu dadi gak nyambung karepe dewe. Sing koyok ngono iku mangkelno gawe uwong sing ngajak omong dan marakno awakmu dewe isin. Nek wes ngono, awakmu pasti bakal dicap dadi pendengar elek dan gak cocok dijak cerito karo wong liyo. Soale kan wong iku pingine nek cerito iku dirungokno. Nek cerito iku mau gak dirungokno, sing cerito maleh mangan ati. Dadi ben awakmu gak marakno wong liyo mangkel, fokus rungokno nek lagi dijak ngomong. Engkok nek gak nyambung maleh awakmu sisan sing tengsin terus isin karepe dewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2600", "text": "Tahun wingi akeh wong sedih polahe akeh sing kenek PHK. Ora wong sing kenek PHK tok sing sedih, tapi akeh wong-wong liyane sing ora kenek PHK barang yo melok sedih soale akeh dalan ambek fasilitas umum sing podo ditutup polahe covid. PHK gede-gedean tahun winggi koyok musibah masal sing dirasakno wong sak dunyo solae ora nag indonesia tok sing ngerasakno PHK. Tapi wong nag luar negeri barang yo akeh sing ngerasakno PHK gede-gedean soale Pabrik, Kantor, ambek liyan-liyane podo ditutup utowo distop sampek pirang-pirang ulan polahe covid. Terus wong sing kenek PHK maeng doh podo sambat soale ora iso lapo-lapo. Kancoku sing duwe usaha barang yo maleh sepi soale sing tuku podo ora iso tuku.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7938", "text": "Onok akeh banget hal sing kudu dilakoni gawe awak dewe wong Muslim nek ndelok wong sing lagi sakaratul maut. Wong wong sing eroh pasti ditalqin utowo diwacakno surat Yasin. Tapi onok siji sing lumayan penting dilakoni sisan, yaiku ngekeki ngombe nek wong sing lagi sakaratul maut mau njaluk. Soale selama proses pengangkatan ruh iku mau, wong sing lagi sakaratul maut pasti ngeroso ngelak ambek panas sing nuemen. Hukum gawe ngekeki ngombe gawe wong sakaratul maut iku sunnah, malah onok beberapa pendatan sing ngewajibno. Dadi nek awakmu lagi nunggoki wong sakaratul maut, sedia banyu putih, sopo eroh wong iku engko njaluk ngombe mergo ngelak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "296", "text": "Duwe anak kui salah siji kebahagian kanggo wong tuwone. Nanging, kelaharian anak kui kudu disiapke seko awal, terutama perkoro emosi. Awak dhewe kudu sinau dadi wong sing luwih sabar. Pas anak wis lahir, anak bakal kerep nangis. Sak kesel-kesel awak dhewe, awak dhewe kudu tetep ngopeni anak mergo anak durung iso memenuhi kebutuhane dhewe. Yen wis emosine memuncak, awak dhewe iso meneng sedilit lan tarik nafas jero-jero banjur alon-alon dihembuske. Awak dhewe kudu iling-iling meneh opo niate awak dhewe ngurus anak lan opo akibate yen awak dhewe nesu-nesu pas ngurusi anak. Keloro, awak dhewe kudu iso ngatur ego. Jaga anak kui kesel banget. Awak dhewe kudu iso bagi wektu jogo anak karo pasangan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2085", "text": "Kahanan sing paling medeni yen aku ono neng omah sing ora tak kenal kui, yen aku lagi kepising. Aku wonge ora iso ngising yen ono neng panggon anyar. Pas tur sinau pas SMA, aku tau arep ngising neng hotel kui ora iso. Padahal kui kahanane wis mules banget. Sak ben mlebu kamar buri kui roso mulese ilang. Nanging pas metu, langsung keroso meneh. Aku dadi kudu bola-bali kamar mburi peng akeh. Nanging asile wethengku tetep ora ngeroso lego. Seko kui, aku dadi luwih gateke manganku pas lagi lungo. Aku dadi ora mangan okeh-okeh lan sak durunge mangkat tak biasake neng kamar mburi disik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5225", "text": "Ana penyakit sing kadang ora direken karo wong wedhok lan dadi masalah yen wes serius. Penyakit iki ana hubungane karo bagian peranakan kaya hormon kanthi rahim. Wong wedhok kadhang ora peduli karo siklus haid sing normal lan ora tau ngitung kapan wayah subur lan ovulasi. Tandha-tandha iki kadang ora ketok lan ora bisa diprediksi. Nanging wong wedhok iki kudu luwih perhatian karo awake dhewe. Penyakit sing biyasane teka yaiku kista, PCOS, lan sing paling parah yaiku kanker rahim. Penyakit iki wajib dihindari amarga bisa marai mandul lan angel duwe keturunan, Penyakit iki ora mung nyerang wong sing aktif seksual, nanging ya bisa nyerang remaja putri.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3014", "text": "Nag srengen polahe dienyek awake iku jane ora atek srengen sing nemen-nemen. Nag srengen saitik iku wajar soale menungso duwe emosi sing wes dienjekno kat lahir. Tapi Srengen polahe dinyek mergo rupo iku ancene mangkelno nag wong normal podo umume mesti mangkel ambek bakal goleki wong sing ngenyek maeng. Tapi nag jareke srengen polahe dinyek ngunuku ora berkelas blas. Soale sing diremehno iku barang ketok sing kabeh wong wes ngerti. Terus oakeh wong sing menengai timbang sing ngenyek. Dadi wes ora perlu srengen polahe perkoro sepele maeng. Tapi ang wes kadung srengen yo kudu diempet sak isone. Soale biasane wong sing ngenyek iku biasane wong sing iri.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3867", "text": "Utang iku ancene perkoro nag iso yo diadohi, soale iku iso dadekno perkoro sing ora apik kanggo wong. Terus perkoro sing ora apek biasane metune roso isin nang ati sing akhire dadekno wong sing utang iku maeng keganggu aktivitas sosiale contone koyok gembulane sing biasane enak maleh ora enak, sing biasane cangkrukan ambek owng-wong sing nang pinggir maleh ora iso nyangkruk polahe wedi nag apan kesindir wong ambek utange sing gede maeng. Mangkane nag utang gede iku wes ora atek kakean polah uripe ben iso nang nyaor utange maeng sing akhire iso dadekno ayeme atine ambek iso normal maneh oleh aktivitas sosial koyok wong biasane.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2005", "text": "Sing marake wong wedi disuntik kui sebener ora ono kaitan karo opo sing bakal dheweke terimo lan delok. Dheweke ora wedi karo jarum suntike, dheweke ora wedi karo dokter, dheweke uga ora wedi yen biaya berobate kui larang. Sing dheweke wedeni kui bayangane dheweke babagan disuntik. Neng sirahe wong kui, disuntik kui lara banget. Dheweke dhewe ora iso ngejelaske larane koyo piye. Sing dheweke ngerti kui yen disuntik kui lara lan dheweke ora kepengen ngerasake kui. Yen dheweke iso ngatur opo sing dheweke pikirke, dheweke ora bakal ngeroso sewedi kui. Soale sing dheweke wedeni kui sifate abstrak sing mung ono neng pikirane wae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2585", "text": "Jarene bocah-bocah sing jenenge dino bahagia sing paling gede yo pas pernikahan iku. Tapi yo ono sebagian koncoku sing ngomong nag dino bahagia iku ora kudu nikahan. Soale nag mok anger dino pernikahan lak sakno laan sing durung nikah ora iso ngerasakno dino bahagia. Mangkane akeh konco-koncoku sing ora ngarani pernikahan iku dino sing paling bahagia, polahe ono dino liyane sing madani dino iki. Jarene bocah enom dino sing bahagia iku yo nag petok ambek pacare, nag jarene bocah sekolah nag deke iku lulus ujian sekolah karo nilai sing paling apik sak kelas, nag jarene bocah kulia dino bahagia iku nag kuliae skrisine mari tanpo ono refisi terus langsung wisuda.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2696", "text": "Wong sedih polahe urip dewe iku ora kok mergo ancene urip dewe, Tapi deke iku duwe masalah utowo perkoro sing garai wong-wong sing nang pinggire iku ora iso ngewangi. Mangkane deke rumongso nag uripe iku ijenan polahe ora ono sing iso ngewangi deke ngadepi uripe utowo masalahe maeng. Tapi nag wong iku maeng ngerti nag nang dunyo iku wong kudu ijol pikiran mabek konco utowo wong sing kenek dipercoyo, wong iku maeng ora bakal sedeh urip dewean. Soale ngerti nag wong sosial iku butuh liyane supoyo iso ngadepi urip. Kadang wong sing wes kadung bingung, biasane or kepikiran masalah ngunuku maeng. Sing ono yo mok sedeh soale rumongso uripe iku ijenan. Padal akeh sing merhatekno.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6075", "text": "Senajan wis ana kulkas, panganan sing ning jerone kuwi uga nduweni kemungkinan kanggo dadi bosok amarga penyimpenan sing kurang rapi. Panganan sing wis dibuka saka kulkas kudune ora dibalekake maneh ben ora bosok lan ora ngetokake set. Panganan sing bosok kuwi bisa wae nggawa bakteri uga mikroba saka njaba banjur ning jero kulkas ora mati. Amarga kuwi, ana kulkas sing nduwe fitur antibakteri ben ora cepet bosok. Panganan sing bosok senajan wis dikulkas iki bisa marai penyakit amarga ana kontaminasi bakteri. Penyakit iki bisa kaya lara weteng, muntah kanthi lemes, lan uga bisa dadi keracunan. Amarga kuwi, higienis iki penting banget. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5272", "text": "Ana kelainan sing dadi sorotan, yaiku hamil anggur. Hamil anggur iki uga jeneng ilmiahe mola hydatidosa iki gejalane kaya meteng biyasa, nanging butuh pemeriksaan lanjutan amarga ana hubungane karo perkembangane janin. Hamil anggur iki kadhang ora bisa diprediksi amarga butuh sak trimester kanggo ngecek. Nanging tanda-tandane wis ketara wiwit awal kaya ana pendarahan, mual lan muntah sing parah, weteng sing gedhe ngeluwihi saka umure, nyeri, lan metu kepelan cokelat saka awak. Meteng anggur iki ya kadang ana ning jaba rencana program duwe anak amarga kedadian amarga pembuahan sing ora diprediksi lan jabang bayi gagal ngembang lan plasenta uga ora kuat. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9963", "text": "Ing lomba futsal antar sekolah wingi ana kedadean sing ora bisa dilalekke. Wasit sing ngatur pertandingan ora adil blas karo 2 tim. Jarene ana bocah sing dulure wasit ing tim iku. Akhire ora kesuwen kapten tim sijine langsung muring-muring ora trima. Wasite meh dijak gelud, tangane wis cepak kanggo ngaplok wasit, kerah klambine wasit wis dicekel karo kapten tim iku. Wong sing ndelok futsal iku melu ngrasa kudu mbelani tim e dewe-dewe. Ana penonton sing akhire melu mudun ning lapangan lan meh ngewangi kapten tim iku kanggo ngaploki wasit. Untunge cepet ana satpam sekolah sing ngewangi kanggo misah supaya ora nganti gelud tenanan. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7652", "text": "Gangguan bipolar iku gangguan mental sing ditandai ambek perubahan suasana ati sing drastis. Wong sing kenek gangguan iki isok ngeroso bahagia nemen, terus gak suwe isok langsung ngeroso mangkel puol dalam waktu singkat. Gejala liyo gangguan mental iku mulai teko semangat sing menggebu-gebu, kurang minat nang suatu kegiatan utowo kerjaan, angel turu utowo insomnia, sampe ngeroso bersalah sing berlebihan. Wong sing nduwe gangguan iki biasane sering marah tanpa onok pemicune mergo perubahan suasana ati sing drastis. Penyebab pastine gangguan bipolar iki durung isok diketahui secara pasti. Tapi kondisi iki isok mergo genetik, lingkungan, ambek gaya hidup. Wong sing kadung nduwe gangguan bipolar bakal menderita seumur hidup. Tapi ambek bantuan obat, wong sing kenek iki sek bakal isok tetep rutunitas koyok biasane mbasio kudu ati-ati.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4414", "text": "Entut iku ancene perkoro sing ancene ora kenek diadohi mergo entut iku termasuk wong normal. Tapi nag entute iku maeng basin terus nang ngarepe wong akeh iku sing ora normal. Opo maneh nag sampek wong sing nang pinggir-pinggire iku ngerti tambah dadi perkoro sig marakno wong isine megilan. Nah kedadena koyok ngunuku maeng ancene se wes biasa kedaden nagn endi-endi, yo karek delok entute ae, basin opo ora. Nag basin terus pingir-pingire maeng mambu, yo jelas marakno wong sing nang pinggire maleh mambu ora karoan terus dadekno roso isin nang ati. Mangkakno nag ancene ngentute maeng diroso basin yo ora langsung dibrolno metu kabeh, tapi gal saitik wae ben ora sampek mambu basin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5309", "text": "Mbiyasakake ngantre iki kudu wiwit cilik amarga antre iki sak liyane kudu dipupuk saka cilik amara ngantre iki mbutuhake kecerdasan emosional sing diajarake wiwit cilik. Kanggo ngajarake ngantre iki, para wong tuwa kudu bisa njelaske piye carane ngantri liwat tayangan kartun utawa sering ngajak anak lunga marang panggon umum kaya swalayan, pasar, lan panggon kanggo akses transportasi kaya bandara, stasiun, utawa terminal. Panggonan iki bisa dadi cara sing gampang kanggo njelaske marang anak. Kamangka kuwi, awak dhewe kudu gelem lan kudu bisa njelasake babagan antri marang anak supaya pas wis gedhe, anak bisa ngerti lan mbiyasakake ngantri ning panggon umum. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9177", "text": "Pelecehan seksual iku isok kedaden nang ndi ae. Salah siji pengalaman sing tau tak alami iku aku kenek pelecehan seksual secara verbal karo petugas pelayanan publik. Jenenge uwong nek wes dilecehno pasti emosi lah, rasane pingin tak pites ae raine. Cuma timbangane ngamuk gak jelas dan tambah ngentekno energi, mending lawan atek cara sing luwe ampuh, yaiku bales omongane sing luwe nyelekit pindo. Carane iku ngene. Pas awakmu dilecehno secara verbal, awakmu tenang disik, dan tetep senyum, tapi senyum e senyum sinis. Mbari ngono, awakmu bales atek kata-kata sing nyelekit pol. Contohe “timbangane sampeyan, nduwe cangkem gak isok diatur, wong tuwone sampeyan miskin yo sampe gak isok nyekolahno sampeyan?”. Nek wes ngono, pasti bakal cegek pol petugas e.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7641", "text": "Dino iki aku ngeterno mamaku nang omahe budheku sing nang Bungah. Awale aku yo asik ngobrol terus guyon karo dulur-dulurku sing ketepakan podo ngumpul kabeh nang kono. Gak sadar jam wes nyudokno jam 2 awan, sing tandane aku kudu cepet cepet moleh. Soale nek telat sitik, bakal kenek macet dowo nang dalan Pantura. Akhire aku karo mamaku cepet-cepet pamit dan balik moleh. Dadakno dino iki aku lagi apes, soale aku kudu kejebak macet nang dalan Pantura. Nek wes koyok ngene, gak bakal isok obah blas iki mobil e. Aku langsung ngomel-ngomel dan wes katene puter balik gawe lewat Lamongan ae, tapi langsung ditahan mamaku. Jarene mending ngenteni diluk timbang muter tambah adoh. Aku mek isok ndengus mangkel dan mbanting tangan nang setir.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "638", "text": "Kudu diakoni yen delok prank kui nyenengke. Delok ekspresine wong bingung lan heran kui iso marai awak dhewe ngakak. Awak dhewe seneng nonton koyo ngonoan neng Youtube. Ora ono masalah seko kui nanging kui ono kekurangane. Sing kesiji, Youtbe kui duwe sistem alogaritma. Makin akeh siji genre video ketonton, Youtube bakal ngekei video sing mirip neng berandane awak dhewe. Misale, sing kerep ditonton kui video babagan prank. Mengko Youtube bakal akeh ngerekomendasike konten prank neng awak dhewe. Yen video prank kui akeh sing nonton, artine video sing koyo ngono bakal akeh sing gawe. Masalahe, gawe prank kui ora iso sembaranga. Prank kui ngelibatke pihak liyo lan ora akeh wong sing ngerti perkoro privasi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2907", "text": "Nag wong jumbol mergo masi seta, iku wes normal, nag endi-endi sing jenenge wong masi setan, gendruwo, ambek sebongsoe iku yo mesti jumbul. Tapi asline kabeh roso jumbul iku teko nag wong iku maeng ora kepikiran perkoro iku nag bakal teko langsung utowo ndodok tekone. Terus liyane iku yo polahe wong sing jumbul iku atine plas-plas utowo was-was terus pikirane ora karuan sing akhire dadekno wedi. Nah kabe iku iso ilang nag pikirane wong sing jumbulan iku anteng, ambek atine ora was-was. Soale nag pikirane mikir sing ora-ora, masio iku dudu setan ambek sebongsone yo tetep jumbul, lah wong digetak ambek koncone dewe ae jumbul.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3093", "text": "Aku tau ngamuk nang salah sijine petugas nang galeri telpon. Nah sing garai aku ngamuk iku masalah pulsa ora kenek digawe padal wes podo ambek sing dikongkon mbake wingi. aku ngeroso dibujuki soale pulsaku ora kenek digawe padal wes tak isi bek, nah bake iku maeng ngomong nag iku dikongkon ngenteni sampek telung dino disek lagek kenek digawe. Padal aku wes telong dino tapi dikongkon sampek telong dino maneh. Terus petugas sijine maneh iku moro ambek jelasno nag asline katune iku wes ate mati dadi butohno waktu maneh ben iso digawe. Sing petugas sijine maeng ora ngomong ngunu mangkane garai emosi, soale pulsai isek akeh ambek paketan langganan kan yo ono. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2910", "text": "Pas tahun 2019 iku termasuk tahun sing ora karuan kanggo koncoku. Soale bocahe digodohe mabek koncoku sampek ora karuan soale deke ulang tahun. Bocah-bocah ancene sengojo godahi ngunuku ben bocahe iku engko seneng pas hadiah sing diwehno iku apike megilan. Hadiah iku ancene patungane pojah-pojah sak kelas kanggo koncoku soale tase wes jebol. Mangkane nang dino ulang tahune areke maeng bocah-bocah inisiatif kanggo nguwei hadiah nang bocahe. Nah pas ate mulih teko kampus hadiah iku maeng diwehno nang bocahe ambek bocah-bocah sing nggodohi maeng. Akhire bocahe yo kagetlah soale tase maeng ancene sing branded sing biyen bocahe pengen tuku. Nah areke maeng motone langsung brabak abang soale seneng. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9522", "text": "Sapa sing ora kaget ndelok Rakra ujug-ujug teka ing panggon cangkruk karo raine ditekuk. Hawane wis ora penak, omonge wis kasar tok, nadae uga nada wong muring-muring, mripate abang, lan merengut terus. Jebul pas Rakra crita dheweke bar wae dipedhot karo pacare sing paling ditresnani. Cara medhote uga aneh amarga mung dipedhot liwat chat lan pacare ora gelem dijak ketemu karo Rakra. Raine Rakra tambah abang lan kudu muring-muring nalika ngerti ning panggon cangkruk iku ana mantan pacare mlaku karo wong lanang liya. Rakra langsung ngamuk-ngamuk kaya wong kesetanan karo mbanting-mbanting gelas lan piring sing ana. Untunge Rakra langsung didhem karo kanca-kancane dadine ora nganti ngejak gelud mantan pacare.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8482", "text": "Ben menungso iku nduwe ambu awak sing unik dan kadangan dihubungno karo mambu sing gak enak. Onok akeh pol faktor sing marakno menungso ngasilno mambu gak enak teko awake. Penyebab umume iku mulai teko masa pubertas, perubahan hormonal koyok manopouse, menstruasi, karo kehamilan, terus kemringet akeh ambek awak sing gak resik, karo teko panganan sing melbu nang cangkem. Onok sisan penyebab khususe. Mulai teko stres, diabetes, infeksi kulit, infeksi saluran kemih, infeksi pusar, infeksi vagina, tuberkulosis utowo TBC, uremis, obstruksi usus, sampe kanker. Biasane mambu awak iku terjadine nang area awak tertentu koyok kelek, sikil, lambe, gulu, udel, karo alat kelamin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8467", "text": "Gak kabeh utang iku sifate elek kok. Salah sijine utang sing dilakoni karo pengusaha. Gak onok pengusaha sing gak ngutang iku, opo maneh nek perusahaane iku wes gede. Biasane ngono ngutange nang Bank, dan pasti nduwe kartu kredit dewe. Fasilitas kartu kredit iku disediakno nang hampir kabeh Bank, salah sijine BCA. Nek kate buka rekening nang BCA, koyok ngene carane. Siji, pilih jenis kartu kredit berdasarno fungsi, keunggulan, ambek limite. Loro, lengkapi persyaratan sing dibutuhno. Telu, isi formulir sing disediakno ambek pihak CS. Papat, siapno awak gawe diverifikasi karo pihak bank. Limo, enteni kabar teko pihak bank. Enem, lakoni aktivasi nek kartune wes mbok terimo. Terakhir, nggawe pin kartu kredit.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2689", "text": "Pisah karo konco ancene iso garai sedeh. Opo maneh nag awak dewek pisah karo konco sing paling apik. Tapi awak dewek iki yo kudu ngerti nag ono petuk mesti ono pisah, uwong iku ora kedu bareng terus, opo maneh ambek uwong sing awak dewek dewe durung karuan bareng terus contone konco. Konco yo duwe urip sing kudu dibangun ben iso ngadepi masa depan. Dadi masio awak dewek duwe roso sedeh karo konco nag pisah ora perlu kuwatir. Soale sing jenenge konco masio aduh nag konco iku maeng duwe kesempatan kanggo petuk mesti bakale petuk. Dadi roso koyok ngunuku ojo sampek ganggu mentale awak dewek ambek koncone awak dewek.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3321", "text": "Aku duwe konco sing asli teko kota Pahlawan. Deke iku asline kendele pol ambek sopo ae mesti disikat ora ngurus sopo iku wonge, nag deke iku bener mesti budal. Tapi masio deke iku kendele ngunu deke iku wedi ambek kucing. Awitane deke iku wedi, pas cilik deke iku pas mangan terus ono kucing moro-moro sing nyakar ambek ngoyok panganane deke sampek deke iku getehen tangane. Ket iku deke sampek saiki wedine pol, yo iku iso diarani trauma ket biyen cilike deke. Masio iku dadi kelemahane deke, tapi saiki deke iku wes rodok sadar nag iku ancene kudu dilawan. Dadi deke saiki gal saitik mulai manekno awak kanggo parek-parek koceng maneh masio rodok keweden.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9911", "text": "Mulih sekolah adhiku ngamuk lan muring-muring. Aku kaget amarga ora biasane dheweke ngamuk kaya ngene. Genah-genah aku nyedhaki lan nakok apa apa kok sampe muring-muring. Tibakna adhiku crita yen dheweke diilokna karo kanca-kancane amarga isih SD nanging awake wis gedhe banget kaya bocah SMA. Aku gur bisa nenangke wae lan ngomong ora papa, iku mana amarga adhiku pertumbuhane cepet ora kaya kancane liyane. Nanging adhiku isih ngamuk lan malah ora gelem sekolah amarga ngerasa isin ketok paling gedhe dewe. Dheweke uga sering diilokna raksasa nalika ana ing sekolah. Aku ngewenehi solusi kanggo matur ning gurune supaya kanca-kancane padha diseneni lan supaya ora ngilokna maneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9183", "text": "Universitas Ciputra utowo biasa disingkat dai UC iku salah siji Perguruan Tinggi swasta sing lokasine onok nang Surabaya, Indonesia. Universitas iki didirikno pas tanggal 7 Februari 1990 dan dikeki izin karo kementrian lewat SK PT No. 74DO2006 pas tanggal 31 Mei 2006. UC iki panggon e onok nang UC Town Citra Land, Sambi Kerep, Surabaya. UC iki nduwe moto “Creating World Class Entrepreneurs”. UC nduwe pitung fakultas ambek siji sekolah pascasarjana gawe jenjang pendidikan sarjana, magister, doktor, karo profesi. Kampus iki sisan njalin kerjasama karo akeh instansi liyo. Mulai teko Ewing Marion Kauffman Foundation, Wilmar Group, Dongseo University, ambek Universitas Widya Kartika.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1480", "text": "Pas aku isih sekolah disik, aku tau kemah karo konco-koncok. Kemahe kui sifate wajib seko sekolah, dadi awak dhewe gelem ora gelem kudu melu kegiatan kui. Pas kemahe kui, awak dhewe gawe mangan bareng-bareng. Awak dhewe gawe pangan sing gampang. Awak dhewe tugas, ono sing gawe mi instan, ono sing masak sego, lan ono sing masak endog. Nanging, ono sing siji koncoku sing ora iso mangan mi instan. Dadi seko omah dheweke wis gowo roti. Naning pas, awak dhewe lagi mangan kui, rotine kesenggol dadine reged. Konco kui wis ngeleh banget dadi senayan wis tibo, dheweke tetep dipangan kui rotine. Awak dhewe sing delok kui malah dadi gilo dhewe. Aku bingung kenopo dheweke kudu tetep mangan rotine, kan dheweke tetep iso mangan sego karo endog sing digawe mau.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7102", "text": "LDPD iku singkatan teko Lembaga Pengelola Dana Pendidikan. Sederhanane, LPDP iku salah siji lembaga sing nyediakno beasiswa kuliah, bah iku ndek dalam negeri utowo luar negeri. Beasiswa LPDP dibiayain langsung ambek negara. Macem-maceme beasiswa LPDP iku onok akeh banget. Sing tercatat sampe saiki onok 11 jenis. Pertama, beasiswa putra-putri Papua sing khusus gawe wong asli Papua. Loro, beasiswa daerah afirmasi sing gawe pelamar teko 96 daerah afirmasi teko 11 provinsi ndek Indonesia. Telu, beasiswa prasejahtera gawe pelamar sing nduwe status penerima bansos. Papat, beasiswa penyandang disabilitas. Limo, beasiswa kewirausahaan gawe pengusaha. Enem, beasiswa PTUD sing khusus gawe pemilik Letter of Acceptance unconditional teko kampus luar negeri. Pitu, beasiswa reguler sing isok gawe sopo ae. Wolu, beasiswa co-founding sing gak bedo adoh teko beasiswa reguler. Songo, beasiswa PNS/TNI/Polri . Sepoloh, beasiswa dokter spesialis. Terakhir, beasiswa Pendidikan kader ulama/perempuan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6150", "text": "Aku duwe seragam sekolah batik wena putih karo cokelat. Klambi iki dudu klambi sing khas motif sekolah lan ora ana logone. Kamangka, batik iki uga bisa ditemokake ning toko online lan uga ning pasar. Pas aku bali sekolah, ibuku ngejak aku mangan ning rumah makan Padang. Sing marai aku lan ibuku kaget kuwi, para pelayan sing ana ning warung kuwi nganggo klambi sing padha karo aku. Aku karo ibuku ngempet ngguyu lan maune arep ora sida mangan ning kono. Kamangka wis kadung, aku ya mlebu wae senajan para pelayan warung Padang kuwi ndelok lan ngerasani aku lan uga ibuku. Aku isin banget nanging ya pengen ngguyu yen diiling-iling. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1026", "text": "Kabeh wong kui duwe trauma dhewe-dhewe. Ono wong sing iso ngendalike rasa wedine kui lan uga ono sing durung. Awak dhewe kudu ngati-ngati yen awak dhewe ngomong karo wong, opo meneh wong sing awak dhewe durung kenal banget. Awak dhewe kudu ngati-ngati milih bahan omongan supoyo, awak dhewe ora ngemantik traumane kui. Supoyo kui ora kedaden, ono beberapa perkoro sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe ora usah ngomong perkoro-perkoro sing sensitif yen ora diperluke. Luwih mending, awak dhewe golek topik omongan sing enteng-enteng wae. Sing keloro, yen misale awak dhewe terlanjur ngomong perkoro sing sensitif, awak dhewe langsung jaluk ngapura, lan ngomong ora opo-opo yen dheweke ora gelem bahas utowo ngelanjutke bahasan kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7516", "text": "Ben hadiah iku ketok apik dan layak gawe dikekno uwong, biasane hadiah iku bakal dibungkus nganggo kertas kado. Tujuane iku ben hadiah sing awak dewe kekno nang uwong iku ketok apik terus menarik. Cara bungkus kado sing sederhana iku koyok ngene. Siji, ojok lali gawe nyoplok label rego barange disik, iki penting banget. Loro, dekek hadiah mau nang njero kotak. Gak wajib sih, cuma ben luwe gampang dibungkus nganggo kertas kado ae. Telu, dekek kotak mau nang tengah-tengah sisi putihe kertas kado. Papat, lipat kertas ben isok bungkus kotak iku mau. Ditarik sing erat terus dikeki isolasi ben gak ucul. Lakoni sampe kabeh ketutup dan nyisakno bagian duwur karo ngisor. Limo, lipet bagian samping kotak siji siji nang ben sudut e. Lipet sampe bentuk segitiga, mbari ngono tarik nang bagian kotake dan ojok lali ditempeli isolasi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5788", "text": "Kanggo wong sing dadi warga anyar ning sawijining kampung, sing paling kudu digatekake yaiku babagan sosialisasi marang tanggane, apa maneh yen kampung kuwi kampung sing terkenal guyub rukun. Ora perlu perkenalan sing resmi lan uga ngewenehi panganan macem-macem ning sekabehe warga, cukup mung tangga kiwa lan tengen. Awak dhewe ya uga kudu ngenalake ning RT banjur sering melu kumpulan kaya pengajian, arisan, PKK, lan sak panunggale. Sing paling gampang sosialisasi iki para bapak amarga lewat pos ronda, kabeh kuwi dadi gampang adaptasine. Kamangka, ayo belajar dadi tangga sing apik lan melu nyiptakake lingkungan sing aman lan ora dadi momok ning lingkungan sosial.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1108", "text": "Awak dhewe kui apike ora wedi karo jarum suntik. Disuntik kui iso dadi salah siji cara supoyo penyakit sing awak dhewe rasake saiki cepet mari. Sak liyane kui, nganggo piranthi kui awak dhewe uga iso terhindar seko penyakit-penyakit sing iso marake mati. Yen awak dhewe wedi disuntik kui, awak dhewe dadi wegih kanggo menyang rumah sakit utowo ketemu dokter. Penyakite kui dadi dibenke wae. Hal sing paling elek yen awak dhewe ora ngobati penyakit kui, penyakit sing saiki dirasake bakal soyo luwih parah. Iso wae, yen wis neng tahap kui, penyakite wis ora iso ilang seko awak lan akhire awak dhewe iso ora napas meneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6178", "text": "Mbudhayakake kejujuran ning para siswa iki pancen angel amarga siswa jaman saiki tuntutane uga akeh kaya kudu sukses, kudu mlebu ning universitas favorit, lan uga sak panunggale. Para siswa iki isih seneng nyonto amarga nyonto kuwi dianggep dalan pintas kanggo oleh biji apik sak liyane sinau sing sregep. Kadhang uga ana guru sing ndukung siswane contekan nanging ora oleh rame amarga guru iki pengen disenengi karo murid. Nanging ya babagan iki kudu diomongake serius sebab bisa ngerusak kepercayaan diri siswa. Amarga kuwi, ayo aja nyonto lan rasakke manfaat saka jujur kuwi kaya luwih lega lan bisa marai awak dhewe tambah pinter.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "797", "text": "Servis motor kui butuh duwit sing ora sitik. Yen ono masalah neng motore dhewe senadyan bar wae dibenake, awak dhewe bakal nesu-nesu. Nanging, timbange awal dhewe guwak-guwak tenogo kanggo nesu, mending awak dhewe ngomong langsung neng pegawene. Carane kui, sing kesiji, ojo panik utowo ojo ngeroso sing paling bener. Soale, sing luwih ngerti soal montor kui montire. Awak dhewe iso wae salah lan mung ngeroso tok yen montore dadi tambah ora penak. Sing keloro, awak dhewe ngekei bukti yen awak dhewe bar servis montor neng panggon kui. Carane iso nunjuke kuitansine lan KTP. Sing ketelu, awak dhewe iso ngerongke penjelasan kenopo montore dhewe rusak meneh. Yen misale kui iso diganti, benkele bakal ngijoli nganggo suku cadang sing anyar.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1005", "text": "Sing marake wedi pas awak dhewe lagi tampil kui pikirane dhewe. Wong sing nonton awak dhewe kui sebenere ora ngopo-ngopo. Misale kui lagi neng perlombaan, juri sing ono neng kono intine kui tetep pengen nikmati opo sing awak dhewe tampilke, dudu dadi hakim sing ngebiji apik eleke penampilan dhewe. Yen pikirane dhewe ora neng ngedi-ngedi, awak dhewe ora bakal ngeroso wedi. Rasa gemeteran lan kepising pas arep munggah panggung kui mung sugesti neng pikirane awak dhewe wae. Awak dhewe wedi yen penampilan dhewe kui bakal ora mulus, senadyan awak dhewe wis nyepake penampilane kui wis suwe. Awak dhewe wedi yen ono kededean sing ora disongko pas neng duwur panggung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4467", "text": "Utang iku asline termasuk ora perkoro sing elek, tapi akeh wong sing utang nag konangan wong liyo sing dikenal ambek tonggone mesti isin. Nah sing garai isin iku maeng asline ora mok mergo tonggone utowo wong sing ngerti ambek utange maeng tok. Tapi yo mergo ono sing mikir nag utang iku termasuk tondoe wong sing ora duwe utowo wong sing ora sanggup golek duwek kanggo nyukupi kebutuhane maeng. Nah mergo iku maeng mangkane nag ono wong utang iku mesti wedi konangan mergo nag konanngan mesti isine megilan mergo kuwatir dienyek ambek digunem ambek wong-wong liyo sing ancene parek karo wong sing utang maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3016", "text": "Kabeh wong nag diece utowo dilokno mesti metu roso sing mangkel, muring, ambek gregeten ora karuan, opo maneh nag dilokno karo kurange awak sing jelas ketok moto yo tambah ora karuan rasane. Tapi asline srengen koyok ngunuku yo ora apik, soale iso dadekno roso geting ambek dendam sing ora uwes-uwes nang ati opo mane sampek loro ati pirang-pirang tahun. Nag ancene dilokno polahe kurange fisik yo wes kudu menengai ae soale nag diladeni sing ngelokno tambah seneng soale tujuane iku ono hasile yo iku ngelarakno atine wong sing dilokno maeng. Mangkane ojo sampek srengen nag dilokno wong polahe kurang wujudmu utowo rupomu.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3496", "text": "Saiki wong sing duwe sepeda motor tapi kadang ora ngerti carane dandanine polahe gelek ngandalno benkel. Akhire nag pas mlaku adoh terus ono opo-opo ora ngerti opo-opo. Salah sijine sing kendala sing gelek dirasakno wong nag mlaku adoh yoiku rem blong. Cara ngatasi remblong iku yo macem-macem karek jenis reme maeng. Nag rem cakram salah sijine cara yoiku kudu didelok disik piringan cakrame maeng panas opo ora, terus pitekan reme iku maeng ngeslong opo ora, nag ngeslong artine iku masuk angen, nag masuk angen artine angine kudu ditokno disek ben iso normat. Tapi nag kepanansen berarti kudu diademno iku ae wes cukup. Soale nag rem panas mesti ora iso nyemkrem reme.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2969", "text": "Nag uwong oleh kabar menang undian mesti jumbul ambek kagete pol. Tapi anjuran sing teko kepolisian nag ono sing model koyok ngunuku kudu dicek disek. Opo awake iku tau melok undia opo ora, nak melok kudu dipastikno opo podo lembaga sing ngadakno undian iku. Soiale saiki iku akeh wong sing kenek bujukan ambek perkoro sing ngarani menang undian. Nang koran, situs polisi, ambek media sosial kabeh wong yo nganjurno ambek ngongkon ati-ati nag oleh pengumuman menang undian soale iku durung karoan bener. Iso-iso ae iku mok bujukan teko wong sing ate meres wong diomongi menag undian mangkane awak dewek kabeh iku kudu ati-ati ben ora kenek bujukan maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9902", "text": "Panggon bioskop iki rame banget. Dikira kabeh padha antri kanggo tuku tiket bioskop, jebule ana wong padu amarga salah sijine nyerobot kanggo tuku tiket. Wong sing diserobot ora trima, dadine nantang wong sing nyerobot iki mau. Kabeh wong-wong sing ana ing kono padha wedi lan meh misah wong loro iki. Mripate wong loro iki wis mendelik karo padha ora gelem ngalah. Tangane wis ngepel kaya wis cepak kanggo ngaploki salah sijine. Akhire satpam teka kanggo misah wong loro iki mau lan digawa ning kantor satpam kanggo dijaluki keterangan. Satpam liyane uga nertibake barisan supaya ora ana maneh kedadean wong sing nyelat karepe dewe kaya kedadean iki mau. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3065", "text": "Srengen polahe ora diperlakokno adil iku wes biasa kedaden nang endi-endi ambek angger wong mesti tau ngalamai iku. Tapi kabehtokoh agama mesti ngelarang roso iku tambah gede soale iku ora apik megane iso dadekno pikirane wong maleh peteng. Nag jarene guru, wong sing penggaweane srengen iku ora apik, soale wong ngunuku atine suwe-suwe tambah atos, terus emosine tambah suwe ora iso dikontrol sing dadekno gampang srengenan masio perkoro sing diadepi ora sepiro angel. Mangkane ojo sampek dadi wong srengenan soale iso dadekno wong iku maleh dadi atine elek, pikirane ora karuan ambek sing jelas akeh wong sing bakal ngadoi wong iku maeng.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "217", "text": "Sak durunge mlebu ruangan ujian, ono beberapa perkoro sing iso awak dhewe lakoke supoyo iso garap soal ujian. Awak dhewe kudu siap mental. Awak dhewe kudu perocoyo karo usaha sing awak dhewe lakoni. Tenang kui uga kunci garap soal ujian kanthi maksimal. Awak dhewe kudu ngindari grusak-grusuk pas lagi garap. Pas lagi garap soal ujian kui, luwih apik awak dhewe garap soal sing menurut dhewe gampang disik. Lumpati soal-soal sing angel utowo mangan akeh wetku kanggo jawabe. Yen ora ono meneh soal sing gampang, soal sing wis dilumpati mau lagi digarap. Seloke, kiro-kiro 15 menit, sadurunge wektune entuk kanggo ngecek jawaban neng lembar jawabane. Ojo lali gateke data diri sing ditulis neng lembar jawab. Ojo ngasi ono keselahan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "768", "text": "Mbu kenopo, jaman saiki ketimpagan utowo ketidakadilan kui akeh banget neng tengah-tengah masyarakat. Yen awak dhewe ngerasake kui awak dhewe berhak nesu. Nanging, nesu kui ora ngerampungke masalah opo-opo. Awak dhewe uga iso crito kui neng koncone dhewe opo iso curhat neng media sosial. Yen awak dhewe kepegen wong-wong ngerti opo sing awak dhewe rasake lan supoyo wong-wong dadi ngerti ketidakadilan sing akeh terjadi kui, awak dhewe apike nulis utowo crtio pengalaman dhewe kui neng media sosial. Wong-wong iso dadi luwih sadar. Wong-wong uga iso berempati karo awak dhewe utowo iso ngerasake opo sing awak dhewe alami kui. Dadine akeh wong sing iso ngebelani awak dhewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7689", "text": "Sebagai penulis cerita fiksi, awak dewe pasti sering gawe diskusi tentang suatu topik nang wong liyo. Biasane sing koyok ngono iku dilakoni pas awak dewe lagi njaluk kritik perkoro idene awak dewe, elek ta apik, opo onok kritik liyane, layak ta gak gawe ditulis teru dipublikasikno. Biasane sing bakal enak dijak diskusi iku sing podo-podo penulise. Cuma, kadang iku onok penulis sing nakal. Pas wes dikeki eroh tentang idene awak dewe, malah penulis iku nulis sing isine tentang idene awak dewe iku mau. Nek wes ngono jelas awak dewe mangkel lah. Idene sopo, sing nulis sopo. Dadi mulai saiki, ojok asal nyebarno idene awak dewe cek gak asal dijupuk karo wong liyo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6108", "text": "Model klambi sing ketat lan uga nduduhake lekuk awak kuwi ning Indonesia ora sesuai karo norma kesopanan senajan ora ana hubungane karo penyebab asusila. Sak liyane norma kesopanan, sing kudu digatekake yaiku anane kondisi kaya kepantesan lan uga model klambi sing bisa mbahayakake awake dhewe. Yen klambi terlalu ketat, kuwi bisa ngalangi peredaran darah lan marai sumuk. Klambi sing ketat iki duwe kemungkinan kanggo suwek apa maneh yen celana kuwi bahane saka katun tipis utawa saka kulit. Wis dijamin ora man yen dinggo terlalu ketat. Amarga kuwi, sak durunge milih pakaian, ayo luwih cermat maneh ben nyaman digawe lan ora isin amarga ana kemungkinan suwek.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2640", "text": "Pas aku ngulang persiapan SNBT wingi tibak'e ono bocah sing wes melok ujian utowo tes seleksi tahun iki gawe mlebu universitas sing dikarepno. Tapi bocahe sedeh pas ora diterimo alias ora klebu nag uninversitas sing dadi impiane maeng. Bocahe iku maeng cerita opo wae sing garai deke gagal. Mangkane saiki bocahe bener-bener ngepene pol oleh sinau soale bocahe omeh sedeh maneh gara-gara ditolak teko universitas. Aku mari ngunu ngomong nang bocahe nag saiki kabeh universitas podo wae, ora kudu nang negeri utowo sing wes apik universitase. Soale kabeh mahasiswa yo karek nasipe ambek bocahe gelem sinau opo ora. Nag bocahe gelem sinau ambek nasipe apaik, masio nag kampus elek tetep mau dadi apik.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9081", "text": "Azza lagi ndek omah wong loro tok karo adik e. Wong tuwone lagi melu kondangan anak e koncone. Awale sek biasa ae, moro-moro udan dueres nang njobo. Mboh opo’o Azza iku wes ketar ketir dewe. Akhire de’e milih gawe nang kamar ben ngeroso aman. Gak suwe, moro mati lampu. Azza langsung mbuengok banter pol. Adik e sing krungu langsung mlayu nang kamar e Azza dan nyalakno lampu darurat sing onok nang pojok kamar kakake iku. Berhubung Azza sek nuangis gero-gero mergo keweden, adik e langsung meluk kakak e sampe Azza ngeroso tenang. Pas dipeluk, kroso pol nek awake Azza iku gemeter pol saking wedine. Adik e mek isok puk puk kakak e sampe Azza keturon.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7612", "text": "Body shaming iku istilah kekinian sing wes akeh dikenal wong akeh. Body shaming iki bentuk tindakan ndek ndi wong bakal ngenyek bentuk utowo ukuran awak sing diduweni wong liyo. Body shaming iki terjadi mergo wong-wong iku percaya karo standar kecantikan utowo ketampanan dan berkiblat nang kono. Pokoke nek onok uwong sing gak sesuai karo standar iku mau, bakal beresiko kenek body shaming. Wujud body shaming iku macem-macem. Mulai teko sing blak-blakan ngritik langsung bentuk awake wong liyo sampe banding-bandingno. Objek sing dadi sasaran gawe kenek body shaming iku teko berat badan, rambut nang awak, model rambut, werno kulit, karo wajah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7560", "text": "Gak onok abang gak onok ijo moro aku dikon koncoku gawe melu giveaway marimong, salah siji jeneng boneka sing lagi usum-usume nang kalangan arek enom teko Korea. Awale aku males, tapi koncoku mekso terus. Akhire tak turuti dan aku ngelebokno jenengku nang form pendaftarane nang Twitter. Aku sih gak ngarep opo-opo soale aku eroh nek awakku iki akeh gak bejone, dadi gak bakal menang. Dan pas pengumuman, aku awale bingung kok onok akun sing ngemention akunku nang Twitter. Pas tak delok, aku langsung mbengok pas eroh jenengku menang giveaway marimong. Gak mek aku tok sing kaget, koncoku yo melu kaget soale iki pemenange iku mek siji ndil, dan dadakno aku isok menang.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9174", "text": "Sembarang kalir jenis petugas iku onok nang ndi ae. Nek nang lingkup sekolah, terutama sekolah negeri, sing paling terkenal iku keberadaan petugas TU. Petugas TU iku guduk guru, tapi sek dadi bagian teko sekolah iku mau. Petugas TU nduwe tugase dewe gawe ngewangi guru nang akeh bidang. Tapi nek tak uwasi terus, petugas TU iku mesti podo judes kabeh. Wes ngono wajah e iku podo ketok kereng pol. Pasti bakal akeh sing sependapat karo aku. Saiki bayangno ae ya, wong aku wes ngomong apik-apik, tapi dibales e karo nyentak. Terus pas aku kate bayar SPP ae, ngelayanine iku koyok serba gak ikhlas kabeh ngono lho. Wes talah, petugas TU iku wes judes, malesi pol.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8047", "text": "Syarat sah e umat Islam nek kate sholat iku kudu terbebas teko najis nang awak, klambi, panggon, ambek barang sing digowo. Terus semisal awak dewe iku kenek idune asu, opo sing kudu dilakoni? Kudu diiling disik nek idune asu iku melbu nang jenis najis mughalladzah alias najis sing paling abot. Cara nyuciknoe iku dicuci ping pitu dan salah sijine iku dicampur karo lemah sing suci. Cara gampange iku ngene. Pertama, awakmu niat disik kate bersuci teko najis mughalladzah iku mau. Mbari ngono awakmu campur lemah sing suci mau nang banyu, terus siram nang panggon sing kenek idune asu iku mau ping pisan. Sisane garek dicuci koyok biasa ping enem.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4382", "text": "Sing jenenge panganan yoiku barang sing keneng dipangan, rupone yo macem-macem ora kok koyok roti, buah, ambek jajan liyane tok, tapi yo sak pirang-pirang. Nah masio iku termasuk barang sing kenek dipangan tapi yo ono wong sing mangkel nag panganan iku endut. Nah nag wes endut kabeh uwong mesti mangkel ambek jember solae panganan iku maelh ora kenek dipangan terus akhire buak. Pangan endut iku termasuk panganan sing kenek barang sing ora iso dipangan contohne lemah, awu, mabek liyan-liyane barang sing ancene ora kenek dipangan. Nah nag wes koyok ngunuku nag wong sing ora metoloan, yo jelas wonge maelh jijik ambek ora seneng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5354", "text": "Kanggo wong wedhok mesti paham piye rasane hormon lan emosi sing ora stabil amarga ana tamu bulanan sing arane menstruasi. Sing dadi perkara yaiku yen wayah iki, emosi kadang ora bisa dikendalikake. Hormon iki bisa dadi salah siji pemicu muring-muring lan nesu tanpa sebab. Kadang sing dadi korban uga wong sing ning sekitare, sing dadi masalah yaiku yen emosi iki ora diarahke lan dikendalikake. Wong wedhok sing ngerasakake iki mesti wes bisa nemu cara kanggo iki kaya nonton film sing marai nangis utawa milih mangan sing legi-legi kanggo ndandani emosi sing rusak amarga hormon iki mau. Nanging ya isih ana sing durung bisa lan luwih milih nyeneni wong sing ning cedhake. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1465", "text": "Aku paling jijik karo sampah sisa panganan. Menurutku luwih, jijiki karo sampah-sampah sing ono neng penampungan sampah. Senadyan, neng kono tetep ono sampah sisa panganane, nanging neng kono kecampur karo sampah liyane, koyo sampah plastik. Yen aku delok sing sampah panganan tok, rasane aku arep mukok. Opo meneh yen wis tekan ngambu ambune. Yen ora cepet-cepet lungo seko kono, mungkin aku bakal mukok tenanan. Bayangke kui bekas panganane wong liyo marake aku jijik. Ditambah meneh, kui sampahe embuh seko kapan. Iso wae kui sisa panganan seko isuk. Makane kui, yen aku mangan neng pinggir dalan, aku ora gelem cerak panggon masake. Soale, biasane bak sampahe ono neng cerak kono. Yen wis delok kui, aku dadi ora semangat madhang meneh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4450", "text": "Pas aku dolan nang kampuse koncoku nang Kota Pahlawan, aku moro-moro isin dewe mergo moro-moro ono bocah sing klambine iku plek ketiplek ambek aku. Nah koncoku sing ngerti ngunuku malah gojloki aku ambek ngomong \"ikuloh dulur panti mu\". Nah mari ngunu aku sing rodok isin yo terus langsung gawe jaket ben ora ketok wong wong akeh. Yo sopo sing ngerti nag perkoro ngunuku sing rodok aneh iku iso dadekno wong maleh isin. Opo maneh wonge maeng lemune pol ambek gedene megilan, tapi pas deke maeng yo ngerti nag klambine podo deke yo langsung mirih, paling deke yo isin mergo deke iku masih nang gonanku, terus mari ngunu deke langsung mireh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7532", "text": "Prank iku dasarane disebut ambek lelucon praktikal. Lelucon iku nduwe makna hasil teko ndagel utowo tindakan utowo perkataan sing lucu. Prank iki sebuah trik sing dilakoni ambek uwong sing tujuane cek wong liyo ngguyu. Roto-roto prank iki tujuane cek korban iki ngeroso kaget utowo bingung karepe dewe. Prank iki istilah sing wes gak asing maneh nang kupinge awak dewe kabeh. Opo maneh jaman saiki tambah akeh banget konten prank sing lagi viral nang media sosial koyok YouTube, Twitter, TikTok, dan liyane maneh. Prank iki awale mek gawe guyon-guyonan biasa, terutama pas April Mop, tapi tambah suwe guyonan iki dadi berlebihan dan marakno akeh dampak negatif e.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4826", "text": "Ana akeh cara sing bisa dilakoni kanggo nabung sak liyane nganggo celengan, yaiku salah sawijine nabung saham utawa nabung emas. Nabung saham utawa emas iki jumlahe bisa saya munggah lan saya larang amarga kualitas pasar lan nilai barange munggah terus. Keuntungan lan manfaate ya lumayan gedhe amarga tabungan iki jangka panjang. Yen keuntungane wis akeh, tabungan iki bisa dijupuk lan didepositokake kanggo tuku omah utawa kanggo modal usaha. Cara nabung sing aman ya bisa lewat pegadaian emas utawa saka bursa efek sing nyediakake saham. Sing marai bungah yaiku pas ndelok rega saham lan emas sing dituku tambah larang regane lan akeh keuntungane. Persen keuntungan kuwi mau ya bisa dijupuk kanggo tuku kebutuhan sing lagi mendesak. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1543", "text": "Selama urip iki awak dhewe ketemu akeh wong. Akeh seko wong-wong sing awak dhewe tau kenal kui saiki wis arang ketemu. Awak dhewe mung iling rupa utowo awak dhewe mung iling jenenge wae. Awak dhewe mesthi tau ngerasake piye isine pas wong sing awak dhewe celuk kui bedo. Reaksine wong sing salah ngundang kui werno-werno. Ono sing dheweke, pas ngerti yen dheweke salah wong, kui langsung meneng. Polahe koyo dheweke ora ngerti opo-opo. Ono sing nyeraki wonge lan langsung ngomong yen dheweke salah nyeluk mau. Ono uga wong sing pas salah nyeluk wong, malah dadi iso kenalan karo wonge kui. Malah ono sing iso dadi kancanan cerak mergo kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7601", "text": "Mbari kuliah, sek onok waktu gawe istirahat dilut sak durunge mata kuliah selanjute dimulai. Aku ambek koncoku mutusno gawe mampir nang minimarket gawe tuku jajanan karo ombenan. Pas ndelok antriane, aku rodo panik soale antreane lagi dowo banget, dan aku wedi telat melbu kelas. Koncoku nenangno awakku dan tetep ngenteni antrean iki ae. Aku nuruti de’e dan awak dewe wong loro ngenteni antrean iku mau. Pas aku wes katene ndekek barang nang mejo kasir, awakku disurung ambek wong liyo dan wong iku langsung ndekek barange nag mejo iku. Aku sing gak terimo langsung narik klambine dan misuhi de’e. Sing marai mangkel pindo iku pas wong iku nyolot nek iki minimarket nduwene arek fakultase, dadi de’e luwe nduwe prioritas nang kene. Pas wes mari, wong iku langsung ngluyur ngono ae. Atiku rasane wes mrengkel. Nek sampe ketemu ambek wong iku maneh, langsung tak tapok iku raine.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1561", "text": "Aku duwe warteg langganan. Aku kerep mangan neng kono mergo panggon mangane kui cerak karo kampusku, murah, lan rasane uga enak. Pas aku lagi magan neng kono, aku kerungu ibu-ibu sing dhuwe lan sekaligus dodolan neng kono kui tau nesu-nesu. Ibuke nesu neng salah siji pelanggane neng kono mergo wong kui durung bayar utange sing wis akeh. Aku nguping yen dheweke kui ngutang wis ket sesasi wingi sing durung dibayar. Aku kerungune kui uga kaget. Tak deloki rupane mase sing diseneni kui, rupane dadi isin banget. Dheweke ngomong sasi ngarep bakal dibayar. Nanging pas tak sesasi bar kui, aku rung tau delok meneh wonge mangan neng kono. Ketoke mase kui kabur mergo durung iso bayar utange.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1416", "text": "Toilet umum kui biasane reged. Yen ora reged, sak ora-orane kui mesthi mambu pesing. Arang banget awak dhewe nemoke toilet umum sing resik. Supoyo awak dhewe iso nyaman neng panggon kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu nyepake sabun dhewe. Soale, akeh toilet umum sing ora ono sabune. Yen misale ono, sabune kui kerep nemu sing ora ketok higienis. Sing keloro, awak dhewe iso gowo parfum supoyo iso ngurangi ambu sing ora enak. Sing ketelu, awak dhewe kudu cepat tisu. Tisu iku gunane kanggo ngeresiki utowo dadi alas neng jamban sing dilingguhi. Ono wae wong-wong sing ngaggu jamban jenis kui kanthi dodok.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "349", "text": "Kegagalan mergo ditolak seko universitas sing awak dhewe pengeni kui lara banget. Nanging, awak dhewe aja ngelarani ati meneh kanggo nolak awak dhewe. Maksude kui, awak dhewe dadi ngeroso dikucilke mergo ora koyo wong liyo sing mlebu kampus idamane. Awak dhewe kudu trima takdir sing saiki awak dhewe trima. Awak dhewe kudu bangga karo usahane awak dhewe melu ujian kui, senadyan ora keterimo awak dhewe tetep iso jepuk manfaat lan pelajaran seko kegagalan kui. Alon-alon, perasan sedih kui kudu awak dhewe singkirke. Ngewiwiti meneh usaha mlebu ning universitas impian. Awak dhewe mungkin kedisikan karo konco-konco sing liyo, nanging awak dhewe durung telat ngoyak neng kampus idaman.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5710", "text": "Udin wis sepuluh taun dadi marbot masjid ning cedhak omahku. Isuk kanthi sore, Udin kerja lan wayah sore kanthi bengi, Udin ngewangi reresik mesjid lan ngecek sumbangan sing mlebu ning kothak. Dina Sabtu lan Minggu, Udin uga kadhang ngumbah karpet. Nanging, ning sawijining dina, Udin oleh panggilan saka ketua marbot lan Udin dikenalake karo donatur saka PT sing ana ning cedhak mesjid. Udin nampa 50 juta kanggo perbaikan mesjid. Amarga Udin uga ngurusi sumbangan sing mlebu, Udin ngerasa yen dhuwit iki gedhe banget lan risikone gedhe. Pas banget karoudhin lagi butuh dhuwit mbayar pengobatan ibune. Nanging amarga Udin wedi, akhire dhuwit kuwi dilebokake rekening ketua marbot. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "255", "text": "Wektu SD, sekolahku ngadake acara dino dodolan. Jebul dodolan kui ora gampang. Seko perancanaan tekan distribusi kui angel banget. Pas entuk pembeli sing pertama, awak dhewe seneng banget. Mungkin kui sing dirasake kabeh bakul-bakul sing lagi pisanan ngewiwiti usahane. Dino pertama kui sing paling abot. Wong durung kenal karo barang dagangane. Pas ono pelanggan teko, awak dhewe seneng banget. Wongku dilayani koyo rojo. Senadyan penjalukane kui sok ora masuk akal, bakul kui tetep ngeladani, ben iso dadi panglaris jarene. Kepuasan pelanggan sing paling awal kui ogo penting. Yen dee puas karo pelayanane dhewe, dee bakal ngandani wong-wong sing liyo ben tuku ning bakule dhewe. Seko kono wong sing dijak kui ngejak wong sing liyane lan koyo ngono terus tekan dodolan awak dhewe iso payu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7909", "text": "Aku iku tipe wong sing sakjane gampang banget kenek demam panggung ben kate nampil opo ae. Tapi aku nduwe cara sing jitu banget gawe ngatasi demam panggung iku mau, yaiku nyoplok kocomoto. Berhubung mripatku minus, dadi aku nang ndi ae nganggo kocomoto. Nek pas nampil, kocomoto iku tak coplok, sing marakno otomatis aku gak isok ketok rupone wong-wong sing ndelok penampilanku alias burek kabeh. Nek wes ngono, atiku isok luwe tenang mergo aku gak bakal eroh penilaian wong nang penampilanku teko tatapane. Dadi nek awakmu sing nduwe mripat minus terus sering kenek demam panggung koyok aku, coba praktekno caraku iku mau, sopo eroh ngaruh sisan nang awakmu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2014", "text": "Yen awak dhewe gawe salah, awak dhewe ojo wedi jaluk ngapuro. Soale, ora ono salahe awak dhewe jaluk ngaporo karo wong sing awak dhewe larane. Dheweke malah duwe hak kanggo nampo ngapuro seko awak dhewe. Mungkin dheweke iso nesu neng awak dhewe. Arep piye meneh, kui konsekuensi sing kudu awak dhewe terimo. Nanging, yen awak dhewe ora ngomong kui, piye carane wong kui ngerti yen awak dhewe nyeysel wis ngelarani dheweke. Jaluk ngapuro kui uga salah siji bentuk, awak dhewe isih sayang karo wonge kui. Awak dhewe kepengen perkoro rampung nganggo coro sing apik. Kui uga dadi tanda yen awak dhewe wong sing wis dewasa.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "727", "text": "Golek pasangan kui ideal sing setiya karo awak dhewe lan ora ngelirik neng ati wong liya. Awak dhewe ora pengen kesel-kesel nesoni pasangane dhewe pas dheweke ketauan selingkuh. Ono cara supoyo awak dhewe iso entuk wong sing setiya. Sing kesiji, awak dhewe golek wong sing taat karo agamane. Logikane yen dheweke patuh karo Tuhan sing ora ketok, wonge kui bakal luwih setiya meneh neng awak dhewe. Sak liyane kui, wong sing kuat agamane ora sak iso mungkin ara gelem ngelarani pasangane. Sing keloro, golek wong sing iso nompo dhewe opo onone. Yen misale pasangan dhewe kui seneng karo awak dhewe mung mergo bandha utowo rupane dhewe kui iso dadi wonge bakal ora setiya. Soale rong perkoro kui dudu hal sing abadi. Iso wae kui ilang neng seko awak dhewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7995", "text": "Marah iku salah siji perasaan sing pasti tau dirasakno kabeh menungso nang dunyo iki, termasuk awak dewe kabeh. Tau ngeroso gak, nek misal awak dewe lagi marah-marah, sak marine iku pasti bakal ngeroso pegel puol. Kadang malah sampe ngeroso lemes. Dadakno, marah iku salah siji bentuk emosi negatif. Awakmu perlu eroh sisan nek kabeh emosi sing awak dewe ungkapno iku butuh energi. Emosi negatif iku biasane luwe akeh nguras energi. Istilahe ngono kabeh organ iku bakal ngetokno energine gawe ngelepasno emosi negatif iku mau sing marakno awak dewe dadi ngeroso pegel puol. Berhubung marah iku termasuk nang salah siji jenis emosi negatif, iku sebabe awak dewe mbari marah pasti langsung pegel.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7207", "text": "Kadang, ngelamar kerja tok iku gak cukup. Soale jaman saiki, HRD bakal ngorek kepribadianmu teko media sosialmu pisan. Mereka bakal eroh teko beberapa akun media sosial sing mbok cantumno nang CV dan bakal diteliti maneh. Hal iku sebagai langkah cek HRD eroh awakmu nduwe jejak digital sing apik ta elek sebelum mempertimbangkan gawe ngelolosno awakmu. Nek wes ngono, awakmu kudu bangun persona sing apik nang akun media sosialmu. Cara bangun persona iku gak angel kok, dimulai teko hal hal sing cilik ae. Misal gak tau melu komentar utowo rebut nek onok sesuatu sing viral. Terus dilanjut ambek nge-share prestasimu nang media sosial. Tambahi sisan nek awakmu nduwe karya, share sisan nang media sosialmu. Teko kono, HRD pasti bakal ngekeki poin plus dan awakmu nduwe kesempatan luwe duwur ketrimo kerjo nang perusahaan sing mbok lamar.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3448", "text": "Aku ancene gelek getradung ambek pitik soale mesti mlayu keweden polai nag ora mlayu mesti dicucuk sampek gete'en barang. Embahku biyen iku ngandani nang aku nag ditradung ambek pitik babon iku ojo mlayu ambek ojo wedi. Nag awakmu wedi ambek mlayu yo bakal modar awakmu, terus yo bakal diuber sampek pitike maeng kepegelen polahe ngajaki. Terus mbahku ngongkon nag ancene diajaki ambek ditradung iku getaken dewe pitike ben ora wani neradung soale nag mlayu yo mesti tambah ditradung. Dadi sarane mbah iku maeng tak turuti tibake temen-temen manjur ambek ampune megilan. Masio awitane aku rodok wedi tapi sak wise iku maeng ono hasile akhire akhu percoyo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "309", "text": "Yen awak dhewe tau dadi pegawe, awak dhewe kudune ngerti piye abote kerjone kui. Misale durung tau dadi pegawe, awak dhewe iso bersimpati karo kahanan gawean lan kehidupan pegawe. Dadi pas awak dhewe dadi bos sing kudu PHK karyawane, awak dhewe ngerti rasane. Nanging luwih apik yen awak dhewe sebagai sing duwe usaha ora ngemadege pegawene dhewe seko gaweane. Gak ono sing seneng karo sing jenenge PHK. Saliyane ora ngepenake kanggo karyawan, PHK kui ora kepenake kanggo sing duwe usaha. Yen kudu ngurangi jumlah pekerja neng perusahaan kui, iso artine kahanan perekonomian lagi ora stabil. Mergo PHK, akeh wong sing ora duwe penghasilan lan tingkat konsumsine midun. Tingkat konsumsi midun gawe perusahaan ora sehat lan kudu ngurangi pegawae, dadi ono PHK meneh. Proses kui bakal mubeng-mubeng terus tekan ekonomine remuk.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "298", "text": "Ono wong sing berpendapat yen wis nikah ora duwe rencane duwe anak. Jarene duwe anak kui kudu duwe persiapan mental lan finansial. Padahal, saiki donyo lagi ora stabil, rego-rego makin suwe makin mundak lan kesehatan mental saiki makin gawe prihatin. Ono uga wong sing kepengen seneng lan dolan terus pasangane dadi ora gelem repot-repot duwe anak. Yen alasane kurang finansial lan mental kui, menurutku alasen sing kurang pas. Soale, duwe anak kui iso ngelengkapi urip awak dhewe. Mungkin kanggo pertama kaline, ono wong sing tulus butuh bantuane awak dhewe seko cilik banget. Awak dhewe ngeroso dadi siji-sijine wong sing iso jagani wong kui. Ora keroso, mentale dhewe dadi tambah kuat nek ono hubungane karo anak. Awak dhewe dadi iso ngelakoke opo wae, iso nyambut gawe luwih keras ben urip anak nyaman terus.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2519", "text": "Saiki jamane nag seneng lapo-lapo kudu diramek-ramekno koyok seneng oleh pacar kudu diramekno, seneng polahe lulus ujian yo kudu diramekno, ambek seneng-seneng sing liyane. Tapi wong sing ngerasakno seneng iku maeng opo yo ngerti nag ambek ngeramek-ramekno maeng terus wong yo seneg? Gurung karuan seneng. Opo maneh nag seneng lulus ujian, durung karuan konco utowo wong sing parek iku yo seneng. Mangkane nag ngerasakno seneng lulus ujian ojo digembor-gemborno utowo diramek-ramekno ambek alasan syukuran polahe lulus padal yo mok pengen pamer. Dadi kanggo bocah-bocah sing seneng polahe lulus ujian ojo sak karepe dewe ngerayakno rame-rame, wes cukup seneng sak cukupe ae.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5365", "text": "Negara saiki lagi diadu perkara wong-wong sing ora tanggung jawab ngewenehi gawean utawa jatah bangku kuliah marang wong sing seneng dititipake. Kasus sing lagi rame uga gonta-ganti. Saka polisi titipan sing nggeser posisi anake wong susah sing melu seleksi, atlet bal sing ora melu tim inti amarga pemaine titipan saka pelatih utawa tim gedhe, kanthi sing anyar yaiku calon dokter sing mlebu kampus jalur titipan saka wong tuwa kanthi menteri. Sing marai susah lan mangkel kuwi, profesi sing kudune ngabdi marang masyarakat malah diisi karo wong jalur titipan iki. Kamangka tatanan negara iki dikuatirake bal ajur amarga keadilan sing angel digoleki. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3460", "text": "Biyen pas aku isek kulia terus muleh mesti nuggoi ponakanku nang omah. Nah, Ponakanku iki nag ono wong mati mesti wedi nang omah dewean padal deke iku wes SMP. Karo mbah tambah digodoe ambek dielokno, polahe deke masio smp awake iku wes ngalahe bocah SMA mangkane mesti dilokno mbah, \"bocah wes gede nang omah dewe kok ora wane polahe wong mati, nah mene nag gede terus sekolah ado mosok jaluk terno konco\". Yo krungu ngunuku ponakanku mok meneng tok ambek dolanan hp karo ngenteni pakne teko mesjid. Yo asline yo lumrah se, soale desoku isek adoh teko dalan gede terus nag gurine deso iku wes alas sing ora karuan gedene.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "670", "text": "Wingi pas aku neng Bogor, aku ketemu karo adine seko eyang kakungku. Aku lan putu-putu liyane manggile Eyang Usrek. Eyangku sing iki tinggale neng Pamulang, ora adoh-adoh banget seko Bogor. Eyang biasane neng Bogor numpak taksi daring yen ora diterke karo anake. Eyang Usrek kui mampir neng Bogor mergo arep jenguk eyang putriku sing lagi lara. Neng Bogor, Eyang Usrek crito akeh seko kegiatane dheweke sak ben dinone tekan crito pas dheweke haji biyen. Naning, sing marai aku lan ibuku bingung kui crito soal putune sing isih bayi. Soale sak ngertiku putu-putune, eyang kui paling ora wis SMP. Yen misale, crito pas isih bayi kenopo ora crito ket biyen-biyen. Sorene, Eyang Usrek dipetuk karo anake, bulekku. Bulekku kui mlebu omah gowo bayi. Oalah, jebul bulekku kui duwe anak meneh. Aku lan ibuku lagi ngerti. Awak dhewe malah ora ngerti kapan bulekku kui metheng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9495", "text": "Yen duwe kanca utawa dulur sing sik tas mbayi, aja lali kanggo ngucapna selamet lan bisa teka karo nggawa kado. Kado sing digawa nalika ndelok wong mbayi iku pilihane akeh banget. Nanging sing paling penting yaiku barang iku bisa migunani kanggo bayine. Aja lali sisan kanggo golek barang sing bisa nggawe bayine nyaman. Misale ditukokna klambi, ya golek sing kaine apik supaya bayine ora gatel-gatel lan alergi. Saliyane iku, bisa uga kanggo ngewenehi kado kanggo ibuke. Misale ditukokna lilin aromaterapi supaya bisa turu kanti lengger, utawa ditukokna panganan supaya banyu susune bisa metu akeh. Sing penting samubarang iku bisa nggarai ibune lan bayine seneng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1023", "text": "Pas jaman cilikanku, pas SMP, aku lan konco-koncoku lagi ngerti trypophobia kui opo. Wektu ciliki kui awak dhewe ora ngerti kui penyakit opo piye dadi awak dhewe nganggo gambar sing marake wong sing trypophobia kui kanggo gayeng-gayengan wae. Trypophobia kui artine wedi karo lobang-lobang utowo gundukan-gundukan sing polane ora teratur. Pas pisanan delok gambar kui, aku ngerasa biasa wae. Nanging kok makin suwe dideloki makin aku ngeroso jijik. Gambar kui ora mungkin iso ngelitiki nanging aku dadi ngeroso keri. Luwih suwe meneh aku dadi ngeroso jijik lan arep mukok. Ora iso aku delok gambare kui. Nanging seko kui aku ngerti yen aku ora trypophobia, soale aku ora ngeroso wedi blas.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8366", "text": "Sampah iku dadi salah siji penyebabe ingkungan dadi tercemar. Hal iku mergo kakean sampah sing onok nang lingkungan iku angel gawe diuraino dan kudu diolah disik. Dan nek didelok maneh, sampah iki tambah suwe tambah numpuk. Hal iku mergo pengolahan sampah iku gak isok dilut, butuh pirang dino. Tapi, ben dino iku pasti bakal onok sampah sing bertambah. Nek wes ngono, wayahe awak dewe gawe ngurangi produksi sampah ben gak tambah numpuk. Pengurangan sampah iku isok dimulai teko omahe awak dewe disik. Gatekno cara iki nek awakmu pingin ngurangi sampah teko omah. Siji, hindari penggunaan kantong ambek botol plastik. Loro, nganggo piring, mangkok, ambek gelas sing bahane kaca dan guduk sing sekali pakai. Telu, belanja lokal nang Pasar Petani utowo Warung. Papat, perbaiki barang rusak, ojok langsung diguwak. Terakhir, daur ulang barang sing wes gak isok dinggo nek barang iku mau wes gak isok dicikno maneh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "332", "text": "Aku biyen pas SD sempet sekolah sing baline sore, sekitar jam 3 nan. Dadi seko sekolahan wis nyepake panganan kanggo mangan siang. Aku lan konco-koncoku duwe jadwal kanggo gentian jikuk sego, lawuh, lan sayur neng pawon sekolahan. Pas jatahku sing jupuk aku delok panganan sing ketok enak banget. Pas tak cium, ambune gurih-gurih ngono. Seko adoh wernone coklat. Bedekanku lawuh dino kui ketoke semur daging. Mergo ngeroso kui enak, aku kupuk lawuh kui akeh banget. Pas tak kunyah, jebul kui dudu danging nanging terong. Teksture alus banget, naning mripatku deloke kui panganan sing rodo atos. Mergo uteke mume, ngeproses roso sing ora gatuk kui, rasane dadi arep mukok. Tekan saiki, aku angel nek arep mangan terong. Olahan terong sing iso tak pangan mung terong goreng tepung.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5741", "text": "Pas isih cilik, simbahku duwe ternak pitik khusus kanggo pedaging lan uga ternak khusus jago sing kanggo aduan. Jago-jago iki diopeni kanggo didol ning pasar kewan, ana sing kanggo aduan uga mung kanggo pajangan lan diopeni. Kanggo jago aduan iki, simbahku saban isuk mesti ngadusi ning latar omah lan mepe jago saban isuk ben suarane banter lan uga awake sehat uga ora gampang lara. Kanggo jago-jago iki uga kadhang diculake saka kandhang. Kamangka, adhiku wedi amarga tau diuber karo jago-jago kuwi pas cilik. Senajan mung pitik, jago iki yen nguber banter lan uga kadhang ngabyuk marang wong sing ora kenal.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1122", "text": "Aku uga tau pas SMA kui kecelakaan. Bejone, kui kacilakaan tunggal lan ora ono korban lan ora ono sing dirugike. Aku iling banget kedadean koyo piye. Kui kejadiane arep tengah wengi, sekitar jam setengah rolas. Aku bali bengi kui soale bubar ngaji karo konco-konco kui. Posisine kui cerak omah, sekitar 3 kilonan meneh wis tekan. Kui kahanan dalane teles banget mergo maune bar udan. Neng sisih tengen lan kiwo wis ora ono opo-opo sing buka. Nah pas aku lagi numpak montor kui, ngerti-ngerti ono mobil sing arep neng tengah dalan bar parkir. Mergo kaget, aku langsung ngerem. Mungkin mergo kui nganggo rem ngarep sing paling cepet refleke, aku dadi dlesor tibo. Pas kui, wedi banget aku. Wedi yen misale ono mobil sing seko arah liyane lan nabrak aku. Untunge, kui ora ono opo-opo. Paling mung dengkulku sing lecet setitik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "764", "text": "Rasa ketidakadilan kui tekone seko jero awake dhewe, dudu seko jobo. Wong kui yen dikei tindakan sing ora adel mesthi mangkel. Dheweke ngeroso duwe hak sing podo karo liyane. Nanging kenopo, dheweke ora dikei perlakuan sing podo. Sadurunge, awak dhewe bahas luwih lanjut, awak dhewe kudu sadar disik yen donyo kui sama sekali ora adil. Ono previlese sing wong sugih duwe sing awak dhewe ora bakal duwe, meh koyo piye wae awak dhewe usahake. Awak dhewe kudu nrimo kanthi iklas opo sing awak dhewe duweni saiki. Awak dhewe iso wae nesu, ngelawan utowo ngantemi wong-wong sing duwe sikap ora adil marang awak dhewe, nanging kui ora bakal ngowah nasibe dhewe. Malah mergo kui, iso wae nasibe dewe malah soyo elek.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3358", "text": "Sing paling mankelno ati nag gembulan karo konco-konco yoiku gojlokane iku sing ora betahi. Nah sing marakno ora betahi iku nag gojlokane iku marakno eleke awak mergo sing digawe gojlokan iku maeng ancene cacate awak sing iso marakno wong liyo iku maleh mangkel. Nah mangkane saiki perkoro iku maeng wes kedaden nang endi-endi terus kabeh wong tuo ambek guru wes kompak nyaranno ojo sampek perkoro iku maeng kedaden nang bocah-bocah soale iso dadekno gangguan mental nang bocah sing digojloki sampek entek sampek elek maeng. Nah saiki pekoro iku maeng dikenal karo \"Bully\", pada jaman biyen yo gojlokan iku maeng. Terus bocah sing digojloki iku yo mok meneng ae, terus bales ngelokno menisan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2522", "text": "seneng tuku barang sak marine nabung yaiku roso sing teko utowo ono teko roso lego sing dadekno roso seneng nang ati polahe roso lego iku maeng. Lah roso lego dewe iku asline metu teko roso entenge pikir soale tujuan nabung iku maeng we keturutan. Mangkane teko roso iku maeng kadang wong ono sing mujudno ambek guyu tok, ono wing wujudno ambek mensem, ono sing mujudno ambek ngomong syukur karo sing gawe urip ambek liyane-liyane. Lah roso ngeneki ancene iso garai wong senenge pol, apo maneh iku kedaden teko usaha sing dilakoni ambek sing ngerasakno roso iku maeng yoiku rupane nabung maeng. Dadi yo wajar ae nag roso seneng iku ono.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "637", "text": "Sangking akehe video prank neng sosial media iki, dadi makin akeh wong sing arep gawe prank. Pranke kui dienggo konten video utowo kanggo seneng-seneng tok. Nanging, gawe prank kui ora entuk sembarangan opo meneh pranke kui karo wong sing awak dhewe ora kenal. Sing kesiji sing kudu awak dhewe gateke sadurunge gawe prank kui, awak dhewe kudu ngerti dampak seko prank sing arep dilakoke. Prank iki bakal ngerugike wong opo ora. Misale, awak dhewe arep ngeget-geti wong kanggo ombanen sing areh tumpah. Yen wonge kui kaget terus nguncal HP sing lagi dicekel, banjur HPne rusak. Opo awak dhewe iso ngijoli?", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2666", "text": "Sing jenenge urip nag dunyo mesti ono ae pengalaman sing bakal ngancani awak dewek kanggo urip nag dunyo, mboh iku paik utowo elek. Nah sing jenenge pengalaman sing paling menyedihkan nag urip iku yo ora sak lawase elek asline, tapi iku asline pengalaman seng iso dadekno awakmu tambah oleh pengalaman sing iso digawe sangu ngadepi urip nag masa sing ate teko. Pengalaman iki asline teko polahe awakmu ngelakoni perkoro sing ora tau mbok kiro nag bakal kedaden polahe ketledoran, akhire dadekno roso geloh sing paling jero nag ati. Mangkane nag ate ngelakoni opo-opo kudu ati-ati. Ojo sampek ketledoran dadekno ati geloh sing akhire nganggep perkoro sing wes kedaden maeng dadi pengalaman paling elek.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3382", "text": "Aku tau delok koncoku awake iku dredeg polahe kewedan pas ate dioperasi. Dredeg iku tondo-tondo ketoke pol terus kenek didelok teko raine sing kemringet ambek rodok abang, terus tangane iku anyep jejep, maring ngunu motone iku koyok kotong ora ono opo-opo. Roso dredeg iku biasane maeng biasane dialami karo wong sing saking wedine nag perkero sing ate diadepi ambek wong sing jumbule iku kenemenen sampek ngetokno roso wesi. Dadi roso nginiki ancene rodok ewo oleh ngedaliko soale iku ancene sifat alamine menungso sing ancene kabeh wong duwe roso wedi. Dadi wedi polahe perkoro sing anyar ambek perkoro sing blaheni iku ancene lumroh nang uripe menungso.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4489", "text": "Ambu iku ancene kadang iso marakno wong isin ora karoan, opo maneh nag sampek diarani ambi yo tambah isine megilan. Nah kudune ben ora sampek kedaden perkoro ngunuku, yo kudu ngerteni kondisine dewe contohne sak durunge metu iku didelok disek opo awake iku ambune normal opo ora, terus sak liyane iku pakeane barang yo kudu didelok ojo sampek wong-wong sing ono nang pinggire iku mambu sing ora enak akhire dadekno awake dielokno ambu. Masio iku konco dewe sing ngelokno yo tetep sing jenenge roso isin iku bakal metu teko ati. Dadi nag iso yo kudu ngerteni kondisine ambek iso ngoco opo awake iku normal opo ora ambune.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4901", "text": "Ning salah sawijine kantor ning Jakarta, ana kabar babakan PHK masal. Kantor kuwi ya kantore Amir. Isuk kuwi, Amir isih budhal nang kantor lan kerja kaya biyasane. Pas bar istirahat mangan awan, ana kira-kira 40 wong diundang marang HRD kajaba Amir. Jebul wong-wong kuwi diundang amarga arep di-PHK. Kabar kuwi ngagetake wong akeh amarga ora ana sing ngira yen kantor bakal mutusake hubungan kerja karo para karyawan. Karyawan-karyawan kuwi diwenehi surat PHK sing kudu ditandatangani. Surat kuwi isine babakan hak lan kewajiban sing kudu dilakoni karo karyawan lan perusahaan. Kanca-kancane Amir sing kena PHK padha tetangisan amarga ora nyangka yen PHK iki ora mung kabar angin. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3897", "text": "Pengalaman sing ngisini wong iku mesti kedaden nang uripe menungso mboh pas cilik, pas gede, utowo pas rodok gede. Kabeh mesti tau ngalami. Nah contone pengalaman sing gelek kedaden nang lingkungane wong yoiku nag pas nyelok wong terus kecelek, iku ancene ngisine awak ambek rehi. Nah ben asline iku kan kedadean sing ancene ora dikiro ambek ora sengojo, asline yo ora masalah se, terus sing garai roso iku maeng metu kan polahe deke iku gampang maen ati ambek senengane mikir nag mari ngelakoni perkoro iku maeng. Mangkane roso ati iku ora gampang ilang ambek mesti metu terus nag pas leren, soale wes kadung kerekam.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7220", "text": "Tahun 2021, aku resmi dadi mahasiswa S2 ndek UI. Awale aku ngelakoni kabeh dengan ati sing seneng. Mbasio ndek awal aku rodok kangelan mergo aku ketinggalan adoh banget ambek sing liyane, terutama ndek pengalaman, tapi aku tetep berusaha ngejar iku kabeh. Tambah suwe, aku tambah gak kuat mergo aku wes ketinggalan adoh banget. Ben aku kate mencapai target ketertinggalanku, konco-koco kuliahku bakal luwe ngebut maneh dan iku sing marai aku tambah ngoyoh. Suwe-suwe, aku bener-bener tersiksa dan gak nikmati perkuliahan iki maneh. Ilmu sing tak pelajari gak onok sing melbu nang utekku blas. Durung maneh akhire penyakit serangan panik sing wes suwe waras dadi mbalik maneh. Dan mergo iku, wong tuwoku njaluk aku gawe mandek kuliah S2 dan ngelakoni terapi soale mentalku wes gak karu-karuan maneh. Akhire dengan terpaksa, aku mengundurkan diri dadi mahasiswa S2 nang UI.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9142", "text": "Laser-Assisted In-Situ Keratomileusis utowo biasa disebut lasik iku siji prosedur bedah mata. Tujuan gawe dilakoni operasi lasik iku gawe merbaiki fungsi kornea mripat, yaiku mbiasno cahaya utowo ngerefraksi cahaya sing melbu nang mripat ben isok ndelok dengan normal. Umume, wong-wong sing nduwe mripat minus sing kepingin ngeduno tingkat minus mripat e iku ngelakoni prosedur lasik iki. Gawe ngangkat jaringan kornea, dokter iku nganggo laser khusus. Laser iku mau sing nduwe fungsi gawe mbentuk maneh ambek ngubah daya fokus jaringan kornea mripat. Onok pitung jenis operasi lasik. Mulai teko CoZi LASIK, 7D LASIK, LASIK XTRA, No-Touch LASIK, Microkeratome LASIK, ambek Advance Surface Ablation. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "786", "text": "Ora ono wong sing ora mangkel yen gawean idamane kui disaut karo wong sing awak dhewe ora kenal. Rosone awak dhewe pengen ngetoke kata-kata sing elek sing awak dhewe ngerti. Nanging, nesu-nesu koyo ngopo wae ora ngerampungke masalah sing awak dhewe alami. Ben perkoro kui rampung, ono langkah-langkah sing kudu dilakoni. Sing kesiji, awak dhewe kudu iklas yen gawean kui dudu rejekine dhewe. Sing keloro, awak dhewe mulai meneh usahane dhewe kanggo ngoyak cita-cita kerjo neng perusahaan impian meneh. Sing ketelu, awak dhewe kudu evaluasi kira-kira opo sing marake awak dhewe gagal ketompo gawean kui. Sing kepapat, awak dhewe kudu sinau meneh babagan opo sing kurang-kurang mau.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7958", "text": "Nang masyarakat sekitar awak dewe, sek akeh banget uwong sing sek abai karo tindakan bullying. Roto roto iku ngomonge nek perundungan ngono iku mek kenakalan remaja biasa, utowo ngomong nek koyok ngono iku guyonan tok dan ben arek iku mau luwe tangguh. Guyon seh guyon, tapi mosok guyon iku kudu sampe nyikso arek dan marakno arek iku keweden? Guyonan iku kudune perbuatan sing isok nyenengno rong pihak, gak mek sak pihak tok. Nek perbuatan sing nyenengno sak pihak dan ngerugikno pihak liyo, iku jenenge guduk guyonan. Dadi gawe awakmu kabeh, bedakno yo antara guyonan ambek perbuatan bullying. Ojok jarno bullying berkedok guyonan iku tambah akeh kedaden.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5223", "text": "Salah siji penyakit sing ora kabedhek kuwi yaiku angin duduk utawa gangguan aliran darah marang jantung. Penyakit iki bisa kena marang sapa wae, bisa wong tuwa utawa wong enom sing duwe risko gedhe kaya perokok, wong kang ngombe alkohol, uga wong sing gampang stres. Gejala penyakit iki yaiku keringet adhem, mual, mumet, sesek napas, lan lemes. Gejala iki bakal ilang yen istirahat utawa ngombe obat. Nanging ya ono sing ora kerasa lan dipeksa kanggo kerja. Penyakit iki uga bisa nandakake penyakit sing luwih serius ning jantung, amarga kudu ditangani nganggo operasi jantung utawa pasang ring kanggo ngelancarake alirane getih saka awak marang jantung.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "303", "text": "Akeh perusahaan sing nge PHK pegawene tahun 2022 iki. Cetho iki marake wong dadi ora duwe gawean lan durung tentu wong sing di PHK kui entuk gawean meneh mergo akeh perusahaan sing ngurangi pegawene mau. Salah sijini perusahaan merger rintisan sing paling gede neng Indonesia GoTo, perusahan gabungan seko Gojek karo Tokopedia. Perusahaan rintisan unicorn kui ngurangi 1.300 pegawe. Perusahan rintisan sing mirip-mirip GoTo, koyo Shopee lan JD.ID uga ngurangi jumlah pegawene. Ora seko perusahaan neng bidang lapak digital wae sing ngePHK karyawane, perusahaan sing gerak neng bidang pengiriman, koyo siCepat, lan bidang dompet digital, Link-aja, uga ngurangi pegawene. Perusahaan sing gerak neng bidang edukasi koyo ruangguru lan Pahamify uga ngelakoni hal sing podo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4842", "text": "Ora kabeh barang-barang sing tersedia ning toko kuwi lengkap. Kamangka akeh wong kang milih toko online kanggo alternatif blanja. Salah sawijine toko online sing paling tak senengi yaiku Ali Express. Ali Express iki nyediakake barang sing luwih lengkap tinimbang toko online liyane. Toko online iki nyediakake akeh barang sing kualitase luwih apik amarga saka manca negara langsung. Mulai saka barang elektronik kanthi dolanan. Aku tuku dolanan bongkar pasang uga ning toko iki amarga nyediakake asuransi barang sing lengkap lan bisa ngewenehi ganti yen ana kerusakan barang. Regane ning Ali Express iki uga luwih murah lan kadhang ora ana ongkos kirim amarga wis diitung karo barange. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3340", "text": "Biyen pas aku SMP gelek muleh bengi tekok kegiatan ekstra sekolah sing dilakoni mari Ashar. Nah teko sekolahan ancene mari Magrib, tapi pas waktu sampek ate desaku mesti mari Isyak. Nah pas iku, Aku moro-moro ambu wangine pol nang pinggire geladak sing pinggire maeng iku biasane ono ringine. Terus aku mandek ambek tolah-toleh goleki opo sing ambu wangi maeng. Tibake ono puteh-puteh sing rambute rowe-rowe ora karoan. Mari ngunu aku langsung mancal sepeda sampek entek gase polahe keweden. Sing tak pikir mok siji yo opo carane tutuk omah slamet ambek ora lapo-lapo. Saking wedine pas sampek omah ae ora wani nang jeding dewe. Soale jeding mesti ang gurine omah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4880", "text": "Dina Minggu wingi, mbakku dadi temanten. Mbakku lan bojone wis lamaran wiwit wulan Juni. Amarga bojone mbakku wong Aceh, mantenan iki diadakake nganggo 2 adat, yaiku adat Jawa lan adat Aceh pas wayah ngunduh mantu. Acara manten iki direwangi karo jasa WO amarga mbakku pengen kabeh keluwarga ngumpul lan melu dedunga lan ora usah kesel-kesel rewang. Mantenane diadakake ning gedung amarga omahku ora cukup nampung tamu kang akeh. Upacara mantenan iki rangkaiane ana akad lan resepsi. Rampung akad, mbakku lan bojone ngadakake temu penganten nganggo adat Jawa. Keluwarga saka manten kakung ya katon seneng amarga weruh tradisi temanten Jawa iki sakral banget lan akeh maknane. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1453", "text": "Nek delok idu neng jero ruangan kui wis biasa. Awak dhewe kerep delok idu neng endi-endi koyo neng dalanan utowo neng lapangan. Tetep marake jijik, nanging paling ora awak dhewe wis baisa. Awak dhewe wis nganggep ngagep neng jobo kui wis panggon reged, dadine nek tambah regedan koyo idu mau awak dhewe isih paham. Nanging sing aku ora paham kui yen ono idu neng ngarep jero ruangan. Arang tak temuke nanging ono wae. Aku tau delok bekas idu neng mal, luwih seko peng siji. Aku mikir pas delok kui. Opo wonge kui ora sengojo opo piye ngono loh. Tekan saiki, aku isih ora ngerti kenopo kok iso-isone ono wong sing ngidu neng jero ruangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3041", "text": "Ulan wingi pas dolan nang kota pahlawan aku ambek koncoku ate nyambangi usahae koncoku nang salah sijine kampus nang daerah A.Yani. Pas iki dalane macete megilan opo maneh sing arah teko kota pinggire. Terus posisine awak dewek iku pas rodok minggir, mari ngunu ono angkot sing pas waktu lampu ijo ora mlaku-mlaku tambah ngenteni penumpang. Akhire awak dewek karo wong sing nag ngguri-nggurine podo ngebeli kabeh soale ngewoi wong liwat. Tapi supire tambah ngamok-ngamok soale ora terimo dibel. Mari ngunu montor-montor sing nang burine melok ngebel sisan dadi ramene pol bel-belan maeng. Sampek polisi PJR sing nang pos moro akhire sopir angkot maeng dikongkon minggir ambek diseret.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9839", "text": "Prank miturut Islam iku padha wae karo usil utawa ngguda. Usil ning wong liya yen nganti nggarai isin lan lara ati sakjane ya ora oleh dilakoni. Kejaba jarene mung dinggo guyonan utawa supaya swasanae seru, nanging yen wis nganti wong sing diprank isin utawa lara ati ya wis ora oleh diterusna. Apa maneh ngeprank gur kanggo mlebu konten media sosial. Iku akhire kalebu ngemanfaatno wong liya sing wis kadang nangis-nangis nganti semaput amarga kaget pas diprank. Mula ngeprank kadang dadi samubarang sing bahaya yen sing diprank wis nganti kaya ngono. Dadi kanggo kowe kabeh sing duweni rencana kanggo ngeprank kanca, aja nganti nggarai kancamu keisinan utawa lara ati ya!.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7573", "text": "Salah siji alat pendeteksi wong wedok meteng ta gak iku jenengen test pack. Test pack iki alat uji kehamilan sing kerjoe dengan cara mendeteksi hormon hCG (human chorionic gonadotropin) nang njero urin. Hormon iki biasane bakal diproduksi mbarine sel telur wes dibuahi kalo sel sperma terus nempel nang dinding rahim. Pas meteng, produksi hormon hCG iki ngelonjak puol sampe rong kali lipete ben rong utowo telung dino. Onok loro jenis test pack, yaiku sing nganggo sampel urin karo sampel darah. Test pack sing nganggo sampel urin isok dilakoni dewe nang omah, tapi biasane kurang akurat. Test pack sing nganggo sampel darah mek isok dilakoni nek ambek dokter, tapi luwe akurat.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2958", "text": "Nag petuk konco lawas sing ora tau metu mesti jumbol. Nah nag jumbul sing apik iku kudune ora garai wong sing delok iku mangkel. tapi garai wong sing delok iku senenge. opo maneh konco sing wes suwe ora petuk. Mangkane nag petuk konco lawas kudu disopo sing apik masio awak dewek kabeh iku jumbul tapi ojo sampek sing garai jumbul maeng jengkel. Tapi nag iku maeng isek perkoro apik, jane yo dibales ambek sambutan sing apik. Terus ojo sampek dadekno perkoro sing jengkelno opomaneh wes ora tau petok suwe. Dadi dadekno roso jumbulmu maeng dadi roso jumbul sing iso dadekno koncomu maeng iso ngeroso nag deke iku termasuk konco sing ancene apik nang awakmu.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2990", "text": "Pas aku dowload film luar negeri ono film sing klebu kategori petualangan. Nang film iku diceritakno nak ono bocah lanang sing nemokno peta harta karun sing ono nang mejoe Mbahe sing wes mati. Bocah lanang maeng terus jajal ngetotno dalan sing digambar nang peta maeng. Tapi karo mase bocah maeng nag peta iku ora temenan soale peta iku mlayu nang latar sing ono nang burine omahe sing jurus nang gunung sing ono nang gurine omahe. Mari ngunu bocah iku maeng tetep ora percoyo dadi tetep budal, terus mase bocah maeng yo tetep ngetotno adike maeng. Pas tutuk enggon sing dimaksud ambek peta maeng bocah iku jumbul tibake ono guo sing apike megilan ambek tumpukan emas. Tapi sak durunge mlebu guo jipek iku maeng tibak ono kadal guedene pol. Terus bocah maeng sengedan terus balik muleh kanggo golek cara yo opo iso jipek maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5206", "text": "Kaget amarga ndelok setan kuwi pancen ora bisa diprediksi amarga kadhang awak dhewe ya lagi apes. Uga kadhang apa sing didelok iki ya dudu setan temenan amarga mung ayang-ayang godhong, uga barang sing kadhang membo-membo kaya sprei putih. Nanging, tetep wae mesti ana rasa kaget sing ana ning jero ati amarga ana perasaan refleks. Kanggo nangani iki, sing perlu dilakoni yaiku tarik napas sing dawa lan lungguh amarga butuh nenange detakan saka jantung. Kaping pindho, kudu ngombe banyu putih amarga banyu putih bisa marai detak jantung normal maneh. kaping telu, yaiku peregangan amarga wong kaget kuwi uga ngerasa yen urat ning awak iki ketarik. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4886", "text": "Ana tradisi temanten Jawa sing nduwe kaitan karo tata cara dandan, yaiku paes. Paes manten iki akeh jenise, yaiku paes Jogja lan paes Solo. Jenis paes iki ya isih ana maceme kaya paes ageng, paes ageng jangan menir, paes pakualaman lan liyan-liyane. Paes iki biasane wis digawe saka dina sak durunge mantenan utawa midodareni. Rambute manten bakal dikerik miturut bentuk paes sing arep dinggo kanggo pemantes. Alise uga dikerih jare ben manglingi. Pas temu manten, paes kuwi digambar utawa diwerna nganggo pidih utawa lilin ireng ben katon teges. Ning tradisi Jogja, pidih sing dinggo iki warnane ireng, ning Solo pidih warnane bisa ireng utawa ijo. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9507", "text": "Sawise di-PHK mesti bakalan sedih banget. Mangan ora enak, turu ora lengger, saben dina kepikiran kepiye carane golek penggawean anyar. Ana pirang-pirang cara kanggo golek penggawean anyar sawise di-PHK. Nomer siji, kudu ngapiki CV utawa catethan awakdhewe wis megawe ana ing ngendi wae, oleh bagian apa, lan sapanunggale. Nomer loro, kudu nguatna kekanca amarga kadang-kadang rejeki iku tekane liwat kanca cedhak. Nomer telu, nalika wes oleh gawean aja lali kanggo ngelaksanakake kanti tenanan. Kudu niat nalika nyambut gawe lan kudu mesti donga marang Gusti supaya dilancarke. Kira-kira semana cara kanggo cepet golek penggawean maneh nalika kena PHK karo pabrik utawa kantor panggon nyambut gawe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9473", "text": "Puput tau ora sengaja ketemu karo Renjun, salah siji penyanyi misuwur Indonesia ing warung mangan. Puput bingung kok akeh banget wong sing lungguh-lungguh ana ing njabane warung lan ora mlebu. Wong-wong iku uga nggawa kamera sing gedhe lan wis nyepakke HP kanggo ngerekam. Nalika Puput mlebu warung, dheweke luwih kaget maneh amarga ana Renjun. Pantes wae ning ngarep akeh wong sing ngenteni. Warung mangan iku rame banget padha mbengok-mbengok jenenge Renjun supaya bisa metu lan ketemu karo wong-wong sing ana ing ngarep. Ora mandeg saka kana, dalanan mlebu warung mangan iku uga dijaga karo polisi lan satpam akeh banget. Swasana mangan dina iku seneng banget amarga Puput bisa ora sengaja mangan sak panggon karo artis misuwur sing disenengi yaiku Renjun.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1086", "text": "Konggo wong sing lagi arep pertama kali operasi kui rasane mesthi wedi banget. Dheweke dadi ora iso turu lan atine dadi gelisah banget. Nanging, dheweke ngerti yen operasi pilihan paling apik kanggo kesehatane. Gelem ora gelem kudu dilakoke. Supoyo awak dhewe ora wedi pas arep operasi, ono beberapa hasil sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu turu sing cukup. Ojo ngasi awak dhewe kurang turu pas arep dioprasi. Turu kui uga ngewangi awak dhewe ben ora mikir macem-macem. Sing keloro, awak dhewe kudu duwe pikiran postif. Awak dhewe kudu mikir yen proses operasi iki bakal rampung kanthi sae. Sing ketelu, awak dhewe kudu iling seko niate dhewe operasi, yaiku pengen cepet mari.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2979", "text": "Wingi koncoku sing wes nikah limang tahun iku moro-moro berok-berok soale jumbul nag deke iku meteng. Nah wong sing meteng iku anjurane sak pirang-pirang sing kudu dituruti opo maenh ang wong iku maeng urip nanggone adat utowo masyarakat sing isek junjung ritual adat. Yo bakal melok aturan adat. Sak liyane iku yo kudu melok anjuran dokter opo sing kudu dilakoni kanggo wong sing meteng yaiku mangan panganan sing gizine akeh, soale kanggo nyukupi kebutuhane awake sing wes ono koro, ngombe vitamin ben iso nyukupi vitamin sing dibutohno awak, terus olah raga sing teratur, ben iso ngelancarno darah sing iku penting kanggo kesehatan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4476", "text": "Wong sing urip nang dunyo iki mesti tau ngelakoni perkoro elek, mboh iku disengojo utowo ora disengojo. Nah wong sing tau ngelakoni elek nag ancene wong iku maeng ora kulino ngelakoni elek mesti wedi ngelakoni perkoro elek iku maeng, nah nag wes kadung biasa ngelakoni perkoro elek iku maeng, yo ora ngiro wedi konangan mergo deke iku wes dikenal karo wong-wong sing ono nang pinggire nag penggaweane iku ngelakoni perkoro sing elek. Nah seje maneh ambek wong sing terkenal nang lingkungane nag deke iku wonge apik, yo jelas nag konangan ngelakoni perkoro sing elek mesti isine megilan. Mboh iku ora sengojo utowo sengojo mesti bakal ngelekno deke. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4972", "text": "Getun ning urip iki salah sijine disebabake karo kurang persiapan kanggo urip. Salah sijine yaiku persiapan asuransi kesehatan kanggo jaga-jaga umpama kondisi kesehatane awak dhewe kurang apik. Salah siji asuransi sing disediakake pemerintah iki yaiku BPJS. Asuransi iki wajib saka pemerintah. Iurane 35 ewu kanthi 150 ewu sak ulan. Program iki sasarane yaiku warga sipil, pegawe swasta, lan pegawe negeri utawa meh kabeh ditanggung. BPJS iki dibentuk amarga ada amanat saka Undang-Undang Nomor 40 Tahun 2004 babagan Sistem Jaminan Sosial Nasional dan Undang-Undang Nomor 24 Tahun 2011 babagan Badan Penyelenggara Jaminan Sosial. BPJS kesehatan iki uga duwe standar apa wae sing bisa ditanggung lan apa wae sing ora. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4326", "text": "Roto-roto wong nag nyawang utowo delok sing jenenge teleke kewan iku mesti jijik ambek jembere megilan. Nah sing diarani teleke kewan iku yo macem-macem bentuke karek kewane maeng kewan opo sing nelek. Nah sing garai wong nag delok telek kewan iku jember ambek jijik yoiku ambune sing ora enake megilan. Nah ambune iku maeng ancene koyok panganan bosok sing ancene diler ambek mangkane ambu sing ora enak iku sampek ora karoan ambune. Terus durung modele sing ora karoan, opo maneh sing ajor yo tambah marakno wong ora mentolo masih polahe bentuke iku blotrok ora karoan. Nah mergo iku maeng mangkane nag ono wong sing delok mesti jember.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2996", "text": "Saiki wes arang wong nemokno sing jenenge harta karun, mangkane nag ono sing nemokno yo mesti bakal jumbulno wong endi-endi soale sing jenege harta karun iku mesti ora gampang digoleki. Koncokoku sing jurusan arkeolog sing gelek dolan-dolan nang gon-gon sejarah kanggo neliti ae ngomong nag harta karun iku ora bakal iso ditemokno soale wong nginiki ora duwe alate ambek ora ngerti carane nemokno. Mangkane nag ono sing nemokno yo jelas singjumbul ora wong iku tok tapi yo mesti kesiar nang endi-endi ambek bakalan rame anjok pirang-pirang wong sing nang kiwo tengene wong sing nemokno maeng. Mangkane wong sing nemokno ora mungkin ora jumbul soale iku temasuk barang sing langkehe megilan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9153", "text": "Jaman saiki, lagi rame banget uwong mbahas tentang anger room utowo rage room. Rage room dewe iku ruangan sing didesain khusus gawe uwong sing pingin ngeluapno emosine gawe sesaat. Nang ruangan iku, uwong isok ngencurno sembarang kalir jenis barang-barang koyok piring kaca, cangkir, TV, komputer, dan akeh liyane maneh. Ruangane iku bersifat privat. Nang kono, penyelenggara rage room iku ngeklaim nek mereka isok ngekeki fasilitas gawe merbaiki suasana hati pelanggane dengan cara ngelampiasno iku kabeh. Siji sesi rage room iku kisarane sekitar 15—30 menit. Ben wektu sing bedo iku bakal dikeki rego sing bedo sisan. Tiket sing ditawarno iku biasane mulai 125 ewu ben 15 menit.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4929", "text": "Dadi wong sing sering gagal ning akeh kesempatan iki bisa marai mental luwih kuat. Nanging, kegagalan iki uga bisa diolah dadi cara sing apik kanggo sukses ning langkah sak teruse. Kamangka, ana sing ngomong yen gagal iki ana jatahe lan kudu dientekake mumpung isih enom lan energine isih akeh. Ayo dadi wong sing bisa nggolek uga manfaatke keadaan ben bisa dadi wong kang sukses. Aja lali kudu evaluasi cara kerja ben bisa ningkatake mutu lan uga nambah kekancan, amarga kekancan kuwi bisa nggawa rejeki kanggo awak dhewe. Kegagalan ning urip iki pancen mesti anak, nanging kudu diadepi nganggo sirah sing enteng lan kondisi sing waras.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4865", "text": "Taun iki, penghargaan piala citra ning Indonesia sambutane meriah amarga akeh rangkaian acara sing wis ditampilake ning sosial media. Nanging, saka pagelaran iki, penghargaan piala citra iki akeh sing ora sreg amarga ana salah sawijining juri film sing kena kasus pelecehan ing ranah seksual. Pagelaran iki dadi sorotan amarga ora sejalan karo misi lan tema sing diangkat taun iki yaiku babakan urip wanita ning Indonesia. Akeh wong sing kuciwa lan ora setuju karo penjurian iki. Nanging ya ana sing ngomong yen kudu misahake kasus kuwi karo kualitas jurine sing pancen ahli ning film. Kajaba saka kasus kuwi, pagelaran piala citra taun iki sukses gedhen. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9930", "text": "Pas aku ndelok konser wingi, aku kaget amarga wong sing teka rata-rata wong lanang karo kanca-kancane. Aku sakjane rada wedi nanging aku rada santai amarga mikir ora bakal ana apa-apa. In tengah konser aku kuaget amarga teka mburi ana wong sing nggepuk aku karo tangane. Aku kerasa lara lan aku akhire noleh ning mburi. Tak delok kayane wong iku mabuk dadine kaya ora sadar. Ora kesuwen aku langsung mbengok ning ngarepe wonge. Aku muring-muring banget amarga dheweke malah ngguya ngguyu. Akhire aku dipisahna karo kanca-kancane lan padha njaluk sepura ning aku. Mari kedadean iku, aku langsung metu saka panggon konser lan mulih karo ati sing isih ngamuk lan mangkel pol. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3885", "text": "Ambu iku ancene ono sing ngisine ambek sing nyenengno. Nag ambune wangi iku iso nyenengeno tapi nag ambune ora wangi iku iso dadi biasa ae, yo iso ae dadi ngisino wonge sing duwe ambu iku maeng. Tapi kabeh iku karek wonge nanggepine iku piye. Nag wonge iku nanggepi ambu sing ora enak iku maeng dadi aib utowo perkoro sing iso dadekno wonge medon statuse, yo bakal isin, tapi nag nganggep iku biasa wae yo ora masalah. Soale ancene kabeh iku karek wonge, masio sing jenenge ambu iku dianggep wong liyo dadi perkoro sing ngisin-ngisine tapi wong sing duwe ambu ora ngereken yo bakal biasa wae. Opo maneh nag wong iku biasane wes ngadepi perkoro ngunu yo tambah biasa wae.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1477", "text": "Panganan sing wis mambu kui pancen jijik, opo meneh yen panganane kui wis dinengke luwih seko rong dino. Ambune panganan kui wis ora nguwati. Awak dhewe ora mungkin mangan panganan sing mambu. Nanging, masalah sing jedul kui awak dhewe rodo keangelan guak panganan sing wis mambu kui. Ono beberapa cara sing kudu awak dhewe lakoke kanggo guwe panganan sing wis mambu. Sing kesiji, awak dhewe iso mindah kui neng kantong kresek. Yen pangane kui ono kuahe, awak dhewe kudu ngedobeli kantok kreseke supoyo ora utah. Sing keloro, awak dhewe iso nahan napas pas lagi guak panganan mambu kui. Sing ketelu, awak dhewe kudu ngetoke sampah busuke kui ngepasi dino tukang sampahe jipuk.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7957", "text": "Bullying iku sakjane dadi salah siji perbuatan sing gak isok disepuro. Soale bullying iku pasti akibate bakal elek banget gawe korbane. Nek wes ngono, awak dewe kudu mulai nyegah bullying ben gak tambah akeh kedaden. Pencegahan bullying iku kudu menyeluruh. Siji, pencegahan teko arek. Awak dewe isok ngekeki pengetahuan opo iku bullying dan pastikno arek iku mau isok ngelawan tindakan bullying nek iku kedaden nang de’e. Pisan keki pengetahuan cara nggolek bantuan nek ndelok tindakan bullying. Loro, pencegahan teko keluarga. Tanemno nilai-nilai keagamaan nang arek, mupuk rasa percaya diri karo tatak nang arek, ambek ngajarno etika. Telu, pencegahan teko sekolah. Sekolah iku panggon sing paling sering kedadene bullying. Pihak sekolah iku kudu mulai nerapno komunikasi efektif antara guru karo murid, sampe nyediakno bantuan gawe murid sing dadi korban bullying. Terakhir, pencegahan teko masyarakat. Sak isoke pilih ambek bangun lingkungan masyarakat sing peduli ambek perlindungan arek ambek ngelawan keras tindakan bullying.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "207", "text": "Mlebu universitas sing diidam-idamku ket biyen kui pancen rosone seneng banget. Mergo kui, awak dhewe kudu bersyukur. Cara bersyukure kui iso werno-werno. Sing paling utama, awak dhewe kudu bersyukur marang Tuhan Sing Maha Esa. Mergo tanpa bantuan Tuhan, awak dhew ora nompo opo-opo neng donyo iki. Awak dhewe uga iso ngucapke terima kasih karo wong-wong sing ngebantu awak dhewe selama proses sinau kanggo mlebu kampus idaman. Awak dhewe iso ngucapke terima kasih neng wong tuwo, guru, konco-konco, lan sopo-sopo wae sing wis ngewangi. Luwih apik meneh, yen rupa terima kasih kui, dalam bentuk hadiah. Awak dhewe iso tuku barang-barang sing disenenge karo wong sing ngewangi kui. Ora kudu larang-larang, intine kowe ngungkapke roso berterimakasihmu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2994", "text": "Nag delok film-film sing artis-artis iku dolan-dolan adoh, mboh iku nang alas, nang laut, utowo nang panggonan sing sekirane ora dienggoni menungso mesti ono perkoro sing garai artise maeng jumbul koyok nemok harta karun, petok monster, ambek liyan-liyane. Sing biasane gelek garai wong jumbul campur seneng yo iku nag nemokno harta karun. Lapooh kok mesti jumbul ambek seneng? soale akeh-akehe wong iku arang seng nemokno koyok ngunuku terus iku yo ragane larange mgilan sing iso dadekno wong iku sugehe ora karuan. Mangkane wong sing nemokno harta karun mesti jumbul soale yo iku maeng. Terus sing jenenge harta karun iku langkah.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5618", "text": "Akeh sing ngalami kerampokan utawa begal ning dalan amarga kurange waspada lan kurang apal rute. Kanggo wong sing warga lokal, mestine wis nguwasai wilayah lan kenal lingkungan. Nanging kanggo wong sing anyar ning wilayah, mesti wis diincer amarga durung kenal sapa-sapa lan wilayah. Babagan iki marai akeh korban kerampokan utawa begal iki ora bisa njaluk tulung, apa maneh wayah bengi. Kamangka, kanggo ngindari kriminal iki, sing paling penting yaiku urip sosial sing apik marang tanggane lan uga nduwe nomor darurat kaya RT, RW, utawa petugas keamanan. Amarga kuwi, ayo luwih waspada marang dalan rute lan lingkungan panggon sekolah, kerja, lan uga omahe awak dhewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7648", "text": "Macet iku ancene hal sing gak isok dihindari nang jaman saiki. Sing paling marai panik iku nek pas awakmu kudu kejebak macet pas kate melbu kuliah utowo pas kate kerjo. Hal iku opo’o wong-wong akeh banget sing milih gawe berangkat awal timbangane berangkat mepet. Nek berangkat luwe awal, kemungkinan onok macet iku cilik banget, mergo dalanane sek lowong. Mentok-mentok o berangkat awal tapi sek kenek macet, awakmu sek nduwe waktu sing cukup gawe isok tutuk kampus utowo kantor mau. Nek wes ngono, pikiran iku isok luwe rileks dan gak bakal pegel dewe. Dadi ayo mulai saiki berangkat ngawali cek gak kenek macet rek. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1074", "text": "Delok wong sing lagi kelelep, podo medeni karo wong sing kelelep. Senadyan awak dhewe aman-aman wae ono neng panggon sing gareng, nanging awak dhewe koyo iso ngerasake opo sing diraske wong sing neng jero banyu kui. Opo meneh yen awak dhewe ora iso renang, kui dadi salah siji alesan kenopo awak dhewe uga ngeroso wedi. Mungkin, awak dhewe uga tau kelelep lan kui gawe awak dhewe trauma. Delok wong sing kelelep kui iso jedulke ingetan sing ora penak kui. Awak dhewe uga iso ngerasake panik sing podo koyo wong sing kelelep tenanan, ora mung melu wedi. Awak dhewe dadi ora iso ngewangi opo-opo kanggo nulungi wong sing susah neng jero banyu kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5744", "text": "Diuber kewan kuwi dadi salah siji pengalaman sing lucu nanging uga medeni amarga ana wong sing nganthi trauma marang kewan sing sajane ya ora medeni kaya pitik, menthog, lan uga kewan cilik liyane. Nanging sing marai wong wedi kuwi perilaku kewan sing ora bisa diprediksi iki. Ana sing moro ngabyuk utawa nyokot banjur marai kaget. Kewan iki bisa marai fobia utawa trauma senajan yen ketemu uga mung meneng. Kamangka, yen ana wong sing wedi marang kewan-kewan iki mesti amarga nduweni trauma dhewe. Trauma iki bisa ilang yen sering ana kontak utawa interaksi lan uga ana keyakinan yen kelakuan kewan kuwi uga akeh maceme. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "357", "text": "Alesan awak dhewe iso nguciwake wong liiyo kui utowo awak dhewe ngerasa dikuciwake kui salah sijine mergo perkoro komunikasi sing elek. Iki krungune koyo masalah sing sepele, nanging yen ora dibenahi seko awal kui iso ngerembet neng endi-endi. Sing kudu awak dhewe lakoni kui ngandani wong opo sing awak dhewe pengen. Iki fungsine karo jogo ekspektasi. Ojo nganti wonge kui berharap luwih seko kemampuan lan kenyamanane awak dhewe. Sing keloro, ngerungoke. Pasangane awak dhewe ugo duwe ekpektasi lan kepenginan, ora mung awak dhewe wae. Awak dhewe kudu ngerungoke kui supoyo awak dhewe iso luwih ngerti pemikiran lan perasaane. Yen langkah siji karo loro dilakoni, langkah selanjute kui diskuisi. Awak dhewe nentoke titik tengah ben kabeh iso ngerasake seneng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "346", "text": "Yen ngeroso sedih pas ngerti awak dhewe ora ketompo neng universitas sing dipengeni kui wajar. Awak dhewe wis usaha lan ngorbanke akeh tenaga lan wektu kanggo tujuan kui. Nanging sedihe kui, ora kudu suwe-suwe. Ben sedihe kui cepet ilang, ono beberapa coro sing iso dilakoke. Sing kepisan, awak duwe kudu trimo kui takdere dhewe. Jodohe awak dhewe, mungkin dudu sing awak dhewe pengeneni, naning awak dhewe kudu percoyo, Tuhan luwih ngerti sing paling apik kanggo awak dhewe. Ke-2, ojo buka media sosial disik. Jaman saiki konco-koncone dhewe mesthi ngepamerke momen bahagiane neng media sosial termasuk, pengumanan ketompo kui. Yen awak dhewe ora iso melung seneng delok berita bahagia kui, mendeng ora usah buka media sosial disik. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9461", "text": "Dadang wis 5 taun kerja ana ing kantor kanggo nyetak buku. Bageane Dadang yaiku dadi wong sing ngedol alias marketing. Saben dina Dadang budhal menyang kantor jam 8 isuk lan bakal mulih jam 5 sore. Nalika ana lembur, Dadang bisa mulih nganti jam 8 bengi. Seminggu iki ana adicara penghargaan karyawang sing paling sregep. Dadang uga mlebu salah siji calon sing bakal oleh penghargaan kuwi. Ora disangka nalika ana wara-wara, penghargaan karyawan paling sregep dikekna Dadang. Dheweke ora nyangka amarga saben dina ya kerja kaya biyasane lan ora ana gawean sing kusus. Nanging Dadang tetep matur nuwun marang Gusti, amarga sawise oleh penghargaan iki Dadang bisa munggah pangkat.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8304", "text": "Awakmu tau nggatekno gak, ben uwong mabuk, opo maneh nek wes mabuk nuemen, pasti ujung-ujunge iku bakal muntah. Bah iku mabuk mergo perjalanan utowo mabuk mergo mendem. Muntah iku kan mergo onok kontraksi nang lambung sing marakno isi weteng metu. Nah mabuk iku mau keadaen mergo onok kontraksi nang weteng iku mau. Nek mabuk perjalanan iku kan mergo onok gerakan nang kendaraan sing marakno mukok dan isok berujung muntah. Nek sing mabuk mergo mendem iku mergo alkohol iku marakno iritasi nang lambung. Nek wes ngono, isok marakno mukok sisan dan maleh dadi muntah. Iku sing marakno uwong sing mabuk iku pasti akeh muntahe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7967", "text": "Revenge porn iku lagi rame banget nang media sosial. Revenge porn iku perbuatan mengancam sing engkok pelaku bakal nyebarno foto utowo video intim ambek pacare nang media sosial. Alesan gawe ngelakoni iku biasane mergo lara ati diputusno utowo hubungane gak direstui ambek keluargane. Nek misal awakmu ngalami hal sing koyok ngene, onok cara sing isok mbok lakoni. Siji, balik nang keluargamu utowo wong sing isok mbok percoyo dan gelem ngelindungi awakmu. Loro, nggolek bala bantuan, contoh nang organisasi perempuan utowo bantuan hukum. Telu, nang psikolog nek misal iku sampe marakno awakmu stres nemen. Papat, ojok buka media sosial, nek isok sekalian ganti nomer ambek ganti akun media sosial. Terakhir, terimo konsekuensi. Yakino awakmu dewe nek perkoro iki bakal mari nek awak dewe gelem bertindak dan wes berupaya gawe ngelarno.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "235", "text": "Awak dhewe ora iso nentuke wong tuwane awak dhewe sopo. Awak dhewe ora iso milih seko ras utowo suku opo awak dhewe dilahirke. Babagan ras kui, iso dadi keberuntungan kanggo awak dhewe, terutama neng jero konteks olahraga. Wong seko ras utowo keturunan tertenu nguasai sebagian besar cabang olahraga sing ono neng donyo iki. Ras kulit ireng utowo negroid duwe perawakan sing gedhe, otot sing lentur, lan stamina sing akeh, sing iso dadi keunggulan neng olahraga bal-balan lan american football. Wong kulit putih utowo kaukasian uga ora kalah gagahe. Wong-wong sing keturunan Asia, Asia Tenggara khususe, arang krunge neng dunia olahraga kecuali bulu tangkis. Mergo awak dhewe, secara genetis kui dhuwe awak sing luwih cilik dibandingke ras-ras liyane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6156", "text": "Nduwe klambi sing pasaran kuwi pancen angel banget, apa maneh klambi kuwi didol ning toko online lan warnane umum banget kaya ireng, putih, lan uga sak panunggale. Nanging cara iki bisa dikurangi yen awak dhewe ngerti cara madukake klambi kaya misale nggolek werna kerudung lan uga celana sing bedha. Kaya kemeja dawa kuwi kudune bisa dinggo dadi pakaian njaba uga ditutupi rompi sing warnane bisa nyamarake. Sajane awak dhewe kudu ngerti yen klambi iki pasaran ben bisa nggawe variasi utawa ngurungake niat kanggo tuku ben ora padha karo wong liya. Nanging sing penting yaiku tetep percaya diri senajan ning panggonan umum ketemu wong sing klambine padha. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7200", "text": "Dino iki aku kerjo nang kontor koyok biasane. Moro-moro aku dikandani ambek rekan kerjaku nek aku diceluk ambek HRD kantorku. Aku bingung, ndalapo sampe aku diceluk koyok ngono. Akhire tak iyoni ae dan aku mlaku nang ruang HRD. Pas aku takon opo’o kok moro aku diceluk, padahal aku gak ngelakoni pelanggaran apa pun. HRD ku ngomong nek aku kepekso bakal dipecat. Aku gak percoyo lah. Opo maksute aku dipecat padahal kerjoku apik-apik ae. Pas aku takon alesane opo, dadakno onok anake direktur kantor sing bakal ngisi posisiku dan aku kudu metu teko kantor iki. Sing marai aku mangkel pindo, barang-barangku wes kudu resik maksimal minggu ngarep. Ngeroso gak nduwe kekuatan apa pun, opo maneh ngelawan anake direktur, akhire aku mek isok pasrah. Aku pun cerito nang rekan kerjoku dan kabeh langsung melu sedih. Kabeh podo nyemangati aku dan ngongkon sabar, tapi gak isok. Iki kabeh dadakan banget, dan aku durung nduwe rencana apa pun gawe isok kerjo nang nggon liyane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3791", "text": "Biyen pas isek seneg-senenge bluron ambek konco-konco cilik, aku gelek biasane seneng slurup suwe ambek ados sing rodok ado teko got nang jublang ben ora kenek opo-opo sing marakno gudiken. Nah ono koncoku sing bocahe ora gatekno opo-opo, deke iku adus utowo bluron nang jublang parek ambek got sing milih maeng. Nah pas bocahe maeng sneneg-senenge ados, moro-moro onoh kuning-kuning sing bentuke koyok blungko tapi cilik terus dowo. Nah koncoku sing ora ngerti maeng akhire di jipek, pas dijipek maeng tibake iku taeke wong sing ngisinge rodok adoh. Terus koncoku maeng langsung mentas soale bocahe gilanen mari nyekel taek iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "646", "text": "Rasane ketinggalan moda tranportasi umum kui ora penak banget. Yen kui mergo kesalahan awak dhewe, rasa deg-degan kui pas awak dhewe neng stasiun utowo bandara kui ora ilang-ilang selama perjalanan mrono. Ben awak dhewe ora ngerasake kui, ono sing kudu digateke sak durunge awak dhewe mangkat neng bandara utowo stasiun kui. Sing kesiji, sedino sak durunge mangkat awak dhewe wis cepak-cepak disik. Ora pas 1 jam utowo 2 jam sang durunge mangkat lagi disiapke opo sing ameh digowo. Sing keloro, awak dhewe duwe estimasi perjalanan seko omah neng panggong kui. Paling ora awak dhewe tekan kono kui 1 jam sak durunge neng bandara lan 30 menit sak durunge neng stasiun. Dadi misale, sepure mangkat jam 10 wengi. Paling ora awak dhewe wis tekan kono jam setengah 10 wengi. Perjalanan seko omah neng stasiun kui 30 menit misale, dadi awak dhewe kudune mangkat seko omah jam 9 wengi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "310", "text": "Pas eyang kakung meninggal, ibuku lan kakang-mbakyu sedih banget. Ibuku anak bontot seko 4 bersaudara. Hubungan ibuku karo dulur-dulure rengket banget. Pas eyang kakung sakit, 4 sedulur kui gentenan ngopeni eyang. Loro kakange ibu tinggal neng Jakarta dadi pas ora ono gawean utowo pas bali, iso melu nengok. Ibuku lan mbakyune sing mbarep ono neng Jakarta. Ibu lan budheku genthenan neng Jakarta. Pas ibuku neng Jakarta sing ngurus anak lan keponakane neng Yogyakarta budheku lan sakwalike. Pas eyang kakungku kuwi sedo, kabeh sedih, nanging ibuku lan sedulure wis podo noto ati. Iklas sewaktu-waktu bapake dijaluk balik menyang sisi Gusti Allah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3044", "text": "Ngamuk pas macet iku wes gelek kedaden nang dalan-dalan kota. Opo maneh biasane sing gelek ngalami iku bocah enom-enom sing isek kulia. Tapi nag wes kadung srengen ngunuku ojo sampek dadekno wong nang pinggirmu maeng melok srengen polahe kelakuanmu soale iso garae gegeran nang dalan. Nag ancene wes kadung srengen, yo ngombeho ae, utowo kendalekno emosimu soale nag ora mok kendalikno bakale ono ae perkoro sing dadekno awakmu kenek masalah nang dalan. Opo maneh nag pas macet sing ancene akeh wong sing podo emosine munggah kabeh, iso-iso nag awakmu sampek keluputan ambek srengenmu maeng terus nyenggol wong sing podo ngempet wah iso bubrah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5362", "text": "Bumi Manusia yaiku salah sawijine novel sing ditulis karo Pramoedya Ananta Toer taun 1980. Novel iki serial pertama saka Tetralogi Pulau Buru. Novel iki nyeritakake babagan perlakuan ora adil para kompeni marang pribumi uga wong pribumi sing arep nuntut pendidikan sing luwih dhuwur bareng wong Landa. Buku iki diterbitake karo Hasta Mitra, banjur diterbitake ulang taun 2005 karo Lentera Dipantara. Tokoh utama ning novel iki yaiku Minke, salah siji pribumi sing pinter kanthi bisa sekolah bareng wong Landa ning HBS. Minke iki uga dadi tokoh revolusi sing wani nentang kebijakane kompeni uga wani mimpin perjuangan wong Jawa sing mesti oleh perilaku sing kurang apik. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1163", "text": "Jaman saiki, dhewekan neng omah kui luwih mending timbangane rame-ramen neng omah neng jaman perjuangan disik. Saiki lingkungan kui wis aman banget. Seko jero omah arep ora mungkin awak dhewe ora kerungu swara bedil saut-sautan seko jero omah. Awak dhewe uga ora mungkin ngerungoke swara granat jeblug. Sak parah-parahe, paling ono maling sing mlebu omahe awak dhewe. Kui pancen tetep elek. Nanging dibandingke pas jaman perang biyen, sing neng omah rame-rame wae nyowo iso ilang. Neng omah dhewekan kui ora ono opo-opone. Awak dhewe kudu luwih bersyukur karo pejuang jaman disik sing iso gawe kahanan saiki tentrem. Saiki awak dhewe ora perlu ngeroso wedi neng omah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4319", "text": "Akeh-akehe wong sing delok jeding rusoh iku biasane nag gak mangkel yo jember utowo jijik. Nah asline ben ora marakno wong jijik nag delok jeding, yo sing duwe jeding iku maeng kudu geleh ngerisiki jeding iku maeng, ono ne jeding sing kemproh mergo sing duwe iku ora tau ngeramut utowo ngopeni jeding iku maeng mangkane maleh dadi ketok kemproh ambek ora keramut. Nah kudune jeding iku diopeni ambek diresiki rutin mboh iku rong dino pisan, sak minggu pisan utowo sak bendino ben tambah ketok resik terus. Nah ancene nag jeding kemproh iku jemberi mergo iso marakno ambe sing ora enak ambek mesti kadang ono kewane sing jemberi contohne koyok coro.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9969", "text": "Wong sing wis ngerti rasane diperlakukan ora adil mesti bakal berontak lan njaluk keadilan nalika dilakone kaya ngono maneh. Ora mung nggarai mangkel, nanging uga nggarai kene mikir apa sing kene lakoni iku elek padahal dudu salahe kene. Rasane uga pengen ngamuk lan muring-muring. Nanging ngelakoni lan nindakake samubarang sing adil iku angel banget. Mula yen wis ngerasakke ora enake dilakokake ora adil kene kudu bisa sinau kanggo nindakake samubarang sing adil karo wong liya. Kabeh iku babagan sinau wae. Yen wis bisa peka karo situasi lan kondhisi mesti bisa nggawe utawa nindakake samubarang sjng adil ning wong liya utawa awake dewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9937", "text": "Wong sing ujug-ujug digepuk karo wong liya mesti mangkel. Gepuk-gepukan iki bisa nggarai wong dadi padu. Cara supaya ora nganti dadi padu, nomer siji yaiku yen ana sing ujug-ujung nggepuk langsung ditakoni apa karepe. Sapa ngerti ora sengaja. Nomer loro yaiku ora langsung dilebokke ana ing ati. Nomer telu ora langsung duweni pikiran kanggo bales dendam. Sing terakhir yaiku yen misale wis kebangeten kudu dilaporke ana ing gurune utawa wong tuwane. Iki mana supaya wong utawa bocah sing senengane nggepuk wong liya ora dadi tuman. Kadang wong sing seneng gepuk iku kadang mung gemes karo kene utawa pancen kebiasaan seneng gepuk wong liya. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4910", "text": "Dina Selasa wingi, budheku ngadakake slametan sewu dino sedane pakdheku. Slametan iki uga mengeti tutup taun amarga ning budhaya Jawa. Sewu dina iki wis dianggep sampurna lan ora ana slametan maneh kajaba slametan haul utawa taunan. Ing slametan sewu dina iki biyasane bakal ana dedunga bareng lan mbagi rejeki kaya berkat utawa sedekah bumi. Slametan iki diadakake rampung isya lan ngundang tangga kiwa lan tengen sekabehane Ning sewu dina kuwi uga nyediakake kendhi sing wis diisi banyu kembang lan disiramake ning kuburane sesuk isuk. Akeh ibu-ibu kang ngewangi masak gedhen kanggo slametan kuwi amarga ana dhahar bareng bar kirim dunga. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7287", "text": "Awakmu tau gak nduwe konco sing pisahe mergo ledakan emosi, dadi kesane mereka saiki dadi musuhan padahal mbiyene iku konco kentel. Kadang onok perasaan pingin nyatukno mereka maneh cek mereka setidake isok berdamai satu sama lain mbasio gak isok balik koncoan maneh. Onok cara sing isok mbok lakoni. Pertama, awakmu nyedeki mereka berdua ndek waktu dan panggon sing terpisah. Awakmu takon nang mereka, iling gak ambek kejadian sing marakno mereka musuhan. Nek respone mereka santai, awakmu isok lanjut nawari gawe ketemuan ambek arek sing dimaksud dan maafan sing bener. Tapi nek respone malah emosi, awakmu alon-alon keki nasehat nek gak bener nyimpen rasa dendam berkepanjangan iku. Nek isok pisah dengan baik-baik, opo’o igak. Nek wes lampu ijo loro-lorone, awakmu ngajak mereka berdua nang suatu panggon, dadi pas awal kalian bakal ketemu wong telu. Awakmu coba disik gawe alesan nang toilet, tapi niatmu iku mantau mereka ket adoh cek mereka isok ngobrol dewe. Nek gak onok perubahan, awakmu balik dan ngobrolno masalah iku dan nasehati mereka langsung gawe berdamai. Semoga cara iku ampuh yo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3838", "text": "Sing jenengen wong sing diguyu wong akeh iku roto-roto isin polahe kelakohane sing ora umum. Mari ngunu, wong sing guyu yo kudu ngerti nag iku asline yo ora pantes diguyu. Sak jane perkoro sing ancene diguyu iku maeng pantes diguyu yo ora opo-opo polahe ancene kanggo diguyu contone koyok lawakan. Tapi nag iku maeng ancene perkoro sing ora disengojo ambek wong sing ngelakoni iku maeng palang ora atek diguyu ben ora dadekno wonge iku maeng isin. Nag wes kadong diguyu terus dadekno isin iku iso dadi perkoro sing ora apik. Terus kanggo wong sing diguyu nag iso ojo sampek ngelakoni perkoro iku maneh ben ora dadekno awake isin maneh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7947", "text": "Awakmu onok sing tau kenek pelet cinta gak? Pelet cinta iki biasane bakal angel diilangno, soale pelet iku perjanjian antara menungso karo jin. Tapi gak usah khawatir. Nek awakmu cedek ambek Allah SWT, awakmu isok selamet teko jeratan pelet iku mau. Onok cara sing isok mbok lakoni ben pelet ku isok lepas teko awakmu. Carane yaiku adhus nganggo banyu sing wes dicampuri karo godhong bidara. Gawe nyiapno banyu iki, onok carane pisan. Siapno pitung lembar godhong bidara sing sek ijo ambek banyu sing cukup gawe adhus. Godhong iku mau dialusno terus ditumbuk. Mbari ngono, campur nang banyu sing wes disiapno. Iku cara sing jare ampuh gawe ngilangno pelet cinta.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "779", "text": "Awak dhewe guyon saiki iso dianggep ngelek-ngeleki agama utowo kaum tertenu. Emang materi guyonan kui iso wae mengandung unsur SARAne, nanging awak dhewe ora niatan kanggo ngelarani ati wong liyo. Niate awak dhewe guyon kuwi gawe wong guyu. Ora ono maksud kepengen golongan tertentu kui ketok elek neng moto masyarakat. Yen awak dhewe pengen jahat neng wong kui, awak dhewe ora bakal nganggo format lawakan. Awak dhewe iso wae ngomong opo onone. Ora usah repot-repot nulis materi guyonan. Yen misale, guyonan iki menyenggung kui yo awak dhewe jaluk ngapura. Nanging kui mau, maksude guyonan iki kanggo menghibur wong-wong dudu gawe tersinggung.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3422", "text": "Aku tau keweden dadi saksi kecelakaane mbah-mbah sing ditubruk ambek bojone polisi sing oleh nyetire rodok ngawur. Pas aku ditakoni iki sing garai wedi soale polisine iku koyok nganggep aku dadi anceman sing kudu diadili polahe ngerti kedadeane. Terus pertanyaane sing takokno iku yo sing garai wedi campur mangkel soale nak tak jawab iyo jarene ora ngunu, tapi tak jawab ora jarene yo ora tepak. Akhire aku yo mangkel sampek tak tinggal mireh, masio aku wedi tapi nag wes kadung mangkel yo mesti ora ngurusi ngunuku. Akhire polisine maeng golek saksi liyane sing kenek dijak ngomong sing enak timbang aku. Nah aku maeng ngertine nag pertanyaane polisi iku maeng ancene digawe menangno bojone polisi maeng. Mangkane aku mireh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1537", "text": "Neng sekolahan kui kerep diadake pentas seni. Kesempatane akeh ono mergo ana acara seko sekolahane tekan pentas neng kelas kanggo salah siji mata pelajaran. Yen dheweke ora biasa tampil kui awak dhewe bakal ngeroso isin. Awak dhewe uga wedi yen mengko penampilane dhewe diguyoni karo konco-konco liyane. Supoyo awak dhewe ora diguyoni terus ngeroso isin, awak dhewe iso gateke beberapa hal sak durunge tampil. Sing kesiji, awak dhewe kudu latian kanthi serius. Sakliyane awak dhewe latian bareng konco-konco, awak dhewe uga apike latian tetep dhewekan. Sing keloro, awak dhewe kudu dongo supoyo pentase kui sukses. Opo awak dhewe iso ngelakuke opo wae supoyo atine dhewe tenang pas munggah panggung lan ora gerogi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5298", "text": "Peninggalan sejarah kuwi pancen dadi harta karun paling gedhe kanggo bangsa, misale kaya watu ning candi, naskah kuna, gaman kuna, kanthi bangunan-bangunan sing bisa dadi saksi bisu jaman biyen lan bisa ngewenehi gambaran urip sing ana jaman sak durunge awak dhewe. Peninggalan sejarah iki uga dadi aset paling gedhe kanggo negara lan kudu bisa dijaga amarga kalebu warisan. Kamangka awak dhewe sing dadi pewarise bangsa, ayo saiki kudu ngerteni piye carane njaga peninggalan sejarah sing ana ning Nuswantara iki, apa maneh Nuswantara iki gudhange peninggalan sejarah sing digoleki wong manca negara. Awak dhewe uga kudu dadi generasi sing kritis babagan warisan budhaya iki.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9833", "text": "Swasana ning omah ket mau rada ora penak. Wis kurang luwih sejam aku ora omong-omongan karo Mas lan Mbayuku. Iki mana amarga aku mari diprank. Pas aku ana ing sekolah, aku ujug-ujung dichat lan dikabari yen album-album musikku rusak amarga ketumplekan banyu. Aku mlayu sipat kuping saka kelas nuju ing parkiran kanggo cepet-cepet mulih. Nalika tekan omah, adakna albumku ora kena apa-apa. Aku ngamuk-ngamuk ning Mas lan Mbakyuku amarga wis ngeprank aku. Mas lan Mbakyuku gur ngguya ngguyu kaya wong sing ora duwe salah marang aku. Aku uga meneng wae lan ana ing kamar terus karo nggeruneng amarga wong loro iku ora njaluk sepura ning aku. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4867", "text": "Yen mahasiswa bosen karo kegiyatan sing sifate akademin, mahasiswa uga bisa melu kegiyatan pengabdian masyarakat amarga kegiyatan iki mesti oleh dukungan penuh saka kampus. Kegiyatan iki uga bisa oleh penghargaan kemanusiaan lan bisa mberdayakake warga ning njaba kampus. Cara melu kegiatan iki ya kudu sregep golek informasi babakan pengabdian ning kantor pengabdian masyarakat kampus. Kaping pindho kudu nggawe proposal maksimal 6 wulan sak durunge pengabdian kanggo golek dana lan sponsor. Kaping telu, nggolek dosen pendamping lan kanca tim banjur bisa ngurus kebutuhan liyane kaya surat ijin ning daerah sasaran. Kegiatan kuwi bisa diisi karo pendidikan, wira usahan, kesenian, lan penelitian sing migunani tumraping masyarakat kaya bidang pertanian lan ekonomi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9850", "text": "Wis sewulan iki aku urip dewe ana ing Korea. Aku mutusake kanggo kuliah ning kene amarga aku wis jeleh ana ing Indonesia. Dina iki aku meh dolan ijenan ning kali Han. Kali sing biasane dinggoni wong-wong sing piknik iki lagi rame banget. Swasanae enak banget. Ndilalah aku ketemu wong sing kayane ora asing. Aku kaya kenal. Pas tak cedhaki jebul iku Disa, kanca SD ku mbiyen ana ing Jakarta. Aku nyapa lan nyalami Disa. Kaget banget amarga ora nyangka bakal ketemu kanca SD ku ana ing Korea. Aku lan Disa akhire lungguh bareng karo crita-crita babagan urip adoh saka Indonesia.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1174", "text": "Yen awak dhewe diomongi karo dokter utowo psikolog yen awak dhewe kui duwe kondisi serangan panik, awak dhewe ora perlu kuwatir lan uga ora perlu wedi. Mergo, senadyan kui kondisi sing pemantike kui ono neng jobo kendaline dhewe, kondisi kui tetep iso disembuhke. Misale ora iso disembuhke utowo angel, awak dhewe selalu iso kanggo ngurangi dampak sing paling elek sing iso awak dhewe tompo. Awak dhewe kudu percoyo yen kabeh penyakit kui mesthi ono obate lan ono cara kanggo ngurangi rasa larane. Neng kasus kesehatan mental iki uga, mesthi ono carane kanggo awak dhewe supoyo awak dhewe iso ngendali dampak seko penyakit kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1027", "text": "Ono wong sing wedi ketinggian. Wong sing koyo ngono kui biasane dadi wedi numpak pesawat opo wahana sing duwur-duwur. Numpak pesawat kui penting lan awak dhewe mesthi pengen melu koncone dolan neng kabeh wahana yen misale lagi neng taman hiburan. Supoyo awak dhewe iso ngalahke rasa wedi ketinggian kui, ono beberapa hal sing awak dhewe iso lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso gawe awak dhewe tenang nganggo latian pernapasan. Napas sing alon lan teratur kui iso ngurangi rasa wedine. Sing keloro, awak dhewe jaluk dikanani. Sing ketelu, awak dhewe kudu iling tujuane awak dhewe. Yen misale, awak dhewe wedi numpak pesawat. Awak dhewe kudu iling yen misale awak dhewe ora numpak kendaraan kui, jadwale dhewe sing penting ora bakal keoyak, misale.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3873", "text": "Kabeh roto-roto wong nag ngelakoni perkoro elek iku mesti isin nag konangan, nah perkoro elek iku maeng ancene iso dadekno wong sing ngelakoni perkoro iku maeng isine megilan nak konangan mergo ancene wong kene maeng ora biasa ngelakoni elek, sak liyane iku, biasane wong sing isin nag konangan ngelakoni elek iku ancene wonge iku ora gelem konangan nag ancene ngelakoni perkoro elek. Mangkane nag iso ojo sampek ngelakoni elek mergo perkoro elek iku ancene iso marakno wong sing ngelakoni perkoro iku maeng isine megilan. Nag iso ojo sampek kedaden perkoro elek sing marakno isin nang awak mergo nag sampek kedaden terus konangan wong akeh yo iso ae dadekno perkoro sing elek.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3393", "text": "Koncoku nag dolan suwe mesti wedi nag diseneni ambek pakne soale ancene deke iku nag dolan ora ole suwe-suwe. Terus nag pakne ngamuk iku medeni wong koyok hulk nag ngamok. Motone iku melolong sak cempolong, terus suarane iku buangete pol ambek nyentak-nyentak, terus raine iku abang koyok wong kesurupan, terus sing garai bocahe wedi iku nag sampek bocahe iku delokno ambek ora oleh dolan maneh. Mangkane bocahe mesti nag dolan ora tau suwe polahe ancene pakne nag ngamuk medeni uwong. Asline pakne nyeneni koyok ngunuku yo polahe koncoku iku duwe loro lambung, terus nag telat mangane iku langsung nglekes terus gowo nang rumah sakit. Yo iku salah sijine alasane pakne maeng ngamok.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3785", "text": "Kadang wong sing resikan nag petok ambek panganan sing endut, mboh iku saitik utowo akeh mesti wonge bakal jijik ambek iku panganan iku maeng. Tpai kabeh iku karek wonge sing delok panganan iku maeng. Nag ancene deke iku nganggep panganan iku ora terlalu rusok biasane se biasa ae. Tapi nag nganggep panganan iku maeng wes rusoh yo bakal dibuak panganan iku utowo ngadoh teko panganan iku. Terus panganan sing endut iku yo ora kabeh marakno roso jijik, polahe ono ae panganan sing endut tapi ora marakno roso jijik tapi tambah pengen mangan contone koyok sate sing endut ambek latune wowo, terus pitik sing dipanggang yo endut ambek latune wowo, mari ngunu iwak sing diobong yo endut ambek wowo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2674", "text": "Getun sing paling nemen pas urip iku ancene perlu ben uwong iku iso ngerti nag perkoro iku penting kanggo uripe. Terus, kabeh uwong mesti tau ngerasakno roso iku. Mangkane wong nag tambah umure mesti dadekno getun sing wes tau iku maeng dadi pengalaman ben ora ngalami koyok iku maeng. Jarene bocah-bocah roso ngunuku apik ae ben wong iku iso tambah ati-ati nag pas ngelakoni perkoro sing dianggep penting nang uripe. Tapi ono sing garani, nag roso iku maeng kudune ora atek digedek-gedekno soale iso garai wong sing duwe roso iku maeng ora maju-maju soale wedi ngalakoni perkoro sing podo sing iso dadekno wong iku maeng getun sampek ora iso lali.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2541", "text": "4 ulan wingi aku mlaku-mlaku nang Suroboyo ora polahe dolan. Tapi aku mrono soale golek batune laptop. Jarene koncoku saiki pusat laptop ngaleh nang pinggiri kampus UIN ambek nang ITC. Lah aku durung ngerti iku, tapi aku jajal wae nag gedung sing biyen dadi pusate laptop. Tibak'e tutuk kono koyok gedung mati sing ono nang gone film-film ngunu ambek wes akeh toko sing wes ilang utowo pindah, yo mok karek sak tinggkat tok onone. Aku mumet-mumet golek sampek sak jam, terus akhire aku balik nang gedung anyar nag pinggire UIN, tibak'e benere ngaleh nang kono kabeh, masio ora akeh tapi akeh-akehe nang kono kabeh. Sak wise mumet-mumet sekitar setengah jam, akhire senenge pol nemokno barang sing tak goleki yaiku batune laptopku. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "316", "text": "Kematian kui pancen marake awak dhewe sedih, kematian kui iso didelok dadi perkoro sing medeni. Nanging awak dhewe kudu sadar yen kematian kui pasti. Dadi awak dhewe kudu nyepake kematian sadurunge wektune teko. Salah siji carane ben awak dhewe ora sedih pas arep sedo kui, awak dhewe kudu ngedalani urip sing awak dhewe bayangke. Awak dhewe ngelakoni opo-opo wae hal neng dunia iki sesuai kepinginane awak dhewe. Awak dhewe wis entuk kabeh sing awak dhewe pengeni neng donyo iki utowo paling ora wis berusaha kanggo ngewujudke. Sing keloro, awak dhewe kudu paham yen kematian kui bakal teko, cepet utowo suwe. Lan kematian kui, takdir sing awak dhewe kudu adepi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7969", "text": "Salah siji pola asuh wong tuwo sing salah tapi sek akeh sing ngelakoni iku meden medeni anake. Misale nek anake iku gak gelem mandek nangis, gak bakal dikeki duit jajan. Utowo nek gak gelem mangan, engkok diampiri hantu. Hal hal koyok ngono iku akeh banget dilakoni sing tujuane gawe disiplino anake. Padahal cara ngono iku guduk marakno disiplin, tapi marakno arek dadi wedi. Dan kebiasaan meden medeni koyok ngono iku isok ngaruh nang mental e, mulai teko stres sampe isok berujung nang depresi sisan. Dadi gawe wong tuwo sing sek senengane meden medeni anake, lerenono, koyok ngono iku podo ae awakmu ngancem anakmu dan nyikso anakmu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9113", "text": "Salah siji jenis bullying sing paling akeh kedaden nang lingkup sekolah iku physical bullying utowo bully secara fisik. Maksute iku kegiatan bullying ndek ndi pelakune bakal ngelakoni tindakan fisik gawe nindas target sing dadi korban e. Pelaku iku biasane nduwe fisik sing luwe kuat timbang korban dan bertindak luwe agresif timbang konco-koncone. Secara umum, physical bullying iku luwe sering dilakoni ambek arek lanang, tapi yo gak jarang sisan arek wedok sing ngelakoni bullying jenis iki. Jenis bullying iki paling gampang diidentifikasi soale bentuke fisik dan bekas kekerasane isok konangan. Contoh tindakan physical bullying iku nampar, nggepuk, nyaduk, nyurung, ambek kekerasan fisik liyane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8037", "text": "Bencana alam nang Indonesia iku wes akeh banget kedaden. Ancene sih bencana alam iku gak isok dihindari, tapi awak dewe sek isok ngurangi dampak sing isok nimbulno bencana alam iku mau. Onok hal-hal cilik sing isok awak dewe lakoni. Siji, ojok ngguwak sampah sembarangan. Loro, hemat nek nganggo banyu. Telu, hemat nek nganggo listrik sisan. Papat, gak usah ragu gawe nanem wit witan. Limo, nggawe saluran irigasi. Enem, usahakno halaman omahmu gak disemen kabeh utowo dipasangi paving blok. Pitu, akeh akehno pengetahuan tentang bencana karo pencegahane. Terakhir, meluo kegiatan simulasi bencana. Cara-cara cilik iku isok awak dewe lakoni gawe ngurangi dampak sing isok nimbulno bencana alam.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7606", "text": "Sifat tertib ngantre iku kudu dilatih ket sek arek. Dadi arek-arek cilik iku kabeh kudu diajari tertib ngantre cek pas gede mereka gak atek nyerobot antrean sing marakno wong wong emosi. Onok beberapa carane. Siji, ajarno nang arek iku nek ben uwong iku nduwe porsine dewe-dewe. Dadi pas ngantre, diajari nek saiki awak dewe lagi ngenteni gawe njupuk bagiane awak dewe, dan diomongi nek gak usah wedi nek bakal kentekan barang sing dimaksud. Loro, diajari sabar. Wong wong sing senengane nyerobot iku mergo de’e gopoh dan gak sabaran kabeh. Dadi penting gawe ngajari arek cilik gawe sabar, salah sijine sabar gawe ngenteni antrean. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "616", "text": "Awak dhewe mesthi kepengen banget yen pas awak dhewe ngekei hadiah kejutan kui wong sing nompo seneng. Gawe kejutan kui gampang-gampang angel. Ono beberapa perkoro sing awak dhewe kudu gateke. Sing kesiji, momene. Yen momen kui ora spesial, hadiah kejutan kui rasane biasa wae. Sing keloro, hadiah sing dekei kudu sing tenanan sing disenengi wong sin arep nompo. Awak dhewe kudu riset disik sak durunge tuku hadiah kanggo dheweke. Sing ketelu, acara kejutan kui ora oleh ngasi ketauan. Opo intine kejutan yen wonge wis ngerti opo sing arep dilakoke, iyo ra? Sing kepapat, awak dhewe kudu ngundang wong-wong sing cerak karo dheweke.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3486", "text": "Saiki ancen wes ora jaman wedi nang panggonan asing soale saiki wes jamane teknologi sing iso nang endi-endi. Tapi sing jenenge kenyataan yo isek ono aen sing wedi ambek panggonan sing ancene iku lagek awitan wong iku maeng nang daerah kono. Nah ben awakmu ora wedi nang daerah asing iku maeng, kudu ngerti kondisi sekitare diawiti ambek kenalan utowo gembul ambek wong nang daerah kono, terus kudu ngerti keadaan sing ono nang daerah kono ben nag ono opo-opo ora keweden. Terus kudu iso ngerti keadaan sing ono nang pinggir-pinggire. Dadi nag ono wong wedi nang panggonan sing asing iku yo maklum ae soale ancene durung ngerti kondisi kono.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1098", "text": "Awak dhewe ora entuk gamang yen ono wong sing ngelakoke kesalahan, opo meneh neng panggon kerjo. Awak dhewe ora entuk ora kepenek ngandani wong sing salah kui. Yen pancen wonge ora gelem ngerungoke opo ngeyelen, awak dhewe ora usah wedi kanggo nesu neng wonge. Timbange, garapane sak kantor dadi bubar kabeh. Mending awak dhewe ngandani wonge kui, senadyan kudu diseneni. Nanging, awak dhewe ojo nesu mung kanggo nunjuke awak dhewe sing paling bener wae, nesune dhewe kudu ono tujuane. Nesune awak dhewe kanggo wonge sadar opo kesalahane. Ojo ngasi nesune awak dhewe malang ngerenggangke hubungan kerjo antara awak dhewe karo wong kui. Kui malah dadi nambah masalah anyar.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9126", "text": "Ancaman militer iku ancaman sing isok mbahayakno kabeh warga negarane. Opo maneh ancaman iki wes pasti berhubungan ambek penggunaan senjata, pasti ujung-ujunge bakal isok njujuk nang perang. Nek wes ngono, gak mek siji negara tok sing rusak, tapi negara nang sekitare sisan isok kenek getah e padahal gak melu lapo-lapo. Nek wes kenek ancaman militer, jelas pihak negara iku kudu bertindak gawe ngelakoni perlindungan nang negarane. Cara ngatasi ancaman militer sing isok dilakoni pemerintah iku koyok ngene. Siji, memperketat perbatasan ambek negara liyo. Loro, nanggulangi ambek ngatasi ancaman militer nang njero negara koyok tawuran. Terakhir, ngelatih tentara luwe disiplin maneh gawe njogo daerah perbatasan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2586", "text": "Dino nyenengno nag pas nikahan ancene dino sing endi wong melok ngerasakno roso seneng. Emboh iku koncomu, adikmu, wong tuomu, utowo dulur-dulurmu sing kumpul nang dino iku. Dino iku maeng asline ora dadi dino sing nyenengno tok, tapi dino iku dadi dino sing paling penting kanggo wong sing ngerasakno roso seneng iku opo maneh wong sing nikah nag dino iku. Mangkane dino bahagia iku maeng mesti rame timbang dino-dino bahagia liyane. Soale dino bahagia iku maeng ancene paling apik ambek paling akeh nilai positive kanggo wong sing teko nang dino iku. Masio tekone iku maeng polahe kepekso tapi pas balik kadang maleh seneng soale gowo jajan akeh ambek panganan sing ora karuan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "623", "text": "Pertama kali, wong kerungu vonis seko dokter yen dheweke lara kui rasane sedih banget. Opo meneh yen penyakite kui, penyakit sing angel marine, misale koyo kanker, tumor, AIDS, lan sak panunggalane. Wong kui mesthi kaget. Dheweke ora percoyo yen dheweke iso penyakit sing iso nyebabke kematian kui. Krungu vonis kui wong iso dadi lemes. Dheweke ora duwe meneh semangat kanggo urip. Wong kui ngebayangke proses sing dowo kanggo penyembuhan lan biaya sing kudu dibayar kanggo pengobatane. Dheweke uga kepikiran piye yen wis ngelakoke usaha sing werno-werno kui, dheweke uga tetep ora sembuh-sembuh, tekan ora ono usaha meneh sing iso dilakoke, lan dheweke kudu nrimo yen nasih terakhire kui mati.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8431", "text": "Pas wayahe mata kuliah Sastra Anak, aku kelompokan karo Ifa gawe presentasi mateki Komik Anak. Berhubung weroh Dosen ku iki senengane mahasiswane kudu nyiapno presentasi sing menarik, Ifa langsung ngide ngehias PPT ne awak dewe nganggo gambar-gambar Hello Kitty. Jare seh ben lucu. Aku gak masalah sakjane, cuma iki de’e sisan nganggo tema pink ngejreng sing mentereng dan norak pol. Aku wes njaluk ganti, tapi gak dituruti karo Ifa. Sesoke pas wayahe presentasi, kabeh podo ngguyu ndelok desain PPT ku karo Ifa sing nguejreng pol. Ifa malah bangga, tapi akune isin pol soale PPT ne awak dewe maleh diguyu arek sak kelas.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5668", "text": "Fenomena pinjaman online saiki tambah akeh dan njamur amarga uripe wong tambah angel sak uwise pandemi. Akeh penggawean sing ilang lan uga kebutuhan sing tambah ora karuan. Nanging sing paling medeni saka pinjalan online utawa pinjol iki yaiku konsekuensi sing kudu diterima ning akhir kaya anane ancaman saka penagih utang kaya ancaman nyebarake data pribadi, serangan fisik, teror marang kanca lan keluarga, lan uga anane kematian. Ancaman iki bisa marai trauma amarga mbahayakake nyawa. Kamangka, yen wes ngerti konsekuensine, ayo luwih waspada marang kredit lan pinjol amarga biyasane ning ngarep kuwi pancen abang-abang lambe nanging pas wayah penagihan kuwi gedhe akibate. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5231", "text": "Wis ana telung sasi, Dani kerja ning restoran dadi tukang masak. Dani iki pinter banget amarga dekne lulusan sekolah masak ning Bali. Pas dekne lagi masak, dekne oleh telpon saka kancane yen jare dekne lagi kecelakaan ning Bali uga ngabari Dani yen mengko ditelpon maneh lan ora usah disambangi. Dani ya bingung amarga kancane iki dadi kanca sing paling apik uga dadi kanca sing nulung Dani pas dekne lagi kesusahan ning Bali. Pas bengi, dekne arep mulih, dekne malah oleh kejutan yaiku kancane iku wis tekan saka Bali. Dani kaget, nanging ya seneng. Tapi uga ana mangkele amarga Dani ngerasa diapusi lan digawe kuatir. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7269", "text": "Salah siji kejadian menyedihkan sekaligus marai aku akeh bersyukur iku pas aku nggowo bapakku nang Rumah Sakit. Dadi bapakku iki nduwe riwayat penyakit jantung, dan rawan kenek serangan jantung, dadi ancen kudu sering diawasi. Suatu hari moro-moro irama jantunge bapakku kumat gak beraturan maneh, dan iku marai bapakku mulai panik. Awale adikku wes nenangno. Biasane berhasil, tapi sing iki enggak. Moro-moro bapakku meneng dan gak onok respon opo-opo. Adikku langsung panik dan nyeluk aku ambek mama. Pas didelok, kondisine bener-bener mengkhawatirkan. Gak atek nyeluk ambulans, aku langsung ngetokno mobil dan nggotong bapakku melbu mobil. Mbari ngono aku langsung ngebut nggowo bapakku nang Rumah Sakit. Pas tutuk kono dan diperikso, dadakno bapakku kenek serangan jantung ringan dan beruntung digowo tepat waktu. Rasane aku sedih soale bapakku kenek serangan jantung, tapi rodo lego soale aku gak telat. Dadi gawe awakmu kabeh, selalu ada ndek sisine wong tuwo yo rek, siapa tau terjadi hal-hal sing koyok ngono dan awakmu isok nulungi ben awakmu gak getun.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8029", "text": "Kecelakaan iku isok dialami sopo ae, kapan ae, dan nang ndi ae. Kabeh uwong iku isok sisan dadi saksi kecelakaan sing kedaden, termasuk awak dewe. Biasane, wong-wong sing dadi saksi iku pasti bakal diwawancarai ambek pihak polisi gawe ngelakoni penyidikan lebih lanjut penyebab kecelakaan sing kedaden. Tujuane iku ben isok ngelancarno proses penyidikan iku mau. Dan pasti sing ditakoni iku gak wong siji tok, tapi akeh uwong sing dadi saksi iku mau. Iku ngono ben bukti kesaksiane luwe akurat. Dadi nek semisal awakmu dadi saksi teko kecelakaan sing kedaden, terus onok polisi sing njaluki keterangan saksi, bersedia o ben isok gampangno proses penyidikan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8020", "text": "Dino iki Tantri ditugasi gawe nyusul adike sing sek TK karo ibuke. Jarene mumpung Tantri lagi prei kuliah, timbang meneng nang omah, akhire dikon nyusul. Tantri sih gelem gelem ae. Pas ndelok jam setengah 10, de’e langsung siap-siap dan numpak motor gawe nyusul adike. Tutuk kono, pas banget sekolahe buru ae buyaran. Gak suwe Tito, adike Tantri, langsung metu pas ndelok kakake nyusul. Berhubung de’e pingin jajan es krim, akhire Tantri nuruti dan mereka jajan es krim nang Mixue. Mbari ngono, Tantri langsung ngajak moleh soale wes awan. Enak enak ngendarai motor, moro moro onok muni tabrakan buanter pol. Tantri sing kaget langsung mandek dan noleh nang mburine de’e. Dadakno buru ae onok pengendara motor sing buru ditubruk karo mobil, pas banget nang mburine. Tantri sing ndelok iku langsung ndredeg dewe dan tancap gas ngono ae. Atine wes gak karu-karuan wedine, dan de’e milih gawe langsung moleh gawe keamanan atine.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3447", "text": "Ancene ora kabeh wong nag diajaki kewan iku wedi soale wong iku ono sing biasane ngingoni kewan iku mesti wes ora wedi blas polahe ngerti carane ngadepi kewan. Nah ben ora keweden iku yo ono carane yaiku kudu ero kewan iku termasuk buas opo ora, nag ora buas koyok babonan pitik sing duwe anak iku asline yo ara atek diwedi soale mok nyucuk tok. Terus kudu ngerti sebabe lapooh kewan iku ngajaki, polahe nag ora ngerti mesti bakal ngalami terus, mangkane kudu ngerti lapooh kok sampek diaajake ben mene maneh ora diajaki. Iku maeng termasuk cara ambek langkahe ben ora keweden maneh pas diajaki kewan, mboh iku kewan sing buas utowo ora.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3459", "text": "Sopo sing ora wedi nag ditutno wong sig ora dikenal, mesti kabeh wong yo wedi ambek kuwatir. Nag ancene kadung ditotno wong asing sing bener-bener ora mbok eroe tujuane iku opo kok ngetutno. Sing tepak iku kudu liwat dalan sing ancene rodok rame ojo sampek tambah liwat panggonan sing sepi soale jagane perkoro-perkoro sing elek ambek sing ora kepikiran. Terus nag iso leren utowo ancene pegel yo leren nang panggonan sing sekirane iku rame ambek akeh wong ben nag ono opo-opo iku iso jaluk tolong utowo kenek diatasi. Mergani kabeh wong iku ora ngerti kapan ono perkoro elek ambek apek iku teko nang awake. Mangkane kanggo jogo-jogo kudune iso ngelakoni saran iku maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9405", "text": "Mbukak pengumuman ujian universitas iku radane ndredeg banget. Sadurunge mbukak rasane adhem panas nganti mules amarga kanggo pirang-pirang wong iki mana penentuan. Ndeleh harapan ning pengumuman iku sakjane oleh-oleh wae ning ora oleh ngarep banget supaya ora getun. Sadurunge mbukak pengumuman bisa nyepakna mental dhisik supaya siap uga bisa njaluk donga sik ning kabeh wong utamane ning wong tuwa. Pas mbukak pengumuman, nalika wis dinyatakne ketampa ing universitas iku kudu bisa langsung golek informasi lanjutan. Seneng utawa selebrasi ora apa-apa nanging aja nganti kelalen selanjute iku kudu ngapa supaya ora nganti ketinggalan info amarga nalika mlebu universitas iku mesti akeh banget tugase.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9597", "text": "Wis setaun Dika urip adoh ing Jakarta. Dheweke ngerantau kanggo kuliah lan kerja. Wis arang kanggo Deni ngerasa kesepian nalika ana ing kos dewean. Iki cara sing dilakoni Deni supaya ing kos tansah bagya lan ora sedih. Kaping siji, dheweke nggawe jadual kegiatan saben dina. Senajan mung olahraga mlayu muter ngarep karangan, dheweke ora tau lali. Iki dilakoni supaya tansah ora turu tok lan ora kepikiran sing nggarai sedih. Kaping loro, nalika mangan dewe lan wis ngerasa rada sepi Dika mesti nyetel YouTube kanggo ngancani. Dika ndelok kartun utawa video-video sing lucu supaya ora ngerasa sepi ana ing kos dewean.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4875", "text": "Kesuksesan saka idola K-Pop iki ya tergantung karo agensine. Nanging masalah sing ning Korea saiki yaiku agensi sing lagi krisis lagi nggolek kesempatan kanggo ngrusak pasar idolane dhewe, kaya misale ora ngelindungi artise saka berita ala lan kasar marang artis sing dikelola ning agensine. Perlakuan agensi sing ora manusiawi iki ngasilake protes saka akeh penggemar. Akeh petisi sing wis diajokake marang agensi nanging ora ana sing bisa tembus. Hasile ya tambah akeh grup sing bubar utawa penyanyi sing mutusake mundur saka dunya hiburan kanggo mulai urip sing anyar lan ngutamakake pendidikan lan karir saka jalur liyane, kamangka dadi idol utawa penyanyi ning Korea iki angel banget.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "381", "text": "Perpisahan sing paling sedih kanggo eyang putri lan eyang kakungku kui pas piyambakipun ditinggal karo 2 anake, anak mbarep karo anak sing bungus. Anak-anak kui sedo ning dino sing podo. Anak sing bungsu kui ora ono disikan. Tanteku kui sedo pas isuk bar mondok suwe neng rumah sakit neng Bandung. Isuk-isuk jenazahe kui tekan Bogor lan bakal dimakamke awane. Pas kui, kebetulan Bapakku, anak eyang sing mbarep, ngerti-ngerti lara. Larane kui makin parah pas tanteku lagi dimakamke. Bar eyang-eyang aku bali seko pemakaman anak bungsune, piyambakipun langsung krungu yen anak sing mbarep uga nyusul adine neng swarga. Aku ora iso bayangke, koyo piye sedih eyang putriku pas kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5730", "text": "Aku tau urip ning Jogja lan aku isih iling pas Gunung Merapi arep mbledhos. Pas kuwi, omahku isih rada cedhak karo Merapi. Pas tangi turu, aku krungu ana wong rame-rame. Jebul awan panas Merapi wis mudhun lan wis nduduhake tandha kudu ngungsi. Banjur kabeh wong kerasa panik amarga wedi kedadian kaya taun mbiyen. Akeh warga sing padha ngungsi lan nggawa barang-barang kaya klambi, utawa ana sing ngamanake barang berharga uga para ternak ning jero omah. Aku uga boncengan karo ibuku lunga menyang pengungsian sing wis disediakake seminggu. Kondisi iki marai wong akeh sing jaga-jaga lan nyimpen akeh bahan panganan kanggo ning pengungsian. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "322", "text": "Kegagalan neng urip iki iso dibagi dadi loro menurut wektune. Ono kegagalan neng masa enom, ono kegagalan neng masa tuwo. Kegagalan neng pas isih enom kui kegagalan sing paling enteng. Makin cilik umure dhewe, makin enteng bobot kegagalane awak dhewe. Awak dhewe isih duwe akeh wektu yen awak dhewe ngelakoke kesalahan pas isih enom. Sakjane, kegagalan ning masa enom kui ora iso disebut kegagalan, nanging pengalaman. Pas isih enom awak dhewe apike ngelumpuke kegagalan sak okeh-okehe. Kegagalan kui sing iso dadi bekel pembelajaran pas tuwo mengko. Kegagalan sing jenis keloro kui sing paling angel dibenake. Makin tuwo tanggung jawab awak dhewe kui makin akeh. Awak dhewe ora mung tanggung jawab karo awak dhewe tok, nanging uga karo wong liyo sing ora sitik jumlahe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1090", "text": "Eyangku kui disik tentara. Dheweke ora dadi tentara sing maju perang utowo tugas neng lapangan. Nanging, eyang akungku, sing kerep diundang akung karo putune, kui dadi tentara sing ngurusi bagian senjatane. Dheweke kebagian sing ngurusi senjata-senjata sing enteng. Dadi akungku kui ngerti banget opo-opo bendhil sing dienggo ABRI disik. Eyangku kui tekan digowo neng luar negeri kanggo delok-delok senjoto sing digawe karo negoro kui. Pas wis pensiun, eyangku gawe buku babagan bedhil kui kanggo Bea Cukai. Aku kerep delok-delok gambar-gambare sing ono neng kono. Tau pas kui, aku lagi ngutahke susu neng buku kui. Wedi banget aku yen aku bakal diseneni eyang. Aku ngerisiki halaman sing teles nganggo tisu lan meneng-meneng bukune kui tak simpen meneh neng lemari, muga-muga wae ora ono sing sadar.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2563", "text": "Wong nek oleh penghargaan mesti atine seneng soale ngolehno penghargaan yo mbutohno usaha sing lumayan abot. Mangkane wajar nag wong sing oleh penghargaan iku biasane senenge ora iku. Lah seneng polahe oleh penghargaan yaiku roso seneng sing kedaden polahe oleh perkoro sing apik yaiku penghargaan maeng. Polahe perkoro maeng emosi sing apik metu nang ati ambek pikirane menungso akhire dadikno roso seneng nang ati ambek plonge pikiran sing wes kabotan polahe mikirno kerjo utowo coro sing gawe ngolehno penghargaan maeng. Mangkane ojo nggumun nag wong sing oleh penghargaan maeng kadang ono sing senenge megilan yo ono sing ora sepiro seneng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2599", "text": "Seneng ono anggota keluarga ngalihirno iku mesti apik, soale kabeh roso seneng iku asline apik. Opo maneh roso seneng iku iso wae gawe mujudno roso syukur karo opo sing kedaden nang uripe uwong karo perkoro sing apik. Tapi roso sing koyok nginiki yo iso ae dadi elek soale salah oleh mujudno roso seneng maeng. Roso seneng sing ora kenek dikendalekno oleh mujudnoe roso seneng maeng iso dadi sumber perkoro anyar sing iso dadekno roso elek teko. Roso elek sing gemaksud nang kene yaoiku roso iri, roso mangkel, ambek roso liyane sing sak jenise. Mangkane nag ono anggota keluarga lahir kudu awak dewek seneng tapi senenge kudu diatur sak apik'e.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "794", "text": "Yen ono pegawe kui gawe salah neng awak dhewe, awak dhewe duwe hak kanggo komplen. Opo meneh nek kui gawe awak dhewe rugi. Nanging sak durunge nesu, awak dhewe kudu ngerti karo sopo awak dhewe lagi ngomong kui. Soale, ora kabeh pegawe utowo panitia kui duwe kuasa kanggo ngerungoke opo sing arep awal dhewe sampeke. Misale, konser musik sing awak dhewe tonton kui mulaine telat. Yen awak dhewe nesu-nesu neng panitia sing jogo tiket ora bakal ono gunane. Mergo dheweke iso jupuk keputusan opo-opo supoyo konser kui cepet dimulai. Apike, awak dhewe komplain neng panita acara, mergo dheweke sing duwe kuasa neng konser koyo ngono kui.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6176", "text": "Apa sing perlu dilakoni pas kanca nyontek kuwi dadi salah siji wacana sing penting kanggo para siswa lan mahasiswa jaman saiki. Kejujuran kuwi babagan sing paling penting sing kudu disadari karo kabeh wong sing ana ning institusi. Kamangka, yen ana kanca nyontek, sing paling utama kudu dilakoni dudu negur, nanging yaiku nahan ben ora kegawa arus amarga wong sing nyontek iki biyasane wis angel dikandani. Pengendalian diri saka kebiasaan nyontek iki uga ana kaitane karo rasa kuciwa yen hasil sing diolehi kuwi ora sesuai harapan amarga tumindak jujur. wong sing tumindak jujur iki kudune luwih bangga amarga bisa njaga kejujurane. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "738", "text": "Yen awak dhewe diantemi, opo wae alasane, awak dhewe kudu bales ngantemi. Dheweke kui wis ngelanggar water yen wis nyentuh awake awak dhewe. Awak dhewe duwe hak kanggo nesu. Yen awak dhewe mung ngalah lan ora ngelawan balik. Wong kui bakal ngeroso menang lan mungkin wae bakal ngelakoke hal sing podo karo wong sing liyo. Awak dhewe ora etnuk jirih ngadepi wong sing koyo ngono. Awak dhewe kudu ngelindungi harga dirine dhewe ojo ngasi diidak-idak karo wong liyo. Wong sing iso mukul disikan kui, wong sing gampang emosian. Emosian kui obate angel. Yeng wis kepancing, dheweke iso main fisik terus.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3029", "text": "Wong nag wes dikhianati pasangane ambek diselingkuhi mesti yo mmangkel ambek srengene megilan. Mangkane Nag wes kadung diselingkuhi terus dadekno loro ati kudu iso ngedalikno roso srengene maeng. Teko tempo iku nganjurno nag wes kadung loro ati iku diancurno golek wong sing dercoyo kanggo cerito masalah iku maeng ben ora dadekno roso strees nang pikiran soale wes ono roso loro ati. Sak liyane iku cerito nang wong sing iso dipercoyo iku iso dadekno roso loro ati iku maeng rodok plong. Mangkane nag wes kadung diselingkuhi terus srengen ora mari-mari kudune golek konco kanggo cerito ben iso rodok adem atine. Masio iku durung karuan marekno maslahmu tapi gak-gake iso ngelongi roso loro atimu.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "205", "text": "Wong sing ketompo neng perguruan tinggi idamane kui ora gampang. Nek walik kiriman Instagrame sing sumringah kui, ono eluh sing wis ngucur akeh sing ora ditunjukke. Wong kui mesthi sinau tenanan. Dee iklas ngurangi wektune dolan karo konco-konco. Pas akeh delok konco-konco seneng-seneng, dee tetep neng omah neng ngarep mejo, sinau. Dongone uga ora mandek. Sak liyane usaha sinau sing tenanan, dee uga ikhtiar poso senin kemis misale. Sak ben isih, dee nyempet-nyempet wektu salat duha 12 rakaat. Pas bengi, dee uga dibela-belani tangi kanggo salat tahajud. Neng tengah wengi kui, dee donga muga-muga entuk hasil terbaik seko usahane kui. Awak dhewe ora entuk mari nek ono konco sing mlebu kampus sing awak dhewe incer. Iso wae usaha lan dongone luwih banter timabange awak dhewe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "330", "text": "Aku wedi karo jarum suntik tekan saiki. Pas cilik, referensi jarum suntikkui seko kartun lan grup lawak. Jarum suntik neng kono digambarke gede banget, luwih gede seko tangan wong gede. Reaksi wong sing ditusuk jarum kui ketoke lara banget. Mergo kui, mesti ono perasaan wedih sak ben delok jarum suntik. Aku disuntik pertama kali kui pas imunisasi kelas 2 SD. Aku wedi banget pas kui. Antrene wis tak molor-molorke ben entuk giliran paling keri. Pas sak durunge lan sak wise disuntik, aku meneng wae, macak sok kuat. Nanging sak tenane, wedi banget. Males wae neng diguyoni karo konco-konco yen tekan nangis. Tekan saiki, nek misale aku disuntik utowo donor darah kudu golek konco disik lagi gelem.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8453", "text": "Seragam iku istilah sing wes gak asing maneh gawe wong-wong Indonesia. Hal iku mergo ket cilik kabeh iku wes dikulinakno nganggo seragam ket pertama kali melbu sekolah. Ben sekolah iku bakal nduwe desain ambek werno seragam sing bedo. Tujuane iku gawe identitas arek iku mau sekolahe nang ndi. Salah siji seragam sing pasti bakal podo sak Indonesia iku seragam putih. Biasane sing bakal bedo iku bawahane. Nang Sekolah Negeri, ngisoran ben tingkatan iku bakal bedo-bedo sing engkok dipasangno ambek duwuran seragam putih. Nek arek SD, ngisorane iku werno abang. Nek arek SMP, ngisorane iku werno biru dongker. Nek arek SMA, ngisorane iku werno abu-abu.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5705", "text": "Jaman saiki, akeh dokter anak sing kurang komunikatif lan kurang nduweni pengalaman kanggo ngewenehi edukasi marang wong tuwa babagan anak. Sak liyane kuwi, dokter sing durung nduwe pengalaman iki kadhang uga ngewenehi saran sing kurang bisa diterima karo para wong tuwa. Kamangka kuwi, para wong tuwa iki kadhang ora percayamarang dokter anak. Salah sijine yaiku perkara vaksin. Miturut IDI, vaksin kanggo anak kuwi ana standar jumlahe dewe, nanging amarga ana vaksin sing bentuk suntik, akeh wong tuwa sing ora tega ndelok anake keweden. Nanging dokter ora bisa ngewenehi edukasi babagan cara ngatasi sikape anak bar disuntik. Kamangka, sak liyane ilmu praktis, dokter anak kudu nduweni kemampuan komunikasi sing apik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3456", "text": "Sing jenenge ditutno wong asing iku mesti medeni, opo maneh nag wong iku maeng ora kenek dibade tujuane. Tapi sing jelas ben ora ono opo-opo iku mertine iso gawe cara-cara ngeneki. Sing awitan kudu ngadohi wong sing ngetotno maeng mboh piye carane pokoke iso ngadoh teko wong sing ngetutuno maeng. Sing nomer loro, iku nag iso kudu iso golek panggonan sing rodok rame kanggo nakoni wong sing ngetutuno maeng ben jelas tujuane opo. Sing nomer telu, nak ancene wedi gawe takok tujuane maeng yo lerene nang panggonan sing rame utowo liwat panggonan sing rame ben nag ono opo-opo sing ora kenek diperkirakno iku iso diatasi terus iso jaluk tolong wong akeh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2629", "text": "Anjurane wong sing pakar psikologi kanggo wong sing ngalami kegagalan nag jeru uripe iku macem-macem. Ono sing ngarani ngongkon dadekno kegagalan iku maneg dadi pengalaman urip sing kudu dilewati ben tambah jembar pikirane ambek atine. Sak liyane iku, ono sing ngongkon ngganti tujuan sing sekirane ora dadekno tekone roso wedi nang kegagalan iku maeng. Terus sing paling mungkin dilakoni yoiku kudu sabar ambek sinau nerimo karo kegagalan sing wes kedaden maeng ben iso metik buahe teko kegagalan maeng. Mangkane wong sing gagal ang uripe kudune iso sabar ambek emtik buahe teko kegagalan maeng ben nag masa sing ate teko ora gagal maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2556", "text": "Pengalaman paling nyenengno nag jeru urip ancene iso garai ati seneng nag eleng pengalaman iku masio pas awak dewek iku sedeh. Lah terus roso seneg iku ancene roso sing ora ono bandingane, opo maneh roso iku maeng kenek gawe tomboh pas awak dewek lagi sedeh utowo lagi bingung. Mangkane pengalaman sing paling nyenengno nag urip iko sakliyane dadi tombone sedeh, yo kenek gawe sangu nag urip gawe ngadepi urip nag masa sing ate teko masio iku durung karuan podo. Tapi masio ora podo sing jenenge pengalaman mesti akeh manfaate. Mangkane ojo lalekno pengalaman urip sing nyeneno iku, soale manfaate iku gedeh kanggo mlakuni uripe awak dewek kabeh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "643", "text": "Aku lan rombongan tim tariku tau arep ketinggalan pesawat. Kui mergo aku tekone telat neng bandara. Konco-koncoku rupane podo panik lan kuwatir kabeh. Pas aku teko ketua rombongane muring-muring. Pas aku teko, awak dhewe langsung mlebu neng jero. Mlakune podo cepet koyo ono demit neng burine awak dhewe. Awak dhewe bejo banget mergone pesawate kui mangkate telat. Soale, neng bandara tujuane kui lagi udan deres. Awak dhewe sing seko panik dadi rodo ayem. Nanging, ketuaku isih muring-muring. Dheweke ono jadwal wawancara kerjo sesoke. Mergo mangkate telat iki iso wae dheweke dadi ora iso mangkat wawancarane. Sing liyane, akeh sing podo turu. Podo kesel mergo ngenteni aku lan mlayu-mlayu mau.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9120", "text": "Jina ambek Jini iku dulur kembar. Tapi mbasio kembar, mereka iki gak tau akur. Bahkan mereka iku mungsonan. Wes eroh ngono, wong tuwone iku gak ngelakoni tindakan opo-opo, malah njar njarno ae anake iku mungsonan. Hal iku sing marakno hubungane mereka tambah elek. Koyok isuk iki, pas Jina kate sarapan. Nang mejo iku mek garek onok nugget telung potong. Jina wes nebak nek Jini wes ngentekno kabeh panganan sing onok nang mejo iki. Akhire gelem gak gelem Jina mangan sego atek sisa nugget iku mau. Pas kate njupuk nugget e, Jini langsung nahan. Pas Jina kate ngelawan, Jini wes ngancem disikan nek koleksi photocard BTS e bakal dirusak nek de’e njupuk nugget iku. Mergo keweden, akhire Jina ngalah dan milih gawe masak mie gawe sarapane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5395", "text": "Petugas sing paling mangkeli ning Indonesia yaiku petugas sing ana ning puskesmas. Petugas iki kadang kewalahen karo gaweane dhewe nanging ya ora duwe rasa tanggung jawab kanggo ngewenehi fasilitas sing apik lan uga bisa cepet ngurusi administrasi pasien. Para petugas iki kadang ya ora peduli marang wong kang nganggo BPJS lan mesti prosedur sing ana dadi suwe lan ora bisa ngatasi masalah kesehatan sing serius. Dumeh bayarane ora gedhe kaya rumah sakit ning pusat, pelayanane uga kaya setengah-setengah lan ora sesuai karo penyakit. Banjur sing dadi masalah uga pemerintah ora ngewenehi evaluasi kanggo kasus iki lan ora ngewenehi anggaran semestine. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3398", "text": "Ben ora dadekno gangguan mental polahe keweden pas diseneni wong iku maeng kudu iso remekso ambek ngoco awake terus dipikirno lapooh kok diseneni, terus iku iso ngendalekno wedine maeng. Soale nag wedine maeng ora iso dekendalekno biasane iso dadekno gangguan mental polahe saking wedine. Yo wedi iku asline apik ae nag ancene wong sing wedi iku iso ngolah wedine maeng dadi tenogo sing iso nyemangati deke ben iso dadi wong sing luweh apik maneh. Terus perkoro wong wedi polahe disenei iku yo ora saitik sampek wong sing diseneni ngalami trauma ambek gangguan mental sing akhire dadekno wong sing diseneni iku pengen bales wong sing nyeneni maeng. Dadi nag iso masio iku wedi kudu iso dikendalikno sak iso-isone.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7949", "text": "Awak dewe sebagai umat Islam iku kudu ngeyakini nek keberadaan jin iku onok nyatane, soale iku wes dadi Rukun Iman sing kudu dilakoni. Tapi kadangan, awak dewe iku tau nemoni jin sing rese nang awak dewe dan iku marakno awak dewe wedi dewe. Padahal, jin iku gak bakal ganggu nek awakmu gak ngusik mereka. Biasane, mereka iku bakal ngeroso keusik nek misal awak dewe gak sengojo melbu nang teritorial e de’e. Tapi kadangan sisan, mereka sek bakal tenang, asal awak dewe gak aneh-aneh nang teritorial e mereka. Dadi gawe awakmu, nek lagi nang ndi ae, gak usah atek kakean pola nek gak gelem diganggu karo jin.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "753", "text": "Koncoku ono sing aneh. Dheweke kerep banget nesu-nesu ora cetho. Biasa dheweke kui ora iso nesu. Mbok ono wong sing ngelarani dheweke uga, dee ora bakal nesu. Biasane wonge kui kalem banget. Nanging, ono neng wektu-wektu tertenu dheweke kui iso ngedumel ora jelas. Yen dheweke wis ngeroso ono roso aneh neng atine kui, dheweke langsung ilang. Sak dino kui dheweke ora ketok lan ora iso dihubungi blas. Jebul pas tak takoni kui dheweke ngurung diri neng kamar, dolanan gim. Dheweke dolanan gim mung pas lagi nesu tok. Dheweke dolanan kui karo misuh-misuh. Yen Kowe iso neng jerone kamar pas kui, Kowe bakal ngabsen jeneng-jeneng khewan neng kebon binatang.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4429", "text": "Mesti kabeh wong nag kleru mlebu jeding mesti isin, opo maneh nag nang panggonan umum terus wes ditengeri endi sing lanang ambek endi sing wedok yo jelas tambah ora karoan isine. Sak jane perkoro koyok ngunuku iso ae didohi mergo kabeh iku kan kenek dicego. Nah ben ora sampek kedaden perkoro koyok ngunuku maeng yo kudu ngerti ambek teliti endi jeding sing kanggo wong lanang ambek endi jeding sing ancene kanggo wong wedok. Nah kabeh iku wes jelas, ambek biasane kan ono nang ngarepe jeding dadi nag ancene ono wong sing kleru iku nag gak wong sing kesusu yo kebelek terus akhire ora merhatekno endi jeding sing bener maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6133", "text": "Nam Joo Hyuk yaiku salah siji pelakon drama saka Korea sing nduwe pengalaman kurang enak kamangka bisa nduwe semangan kanggo ngewujudake mimpine saiki. Nam Joo Hyuk iki biyen bocah sing latar belakange biasa wae lan dadi kebetulan oleh berkah wajah lan awak sing cocok ning dunia hiburan, bagus, dhuwur, lan uga nduweni kharisma. Banjur, Joo Hyuk iki direkrut salah siji agensi model lan kanca-kancane uga ora percaya lan diguyu kanthi dekne kisinan amarga dekne biyen kuwi saka keluarga sing biyasa wae. Saka peristiwa kuwi, Nam Joo Hyuk nduwe motivasi kanggo terjun ning dunia hiburan lan ngewujudake mimpine kanthi dadi aktor lan model sing sukses. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6099", "text": "Ngumbah piring kuwi dadi kegiyatan sing nyenengake amarga bisa dolanan banyu uga bisa ngilangake sumpek. Yen lagi mangkel pancen paling penak ngumbahi piring amarga kaya pikiran iki melu enteng lan ati rasane dadi lega. Nanging, kanggo wong sing ngumbah piring ning hajatan, kadhang ngumbah piring dadi acara sing paling mangkelake, amarga sisa panganan iki kerasa njijiki. Durung maneh tangan sing gatel alergi sabun kuwi bisa marai sumpek lan uga bentol abang lan mbanyu. Kamangka, sabun ngumbah piringb kuwi goleh sing cocok lan uga antialergen ben ora dadi masalah anyar utawa bisa nganggo sabun sing digawe saka bahan alam amarga luwih sehat lan ngurangi limbah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5667", "text": "Internet jaman saiki dadi wilayah sing paling medeni amarga bisa dadi panggonan sing gampang tinemu wong ala sing gawene ngece kanthi ngewenehi ancaman sing ora masuk akal amarga ana bedha visi misi karo wong liya. Kanggo ngindari iki, sing paling gampang dilakoni yaiku ndadekake sosial media panggon kanggo seneng-seneng lan dadi panggon kanggo mbagi crita sing sifate umum. Banjur ngindari omongan sing ana potensi kanggo nyinggung kaya babagan SARA utawa sing ana topik seksual amarga ora kabeh wong sejalan karo kuwi. Yen arep ngomong babagan sing serius, kudu ana data lan fakta sing pas ben ora kena bully ning sosial media.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7693", "text": "SKCK iku dowone Surat Keterangan Catatan Kepolisian. Nek mbiyen iku jenenge SKKB utowo Surat Keterangan Kelakuan Baik. SKCK iki surat keterangan sing diterbitno karo PORLI sing isine tentang catatan kejahatane uwong. SKCK iki surat keterangan resmi sing diterbitno melalui fungsi intelkam nang uwong sing dadi pemohon gawe memenuhi permohonan teko sing bersangkutan utowo gawe perlu sesuatu mergo onok ketentuan sing digawe syarat, contohe koyok ngelamar kerjo. SKCK iki nduwe masa berlaku sampe enem wulan sak mbarine diterbitno. Nek wes lewat, isok diperpanjang maneh. Gawe ngurus SKCK, awakmu garek nyiapno berkas sing dibutuhno, terus daftar online disik, baru engkok nang kantor PORLI gawe diurusno karo petugase. Nek bejo, awakmu entok petugas sing cak cek. Nek gak, awakmu kudu sabar.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5332", "text": "Olah raga sing bisa ngedalekake murka kuwi salah sijine pencak silat. pencal silat iki bela diri asli saka nuswantara lan wis ana wiwit jaman biyen amarga jaman biyen, bela diri iki dadi olah raga suci sing nyampurake unsur lair, bathin, lan uga ana bela diri sing negakake unsur agama. Ing tanggal 13 Desember 2019, UNESCO netepake yen pencak silat dadi warisan budhaya sing wujude benda. Ning negara Asia liyane, pencak silat iki uga wis dadi olah raga sing kondhang lan duwe federasi dhewe. Induk bela diri iki yaiku IPSI utawa Ikatan Pencak Silat Indonesia. Pencak silat iki sak liyane ngelatih pernapasan, uga ngelatih kesabaran ben ora gampang ngewales perbuatan wong liya kaya nggebuk utawa ngomong kasar. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2966", "text": "Sing garai wong kaget polahe menang undian sak liane undian iku asline yo ono werno-werno. Contone koyok pikirane iku ora tau ngiro nag bakal menang, terus atine ora arep-arep nag deke bakale oleh undian, terus saking akehe urusane sing diadepi sampek lali nag tau melok undian. Nah perkoro-perkoro maeng termasuk salah perkoro sing iso dadekno wong iku maeng pas oleh utowo menangno undian. Tapi ono wong sing arep-arep menang terus menang tapi yo isek jumbul soale lali nag deke melok undian. Sak liyane iku sing biasane kedaden yo mesti kelakoane iku mesti aneh-aneh soale saking bungae sing dadekno pikirane wong iku maeng lali sembarang-barang sing ono nang pinggire.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "675", "text": "Awak dhewe mesthi duwe konco utowo tau delok wong sing garapani kui yen misale krungu ono sing meteng langsung ngitungi usia kehamilane karo usia pernikahane. Aku bingung karo wong-wong sing koyo ngono kui. Fungine kanggo ngopo. Ngitung kui angel. Kenopo awak dhewe kudu repot-repot mikir kanggo perkoro sing kudune ora perlu. Iya, iso wae wong sing durung suwe nikah kui kesusu nikah mergo sing wedok wis meteng disikan. Yen wis ngerti, awak dhewe arep ngopo, mungkin pertanyaane sing luwih tepat kui, awak dhewe iso ngopo yen wis ngerti perkoro koyo ngono. Ora ono sing iso awak dhewe lakoke kecuali ora ngurusi urusane wong liyo.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "773", "text": "Rasa primordial utowo ngebangke sukune dhewe neng Indonesia kui isih gede banget. Nanging masalahe rasa bangga iki tekan ngedelok rendah wong-wong sing sukune beda. Biasane kui, sing kerep dibanding-bandingke kui perkoro fisike. Sing paling kerep dilok-loki kulite. Dulur-dulur sing seko Indonesia bagian wetan kui rata-rata duwe kulit sing ireng. Perkoro kulit kui sing dadi bahan wong ngerundung dulure dhewe seko Indonesia wetan kui. Wong sing kulite putih kui uga dadi bahan olok-olokan wong. Biasane kui seko sedulur dhewe seko etnis Tionghoa. Senadyan akeh suku-suku neng Indonesia sing duwe sing uga putih, nanging etnis Tionghoa iki sing kerep dadi sasaran perundugan. Awak dhewe ora gelem perkoro iki terus-terusan lan lanjut neng generasi seterus. Awal dhewe ora pengen anak putune dhewe kui gelud mung perkoro sing sepele.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9465", "text": "Wingi Pak Ganjar Pranowo Gubernur Jawa Tengah nrima penghargaan lingkungan Green Leadership Nirwasita Tantra 2021. Penghargaan iki kanggo ngeregani wilayah Jawa Tengah sing wis bisa njaga lingkungane. Kanggo Ganjar, sawise oleh penghargaan iki udu wayahe mandheg. Nanging malah sak walike, kabeh kudu luwih giat lan semangat kanggo luwih apik maneh anggone ngeramut lingkungan. Nrima penghargaan iki sakjane pesan moral kanggo kabeh wong lan stakehol sing ana ing Jawa Tengah supaya ora keliwat seneng. Kudu luwih telaten, semangat kanggo ngeramut lingkungan lan dadi percontohan kanggo daerah liyane. Mula kabeh kudu bisa njupuk peran kanggo ngeramut lingkungan wiwit saka warga, pamrentah, DPRD, nganti gubernur.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7265", "text": "Onok salah siji kejadian sing paling menyedihkan gawe awakku, yaiku pas aku dadi korban tabrak larine ibu-ibu sing ngawur. Sing marai kejadian iku menyedihkan banget iku peristiwane pas aku lagi ngadepi UNAS SMA, bahkan UNAS e yo durung mari tapi aku dadi korban tabrak lari. Kejadiane iku pas aku buru moleh les gawe persiapan UNAS fisika, moro-moro gak onok abang gak onok ijo onok ibu-ibu nubruk aku dan langsung kabur ngono ae. Awale aku gak popo, soale wong-wong podo nulungi aku. Tutuk omah, aku buru nyadar nek onok luka nang siku tengenku. Akhire diobati lah koyok biasa. Sing marai aku tambah sedih iku pas tanganku keroso kaku dan gak isok digerakno, padahal aku kudu sinau gawe ngadepi UNAS. Sumpah, ndek kono aku bener-bener ngeroso sedih banget tapi gak isok berbuat opo-opo, dan iku marai aku tambah ngeroso gak guna.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2084", "text": "Sing marake awak dhewe wedi neng panggon sing awak kenal kui, awak dhewe ora apal lan ngerti persis karo lingkungan anyar kui. Menungso kui duwe kemampuan adaptasi sing apik. Nanging ora kabeh menungso iso adaptasi kanthi cepet. Ono beberapa wong sing ngebutuhke wektu luwih suwe ben iso nyaman karo lingkungan anyar. Sing marake awak dhewe angel beradaptasi kui, mergo awak dhewe wis biasa karo lingkungan utowo panggon awak dhwe tinggal sak durunge. Juk sing iso marake tambah angel, awak dhewe ora iso nemoke hal sing podo seko lingkungan awak dhewe sing biyen karo lingkungan sing anyar. Yen misale ono sing podo, awak dhewe iso adaptasi luwih cepet.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7614", "text": "Body shaming iku singkate ngenyek fisik e uwong. Mulai ngenyek lemu lah, elek lah, ireng lah, cebol lah, dan sek akeh bentuk penghinaan liyane. Padahal fisik e uwong iku teko konone dewe wes koyok ngono dan gak bakal isok diubah, kecuali nek kate operasi plastik. Wes ngono, ngehina fisik iki nek keterusen isok sampe nyinggung SARA sisan lho, opo maneh nang hal ras. Hal iku mergo ras iki kuat hubungane karo fisik e seseorang. Semisal ras mongoloid sing roto-roto nduwe singular eyelid. Nek misal awakmu ngenyek uwong iku singkek mergo mripate sing cilik, iku isok berujung dadi rasisme sisan lho.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7687", "text": "Awakmu pasti akeh banget ndelok karya lukis sing nang bagian ujung lukisane iku dikeki coretan sing biasa dijenengi watermark. Karya lukis sing dimaksud iki kabeh jenis karya lukis, sing asli nang kanvas ambek sing bentuk digital. Gawe awakmu sing hobi ngelukis, ojok lali gawe ngekeki watermark nang lukisanmu. Watermark iki gak usah sing angel-angel. Onok beberapa cara gawe ngekeki watermark. Siji, nganggo tanda tanganmu. Loro, nganggo coretan sing mbulet dan gak bakal onok uwong isok nirukno sak liyane awakmu tok. Telu, nganggo logo gawenanmu dewe nek lukisane iku dalam bentuk digital. Iku mau cara-cara sing paling sederhana nek kate nggawe watermark.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8071", "text": "Nek pas wayahe evaluasi mbarine event rampung, onok siji sing paling tak wedeni, yaiku panitia siji ambek panitian liyane iku senengane podo nyalahno siji ambek liyane maneh. Iyo nek kabeh iku isok nerimo dengan pikiran sing adem, tapi buktine kan igak. Pas onok momen nang ndi bendaharane nyalahno koor konsumsi soale salah ngitung budget sing marakno anggarane dadi gak karuan, arek iku mau ketok koyok gak ngelawan dan meneng ae. Pas tak delok, drijine wes tremor. Pas tak rungokno, ambekane mulai gak karuan. Gak suwe, arek iku mau izin gawe nang jedhing. Aku sing curiga izin sisan sak marine arek iku mere. Akhire aku coba ngetuti de’e. Bener ae, nang jedhing, arek iku wes jongkok sambil nyekeli sirane. Wes jelas nek arek iki kenek serangan panik. Aku langsung ae nenangno de’e dan ngancani de’e terus sampe kondisine stabil. Mbasio suwe, mending ngene timbang arek iki tak jarno ngono ae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6159", "text": "Klambi padha rupa lan werna karo wong liyane kuwi pancen dadi babagan sing biyasa. Pabrik kuwi ora mung produksi siji, nanging sing bisa ditangani yaiku cara nganggo klambine kuwi lan uga piye awak dhewe bisa padu padhane klambi iku dadi gaya sing ora pasaran lan ora kalah karo wong liya. Miturut survey, wong mesti kerasa ora nyaman yen ning panggonan umum nganggo klambi sing padha karo wong liya, amarga kuwi sing bisa dilakoni yaiku nemokake ciri khas saka awak dhewe kaya saka printilan werna, sabuk, sepatu, lan uga sak panunggale. Senajan padha, rasa wong sing ndelok kuwi ya mestine ora padha. Kamangka, ayo nemokake gayane awak dhewe ben bisa dadi identitas. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7548", "text": "Aku kate pesen siji nang awakmu. Nek isok yo, ojok sampe ketinggalan kendaraan umum apa pun iku jenise. Mulai teko bus, sepur, pesawat, dan liyane maneh. Ketinggalan kendaraan umum iki akeh banget rugine gawe awakmu. Mulai rugi tenogo sampe rugi duit. Rugi tenogo, soale awakmu kudu gopoh gawe berangkat nang panggon pemberangkatan. Untung nek awakmu sek isok numpak, lah nek ketinggalan, kan pegel nang awakmu dewe wes pegel awak mergo mlayu-mlayu, pegel ati sisan. Terus rugi duit, soale hampir kabeh tiket kendaraan umum iku gak isok dibalekno nek awak dewe ketinggalan. Mbasio nek pesawat iku isok, tapi awakmu mek entok 10 persen e tok.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3826", "text": "Asline yo wong sing salah mlebu jeding iku durung karoan nag isin soale panggonan jedinge barang yo ora jelas endi sing bener-bener ono tandae ambek ora. Terus yo ono sing ora ono tandae barang nag ono sing dikususno kanggo wedok ambek lanang. Nah sing garai isin iku maeng biasane nag ancene mlebu jeding sing wes bener-bener ono pengecualian nang jedinge maeng, ambek wes ono tondone sing jelas-jelas negasno nag iku maeng ancene dibedakno. Nah iku maeng nag mlebu lagek isen polahe wes ono pembedaan iku maeng. Mangkane nag isin mlebu jeding iku biasane nag ancene jeding iku maeng wes ono tengerane tapi ora nyedekno lagek isin pantes.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1449", "text": "Awak dhewe kudu ngeoro jijik utowo ngeroso gilo yen awak dhewe delok khewan-khewan aneh ono neng omahe dhewe. Khewan sing tak maksudku khewan-khewan sing dianggep jijiki karo wong-wong koyo coro, tikus, lan khewan liyane. Kui tandane omahe dhewe kui lagi reged. Awak dhewe kudu ngelakoke sesuatu supoyo awak dhewe ora resik. Mungkin omahe dhewe sing ninggali mung awak dhewe lan ora ono tamu sing teko. Nanging, awak dhewe tetep tinggal neng kono. Awak dhewe isih turu neng kono. Mosok awak dhewe tinggal neng omah nanging rasane koyo turu neng panggon kanggo guak sampah. Awak dhewe kudu ngehargai opo sing awak dhewe duwe. Salah sijini, ngeresiki omahe dhewe supoyo ora dadi panggon sing koyo kandang wedhus.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5686", "text": "Amandel kuwi dadi salah siji penyakit sing ngganggu ning bagian pangkale gulu. Amandel iki fungsine kanggo ngatur kekebalan awak, nanging yen radang, amandel iki uga ngganggu kesehatan kaya tenggorokan lan uga liyane. Kamanga, amandel iki kudu diilangi liwat operasi. Operasi amandel iki dudu operasi gedhe kaya operasi pencernaan, nanging ya mbutuhake persiapan. Persiapane yaiku 2 minggu sak durunge operasi ora oleh ngombe obat antiinflamasi amarga ningkatake risiko pendarahan kang gedhe. Kaya operasi liyane, operasi amandel iki uga butuh poso kanggo ngindarake radang paru amarga asam lambung aktif. Banjur yen lagi watuk ya ora oleh ngelakoni operasi amandel lan bisa ditunda. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5680", "text": "Setaun sepisan, Yanti mesti ngelakoni cek kesehatan lan taun iki kayane sing paling ngageti amarga jebul Yanti duwe penyakit kista ning rahim. Kista kuwi nyebabake Yanti dadi sering lara pas haid lan uga kerep pendarahan. Yanti ngerasa yen iki wis tahapan bahaya amarga kista iki wis njalar lan yen dijarno malah bisa dadi penyakit sing luwih serius. Nganggo BPJS lan asuransi saka kantor, Yanti ndaftarake jadwal operasi. Nanging Yanti wedhi banget amarga dekne ora tau operasi. Tangane kemringet lan dokter butuh ngewenehi penenang amarga Yanti keweden banget. Banjur pas dekne wis kena bius, Yanti baru bisa dioperasi lan diangkat kistane. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2978", "text": "Wong sing meteng iku yo ono sing jumbul soale metenge maeng ora dikarepno. Nah perkoro iku kedaden yo polahe dewe. Mangkane kabeh wong gerang mesti nganjurno anak wedoke mileh konco sing temen ambek sing apik ben ora dadekno perkoro meteng sing ora dikarepno. Anjuran iku yo ora teko wong tuo tok, tapi teko guru-gur siong ngulang nag sekolahan barang yo mesti ngulangi ambek dudohno endi konco sing apik ambek koco sing elek. Mangkane nag konco sing sekirane ora pantes dijak konco yo ojo dikancani soale iso dadi sing koyok ngunu goleko konco sing ancene apik ambek cocok karo atimu soale iso mengaruhi uripmu mboh iku apik utowo elek. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7211", "text": "Koyok biasa, aku moleh sekolah pas wes disusul ambek supirku. Moro pas tutuk omah, aku krungu mamaku telponan sambil nangis. Aku bingung, opo’o iki mama, mbari entok kabar opo. Terus pas mari nelpon, mama langsung meluk aku dan ngomong nek operasine mbah kakung gak berhasil dan meninggal ndek rumah sakit. Aku langsung nangis kejer dan bales meluk mamaku. Gak suwe, aku dikongkon mamaku adhus terus berangkat nang omahe mbah kakung. Selama aku adhus, aku gak mari-mari nangise. Bahkan sampe aku budhal nang omahe mbah kakung, aku sek nangis terus. Pas ndelok jenazahe mbah kakung, aku tambah kejer pindo dan akhire aku ditempatno nang kamare tanteku cek gak nguwasi mbah kakung dan isok tenang. Tapi tetep gak isok, aku tetep nangis gero-gero.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8423", "text": "Toilet umu iku fasilitas sanitasi sing isok digawe sopo ae dan biasane onok nang ndi ae. Mulai teko Supermarket, Toko Buku, Masjid, Mall, Rest Area, Stasiun, Bandara, Halte, dan sek akeh liyane maneh. Nek didelok maneh, ben toilet umum iku pasti onok simbol-simbol khusus e. Simbol iku fungsine gawe nandakno toilet iku gawe jenis kelamin sing endi. Nang Indonesia, simbol sing onok nang ngarep pintu toilet umum iku biasane onok telu, yaiku gawe lanang, gawe wedok, karo gawe difabel. Kadangan sisan onok toilet khusus gawe wong sing ngeramut bayine. Ben jenis toilet iku mau fasilitase bakal bedo sisan sesuai kebutuhan dewe-dewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9480", "text": "2 Agustus dadi dina sing wis dienteni karo Mbakyuku. Bocah kelairan 1997 iku wis wani kanggo dipek bojo wong liya. Aku minangka adhike sing paling ragil uga seneng nalika ndelok mbakyuku seneng ngguya ngguyu wong loro karo kakang mase ning kuwade. Upacara rabine wis diwiwiti isuk jam 9. Kaliwarga saka manten kakung uga teka bres saka Jogja. Sawise upacara adat, adicara sak marine yaiku mbakyuku nrima tamu saka undangane. Tangga teparuhku uga teka kabeh lan padha bungah ndelok mbakyuku akhire wis dadi bojone wong. Adicara iki rampung jam 11 bengi. Aku ngewangi mbakyuku kanggo ngeresiki raine sing mari dipacaki. Eseme mbakyuku ora luntur amarga dheweke seneng banget ana ing dina rabine iki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "339", "text": "Cah cilik pas nangis kerep dijanjeni macem-macem. Koyo bakal dijak neng mal misale, tekan sing sepele koyo diajajake es krim. Pokoke, ngejanjiki opo wae sing dee senengi ben ora nangis. Nanging, ono wae wong tuwo sing nganggep kui omongan kui mung sekadar omonang ben anake anteng. Padahal, anak ngerti nek omongan sing koyo ngono kui janji lan janji kui kudu ditepati. Yen wong tuwone ora nyauri janji kui, iso ngaruh neng tabiate anak. Anak bakal ora gampang percoyo karo omongane wong. Padahal, iso percoyo karo wong kui kemampuan sing dibutuhke. Maknae, seko saiki wong tuwo kudu ngati-ngati pas ngomong. Ojo ngasi ngejanike hal-hal sing ora iso dilakoni.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6195", "text": "Kedadian sing uga marai isin, grogi, lan canggung kuwi yen pas lagi ana kegiyatan kaya nyanyi, nari, utawa main musik ning panggung malah salah. Sing paling kethok yaiku pas nari amarga gerakan kuwi luwih kethok lan kadhang uga bisa mbuyarake formasi lan gerakan sing wis diwenehake. Yen penampilane dhewenan iki isih bisa dimaklumi. Nanging yen bareng kuwi uga bisa ngerusak liyane. Amarga kuwi, kesenian pertunjukan iki angel lan uga mbutuhake konsentrasi sing dhuwur ben ora salah gerakan lan buyar banjur marai isin. Yen ana wong sing ngomong seni kuwi gampang paling durung tau ngalami rasane demam panggung kanthi ndredeg lan salah gerakan. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9970", "text": "Demo gede-gedean sing ana ing kecamatan Sukamaju saiki tambah parah. Akeh wong sing padha mudhun ing dalan kanggo demo ning kantor kecamatan. Wong demo iki jebule amarga ana 2 golongan kelompok agama sing padha ilok-ilokan. Ana agama sing disinggung amarga nyanyi sampe tengah wengi langsung ora trima. Akhire agama iki nyerang agama sijine lan ngomong yen corong ing panggon ibadahe kudu meneng amarga ganggu banget. Loro kelompok agama iki padha muring-muring lan akhire padha demo dewe-dewe. Wak Camat sing delok kedadean iki langsung mudhun supaya ora tambah panas lan nggarai mecah kerukunan antar umat beragama sing wis damai pirang-pirang taun iki. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1417", "text": "Pas awak dhewe lagi neng perjalanan sing adoh, koyo mudik misale, awak dhewe ora iso milih-milih panggon kanggo nguyuh utowo ngising. Pilihan awak dhewe terbatas. Senadyan kamar mburine podo reged, awak dhewe ora iso nolak pilihan kui timbangane awak dhewe dadi ngompol neng jero kendaraan. Supoyo awak dhewe ora mesthi neng kamar mburi sing reged kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso neng kamar mburi neng omah disik sak durunge lungo. Sing keloro, awak dhewe kudu ngatur omebanan lan panganan sing awak dhewe konsumsi. Apike pas perjalanan awak dhewe ora usah ngombe lan mangan sing keakehan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8379", "text": "Ben awak dewe ndelok onok uwong sing keracunan panganan, wong-wong pasti podo cepet-cepet nggolek banyu klopo enom. Banyu iku mau bakal diombekno nang wong sing keracunan mau. Dan iku wes dilakoni ambek hampir kabeh wong nang Indonesia. Awakmu tau mikir gak, opo’o kudu banyu klopo, opo’o gak banyu utowo obat liyane? Dadakno, banyu klopo iku nduwe kandungan antibakterial sing cepet banget gawe ngilangno racun sing onok nang njero awak. Wes ngono, banyu klopo iku tergolong murah dan gampang digoleke, makane sek akeh uwong sing ngandelno banyu klopo nek onok sing keracunan. Dadi nek misal awakmu utowo wong nang sekitarmu keracunan, langsung ae kekno banyu klopo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4362", "text": "Wong iku mesti ono sing geting ambek jijik karo sing jenenge sampah yo ono sing ora barang. Terus sing jenenge sampah iku maeng opo? nah sing diarani sampah yoiku termasuk barang sing ancene bekase digawe wong terus wes ora kanggo akhire dibuak iku sing jenenge sampah. Nah garai wong iku jember ambek jijike pol nag nguwwasi sampah iku asline teko barang sing metu sak wise sampah iku tumpuk-tumpukan, contohne koyok set, terus ambu sing ora enak, ambek kadang ono cacing barang. Nah perkoro iku maeng sing iso garai wong sing masih iku maleh jijik mergo ora mentolo polahe saking ora karoane bentukane maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1400", "text": "Pas aku lan adiku isih cilik, awak dhewe wong loro iki sok ngeroso mual yen lagi numpak mobil. Pas kui, awak dhewe durung biasa numpak mobil dhewe. Pas diajak eyang numpak mobil, dalan-dalan neng luar kota, kui awak dhewe seneng. Nanging mesthi, awak dhewe utowo salah siji seko awak dhewe ono sing mukok neng dalan. Pas aku wis rodo gedhe, aku wis ora gampang mukokan. Disik kui, aku kerep mukok neng dalan kui mergo adiku disik sing mukok. Tau pas kui, awak dhewe dijak plesiran neng Jakarta. Neng tengah dalan awak dhewe wis mukok. Bejone, ibuku langsung ngerti dadi mukoane isih sempet ditadahi plastik. Aku pas kui ora langusng keroso mual. Nanging suwe-suwe, mukokane kui kebayang. Dadine aku uga melu mukok. Nanging sayange, mukokanku ora sempet ditadahi kresek. Dadine ngeregeti mobile eyangku.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "742", "text": "Yen aku arep neng endi-endi seko omah, aku mesthi ngeliwati prapatan Terminal Giwangan. Prapatan iki paling rame sepanjang dalan Imogiri Timur. Pas lagi dino Sebtu karo Minggu awan, montor sing arep liwat kono iso kejebak bangjo tekan peng 3 luwih. Bayangke wae nek mobil, meshti kuku ngenteni suwe banget neng kono. Nek tak delok-delok, wong males banget ngeliwati prapatan kui. Rupane podo kecut pas lagi macet kui. Sing marai rame kui, mobil-mobil sing seko luar Yogyakarta. Biasane wong-wong kui plesiran neng pantai Bantul utowo Gunung Kidul. Dadi pas awan tekan sore kui, prapatan Giwangan sing sisih kidul kui mesthi rame banget.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1079", "text": "Yen awak dhewe ngelesi utowo ngajari anak renang kui awak dhewe ora oleh wedi pas anake dhewe kui kelelep. Kelelep kui uga bagian seko ajar renang kui dhewe. Yen anake dhewe ora ngerti piye rasane kelelep kui, anak ora bakal iso usaha lan mikir, piye carane supoyo aku ora kelelep. Awak dhewe uga kudu percoyo karo pelatihe. Pelatihe kui ora mungkin nyilakani anak didike. Dheweke wis duwe pengalaman ngajar renang suwe banget. Dhewek ngerti yen kelelep pas ajar renang kui lumrah. Dheweke uga bakal jagani anake dhewe. Yen misale, amit-amite, anake dhewe kelelep lan ora jedul meneh, pelatih kui wis siap kanggo nyelametke anake dhwe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2564", "text": "Nag jareku roso seneng apik ae diwujudno opo maneh roso seneng polahe oleh penghargaan sing teko prestasi. Roso seneg polahe perkoro iku ancene wajar kedaden nang uripe mengungso opo maneh kanggo wong awam sing durung ngerti teknologi modern. Tapi roso ngunuku yo kudu dijogo ben ora dadekno roso mangkel utowo geting teko wong liyo sing delok wong oleh penghargaan maeng. Soale kadang ora kabeh wong iku seneng delok wong seneng. Nag wes metu roso mangkel maeng iso dadekno perkoro, mboh iku perkoro apik utowo elek, pokoke mesti ono perkoro sing dadekno roso seneng iku dadi roso geteng, iri, ambek kadang iso dadi musuh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4385", "text": "Panganan sing wes endut iku ancene iso dadi barang sing digetingi utowo jijiki. Tapi kabeh iku kan karek endute maeng, nag endute iku ora nemen terus isek kenek diresiki biasane se ora masalah mergo isek kenek dibuak sing endut terus sing resik iku isek kenek dipangan. Nah seje maneh nag endute iku sampek kenek perkoro sing wes ora kenek diobrak-obrak utowo diresiki maeng contohne koyok kenek perkoro sing jemberi yoiku kenek telek, kenek barang sing ancene wes endut terus nepleke nemen. Nah nag wes koyok ngunuku mesti panganane bakale endut nemen terus ora kenek diresiki. Nah biasane ngunuku wes ora kenek diapak-apakno maenh opo maneh dipangan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6160", "text": "Aku krungu saka ibuku yen wong sing omahe ana ning pojok kampung kuwi saiki wis pindah omah amarga kisinan sering gelut karo bojone perkara utang piutang. Saban dina, mesti ana tukang tagih sing teka menyang omah lan nggedhor lawang uga nakoni tangga-tanggane babagan identitas wong kae. Nanging wong kuwi ora tau ngetok barang setitik. Ana sing ngomong yen wong kuwi minggat menyang Bali, uga ana sing nggomong yen wong kuwi wis ngedol omahe banjur ora nemoni wong sing diutangi kanggo mbayar. Wong iki wis dadi guneman tangga kanthi ibuku melu gregeten amarga utange sing kudune dadi rahasia keluarga kuwi wis nggunung lan krungu tangga. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1587", "text": "Wong sing kerep gerap utowo kerep olahraga kui biasane kui sikile mambu. Yen awak dhewe duwe sikil sing mambu, awak dhewe dadi isin yen arep ketemu wong pas lagi copot sepatu. Supoyo mambu sikile dhewe rodo berkurang, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu kerep ganti kaos kaki. Awak dhewe iso ganti kaos kaku kui rong dino pisan. Awak dhewe uga ngumbah kaos kaki kui kanthi resik. Sing keloro, awak dhewe kudu sregep ngumbah kasute dhewe. Sing ketelu, pas adus awak dhewe uga ngerisiki bagian sikil. Yen awak dhewe ngelakoke perkoro-perkoro kui, awak dhewe iso ngurangi mambu ora enak neng sikile awak dhewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1083", "text": "Aku kui wonge wedi banget kanggo operasi. Neng bayanganku, operasi kui ngeri banget. Senadyan sing operasi kui mesthi dokter sing wis ahli, nanging tetep wae ono sing marake aku gamang. Jenenge menungso sing iso salah, dokter kui uga iso salah. Wedene mergo doktere teledor wong sing diopresi kui iso ciloko. Sak liyane kui, aku uga ngebayangke panggon utowo ruangan operasi sing medeni. Aku bayangke ono neng ruangan sing gelap, terus ono lampu sing nyorot padang banget. Mata doktere kui keroso adem banget, koyo wong jahat sing arep ngecilakani. Akeh peso-peso sing landep sing diselehke neng samping kasur. Aku ngebayangke doktere kui ngebelek wethengku lan akeh getih sing metu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "359", "text": "Ekpektasi kui sumber seko kabeh roso kuciwo. Yen awak dhewe ora gelem ngerasake sedih mergo percoyo karo wong, awak dhewe kudu midunke utowo ngilangke ekpektasi marang wonge kui. Pikirane awak dhewe kerep bayangke kahanan utowo sifat-sifat sing paling ideal. Prasangka kui awak dhewe entoke seko opo sing awak dhewe delok seko fisik utowo tabiat wonge kui. Nanging, kesan sing awak dhewe delok kui durung tentu podo karo kenyataane. Iso wae awak dhewe durung kenal wonge kui cerak banget utowo dhewe isih delike sifat asline neng panggon umum. Awak dhewe mesthi iling yen ora ono menungso sing sempurna. Mergo awak dhewe ora iso matike sifate seko awal, awak dhewe kudu midunke ekspektasi kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9077", "text": "Begal iku kedaden meh ben dino nang Indonesia. Hal iku mergo aku mesti ben ndelok berita, pasti onok siji berita tentang penangkapan pelaku begal sing dilakoni polisi. Cara sing dilakoni polisi gawe nangkep pelaku begal iku yo muacem-macem, dan roto-roto iku podo ampuh kabeh. Tapi onok loro sing paling sering tak uwasi. Siji, langsung nggrebek pelakune iku mau. Loro, nyamar dadi korban ben isok nindak pelaku luwe gampang. Pokoke intine langsung ngampiri pihak pelaku ben isok ditindak dan pelakune gak kabur kaburan maneh. Dan nek tak delok, cara nomer loro iku sing paling efektif soale pelaku iku mau luwe gampang dijak kompromi dan luwe gampang dibujuki sisan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9947", "text": "plesiran nandi nandi wae iki mesti onok macet e ning dalan. ora usah muring-muring yen wes kenek macet ning dalan. akeh cara supaya ora gampang nesu . salah sijine yoiku . isok nyetel lagu sing disenengi ning jerone montor. sangu panganan akeh kanggo nak dalan . ojo lali sak ngombene sisan ben ora kesereten. yen nggowo anak cilik digawani dulinan senengane sing biasane digawe ojo lali digawani susu sing akeh ben ra kentekan nang dalan. yen panas iki ac ne montor e digedekno. iso dulinan games ning hp sing disenengi ben ora mbelenger ngenteni dalanan macet. akeh carane ben ora usah nesu nesu sing nggarai tambah panas pikiran. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "701", "text": "Aku disik pas jaman kuliah garapane latian karo nampil nari wae. Sak liyane kuliah, aku ora melu kegiatan opo-opo meneh sak liyane nari mau. Pas kui tau, sanggarku nampil neng acara sing gedhe banget neng kampus. Pengisi acara neng acara kui okeh banget. Supoyo teratur, awak dhewe dikei nomor urut. Bejone awak dhewe, sanggarku entuk urutan terakhir, artine penontone luwih akeh. Nanging, awak dhewe kuciwa banget pas dino acarane. Awak dhewe dimajuke urutane dadi sing paling awal. Padahal, neng acara pembukaan kui durung ono akeh wong. Sing marai tambah mangkel meneh kui, sing jupuk urutane dhewe kui sanggar tari liya. Awak dhewe wes grundel-grundel pas kui. Awak dhewe curiga yen sanggar tari kui duwe wong buri ben iso genteni awak dhewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3084", "text": "Pas awitan tahun 2022 iki aku asline duwe proyekan ambek konco-konco kanggo gawe modul bahasa inggris ambek salah sijine lembaga sing ono nang koto Tahu Taqwo. Tapi pas wes awak dewek ate mlaku tibake ono ae wong sing nyrobot peggawean iku polahe deke iku dulure bose. Koncoku ambek aku mesti mangkelah, sak mangkel-mangkele soale wes setuju terus ono tanda tangan kesepakatan barang kok tibake malah koyok ngunu. Tapi jarene koncoku awak dewek iku judu sabar koyok jarene wong-wong tuwek biyen srengen iku wes gawane menungso, tapi wong sing apik iku kudu iso ngendalikno roso srengen iku. Dadi koncoku maeng saing ngongkon aku sabar langsung lunggoh terus ngombe banyu entek akeh. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4906", "text": "Tahun 2022 lan 2023 bakale dadi tahun sing paling ndredegake kanggo para karyawan amarga bakal akeh banget PHK sing dadi buntute efek rampung pandemi. Ning taun iki uga bakal dadi taun sing peteng kanggo para perintis bisnis amarga angel golek investor. Nanging yen wis kadung kedaden arep piye? Ana cara sing bisa mbalekake semangat kanggo golek kerja maneh. Carane ngevaluasi apa wae hasil kerja sing wis dilakoni ning panggon kerja sak durunge. Evaluasi iki bisa marai awak dhewe ngerti kemampuan awak dhewe lan bisa ngerti kemampuan apa wae sing bisa ditingkatke. Banjur yen wes evaluasi, awak dhewe bisa ngerti dalan karir iki arep digawa marang ngendi. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9100", "text": "Berhubung dino iki aku kuliah sampe patang matkul dewe, akhire aku buru isok moleh nang kos mbari maghrib. Mergo aku pegel sisan, dadine aku mutusno gawe langsung moleh ae. Biasane aku markirno motorku nang parkiran cedek Perpusat, tapi kali iki aku parkir nang parkiran Lembah. Otomatis aku kudu ngelewati Taman Soshum. Sakjane aku wes rodok ketar ketir soale nang kono iku onok akeh pol penampakan e. Dan bener ae, buru ae aku lewat ngarep gedung FEB, moro onok mbak-mbak klambenan putih dan onok bercak getih e dadah dadah nang aku. Aku langsung mlayu buanter sampe tutuk parkiran. Gak atek leren gawe ngatur napas, aku langsung tancap gas gawe balik kos saking wedine. Babahno sesek napas dilut, penting gak ndelok mbak-mbak sing mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3761", "text": "Pas dolan nang kota Pahlawan biasane aku liwat pinggire GBT sing bangunane iku kekepung ambek tambak sing ora karoan ombone. Tapi sing garai jijiki iku pinggire kono sekitar 3 kilo meteran iku ono sampah sing mundung-mundung duwure megilan. Nah nag ketiga ancen mok ambu ambek ora bleber nang endi-endi. Tapi nag wayai udan-udanan iku jemberi ora karoan soale ono sampah sing kemleler sing ketok teko dalan terus ambune barang iso garai wong loro weteng. Mangkane nag aku dolan mrono mesti aku palang lewat kota dalan gede ora dalan alternative koyok ngunu. Yo ancene enak tapi yo garai mangkelno polahe sampae sing ora karoan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3069", "text": "Pitutur ojo sampek srengen iku wes ono kat jaman biyen teko kanjeng Nabi sampek saiki yo terus ono. Tapi sing jenenge menungso mesti duwe emosi karo perkoro sing garai srengen, opo maneh nak wong iku maeng ora diperlakokno adil. Padal sing jenenge anuran maeng iku mestine kudu dilakoni soale anjuran iku ora mok angger anjuran tapi ono fungsine sing asline awak dewek kabeh durung patek ngerti opo sing dikarepno teko anjuran iku. Tapi anjuran sing ngongkon ojo sampek srengen iku ancene duwe manfaat sing gedene megilan nang kesehatan soale nag srengen terus iso dadekno akeh penyakit sing bakal metu karo iso dadekno wong iku maeng cepet tuwek.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4843", "text": "Album foto keluarga kuwi nyimpen akeh kenangan amarga ning jaman kuwi durung ana teknologi digital lan nyimpen ning folder online. Ning meh kabeh keluwarga, album foto iki mesti ana lan digoleki yen wayah riyaya kanggo mengeti kenangan jaman isih cilik utawa anggota keluwarga sing wis seda. Album foto jaman biyen ana 2 jenis. Jenis sing kaping pisan kuwi sing bentuke kaya sarung plastik sing seukuran karo foto. Kaping loro, ana sing ukurana luwih gedhe lan digawe saka karton, plastik, lan lembaran sing ngeraketake kaya lem. Ananing album foto iki bisa nyimpen gambar-gambar lawas sing bisa mbangkitake memori lan bisa ngobati kangen marang keluwarga. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2510", "text": "Pas tahun wingi aku delok pengumuman sopo wae sing lulus ujian. Aku senenge pol soale aku lulus ujian. Sak liyane ikukonco-konco yo seneng lulus ujian teko kampus sing wes petang tahun gawe golek ilmu ambek golek pengalaman urip nag kota gede. Tapi sing garai seneng maneh yaiku acara sak marini lulus ujian yaiku wisuda. Acara iku sing paling dienteni bocah-bocah ambek konco-konco sing arep-arep ndang lulus soale wes pegel urip nang kampus. Bocah-bocah mesti pengen ndang lulus soale ben iso golek'i cita-cita'e sing diimpekno. Mangkane pas pengumumuman lulus ujian jelas seneng kabeh. Paling sing ora seneng yoiku nag lulus ujian tapi durung iso melok wisuda.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1514", "text": "Lift kui panggon ngetut sing paling ora penake. kentute sih penak-penak wae. Nanging isin mergo kentut ning lift kui ora ono tombone. Kentut neng lift kui awak dhewe ora iso neng endi-endi. Awak dhewe kejebak neng kono. Awak dhewe kudu nahan isin mergone isih ketemu wong-wong sing ngambu kentute dhewe. Pas neng kono, awak dhewe arep jaluk ngapuro isin. Yen awak dhewe ora ngaku, wong-wong uga ngerti sopo sing kentut neng kono. Misale aku kentut neng lift koyo ngono yen ambune iso tak hirup dhewe mesthi tak lakoke. Makane kui, aku mending nahan kentut neng lift timbangane nahan isin neng kono.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7627", "text": "Tertarik karo wong liyo mbasio awak dewe nduwe pasangan iku dadi hal sing sering banget kedaden. Kadangan, rasa tertarik iku mau isok marakno onok keinginan gawe nyedeki wong sing marakno awakmu tertarik dan isok berujung nang perselingkuhan. Nek wes ngono, awakmu kudu cepet-cepet nyegah. Onok cara ben awakmu isok nyegah potensi selingkuh iku mau. Siji, hindarono sosok sing marakno awakmu tertarik. Iku hal sing paling utama. Loro, renungno dampak buruke nek selingkuh. Selingkuh iku konsekuensine bakal dowo, dadi pertimbangno iku sisan. Telu, hubungi konco cedekmu. Awakmu butuh uwong gawe diajak diskusi dan entok dukungan gawe nyegah niat awak dewe gawe selingkuh. Papat, luangno waktu gawe dewean. Jernihno pikiranmu dan golek eroh opo song mbok butuhno nang suatu hubungan. Limo, terbuka karo pasangan. Ancen angel, tapi iki dadi solusi paling sehat. Ancen beresiko marakno ati pasanganmu lara, tapi mending larane saiki timbang engkok. Enem, perbaiki hubungan. Luangno waktu luwe akeh karo pasanganmu ben hubunganmu iku isok luwe harmonis maneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3759", "text": "Nag wong sing tau kenek idune wong masio ora sengojo mesti jijike megilan padal sing kenek iku maeng yo duwe idu dewe tapi sing garai jijik iku kan teko wong liyo, teru ora ngerti wong iku maeng uripe koyok opo, sehat opo ora, ambek duwe penyakit opo kan ora ero. Mangkani ikitermasuk salah sijine faktor lapoo akeh wong sing jijik nag kenek idu. Dadi nag kenek idu yo langsung diilangi ae, tapi nag duwe roso jijik yo langsung dielap gawe opo kono sing penting kenek digawe ngilangi idu iku maeng. Yo ancene roso jijik utowo jember iku kadang nag terlalu nemen iso dadekno perkoro sing ora apik kanggo mentale wong iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2932", "text": "Koncoku tau nge prank koncone sing ulang taun pas nang sekolahan. Nah koncoku iku nguwei hadiah sing bungkus wes koyok kado, mari ngunu bungkuse iku kandele pol sampek pirang-pirang lapisan, angger masi sak lapis, iku ono tulisane \"mogo-mogo dowo umure\", ngunu terus sampek telong lapis, mari ngunu ganti \"terusno olehmu buka kado\". Teru dibukak terus kadone sampe kotak paling cilik tibake hadiah iku ali-ali emas sing abote sak gram. Nah bocahe maeng sing awitane mangkel ambek besengut yo maleh jumbul soale oleh hadih emas sing apike megilan masio iku ora gede. Tapi konggo deke mesti iku ora mok hadiah tok tapi mesti ono artine kanggo deke.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "367", "text": "Pengalaman sedih kui pancen angel. Embuh kenopo, pengalaman sedih kui luwih gampang diiling-iling timbangane pengalaman sing seneng-seneng. Mungkin, pengalaman sedih kui arep ora mungkin dilalike nanging awak dhewe iso usah kanggo ngalihke pikirane dhewe neng urusan liyo. Awak dhewe kudu duwe kesibukan. Kesibukan kui ora mesthi kerjo nanging kegiatan opo wae sing awak dhewe iso fokus pas garap kui. Biasane kuwi hobi-hobi sing awak dhewe senengi, ngelukis misale. Pas awak dhewe goreske pensil neng kertas, ning pikirane dhewe mung opo sing awak dhewe arep gambar. Awak dhewe bakar mikir kui terus tekan gambare rampung. Dadi pikirane dhewe ora ono wektu kanggo mikir sing sedih mau.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3859", "text": "Aku gelek ngandani koncoku nag metu-metu palang gowooh jaket kanggo jagani nag klambimu kembar ambek liyane soale saiki iku akeh sing klambi kembar ambek wong-wong sing ono nang sekitare tapi ora kenal. Contone pas dolan nang kota liyane tibake ono wong sing podo klambine ambek awakmu, nag ngunuku kan yo isin. Dadi ben iso gawe tomboh isin yo gowo klambi liyane utowo jaket ben iso kenek gawe ngerangkepi klambi sing podo iku maeng. Terus ora sampek marakno atimu isin polahe perkoro sing sepeleh maeng. Tapi asline perkor iku maeng kan ora masalah ambek perkoro sing biasa ae. Terus sing garai isin iku kan wonge dewe ora wong liyo.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3426", "text": "Akeh perkoro sing garai wong sing didadekno saksi iku wedi pas dadi saksi kecelakaan. Lah sing garai iku maeng koyok contone aras-arasen ambek polisi sing ora mari-mari ambek sing wes terkenal polisi iku maeng mok golek duwek tok masio wes diwei keterangan sing bener. Terus wong-wong sing dijaluki saksi wedi nag garai utowo marakno duwe mungso ambek wong sing ngalami kecelakaan maeng. Terus ono sing wedi nag ora iso kerjo saole dadi saksi iku mesti biasane ora sakjam rong jam mesti pirang-pirang jam, nah wong sing dagangan kan yo mesti emoh kelangan pelanggan mangkane ora gelem dadi saksi soale wedi kelangan pelanggane sing tuku dodolane maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2003", "text": "Ono wae wong sing wedi karo jarum suntik. Sing jenenge jarum kui landep. Yen misale ditujepke neng kulite awak dhewe kui mesthi ngerasake lara. Ono benda asing sing mleb neng jero awak kui mesthi awak dhewe ngeroso ora penak. Aku ora ngerti-ngerti banget perkoro jarum suntik. Nanging aku ngerti ono jenis jarum suntik. Sing kesiji kui, jarum suntik lobange cilik. Jaram suntik kui biasane dienggo ngeleboke obat utowo vitaminneng awak pas awak dhewe lagi lara. Jaram suntik kui uga sing dienggo kanggo nyuntike vaksi pas wingi ono pandemi Covid-19. Sing keloro kui ono jarum suntik sing lobange luwih gedhe. Iki biasane sing digunake kanggo donor darah utowo ngeleboke banyu infus neng awak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2531", "text": "Koncoku minggu wingi cerita nag tanggal 17 bocahe bakal ngejak aku nang Suroboyo kanggo jipek hadiah sing teko undian salah sijine produk teh. Lah bocahe iku maeng cerito nag deke senenge megilan soale menang undian sing hadiahe sepeda motor terus iku sepeda sing ancene gepingine sampek saiki. Mangkane mari oleh kabar iku bocahe wingi langsung ngabari aku ngejak jipek sepedah iku tanggal 17 wingi. Aku asline gak percoyo soale akeh sing kenek bujuk polahe undian sing hadiahe gedene ngunu. Mangkane aku pas dikabari aku ngandani koncoku ayok budal tapi ati-ati ojo sampek kenek bijuk ambek omongane salese polahe diiming-iming hadiah iku maeng. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9884", "text": "Surprise utawa kejutan ulang taun iku saktenane kudu sing nyenengke lan ora bahaya. Nanging kadang wong iku ora mikir tekan kono, mung mikir seru apa ora wae. Miturut website cewekbanget.id, kebiasaan surprise utawa kejutan ulang taun sing sakjane mbahayake lan bisa gawe cilaka antarane yaiku nguncali karo ndog bosok. Wis tau ana kedadean bocah sing diuncali ndog bosok ing mripate akhire wuta amarga korneae rusak. Saliyane iku nggawe crita goro utawa prank uga kadang bisa nggawe cilaka. Misale kene ngeprank yen ana dulure sing kecelakaan, nanging kene ora ngerti yen bocah iki tibakne duweni hipertensi lan jantung amarga kaget banget. Mula yen ngewenehi kejutan ulang taun sing wajar-wajar wae sing penting kabeh seneng lan ora nggarai cilaka.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6185", "text": "Zat kimia kaya parfum, deodoran, lan uga akeh bahan liyane bisa marai awak tambah mambu. Nanging pancen ana zat sing yen kontak karo keringet malah dadi tambah mambu. Sajane menungsa kuwi mung kudu sregep ngerisiki awak saka kotoran sing nyumpet pori-pori. Kamangka, para pengusaha parfum iki uga sajane ora bisa njamin wong bisa wangi amarga reaksi keringet marang parfum iki uga bedha-bedha. Ana wong sing nggawe parfum malah tambah mambu lan luwih becik ora nganggo parfum. Kamangka, pas nganggo parfum iki wong kudu nyesuaikake karo kondisi awak lan kudu ana porsine ben mambune ora tambah ngganggu wong liya lan dadi guneman. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1179", "text": "Awak dhewe ojo sok ngeloki wong sing sering panikan. Wong sing misale lagi panik kui ketok bingungi dhewe. Kui pancen iso didelok dadi polah sing lucu. Nanging, awak dhewe kudune uga duwe simpati karo wonge kui, soale kui kondisi sing dheweke kui sebenere uga ora kepengin duwe. Wong sing duwe kondisi serangan panik kui ora iso ngedalike awake dhewe yen wis ono sing mancing. Masalahe, pancingane kui seko jobo awake, dadi ora bener-bener iso dikendalike. Mungkin iso yen wong-wong utowo lingkungan neng sekitare kui podo paham karo kondisine. Nanging neng lingkungan sing ora dikenal kui, bakal angel banget kanggo dheweke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8435", "text": "Awak dewe pasti tau sing jenenge ngguyu mergo kelakuane koncone awak dewe. Tapi nek digatekno maneh, kakean uwong iku senengane ngguyu pas wong liyo ngelakoni kesalahan, terutama nek kesalahan iku mau nggarakno wong itu dewe sing rugi. Misal wong iku kepleset lah, salah pas presentasi nang kelas lah, dan akeh malen kesalahan wong liyo sing isok dadi bahan ngguyu. Tapi pas de’e sing ngelakoni kesalahan terus diguyu karo wong liyo, maleh dadi isin terus keweden. Dan iku hampir kedaden nang kabeh uwong. Nek wes isin iku, rasane pasti maleh gak bebas kate lapo-lapo ae, wedi ngelakoni kesalahan sing podo. Roto-roto pasti ngeroso koyok ngono.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9591", "text": "Mbah Marni iki wis meh 7 taun urip dewe ana ing Desa. Kabeh anake wis duwi panguripan dewe ana ing kutha. Saben dina, Mbah Marni kerja ngarit ana ing sawah supaya bisa ngewenehi mangan wedhuse. Kala-kala nalika Mbah Marni ndelok tanggane sing bisa guyon karo kaluwargane, dheweke ngerasa sedih. Ora ana sing bisa dijak ngarit, ora ana sing bisa dijak ngeresiki kandang wedhus, ora ana sing bisa dijak mangan bareng, lan liyane. Anak-anake Mbah Marni uga ora saben taun mulih ana ing Desa, amarga kadang penggaweane nggarai ora bisa mulih. Mbah Marni mung bisa sedih tur tetep dunga marang Gusti.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3702", "text": "akeh-akehe wong nak masi utahan mesti metu ambek duwe roso jijik utowo jember nang awake, terus dibarenge roso mangkel barang. Nah kabeh iku maeng termasuk wujute roso jijik sing ono nang menungso mergo masi utowo delok utahan maeng. Nah utahan iku asline opo ta kok iso dadekno metune roso jijik ambek mangkel nang wong sing masi? sing jenenge utahan iku maeng yoiku barang utowo isi panganan sing ono nang jeru weteng terus ditokno teko lambe iku jenenge utahan, nah perkoro iku maeng kedaden polahe ono gangguan ambek wetenge wong sing ngalami perkoro iku maeng, yo ancene sing jenenge gangguan iku ora ono sing ngerti kapan tekone mangkane kadang ono wong sing moro-moro mutah tanpo ono sebab barang.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5672", "text": "Wong sing kelem ning banyu kuwi risikone gedhe kanggo seda amarga bisa kena penyakit sing diarani asidosis. Asidosis yaiku kadar asam ning jero awak sing dhuwur banget. Asidosis iki efeke akeh, yaiku napas sing pedhot-pedhot, linglung, lara sirah, kanthi kesadaran sing mudhun. Ning kondisi normal, pH darah ning jerone getih yaiku sekitar 7,4. Asidosis kuwi bisa kedaden yen pH darah kurang saka 7,35 (asam). Perubahan iki bisa marai kerusakan organ. Wong sing kelelep banjur kesuwen ning banyu risikone gedhe bisa kena asidosis, kamangka yen wong sing wis kelem suwe bisa cepet seda yen ora ditulungi lan wajar yen akeh wong sing trauma kelelep. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3745", "text": "Kadang aku iku kedungguyu nag delok wong-wong sing jijik ambek sing jenenge coro utowo karlak. Sing garai guyu iku tingkahe iku lo, Wingi nane ae pas adeku teko, kan resik-resik omah, moro-moro bengok-bengok pas tak parani ambek mae karo pak, tibake mok ono coro pateng kemleler nang lemari tok. Ngunu ae gondamno wong sak omah. Pas tak takoni tebake bocahe iku jijik sampek keweden. Padal biyen iku mesti senengane mateni coro ambek aku. Tapi saiki kok maelh jijikan. Terus bocahe kondo, nag deke jijik iku teko bakteri sing ono nang awake coro sing iso dadekno pirang-pirang penyakit. Yo bener iku tapi mosok mari jemok terus ora ijok.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5264", "text": "Undian utawa lotre kuwi dadi salah siji kegiyatan sing ora bisa dadi penghasilan lan mung bisa ngandelake kabejoan. Nanging akeh wong kang seneng melu undian amarga ngerasa paling untung lan bisa oleh luwih akeh. Wong sing ngandelake undian iki pada kaya wong sing lagi judi amarga taruhan. Wong sing ngandelake undian iki mesti bakal stres yen ora oleh hasil sing dikarepake. Undian iki hasile ya ora pasti amarga bisa dadi salah siji sing bisa njegal mental amarga ngerasakake babagan sing ora tenang. Salah siji contone yaiku wong sing melu lotre ning Korea lan Amerika ngaku yen uripe ora tenang amarga mesti ngenteni menange undian iki. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3015", "text": "Pas aku ngaji biyen ono koncoku srengen nang koncone soale dielokno bocahe ireng. Nah jarene guruku \"nag dielokno ngunuku ojo digatekno, nag mok gatekno tambah dadi perkoro ora karuan, koyok geni nak ditambahi geni yo tambah bulat-bulat genine, dadi nag ono geni iku kudu disiram nganggo banyu, nah banyu iku rupani sabar maeng\". Dadi nag srengen polahe diloko perkoro fisik iku ora apik. Mari ngunu nag jarene koncoku sing nang kota Pahlawan, \"srengen polahe perkoro sepele koyok ngunuku iku nandakno nag wong iku maeng isek bocah TK, mosok polahe dielokno nganggo elok-elokan cah cilik terus srengen, yo ora berkelas blaslah\". ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3847", "text": "Wong nag salah nyelok jenenge wong iku yo kadang ono sing isin yo ono sing biasa ae, karek wongi sing nyeluk maeng. Nag ancen wonge biasa ae, yo ora atek isin yo wes koyok ngunuku. Mangkane ben ora isin yo pikirane ae sing diwalik ben ora perlu kakean mikir sing kahire dadekno roso isin sing kenemenen nag apan keleru nyeluk jenenge wong. Padal biasane wong sing dicelok ae ora lapo-lapo, tambah biasane wong sing diceluk maeng yo guyu karo wong sing nyeluk maeng. Mangkane roso isin pas salah nyeluk iku palang diilangno ambek jaluk sepuro gawe tomboh isin polahe salah nyeluk maeng. Dadi wes ora atek isin nag salah nyeluk jenenge wong.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3430", "text": "Pas sekitar 6 ualan winggi akeh gempa sing dikabarno nang TV. Nah aku kuwatir nag nang daerah gonanku yo ono gempa soale yo dikabarno nag daerah gonanku gununge wes mulai ono aktivitas maneh. Soale aku wes tahu ngalami pas salah sijine gunung nang daerah tahu takwo iku bledos mesti nang kotaku ora ketok opo-opo terus yo ora iso lapo-lapo sampek pirang-pirang dino. Mangkane nag ono kedadean koyok ngunuku yo jelas wedi soale wes tau ngalami yo opo ora enake. Masio akeh sing nguwei bantuan tapi sing jenenge wedi iku ora gampang oleh ngilangnoe. Soale ancene bekase pol nang pikiran ambek nang ati. Opo maneh nag wes tau ngalami dewe jelas tambah ora karoan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1554", "text": "Panggon sing paling ora penak yen ketemu wong sing kelambine podo kui pas awak dhewe neng panggon kerjo. Awak dhewe ora mung isin mergo kelambine podo. Awak dhewe uga iso ngerasake isin mergo alesan liyane. Yen awak dhewe klambine podonan karo konco kerjone dhewe kui, wong-wong iso dadi salah nyeluk. Pas koncone dhewe kui nyeluk awak dhewe, nanging sing dimaksud kui koncone dhewe liyane sing nganggo kelambi sing podo, awak dhewe bakal ngerasa isin. Sing paling parah kui, sebenere dudu isine. Jajal bayangke, yen konco kerjone dewe kui ngelakoke kesalahan terus didelok langsung karo bose. Nanging mergo dheweke ora patio jelas deloke, sing diceluk lan diseneni kui dadine awak dhewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3325", "text": "Wong sing wedi ambek barang utowo perkoro nag kenemenen iku yo iso dadekno deke iku maleh sawanen terus-terusan ambek barang utowo perkoro iku maeng. Mangkane nag wes kedaden perkoro iki maeng yo kudu ditambakno soale nag dibarno terus-terusan iku maleh iso dadekno gangguan mental ang wong iku maeng. Terus Jarene Halodoc.com cara oleh nambani barang yo bedo-bedo karek tingkat stres sing dadekno wong iku maeng trauma iku nemen opo ora. Soale iku yo mengaruhi carane nambani barang. Dadi nag ancene duwe trauma ngunuku yo nag iso nang diatasi ben ora dadekno gangguan mental sing iso ganggu uripe polahe keweden ambek perkoro iku maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2088", "text": "Yen awak dhewe ono neng panggon sing asing terus ngeroso wedi, awak dhewe kudu ngejak ngobrol wong-wong sing asli utowo wis suwe tinggal neng kono. Wonge kui iso sopo wae, iso wong sing ketemu neng warung, wong sing papasan pas lagi dolan, utowo wong-wong sing tinggal cerake dhewe. Sing marake awak dhewe wedi kui, awak dhewe ora ngerti wong-wongane koyo piye, iso wae wonge kui jahat utowo ora ramah klo wong sing teko seko jobo kotane. Padahal opo sing awak dhewe pikirke kui durung tentu bener. Awak dhewe ora bakal ngerti kui bener opo ora sak durunge awak dhewe ngobrol langsung karo wong-wong neng kono.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5291", "text": "Sandy kuwi salah siji mahasiswa arkeologi ning fakultasku. Sandy iki aktif banget ning komunitas arkeologi bawah air. Komunitas iki nelusuri babagan peninggalan arkeologi sing ana ning laut kaya kapal kelem, arsip sing ana ning jero peti, lan uga peninggalan logam sing ana ning kero laut. Sandy iki dadi peneliti, dadi dekne uga njupuk sertifikasi renang lan uga nyilem kanggo ngelancarake penelitiane. Ing sawijining dina, Sandy iki dijak kancane penelitian ning wilayah Indonesia Timur. Pas Sandy nyilem, sandy iki nemokake harta karun kaya bongkahane kapal sing isih wutuh. Kapal iki bagian saka kapal kuno lan bisa dicek taun kapan kapal iki digawe. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4377", "text": "Panganan bosok ancene iso dadekno wong sing delok ambek sing masih iku duwe roso gilo ambek jijik ora karoan mergo panganan sing bosok iku wes ora karoan rupane, terus sak liyane iku ambune barang yo wes ora koyok panganan maneh, tapi wes jeke sampah sing bosok sing wes ora apik maneh. Nah sak liyane ambu sing ora karoan maeng yo ono maneh yoiku laler sing bakal teko nang panganan sing bosok iku maeng terus akhire ngerebong panganan liyane sing ora bosok akhire dadekno penyakit nang endi-endi. Dadi nag ono wong sing jijik pas delok panganan bosok iku wes lumrah ambek biasan mergo ancene panganan maeng iku wes ora termasuk panganan maneh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8078", "text": "Tambah terkenale istilah serangan panik, tambah akeh sisan wong sing eroh. Sayange, definisi serangan panik iku tambah disalahgunakan. Contohe, wong beralasan nduwe serangan panik gawe ngehindar teko tanggung jawabe. Biasane wong sing koyok ngono iku self-diagnose alias ngeagnosis dewe tanpa konsultasi nang dokter. Padahal serangan panik iku gak seremeh iku. Serangan panik iku butuh bantuan tenaga medis nek kondisine wes nemen dan temenan isok nganggu penderitane gawe njalani rutinitas harian. Serangan panik iku gak mek sekedar rasa wedi, tapi luwe kompleks timbang iku. Dadi gawe awakmu sing sek ngaku-ngaku kenek serangan panik, ojok asal self-diagnose. Nek sampe kenek serangan panik temenan, kapok lho yo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8321", "text": "Dino iki aku ambek keluarga gedeku liburan nang Taman Safari. Mbari ngelewati hutan sing isine kewan sing dijarno dalan-dalan dan gak dikurung, akhire awak dewe tutuk nang panggon rekreasine. Nang kono, onok sing nyarano gawe ndelok atraksi gajah sing wes kate dimulai. Gak atek protes, awak dewe langsung gas gawe melbu panggon atraksi gajah. Kudune pas awak dewe lunggo, atraksine iku isok dimulai. Dadakno acarane ditunda soale gajahe sek ngising. Dan ngisinge iku nang panggung atraksine sing marakno aku gilo dewe. Wes ndelok bentukan telek e, terus mambune luar biasa. Pingin metu, cuma wes gak isok. Akhire aku nutupi sak rai nganggo kerudungku ben gak ndelok dan gak ngambu telek e gajah iku mau.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4935", "text": "Ngapurani wong liya sak durunge turu kuwi bagian saka ngilangake trauma pas isih cilik, kaya contone pas cilik tau oleh kekerasan saka guru, kanca, utawa wong tuwa sing bisa mbentuk kepribadian sing wedinan lan gampang emosi. Kepribadian kuwi ya efek saka trauma isih cilik sing nuwuhake proteksi sih kelebihen banjur marai sifat elek lan dendam kuwi tambah gedhe. Nanging akeh sing ngakoni yen salah sawijining dalan sing bisa marai trauma kuwi ilang yaiku ngapurani wong sing wis nggawe lara atii sak durunge turu ben turune saya penak. Sing dadi beban ning ati uga bisa ilang lan bisa ngikis dendam lan emosi kang kependhem.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9894", "text": "Nemu harta karun iku rasane kaya nemu rejeki nomplok sing lugur teka langit. Wong sing bisa nemu harta karun sejatine wong sing beja banget. Harta karun senajan akeh maceme, nanging yen wis diceluk harta karun iku bisa wae barang sing nilaine gedhe banget. Barang sing dianggep harta karun kayata emas, perak, dhuwit lawas, senjata lawas, lan barang liyane sing sekirane pas didol bisa payu larang banget. Mula yen nemu harta karun kudu bisa ngeramut sing bener. Ora perlu dipamerna ana ing sosial media, amarga ora kabeh wong iku duweni niat sing apik. Ana sisan wong sing duweni niat elek kanggo nyolong harta karun iku. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7916", "text": "Sing jenenge begal iku gak kenal panggon, isok kedaden nang ndi ae. Hal iku sing marakno awak dewe kadang ngeroso gak aman gawe lungo nang ndi ae, opo maneh nek bengi. Gawe awakmu kabeh, terutama sing wedok, aku nduwe tips ben isok kehindar teko begal. Siji, dekek barangmu nang bagasi motor. Wong begal gak bakal nyerang wong sing ketok gak nggowo opo-opo. Loro, lewat dalan gede nek bengi, hindari dalan sepi utowo gang tikus. Telu, ojok metu dewean, ngajako konco ben onok sing ngancani. Terakhir, ojok lali dungo nang gusti Allah, njaluk perlindungan nang ndi ae. Iku mau cara-cara sing gampang dan isok mbok lakoni kapan ae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1035", "text": "Sekarat kui wis fitrahe menungso. Cepet opo suwe awak dhewe bakal ora ono meneh neng donyo iki. Awak dhewe ora entuk wedi ditinggal mati. Awak dhewe sing urip iki entuk berusaha supoyo wong kui mari. Nanging awak dhewe uga kudu inget yen sing marangi sehat lan sing nyabut kuasa kui Gusti Allah. Yen Dheweke kepengen wonge kui isih urip, wong kui tetep bakal urip. Lan sakwalike, yen Dheweke kepengen ketemu karo wong kui, Dheweke bakal nyabut nyowone. Urip kui mung sedelo lan uga wis ono sing ngatur. Yen awak dhewe ngelawan karo sing kuasa, awak dhewe jenenge ora tahu diri. Awak dhewe dadi hamba sing kemaki.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6084", "text": "\"Durung 5 menit\" yaiku istilah sing muncul saka menungsa amarga eman yen ana panganan sing ceblok. Istilah iki ana amarga bakteri sing ana ning panganan kuwi dianggep ora bekembang amarga kontak marang panganan ya mung 5 menit. Nanging, ana wong sing percaya yen 5 menit iki wektu sing singkat kanggo bakteri dadi akeh, kamangka istilah iki ana saka wong sing eman panganane ora bisa dipangan maneh, padahal miturut ilmu biologi, perkembangan bakteri iki cepet banget lan bisa kurang saka 5 menit. Apa amneh lingkungan sing ana ning sekitar panggon mangan kuwi rusuh banget. Amarga kuwi, istilah iki sajane ora relevan lan panganan sing wis ceblok kuwi kudune tetep njijiki. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2550", "text": "Pas aku dolan nang kediri karo koncoku, aku mampir nang gone omahe koncoku sing wes gawe usaha nang kampung inggris. Nag kono aku ngomong ambek bocahe nag aku ate nginep suwengi, terus jare koncoku maeng, \"ora opo-opo sak ulan yo ora opo-opo\". Pas aku nginep nag kono aku karo koncoku golek mangan disek sak durunge turu. Mari ngunu aku ketemu ambek koncoku maeng. Bocahe gowo tepung ambek ember cilik, tak takoni, lapooh gowo iku? bocahe jawab \"aku ate gawe pentol cak\". terus aku takok \"Lah piye carane gawe?\". Bocahe jawab \"rinio tak ulangi\". Lah pas iku aku disudono carane gawe pentol awit teko takerane sampek carane godok ambek gawe caose. Dadi iku maleh dadi pengalaman sing pelaing nyenengno nag uripku ambek koncoku sing tak jak dolan mrono. Soale jarang wong sing gelem ngulangi gawe-gawe ngunuku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5328", "text": "Babagan sing paling sensitif dibahas ning rumah tangga yaiku babagan selingkuh lan pegat amarga ning jaman saiki, kabeh potensi kuwi mesti ana. Potensi selingkuh iki uga ditemokake ning sekabehe panggon, kaya kampus, kantor, panggon dolan, reuni, lan akeh panggon liyane. Ora nutup kemungkinan yen selingkuh iki ora mung dilakoni karo wong sing pacaran, wong sing wis rabi taun-taunan lan wis duwe anak iki uga bisa selingkuh yen ora pinter-pinter njaga ati. Kamangka kuwi, kanggo sing wis duwe gendhakan utawa bojo, mendhing saiki ayo luwih ngerasakake sukur ben ora gampang noleh marang liyane lan kegudho karo wong sing sak mestine ora ngerusak hubungan. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9460", "text": "Semester iki Vernon kanti tenanan. Biji ujiane semester wingi rada elek, dadine Vernon diseneni karo wong tuwane. Isuk nganti bengi Vernon mbaleni kabeh materi pelajarane sing kirane durung dingerteni. Vernon uga ora tau mbolos sekolah supaya ora kari anggone nrima pelajaran teka gurune. Dina ujian wes teka. Vernon ngerasa gampang kanggo njawab kabeh pitakonan ing ujiane lan dheweke percaya bijine semeter iki bakalan apik. Nalika wis wayah njupuk rapot, Vernon kaget amarga dheweke oleh biji sing apik banget. Ora mung kuwi, dheweke uga oleh penghargaan siswa sing bijine paling apik nomer siji ing kelas. Vernon ngerasa perjuangane kanggo mbayar biji semester wingi wis kebayar kabeh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4800", "text": "Sabtu kuwi, Anita lagi ndredeg amarga dina iki pengumuman seleksi ning perguruan tinggi. Anita wis poyang-payingan amarga dekne wedi ora ketampa marang kampus lan jurusan sing dikarepake dekne lan wong tuwane. Anita pengen mlebu jurusan akuntansi ning UNS amarga UNS kuwi cedhak saka omah lan kualitas alumnine ya apik. Barang wis jam 3 sore, Anita mbuka pengumuman kuwi lan ana pemberitahuan yen Anita diterima. Anita langsung bungah lan sujud syukur amarga seneng yen ketampa. Bapak Ibune uga seneng amarga Anita bisa klebu ning jurusan kuwi. Anita langsung ngurus pendaftaran lan golek informasi kapan mulai ospek lan sapa wae kanca sing ketampa ning UNS. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "722", "text": "Taun 2022 iki, sinetron sing sempet disenengi wong-wong neng taun 90-an digawe ulang kanggo ngisi layar biokop. Sinetron sing dimaksud kui judul Noktah Merah Perkawinan lan filme uga bakal nganggo judul sing podo. Ceritone kui babagan pernikaha sing arep remuk mergo sing lanang kui selingkuh karo wedokan liya. Akeh wong sing biyen nonton sinetrone kui ora kegowo emosi pas nonton sing versi sinetrone kui. Akeh sing ngaggep critone kui tenanan. Wong sing nesu kui iso digawe nesu-nesu tekan kegiatan sing biasa dilalakoni. Harapane film sing digawe ulang iki bakal sesukses koyo versi sinetorone. Sing bakal dadi lakon neng versi film iki, yaiku Oka Antara, Marsha Timothy, lan Sheila Dara.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "725", "text": "Ora ono wong sing diselingkuhi kui ora nesu karo pasangane. Sak ora-orane dheweke bakal ngeroso kuciwo lan berkurang rasa percoyone. Alesane wong sing selingkuh kui ono werno-werno. Sing cetho, selingkuh kui dudu mergo perkoro rupa sing ayu utowo ganteng. Akeh certio, wong sing selingkuh karo wong sing luwih elek seko pasangane. Alasan utama wong selingkuh kui mergo dheweke golek opo sing ora iso dientoke seko pasangane sing saiki. Sebenere iki perkoro sing alamiah banget. Koyo tabiat asline menungso sing ora tau puas karo opo sing wis diduweni. Nanging kudune, wong kui kudu nahan nafsu kui yen wis ono ikatan, opo meneh yen ikatane kui suci koyo pernikahan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1467", "text": "Biasana sekolah kui, paling ora setaun pisan, bakal ngadake resik-resik bareng sak sekolahan. Awak dhewe kudu ngeresiki kelas dhewe lan lingkungan neg sekitare. Pas lagi reresik kui, awak dhewe sok nemu hal-hal sing marake awak dhewe gilo. Supoyo awak dhewe iso ngejalanke tugas seko sekolahan kanthi lancar, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso nganggo masker supoyo yen ono ambu ora patio enak ambune rodo berkurang. Sing keloro, awak dhewe iso nganggo sarung tangan. Biasane neng laci-laci mejo utowo neng got ngarep kelas kui, awak dhewe sok ketemu sampah-sampah sing suwe ora keguak. Awak dhewe iso nganggo sarung tangan kui supoyo ora jijik jupuke.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9155", "text": "Onok akeh pol cara gawe ngilangno emosi negatif sing marakno awak dewe ngamuk karepe dewe. Salah sijine iku dolen nang taman bermain. Taman bermain iku gak mek panggon gawe seneng seneng tok, tapi isok sisan dadi panggon gawe ngeculno emosi negatif. Carane iku numpak wahana ekstrem. Teko wahana ekstrem iku, awak dewe isok mbuengok banter sak puase. Nek wes ngono, emosi sing onok nang awakmu isok ilang ngono ae. Soale fokuse awak dewe iku dadi mek nang wahana ekstrem iku mau. Emosi marah iku isok ganti dadi adrenalin sing sifate luwe nang positif. Makane gak heran nek akeh wong stres pelampiasane nang wahana ekstrem.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1184", "text": "Ngeroso wedi neng panggon sing awak dhewe ora kenal kui wajar. Rasa wedi kui jedul mergo awak dhewe ngeroso kuwatir. Awak dhewe ngebayangke yen awak dhewe kesasar neng panggon kui lan ora iso bali. Awak dhewe uga lumrah yen awak dhewe ngeroso ora nyaman. Neng kono kui, ora ono utowo ora akeh wong-wong sing awak dhewe ora kenal. Awak dhewe dadi ono roso curigo. Awak dhewe ngebayangke seko akehe wong sing ono neng kono, mungkin bakal ono siji utowo loro wong sing arep ngelarane awak dhewe. Mungkin kui ora bakal kedadean, nanging kemungkinan tetep ono lan awak dhewe ora iso ngatur kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1046", "text": "Panggon-panggon sing sepi lan peteng kui pancen medeni. Mungkin, sing gawe awak dhewe wedi karo panggon sing koyo ngono kui mergo awak dhewe wedi nek ngerti-ngerti ono demit sing jedul seko sudut ruang peteng kui. Supoyo awak dhewe ora wedi neng kondisi sing koyo ngono ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu gowo senter neng endi-endi. Utowo neng jaman saiki, iso ngurupke senter seko HPne dhewe-dhewe. Sing keloro, yen awak dhewe arep neng panggon sing sepi lan peteng kui, awak dhewe iso ngejak konco. Sing ketelu, awak dhewe iso golek dalan sing liyo utowo ruangan sing liyo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1170", "text": "Pas eyang putri seko bapakku sedo, sing ono neng kono kui paklikku. Anake eyang sing jogo dheweke kui mung paklike kui. Bapakku wis ora ono. Ono anak sing lagi nyambut gawe neng luar kota lan anak sing sijine kui lara stroke dadi ora iso neng endi-endi. Jarane pakliku sing ngancani, eyang sedo bar salat subuh. Dheweke lagi jipuk banyu putih neng buri, pas balik ngerti-ngeti eyangku wis ora napas meneh. Ngerti kui, paklikku kaget. Dheweke ngabari wong-wong omahe kondisine eyangku. Pas dheweke nelpon aku arep ngabari kui, aku iso ngerungoke swarane sing isih gemeteren. Aku ora ngebayangke yen aku sing ono neng posisi paklike aku bakal sepanik opo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2633", "text": "Trauma yaiku perkoro sing utowo dampak sing ditimbulno polahe ono perkoro sing garai wmosine wong sampek notok tapi ora iso ngatesi. Nah trauma nag waktu cilik yaiku perkoro sing biyen cilike iku dadekno wong iku maeng sampek keweden utowo saking wedine ambek perkoro iku maeng. Jarene wong biyen perkoro iku maeng iso dadekno sawanen nag ora dijemokno ambek perkoro iku. Lah sing dadekno trauma nag waktu cilik yo macem, ono sing pas waktu cilik iku, digetak ambek diwedeni, terus ono sing ditabok ambek kewan, ambek liyan-liyane. Dadi akeh perkoro sing dadekno utowo sing dadi sebabe trauma nag waktu cilik terus kegowo sampek gede yo ono.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4992", "text": "Ana salah sawijing film sing nggambarake kerugiane urip dewean. Film seri saka Korea iki judule Move to Heaven. Film iki nyeritakake petugas sing ngurusi wong sing seda lan urip dewean. Film sing akeh penggemare iki tayang ning Netflix tahun 2021. Petugas iki nduwe sindrom autis lan kerja karo bapake ning bisnis pengurusan wong seda. Banjur pas bapake seda, sing ngganteni paklike sing mantan petarung bela diri. Film iki nyeritakke urip wong Korea sing ora duwe keluwarga lan ora gelem nikah utawa duwe anak. Ning film iki uga ana cerita-cerita kepiye hubungan wong loro iki kanggo ngadepi tantangan kerja sing akeh sentimene. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3858", "text": "Koncoku iku tau ngandani, nag awakmu iku isin ambek gawe klambi sing ora sengojo kembar ambek wong liyo, yo awakmu gawe jaket ae, soale arang wong sing duwe jaket podo. Tapi masio podo iku biasane ora masalah polahe ancene jaket kembar iku wes lumrah. Tapi nag ancene ora kabotan ambek perkoro iku maeng yo ora masalah. Dadi iku maeng anjuran teko koncoku sing tau ngalami kawe kalmbi kembar ambek wong sing ora dikenal. Jarene deke iku yo isin se, soale ora wong sing dikenal, nag ancene wong sing dikenal yo bakal ora isin soale wes ngerti. Mangkane ben ora isin ambek ora bingung nag ngadepi klambi sing podo ambek wong liyo, ojo lali gowo jaket gawe nutupi iku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7610", "text": "Dino iki aku dijak mlaku-mlaku karo mbak Ocha ambek mbak Ida. Awale awak dewe mek nongki nang Foodcourt. Enak-enak ngobrol, moro-moro klambine mbak Ocha kemoncrotan saos. Mergo risih, mbak Ocha langsung ngejaki gawe nggolek klambi anyar. Aku ambek mbak Ida melu ae. Pas nang toko klambi, mbak Ocha nggolek-nggolek klambi sing ukurane gede. Moro onok mbak-mbake sing ngampiri dan takon nggolek klambi ukuran opo. Mbak Ocha ngomong ukuran XXL. Mbak iku langsung ngomong gak onok. Mbak Ocha takon maneh, klmabi endi sing onok ukuran XXL. Ndilalah mbak iku mau tambah ngomong nek toko iki gak nyediakno klambi gawe wong gembrot koyok mbak Ocha. Aku ambek mbak Ida langsung mlongo, dan mbak Ocha sing kelewat emosi langsung ngelokno balik, “Owalah cungkring kakean cangkem” dan sampe dungakno toko iku cepet kukut. Mbari ngono aku ambek mbak Ida diseret metu karo mbak Ocha.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3844", "text": "Nag jareku kleru nyelok wong iku asline rodok ngisine se, opo maneh iku nag kedaden nang panggonan sing akeh wonge. terus deke iku ambek konco-koncone yo tambah isine pol. Tapi nag jarene koncoku iku asline yo biasa ae seng penting mari keleru iku langsung jaluk sepuro ambek ngomong nag salah uwong. Soale asiki iku ono wong sing salah nyeluk tapi isek diterusno wae ben ora ketok nag salah wong padal sing dijak ngomong iku ora kenal. Nah nag koyok ngunuku opo gak tambah ngisin-ngisine wong liyo ambek awake dewe. Wes ketok keliru isek diterusno sampek suwe. Terus durung karoan wong iku maeng yo enak ambek waktu sing diserobot iku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7662", "text": "Adil iku berarti ndeleh sesuatu nang panggone. Adil iku berarti gak abot sebelah, gak memihak, utowo madakno sing siji karo sing liyo. Berlaku adil iku berarti memperlakukan hak karo kewajiban dengan seimbang, gak mihak, dan gak ngerugikno pihak ndi ae. Dadi wong sing adil iku berarti uwong sing sikap sing gak memihak nang ndi ae kecuali nang kebenaran, guduk berpihak nang konco, suku, bangsa, utowo agama. Pokok endi sing tepak, iku sing dibelo, dan iku kudu objektif. Sikap adil iku identik karo perilaku ambek omongan sing konsisten. Nek uwong wes dicap adil karo wong liyo, pasti wong iku bakal didelok apik.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9581", "text": "Ora gampang duweni kaluwarga sing wis pisah dhewe-dhewe. Iki uga dialami karo kancaku, Jihan. Ndek wulan wingi, Jihan dikabari kalo kaluwargane yen Bapak lan Ibune akhire mutusake kanggo pisah amarga wis ngerasa ora pas kanggo urip bareng-bareng. Ning omahe, klambine Bapake wis diusungi. Bapake mulih ning omah asline yaiku ing daerah Salatiga. Yen Ibune pancet manggon ana ing omah sing saiki. Jihan mung bisa pasrah. Dheweke uga wis diwenehi pilihan kanggo melu Bapak utawa ibu. Jihan milih kanggo melu Ibu wae. Sakjane Jihan ya sedih, nanging dheweke mung bisa donga supaya wong tuwane bisa tetep urip bagya senajan wis ora bareng maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5632", "text": "CPR yaiku salah siji cara nulungi pasien sing ngalami henti jantung. CPR kuwi singkatan saka cardiopulmonary resuscitation uga biasane dikenal nganggo istilah RJP (resusitasi jantung paru) ning bahasa Indonesia. CPR iki kalebu salah siji pertolongan marang situasi sing gawat darurat. Tujuan CPR iki mbalekake kemampuan napas para pasien lan uga mbalekake tekanan darah amarga henti jantung lan gagal napas sing luwih saka 8 lan 10 menit iki bisa marai kerusakan otak lan bisa ana potensi kematian sing luwih gedhe. Ben luwih efektif, CPR iki bisa dilakoni 2 wong. Pembagian tugase yaiku siji tugase kompresi jantung lan liyane mbuka dalan napas. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "363", "text": "Aku pas kuliah ngerusake buku sing paling tak senengi. Sebenere, buku kui ora rusak-rusak banget. Bentuke isi koyo buku lan tulisane isih iso kewoco nanging wis ora wangun meneh yen didadeke koleksi. Pas kui udan, aku lagi lungo karo katingku tuku keperluan pentas. Mergo udane ora rampung-rampung, awak dhewe mutuske nrabas udan senadyan aku ora gowo jas ujan. Tekan kampus, aku lansung buka tasku nyobo nyelametke barang-barangku. Sayange, buku kui wis kebacut teles. Bagian duwur karo ngisor kui wis luntur. Bejone, tulisane kui isih iso kewoco. Paling tinta tulisan neng duwur karo ngisor kui rodo luntur sitik. Sampule kui uga rodo dadi luntur. Padahal kui buku sing ora iso tuku neng jobo, soale sing nyetak mung dosenku tok.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4892", "text": "Ana tradisi keluarga muslim sing wajib lan isih dipertahanke kanthi jaman saiki. Tradisi kuwi arane akikah. Akikah iki wujud rasa sukur marang Gusti amarga bayi lahir sehat lan ora ana kendala. Tradisi iki biyasane bisa dilakoni bar bayi lair utawa dina kepitu. Acara akikah iki dilaksanakake bareng karo njenengi anak. Aturan kanggo akikah iki sing disembelih kudu wedhus lan ora oleh ternak liyane. Kanggo putra nyembelih 2 wedhus, lan yen putri nyembelih 1. Wayah akikah iki ya dibarengake karo ndunga lan cukur rambut bayi kanggo simbol sedekah. Akikah iki wajib dilaksanakake amarga jare bisa nebus sedekah kanggo bayi ing awal panguripane. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3074", "text": "Jaman modern saiki akeh wong sing gunakno isu sarak kanggo politik ben akeh oleh suaro nang pemilu utowo pengen mecah persatuan antar kelompok. Nag jareku srengen polahe ngunuku ancene ora apik, opo maneh kabeh suku, agama, ambek budaya mesti ngulangi masalah kerukunan ambek persatuan. Nag ancene ono masalah ngunuku kudune didelok disek bener opo ora masalah SARA maeng. Soale nag cuman omongan sing ora jelas sumbere iku iso dadekno roso mangkel nang ati terus awak dewek gampang diade ambek golongan liyane. Kudune awak dewek kabeh sing urip nang negoro sing duwe pirang-pirang agama, suku, ambek budaya kudu ngerti masalah koyok ngeneki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "673", "text": "Yen awak dhewe sok-sok tetep kaget lan ono rasa ora nyangka yen bojone dhewe metheng. Padahal, awak dhewe wis secara sadar ngelakoke hubungan seks sing ono kemungkinan gawe bojone dhewe kui metheng. Sak durunge ngelakoke tes, awak dhewe uga iso delok tanda-tandane. Sing kesiji, bojone awak dhewe haid telat seko siklus sing biasane. Sing keloro, bojone dhewe kui kerep mual utowo mukok, terutama pas wektu isuk. Sing ketelu, bojone awak dhewe luwih kerep pipis timabange biasane. Sing kepapat, bojone dhewe kui luwih gampang ngeroso kesel lan dadi ngantukan terus. Sing kelimo, lan sing paling jengkel kui, bojone dhewe suasana atine gampang berubah utowo dadi luwih sensitif. Dhewke iso muring-muring neng perkoro cilik sing biasane biasa-biasa wae.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5233", "text": "Salah siji tipuan sing paling gedhe ning dunya yaiku ramalan kiamat ning taun 2012. Ramalan iki akeh diprediksi karo kalender tradisional kaya kalender Sumeria, kalender Cina, kalender Maori, lan uga kalender liyane. Ana siji kalender yaiku kalender hitung panjang sing tanggale mandhek ning tanggal 21 Desember 2012 lan diidentifikasi dadi dina akhir kiamat. Sing paling terkenal ning 2012 yaiku teori babagan Planet Nibiru, yaiku planet sing dadi kembarane planet bumi. Planet iki bakal nabrak bumi. Amarga kuwi, ning taun 2012 iki uga ana film sing nggambarake keadaane kiamat ning taun 2012. Ramalan iki dadi tipuan sing paling gedhe lan marai wong kaget uga bingung. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6016", "text": "Jedhing kuwi dadi panggonan sing bisa nduduhake karakteristik wong sing nduweni omah, kaya misale yen jedhinge kuwi jorok lan jarang diresiki, kamangka bisa disimpulake yen wong sing ana ning omah kuwi uga ora peduli marang karesikane awak lan panggonan urip. Kamangka, jedhing iki kudu digatekake, salah sijine yaiku penataan lan kondisi keramik ning jedhing. Keramik jedhing iki kena cairan lan sering ana kontak marang barang sing najis. Banjur keramik iki kudu disikat kanthi resik lan ngilangi saka lumut-lumut ben ora lunyu. Kanggo ngilangi nyamuk lan kewan cilik, sawang laba-laba iki dadi bisa dadi panggon ndhog kewan-kewan kuwi lan uga bisa nularake penyakit. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9537", "text": "Trauma sing dirasa pas cilik kadang bisa metu maneh senajan kene wis gedhe. Yen trauma iki sayah suwi sayah nganggu kegiatan saben dina, ana apike kanggo ngikuti cara iki. Nomer siji, yen wis dirasa ora kuwat ngadepi trauma iki luwih apik priksa ning psikolog. Ning kono bakal diewangi kanggo ngadepi trauma lan bakal diewangi kanggo terapi. Nomer loro, yen misal liwat terapi ora bisa waras, biasane bakal diwenehi obat karo psikiater kanggo diombe supaya bisa ngilangin rasa keweden sing nemen banget nalika trauma iki teka. Sing terakhir yaiku aja lali dunga marang Gusti supaya dikuatna kanggo ngadepi trauma iki sing bisa metu kapan wae.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5216", "text": "Hadiah kuwi bisa dadi cara nyenengake uwong. Sing paling seneng yaiku yen nampa hadiah sing ora disangka kaya sak liyane dina ulang taun. Mesti ana rasa kendheg nanging ya ana rasa bungah. Hadiah iki uga bisa dadi penyemangat lan bukti yen ana wong sing ngewenehi perhatian lan welas asih, salah sawijine guru. Yen arep ngewenehi kado, usahake bapak lan ibu guru ana ning kondisi sing normal lan ora ngalami kedadian apa-apa. Banjur golek informasi barang apa sing paling dibutuhake karo bapak lan ibu guru. Yen wes ana informasi, banjur bisa urunan ben ora kabotan mbayar utawa tuku kado. Kaping terakhir, yaiku ngewenehi kado ning wektu sing pas yaiku rampung pelajaran utawa istirahat. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3893", "text": "Kadang wong iku mikire seje-seje nang perkoro sing diadepi nang ngarepe. Ono sing nganggep perkro iku ngisini, ono sing nganggep perkoro iku biasa ae. Nah perkoro sing dianggep ngisini iku yo macem-macem, karek wonge sing mikir ambek ngadepi maeng iku opo, nag ancene deke iku nganggep perkoro sing diadepi iku maeng ora ngisin-ngisine contohne ngentut sing basine ora ukur nang jero bis sampek wong pinggire kebasinen iku biasa yo bakal dadi perkoro sing biasa ae, tapi nang nganggep perkoro iku maeng dadi perkor sing ngisin-ngisine yo bakal dadi perkoro sing eleke megilan, masio iku maeng ora nang panggonan rame koyok ngunuku yo bakal tetep ngisini.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3039", "text": "Aku tau moro-moro digepuk ambek koncoku pas ngombe banyu teko ngguri. Mari ngunu ake yo mesti mangkel ambek srengen, karo koncoku sitoke ngomong \"ojo sampek srengen yo polahe bocahe maeng ora ngerti nag awakmu maeng ngombe\". Akhire aku ora sido srengen. Mari ngunu kabeh wong sikolog yo akeh sing nganjurno nag ono perkoro opo ae ojo sampek marakno awakmu srengen soale iso dadekno pikiranmu ora iso mikir. Terus mari ngunu polahe srengen sing jenege tensi darah yo mesti munggah sing akhire iso dadekno darah tinggi. Nag wes dadi darah tinggi iso dadekno stroke, ambek sakteruse. Mangkane Kabeh tokoh agama utowo adat mesti nganjurno ojo gampang srengenenan utowo ngamukan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2049", "text": "Senadyan, khewan-khewan sing ono neng panggon sembeleh kui wis diiket nganggo tali tambang, awak dhewe tetep kudu ati-ati. Pas bakdo idul adha kui mesthi ono akeh khewan sing diiket neng cerak masjid utowo panggon sing dadi tempat sembeleh. Khewan sing biasane ono neng kono kui sapi lan wedus. Sing paling bahaya lan kudu awak dhewe gateke kui sapi. Soale, khewan kui duwe awak sing paling gedhe lan dheweke iso gajul nganggo sikil burine. Makane kui yen awak dhewe lagi liwat neng burine kudu ngati-ati. Awak dhewe iso kegajul lan balunge awak dhewe iso patah mergo kui. Khewan kui medeni banget soale, awak dhewe ora ngerti kapan dheweke bakal ngegajul wong sing neng burine.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6121", "text": "Aku nduwe kanca sing usil banget lan uga sering ngerjani wong. Jenenge Abdi. Abdi iki seneng banget marai wong kebingungan. Salah siji korban usile Abdi iki yaiku mahasiswi anyar sing melu acara malam keakraban. Abdi iki salah siji bocah kepanitiaan ning divisi perlengkapan. Dekne teka dhisik ning penginepan lan ngecek kabeh persiapan. Nakale, dekne ngijolake tengeran jedhing kanggo putri lan tengeran kanggo putra. Pas para peserta teka, dekne ngakak kemekel amarga para mahasiswi bingung jedhinge ana urinoar nanging ora ana jedhing biasa. Banjur bocah-bocah iki kisinan lan Abdi diseneni karo ketua panitia. Nanging kuwi ya dadi guyonan sing paling diiling saka malam keakraban. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4381", "text": "Pas aku dolan nang pasar malem sing ono nang Kampung Inggris, aku dijak tuku jajan karo koncoku. Nah bocahe iku oleh jajan ora karoan pokoke opo sing disenengi mesti dituku. Aku sing ancene ora sepiro jajan yo mok delok tok mergo jajanane ora karoan. Terus mergo kewoan gowo tibake getoke bocahe iku maeng cicir nang lemah ambek jibrat ora karoan. Bocahe langsung piye ngunu mergo panganan sing disenenge maeng endute ora karoan. Terus aku sing ngerti yo ngomong \"mangkane ati-ati ben ora cicir\". Terus bocahe maeng iku jawab nag deke iku paling jember ambek panganan sing endut soale terus eman mergo ora kenek dipangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9940", "text": "Saben isuk bunga diterna ibune ning sekolah . amarga omah e bunga ning jakarta melu bapak e pindah nggon kerjoan dadine budal sekolah saben dino mesti macet. mangkane bunga ditangekno ibune isuk pol ben ora kari sekolah e . ibune mesti moreng-moreng ning bunga yen bunga ora gelem tangi isuk. jarak e sekolahane bunga iki adoh pol mangkane kudu numpak montor. ora mung wayah budal sekolah macet e dalan iku nanging wayah mulih sekolah yo macet pol ditambah panas e jakarta entak entak ning sirah . bunga lan ibune kudu sabar sabar yen urip ning kawasan jakarta wis pasti ono sing jenenge macet. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4870", "text": "Cerita ketemu idola kuwi pancen cerita sing ora bisa dilalekake. Pas aku ning Korea lan melu festival, aku ngeliwati salah sawijining wong sing mirip banget karo penyanyi PSY, yaiku penyanyi Korea sing terkenal saka lagu \"Gangnam Style\". Wong kuwi nduwe esem sing kalem lan ora katon sombong. Jebul pas arep balik, aku ndelok wong kuwi munggah panggung lan tibake kuwi PSY temenan. Aku ora nyangka amarga aku bisa sepanggung karo PSY masio ora kolaborasi. PSY kuwi terkenal ning Korea amarga lagune sing semangat lan penak kanggo jogedan. PSY uga duwe agensi sing maju lan disenengi wong akeh. Sesuk yen ana rejeki, aku pengen ketemu karo PSY maneh lan njaluk foto. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7506", "text": "Jin utowo hantu iku paling sering ganggu menungso iku pas wong lagi turu. Diganggune iku isok teko ngimpi sampe marai wong iku tindihen. Awak dewe sebagai wong muslim isok ngelakoni hal-hal tertentu ben gak diganggu pas turu. Onok beberapa cara. Siji, ojok lali wudhu pas kate turu. Loro, turu madep kiblat. Telu, moco dungo-dungo sing akeh. Dungo iku meliputi teko dungo kate tuku, syahadat, ayat kursi, Al-Fatihah, An-Nas ping telu, Al-Falaq ping telu, Al-Ikhlas ping telu, dungo gawe wong tuwo, ambek dungo gawe dunyo akhirat. Iku mau cara-cara sing isok dilakoni gawe awak dewe wong muslim sak durunge turu ben gak dinganggu jin utowo hantu.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2022", "text": "Kacilakaan mobil utowo montor kui neng dalan pancen medeni. Ora ono wong sing gelem dadi korban. Wong sing delok wae wis ngeroso ngilu opo meneh sing langsung ngerasake. Penyebabe kacilakaan kendaaran kui iso disebabke seko kendaraane dhewe. Kendaaran, mobil lan montor, sing kurang apik iso nyilakake pengandarane lan wong liyo. Sing iso nyebabke kecalakaan kui salah sijine rem sing ora pakem. Pengendara pas lagi delok dalan sing bahaya dadi ora iso ngerem mendadak utowo ngerem darurat. Sak liyane kui ora nganggo koco spion sing bener kui uga iso marake kecelakaan. Terus ban sing gundul kui uga gawe ora stabil kendaraane awak dehwe dadi gampang tibo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2692", "text": "Sing diarani sedeh polahe urip dewe iku macem-macem. Ono sing temen-temen urip dewe koyok wong ora duwe keluarga, Ono sing campur wong akeh tapi rumongso urip dewe, ambek ono sing ngarani nag deke iku urip ijen padahal akeh kancane nag pinggire. Dadi sing darani sedeh urip dewe iku karek wonge sing ngelakoni ambek wong sing nag pinggire sing wani ngarani nag wong iku maeng urip ijen. Soale kabeh iku maeng karek lingkungan sosiale sing garai wong iku maeng ngalami kesedehan urip dewe. Mangkane kadang ono wong sing akeh koncone tapi deke iku koyok-koyok urip ijen soale koncone akeh sing ora ngregani wong iku, mboh polahe sifate sing elek, utowo polahe wonge aneh yo ora ero.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8490", "text": "Dino iki, aku dijaki dulurku gawe nang Ramayana. Mergo awak dewe gak onok sing nduwe SIM, akhire awak dewe berangkat numpak angkot bareng-bareng. Engkok bakal transit gawe ganti angkot nang Ramayana ne, dadi engkok mandek nang ngarep SPBU buru ngetem angkot arah Ramayana. Pas aku ndelok SPBU, aku langsung nyaut ‘kiri pak!’ dan langsung digepuk karo dulurku. Jarene guduk SPBU sing iki, tapi sing sijine maneh. Aku langsung isin puol. Opo maneh saiki angkote temenan mandek. Terus mergo gak onok sing mudun, akhire onok ibu-ibu sing ngalah dan mudun nang kono. Aku sing wes isin pol mek isok nunduk mbasio dulurku wes ngguyu kemekelen mergo kebodohanku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2905", "text": "Aku tau jumbul mergo delok film terus moro-moro iku langsung metu raine kuntilanak. Neg tak pikir asline iku yo ora medeni lok, tapi sing garai maleh jumbul iku suasana sing digeleh nang film iku maeng sing garai dek-dekan terus marakno pikiran iku plas-plas, terus langsung wet ditokno raine kunctilanak sing medeni, nag ngunu masio wong sing kendele megilan yo tetep jumbul-lah. Apomaneh sing koncoku sing nang pinggerku moro getak sisan yo tambah dredeke pol lah aku. Wes jumbul polahe delok raine kuntilanak maeng terus digetak sisan. Yo asline nag jumbul sing kenemenen iku yo ora apik soale iso dadi gilamen sing ora mari-mari akhire dadi trauma.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7599", "text": "Bayar zakat iku dadi salah siji teko limang rukun islam sing wajib dilakoni. Onok rong jenis zakat, yaiku zakat fitrah karo zakat mal. Zakat mal iki zakat sing wajib ditokno ambek wong sing memenuhi syarat. Nang Indonesia, zakat mal iki identik karo tabungan, duit, perdagangan, emas, utowo perak. Wong nek wes nduwe harta sing nilaine setara karo 85 gram iku wes wajib gawe ngetokno zakat mal. Zakat mal iki ditokno pisan sak tahun. Gawe awakmu sing nduwe harta berlebih dan wes mencapai nisab e, ojok lali gawe zakat mal lho rek. Hukume iku wajib, dadi nek gak ngelakoni awakmu bakal duso.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3378", "text": "Wong sing wedinan nag ambek banyu biasane iku ora iso ngelangi, nah kanggo wong sing ngunuku ancene dikongkon ngulinakno ambek banyu ben ono opo-opo iku ora kagok, opo maneh nag nang daerah sing ancene rawan karo banjir, yo tambah disarannno latihan ngelangi ben tatak ambek ora wedian. Ket jaman biyen sing jenenge ngelangi iku mesti disaranno karo wong tuo ben iso ngadepi bencana sing jenenge banjir mergone nag ora ngunu engko bakal kewoan nag ono perkoro koyok banjir maeng. Dadi nag iso yo kudu dilateh ben ora wedi ambek klelep polahe ora kulino ambek banyu terus yo kudu iso sinau ngelangi ben ora kagok nag apan ngadepi perkoro banjir maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3345", "text": "Roso wedi polahe delok setan iku yo ora nggumun se, soale rupane setan iku medeni, ora koyok barang sing dipetuki menungso. Koncoku sing tau diketoki gendruwo ae saiki nag dijak metu bengi wes ora tau gelem mergo saking wedine nag kebalenan mane. Roso koyok ngunuku kudune nang diilangno soale nag ora nang diilangno bakal keterusan terus garai wong iku maeng ora wani lapo-lapo nang kondisi sing podo pas dipetuki setan iku maeng. Yo jane ora atek wedi nemen-nemen wong setan kan mok ngetok sedelok terus ora bakal iso ngetok terus soale ancene seje alam. Tapi sing jenenge wong wes kadong keweden ambek trauma yo mesti ae bakal wedi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9914", "text": "Ngilokna wong liya iku tindakan sing ora disenengi karo Gusti Allah. Wong sing senengane ngilokna wong liya iku sejatine wong sing sombong kan ngerasa awake dhewe sing paling bener lan paling apik. Tuladhane wong sing seneng ngilokna wong liya elek, dheweke wis mesti ngerasa yen awake iku wong sing paling ayu utawa bagus. Ngilokna fisik iku uga kaya ngilokna Allah sing wis nyiptakake manungsa. Allah nyipatakake manungsa karo fisik sing beda-beda iku tujuane supaya manungsa dadi bersyukur lan bisa nrima apa anane. Ora malah kanggo bahan ngilokna wong liya. Mula kene yen beriman karo Allah aja nganti ngilokna fisike wong liya, ya!.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9122", "text": "Ancaman militer iku ancaman sing nganggo kekuatan bersenjata sing terorganisasi terus dinilai nduwe kemampuan mbahayakno kedaulatan negara, keutuhan wilayah negara, ambek keselamatan segenap bangsa. Onok akeh jenis ancaman militer sing tercantum nang UU nomer 3 tahun 2002 nang penjelasan pasal 7 ayat 2 tentang agresi. Nang kene bakal dijelasno papat di antara akehe jenis ancaman militer. Siji, agresi. Agresi iku berupa penggunaan kekuatan bersenjata ambek negara liyo sing bakal ngaruh nang kedaulatan negara, keutuhan negara, ambek keselamatan warga kono. Lono, pelanggaran wilayah. Maksute iku tindakan ngeleboni wilayan tanpa izin, bah iku nganggo pesawat utowo kapal. Telu, spionase. Maksute iku kegiatan teko intelijen sing dilakoni gawe ngentokno informasi utowo rahasia militer utowo negara. Papat, sabotase. Kegiatan iki dilakoni gawe ngerusak instansi penting militer utowo objek vital nasional dan isok mbahayakno keselamatan bangsa.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1429", "text": "Awak dhewe sok ketemu telek khewan neng dalan. Biasane kui awak dhewe nemoke telek jaran sing geret delman utowo telek-telek wedhus sing bar diangon. Yen awak dhewe delok telek -teluk kui meding awak dhewe hindari. Soale, kui uga iso gawe reged omahe dhewe. Misale, awak dhewe ora sengojo ngelindes telek kui nganggo ban montore dhewe. Padahal montor kui pas wengi mlebu omah. Mergo neng bane ono teleke, omahe dhewe dadi mambu. Yen misale, awak dhewe midak kui nganggo sendal. Pas sendale ditotok neng rak, telek uga melu nempel neng kasut lan sandal-sandal sing liyo. Makane kui, timbangane awak dhewe kudu ngerisiki omah utowo kendaraane dhewe, mending awak dhewe hindari telek kui neng dalan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "241", "text": "Aku ora ngerti opo jurusan sing kudu tak pilih neng kuliah pas SMA. Aku mung iseng wae milih Sastra Indonesia pas jalur SNMPTN. Alesane uga simpel, aku yakin karo bijiku pas sekolah kui aku bakal ketompo ning kono. Nanging, aku ora ngerti pelajaran koyo ngopo sing iso tak jepuk kanggo bekel golek gawean. Aku ora ngerti kui tekan aku mlebu neng kelas filologi. Elmu filologi kui bidang ilmu sing selama iki tak goleki. Aku seneng karo sejarah lan aku uga seneng karo nasihat utowo kebijaksaan seko nenek moyang. Rong perkoro kui mlebu neng pelajaran filologi. Filologi kui ilmu sing mempelajari babagan teks utowo naskah kuno.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7657", "text": "Marah tanpa penyebab iku akeh banget penyebabe. Salah sijine iku gangguan mental sing onok nang njero awak dewe. Ben eroh gangguan mental opo sing diderita awak dewe, awak dewe kudu konsultasi nang psikolog utowo psikiater. Rong ahli iku isok ditemoni nang Rumah Sakit. Salah sijine iku Graha Amerta. Nek awakmu butuh mrono, tutono rute iki. Berangkat teko jalan Walikota Mustajab, mlaku lurus. Jupuk jalur kiwo nang jalan Mayjen Prof. Dr. Moestopo dan terus dalan tuti dalan iku. Nek ketemu Rumah Sakit Husada Utama, awakmu belok nengen nang jalan Dharmawangsa. Mbari ngono, belok ngiwo nang jalan Airlangga. Engkok tujuane onok nang kiwo dalan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "743", "text": "Kejebak macet kui mesthi marai mangkel. Awak dhewe ora gelem wektu duwe entuk gur mung dalan. Awak dhewe uga bosen neng jero mobil utowo neng duwur montor ora iso ngopo-ngopo. Seko penyababe, macet kui akeh jenise. Sing pertama, macet mergo preinan. Pas lagi preinan dowo, akeh wong sing pengen plesiran utowo dolan, dadine kendaran dadi numpuk neng dalan. Sing keloro, macet mergo mudik. Pas nyeraki bakdo kui akeh wong sing arep baling neng desone dhewe-dhewe. Biasane kui sakdurunge bakdo sing macet seko arah kulon, yen bar bakdo seko arah wetan. Sing ketelu, macet mergo bencana alam. Iso wae ono tanah longsor utowo wit tibo sing ngalangi dalan. Iso uga dalan kui lagi keno banjir bar udan deres.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4963", "text": "Penyakit mental hyperarousal kuwi salah siji penyakit sing disebabake saka komplikasi PTSD. Hyperarousal iki duwe akibat sing luwih gedhe saka PTSD yen ora cepet ditangani. Penyakit iki dipicu saka pengalaman sing marai trauma utawa marai emosi penderitane ora stabil. Pengalaman sing paling sedih uga bisa dadi pemicu penyakit iki. Penyakit iki ora mung insomnia, tapi efeke bisa ning jantung lan nyebabake aritmia utawa denyut jantung sing ora stabil. Hyperarousal uga bisa nyebabake mimpi sing ala kanggo penderitane. Penyakit iki uga nyebabake penderitane wedi lan ora wani ngadepi marabahaya lan masalah. Penyakit iki nduwe jangka wektu sing luwih dawa lan luwih angel diobati. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "304", "text": "Keno PHK kui, hal sing paling ora ngepenake kanggo akeh wong, salah siji karo wong-wong enom sing lagi ngerintis karire. Dee wes ngeliwati akeh penolakan ben entuk gawean kui nanging akhire dipecat uga. Naning, mergo isih enom kui awak dhewe kudune ora sedih-sedih banget. Emang, awak dhewe dadi ora duwe gaji utowo penghasilan kanggo ngecukupi kebutuhan utowo kepenginan. Sisi positife, awak dhewe mungkin dihindarke seko gawean sing ora cocok. Iso wae selama iki awak dhewe tetep ono neng gawean kui mergo gajine dudu mergo awak dhewe seneng karo gaweane. Awak dhewe dadi iso jajal gawean ning bidang sing bedo supoyo awak dhewe iso entuk gawean sing sesuai karo kemampuan lan minate dhewe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7684", "text": "Plagiat iku akeh banget kedaden nang dunia akademik, terutama nang dunia perkuliahan. Hampir nang kabeh jurusan iku pasti tau onok kasus plagiarisasi. Tapi plagiarisasi iku bakal gampang banget gawe kedeteksi nek awakmu kuliah nang jurusan Sastra Indonesia. Nang jurusan iki, kemampuan menulis iku bener-bener diutamakno dan gak bakal isok awakmu ngeplagiat nang kene. Hal iki mergo dosen e iku bakal eroh endi tulisan sing asli ambek tulisan sing jiplakan. Gaya bahasane wong siji ambek wong liyo iku bedo, dan kabeh dosen nang jurusan Sastra Indonesia isok ngenali kabeh gaya bahasane para mahasiswane. Dadi nek salah siji mahasiswa sing biasane gaya bahasane koyok A, terus moro onok tugase sing nganggo gaya bahasa B, pasti bakal konangan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5762", "text": "Autophobia kuwi salah siji jenis fobia sing wedi marang urip dewean lan ora ana sing ngancani. Fobia iki pancen ora kalebu gangguan mental parah nanging tetep wae ngerasa ora nyaman lan ngerasa gugup. Wong sing nduwe fobia iki nduwe perasaan kudu dikancani wong terus lan ora bisa nang ngendi-ngendi dewean. Senajan fisike aman, wong sing kena Autophobia iki sering ngerasa ora aman saka maling, wong sing ora dikenal, suasana sing sepi, ora disenengi wong lan ditinggal. Gejalane uga meh padha karo fobia liyane yaiku keringeten, ndredeg, sesek napas, mumet, gangguan pencernaan, lan uga sak panunggale. Autophobia iki uga bisa ngganggu urip secara sosial. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3468", "text": "Wong tuoku biyen tau ngandani nag awakmu ora wani dewean yo awakmu kudu moro nang wong kaeh ben wedi, iku pas aku isek cilik. Tapi pas aku wes rodok gedeh, wong tuoku ngomong nag awakmu isek wedi nag dewean paranono opo sing garai awakmu wedi ben awamu iku ero opo sing marakno awakmu wedi. Terus nag iso dolano sing adok ambek gembulo karo wong akeh ben awakmu iku duweni mental karo pikiran sing resik ora endot koyok areng. Dadi kanggo wong sing ancene wedian ang dewean iku yo kudu iso latihan ngadepi wedine gal saitik ben ora tau ambek ora ketalep nag wes kadung ketalep ambek wes kacel mesti bakal ewo ngilangnoe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7978", "text": "Saiki, panggon wisata kolam renang iku wes akeh banget dan mesti dadi destinasi favorit e wong-wong. Salah sijine iku Waterpark. Nang Waterpark, gak mek onok kolam renang tok, tapi onok sisan panggon dolen banyu sing asik. Mangkane iku sing dolen mrono iku gak mek uwong sing isok renang tok, tapi uwong sing gak isok renang pisan. Gawe awakmu sing gak isok renang, usahakno tetep onok nang area kolam sing awakmu sek gaduk. Gak usah nang panggon sing jero banget. Soale tujuane nang Waterpark iku kan gawe seneng seneng, guduk gawe lomba renang. Dadi mending nggolek aman ae, timbang engkok awakmu kelelep nang Waterpark tambah ewoh kabeh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7508", "text": "Akhir-akhir iki lagi akeh banget cerito uwong sing gak sengojo ndelok hantu mboh nang ndi. Ngomonge de’e mek meneng tok, tapi moro ketok onok sesuatu putih-putih lewat. Onok sisan sing ngomong nek de’e diketoki hantu iku nang panggon tertentu tok. Nek semisal awakmu sisan ngalami iku, ojok lali gawe moco ayat kursi sing akeh. Ayat kursi iki dijupuk teko Al-Qur’an yaiku surat Al-Baqoroh ayat 255. Ayat kursi iki nduwe arti memohon perlindungan nang gusti Allah SWT. Hal iku sing marakno ayat iki isok dadi ayat pengusir sekaligus ayat sing paling diwedeni karo setan. Dadi nek awakmu diganggu karo setan, akeh-akeh moco ayat kursi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5370", "text": "Aku duwe kanca saka Papua sing kuliah ning Jawa jenenge Belda. Belda iki mahasiswa sing oleh beasiswa langsung saka pemerintah kanggo daerah tertinggal lan diwenehi kesempatan kanggo kuliah ning kampus kanggo mbangkitake semangat bocah sing urip ning pedalaman kanggo sekolah. Belda iki bocahe apikan lan dadi kanca sing lucu uga pinter ning kelas. Dekne uga aktif ning kampus. Nanging ing sawijining dia, Belda iki mlebu kuliah nanging karo rupa sing nesu-nesu amarga ning kendaraan umum mau ana bocah sing ngundang lan ngece dekne amarga dekne saka Papua. Jarena dekne pegel amarga sing ngomongi kuwi wong sing wis gedhe lan kudune ngerti babagan iki. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6025", "text": "Akeh wong sing seneng ngopeni kewan nanging ora peduli marang lingkungan sosiale. Jaman saiki, wong padha ngopeni kewan kaya kucing uga kelinci sing kotorane mambu lan bisa ngganggu tanggane nanging ya tetep ora peduli senajan wis ditegur. Kotoran sing ora cepet diresiki iki bisa ngundang penyakit kaya infeksi pernapasan uga penularan penyakit kewan marang menungsa. Rusuhe kandhang iki uga dipercaya bisa marai angel nduwe keturunan. Kamangka, para bocah kos saikil luwih teges babagan aturan nggawa kewan peliharaan lan malah ngelarang amarga ben ora ngganggu lan ngerusak hubungan sing ana ning kosan amarga kotoran kewan kuwi mambune bisa mbuleng lan marai mual. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8477", "text": "Mbujuk iku salah siji tindakan sing paling gak disenengi ambek kabeh uwong, tapi sek akeh dilakoni sisan. Onok akeh penyebab wong iku mbujuki. Mulai teko ben ketok apik, nutupi kesalahan, dan akeh liyane maneh. Padahal kebiasaan mbujuk iku marakno rugi nang awak dewe dan isok berujung isin karepe dewe pas konangan. Teko kono, awak dewe kudu mulai leren gawe mbujuki. Cara gawe ngatasi mbujuk iku koyok ngene. Siji, golek opo sing dadi penyebabe ben isok nyegah gawe mbujuk. Loro, terapno batesan. Telu, ilangno pikiran elek nek awakmu kate ngomong jujur. Papat, terimo kenyataan. Limo, kelola stres. Terakhir, konsultasi nang pihak profesional.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9809", "text": "Urip ing donya iku sawang sinawang. Dadi manungsa uga kudu bisa urip jejer karo makhluk liyane. Salah sijine lelembut. Barang alus kaya lelembut ngene iki ora bakal guda utawa ngamuk ning manungsa yen ora diganggu. Sawalike, barang alus kaya ngene bakalan ngguda banget nalika panggone dirusak utawa diusik. Lelembut wis duwe panggon sing wis dianggep dadi omah utawa sarange karo lelembut liyane. Biasane panggon sing wis ora tau dinggoni, peteng, lan rusuh. Mulane yen ana panggon kaya ngono aja nganti dirusak, aja nganti diusik, lan aja nganti diganggu. Yen pengin ngeresiki utawa mindah apa-apa, kudu ijin dhisik ya supaya loro karone ora ngerasa keganggu!. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8092", "text": "Bahan sing apik gawe kampas rem iku material sing nduwe koefisien gesek sing apik gawe teromol utowo cakram rem. Biasane, koefisien gesek kampas rem iki bakal berkurang seiring karo mundake temperatur kampas ambek teromol utowo cakram. Proses iki sing disebut fading dan suwe suwe isok beresiko kedaden brake fading. Brake fading iki peristiwa rem blong sing terjadi mergo kampas rem kelangan traksi nang teromol, dadi kampas rem isok dikondo gak gaduk nang teromol e sing marakno gak onok gaya gesek iku mau. Biasane koyok ngene iku mergo rem bekerja terlalu abot sing marakno peningkatan panas nang kampas rem. Fenomena brake fading iki paling sering terjadi nnag rem teromol sing onok nang bus utowo truk.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1432", "text": "Pas aku KKN biyen kui, aku ngepasi karo bakdo idul adha. Aku lan konco-koncoku setim kui dadi ngewangi panitia kurban neng kono. Awak dhewe ngewangi ngetok-ngetoki daging sing wis disembeleh lan ngirim-ngirimi daging sing wis dibungkusi neng omah-omah ning kampung kui. Nanging pas kui, ono koncoku sing ora ngewangi seko awal tekan akhir acarane kui. Dheweke dudu ora kepengen ngewangi, nanging dheweke ora iso. Dheweke ora kuwat ngambu daging sing amis koyo ngono kui. Dheweke jijikan karo ambu sing amis-amis. Dadi dheweke mung ngewangi awak dhewe pas bagi-bagi. Kui wae itungane dheweke ngancani, soale dheweke tetep ora wani cerak-cerak karo kantong sing isine daging.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "770", "text": "Akeh hubungan keluarga sing remuk pas lagi jaman-jamane pemilu 2019 wingi. Wong-wong iso tekan ora seneng karo angota keluargane dheweke mergo beda pilihan presiden pas kui. Ora mung kui, wong-wong uga akeh sing podo saling benci mergo ora seneng karo ras, agama, utowo suku tertentu. Keluargaku termasuk sing hubungane dadi rada renggang mergo kui. Budhe ke ono sing luwih dukung Prabowo lan budhe sing liyane ono sing dukung Jokowi. Sing dukung Prabowo kui alasenane luwih Islami yen milih sing liyane kui umat Islam kui iso makin terpuruk. Akeh-akehane sing dukung Prabowo kui ora seneng karo etnis Tionghoa. Budhe-budhe kui tekan meneng-menengan pas pemilu kui. Malah ono sing tekan metu grup keluarga barang.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9111", "text": "Dino iki Firda lagi entok jadwal gawe WFH, sing berarti de’e bakal njogo omah soale kabeh yo podo kerjo ambek sekolah. Pas jam 10, adike sing TK moleh. Buru tutuk omah, Firda kaget ndelok adike nangis gero-gero. Akhire Firda langsung ngampiri adike dan takon opo’o. Adike Firda ngomong nek de’e di-bully mergo gak eroh panganan jenenge sushi. Mergo iku, de’e dilokno kampungan ambek konco koncone. Dan adike iku keweden pol sampe gak gelem melbu sekolah maneh sesok e. Firda akhire nuruti njaluk e adike dan njarno arek iku gak melbu sekolah sak dino. Sesok, de’e wes niat gawe lapor nang guru sekolah e adike ben tindakan bully iku ndang ditindak dan adike isok sekolah dengan tenang maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4388", "text": "Wong sing nang dunyo iku roto-roto nag ono panganan endut yo mesti rodok mangkel ambek jember mergo rupane sing ora kenek dipangan. Nah endut iku maeng yo karek delok endute kenek opo, nah kenek barang sing ancene ora rusoh yo ora bakal jijiki, tapi nag sampek kenek barang sing ancene jijiki yo bakal jijik sing delok maeng. Nah nag ancene kadung ketok perkoro ngunuku sing tepak yo palang mireh wae ben ora ketok moto mergo nag ketok perkoro ngunuku kanggo wong sing seneng panganan mesti iso dadekno kelengan terus nag ancene mangan panganan. Mangkane wes palang mireh wae ben ora sampeh dadekno ilingan perkoro sing elek.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3851", "text": "Ulan wingi pas aku dolan ambek koncoku nang alun-alun kota Bakpiah, koncoku moro-moro mandek ambek ngombe banyu, terus moro-moro kelakoane iku aneh. Pas tak takoni lapooh kok ngunu iku? deke ngomong \"aku kok ngeroso koyok bocah sekolah ambek wong iku yo\". Terus pas aku noleh, aku guyu ngakak sampek wetengku loyo polahe nag ngarep klambine podo ambek wong-wong sing wisata sak bes maeng. Nah koncoku sing wes kisinen terus akhire nyela jaketku gawe nutupi klambine sing podo maeng. Terus pas liwat pinggire tak beroki \"mas anggotamu kari siji nang kene lok, iki jaketan\". Terus koncoku miso-miso soale wes kisinen ambek raine ambange pol.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4480", "text": "Ulan wingi pas ancene udan-udanan ora karoan mesti akeh pakean sing ora enak ambune. Nah pas iku, koncoku gawe klambi sing ancene rodok ora garing terus ambune rodok ora enak, nah koncoku sing sijine bocah wedok sing ancene terkenal nerocos lambene iku moro-moro ngomong nang koncoku sing gawe klambi ora langsung pas diumba maeng nag ambune ora enake pol garai irung keri. Nah aku sing ngerti iku langsung tak tengai ben ora marakno bocahe isin. Soale aku ngerti nag keadaane deke iku termasuk perekonomian elit (ekonomi sulit), dadi ben deke ora kisinen nemen mergo dilokno bocah wedok maeng. Yo masio ngunu deke iku asline wes kisinen mergo wes dielokno maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9470", "text": "Puput lan Rani dolan ana ing Mall paling gedhe ning Jakarta. Rani kepengin tuku tas, Puput kepengin tuku klambi sing lagi ana diskon gedhe-gedhean. Nalika lagi ngancani Rani kanggo milih tas, Puput kaget kaya ndelok wong sing dikenal uga lagi milih tas ning kana. Ndilalah kuwi yaiku Winwin, salah siji idola sing ana lagi misuwur ana ing Indonesia. Puput gemeter amarga ora nyangka bakalan ketemu Winwin ana ing toko tas kaya ngene. Kanti ngati-ati Puput njajal kanggo nyapa Winwin. Karo ngguyu, Winwin nyauti lan nyapa Puput sisan. Mumpung ana kesempatan, Puput njajal takok ning Winwin kanggo njaluk foro bareng. Winwin ora kabotan lan akhire foto bareng. Puput seneng lan ngerasa oleh rejeki ana ing awan iki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5664", "text": "Ancaman ning internet kuwi bisa dadi salah siji kasus pidana amarga bisa marai wong ora nyaman. Biyasane, ancaman iki tekane saka kubu sing lagi perang ning internet kaya partai politik utawa golongan. Ancaman sing marai korban ngerasa diintimidasi iki bisa macem-macem bentuke, kaya serangan marang identitas, hasil tulisan, utawa komentar sing ngundang kontroversi. Ancaman iki uga ngerasa wong kadhang wedi lan milih nutup akun. Nanging, sifat sing ngancem iki kadhang efektif yen tingkah sawijine golongan iki wis mulai meresahkan uga marai mangkel. Kamangka, ancaman secara pribadi iki bisa dipraktekake marang provokator sing ana ning media sosial ben luwih bisa njaga ketenangan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5678", "text": "Liburan iki, akeh panggonan wisata sing mbuka wahana sing ana hubungane karo banyu kaya prau dayung lan uga kendaraan ning taman air. Amarga kendaraan iki biasane ana mesin lan dayung, kamangka mbutuhake danau sing jero. Pengunjung panggonan wisata iki kudu ati-ati amarga bisa kelem lan bisa ora ketulung amarga wahana kuwi pancen ora disedhiakake kanggo renang. Nanging, para pengelola mesti nyediakake alat sing aman kaya rompi pelampung, piranti P3K, lan uga ana petugas keamanan. Amarga kuwi, awak dhewe sing ana ning panggon wisata iki kudu ati-ati aja nganthi liburan iki bisa rusak amarga kedadian sing ora dipengenake kaya kelelep amarga kurang ati-ati. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3401", "text": "Aku duwe konco sing sangare megilan, ambek bocah-bocah nag kelas mesti ora ono sing wani ambek dekek polahe deke iku meneng tapi nag wes kadung digodoe mesti sing godoe entek dikaploki ambek deke. Tapi bocah sing kendele koyok ngunu tibake bocahe pas loro yo wedi nag disutik. Mesit nag loro iku ora tau gelem disuntik jarene nak suntik iku loro ambek ora seneng karo dome suntike maeng. Yo asline ora kok ora seneng tapi ancene deke iku wedi ambek dome suntik iku maeng. Yo ancene akeh bocah sing wedi ambek sing jenenge suntik pas aku sekolah biyen tapi, nag deke iku nag wes kadung emoh yo mesti emoh ambek bakal ora gelem budal. Polahe wedine maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2012", "text": "Aku mau lagi delok tontonan kanggo anak-anak sing ditoke karo omah produksi Visineme. Jeneng acarane kui Taman Domikado. Kui model koyo sandiwara boneka. Yen neng luar negeri kui, mirip koyo Sesame Street. Episode sing tak tonton mau nyeritake. Karakter sing jenenge Beo sing ngeredi klambi anyar koncone. Klambi anyar lan putih kui ora sengojo keno cat. Beo wedi yen koncone ngerti klambine ketumplekan cat dheweke bakal diseni. Kanggo ngilangi wernone kui, Bea ngumbah klambine. Nanging bukane dadi resik, nanging wernone malah dadi luntur. Dheweke dadi soyo panik. Nanging untunge, pas koncone kui, Bea, delok klambine sing tipak cat mau, dheweke malah seneng. Soale klambine dadi werno-werni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7216", "text": "Gawe muslim, kabeh jenazah sing kate dikubur iku kudu diadhusi disik. Ngadhusi jenazah iku yo onok tata carane. Pertama, delehen jenazah dengan posisi sira sing rodo duwur nang panggon sing wes disediakno. Wong sing ngedhusi nek isok nganggo sarung tangan. Jupuk kain penutupe jenazah dan ganti karo kain basahan cek aurate tertutup. Resikno untune, lubang irung, lubang kuping, celah ketek, celah jari tangan, sikil, ambek rambute. Mbari ngono resikno kotoran jenazah sing teko ngarep utowo sing mburi disik. Carane teken wetenge alon-alon sampe isi wetenge metu kabeh. Terus siram utowo basuh kabeh anggota tubuh nganggo banyu sabun. Terus siram nganggo banyu resik sambil niat. Mbari niat, iringno jenazah nang tengen, basuh bagian lambung kiwone bagian mburi. Mbari ngono, siram nganggo banyu resik teko sira sampe ujung sikil terus siram mareh nganggo banyu kapur barus. Jenazah diwudhuno koyok wong wudhu sak durunge sholat. Nek metu najis maneh dan kenek awake, kudu diadhusi balik. Nek najise mek kenek kafane, gak usah diadhusi maneh dan cukup diguwak kain kafane. Nek wes mari kabeh, keringno nganggo anduk dan dinggoni wangi-wangian sing gak mengandung alkohol. Mari ngono baru dikafani.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "375", "text": "Penyesalan neng urip iki sing paling diseselke akeh wong kui ora ngungkape perasaane langsung. Akeh wong sing milih mendem opo sing dirasake. Ukara sing paling umum kui \"aku tresno\" lan \"aku jaluk ngapuro\". Yen awak dhewe seneng utowo karo wong kui, awak dhewe kepengen wonge kui ngerti. Nanging, usahane dhewe gur tekan ngebayange ngomong tok, ora ono tindakan sing nyoto. Padahal, yen perasaan kui iso diomongke, iso wae hubungane awak dhewe karo wing disayangi kui luwih rengket. Ukara sing sijine uga angel diungkapke. Ngaku yen awak dhewe salah kui pancen abot. Nanging, yen awak dhewe iso ngiliwati alangan kui, awak dhewe iso benake hubungane karo wong kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2050", "text": "Aku tau neng mal delok dompet tibo. Aku ngerti persis sopo sing duwe dompet kui. Aku ora ngerti wonge kui sopo nanging aku delok pas dompete kui wis tibo. Aku delok wonge mlaku, nanging ora sadar yen dompet tibo. Akhire, aku jipuk dompet kui ben iso langsung ngekei dompete langsung. Pas aku nyekel dompete, wong kui wis adoh. Dadi aku kudu ngoyak. Mergo lumayan adoh kui, aku mlakune dadi rodo cepet. Nanging, suwe-suwe, langkahe wonge kui dadi makin cepet. Kui tetep tak etuti. Dheweke malah dadi mlayu. Ora gelem keri, aku langsung mlayu. Terus aku mikir, ketoke wonge kui wedi mergo aku koyo ngetuti dheweke. Makane kui, aku langsung bengok, ngandani wonge yen dompet tibo. Aku bengoke rodo kebanteren dadi dideloki wong-wong. Nanging sing penting, wonge kui wis entuk dompete balik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9875", "text": "Wong sing kaget nalika meteng iku lumrah. Kadang ana wong sing rabi nanging isih gurung siap kanggo duwe anak. Wong kaya ngene kadang pengin pacaran dhisik karo bojone lan ngentekna wektu wong loro. Wong sing kaya ngene bakalan wedi banget ngadepi masa hamil iku. Nanging ning kene wong wedok ora perlu wedi amarga duweni bojo. Wong meteng iku ora mung dibebanke ning wong wedhok nanging wong lanang uga kudu duweni peran kanggo ngewangi. Babagan kaya ngene kudu dirunding dhisik sadurunge rabi supaya mengko ora bingung nalika wes kedadean kaya ngene. Mula yen isih durung siap kanggo meteng, bisa diprogram kanggo nunda meteng dhisik.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9173", "text": "Organisasi Pertahanan Sipil utowo biasa disingkat dadi Hansip iku salah siji pertahanan ambek keamanan sing dibentuk ambek pemerintah nang Indonesia. Berdasarno Keppres No. 55 tahun 1972, Hansip iki dadi komponen Hankam ambek komplemen ABRI. Organisasi iki awale dibentuk sejak pemerintahan Hindia Belanda gawe ngadepi serangan Jepang ket tahun 1939. Ket jaman kemerdekaan, Hansip pertama kali diatur karo keputusan wakil menteri pertama urusan Pertahanan/Keamanan Nomor MI/A/72/62 pas tanggal 19 April 1962 tentang Peraturan Pertahanan Sipil. Saiki tanggal iku diperingati dadi hari ulang tahun Hansip nang Indonesia. Pas tahun 2002, jeneng Hansip iku berubah dadi Linmas alias Perlindungan Masyarakat. Pas tahun 2014, organisasi iki dibubarno langsung karo presiden SBY.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7267", "text": "Pas aku SMA, onok salah siji konco lanang sing terobsesi banget ambek aku. Sebut ae inisiale U. Awale si U iki gak nyudokno nek de’e iki terobsesi. Malah de’e iki sifate lembut dan baik banget, makane aku yo sampe jatuh hati nang de’e. Hampir ae aku pacaran ambek de’e, tapi gak dadi. Tapi hubungane awak dewe wes intens banget, dan teko kono aku eroh nek de’e iku terobsesi ambek aku. Untunge aku isok lepas teko jeratane de’e. Onok cara sing tak lakoni cek isok lepas teko si U. Pertama, aku ngeblok nomere cek arek iku gak isok ngehubungi aku. Berhubung awak dewe sekelas, sak isok mungkin aku selalu nempel nang konco lanangku sing liyane. Tujuane gawe ngelindungi diri dan si U iki gak bakal wani nyedek nek aku ambek arek lanang liyo. Soale de’e gak pinter adu hantam. Dan ben aku dewe dan de’e nyedek, aku bener-bener ngusir de’e terang-terangan sampe de’e ngeroso isin soale wes dideloki wong akeh. Aku ngelakoni cara-cara iku, dan untunge suwe-suwe si U iki sadar dan menjauh teko aku.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3866", "text": "Nag ono wong utang akeh mesti isin. Padal asline perkoro iku kan ora perkoro sing kudu diisine. Nag ancene dadekno perkoro iku maeng dadi ngisin-ngisine lapooh kok tambah akeh wong sing utang. Dadi sing garai metune roso isin nang wong sing utang gede iku maeng ora utange, tapi gengsi sing ono nang pikirane wong iku maeng sing marakno roso isin maeng dadi ora karoan. Nah nag ancene isin polahe utange sing gede yo nang disauri gal saitik ben ora marakno roso isin nang ati tambah ora karoan soale biasane ngunuku iso ganggu aktivitase wong sing utang maeng polahe ke ganggu ambek roso isin sing metu nang awake iku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8478", "text": "Suudzon iku berprasangka elek nang wong liyo. Nek gawe wong Muslim, suudzon iku wes dilarang dan isok marakno duso sisan. Biasane suudzon iku mergo uwong nduwe dendam masa lalu ambek pihak iku, utowo ancen bawaan teko wong iku sing senengane berpikir elek nang kabeh uwong. Padahal sing koyok ngono iku gak apik. Suudzon iku engkok ujung-ujunge dadi fitnah, dan malah marakno duso sing luwe gede maneh. Terus semisal tuduhan iku gak bener, awakmu maleh dadi isin dewe. Dadi gawe awakmu sing sek nduwe kebiasaan suudzon, mulai diilangno dan digenti dadi husnudzon alias berprasangka apik nang wong liyo nek gelem ati dadi adem ayem.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2570", "text": "Biyen sak durung korona nag kampusku gelek akeh konser, awit teko bend kampus sampek ngundang artis-artis utowo penyanyi sing wes gelek metu nag TV. Artis iku maeng contone koyok almarhum didi kempot. Pas iku aku ora ngerti nag ono didi kempot sing dadi bintang utama sing diundang gawe ngeramekno ulang tahun fakultas nggonanku. Dadi pas bocah rame-rame nag ngarekpe fakultas aku mok yawang tok ambek mikir paling biasa konsere bocah-bocah kampus. Lah tibake pas lagu pertama di nyanyekno, kok suarane ora asing, terus aku delok tibak'e didi kempot sing nyanyi. Langsung laptop tak tutup terus melok rame-rame ambek bocah-bocah. Yo senenge pol se iso petok ambek idola sing lagune paling hit.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2525", "text": "Wingi aku pas dolan nag kota gadis, aku ketemu ambek wong nag salah sijine deler montor sing lumayan gede nag kota iku. Deke cerito nag senenge pol iso tuku sepeda sak wise nabung rong tahun. Deke tuku iku asline pengen nyenengno wong tuwokne soale wong tuwone pengen ndelok anake iso mandiri. Tapi sing garai aku njumbol yoiku wong iku maeng jaluk nang petugase nag sepeda iku dikon ngeterno jam 5an sore soale nag kampunge jam sak mono wong-wong sepi soale podo repot nang mesjid gawe toto-toto sembayang magrib. Pas tak takoni lapooh mas kok jaluk jam sak mono. Jarene wonge \"aku ancene seneng iso tuku barang sepeda iku sak wise nabung rong tahun, tapi roso seneng iki cukup dirasakno ambek keluargaku ae, ojo sampek song sak liyane keluargaku iku ero, solae durung karuan wong iku maeng seneng ambek opo sing tak rasakno\". ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5310", "text": "Ani nduwe rambut kriting sing apik lan dadi kesenengane wong tuwane ning omah amarga rambut kuwi ireng, akeh, lan mesti wangi. Ani uga ora butuh ngeriting rambut amarga rambute wis apik kaya model iklan ning TV. Nanging, pas dekne wis SMP, dekne dadi ora percaya diri amarga ana kancane sing seneng ngece model rambut kritinge Ani. Jare rambute kaya sarang tawon. Ani sing ora trima malah melu nesu lan nangis pas bali saka sekolah. Dekne njaluk rambute dilurusake. Nanging jare ibune, ngelurusake rambut kuwi marai rusak lan rambute bercabang, apa maneh pas SMP iki rambut isih ana ning masa pertumbuhan. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6051", "text": "Jaman biyen, Odi nduwe kanca SMP sing kanthi saiki isih diiling. Odi lan kancane iki ya kanca apik. Nanging ana kebiasaan sing angel dilalekake, yaiku kancane Odi iki yen ngomong sering nganggo duduh alias idune sering muncrat. Kabeh iki amarga kancane Odi sing arane Farhan iki yen cerita mesti semangat lan uga semarak banget senajan ceritane biyasa wae. Amarga kuwi, yen Farhan lagi presentasi ning ngarep kelas, dekne mesti kena sindir karo bocah sing lungguhe paling ngarep. Odi ngerti iki pancen ora nyaman kanggo Farhan, nanging amarga kuwi Farhan njalal periksa menyang dokter, jebul struktur untune Farhan iki uga ngaruh kenapa ngomonge dekne sering ngetokake idu. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6198", "text": "Nyasar ning kendaraan umum kuwi salah siji pengalaman sing bisa nggarai isin amarga katon kaya wong bingung. Nanging nyasar iki uga bisa disiasati dadi babagan sing nyenengake, nanging uga marai ndredeg amarga bisa mlaku-mlaku ning panggonan sing anyar lan ngerti kaya ngapa wong bisa urip. Amarga kuwi, wong sing nyasar kuwi bisa tinemu apes, nanging uga tinemu untung. Sing penting, wong kang nyasar iki gelem takon lan komunikasi karo wong sing ning sekitar yen ana kejahatan. Kamangka, awak dhewe kudu nduwe rasa wani ben bisa percaya diri ngomong marang wong liya pas lagi nyasar amarga yen isin takon kuwi malah dadi poyang-payingan. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9554", "text": "Kadang yen wis ngecewakna wong liya iku ora kerasa. Kene ngelakoni tindakan sinh biasa wae nanging kanggo wong liya iku nggarai lara ati utawa gawe kecewa. Apa maneh nalika wong iku wis ngelakoni apa wae kanggo kene, aja nganti kene nggawe wong iku kecewa utawa lara ati. Bisa wae wong sing kaya ngono bakale nyengkreh lan ora peduli maneh karo kene amarga wis pegel ngadepi sikape kene. Iki dadi pelajaran supaya nalika ana sing ngelakoni tindakan apik ning kene, kene uga kudu bales karo tindakan sing apik sisan. Mula, ora perlu kanggo gawe wong liya kecewa supaya kene ora kailangan sapa-sapa ana inv kekancan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5724", "text": "Dadi saksi kecelakaan kuwi pancen ora ngenakake amarga kadhang sering kebayang lan uga sering banget kelingan situasi sing ana ning panggon kecelakaan. Anane saksi iki uga bisa ndadekake wong trauma lan ora wani kebut-kebutan ning ndalan, apa maneh saksi kejadian kuwi kanca dhewe lan uga ora bisa nyelametake. Ndelok kecelakaan langsung ning dalan nanging ora bisa nulungi uga ndadekake rasa bersalah sing gedhe lan uga bisa dadi mangkele ning jero ati marang awake dhewe. Amarga kuwi, P3K kuwi penting banget ben bisa nulungi wong sing ana ning ndalan lan uga ngerti dasar evakuasi ben ora ana rasa nyesel. Sak liyane kuwi, saka peristiwa kuwi, kudu sadar yen ati-ati kuwi penting banget. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9168", "text": "Plagiat iku gak mek kedaden nang dunyo penulisan tok, tapi akeh sisan kedaden nang dunyo permusikan. Aku iku sering banget ndelok uwong sing asal ngomong nek siji lagu iku hasil plagiat teko lagu liyane. Alesane mergo onok bagian musik sing podo plek. Tapi awakmu iku gak isok asal nuduh nek pencipta lagu iku ngelakoni plagiat nang lagu liyo. Lagu sing dikondo plagiat iku nek sebagian besar teko lagune podo plek ambek lagu liyane. Nek misal mek sebagian cilik tok, mereka durung tentu plagiat lho. Sopo eroh mereka iku nganggo sampel musik sing ancen isok dinggo secara bebas soale gak dikomersil. Dadi gawe awakmu kabeh, luwe teliti gawe nilai lagu iku sak durunge berpendapat.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5364", "text": "Yen dikongkon milih, mesti mahasiswa saiki mending milih ngekos tinimbang numpang ning keluwarga sing omahe ana ning cedhak kampus. Pengalaman iki wis akeh buktine amarga akeh mahasiswa sing ora betah amarga rasane aneh lan ngerasa yen dibedakake ning keluwarga kuwi. Kadhang perasaan iki uga ngaruh ning proses adaptasi mahasiswa anyar. Omah sing ora nyaman kuwi marai pergaulan uga terbatas lan rasa ora adil kuwi marai bocah mangkel lan ora bisa nyuwarakake. Numpang ning keluwarga iki sajane uga ana positife, nanging ya uga dadi masalah yen keluwarga iki ora bisa nerima anggotane lan uga kebiasaan saka wong anyar iki uga sak walike.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6161", "text": "Pas aku isih kerja ning Jogja, aku duwe kanca saka Lombok sing ngerantau lan kerja dadi pelayan. Kancaku iki gaya hidupe dhuwur lan mesti tuku barang mewah nanging saka dhuwit utang. Yen ditagih, mesti bocahe ngamuk lan nganggep sing nyilihi kuwi medhit. Aku sing mung dadi kanca kuwi melu direpotake amarga akeh wong sing nakoni aku babagan dekne pas awak dewe kabeh lagi padha cuti. Ana penagih utang saka layanan pinjaman online, nanging pas ditagih barang sing ana ning kos kuwi padha kosong. Jebul dekne minggat lan jare kanca kos, dekne kuwi ora metu saka kamar wis pirang-pirang dina amarga isin ditagih utang terus karo wong liya. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3030", "text": "Pas wingi aku mangan nang kantin kampus, aku petuk ambek kanco-konco sing wes semingguan ora petuk. Pas iku aku ora ngerti nag bocah-bocah iku teko nang kono akhire yo cangkrukan ora karuan. Tapi ono salah sijine koncoku sing moro-mor teko ambek gepuk gegerku pas aku ngompe, yo aku mangkelah soale koncoku sing nang ngarep kesembur aku. Terus bocah-bocah yo ngamuk ambek koncoku sing maeng. Tapi sing jenenge konco ngamuke se ora sampek gepuk-gepukan paling yo mok ngelokno tok, soale wes podo kenal parek tapi ono sing sijine koncoku wedok guyang areke ambek banyu putih soale deke sing kesembur aku. Tapi sing apik teko koncoku sing gepuk gegerku maeng bocahe langsung jaluk sepuro ambek bocah-bocah terus mangane dibayari kabeh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6071", "text": "Kampungku lagi rame amarga ana gosip babagan santet sing dikirim wong marang warung mie ayame Bu Yanti. Pas Mumun tuku mie ayam, Mumun ngerasa jijik lan arep muntah amarga ndelok ayam sing ana ning mie kuwi kebak set, padahal pas panganane teko, kabeh normal wae. Bu Yanti njaluk sepura amarga dekne mikir yen ayam kuwi wis basi senajan dekne tuku bahan-bahan sing seger. Wong desa wis paham yen Bu Yanti ora salah amarga biyasane ora kaya iki. Banjur Bu Yanti nutup warung mie ayam seminggu ben bisa ndelok apa sing salah saka mie ayam kuwi. Jebul pancen ana sing katon ora seneng amarga bar kuwi, mie ayam mbalik normal maneh. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7101", "text": "Sesok iku pengumuman hasil kelolosan S2, tapi aku wes kepikiran. Jenenge aku ngelakoni opo ae sampe gak isok fokus. Tapi kabeh uwong nang omah wes isok maklum soale pas pengumuman kelolosan S1 modelanku yo koyok ngene sisan. Pas sesoke, aku tangi ket isuk padahal pengumumane sek jam 1 awan. Emboh opo’o rasane aku cemas dewe. Aku wes ngeroso nek aku gak lolos soale tesku gak karu-karuan dan akeh banget sing salah pas iku. Dadi aku berusaha gak berharap opo-opo, tapi tetep cemas rasane. Pas wes jam 1, aku buka web resmi UI gawe ndelok hasil kelolosane. Dan aku gak nyongko banget bakal ketrimo S2 jurusan Pengajaran Bahasa. Gak koyok mbiyen pas ketrimo S1, aku mek meneng saking nge-blank e. Tapi gak suwe aku langsung nangis saking senenge ketrimo kuliah maneh nang UI.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "366", "text": "Awak dhewe ngeroso paling sedih pas awak dhewe ngeroso dadi wong sing paling gagal ning urip iki. Awak dhewe ngero gagal kui pas awak dhewe ora entuk opo sing awak dhewe bayange seko usaha sing dilakoni. Contohe awak dhewe, wis bela-belani sinau keterampilan anyar sing bakal dibutuhke neng perusahaan sing awak dhewe pengeni. Awak dhewe wis berkorban wektu lan biaya kanggo sinau keterampilan kui. Nanging awak dhewe ora entuk posisi sing dipengenku neng perusahaan kui. Awak dhewe ngeroso opo sing dikorbanke selama iki sio-sio. Awak dhewe ora duwe tujuan liyo pas kui. Awak dhewe uga ngeroso binug kudu opo, pas ngerti ora ketompo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5696", "text": "Kepemimpinan kuwi penting banget kanggo karyawan jaman saiki. Pemimpin kuwi ora mung bisa mimpin, nanging uga isa dipimpin kanthi ikhlas ati. Wong sing bisa dipimpin kuwi ya wong sing ora nggrundel ning mburi lan mesti ngewenehi masukan kanggo kemajuan kelompok.Miturut penelitian, wong sing duwe jiwa kepemimpinan iki kudu nduwe kerja sing mesti apik amarga ora ngandelake rasa wedi diseneni. Wong iki uga nduwe rasa sing gedhe kanggo ngerampungke gaweane tanpa wedi bakal dievaluasi amarga kuwi dibutuhake. Kamangka kuwi, sing dadi masalah yaiku wong sing kerja nanging mung kanggo golek rai lan wedi diseneni amarga wong kuwi durung ngerti artine kepemimpinan lan perlu sinau luwih akeh. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9471", "text": "Salah siji merk mie sing ana ing Indonesia ngadakke adicara meet and greet NCT karo penggemare. Puput sing wis ngerti ana adicara iki langsung nyepakke kanggo melu. Syarate uga akeh kayata tuku pirang-pirang bungkus mie. Sawise iku struke kudu diupload ana ing panggon sing wis ditentuake. Dina wara-wara wis tekan. Puput seneng amarga jenenge bisa metu lan iku artine Puput bisa ketemu langsung karo NCT. Nalika adicara wis diwiwiti, Puput seneng banget nganti nangis amarga akhire bisa ndelok NCT karo mripate dhewe. Puput uga matur nuwun marang Gusti amarga wis ngabulake kepengine. Sawise adicara wis rampung, Puput uga foto bareng karo NCT lan diupload ana ing sosial mediane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1031", "text": "Misale awak dhewe lagi ngenteni keluargane dhewe sing lagi sekarat, mesthi awak dhewe ngeroso wedi. Awak dhewe sak ben detik mesthi ngeroso kuwatir yen misale keluargane dhewe kui dipundut karo sing kuasa. Nanging wong sing sekarat kui ono tanda-tandane. Awak dhewe iso ngemati tondo-tondo iki supoyo awak dhewe luwih siap ngadepi kelangan sing pasti kui. Sing kesiji, napase wong sing arep ora ono kui dadi ora teratur. Sing keloro, werno kulite berubah dadi luwih kusem pucet. Sing ketelu, beberapa bagian tubuhe kui dadi ora iso berfungsi koyo biasane. Iki disebabke getih sing ora ngalir selancar disik. Sing kepapat, awak wong sing arep sedo kui dadi luwih lemas lan rupane ketok ora duwe semangat.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7900", "text": "Dino iki, Beni kate nampil nang Balai Budaya gawe lomba tari tradisional. Ceritane de’e menang nang babak penyisihan dan kudu dadi perwakilan sekolahe. Awale Beni ketok biasa ae, tapi pas eroh panggung sing digawe panggon nampile, de’e langsung ndredeg nuemen. Opo maneh tambah suwe sing teko gawe nontok perlombaan iku tambah akeh. Nek pas nang sekolah wingi kan sing ndelok mek arek-arek sekolahe tok, dadi de’e gak sepiro ndredeg. Tapi pas iki, de’e ndredeg nemen soale sing ndelok bakal uakeh puol. Tapi gelem gak gelem de’e kudu tetep munggah nnag panggung. Pas nang panggung e, kudune de’e wes mulai nari. Cuma awake wes gemeter nemen saking wedine dan ndredeg e. Drijine ae gak isok diobahno. Mbasio wes disemangati konco-koncone, de’e tetep gak isok nari. Alhasil, de’e kalah nang kono.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3318", "text": "Wong nag wedi pas ditodong ambek senjata mboh iku gaman, terus silet utowo bedel iku wes lumrah soale senjat koyok ngunuku iku iso ngancem keselametane. Nah anjuran ben awakmu pas diancem iku kudune tetep anteng masio awakmu wedi soale nag ora anteng ambek ketok bingung sing ngancem yo bakal seneng terus iso ae nag seng ngancem iku maeng ngamuk polahe awakmu bingung ambek saking kewedene tambah di loroni utowo dicelokoi awakmu. Dadi nag ancene wes ditodong iku kudu anteng disek ojo kesusu panik sing dadekno awakmu ngelakoni perkoro sing ancene digetingi ambek wongsing nodong maeng akhire wong sing nodong maeng terus ngamuk. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8484", "text": "Ambu awak iku marakno awak dewe kadang dadi ngeroso gak nyaman. Mergo iku, wong-wong iku podo nganggo deodoran sak marine adhus. Tujuane iku ben keringet sing marakno ambu awak iku isok kesumbat dan awake awak dewe dadi gak badek. Tapi nek awakmu nggatekno maneh, akeh banget deodoran sing marakno kelek dadi ireng. Sing koyok ngono iku maleh dadi gak enak didelok karo awak dewe. Dadakno, onok penyebabe opo’o kok akeh deodoran marakno kelek ireng. Onok pirang kandungan nang njero deodoran sing marakno kelek dadi ireng, yaiku alkohol, paraben, karo alumunium klorida. Salah siji teko iku isok marakno kelek ireng, opo maneh nek digabung kabeh, tambah nemen.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7179", "text": "Koncoku akeh banget sing takon, konser opo sih sing tau mbok dontok dan paling berkesan gawe awakku. Jawabanku yaiku konser Day6, salah siji band teko Korea Selatan. Dan gak main-main, konser Day6 iku konser paling berkesan sing tau tak dontok. Alesane onok akeh. Siji, mulai teko penukaran e-ticket sampe antri melbu konser sing lancar kabeh. Loro, Day6 iki band favoritku banget, dadi wes pastilah aku seneng banget isok nonton wujud e langsung, dadi eroh nek mereka iku nyata. Telu, lagu-lagune sing aku eroh kabeh, dadi isok nyanyi ket awal sampe akhir. Papat, kelakuan konyole member Day6 sing marai ngguyu kemekelen. Limo, onok sesi karaoke bareng-bareng, dadi Myday—jeneng fandom Day6—nyanyi terus artise meneng tok sambil dolen alat musike. Dan sek akeh maneh keseruan sing isok mbok dapetno pas nonton konser Day6. Dadi gawe awakmu sing penasaran, ojok lali nonton konsere Day6 nek mereka ngumumno tur dunia.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "299", "text": "Kudune wong kui seneng ben ono anggota keluarga sing lahir. Wong tuwo disik ngomong, akeh anak akeh rejeki. Nanging paribasan kui, ketoke wis ora pas dienggo saiki. Awak dhewe kudu sadar yen bumi iki wis akeh penduduke. Yen akeh wong sing ngikuti paribasan kui, donyo iso luwih cepet kiamat mergo kekurangan pangan. Sak liyane kui, saiki kanggo nyucukupi kebutuhan anak sing layak kui ora murah. Biaya bersalin anak kui larang. Ditambah karo biaya pendidikane sing ongkone iso marake awak dhewe istigfar ben detik. Dudu artine duwe anak kui dadi beban. Nanging, awak dhewe apike kudu duwe persiapan sing mateng sik sadurunge mutuske gawe anak.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6174", "text": "Nyontek utawa nyonto kuwi kebiasaan sing bisa ngerusak mental lan kepercayaan diri para siswa. Nanging ning jaman saiki, nyonto kuwi dianggep biyasa lan para siswa wis ora isin yen ketemon nyontek karo wong liya. Ning bangku kuliah malah wis dadi budhaya kanggo nguji ketulusan kekancan, yen gelem ngewenehi contekan kuwi wis pantes diomong dadi kanca sing apik. Nanging koalisi negatif iki bisa marai kebiasaaan pas gedhe. Nyontek iki bisa ngurangi rasa percaya diri lan bisa marai stres. Wong sing kebiasa nyontek iki bakal nggantungake urip marang wong liya tanpa bisa percaya marang dekne dhewe. Amarga bener jare wong yen kejujuran kuwi larang regane. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "655", "text": "Duwe akeh konco kui uga ono ora enake. Akeh konco kui artine awak dhewe akeh wong sing gelem ngewangi awak dhewe pas lagi susah. Nanging, yen akeh banget kui, awak dhewe iso dadi keteteran. Misale wae, awak dhewe dadi kerep ketemu koncone dhewe neng dalan. Sebenere, mungkin kui dudu panggon sing biasane ketemu. Mergo sangking okehe koncone dhewe kui, ora disangka-sangka ketemu neng dalan. Gelem ra gelem, awak dhewe kudu nyapa wonge kui. Yen awak dhewe ngejarke wae wong kui liwat, disangkane awak dhewe wis ora seneng karo dheweke. Kui malah dadi perkoro sing anyar. Lan rumor kui iso nyebar neng wong-wong liyane dadine awak dhewe ora disenengi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2566", "text": "Seneng polahe oleh penghargaan iku biasane akeh sing rodok kecampuran rasa pamer pas mujudno roso senenge iku. Sak liyane iku yo ono sing kecampuran karo roso sombong soale oleh penghargaan. Lah roso seneng seng polahe oleh penghargaan ben ora dadekno roso sombong ambek roso pamer maeng iku kudu dikendalikno. Cara ngedaleknoe yo nyukuri roso seneng maeng ora nang ngarepe wong akeh. Soale iku iso dadekno metune roso pamer. Terus mujudnoe yo podo ae, yoiku ojo diwujudno nang ngarepe wong akeh soale iso dadekno roso pamer, masio awak dewek karepe ora pamer. Mangkane nag kadung seneng polahe oleh penghargaan jajal kontrolen.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7638", "text": "Wong sing nduwe kebiasaan main tangan iku isok berujung nang KDRT. Nek wes ngono, engkok bojo sampe anake iku bakal dadi samsak tinjune pelaku sampe emosine iku wes terlampiasno kabeh. Timbangane ngono, mending lampiasno emosimu nang olahraga pukul, misale tinju. Nang kono, awakmu isok nggebuki samsak tinju sing disediakno nang studio olahraga e sampe sak tuwukmu utowo sampe emosimu iku nguap kabeh. Dadi pas awakmu engkok moleh, awakmu wes dalam kondisi sira enteng dan gak bakal main tangan maneh nang wong liyo. Wes ngono, olahraga iki nek ditekuni akeh banget manfaate gawe kesehatan. Dadi gak onok salahe gawe nyoba olahraga tinju gawe ngelampiasno emosimu.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7950", "text": "Biasane nek wayahe moleh iku wes dadi senengane arek-arek sekolah, tapi iku gak berlaku gawe Niki. Wayah moleh sekolah iku berarti de’e kudu bersiap dadi samsak tinjune arek-arek sing ngebully de’e. Mbasio de’e wes nyoba gawe moleh lewat jalur endi ae, arek-arek tukang bully iku pasti bakal nemukno de’e dan bakal mukuli de’e. Koyok saiki, de’e wes nyoba moleh lewat pager mburi sekolah. Tapi tetep ae konangan ambek arek-arek iku. Akhire de’e diseret nang gudang sekolah terus dipukuli. Niki mek isok ngelindungi awake sak isoke dan atine wes ketar ketir iki. De’e gak nduwe kekuatan gawe ngelawan arek-arek iku saking wedine.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8385", "text": "Jare uwong, onok rego onok rupo, dan iku berlaku sisan nang panganan. Coba awakmu delok panganan sing didol nang pinggir dalan karo panganan sing didol nang Restoran mewah. Wes pasti buedo pol teko regane ambek kualitase. Rego panganan nang pinggir dalan iku ancene murah pol, tapi kualitas karo keresikan panganane iku durung karuan. Soale kan wong-wong e podo dodolan nang pinggir dalan sing otomatis panganan iku bakal terkontaminasi karo asap montor ambek motor. Bedo karo panganan sing nang Restoran mewah. Regane isok isok sampe ping sepolohe teko rego panganan nang pinggir dalan. Soale bahan-bahan sing dinggo iku berkualitas sisan. Wes ngono, keresikan panganane iku wes terjamin. Bahkan kokine ae nek masak sampe nganggo face shield ben ambekane gak ngeneki panganane.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1562", "text": "Utang kui yen ketumpuk akeh lan ora dibayar-bayar kui marake wong sing diutangi kui isin. Utang jenis opo wae marake awak dhewe isin. Menurutku kui, ono loro jenis utang. Ono utang dhuwit lan ono utang budi. Utang dhuwit kui cetho. Ono wong sing butuh duwit dadine dheweke nyilih neng wong utowo neng instansi sing duwe duwit akeh. Alesane werno-werno, ono sing mergo kudu bayar anake neng rumah sakit, ono sing butuh dhuwit kanggo kebutahan sak ben dinone, ono sing butuh dhuwit kanggo bukak usaha, lan liyane-liyane. Sing keloro kui, ono sing jenenge utang budi. Utang budi iki sing paling abot lan ngisin-ngisine yen awak dhewe ora nyauri utang kui. Soale, wong sing ngutangi kui ngekei awak dhewe sesuatu sing luwih berharga seko dhuwit.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1183", "text": "Aku kui arang banget iling mimpiku, mungkin uga aku emang arang mimpi pas turu. Yen diiling-iling kui, panggon neng mimpi kui ora bener-bener tau tak temoni utowo tanggali. Pas wis tangi, aku lagi sadar kui panggon sing asing banget. Aku dadi mrinding pas ngebayangke meneh. Aku tau mimpi ono neng omah wit. Biasane omah koyo ngono kui neg TV TV awak dhewe delok dadi omah dolanan cah cilik, nanging neng mimpiku kui ora. Omahe kui ono wong tenanan sing nempati. Omah kui uga duwe piranti-piranti omah sing komplit. Sing paling aneh kui, omahe iso mentiung dhewe pas keno angin lan omahe kui ora tiba lan ora kenopo-nopo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9197", "text": "Jaman saiki, tes gawe melbu kuliah serentak nang Indonesia iku jenenge SNBT. Nek jamanku pas tahun 2016, jenenge iku SBMPTN. Tujuan dilakoni ujian iku podo, yaiku ben isok melbu kampus ambek jurusan kuliah sing dipilih. Nek mbiyen, aku iku melu SBMPTN jalur soshum. Proses aku ngelakoni ujian e iku koyok ngene. Jam 8 aku wes tutuk nang panggon tes. Terus jam 9 iku aku mulai nggarap ujian sesi pertama. Nang kono, aku nggarap ujian TPA, boso Inggris, boso Indonesia, ambek matematika dasar. Jam 12 aku istirahat gawe sholat karo mangan. Jam 1 aku melbu ruangan maneh gawe melu ujian sesi loro. Nang kono, aku nggarap ujian sosiologi, sejarah, ekonomi, ambek geografi. Jam setengah papat aku wes mari nggarap dan metu teko ruangan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3337", "text": "Wong sing wedi pas sekarat iku lumrah kanggo wong biasa ambek sing wes durung nerimo karo keadaan sing dialami. Nah sing garai wong wedi iku ono pirang-pirang perkoro salah sijine yaiku koyok wedi nag mati, nah iki termasuk salah sijine perkoro sing paling diwedeni nag wong iku sekarat opo maneh nag wong iku wes ora iso obah terus mok iso merem ambek ketap-ketip tok yo tambah wedine pol. Soale sing jenege mati iku ora kenek dianggep sepele. Nag wong iku durung siap mesti wedine ora karoan. Dadi wong sing wedi polahe sekarat iku ora mok angger wedi tok, tapi ono perkoro sing dadekno deke iku maeng keweden.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7144", "text": "Akhir-akhir iki lagi marak banget kasus hp sing ilang. Mboh iku mergo dicuri, ketlisut, utowo logor nang dalan. Nek wes ngono, akhire bingung dewe sampe kudu nang kantor polisi gawe ngelaporno hp sing ilang utowo cara liyane. Nek wes ngono, penting banget gawe awak dewe masang pelacak nang hpne awak dewe masing-masing. Pelacak iku fungsine gawe ngelacak keberadaan hpne awak dewe sesuai lokasi hp iku berada cek luwe gampang ditemukno. Hp jaman saiki yo wes nyediakno aplikasi gawe ngaktifno pelacak hp, contohe iPhone sing onok aplikasi Find My iPhone teko konone dewe. Gak mek nang iPhone tok, saiki aplikasi pelacak hp yo wes akeh nang android sisan. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9415", "text": "Ujian ana ing Indonesia rata-rata kudu ngapalna materi sing wis diajarna karo gurune. Nanging babagan apalan iki kadhang dadi memedi kanggo murid-murid amarga ngapalna iku pancen kra gampang apa maneh ana ing materi kaya geografi utawa sejarah sing akeh banget inisial utawa istilah. Kanggo bisa ngapalna kabeh materi iku butuh trik utawa cara sing bener supaya luwih gampang apal. Miturut website hipwee.com, ditulis kepiye supaya bisa ngapalna kanti cepet supaya lulus ujian. Sing penting yaiku sadurunge ngapalna kudu duweni mood sing apik. Sawise iku golek panggon sing paling nyaman kanggo ngapalna lan aja lali kanggo ditulis poin-poin sing penting. Nalika wis diapalna, aja lali kanggo njaluk tulung kanca kanggo ngecek apalane wis bener apa ora. Yen wis rampung kabeh, kudu yakin ujiane gampang lan bisa lulus kanti biji sing apik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9829", "text": "Wong lara iku jalaran saka kurang bisa njaga awake dhewe. Ing mangsa rendheng kaya ngene iku bakal dadi sarange penyakit. Amarga cuacane ora bisa diprediksi. Isuk panas banget nanging pas sore langsung udan angin lan deres banget. Yen ora bisa njaga awak mesti langsung padha lara. Pas dipriksakake ana ing dhokter, biasane dhokter ngevonis lara pilek, watuk, lan panas. Iku penyakit paling umum nalika mangsa kaya ngene. Miturut website halodoc, supaya ora kaget nalika ana obahing cuaca kudu ngombe vitamin sing akeh supaya awak tetep seger waras. Sing paling penting yaiku aja lali ndonga ning Gusti supaya diadohake saka penyakit!.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2625", "text": "Aku tau moco nag salah sijine situs utowo artikel online sing nganggep nag gagal nag jeru urip ancene perkoro sing ora kenek diadohi. Nag jareku gagal nag urip ancene warnai urip sing ancene ono nag angger uripe menungso nag donyo iki. Lah sing dadi masalah yaiku nag gagal maeng ora iso mikirno solusi ambek kenemenen olehe mikirno gagale maeng. Nag koyok ngunu iso ae marakno mentale ambek kesehatane wong sing ngalami gagale urip maeng dadi ora karuan, iso dadi gendeng, iso dadi loro, iso dadi penyakit, kabeh iku maeng karek wong sing ngalami gagal urip nganggepe koyok opo. Nag ngangepe iku gawe pengalaman urip iso ae tambah semangat uripe, tapi nag bener-bener nganggep iku maeng dadi koyok musibah yo tambah nemen. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9965", "text": "Kanggo bocah cilik, konsep adil iku nalika diwenehi utawa ditindak sing padha. Padahal konsep adil iku sakjane ora padha plek utawa sama rata nanging adil iku bisa ngewenehi sesuai kebutuhan. Tuladhane nalika bocah cilik isih kelas 3 SD sing ngamuk amarga diwenehi sangu sing sithik tinimbang mbakyune sing wis kuliah iku salah. Tindakane wong tuwane bocah iku wis bener amarga ora madakna plek sangune iku. Mbayune sing wis kuliah diwenehi sangu luwih akeh amarga kebutuhane uga akeh banget lan beda karo kebutuhane bocah kelas 3 SD. Mula kudu wis dipahami yen adil iku udu sama rata nanging ngewenehi sesuai kondhisine.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2927", "text": "Aku ulan wingi iku jumbul polahe koncoku diarani loro ginjal soale geger gelek loro. Jarene doktere sing garai geger loro iku maeng asline efeke teko ginjele sing wes rodok ono masalah. Sak liyane iku maeng jarene ben ora tambah nemen iku kudu ngombe sing akeh, mangan sing akeh, ambek ojo pegel-pegel. Yo ancene nag didelok-delok se iyo soale bocae ancene arang ngombe nag pas kuliah, terus pas wifian ambek aku yo arang gowo banyu, mesti nag kudu ngombe tuku es. Yo polahe iku maeng paleng sing marakno ginjele masalah. Terus koncoku sing oleh kabar iku yo terus plongah-plongoh soale gak ngiro nag iku bakal kedaden nang awake sing isek garap UAS.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2993", "text": "Koncoku tau cerito nak deke iku tau nemokno harta karun nag salah sijine sawahe deke sing parek ambek candi utowo petilasan sing ancene saiki digawe cagar budaya karo daerah kono. Nah harta karun iku jarene rupo koyok duwek satusan repes sing bunder-bunder ngunuku, ambek ora ono tulisane mok sing bedakno iku gedene ambek abote. Terus iku warnai kuning koyok emas, karo deke iku dirompelas sitok soale pengen ero iku emas opo kuningan. Tibake pas digebek ambek rompelas kuninge tambak ketok apike megialan koyok emas temenan. Terus ambek dekeiku digowo nang bakul emas pinggiran ditakokno iku emas temenan opo ora. Tibake jarene bakule iku emas temenan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7224", "text": "Gawe awak dewe sing wes nyusun rencana dengan rapi tapi ujung-ujunge tetep gagal, pasti rasane abot banget. Pasti awak dewe bingung, endi sing salah. Perasaan wes bener kabeh, gak onok sing salah, tapi kok sek tetep gagal. Gawe dulur-dulur muslimku, awak dewe kudu sadar, onok sing jenenge takdir nang dunyo iki. Dadi nek awak dewe gagal, berarti wes ditakdirno koyok ngono ambek gusti Allah. Awak dewe kudu iling, menungso berencana, Allah sing nentukno, dan awak dewe gak duwe kuasa gawe ngubah iku. Dan awak dewe kudu yakin, di balik kegagalan iku pasti onok hikmahe. Sopo eroh Allah gagalno rencanane awak dewe gawe menjauhkan awak dewe teko keburukan. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7550", "text": "Aku dijaki karo adekku mlaku-mlaku nang Mall. Tujuane arek iku kate tuku parfum mergo tekne wes entek. Tapi aku njaluk mangan dilut soale aku wes keluwen banget dan adekku iyo iyo ae. Mbarine mangan, baru keliling Mall gawe nggolek parfum sing dipingini adekku. Awak dewe wes mampir nang sembarang Outlet parfum dan adekku sek durung nemu opo sing dipingini. Sampe akhire njujuk nang Bath & Body Works dan akhire adekku nemu parfum sing dipingini. Cuma sing marai males, sing dipingini onok akeh tapi de’e mek isok tuku siji. Akhire tak jarno ae arek iku milih sampe nemu, aku aku mutusno gawe ndelok-ndelok lilin aromaterapi ne. Gak suwe aku ndelok onok arek sing wajahe familiar banget. Mbasio ragu, tapi aku tetep nyoba nyeluk jenenge. Dadakno arek iku noleh dan awak dewe podo podo mbengok saking kagete dan gak percoyo isok ketemu setelah bertahun-tahun. Aku langsung pelukan ambek konco SMP ku iku dan malah akeh ngobrol, sampe lali nek aku mrene karo adekku.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1592", "text": "Bocah sing isih cilik utowo sing isih bali kui kerep gawe wong-wong sing wis gedhe kui mesam-mesem mergo polahe sing lucu. Awak dhewe mungkin pas biyen tau ngelakoke kui. Nanging awak dhwee ora sadar jebul, awak dhewe wis ngelakoke hal-hal sing gawe awak dhewe isin. Awak dhewe ora ngeroso pas isih cilik nanging pas wis gedhe, awak dhewe lagi sadar opo sing awak dhewe lakok disik kui ngisin-ngisine banget. Contone koyo, awak dhewe kerep ngompol pas isih cilik. Awak dhewe uga mungkin kerep guyu neng perkoro-perkoro sing sepele. Awak dhewe uga kerep ngeleboke benda-benda neng mulute dhewe. Awak dhewe penasaran karo akeh rasa, dadine opo-opo awak dhewe icipi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1004", "text": "Salah siji penyebab sing paling gedhe kenopo awak dhewe ngeroso wedi pas arep tampil kui mergo awak dhewe ora percaya diri. Rasa ora percaya diri kui jedul mergo awak dhewe kurang latian utowo kurang jam terbange. Latian kui gawe awak dhewe iso ngiro-ngiro bakal ono opo wae lan kedadean opo wae sing bakal ono neng duwur. Kui ono sing iso awak dhewe kiro-kiro ono sing ora. Latian kui kanggo nebak-nebak kedadean sing iso dikiro-kiro mau. Yen sing dikiro-kiro wae awak dhewe ora iso ngatasi, opo meneh sing ora. Awak dhewe bayangke kui bakal kedadean lan bingung kui yen kui tenanan kedaden awak dhewe arep ngopo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9851", "text": "Kerja ana ing Bank wis dadi impene Siti sak jok dheweke kuliah ing jurusan Akuntansi. Siti seneng banget akhire bisa lolos lan dadi karyawan bank sing paling gedhe ana ing Indonesia. Saben dina Siti budhal jam 7 isuk lan mulih mari maghrib. Sakjane Siti ya pegel nanging panggah seneng. Dina iki Siti ana kegiatan kantor yaiku ngelumpuk karo kabeh karyawan bank iki. Ndilalah ana sing nyapa Siti karo ngguyu-ngguyu. Siti bingung sapa wong iki. Sawise diiling-iling, Siti langsung iling lek iki adakna kancane cilik sing ana ing desa. Kancane iki jenenge Rani. Siti ora nyangka Rani uga dadi karyawan ning bank iki. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4458", "text": "Saiki ancene sing jenenge klambi kembar iku sak pirang-pirang. Terus sing gawe klambi podo yo tambah akeh mergo pabrike kan ora mungkin nag mok gawe siji tok. Nah wong saiki iku yo ono sing isin nag ancene gawe klambi sing podo plek karo wong sing ora dikenal blas. Padal asline yo ora lapo-lapo. Kudune wong koyok ngeneki iku yo kudu ngerti, ojo sampek kok polahe klambi podo ae terus dadekno isin. Terus sing dipek isin iku alasane yo polahe klambi tok kan yo sepele. Yo ancene kabeh iku meng karek wonge sing gawe klambi maeng. Nag wonge gengsian yo mesti bakal isine pol. Tapi nag ancene wonge iku ora ngurusan yo bakal biasa ae.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8331", "text": "Aku dijak karo Hilmi gawe belonjo bahan panganan nang Superindo. Berhubung aku lagi kentekan bahan panganan nang Kos, dadi tak iyoni ae. Dadakno Superindo ne sek tutup dan buru buka jam 12 awan, alias awak dewe kudu ngenteni telung jam maneh nek gelem. Berhubung wes kadung metu, akhire Hilmi ngajaki gawe tuku nang Pasar ae. Aku langsung nolak. Soale nang Pasar iku pasti mambu amis pol. Tapi Hilmi sek mekso ae, akhire kepekso tak iyani ae. Pas tutuk kono, buru ae melbu nang gerbange, aku wes ngambu amise iwak teko ndi-ndi. Rasane wes kate mukok, cuma kudu tak tahan. Kan gak lucu nek aku sampe muntah nang kene. Akhire selama belonjo panganan, aku nutupi separoh raiku nganggo kain krudung.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9939", "text": "Sapa sing ora ngamuk yen awake digepuk terus-terusan. Iki sing dialami karo kancaku. Dheweke mangkel banget amarga kancane senengane nggepuki dheweke pas ngguyu. Sakjane awal-awak dheweke ora masalah amarga wis dianggep iki gawe guyonan. Nanging sayah suwi sayah ora bisa mbedakake endi sing guyonan endi sing tenanan. Dadine ora ngerti kondhisi kancaku nalika ngguyu mesti gepuk kanca sebelahe. Iki kono akhire dadi kebiasaan sing angek diendeg. Mula yen duwe kanca kaya ngene sabisane kudu diwarah genah-genah supaya dheweke ora tersinggung. Yen wis dikandani genah-genah nanging isih tetep wae ya bisa ditegur amarga tindakane iku bisa ngerugina wong liya lan nggarai wong liya lara kabeh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7903", "text": "Demam panggung iku rasa khawatir utowo wedi sing berlebih pas kate nampil ndek ngarep akeh uwong. Demam panggung iki onok akeh penyebabe. Siji, durung mangan. Nek durung mangan, isok marakno gak fokus pas nampil. Loro, kurang istirahat. Kurang turu iku isok sisan marakno demam panggung. Telu, gak pede kenemenen. Biasane iku wedi engkok bakal ngelakoni kesalahan utowo bakal dicemooh ambek penontone, makane dadi gak pede karepe dewe. Papat, kakean ndelok media sosial, opo maneh sing didelok iku hal-hal sing negatif. Hal iku marakno pikiran tambah elek terus maleh gak fokus. Terakhir, kakean moco berita sing elek. Moco berita sing elek iku isok marakno cemas sisan dan isok jebul dadi demam panggung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1186", "text": "Neng panggon sing awak dhewe ora kenal kui, awak dhewe biasane ngeroso wedi lan kuwatir. Ben ora ngeroso koyo ngono, ono hal-hal sing iso awak dhewe lakoke sakdurunge menyang dono. Sing kesiji, awak dhewe iso ngejak wong liyo pas arep neng panggon sing asing kanggo awak dhewe. Luwih apik meneh yen wong sing awak dhewe jak kui wis ngerti kahanan tujuane dhewe. Sing keloro, awak dhewe iso delike banda sing berharga kanggo awak dhewe neng panggon sing angel dijipuk. Misale, dompete dhewe mesthi awak dhewe seleh neng tas terus, lan tase awak dhewe jagani. Sing ketelu, awak dhewe ojo gowo barang-barang sing ora perlu supoyo yen ono opo-opo awak dhewe iso mlayu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2576", "text": "Seneng polahe petuk ambek idola acene perkoro sing langkah nang urip iki. Opo maneh kanggo wong biasa tambah angele pol. Mangkane roso seneng pas petuk ambek idola biasane gewujudno ambek kelakuan sing aneh-aneh, contone koyok ngerakut wonge, terus jaluk foto ambek wonge, terus ono sing jaluk tanda tangan barnag yo ono. Roso koyok ngene iki asline yo ora opo-opo. Karek wonge oleh mujudno roso seneng nang idolae iku maeng piye. Nag iku isek normal oleh mujudno roso senenge yo ora masalah, soale idolamu ora bakal keganggu utowo mangkel pas petuk ambek awakmu. Dadi nag petuk ambek idolamu ojo sampek roso senengmu dadekno roso mangkele idolamu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8371", "text": "Mergo aku gak kulino sarapan akeh, tak putusno gawe tuku roti ae gawe sarapan sak durunge kuliah. Aku mampir dilut nang Koperasi cedek kampusku dan tuku roti isi coklat. Gak langsung tak pangan, tapi tak gowo disik nang kelas dan aku mangane nang Kelas ae cek gak telat. Buru ae aku mbuka bungkus rotine dan njupuk isine, aku langsung nguncal rotine ngono ae. Yaopo igak, rotine iku wes ireng-ireng kabeh. Jelas wes jamuren nek wes koyok ngono. Akhire nganggo rong jari tok, aku njupuk roti sing tak uncal mau dan tak guwak nang tong sampah sak bungkuse sisan. Aku cepet-cepet wisuh dan melbu kelas. Jarno lah wetengku rodok keluwen titik timbangane aku mangan roti mambu koyok roti iku mau.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "277", "text": "Awak dhewe ora mungkin ngeliwatke kesempatan kanggo ketemu idolane dee. Nanging, akeh wong sing ngelakoke perkoro-perkoro sing ora seharuse pas ketemu idola kui, Supoyo luwih sopan pas ketemu idola, awak dhewe kudu gateke beberapa hal. Sing kepisan, bengok-bengok kui oleh nanging ojo berlebihan. Iso dingerteni banget, awak dhewe kepegen idolane dhewe iso delok rupane dhewe. Luwih apik, tenogone disempen. Sing keloro, kudu nyiapke mental. Pas ngedelok idola, awak dhewe ngeroso ora percoyo, koyo neng jero mimpi. Sangking senenge, sikile dhewe malah dadi lemes malah iso tekan pingsan. Reaksi sing keluwihan iki kudu dihindarke. Soale, iso nyilakani awak dhewe lan uga ora ilok didelok idola. Sing ketelu, ojo mekso idolane dhewe foto bareng, opo meneh neng panggon umum. Idola awak dhewe kui uga menungso sing butuh wektu privasi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3423", "text": "Saiki wong nag didadekno saksi mesti rodok wedi soale mesti ono masalah anyar sing bakal teko mboh iku apik utowo elek kabeh karek permasalahan sing diadepi. Sing jenenge saksi yaiku wong sing dijaluki keterangan masalah perkoro sing lagek kedaden awit kedadeane perkoro sampek perkoro iku maeng maeri. Biasane saksi iku mesti ora mok siji mesti ono wong loro utwo telu sing didadekno saksi soale nag wong siji tok bakal ora adil. Tapi saiki saksi iku ora ono sing bener soale hukum nang negoro iki wes ora iso adel soale wes kenek dituku karo duwek. Sing ngelanggar hukum pokoke duwe duwek akeh mesti eneng ukumane, tapi nag wong sing ora duwe duet mesti abot ukumane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9983", "text": "Aku wingi ning kelas muring-muring karo kanca cedhakku. Dheweke kepergok njiplak pr ku sing kudu dikumpulna dina iki. PR sing ditulis 10 halaman iki dadakno padha plek ketiplek karo nggonanku. Aku ora ngerti kepiye dheweke nyontoh nggonku. Aku wis ora bisa sabar maneh. Tugase kancaku sing padha ambek aku iku mau langsung tak suwek ning ngarepe raine. Sawise tak suwek kancaku iku mau tak celatu nganti dheweke ora wani babar blas ndelok raiku. Aku mangkel banget amarga iku garapanku dhewe. Emoh aku yen dheweke ora usaha blas gur nyontek aku. Sawise iku aku langsung metu saka kelas lan ngandakna nang guruku babagan dheweke nyontek tugasku supaya ora diwenehi biji. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6007", "text": "Muntah sing paling ora disenengi yaiku muntah amarga mabuk bar ngombe ombenan alkohol. Muntah sing disebabake mabuk iki pancen wajar amarga lambung mesti kaget. Nanging, wong sing ngombe iki kudu diwe kesadaran amarga bekas muntahan alkohol iki mambu lan kadhang uga ninggalake bekas. Sak durunge teler dibopong, luwih becik wong sing mabuk iki sadar lan langsung ngerampungake urusan ning jedhing wae tinimbang ngerepoti. Banjur ngombe banyu putih sing akeh lan uga ora ngombe alkohol maneh ben ora tambah mabuk. Yen isih sadar, kudu cepet nggolek kelapa ijo amarga wong sing wis teler kuwi wedine bablas lan ilang nyawane amarga kakean ngombe banyu setan iki. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1464", "text": "Uteku ora nyandak. Aku wingi delok berito neng TV, ono buburan konser sing reged banget. Akeh sampah-sampah sing ora diguak neng tempate. Senadyan aku ora tau delok konser, aku ngerti yen rego tiket konser sing kui ora murah. Mosok wong-wong sing duwe duwit ora podo duwe adab. Opo dheweke ora ngeroso isin, opo paling ora ngeroso jijiklah delok sampah ono neng endi-endi. Opo meneh pas konsere kui, lagi udan. Dadi akeh sing nganggo jas udan plastik sing mung pisanan dienggone. Terus jas udane kui ora diguwo utowo digowo bali. Malah dadi ngereged-regede panggon konsere kui. Aku isih ora nyongko kok iso-isone wong sing duwe duwit sak mono akehe kui ora jijikan delok sampah koyo ngono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7528", "text": "Awak dewe pasti ngeroso sedih nek misal krungu uwong sing buru divonis lara sesuatu, opo maneh nek iku penyakit sing serius. Harapane pasti cek wong iku isok cepet sembuh, dan cek awak dewe gak sampe kenek penyakit iku. Hal iku sing marakno penting gawe njogo kesehatan awak dewe. Dimulai teko mangan sing bergizi, diakehno mangan sayur karo buah, ngehindari junkfood, ngehindari panganan sing tinggi uyah karo gulo, rutin olahraga, turu sing cukup, dan sek akeh maneh kegiatan sing isok dilakoni ben awak dewe dadi sehat. Nek awak dewe sehat, sistem kekebalan tubuh iku bakal luwe kuat dan awak dewe isok terhindar teko berbagai penyakit. Dadi mulai saiki terapno gaya hidup sing sehat yo rek.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1427", "text": "Pas awak dhewe lagi neng taman utowo panggon-panggon sing isih terbuka, awak dhewe iso wae keno telek manuk. Pas awak dhewe keno perkoro sing sial kui, awak dhewe dadi ngeroso jijik lan sing jijik uga wong-wong neng sikitar awak dhewe. Supoyo awak dhewe ora ngeroso jijik lan wong sing liyo uga, ono beberapa hal sing awak dhewe iso lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso ngerisiki kui nganggo tisu. Luwih apik, awak dhewe nganggo tisu teles utowo nek ora ono awak dhewe iso nganggo tisu sing ditelesi dhewe. Sing keloro, yen misale isih ono bekase, awak dhewe iso nutupi bagian kui nganggo barang-barang sing awak dhewe gowo. Awak dhewe iso nganggo jaket utowo ditutupi nganggo tas.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7660", "text": "Pas cilik, aku mesti diajari ambek mbahku nek arek pertama iku opo-opo kudu ngalah ambek adike. Awale sih aku iya iyo ae, wong sek cilik ya pas iku. Pokok nek bapakku nukokno sesuatu, aku kudu ngalah ambek adikku sing pingine nduweni sing apik dan aku entok sisane. Suwe-suwe aku gak terimo. Iki gak ndak e seh kabeh sing apik dipek adekku kabeh dan aku mesti entok sing elek. Bahkan gak jarang aku entuk barang sing bekas dan adekku entuk barang sing anyar. Aku gak terimo dan langsung protes nang bapakku. Dan lagi-lagi kalimat iku sing metu, nek kakak iku kudu ngalah karo adike. Aku sing tambah gak terimo tambah ngamuk gak karu-karuan dan ngerusak kabeh dolanan tekne adekku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2034", "text": "Yen biasane ono banjir neng daerah dhewe utowo neng daerah liyo, awak dhewe biasane ngenyalahke faktor alam. Awak dhewe ngenyalahke udan sing ora mandeg-mandeg, aliran kali sing mampet, opo awak dhewe ngenyalahke lemah sing ora cepet nyerep banyu udan. Nanging sebenere, sing marake banjir kui sebenere menungso dhewe. Kali kui ora bakal mampet yen awak dhewe ora guwak sampah neng kono. Kali uga ora bakal mampet yen awak dhewe iso ngerungi sampah sing plastik. Podo uga koyo lemah sing ora gelem nyerep banyu. Yen awak dhewe ora bangung akuh gedung lan ora akeh dalan sing aspal, awak dhewe ora mungkin keno banjir.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2058", "text": "Yen awak dhewe wis ngeroso kerep dieututi karo wong sing awak dhewe ora kenal, awak dhewe ojo bali neng dalan utowo rute sing podo. Awak dhewe apike nganggo dalan sing bedo sak ben awak dhewe mangkat utowo bali seko panggone dhewe nyambut gawe utowo sekolah. Soale, yen awak dhewe ngelakoke kui wong sing ngetuti bakal dadi bingung. Tujuane dheweke ngetuti awak dhewe kui supoyo dheweke ngerti dalan opo wae utowo panggon opo wae sing kerep awak dhewe ampiri. Seko data kui, sing ngetuti golek cara lan wektu sing paling pas ben iso nyilakani awak dhewe. Makane kui, awak dhewe kudu kreatif golek dalan bali lan mangkat yen lagi dietuti.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3011", "text": "Aku isek kelingan nag pas SMP aku yo duwe konco sing iso diarane rambute puteh breh koyok wong tuwek. Karo bocah-bocah mesti di godoi ambek ngelokno bocah iku maeng sing akhire bocah iku srengen soale dilokno koyok wong tuwek. Bocah iku maeng ora trimo akhire nang kelas rame polahe bocah loro iku maeng gelot. Ora suwe pak guru terus teko polah kringi suarane bocah iku maeng ramene megilan sampek kringi nang kantor sing ono nang ngisore kelas iku maeng. Terus akhire bocah iku maeng dipisah ambek pak guru terus dikongkon salaman ben ora lok-lokan maenh sing iso dadekno perkoro koyok maeng. Tapi mari ngunu bocah loro maeng dikongkon ngadek nag ngarepe kantor sampek istirahat.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8376", "text": "Panganan mambu iku panganan sing wes ngalami perubahan kondisi mergo penurunan kualitas karo kelayakan gawe dikonsumsi. Hal iku kedaden mergo panganan disimpen nang suhu sing mungkino bakteri bakal berkembang dan ngerusak panganan. Awak dewe jelas bakal ngguwak panganan sing wes mambu. Tapi kadangan awak dewe bingung ndelok tanda-tanda panganan sing wes mambu iku koyok yaopo. Kadang ketokane sek apik, dadakno wes mambu. Nek awakmu sek bingung, awakmu isok ngenali tanda-tanda iki. Siji, onok perubahan werno. Loro, muncul lapisan lendir nang panganan. Telu, nimbulno ambu utowo aroma sing gak uwenak. Papat, tekstur panganan dadi berubah, koyok lembek terus lendiren. Terakhir, ditumbuhi jamur sing ketok nang permukaan panganan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3714", "text": "Ancene sing jenenge jeding iku kudu diresiki soale jagani nag ono wong mlebu terus ambune ora enak kan yo mangkelno. Biasane sing jijikan iku mono bocah wedok, Nah jareno koncoku sing wedok pas ngopi nang pinggir kampus, deke iku rosone sampek kudu muta polahe delok jeding sing ora diresiki maeng. Nah siong garai jember iku maeng asline ora teko rupane tok, tapi teko ambune sing garai ndase nggliyeng. Teko perkoro iku mangkane akeh wong sing ora seneng nag jedinge iku ora tau diresiki. Masio iku ora wangi ancene jeding yo kudu diresiki. Syukur-syukur nak iso wangi yo tambah apik. Soale nag ora diresiki wong sing ate mlebu maleh bingung soale ambune sing mangkelno.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8404", "text": "Awakmu tau gak, pas ndelok-ndelok klambi, sing dipajang iku malah klambi sing suwe-suwek? Pikirmu, klambi suwek lapo didol coba, lak mending dadi lap mejo nang omah. Wes ngono, biasane klambi sing suwek iku regane isok luwe larang timbang klambi biasane. Tambah mbatin pasti awakmu. Dadakno, klambi sing suwek regane larang iku onok penyebabe. Desainer klambi iku bakal ngukur suwekan iku bakal digawe pirang senti, terus nentukno model suwekan koyok yaopo sing apik, terus bakal disuwek nganggo alat opo sisan. Gak koyok klambi biasa sing garek nentukno model opo, jahit, mari deh. Teko akeh pertimbangan desainer iku mau, makane klambi sing suwek diregani luwe larang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6036", "text": "Sebangsa urang lan kepiting kuwi bisa cepet mambu lan ngetokake mambu sing amis amarga ning laut, panganane kewan iki limbah-limbah laut. Amarga kuwi, para koki sing wis kebiasa ngolah kepiting lan urang iki mesti njaluk sing seger amarga ambune ora amis. Ambu amis sing ana ning panganan kuwi bisa ngerusak selera mangan. Kamangka, yen bar oleh kepiting utawa urang, sing kudu dilakoni yaiku cepet-cepet ngeresiki. Kabeh kotoran sing ana kudu diilangi, utamane kepinting amarga kepiting iki angel diresiki. Banjur yen wis diresiki, bisa langsung dideleh kulkas utawa dilebokkake marang bumbu dhisik baru disimpen ning panggonan sing ketutup lan ditambah uyah ben awet. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "260", "text": "Seko cilik, aku dadi bocah sing biasa-biasa wae. Ora duwe minat neng bidang spesifik. Ora pinter olahraga koyo konco-konco liyane. Rupaku nek dibandingke karo sing liyo uga biasa wae, ora ganteng ning yo ora elek-elek banget. Aku yo ora duwe prestasi sing iso dibanggake. Aku ora tau melu lomba-lomba bahkan lomba sing tingkate mung neng kampung. Mungkin, aku wonge pancen ora kompetitif. Mergo kui, aku tekan saiki iling banget rasane entuk piala pertama. Pialaku tak entoke dudu mergo menang lomba, nanging mergo aku entuk biji 10 neng Ujian Nasional pas SMP. Bagi akeh wong piala kui biasa wae, ora ono gengsine. Nanging kanggo aku, iki berarti banget.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "280", "text": "Taun 2020 sasi Desember, konco SMA ku Dito nikah. Kebetulan calone kui ogo konco sekolahe dhewe, Vita. Nanging bedo kelas karo awak dhewe. Mergo isih ono pandemi COVID-19, wong sing diundang ora akeh. Rampung acara kui, aku diceluk karo Dito. Aku dikon ngewehi undangan unduh mantu kanggo konco-konco sing durung iso teko saiki. Dee ngekon aku karo Fikiri mergo dee arep bulan madu disik karo bojone. Sesoke, aku langsung nyebar undangane. Acarane kui bakal diselenggarake wulan Januari. Nanging, telung dino sadurunge acara aku dikabari yen Dito lan bojone keno COVID. Akhire acara unduh mantu kui, tetep diselenggarake tanpa pengantene. Wong-wong foto neng pelaminan bakal diedit ditambahke Dito karo Vita neng tengahe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9114", "text": "Sopo ae iku isok dadi pelaku bullying, bah iku secara sacar utowo igak. Tapi temenan lho, onok uwong sing ancen gak nduwe niatan gawe ngelakoni bullying, tapi secara gak langsung ngelakoni hal sing isok nyakiti korban iku mau. Nek jareku, sembarang kalir hal sing isok ngelarakno uwong liyo iku isok dikondo bullying. Contohe koyok ngekeki komentar sing elek nang koncone awak dewe, bahkan sampe marakno konco iku mau lara ati. Nek pisan tok ngono sek gak masalah, tapi nek kedaden ping bolak balik yo isok dikondo dadi tindakan bullying. Soale korban iku mau pasti sampe menderita mergo perkataan koncone tok.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4957", "text": "Ana salah sawijing perkara sing bisa marai wong tuwa kuciwa, salah sawijine yaiku ninggalake ajarane agama sing dianut. Akeh wong tuwa sing ngerasa gagal yen anake ora manut karo aturan agama amarga agama kuwi dasar urip sing paling pertama. Kamangka, babagan agama iki bisa ditangani saka awak dhewe. kaping pisan, awak dhewe kudu sadar yen ibadah kuwi kewajiban sing paling utama lan ora oleh ditinggal. Kaping pindho, akeh-akeh diskusi karo wong kang alim kaya ustad, kyai, pandita, bhikku, pastor, utawa imam agama sing bisa dipercaya. Kaping telu, akeh melu kajian sing sesuai karo kondisi lan akeh sinau saka lingkungan. Kajian iki uga kudu selektif ben ora sesat. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5325", "text": "Ana sing ngomong yen reuni SMA kuwi yen lagi apes malah mbahayakake hubungan. Wis akeh kasus selingkuh amarga ketemuan ning reuni lan banjur mbahas cerita sing wis rampung pas jaman sekolah, sing paling sering yaiku SMA. Kamangka kuwi, kanggo wong sing wis rabi, biyasane ngejak bojo utawa anak kanggo reuni amarga bisa nuwuhake rasa sing ora biasa lan marai gonjang-ganjing lan angkara murka ning hubungan bebojoan. Reuni SMA iki bisa marai wong sing ora tau ketemu malah cedhak lan bisa akeh ngomongake babagan hubungan saben dinane amarga akeh aspek sing wis berubah dadi versi sing luwih apik saka wayah SMA.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7240", "text": "Wes ket adoh Nana nyiapno sinau gawe tes melbu kampus impiane. Mergo de’e gak lolos SBMPTN, Nana milih gawe melu ujian mandirine. Nana wes percoyo diri banget bakal isok ketrimo nang kampus favorite, soale persiapane wes mateng. Pas ngerjakno tes e pun lancar banget, marai de’e tambah pede. Aku pun melu dungakno cek Nana isok ketompo nang kono. Pas pengumuman, Nana kudu nerimo nasib nek de’e ketolak. Saking sedihe, Nana sampe gak isok nangis. Utekke ngeblank, soale de’e ketolak nang siji-sijine jalur gawe de’e kuliah. De’e bingung kudu daftar nang ndi maneh soale de’e temenan pingin kuliah dan gak pingin gap year. Gak mungkin daftar nang swasta, soale wong tuwone yo gak sanggup.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7133", "text": "Salah siji permainan sing akeh banget onok nang film action iku Russian roulette, utowo rolet Rusia. Rolet Rusia iki permainan maut sing nganggo pistol revolver. Permainan iki dimulai teko ngetokno siji peluru teko silinder revolver. Silinder iku diputer secara acak, terus revolver ditodongno nang awak dewe, terus pelatuk iku ditarik. Mek onok siji peluru asli sing dinggo nang permainan iki, dan sisa ruang nang silinder revolver dijarno kosongan. Nek pelatuk kenek nang silinder sing kosong berarti pemain selamat. Tapi nek pelatuk kenek nang peluru, pemain bakal mati dengan kondisi kepala tertembak. Dadi mek keberuntungan sing isok nyelamatno pemain teko kematian.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9952", "text": "Numpak kendaraan umum pancen kudu sabar. Iki mana amarga yen numpak kendaraan umum bakalan nemoni kedadean sing macem-macem kayata mara-mara macet suwi, ketemu wong sing aneh, lan sapanunggale. Iki sing tak rasakna maeng isuk. Ing bis transjakarta ujug-ujug ana wong sing ngamuk lan meh ae gelud karo supire. Kabeh padha ngira wong iki mabuk. Iki sakjane mung masalah sepele yaiku macet. Kabeh wong sing ana ing bis wedi, raine padha pucet, tangane padha gemeter, lan ora ana sing wani nyauti wong iki. Akhire ana wong sing kendel lan dheweke nelpon polisi amarga wis kerasa ora nyaman ning bis iki. Wong sing ngamuk ora cetha mau akhire digawa ning kantor polisi kanggo diamanke. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1498", "text": "Wong-wong uga iso jijik neng tabiate menungso. Biasane tabiat sing dijijik kui tabiat sing elek, misale koyo sombong, medhit, sok ngerti, lan liya-liyane. Yen wis koyo ngono, awak dhewe bakal angel golek konco meneh. Malah wong sing cerak karo awak dhewe dadi ora kancanan meneh karo awak dhewe. Makane kui, awak dhewe kudu berubah yen awak dhewe ngerti yen awak dhewe tabiat sing olo. Menungso kui makhluk sosial dadi awak dhewe mesthi ketemu karo wong sing liyane. Dadi penting kanggo awak dhewe tetep disenengi karo wong-wong liyo. Supoyo awak dhewe tetep bisa urip lan iso ngejalani takdire menungso sebagai makhluk sosial mau.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2055", "text": "Awak dhewe nek dietuti karo wong sing ora dikenal kui ngeroso wedi. Penyebabe kui werno-werno. Ono sing seko awal dhewe tau ngelakoke salah. Contone koyo ora nyauri duwit neng wektu sing wis ditentoke. Kewajiban sing durung dibayar kui gawe wonge mikir sing ora-ora Dheweke ngeroso bakal ono wong sing nyilakani dheweke senadyan sebenere mungkin ora ono wong duwe niatan koyo ngono. Wong kui iso wedi dietuti kui soale seko opo sing dheweke delok neng TV utowo neng berita-berita kui ora ono hal sing apik seko wong sing dietuti. Mediane dhewek beritake wong sing dietuti kui dicopetlah, opo digebuki, opo dipatani, opo mungkin diperkosa.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2690", "text": "Urip dewe ancene ora enak soale menungso iku makhluk sosial sing butuh liyane gawe konco urip mboh iku dolan, ngomong, ijol pemikiran utowo liyan-liyane. Aku wes tau ngerasakno urip dewe pas nag semester 1 nang Suroboyo. Biyen pas aku kulia iku durung ono sing jenenge android. Hp wae isek model petek'an durung koyok saiki. Biyen nag gak ono pulsa oro iso nelfon. Mangkane biyen aku ngeoroso nag suroboyo iku koyok urip dewe ijen ora ono koncone soale bocah-bocah podo nang kampung terus ora kabeh bocah duwe telfon. Mangkane aku ngeroso urip dewe sedehe pol soale ora ono koncone cerito. Mari ngunu nandi-nandi bingung ate takok yo wedi soale isek awitan nang kota gedeh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9408", "text": "Bocah sing pinter dhurung mesti bisa langsung mlebu universitas sing dipengeni. Ana faktor liya sing nggarai bocah iku bisa langsung mlebu utawa gagal mlebu universitas. Salah sijine pilihan universitas. Ana bocah sing idealis pol kanggo milih universitas sing dipengeni lan ora ndelok kiwa tengen kayata ana alumni sekolahe apa ora, biji rata-ratae pira, saingan ing sekolah sing padha jupuk universitas iku ana pira, lan liyane. Padahal babagan sing kaya ngono iku penting lan kudu diperhatikna supya ora nganti keblasuk. Mula ayo padha sinau ora mung sinau pelajaran wae, nanging sinau kanggo ndelok situasi lan kondhisi supaya ora nganti keblasuk kanggo milih universitas!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8405", "text": "Kabeh uwong sing kate njahit klambi, iku pasti nduwe harapan klambi dadine engkok bakal awet dan gak sampe suwek. Wong sing nganggo klambi terus suwek iku pasti bakal isin dewe. Makane penjahit iku pasti gak bakal sembarangan gawe tuku kain. Wes jelas penjahit iki mau nggolek e kain sing bahan dasare benang sing kuat dan tahan suwek. Benang sing kuat iku biasane sing permukaane licin, tahan gesekan, nduwe diameter sing roto, lentur, terus gak gampang nyusut. Penjahit iku pasti akeh takon nang penjual kain, iki kain bahane teko opo. Nek wes eroh kain iku ditenun nganggo benang opo, baru deh dituku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2623", "text": "Koncoku tau nerangno nag gagal nang urip iku perkoro sing wes direncanakno opo sing ate dilakoni ambek rinciane kabeh sampek mateng tapi gara-gara siji perkoro sing moro-moro teko iso dadi ajor kabeh. Gagal nag urip iku yo wes biasa dialami ambek wong akeh. Oro mok wong biasa tok tapi wong sing saiki duwe duwek akeh yo tau ngalami gagal nag jero uripe. Tapi wong iku maeng iso ngadek maneh soale nganggep nak iku dadi pondasine wonge nang masa ngarepe sing bakal teko maneh. Mangkane wong sing saiki iso ngadek jejek ambek duwe duwek akeh iku yo ngerti ambek ero rasane gagal nag jero urip iku koyok opo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5245", "text": "Transportasi paling enak nanging uga sering marai mangkel amarga jadwale sing kadhang ora teratur iki yaiku bis. Bis iki ora mung kanggo transportasi antarkota, nanging uga bus dalam kota lan antarprovinsi. Ning jaman biyen, bis iki ya jadwal budhale kadhang uga miturut ngumpule penumpang. Nanging penumpang iki uga kadhang ngulur waktu lan ditinggal yen melu molor. Banjur yen ketinggalan, bis sing sak uwise kadhang ya ora ana kursi tambahan. Kamangka, bis iki saiki mulai ditertibake saka penjadwalan lan uga tiket sing dikumpulake saka penumpang. Bis saiki uga mulai tertib lan petugas uga gelem nelpon siji-siji para penumpang yen durung teka.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1471", "text": "Koncoku tau cerito yen dheweke kudu golek banyu kelopo bengi-bengi pas lagi udan deres. Dheweke kudu golek ombenan kui soale mbake neng omah ngombe susu sih wis basi. Mbake kui ora ngerti yen susune wis mambu, sakdurunge diandani mboke. Pas mbake ngerti, mbake langsung panik. Dheweke wedi banget yen bakal keracunan. Akhire, koncoku sing dikon metu golek banyu kelopo kanggo dadi tombone. Dheweke wis angel-angel metu pas udan-udane, nanging ora ono bakul degan sing bukak. Akhire dheweke bali-bali, mung gowo banyu kelopo kemasan sing didol neng mini market. Nanging pas tekan omah, mbake wis ora mukok-mukok meneh. Dheweke ngeroso sehat-sehat wae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3712", "text": "Kabeh wong sing delok WC sing ora tau diresiki mesti mangkel ambek jember. Nah sing jenenge WC iku maeng yoiku panggonan sing biasane digawe wong ngising utowo nguyo. Nag panggonan iku maeng ora tau diresiki ambek endute ora karoan terus ditambahi ambune sing ora enake megilan yo jelas marakno wong sing delok jemberi megilan. Nah perkoro iku maeng yo wes biasa soale nag sing jenenge WC endut utowo ruso mesti ambune marakno wong sing ngambu utowo ambu tanpo sengojo mbunek-mbunek ambek jengkele setenge mati. Nah biasane ambune iku maeng pesinge orambloko terus basine pol polahe campur ora karoan ambek pesing terus campuran ruso liyane.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7204", "text": "Ndek tahun 2022 iki, lagi marak banget perusahaan sing nge-PHK massal karyawane. Sing paling akeh iku teko perusahaan start-up. Perusahaan sing wes gede malah meh gak onok sing nge-PHK. Onok beberapa faktor sing marai badai PHK menerjang perusahaan start-up. Siji, faktor eksternal, mulai teko kenaikan suku bunga, inflasi, ambek sing liyane. Kenaikan suku bunga iki mempengaruhi cost of capital sing terjadi ndek pasar. Loro, faktor ekspektasi sing duwur teko investor mari ndelok siklus bisnis sing terjadi dengan cepet bagi perusahaan. Telu, beberapa tahun lalu perusahaan start-up lagi rame ngelakoni bakar duit sebagai strategi narik pasar sing gede. Anggaran perusahaan dadi entek nang bakar duit iku kabeh dan gak isok ngekeki gaji sing layak gawe karyawane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1487", "text": "Biasane panganan sing dideleh neng mejo makan kui gampang reged. Awak dhewe pas arep mangan dadi ora selera meneh mergo wis jijik deloke. Panganan sing reged kui biasane mergo keno debu utowo dirubung karo khewan-khewan. Supoyo panganane dhewe ora reged, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso nutup panganan sing ono neng duwur mejo nganggo rege. Sing keloro, awak dhewe iso delehke wadah panganan utowo ombenan neng duwur piring sing dikei banyu. Fungsine supoyo ora disemuti. Sing keloro, awak dhewe iso ngurupke lilin neng cerak panganane, supoyo laler ora nyeraki. Sing ketelu, awak dhewe iso nyimpen panganane kui neng jero kulkas.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5630", "text": "Aku duwe misanan sing omahe ana ning cedhak stadion Kanjuruhan. Pas ana kerusuhan ning Kanjuruhan, dekne ana ning panggon kedadian lan dadi saksi akeh wong sing sekarat kedhempet ning lawang amarga ngindarake saka gas air mata. Akeh wong sing sesek lan akeh bocah cilik sing kepidhak. Akeh wong sing bengok-bengok njaluk tulung kanthi ning situasi kuwi, polisi padha ora bisa nangani suporter sing dhesekan. Amarga kuwi, misananku dadi trauma amarga akeh wong sing seda lan dijejer ning dalanan Kabupaten Malang. Akeh ambulans padha wara-wiri wiwit bengi kanthi isuk. Untung wae misananku slamet, nanging pas bali, dekne sambat yen seseken amarga wedi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9807", "text": "Lelembut iku pancen ana img ngendi wae amarga lelembut uga makhluk sing diciptakna karo Gusti. Ora perlu wedi karo lelembut. Yen wis kadung duwe rasa karo lelembut, ana apike kanggo melui cara iki supaya ora wedi maneh karo lelembut. Nomer siji, kudu percaya yen lelembut sing diwedeni iku mung imajinasi. Nomer loro, kudu ngadoh saka panggon sing peteng supaya ora tambah keweden lan mikir sing ora-ora babagan lelembut. Nomer telu, supaya ora tambah keweden lan duweni imajinasi sing macem-macem, kudu mesti ana ing panggon rame lan ngadoh saka panggon sepi. Sing terakhir, kudu tansah donga marang Gusti supaya tansah ana ing lindungane. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7280", "text": "Dino iki aku ngeterno koncoku sing teko Korea balik nang kampung halamane. Waktu gawe de’e dadi exchange student wes entek dan kudu balik nang kampuse dewe nang Korea. Jeneng koncoku iki Minjun, dan jeneng Indonesiane iku Juni. Aku ngeterno Juni sampe nang Bandara. Pas nang kono, awak dewe gandengan terus, podo-podo gak rela nek kudu pisah. Soale Juni iku konco pertamaku sing teko Korea, dan bagi Juni aku iku konco setia sing ngancani de’e selama sak semester dan akeh ngajari boso Indonesia. Pas kode pesawate Juni diumumno nek kate berangkat, gelem gak gelem aku ngelepasno gandengan iku mau dan aku meluk de’e sing terakhir kaline sambil nahan nangis. Dan akhire aku kudu berpisah karo Juni nang bandara iku. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2081", "text": "Aku kepengen banget neng luar negeri, utamane aku pengen banget neng negoro-negoro Eropa. Ono akeh panggon sing apik lan duwe sejarah neng negoro-negoro kui. Nanging sing paling marake aku wedi kui tinggal neng negoro Eropa kui perbedaan suhune. Indonesia kui ono neng daerah tropis. Dadi sepanjang taun kui suhune ora patio bedo. Nanging negoro eropa kui suhune iso munggah lan midun ekstrem banget. Aku wedi yen aku neng kono suwe-suwe awakku ora kuwat. Aku dadi luwih gampak lara lan ambruk. Yen wis koyo ngono, aku dadi kangelan. Soale neng kono mesthi bayar dokter luwih larang lan kegiatan sing wis direcanake dadi bubar.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2630", "text": "Pas waktu cilik biyen koncoku senengane ngajaki kucing sampek diseret-seret kucinge. Ora terimo diseret-seret tok, kucinge sampek diuyel-uyel barang. Tapi siji waktu bocahe petok ambek kucing kuning sing apike megilan terus bocahe maeng senenge pol soale ancene kucinge maeng resik. Koncoku maeng moro-moro marek terus nyekel kucing, tapi karo kucinge maeng langsung dicatek tangane sampek ketehen, mari ngunu koncoku yo dicakar sisan tangae sampek blenjet kabeh soale kucing yo keweden ambek koncoku sing moro-moro nyekel awake ambek buntute. Koncoku maeng akhire berok-berok ora karoan sampek diparani wong akeh. Ket dino iku koncoku nag ono kucing kuning mesti wedine pol soale trauma pas jaman cilike biyen.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1595", "text": "Sing iso awak dhewe isin pas ngaggo HP kui pas awak dhwe salah ngirim pesan. Awak dhewe kudu ngerim neng sopo nanging awak dhewe ngirime neng sing liyo. Penyebabe iso akeh. Mungkin wae, awak dhewe mung salah pejet kontake. Awak dhewe lagi kesusu dadi ora terlalau gateke opo sing awak dhewe pencet. Alesane sing liyane kui mungkin, jeneng neng daftar kontake awak dhewe kui podo. Misale sing jenenge Putri kui akeh banget. Awak dhewe mungkin salah ngirim, kudune neng Putri sing koncone SMA nanging kekirime neng Putri SMP. Sing ketelu, awak dhewe salah delok foto profil neng kontake mergo ono beberapa sing mirip.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9574", "text": "Yen sengit karo samubarang, samadyane bae, aja kalangkung, awit barang kang kaanggep elik dening awake dhewe bisa bae dadi bab kang wigati. Panemu kaya mangkono mau dakkandhakke marang awakku dhewe. Nalika biyen aku cilik aku tu kesemet bal nalika kakak kelasku bal-balan ana lapangan sekolah. Wiwit kuwi aku dadi ora seneng marang bal. Ora seneng marang pelajaran olahraga. Kepara tambah minder saben jadwal olahraga. Bab mau kagawa nganti dhiwasa. Nalika kabeh wong ngomongke piala dunia, aku ora bisa melu guneman, awit aku ora seneng marang bal. Nalika ana tragedi Kanjuruhan, aku ora duwe panemu, awit aku ora seneng bal. Uga nalika ana ponakanku ngajak dolanan bal, aku or bisa ngajari carane nendang, nyekel, ngoper, nyundhul bal kanthi bener. Mula terang menawa sengit marang samubarang, aja kumalangkung.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4977", "text": "Salah siji babakan sing marai wong getun seumur urip yaiku amarga ora ndaftar asuransi. Asuransi iki penting banget kanggo urip. Asuransi iki jenise akeh banget, yaiku asuransi pendidikan, asuransi jiwa, asuransi kesehatan, lan asuransi barang-barang mewah. Asuransi iki ora oleh milih sembarangan amarga kudu ndelok kebutuhan lan kemampuan. Yen arep melu asuransi, sing kudu didelok yaiku keuntungan saka perusahaan uga ono lan orane kasus sing hubungane karo perusahaan iki. Kaping pindhone, kudu ndelok premi sing ditawarke lan kudu sesuai karo kemampuan ben ora ana tunggakan. Kaping telune, aja nundha tuku asuransi sing sesuai kaya apa kebutuhan lan apa sing butuh diantisipasi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9494", "text": "Kanggo wong tuwa sing kawit duweni bayi, bakalan seneng tur kadhang kuwatir. Amarga iki dadi pengalaman pertama kanggo ngeramut bayi, wong tuwa mesti bingung lan akeh wedine. Saliyane nyepakna perlengkapane bayi, wong tuwa uga kudu siap mental lan pengetahuan kanggo ngeramut bayi. Nanging ora perlu wedi amarga kabeh pengetahuan iku bisa dipelajari liwat internet utawa takok ning kaluwarga. Salah siji tuladhane yaiku babagan bayi iku sensitif banget. Kulite isih rentan, dadi kudu dipastikna yen tangane resik sadurunge gendong utawa nyekel bayi. Nomer loro babagan ngeneng-eneng bayi nalika nangis. Wong tuwa uga kudu ngerti iku ngangis luwe apa nangis amarga ngantuk. Sing penting kanggo wong tuwa yaiku ora perlu wedi lan kudu yakin wae.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1078", "text": "Awak dhewe ora perlu wedi kelelep. Soale, semakin awak dhewe wedi kui, semakin awak dhewe gampang kelelep. Bayangke wae ono jasad neng tengah kolam utowo neng sungai. Mayate kui kan ora tenggelem nanging tetep ngambang. Artine kui yen awak dhewe pasrah, awak dhewe iso ngambang tanpa ngelakoe opo-opo. Awak dhewe juga kudu iling yen awak dhewe kui duwe pelampung alami, yaiku paru-parune awak dhewe. Paru-paru kui isine angin lan iso ngewangi ben awak dhewe iso ngapung neng jero banyu. Yen awak dhewe ora wedi lan pikirane awak dhewe tetep kalem, awak dhewe ora bakal kelelep. Awak dhewe dadi iso gerake sikil lan tangane awak dhewe. Salah sijine kunci ben awak dhewe tetep ngambung kui, awak dhewe tetep gerak neng jero banyu. Gampangane mirip-mirplah koyo ngepit.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2967", "text": "Jumbul polahe menang undian saiki wes dadi perkoro sing dianggep biasa karo wong-wong. Tapi asline gawe jumbul nang wong sing oleh undian iku sing perlu dieroi ambek wong-wong sing menang. Menang undian iku asline wes dirancang ambek wong sing ngadakno undian soale saiki undian iku mesti digawe alat promosi kantor utowo program sing ate di dol nang masyarakat. Dadi iso ngapekno kantor utowo perusahaan sing ngadakno undian maeng. Iku munu ancene carane kantor ambek perusahaan sing pengen ngenalno nang wong-wong akeh ambek produke sing anyar terus biaya sing ditokno ora sepiro akeh soale wong-wong mesti bakal moro daftar kanggo melok undian.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5699", "text": "Komunikasi marang karyawan kuwi salah siji babagan sing penting amarga komunikasi iki bisa mbangun kerja tim sing apik. Kanggo wong sing kurang kepemimpinane, mesti salah siji kasus sing ana yaiku babagan komunikasi sing kurang apik. Padha karo ngomong menyang anak, ngomong menyang karyawan sing dipimpin iki kudu jelas amarga omongan sing jelas iki ngaruh marang kinerja para karyawan. Banjur, dadi pemimpin iki kudu paham babagan emosi karyawan ben ora gampang meledak lan uga ora gampang ngewenehi prasangka sing elek ben ora dirasani ning mburi lan karyawan bisa kerja tanpa rasa wedi. Amarga kuwi, ayo akeh-akeh belajar babagan komunikasi ning penggawean. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3741", "text": "Wingi pas delok omah sing ate dikontarki bocah-bocah sing ate praktek lapangan nang daerah kota Gadis, tibake moro-moro pas buka lawang akeh coro sing metu teko duwur terase. Nah aku ambek koncoku yo gaok lah kok iso ono coro akehe koyok ngunuku, paling omahe ora tahu diresiki. Tapi pas delok pak kepala desa sing ngeterno mrono, wonge ngomong nag iku ancene ora dinggoni sak tahun polahe wonge iku lungo adoh. Nah koncoku sing delok ngunuku maeng langsung metu ambek koyok kudu mutah polahe jijik ambek jember ambek perkoro iku. Mari ngunu aku yo metu soale yo rodok jijik ambek iku maeng. Nag siji, loro yo ora masah tapi iku paling ono sekitar sak pakan sing garai mangkel.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9887", "text": "Biyan wis umur 20 taun. Biyasane nalika ulang taun, Biyan arang ngerayakna amarga Biyan ngerasa wis gedhe lan ora perlu kanggo ngerayakna ulang taun iku. Nanging pas tanggal 2 Februari tepak ulang taune Biyan, dheweke kaget pol amarga nalika mlebu kamar wis ana kabeh kanca cedhake karo nggawa kue lan balon. Dina iku proses kancane kanggo ngerayakne ulang taune Biyan apik banget. Nomer siji, Biyan dichat kanggo ora mulih dhisik sawise kuliah. Ana kancane sing ngancani Biyan kanggo pancet ana ing kampus. Nomer loro, ora ana sing ngucapno ulang taun ning Biyan, dadine dheweke ngerasa kabeh padha lali lan Biyan ora curiga apa-apa. Terakhir, kabeh kancane uga biasa wae yen ketemu Biyan ora ngetarani yen meh ngewehi kejutan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5356", "text": "Kadhang akeh gawean ning kantor iki marai emosi ora stabil lan bisa marai mangkel tanpa alasan sing jelas. Stres kuwi ketumpuk lan bisa marai njangget ning ati lan bisa ngerusak urip sosial ning jabane gawean. Wong sing rawan kena emosi sing ora stabil iki butuh ngopeni awake dhewe ben ora ngerasa stres lan marai beban ning gawean. Miturut para ahli psikologi, cara kanggo ngilangi stres kerja yaiku nemokake pola kerja sing cocok kanggo awak dhewe. Pola kerja kuwi banjur digawe patokan lan awak dhewe kudu ngerti kapan jam kerja aktif uga jam istirahat. Ngenali awak dhewe kuwi paling penting sak durunge mulai kerja ben ora ana stres kaya iki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3413", "text": "Roso wedi pas ngelakoni doso iku yo wes lumrah ambek wes mesti bakal kedaden nang uwong nag ancene wong iku maeng apik. Dosa dewe iku artine yo macem-macem ono sing ngarteni nag doso iku termasuk perkoro sing ancene dilanggar ambek wong nag aturane pengeran. Nah pelanggaran iku maeng yo akeh ae wujute ono sing gelakno uwong, ono sing marakno wong ngamuk, pokoke iku sing dadekno perkoro elek iku sing jenenge dosa. Terus ciri-cirine yaiku nag awakmu mari ngelakoni iku biasane atine iku ngeroso salah, iku jenenge dosa, Tapi nag ancene wong iku seneng ngelakoni doso yo biasane wes ora iso ngerasakno koyok ngunuku maeng mergane wes ketutup karo kebiasaan sing elek maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3051", "text": "Pas aku ambek konco-konco sak kelas pengen munggah bareng nang salah sijine gunung sing ono nag Jawa Timur, tibake ono wong sing kondo nag pas ulan-ulan iku gak oleh mungga disek soale ono pembersihan lingkungan daerah kono. Dadi kabeh sing pengen munggah gunung ora oleh munggah disek kejobo nag wes dibuka. Moro-moro koncoku teko ambek ngamuk-ngamuk ora jelas, ditakoni opo jawabe opo, jarene koncoku sing sijine \"ancene areg iki gak jelas, wes barno engko nag pikire wes urip lak ngomong dewe\". Mari ngunu koncoku sing ngamuk gak jelas maeng takok \"sido budal kapan munggahe\". Karo koncoku sijine dijawab \"rong ulan engkas, soale isek ditutup\".", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "633", "text": "Neng Internet kui akeh video-video prank. Salah sijine sing iso marai ngakak banget kui pas delok video neng mini market. Posisi kamerane ngarah neng sing tuku, meja kasir, lan lawang. Sing dadi aktor iki si kasire lan sing arep digarapi kui pelanggane. Neng duwur meja kasir kui ono pentungan baseball. Si kasir kui sengaja nibake pentungan kui neng arah pelanggane. Pelanggane jupuk pentungane kui. Ngerti-ngerti lampune mati, sedelo ruangane kui peteng dedet. Pas mati lampu kui, si aktorne gentenan karo wong liyo sing diekete tali lan ditutup mulute. Nah, pas kui aga ono polisi sing teko. Sing pelanggane kui kaget, delok polisi kui. Dheweke bingung arep jelaskene koyo piye.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9944", "text": "Macet ing Jakarta sayah suwi sayah nemen. Perjalanan sing sakjane bisa dilewati mung 30 menit yen macet bisa nganti 2 jam. Apa maneh yen wayahe jam mulih kerja kira-kira jam 5 sore nganti jam 8 bengi. Ing jam semene, wong-wong rasane kudu muntab lan muring-muring kabeh amarga kudu ngadepi macete Jakarta sing kaya ngene. Meh ora mulih ya piye, yen mulih kok ya kudu nerjang macet sing bisa nggarai wong ora duweni semangat urip. Senajan wis akeh banget kendaraan umum sing dioperasikna, nanging macete Jakarta isih dadi PR kanggo kabeh pamrentah amarga isih angel banget kanggo diurai. Mulane kabeh stakeholder kudu kerja sama kanggo ngatasi kemacetan iki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1447", "text": "Yen ono tikus utowo curut neng omah kui iso dadi tanda yen omahe dhewe kui ora resik. Nanging yen wis diresiki, durung tentu tikus kui bakal lungo seko omahe dhewe. Awak dhewe kudu ngelakoke sesatu supoyo tikus lan curut kui ora ono meneh neng omah awak dhewe. Ono beberapa cara sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso nangkep tikus kui nganggo perangkap tikus. Awak dhewe gari ngekei umpan sing disenengi tikus kui neng jerone. Pas tikus wis mlebu, perangkape kui bakal nutup dhewe. Sing keloro, awak dhewe iso nganggo lem tikus. Leme kui awak dhewe delehke neng panggon-panggon cilik neng omah sing kiro-kiro bakal diliwate khewan kui. Sing ketelu, awak dhewe iso nganggo racun tikus.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9552", "text": "Besty njaluk sepura ing kanca-kancane amarga wis ngomong sing ora-ora. Dheweke salah paham karo kanca-kancane. Nalika Besty njaluk sepura, raine ketok ngempet nangis. Mripate wis abang banget, luhne wis meh ndredes. Tangane lan sikile ora bisa mandeg anggone obah wae nandakake Besty wedi banget. Drijine nutuk meja kanggo cara supaya dheweke bisa ngilangi rasa ndredege. Kancane padha ngerti lan akhire ngongkon Besty tenang wae. Ora perlu wedi kaya ngono amarga iku mung salah paham. Sawise ngomong dawa, Besty akhire bisa lega kanggo nangis lan ngomong yen dheweke sedih banget amarga wis keliru lan ujunge nyalah-nyalahke kanca-kancane. Besty janji ora bakal mbaleni kedadean kaya ngene maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5798", "text": "Rem blong kuwi masalah sing bisa kedadean ning kabeh jenis kendaraan amarga rem blong iki penyebabe uga macem-macem lan baru bisa diprediksi yen pas ana ning bengkel. Rem blong iki ora mung kerana kabel rem iki sengaja dipedhot, nanging uga kerana kabel rem sing aus maarga kurang perawatan motor kaya ngewenehi minyak rem. Kamangka, motor angel disetir. Rem blong iki uga penyebabe ana kesalahan ning mesin, apa maneh mesin kendaraan sing digawe iki jarang dicek lan uga beban kerjane gedhe banget. Kamangka, yen isih duwe kendaraan, ayo sing sregep ngecek lan servis amarga servis iki bisa ngurangi risiko kecelakaan saka kendaraan sing jarang diopeni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8039", "text": "Abrasi iku salah siji bencana alam sing onok nang Indonesia. Abrasi iku suatu peristiwa pengikisan tanah sing disebabno ambek gelombang banyu laut ambek onoke pasang surut banyu laut. Gelombang banyu iku sifate ngerusak. Dadi nek garis pantai iku kenek gelombang laut terus terusan, yo marakno garis pantai iku tambah menyusut. Nek garis pantai tambah menyusut, daratan yo isok dadi menyusut sisan. Penyusutan iku mau isok marakno lingkungan, ekosistem, ambek penduduk sekitar pantai ngalami kerugian. Salah siji solusi gawe ngatasi abrasi iku dengan ngelestarikno pohon bakau. Pohon bakau iku nduwe fungsi gawe nyangkal banyu laut, dadi gelombang laut sing kenek garis pantai iku gak sampe ngerusak. Dadi gawe awakmu kabeh, ayo mulai lestarikno hutan bakau sing onok nang sekitaran Pantai.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4405", "text": "Telono sing moro-moro suwek, iku ancene ngisine wong, opo maneh nag kedaden nang ngarepe wong akeh yo tambah isine pol. Koncoku iku tau ngalami perkoro ngunuku pas deke iku dikongkon maju nang ngarepe bocah-bocah sak kelas polahe deke iku kari olehe mlebu maeng. Nah teke iku dikongkon skotjump karo gurune. Pas deke oleh peng limo moro-moro telonone suwek nang mestake, nah bocah-bocah sing ngerti iku yo langsung guyu kabeh mergo jaren bocah-bocah iku termasuk perkoro sing guyokno. Tapi jarene koncoku sing ngalami perkoro iku maeng yo jelas dadi perkoro sing paling ngisine mergo wes telonone suwek atek nang ngarepe bocah akeh menisan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3743", "text": "Coro utowo karlak ancene kadang jemberi kadang ora, sing jemberi iku nag kadang coro iku maeng iku nguyo ambek marakno ambu sing ora enake megilan mergo ambune iku koyok piye ngunu. Terus nag sampek kenek kulit awake menungso mesti dadekno gatel ambek borok sing marakno gudiken. Iku yo termasuk perkoro sing jengkeli ambek sing mangkelno mergo iku maeng. Nah sing jenenge coro iku biasane mesti akeh gandengane nag wes obo manggon nang omah, ora mok siji tok, tapi mesti sak pirang-pirang sing dadekno sing delok ae lo mangkel opo maneh kenek corone maeng yo tambah getinge megilan. Mangkane nag iso omah iku yo diresiki ben ora marakno akeh corone maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8052", "text": "Teko kamus Cambridge, stalker iku wong sing secara ilegal ngetuti ambek nguwasi uwong ndek jangka wektu tertentu. Perbuatan sing dilakoni stalker iku diarani stalking utowo penguntitan. Stalking iki didefinisikno dadi aktivitas ngetuti uwong, termasuk nguwasi, sering nekani panggon sing sering dikunjungi karo wong iku mau. Mulai teko omah, panggon de’e kerjo, panggon de’e dolen, dan liyane maneh. Stalking iki sisan dilakoni gawe meden medeni korbane. Tindakan iki sengojo dilakoni meneng-meneng ben korban iku gak ndang cepet nyadare. Biasane tindakan stalking sing meden-medeni iku mulai nelpon nganggo nomer sing gak dikenal, ngirim pesan nang media sosiale korban, ninggalno catetan nang mobile korban, ngirimi hadiah hadiah aneh nang korban, dan onok sing liyane maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4437", "text": "Isin nag diguyu ambek bocah sak kelas iku ancene wes lumrah ambek biasa dirasakno bocah sing ancene ngelakoni perkoro sing ora pantes nag dilakoni. Nah kanggo perkoro iku maeng contohne koyok turu nang kelas, terus diguga ambek gurune, terus kleru jawab polahe diukum akhire diguyu bocah sak kelas. Nah perkoro-perkoro iku maeng ancene gelek kedaden. Nah sing garai isin ora kok mergo iku tok tapi mergo penggawean sing dilakoni iku maeng termasuk penggawean sing iso marakno martabate iku maeng dadi anjlok ambek biasane akeh bocah maleh ora seneng mergo dianggep dadi pbocah sing sembrono polahe ngelakoni penggawean sing ora pantes dilakoni maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7115", "text": "Keluhane akeh arek sekolahan pas ujian boso Indonesia iku males moco teks sing onok nang soal. Jarene arek-arek iku, nek mereka moconi siji-siji teks e yo keburu entek waktu tes e engkok. Wes ngono kadang sek kudu moco ping loro soale teks e angel dipahami. Padahal ngerjakno ngono iku onok taktik e. Sing cukup mbok woco iku kalimat pertama ambek kalimat terakhir teks e. Soale rong kalimat iku biasane wes mencakup isi keseluruhan teks e. Dadi diwoco kalimat pertama ambek kalimat terakhir disik, baru moco soale. Nek onok soal sing gak sesuai ambek kalimat pertama ambek terakhir, baru awakmu nggolek kata kunci sing sesuai ambek sing onok nang soal iku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6132", "text": "Gelotophobia yaiku fobia sing marai penderitane isin, ora gelem, kanthi wedi diguyu wong liya sing ana ning lingkungane. Para penderita gelotophobia iki wedi banget yen diguyu wong lan ngerasa kabeh ngguyune wong kuwi kanggo dekne, padahal mungkin guyonan kuwi kanggo wong liya. Fobia iki bisa kedadian amarga ana trauma dilecehake karo wong rame-rame lan uga bisa amarga sering oleh komentar elek sing ditutupi karo bumbu guyonan. Gelotophobia iki ora bisa mbedhakake ngendi sing guyon ngendi sing mung bahan lecehan. Wong sing kena gelotophobia iki ora percaya karo ketulusan saka wong liya, amarga kudu oleh dukungan saka para ahli kanggo mbalekake rasa percaya kuwi. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3841", "text": "Pas aku sholat nang masjid kampus semingguan wingi iku moro-moro ono mbak-mbak iku nablek aku teko guri ambek koncone karo nyelok aku ambek celukan \"mas sido mangan opo ora?\". Nah pas aku mlengo nang pinggirku, bocah langsung jaluk sepuro ambek raine abang polahe salah nyeluk uwong. Deke langsung mlaku cepet ambek besik-besik karo koncone sing ngomong ora jelas. Tapi sing jelas deke iku guyu soale ngeroso nag deke salah wong. Nah deke iku guyu ben kenek digawe tomboh isin. Yo ancene sing jenege salah nyelok wong iku isine pol opo maneh iku nag nang panggonan umum koyok maeng yo tambah isine pol. Tapi aku yo ngerteni karo perkoro iku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4445", "text": "Koyoke, akeh wong sing gelek ambek tau ngalampi perkoro salah nyeluk jenenge wong. Nah perkoro iki maeng asline ancene ngisine, opo maneh nag sampek kedaden nang ngarepe wong akeh yakin tambah ngisini pol. Nah sing garai isin jarene koncoku sing tau ngalami perkoro koyok nginiki iku ora kok mergo nyeluke tapi keceleke ikuloh sing marakno harga dirine sing nyeluk iku koyok diidak-idak. Terus ora karoan rasane, opo maneh nag sampek sing diceluk maeng tambah wong seng seje yo tambah ora karoan isine, wes salah nyelok jeneng, wong seje menisan, yo tambah dobele megilan. Yo ancene se marakno isin, tapi ben kenek gawe tombaoh isin, iku nag wes ero salah langsung jaluk sepuro ae.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9184", "text": "Aku iku nduwe konco sing puinter pol pas jaman SMA. Saking pinter e, de’e iku entok nilai UNAS paling duwur sak sekolah. Cuma sing marakno aku kaget iku pas de’e gak ndang ketompo nang kabeh kampus. Hal iku marakno de’e kudu gap year dan nyoba tes melbu kuliah maneh tahun ngarep e. Malahan koncoku sing biasa-biasa ae iku isok melbu nang salah siji kampus ternama nang Indonesia. Mergo iku, aku dadi mikir, ancene wong pinter iku sek kalah karo wong bejo. Nek semisal gak onok aspek bejo nang dunyo iki, koncoku sing pinter mau pasti wes isok kuliah dan koncoku sing bejo pasti gak bakal ketrimo nang ndi ae.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6054", "text": "Pas wayah pandemi, wong dadi sering banget nganggo masker yen lunga menyang jaba. Penularan pandemi sing ora bisa diprediksi iki marai wong wedi lan gampang jijik yen bubar interaksi karo wong liya, misal kaya kecipratan idu. Wong kuwi langsung reresik lan nganggo alkohol pembersih tangan utawa desinfektan. Nanging sak durunge pandemi, antisipasi iki wis ana dhisik. Awak dhewe ora bakal ngerti penyakit apa sing bisa ditularake wong liya saka cairan kaya idu, getih, lan urin. Kamangka, masker kuwi dadi barang sing penting lan uga bebas didol ning pinggir dalan. Masker iki uga bisa ngelindungi wong saka virus sing ana ning udara. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7293", "text": "Sopo ae isok ngerasakno kesepian. Alesan uwong ngeroso kesepian iku yo macem-macem. Siji, gak eruh carane terhubung ambek wong liyo. Biasane mereka iki bingung kate memulai hubungan pertemanan teko endi. Loro, ngeroso wedi ambek hubungan sing intim. Wedi dan gak pingin ketok lemah nang ngarep wong liyo isok marai uwong ngehindari hubungan sing intim. Telu, mengalami berbagai perubahan, contohe pindah-pindah omah. Mereka cenderung fokus adaptasi awak dewe sampe lali bersosialisasi. Papat, ngeroso gak onok sing isok ngerti dan mahami. Sing koyok ngene iki akeh dialami ambek wong sing nduwe trust issue alias angel percoyo nang wong liyo sing berujung nang ngeroso kesepian.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2970", "text": "Pas aku kulia semester akhir wingi aku ambek bocah-bocah digawe jumbul ambek koncoku sing biasae paling ketok seneng dewe sak kelas moro-moro raine pucet sekitar telong dinoan. Tapi mari ngunu bocahe moro-moro klengen koyok kudu semopot pas bocah-bocah metu teko kelas, Akhire koncoku karo bocah-bocah sak kelas di gowo nang klinik kampus. Mari dicek, tibake doktere ngomong nag bocahe iku maeng lagi meteng. Nah bocah-bocah sing ngeterno yo jumbul kabeh termasuk aku barnag yo jumbul. Mari ngunu bocahe maeng cerito nag asline bocahe iku wes nikah sekitar petang ulanan. Terus bocahe yo jaluk tolong ojo dikandakno nang bocah-bocah sak kelas.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1406", "text": "Yen misale, awak dhewe kui wonge gampang keroso mual pas lagi numpak kendaraan. Awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal iki. Timbange awak dhewe mengko mukok neng jero lan gawe wong-wong dadi risih. Sing kesiji, awak dhewe iso turu wae sepanjang perjalanan. Sing keloro, yen awak dhewe angel turu neng dalan, awak dhewe kudu ngombo obat sing ngeredake rasa muale kui. Obate kui biasane ono zat sing marake awak dhewe gampang turu. Nanging misale kui ora berhasil gawe awak dhewe turu, paling ora obat kui tetep marake awak dhewe dadi ora mual. Sing ketelu, nek iso awak dhewe gowo kantong plastik dhewe, yen misale cara siji lan loro ora ono efeke.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7545", "text": "Sering banget aku krungu ceritone uwong sing ketinggalan pesawat utowo bus pas kate berangkat. Alesane yo macem-macem, sing kerinan lah, sing kejebak macet lah, dan sing sek beres-beres pas mepet kate berangkat. Iku opo’o penting gawe awakmu sing kate lungo numpak kendaraan gawe siap-siap ket adoh dino. Paling mentok iku awakmu kudu siap kabeh H-1 keberangkatan. Nek awakmu siap-siap ket adoh, awakmu bakal nyiapno sembarangane luwe santai dan gak bakalan onok sing keri. Wes ngono, pas dino keberangkatan, awakmu garek nyangking gawananmu dan berangkat nang Halte utowo Bandara. Nek awakmu siap-siape kemepeten, sing onok kabeh podo kaco dan maleh gopoh kabeh. Wes pegel mergo iku, kemungkinan gawe ketinggalan kendaraan luwe gede.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2926", "text": "Nag wong jumbul polahe diarani loro sing iso blaekno awak iku wes ora dadi perkoro sing aneh mane nang uripe menungso. Soale sing garai jumbul maeng iku asline teko perkoro sing ancene ora dikarepno ono nang uripe wong. Terus sing garai jumbul mane yaiku penyakite sing moro-moro metu nang keadaan sing ora tepak blas, contone pas wayai ora duwe duwek moro-moro kenek tipes, akhire wong sing ngadepi ngunuku kan yo mesti jumbul opo maneh keluargane yo tambah jumbule megilan. Soale wayai ora duwe opo-opo tapi kudu ngadepi perkoro sing butoh duwek akeh. Jumbul iku ancene wes ora iso adoh nang uripe menungso soale iku wes gawan teko sing gawe urip.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "283", "text": "Katering paling enak pas pesta pernikahan sing tak rasake pas lagi neng hotel Grand Senyum Yogyakarta. Aku lali kui aku neng nikahane sopo. Kemungkinan besar dudu keluarga, naning anake tanggaku. Sing tak iling pancen panganane tok, mergo enak banget. Koyo biasane, kateringe kui dibagi loro ono sing prasmanan sing nganggo sego, ono sing koyo neng warung-warung cilik ngono. Sing pramanan kui, lawuhe ono gurame asem manis, ayam kecap, cap chai, lan sop. Sing istimewa neng kene kui, gurame asem manise. Iwake ora amis. Rosone ono neng daginge lan tepunge. Tepunge uga ora kegandelan lan ora akeh minyake.Sing warung-warunge, uga enak naning ora ono sing spesial.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5375", "text": "Jaman saiki akeh dakwah ning TV utawa ning internet sing kudu diwaspadai amarga nyinggung sara lan marai ngamuk wong kang disebutake utawa dilecehake suku, agama lan ras ning materi dakwah kuwi. Materi-materi sing ora patut iki diomongake nganggo nada lan omongan sing keras uga kasar. Banjur bisa marai tatu marang atine wong sing disinggung kuwi mau. Dakwah sing ana unsur penghinaan iki uga bisa marai salah paham lan emosi amarga dakwah kuwi. Kamangka sak durunge bisa ndakwah, para ustad iki kudu disertifikasi dhisik lan uga kudu lewat uji materi ben ora nimbulake geger gedhen para jemaat sing bakal ngerungokake dakwah kuwi. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1149", "text": "Misale awak dhewe lagi dioyak asu utowo asu arep ngoyak awak dhewe, awak dhewe ojo mlayu. Mlayu kui mun gawe asu-asune makin kepengen ngoyak awak dhewe. Mlayu kui uga usaha sing sia-sia yen awak dhewe lagi dioyak karo asu. Asu kui iso mlayu luwih banter seko awak dhewe. Sak banter-bantere awak dhewe mlayu mesthi ujung-unjunge bakal keoyak karo khewan sikil papat kui. Opo meneh yen awak dhewe kui awak gedhe utowo ora biasa olahraga. Asune luwih gampang meneh ngoyak awak dhewe. Mungkin, awak dhewe iso bengok-bengok jaluk tulung. Opo mungkin awak dhewe iso ngelawan. Sing jelas, awak dhewe ojo mlayu pas ketemu asu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5792", "text": "Vapor lock yaiku kondisi sing marai minyak rem kepanasen amarga midhake kesuwen. Kondisi iki bisa nyebabake rem rusak, aus, lan uga bisa ngerusak komponen sing ana ning rem. Yen wes blong, bisa marai was-was lan kecelakaan. Vapor lock iki bisa nyebabake minyak rem umub lan bisa ngasilake uap sing bisa marai rem blong. Kondisi iki rawan ana ning kabeh kendaraan, nanging sing paling sering yaiku mobil. Kamangka kuwi, minyak rem iki kudu diganti kira-kira saban kelipatan jarak tempuh 40.000 km. Utawa yen ora bisa ngira-ngira utawa kurang saka kuwi, bisa diganti 3 taun sepisan. Vapor lock iki bisa direwangi karo mesin utawa engine break ben ora umub lan ngerusak. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6097", "text": "Lunga menyang pasar tradisional bar udan kuwi pancen kudu ati-ati amarga mesti nemoni babagan sing njijiki kaya becekan, sayuran bekas sing bosok kena banyu, lan uga babagan liyane. Sak durunge menyang pasar, sing kudu disiyapake yaiku nggawe sandal sing alas isore ana gerigine utawa ora alus amarga mesti lunyu amarga akeh lumut lan kena udan. Banjur sing keloro yaiku nggawa masker ben ora mambu sampah pasar. Kaping telu yaiku ati-ati ning pasar sing becek amarga banyu sing becek kuwi bisa marai kutu air. Kaping papat yaiku bali saka pasar, kudu reresik, apa maneh pas pandemi iki bali saka pasar kudu adus ben ora kena virus.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9125", "text": "Jaman saiki, gak onok uwong sing gak nduwe media sosial. Kabeh uwong iku pasti nduwe media sosial gawe ngekspresikno dirine dewe. Sing sering tak gatekno iku akeh uwong sing senengane ngumbar hal-hal pribadi nang media sosial e. Sakjane gak masalah sih, wong iku media sosial tekne de’e, dadi yo sembarang kate ngelakoni opo ae. Cuma siji tok sing tak wedeni, wong iku pasti bakal rentan kenek doksing. Doksing iku tindakan nyebarno informasi pribadi wong liyo tanpa izin teko sing bersangkutan. Nah, wong-wong sing senengane nyebar hal-hal pribadi iku bakalan dadi inceran pelaku doksing, soale mereka tambah gampang gawe ngentokno data pribadi mek teko hal-hal sing di-share nang media sosial e.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7510", "text": "Iki dino kepapat liburanku dan saiki aku lagi ndek perjalanan nang Restoran sushi nang Bekasi karo Dila ambek Feby. Bengi iki awak dewe wes nduwe rencana gawe mukbang sushi dan bakal ditraktir karo Dila. Pas tutuk, kabeh njupuk sushi sing mlaku nang kereto siji-siji dan mangan sushi iku. Moro-moro Dila metu mergo onok telpon teko kantore. Gak suwe, Feby ngomong lek kebelet dan kate nang jedhing sing onok nang njobo Restoran e. Yoweslah aku mangani sushi dewe sambil ngenteni arek loro iku. Moro-moro Dila karo Feby melbu bareng dan moro-moro Dila ndekek tas nang pangkuanku sing marai aku bingung. Terus ambek Dila dikon mbuka dan tak turuti. Jujur aku kuaget sih pas moco tulisan nang kue iku, “selamat ulang tahun si paling pecinta Keonhee”. Dan gak suwe arek loro iku nyanyi selamat ulang tahun gawe aku sing marai aku ngguegeg nemen.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1426", "text": "Telek tikus kui akeh banget neng omahku. Aku lan wong-wong omah kui ora delok tikuse mung ora tau delok wujude langsung. Awak dhewe wis nyepake jebakan tikus nanging ora kecekel-cekel. Dadine, awak dhewe kudu ngeresiki teleke terus ben ora numpak. Aku duwe tips supoyo awak dhewe penak ngeresike telek kui. Sing kesiji, pas awak dhewe ngeresiki teleke, awak dhewe kudu nganggo masker. Tujuane supoyo awak dhewe ora ngambu ambu teleke sing ora enak. Sing keloro, awak dhewe iso guak teleke kui nganggo kertas bekas. Sing ketelu, sisa telek sing isih nempel neng tegel, awak dhewe resike kanggo gombal sing iso langsung diguak.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3075", "text": "Sing jenege wong srengen iku ancene ora apik. Soale iso dadekno wong iku maeng atine mrengkel terus pikirane maleh peteng ora kenek digawe mikir. Mangkane sing jenenge srengen, mboh iku srengen polahe kalah politik utowo liyane iku ora apik, opo maneh sing ono hubungane ambek SARA tambah ora apik. Soale iso-iso dadekno pecahe negoro utowo gegere umat utowo antar suku ambek agama sing bakal ngancam perdamaiane negoro sing wes merdeka ambek damai iki. Mangkane kabeh ulama utowo tokoh agama, suku, budaya mesti ngewanti-wanti ojo sampek isu SARA dadekno awak dewe iku kepancing nang roso srengen soale jaman saiki, ora ono sing jelas endi sing temenan ambek ora.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1195", "text": "Nalika awak dhewe ora duwe duwit lan kudu dandani montor kui, sing kudu awak dhewe dandani disik kui reme montore dhewe. Menurutku, kui bagian sing paling penting. Yen reme pakem, awak dhewe ora bakal ngeroso was-was pas lagi numpak montor. Awak dhewe bebas arep kebut-kebut sak banter opo wae, selama kui isih sesuai karo water kecepatane. Rem kui dudu mung nyelametke wong sing numpak montor kui, nanging uga pengendara lan wong-wong liyane. Yen reme awak dhewe blong kui, awak dhewe iso wae nyilakani wong liyo. Kui uga iso gawe rugi awak dhewe, soale awak dhewe kudu ganti montor yen ono kacilakan, malah awak dhewe kudu genti ongkos dandani montore wong liyo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7996", "text": "Marah iku ancen normal. Tapi, awak dewe iku kudu isok nahan rasa marah iku ben gak sampe meledak-ledak. Nek awak dewe wes ilang kendali pas marah-marah, efeke iku bakal elek gawe awak dewe ambek wong liyo sing dadi korban. Makane iku, penting gawe ngelola rasa marah sing dirasakno awak dewe. Cara ngelola rasa marah iku koyok ngene. Siji, tenangno awakmu. Lunggo terus atur ambekan ben awakmu gak sido gawe marah-marah. Loro, pikirno dampak amarah iku mau. Salah siji dampake iku isok marakno hubunganmu ambek koncomu dadi renggang. Telu, ojok berlebihan. Sembarang sing berlebihan iku gak apik, salah sijine marah sing berlebihan. Papat, akeh dungo. Njaluko dungo gawe ketenangan atimu dan njaluk diparingi sabar.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2683", "text": "Ancene nag uwong wes kadong akrape megilan ambek koncon, biasane metu roso sedeh nag bisa karo koncone sing paling parek maeng. Roso iki asline wujude teko roso seneng sing kegeden utowo roso sing emoh pisah ambek koncone soale deke kuwatir ora bakal ketemu maneh ambek koncone. Terus roso ngeniki yo iso wae muncul teko roso sing wes ancene kepatih nag njero ati nag koncone iku maeng sing paling cocok ambek wong sing duwe roso maeng. Mangkane kadang nag ono wong sing bakal ditinggal koncone mesti sedeh soale deke iku kuwatir nag bakal ora ketemu maneh ambek konco sing bener-bener ngerti ambek awake. Terus kuwatir nag ora nemukno konco sing koyok ngunu maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2077", "text": "Salah siji asbab wong iso keno serangan panik kui mergo stress, utamane stress sing ngerti-ngerti jedul. Dheweke lagi ngeroso apik-apik wae, lagi ora duwe beban kanggo dipikirke, nanging ngerti-ngerti dheweke nompo perkoro sing pas kui dheweke ora ngerti coro ngatasine. Yen wis ngono, ora ono wong sing ora bakal wedi. Supoyo awak dhewe iso ngurangi dampak seko serangan panik kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu yakin yen perkoro kui bakal ono solusine lan iso dirampungke. Sing keloro, awak dhewe iso golek pitulungan seko wong liyo kanggo ngerampungke perkorone mau. Awak dhewe uga iso jaluk saran karo wong sing awak dhewe percoyo lan kiro-kiro ngerti karo perkoro sing awak dhewe lagi adepi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9891", "text": "Simbah kakung duweni salah siji keris sing dadakna iku keris sing mung ana siji ing donya. Kanggo wong liya, iki kalebu harta karun sing kudu dijaga supaya ora nganti rusak. Saben dina Simbah Kakung mepeh keris iki supaya ora nganti lembab nalika disimpen ana ing lemari tok. Aku uga diajari carane ngeramut keris iki. Kayata kepiye nalika ngumbah, kepiye cara nalika nggaringake, kepiye cara nalika nyimpen, lan sapanunggale. Jarene Simbah Kakung, keris iki uga ana isine yaiku wong alus sing apik. Wong alus iki ora jahat lan bisa dadi kancane Simbahku. Aku lan kaluwargaku ngewangi Simbah Kakung supaya keris iki tetep awet.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9921", "text": "Wis sejam aku ngancani Dina ana ing kamare. Dheweke ket mau nangis ora mandheg amarga mari diselingkuhi karo pacare. Dina ngamuk-ngamuk amarga wis ngerasa bakalan nganti dirabi lah kok jebule malah diselingkuhi. Dina ngobrak-ngobrak barange sing ana ing lemari kanti tetep nangis. Aku mung bisa nenangna supaya ora tambah lara ati. Dina wis nelpon pacare supaya bisa ndang pedhot amarga dheweke wis ora kuat kanggo nrima iki. Akhire aku ngewenehi saran kanggo turu wae. Dina yen ngamuk-ngamuk obate mung siji yaiku turu. Gak suwi akhire Dina turu kanti isih keseseken amarga wis nangis terus ket mau. Aku mesakke banget karo Dina. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5213", "text": "Kembang Meihwa iki salah siji kembang sing uga bisa dadi hadiah wayah imlek kanggo masyarakat Tionghoa. Kembang iki wernane abang jambon lan duwe cabang tanduran sing kaya kayu. Kembang Meihwa iki yen didelok bentuke kaya kembang sakura sing ana ning Jepang. Kembang iki dadi simbol saka kesejahteraan, kemakmuran, urip kang santosa, lan uga Gusti kang ngewenehi kebejaan. Kembang iki dirangkai ning pot cilik lan uga bisa dibentuk dadi bonsai, banjur dipajang ning pojok ruang tamu. Yen pengen tambah apik, ning wit iki bisa dipasangi hadiah kaya angpao uga hiasan liyane. Amarga kembang iki larang, mesti nyenengake yen kembang iki dadi hadiah. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4885", "text": "Tradisi temanten Jawa sing wis jarang ditemoni saiki yaiku sembaga. Sembaga kuwi tradisi sing bisa dilakoni karo dukun utawa perias manten. Sembaga iki yaiku nyebulake keluk saka rokok kemenyan nang awak, wajah, lan rambut manten ben manten nduwe aura sing bedha. Tradisi iki uga diarani suwukan. Manten sing disuwuk iki disembagani ben adoh saka sawan lan dhemit sing bisa ngerusak acara temanten iki. Nanging ana kepercayaan sing ngelarang ananing sembaga iki amarga keluk sing disebulake bisa marai sesek lan tradisi iki dianggep musrik amarga isih percara karo barang-barang gaib. Uga isih ana sing percaya amarga manten kuwi sasaran empuk setan lan dhemit, dadi kudu disucekake. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "735", "text": "Wong sing gampang jotosi wong pas nesu kui emosine ora stabil. Duwe dasar bela diri opo ora, pengendalan emosi kui penting banget, terutama sing wis sinau silat. Bela diri kui ngelatih awak dhewe iso matani wong lan uga awak dhewe diajari kanggo nganggo ilmu beladiri kui kanthi wicaksana. Wong sing iso ngendalike awake luwih milih ora gelud timbangane ngeladani wong sing kepengen. Soale, dheweke ngerti yen sak pinter-pintere dheweke iso silat, kemungkian bakal terluka kui tetep gedhe. Besare kemungkinane kui ora iso diprediksi. Soale, yen itung-itungane dhewe salah, iso wae awak dhewe sing ora slamet pas gelud kui. Opo meneh yen awak dhewe ora duwe dasar bela diri opo wae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3064", "text": "Wong nang endi-endi mesti pengen diperlakokno adil nang awake. Masio awake iku wong cilik ambek ora duwe opo-opo mesti pengen diperlakokno adil. Dadi nag ono wong sing srengen polahe ora oleh keadilan nang awake iku yo ora masalah srengene maeng tapi sing penting ojo sampek ngelarakno awake ambek wong liyo utowo wong-wong sing ono nang pinggere. Soale sing jenenge roso srengen iku jelas akeh eleke polahe iso dadekno ati peteng pikiran yo peteng sing bakal dadekno wong ora iso mikir sing apik terus akhire wong kene maeng duwe roso mangke sing ora karuan. Jarene tokoh-tokoh agama, Srengen polahe perkoro sing sifate sementara iku ora apik.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9950", "text": "Aku ora ngerti kenapa Ibu ujug-ujug muring-muring pas aku mulih sekolah. Mung ndelok raine wae aku wis keweden. Yen lagi ngamuk, Ibu pancen medeni banget nganti ora ana sing wani nyedhaki. Sawise aku wisuh sikil lan tangan sarta ganti klambi, aku genah-genah takok ning Ibu kenapa muring-muring. Ibu isih ora gelem njawab pitakonanku. Dheweke malah langsung nyengkreh lan mlebu kamar. Aku sayah bingung amarga ora ngerti sebabe Ibu ngamuk-ngamuk. Pas bengi Ibu isih ora gelem ngomong karo sapa wae salah sijine Bapakku. Padahal Bapakku wis ngguda lan ngejak Ibu ngomong terus, nanging Ibu isih meneng wae lan mendem rasane. Aku sakaluwarga akhire tambah bingung. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9517", "text": "Kanggo ngurmati Mbah Kakung sing wis madhep ing Gusti, Dika duweni cara supaya bisa terus ngenang Mbahe. Sing nomer siji, saben pengetan dina misal satus utawa sewu dinane Dika mesti ngadakna pengajian. Senajan ana pengetan saben satus utawa sewune, nanging saben dina Dika uga mesti ndungakna kanggo Mbah Kakung. Nomer loro, Dika nerusne sifat-sifat apike Mbah Kakung kayata seneng ning masjid, seneng ngewenehi dhuwit bocah cilik, seneng sedekah, lan babagan apik liyane. Nomer telu, Dika uga ora nyoplok fotonenMbah Kakung sing ana ing mbale supaya tansah iling karo Mbah Kakunge senajan wis ora ana. Iku carane Dika supaya ora lali lan tetep ngerasa Mbah Kakunge isih ana ing cedhake Dika.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5227", "text": "Ginjal kuwi salah sawijine organ ning awake menungsa sing kerjane paling abot. Ginjal iki ukurane cilik, nanging kerjane bisa ngaruh ning sekabehe organ. Yen lara uga ora ana tandhane. Tugas ginjal iki ngeresiki kabeh zat racun uga nyaring zat-zat sing ora penting kanggo metabolisme. Amarga kerjane abot, ginjal iki uga rawan rusak yen ora dijaga. Cara njaga ginjal sajane gampang, yaiku akeh-akeh ngombe banyu putih kanggo ngilangi zat-zat racun. Banjung kaping pindhone, aja akeh ngombe ombenan sing kakean gula lan zat sintetis kaya pemanis, soda, uga ombenan sing ngandung alkohol. Kaping telu, aja kakean mangan uyah amarga natrium sing ana ning uyah iki bisa marai batu ginjal.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4464", "text": "Sing jenenge utang saiki iku wes dadi perkoro sing biasa nang wong-wong. Tapi yo isek ono ae wong sing nganggep nag sampek kononang utang iku maleh dadekno deke iku isen mergo pirang-pirang perkoro sing ancene dadekno deke iku isin, nah contohne yoiku omahe apike orambloko kok utange gedehne ora pokro. Nah perkoro iku maeng sing ancene iso marakno wong sing konangan nag duwe utang iku maelh isin. Padal nag jareku utang yo ora opo-opo kan yo dibalekno, kejobo nag ancene ora dibalekno lagek isin mergo ora iso balekno utang maeng. Nag ancene iso yo ora masalah mergo isek ngatasi. Terus lapooh isin barang nah wong utang kan saiki wes ora masalah soale jelas dibalekno.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3306", "text": "Wong sing ate maju nang panggun kanggo pertunjukan utowo konses kadang iku wedi ambek sing jenengen demam panggung. Nah perkoro sing marakno demam panggung iku ono pirang-pirang sing ancene iku gelek dialami wong sing kenek demam panggung. Contone perkoro sing marakno wong kenek demam panggung yaiku ora mangan, lapoo iki termasuk dadi perkoro sing marakno wong demam panggung? mergane wong sing lesu iku mesti ora iso fokus kanggo mikir akhire iso dadekno pikiran kotong. Terus kurang istirahat yo termasuk salah sijini perkoro sing marakno wong kenek demam panggung polahe wong sing kurang istirahat biasane ngerasakno pegel kabeh ambek garai ora semangat terus akhire ora iso fokus.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3384", "text": "Roso wedi pas ate dioperasi ancene mesti gelek kedaden, terus iku yo termasuk perkoro sing wes lumrah ae kedaden nang endi-endi, masio iku tentara, ambek jendral barang nag wes ate ngadepi operasi iku yo lumrah. Opo maneh operasine maeng nag durung iso dipastekno pirang persen hasil apike yo tambah garai wong sing ate operasi wedine megilan. Yo masio wedi nag ancene wes iso diperkirakno hasile apik iku maeng ancene gede yo ora masalah janji iku maeng wes iso ambek kenek dipastekno. Tapi sing garai wong wedi kan hasil elek teko operasi maeng. Mangkane akeh wong sing keweden nag operasi yo polahe iku maeng. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3790", "text": "Biyen pas aku isek cilik, aku karo koncoku iku mesti dolanan layangan sampek ora ngerti waktu. Nah pas salah siji dino, koncoku iku bagian nyeret bolae, terus saking senenge deke iku sampek ora ngerti nag ngidake taek, pas mandek ambek pas layangane mumbul duwur bocahe lagek ngerti nag sikile iku maeng ngidake telek, nah sak durunge deke ero deke iku keroso nag sikile iku pliket-pliket piye ngunu jarene, tapi ora digatek soale nyekeli bolae layangan. Dadi deke ngertine iku pas manjer layangan ben ora atek nyekeli. Nah pas iku deke lagek ngerti teko ambune sing slenting-slenting ora enak gak karoan. Terus bocahe ngomong nag sak umur-umur lagek pisan iku tok ngitaki taek. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6039", "text": "Ning agama Islam, getih kuwi wis diharamake. Babagan iki wis dibahas ning surat Al-Maidah ayat 3 lan uga diperkuat saka kajian para ulama babagan kenapa getih kuwi diharamake. Getih sing dimaksud yaiku kabeh jenis getih. Islam ngelarang umat kanggo mangan panganan sing nggilani kaya getih lan uga kewan sing bisa marai jijik. Nanging, ana alesan liyane kaya penyakit lan uga ora ana khasiat sing pasti amarga getih kuwi uga nggawa racun sing wis disaring, dadi mestine ya akeh zat elek sing digawa getih kuwi. Amarga kuwi, awak dhewe sebagai umat muslim kuwi kudu bisa njaga apa sing dipangan amarga kuwi ngaruh banget marang ibadah. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7911", "text": "Dino iki Prabu dijaluki tulung gawe nggenteni koncone sing kebagian shift bengi. Kudune Prabu wes mari kerjo jam 6 sore, tapi de’e bakal kerjo lembur sampe tokone tutup jam 10 bengi. Sakjane de’e gak masalah, cuma mboh opo’o firasate gak enak pol. Tapi de’e berusaha gak ngurusi dan tetep njogo toko sambil hp an. Moro-moro onok wong klambenan ireng-ireng melbu dan Prabu ndeloke rodok wedi dewe. Opo maneh pas wong iku mandek ndek ngarep kasir terus njaluk udud. Guduk tuku, njaluk. Yo Prabu pura-pura goblok dan ngomong nek udude regane 20 ewu. Lah pas diomongi ngono, wong iku malah nodong lading sing marakno Prabu tambah ketar ketir. Wes ngono, wong iku nambah nyentak njaluk udud. Mergo de’e sek sayang karo nyawane, de’e langsung ngekeki udud iku mau, baru wong iku gelem mere teko toko iku. Rasane jantung wes kate coplok. Sakjane koyok ngono iku marakno de’e kudu ganti rugi sih. Tapi jarno ae, mending ganti rugi 20 ewu timbang nyawa melayang.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5660", "text": "Heru kerja ning salah siji bengkel ning Jakarta. Heru iki kalebu salah siji pegawe sing sregep, nanging amarga sregep kuwi, dekne akeh sing ora seneng lan dadi akeh senior sing pengen dekne metu saka penggawean kuwi. Heru maune ora ngereken lan ora peduli amarga Heru pengen fokus kerja. Nanging Heru suwe-suwe ora nyaman amarga ning kantor kuwi, para senior kuwi sering ngewenehi anceman kaya arep ngeroyok Heru, barang-barang ning loker kerjane uga tau dibuang lan meh dibong. Banjur Heru langsung nggolek penggawean liya lan metu saka gawean kuwi amarga Heru mikir yen kuwi dadi salah siji bentuk premanisme ning panggonan kerja. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "329", "text": "Awak dhewe kerep ngeroso gagal, nanging awak dhewe sebenere ora tenanan gagal. Peraan kui iso muncul mergo awak dhewe sifat sing perfeksionis. Wong sing perfeksionis kui ora bakal ngeroso puas sak durunge opo sing digarape durung sesuai karo bayangane. Biasane wong sing koyo ngono kui, garap opo kui gateke sak ben detaile. Nanging sing perfeksionis kui lali yen opo sing digarap kui ora iso sepenuhe apik, mesthi ono kurange. Ditambah karo sifat dasar menungso sing ora puas karo opo sing diduweni. Padahal, garapan sing ono salahe kui ora mesthi apik. Selama garapan kui isih iso dienggo utowo isi sesuai standar kebutuhane, garapan kui isi layak dienggo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4860", "text": "Taun 2019, aku melu salah sawijining program pengabdian ning kampus sing kerja sama karo kementrian. Program KKN iki diadakake ning Bengkulu. Pembentukan tim iki ana ning wulan Januari amarga pemberangkatane wulan Agustus. Ning tim kuwi, aku dadi koordinator sub-unit. Akeh program sing migunani kanggo masyarakat, yaiku program kesehatan, pendidikan, uga akeh program liyane sing ndukung kemajuan lan industri kanggo masyarakat. Program iki bisa marai pemerintah bisa ngerti keadaan wargane kaya apa lan kira-kira bantuan apa sing cocok kanggo masyarakat. Sak rampunge program, unitku nggawe video dokumentasi sing dilombakake. Video kuwi isine dokumentasi kegiatan lan sing ngadakake kampus. Saka lomba kuwi, unitku menang juara 1 lan tambah semangat ngabdi kanggo masyarakat. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3830", "text": "Biyen pas isek sekolah nang SMP, koncoku sing biasane dolanan ambek aku mesti gelek turu nang jero kelas nag wayae awan. Masio iku ono gurune mesti nag wes jam suwelas mesti turu. Mangkane deke iku gelek tak sentili ben ora turu, soale nag konongan gurune ambek bocah sak kelas kan yo mesti diisin-isinno. Tapi pas dino iku paling deke apes, soale pas deke ngantuk iku pas aku ijin metu soale wetengku loro. Mari ngunu pas balik nang kelas deke wes diguyu bocah akeh polahe konangan turu pas diterangno gurune maeng. Opo maneh pas wayai pelajaran sejaran sing ancene enak gawe turu awan soale isine materine akeh-akehe cerito.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7273", "text": "Rasa penyesalan sing dirasakno ben uwong iku pasti onok penyebabe. Penyebab teko iku pun yo macem-macem. Di antara akehe penyebab, iki beberapa penyebab e awakmu ngerasakno penyesalan. Siji, mentingno ego dewe. Terkadang pas awak dewe milih keputusan, gak atek mikirno wong liyo, dan iku berpotensi marakno nyesel ndek akhir. Loro, lali nek seneng karo sedih iki onok porsine dewe dan bakal teko silih berganti. Menungso iku gak mungkin terus bahagia, pati bakal onok ngeroso sedihe, salah sijine yo nyesel iku mau. Telu, ndalani urip sesuai standare wong liyo. Nek wes ngono, awakmu tambah suwe tambah terbebani dewe dan awakmu bakal nyesel soale gak dadi dirimu dewe. Papat, banding-bandingno awak dewe karo wong liyo. Limo, lali nek onok Allah sing wes ngatur kabeh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "209", "text": "Awak dhewe kudu tetep seneng nalika ono koncone dhewe sing ketompo neng kampus favorit senadyan awak dhewe ora entuk kesempatan kui. Mergo kui, koncone awak dhewe. Arep koyo piye wae, awak dhewe tetep kudu seneng pas koncone dhewe seneng. Konco kui wong sing bakal ono pas wektu seneng lan abot awak dhewe. Misale, mergo kui, awak dhewe ora kancanan meneh. Iso wae awak dhewe sing rugi. Konco kui iso wae bakal ngewangi awak dhewe neng kesempatan liyane lan ora bakal ngecengi awak dhewe pas lagi ora bejo koyo ngono kui. Yen awak dhewe ninggalke konco kui, awak dhewe ora bakal entuk kesempatan diewangi kui. Padahal iso wae, bantuan seko dee sing iso nuntun awak dhewe neng kampus impian.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9570", "text": "Nalika wis umur tuwa ngene lagek kerasa yen olahraga kuwi akeh banget manpaate. Salah sijine kanggo njaga supaya awak tansah seger waras. Bu Denok ngerasa getun amarga biyen pas isih enom dheweke wegah olahraga lan milih kanggo turu wae. Saiki pas rada tuwek, dheweke lagi kerasa yen awake luwih gampang pegel, luwih gampang ndase ngelu, lan liyane. Bu Denok uga luwih gampang ngantukan senajan isih jam 7 bengi. Ning putune Bu Denok kandha supaya padha sregep kanggo olahraga senajan mung mlaku ngubengi latar omah mbuh ping pira wae ora apa-apa. Iku mana luwih apik amarga bisa nggarai awak obah terus tinimbang turu thok.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4848", "text": "Babakan keamanan ning kos iki salah sawijine masalah sing isih wae dibahas. Kamangka, saiki akeh kos sing luwih ketat karo penghunine amarga kudu njaga keamanan lan kenyamanan penghuni liyane ning kos kuwi. Penjaga kos nggawe aturan sing akeh amarga ora pengen kejadian barang ilang ning kos kaya laptop lan elektronik amarga bocah kos kadang kurang waspada lan nduwe kesibukan banjur lali karo keamanan barang-barange. Amarga kuwi, yen kanca-kanca isih ngekos, ayo njaga keamanan kos kaya ngunci kamar lan gerbang ben ora ana wong kang mlebu lan metu sak penake. Kudu ngelaporake barang kos apa wae sing digawa kanggo jaga-jaga keamanan karo penghuni kos liyane. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9986", "text": "Kerja ing kantor iku pancen ana wae cobaane. Kadhang nalika kene dikongkon karo bos golek ide kanggo kegiatan, kene wis nyepakna ide iku kanti mateng banget. Nanging ora sithik wong sing pengin golek rai ing bos lan akhire nyolong idene kene. Supaya kene ora kecolongan nalika nggawe ide bisa ngelakoni cara lan tips iki. Nomer siji, sampekna ide iku mung nalika ing rapat bareng. Ora perlu koar-koar ing wong liya babagan idemu iki supaya wong liya ora duwe kesempatan kanggo nyolong ide. Noner loro, ora perlu emosi nalika idene kene wis dicolong. Amarga kene iku sing duwe ide iku. Dadine misale ide utamane dicolong, kene isih bisa ngembangake ide kanti ngubah sudut pandang. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1401", "text": "Pas aku cilik, aku tau gilo delok mukokanku dhewe. Wektu cilik kui aku kerep dolanan gelembung. Pas lagi neng taman cerak omah, aku tau ditukoke dolanan gelembung kui. Nanging aku luwih kerep neng omah, dadi ibuku gaweke aku dolanan kui dhewe. Ibuku gawe pirantine nganggo sedotan sing ditukuk lan banyu sabune nganggo sabun cuci piring sing ono neng omah. Sabun cuci piringe kui wernone ijo. Mergo wernone apik, sabun sing ono neng piranti kanggo gawe kelembung kui tak emut. Jebul rasane ora enak. Mergo eneg karo rasane, aku mukok lan werno mukokan ijo koyo werno sabune. Deloke kui, aku langsung mukok meneh mergo soyo ngeroso jijik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4948", "text": "Jaman saiki, akeh bocah sing kena tekanan mental amarga gagal utawa ditolak mlebu perguruan tinggi. Keadaan iki sing marai tambah akeh bocah sing kena depresi ning usia enom. Tekanan iki ora mung saka kondisi kampus lan keadaan sing ora bisa diprediksi, salah sawijine ya saka wong tuwa sing kepengenane ora ndelok keadaan anake. Wong tuwa kadang maksa kepengenane nang anake nanging ora ndelok kemampuan anake. Kamangka akeh sing kena tekanan batin lan dadi lara. Amarga kuwi, yen awak dhewe weruh ana kejadian kaya kuwi, awak dhewe kudu nyemangati bocah sing arep ujian kuwi ben bisa tetep semangat ngadepi pacobaning urip. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7933", "text": "Sak durunge mati, ben uwong iku pasti bakal ngelewati fase sekarat. Nang fase iki, bakal onok perubahan sing onok nang awakmu sak durunge mati. Siji, awak dadi lemes. Wong sing nang fase iki, ngelakoni aktivitas opo ae, termasuk aktivitas sing enteng, bakal cepet lemese. Loro, linglung terus cemas. Rasa cemas iku mau muncul moro moro ngono ae, gak onok sing ngaiti. Telu, gangguan nang pirang bagian awak. Hal iki mergo tubuh bakal mateni ‘mesin’ e. Biasane dimulai teko nuruno sirkulasi darah sing dikirimno nang anggota gerak. Makane tangan ambek sikil bakal keroso anyep nek wong lagi sekarat. Papat, pernapasan dadi gak normal. Penurunan aliran darah mau bakal ngaruh nang kemampuan bernapas. Limo, perubahan werno kulit. Biasane bakal berubahe dadi luwe peteng terus kusem. Enem, penurunan kemampuan sistem saraf. Biasane wong sing sekarat iku sek sadar, tapi gak responsif. Terakhir, kuping dadi indera terakhir sing berfungsi. Makane wong sing sekarat iku sek isok ngerungokno mbasio wes gak isok ngerespon.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1540", "text": "Aku tau salah ngundang wong pas lagi dadi pranata cara neng acara nikahane koncoku. Koncoku sing nikahan iki koncoku SD lan konco SMA-ku. Awak dhewe ora patio cerak pas isih SD, nanging aku ngeroso ngerti sopo wae konco SDne. Pas lagi basi-basi karo para tamu nikahane koncoku, aku delok wong sing mirip banget karo konco cerake koncoku pas SD. Terus tak takon-takoni perkoro jaman SD biyen. Wis suwe ngobrol, jebul dheweke lagi ngomong yeng dheweke kui dudu konco SDne penganten pria. Aku langsung dadi isin. Aku langsung mlayu neng mejo prasmanan, nakon-nakoni wong sing arep jupuk panganan. Tekan acarane rampung kui, rasa isine ora ilang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "605", "text": "Film horor kui ora iso awak dhewe gawe awak dhewe kaget utowo ngeroso wedi yen ora ono musik sing dukung. Jajal iling-iling meneh, adegan film horor sing menurutmu paling seram. Terus, Sampeyan delok meneh kui nanging ora nganggo swara. Mesthi adegan kui ora semedeni sing sak durunge. Setan-setan utowo demit-demit sing ono neng layar perak kui mung karakter sing ora nyata. Awak dhewe uga mesthi sadar yen demit neng kono diperan karo wong sing dandan. Opo meneh dandanane lan latare ora digawe medeni, film kui bakal adoh seko kata medeni. Yen ora musiki, adegan film kui ora ngabangun keteganan jadine dadi ora medeni.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1033", "text": "Wong sing lagi sekarat kui butuh pitulangan seko awak dhewe sing isih sehat. Dokter iso ngewangi dheweke mulihke kesehatane. Dokter iso ngilangi utowo ngurangi rasa lara sing dirasake. Nanging dokter kui, ora iso ngewangi opo-opo neng masalah psikise. Wong sing lagi sekarat kui kondisi mentale keganggu banget. Dheweke ngeroso wedi bakal mati luwih disik timbange wong-wong liyane. Dheweke uga ngeroso kuwatir bakal ninggalke wong-wong sing dheweke sayang lan karire. Dheweke ngeroso durung siap kanggo ninggalke donyo iki. Isih ono sing dheweke arep lakoke. Dheweke ngeroso gawe seneng wong-wong sing selama iki wis berjasa neng uripe. Makane kui, wong sing sekarap butuh pitulungan wong-wong sing cerak karo dhewe, supoyo pikirane luwih ayem.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4308", "text": "Uwong nag wetenge loro mesti iso ae mutah-mutah nag dicampuri ambek ono mbunek-mbuneke. Nah sing jenenge mutahan iku roto-roto iso marakno wong sing masi utowo sing delok iku jijik ambek jember mergo opo sing diwasi iku maeng termasuk barang sing rusoh utowo jemberi. Opo maneh nag sampek kenek yo tambah jengkelno mergo ambune iku ora enake pol. Lah lagek delok ae wes jijik yo opo nag sampek jemok utowo kenek yo tambah mangkelnoe pol. Nah nag ancene wong iku maeng jemberi utowo jijikan yo palang ora atek masi, mergo nag masi biasane iku iso ketularan muta polahe nang pikirane iku termasuk penyakit sing paling digetingi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5761", "text": "Jaman biyen, aku kerja ning kantor media lan sering lembur wayah bengi. Yen lembur iki biyasane rame-rame amarga gawean iki proyek gedhe. Amarga aku sing bagian akhir lan kanca-kancaku wis mulai cuti akhir taun, aku ditinggal dewean ning kantor. Aku wis ning kantor wiwit isuk lan miturut jadwal, aku bakal balik jam 9 bengi. Aku ngerasakake hawa sing ora kepenak amarga singup lan uga suasana kantor sing biyasane rame, saiki dadi sepi banget. Aku dadi wedi ana wong sing ana niatan elek senajan ning lantai isor ana para satpam sing lagi kumpul kanggo jaga gedung. Banjur aku nelpon kanca-kancaku ben ora ngerasa sepi, ya pancen ngobati rasa sepi iki nanging tetep wae aku merinding yen dewean. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5739", "text": "Siaga bencana sing bisa dilakoni ning omah iki penting banget. Akeh wong sing kelangan barang, harta, lan uga nyawa amarga kondisi sing kurang siap. Kanggo wong sing slamet ning pengungsian, mesti ana dokumen sipil sing kudud diurus yen seumpama ilang lan kuwi mesti ruwet banget. Ning ilmu siaga bencana, dokumen penting kaya KK, KTP, Akta, Ijazah iki dadi dokumen sing penting kanggo diamanke. Kamangka kuwi, sak durunge bencana ayo nyiyapake tas siaga bencana sing isine uga ana dokumen-dokumen iki. Dokumen penting iki uga penting kanggo ngurus omah lan tanah sing kena amarga bencana alam. Dokumen kuwi uga bisa dinggo nggolek keluarga sing ilang amarga bencana iki. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3823", "text": "Perkoro sepele koyok salah melebu WC ae iku yo iso dadekno perkoro sing ngisine uwong. Nah sing garai isin maeng asline ora kok mergo perkoro salahe maeng, tapi mergo lingkungan utowo keadaan sing ono nang pinggire WC maeng, nag ancene iku maeng sampek ramene megilan keadaane sing ono nang pinggire WC maeng, yo jelas isine megilan, tapi nag ancene ora sepiro rame utowo sepi yo ora masalah. Nah sing jenenge salah mlebu WC iku termasuk perkoro sing ancene ora disengojo ambek menungso ngalkoni perkoro iku maeng, dadi ora masalah asline iku salah opo ora, soale sing jenenge salah iku asline wes lumrah utowo biasa kedaden nang menungso.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5394", "text": "Ning Indonesia iki layanan pendidikan kanggo siswa sing kurang mampu dadi salah siji masalah sing ora ana uwise kaya benang sing mbulet. Kawicaksanane pemerintah kaya ngewenehi Kartu Indonesia Pintar lan asuransi kanggo wong sing kuran mampu iki uga kerasa kurang efektif lan malah ninggalake akeh penggaweyan kaya akehe wong kang pengen didaftarake malah marai kas negara uga anjlok lan inflasi. Nanging para pemerintah iki ora bisa ngatasi nganggo cara sing cepet uga manjur kanggo kesejahteraan rakyate. Proyek sing akeh iki uga ngundang korupsi. Kamangka, kepercayaan masyarakat marang petugas pemerintahan iki mudhun drastis amarga cara kerja sing elek lan ora ngewenehi imbas apa-apa.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "262", "text": "Aku entuk piala pertamaku kui pas SMP. Piala kui penghargaan mergo aku entuk biji 10 neng mata pelajaran matematika pas Ujuan Nasional. Pialane kui cilik seko plastik. Wernone kuning keemasan, mengkilap. Neng duwure ono logo sekolahanku, SMP 15. Neng ngisore ono jenengku lan ono tulisan \"Biji Paling Duwur 10,00 Bidan Studi Matematika\". Aku isih iling banget piye rasane pas nyekel piala kui. Seko bangku, aku diceluk munggah panggung. Panggunge kui werno biru, ora duwur-duwur banget, neng ngisor tendo sing uga werno biru. Pas kui, sing ngewehi pialane kui guru matematikaku. Aku nyekel piala kui rodo gemeter. Ono rasa ora percoyo entuk penghargaan koyo ngene. Bar kui, wong-wong podo tepuka tangan. Aku makin merinding. Aku lagi ngerti oh ngene toh rasane disoraki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "682", "text": "Aku duwe adi sing umure ora adoh seko aku. Pas dheweke, ulang taun aku arang ngewehi kado opo meneh gawe acara ulang taun kejutan kanggo dheweke. Pas dino ulang taune, dheweke tau muring-muring neng aku. Dheweke kui pengen ulang taune kui dirayake. Dheweke pengen ngerasa kaget lan nangis mergo terharu delok hadiah utowo acara sing diadake kanggo dheweke. Dheweke pengen acara ulang taune kui diadake neng omah. Omahe kui dihias anggo balon-balon werno iteng karo abang enom. Wong sing diundang neng acara-acarane konco-konco cerake dheweke kabeh. Mengko pas dheweke teko, dheweke disambut karo konveti. Dheweke uga pengen kue ulang taun sing ono telung tingkat lan rasane stroberi. Trus neng akhire, adiku ngomong yen aku ora iso gawe acara sing koyo ngono paling ora dheweke ditokoke tiket konsere Black Pink.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3362", "text": "Pas aku SMP tau wedi ambek bocah sing gundul nang kelasku polahe gelek ngancem aku nag ora ngerjakno PR'e deke. Nah deke oleh ngancem iku karu gleto endas sing dadekno ngelu. Nah gleto iku koyok nutuk endas gowo tangan tapi oleh nutuh iku gowo tekukane driji sing atosi koyok watu. Dadi gletonan iku biyen mesti paling sing diwedeni ambek bocah-bocah. Tapi aku sing wedi terus akhire pegel. Terus, aku nantang deke dadi jotos-jotosan sing dadekno sak kelas rame. Tapi polahe aku saking mangkele ambek deke, akhire deke tak jotosi sampek ketehen terus raine iku bonyok kabeh. Guru-guru sing ngerti iku, langsung nyeluk aku terus aku ora oleh mlebu sampek telong dinoan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4417", "text": "Wong ngetut iku asline ora isin. Tapi ono ae sing isin mergo ngentut nang panggonan rame utowo umum. Nah sing garai isin iku maeng ora kok mergo entute, tapi mergo keadaane sing iso marakno wong sing ngetut iku iso isin, contohne ngentut nang panggonan sing ancene iso marakno wong iku maeng isin, yoiku pas kumpulan utowo pas acara sing ancene penting. Terus ono maneh yoiku nag sampek entut iku munih bangete megilan sing akhire marakno wong sing ono nang pinggire iku maleh kringi ambek entute maeng. Nah nag sampek koyok ngunuku mesti iso dadekno wong sing ngetut iku isine pol mergo iso ae dianggep wong sing kringi ambek entute maeng koyok wong koproh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "785", "text": "Misale awak dhewe daftar kerjo barang karo koncone dhewe. Nanging akhire kui, koncone dhewe sing keterimo, awak dhewe ora. Awak dhewe ora oleh dadi ora seneng karo koncone dhewe. Koncone dhewe kui ora salah. Akeh alasene kenopo awak dhewe ora ketompo neng gawean kui. Sing kesiji, mungkin awak dhewe kui wis layak kerjo neng kono nanging ono wong sing luwih cocok wae gawe kerjo neng kono. Sing keloro, berkas sing ditompo HR kui keakehan. Dheweke ora iso delok siji-siji kanthi detail kabeh lamaran sing mlebu. Mungkin, awak dhewe salah siji berkas sing diliwati kui mau. Sing ketelu, pas neng tahap wawancara, awak dhewe ora iso ngekei kesan sing kuat kanggo pewawancarane.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3700", "text": "Pas limang ulan wingi tepake sekitar ulan Juli iku aku gelek muleh soale akeh urusan sing ancene kudu diarekno. Nah pas nang bis mesti campur ora karoan ono sing ambu keringet, ambu entut, ambek sembarang-barang. Wkatu iku ono mbak-mbak sing nang ngarepku tapi baris ise kiwo iku moro-moro mutah-mutah. Nah wong sing nang pinggire iku tak delok raine koyok mangkel. Padal sing jenenge mutah-mutah nang kendaraan iku ora enake pol. Mangkane Sak jane yo kudu ngerti ngunuku. Yo wong sing mangkel iku maeng ketokane iku koyok jijike pol ambek ngunuku, yo ancene se delokane wonge koyok wong kota terus koyok ora tau numpak bis dadi delok perkoro ngunuku koyok jembere pol.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4980", "text": "Aku melas karo bocah sing urip karo simbahe kuwi. Jenenge Mila. Mila wis ditinggal wong tuwane wiwit bayi. Ora merga seda, nanging ya amarga wong tuwane pegatan. Amarga pegat iki, Mila dititipake marang simbahe ben bapak lan ibune bisa nggolek dhuwit. Nanging wong tuwane Mila iki lali karo kewajibane. Bapak lan ibune Mila wis ora tau ngirimi dhuwit kanggo sekolah. Mila dadi korban pegatane wong tuwane. Miturut cerita wong kampung, wong tuwane Mila wis nduwe keluwarga dewe lan ora tau nglinguk marang Mila. Saiki Mila wis lulus kuliah lan wis kerja uga bisa mbiayai uripe simbahe. Nanging, Mila ya wes ora mikiri babakan kuwi lan milih nata uripe dewe. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1452", "text": "Aku gilo banget delok idune neng dalan. Kok dilalahe, aku ono neng lingkungan sing wong-wonge kui kerep ngidu sembarang. Sangking jijike terus delok idu neng endi-endi, aku tekan dadi mangkel. Aku malah tekan apal idu-idu koyo opo sing tak temu neng dalan. Ono idu sing ketok cair. Idune kui mirip banget karo banyu. Biasane wong sing ngidune koyo ngene iki, ora iso ngidu adoh. Idu sing jenis iki uga gampang ngilang. Sing keloro, idu sing oro kenthel. Wong sing jenis idune koyo ngene iso ngidu luwih adoh. Biasane idune iki kerep tak temuke neng tengah dalan. Idu sing jenis koyo ngoneki angel ilange. Bisane kudu ngenteni garing disik lagi resik pas keno banyu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1578", "text": "Yen awak dhewe iso sekolah, awak dhewe sak yogyane ora usah nyontek kanggo entuk biji sing apik. Yen awak dhewe ketauan nyontek kui, awak dhewe bakal ngeroso isin. Sing ngerasake isin, ora mung awak dhewe, nanging wong tuwane dhewe lan uga gurune dhewe. Wong-wong sing ngemong awak dhewe kui ngeroso gagal wis ngedidik awak dhewe. Dheweke podo kepengen awak dhewe kui dadi wong sing pinter. Nanging luwih seko kui, dheweke kepengen awak dhewe dadi wong sing jujur. Makne awak dhewe ora entuk nyontek pas lagi ujian. Sak liyone awak dhewe gawe isin wong-wong, awak dhewe uga ngerusak masa depane awak dhewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2021", "text": "Pas wayah bakdo, aku arep ora tau mudik nganggo kendaraan pribadi, maksude nganggo nyetir dhewe nganggo mobil utowo montor. Biasane anggota keluarga sing liyo sing mudik neng kotaku. Nanging yen kudu mudik, aku biasane nganggo sepur. Aku ora ngebayangke yen kudu numpak kendaaran dhewe mudik. Wis perjalanane adoh, awak dhewe kudu sabar yen keno macet. Malah awak dhewe mesthi ngadepi macete kui. Nanging sing marake aku wedi kui yen keno kecalakaan pas mudik. Aku tau delok beritone neng TV. Korbane iso akeh lan ono sing isih cilik. Misale awak dhewe ngerti yen ono sing arep nabrak seko ngarep awak dhewe wis ora iso opo-opo. Soale wis ora ono celah kanggo awak dhewe.Kahanan dalan sing wis padet dadine malah macet. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5748", "text": "Tawon kuwi salah siji kewan sing sensitif karo menungsa lan bisa nguber yen kerasa diganggu omahe. Nanging ya kadhang omah tawon iki ora katon lan nyelip ning pinggiran omah. Kamangka kuwi, awak dhewe kudu waspada amarga tawon iki dadi kewan sing paling lara yen ngentup lan uga bisa nguber. Ora mung siji, nanging uga sak rombongan, apa maneh yen golongan tawon ndhas lan tawon vespa sing awake gedhe uga yen ngentup bisa marai panas. Sing paling penting, awak dhewe saiki kudu paham yen omah kewan kuwi aja diganggu, yen arep ngeresiki uga kudu karo sing ahli ben ora ndadekake musibah marang awake dhewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5308", "text": "Ngantri kuwi salah siji kebiyasaan sing angel nanging gampang dilakoni. Kebiyasaan ngantri kuwi nduduhake latar belakang keluwarga lan didikan. Nanging ning Indonesia iki isih ana wong sing ora kebiasa ngantri lan ora tertib kaya misale yen arep metu bioskop, wong kudune ngantri lan ngetutake barisan, nanging ana wong sing nerobos antrian banjur nabrak wong sing ana ning antrian kuwi. Kamangka, ngantri kuwi penting kanggo njaga ketertiban. Awak dhewe aja nganthi ngerusak ketertiban kuwi amarga nyerobot antrean kuwi uga padha karo njupuk hak wong liya kanggo oleh barisan ning ngarep. Awak dhewe uga kudu mbiyasakake ngantre iki ben lan uga ngelatih kesabaran ning antrean.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7591", "text": "Liburan iki, aku dijaki koncoku melbu nang Guo sing panggone terpencil dan meh gak onok wong sing eroh. De’e penasaran karo isi sing onok nang Guo iku. Awale aku nolak soale aku wedi moro onok klowo. Soale kan biasane nang Guo iku akeh banget klowone, tapi koncoku tetep mekso dan bakal ngelindungi aku nek onok klowo. Akhire aku ngeiyani. Sesoke langsung awak dewe berangkat nang Guo iku. Dadakno temenan nang kono gak onok klowo, tapi akeh curute. Tapi tetep tak tahan ae lah. Aku gak sepiro fokus ndeloki sekitar soale fokusku mek gawe ngindari curut. Aku njarno koncoku kate lapo ae, pokok gak sampe adoh-adoh banget lah. Moro aku gak sengojo nyenggol sesuatu dan aku langsung kaget lah soale munine sampe nggema sak Guo. Pas tak jupuk barang opo sing logor, aku tambah kaget pindo. Tak sentrong nganggo senter, kagetku malah nambah maneh soale sing nang tanganku iki dadakno batu mulia sing wes langka banget dan dadi inceran akeh uwong.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9128", "text": "Aku iku sering banget nggatekno wong-wong sing nyalahgunakno kekuasaan e gawe muasno nafsune dewe. Gak usah adoh-adoh, nang ranah masyarakat ndek sekitar omahku ae sek akeh sing ngelakoni hal koyok ngono. Misale, wong sogeh sing sak karepe dewe nuku tanah nggon e wong miskin sing dadi sumber pencaharian e iku. Nek wong miskin iku nolak, wong sogeh e bakal ngancem sing aneh-aneh. Aku iku yo kadang mbatin ambek wong-wong sing koyok ngono iku. Opo mereka iku gak wedi kenek karma yo. Soale kan sembarang kalir tindakan iku pasti onok timbal balik e. Gawe awakmu kabeh, ojok sembarangan gawe ngancem sopo ae nek tujuane mek muasno nafsumu tok, soale karma iku bakal marani awakmu kapan ae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4465", "text": "Saiki sing jenenge perkoro utang iku wes ono nang -endi-endi, opo maneh saiki utang iku wes digampangno ambek wong-wong sing ancene buka usaha gawe ngutangi uwong maeng. Nah ngunuku yo isek ono ae wong sing isin nag utange maeng konangan wong padal ngunuku yo ora perlu isin. Soale utang iku wes mesti ono nang endi-endi. Contohne wong usaha gede mesti duwe utang gede. Nah perkoro iku iso dadi perkoro sing ngisine nag ancene deke iku dadi pejabat gede terus dunyone iku sak pirang-pirang kok moro-moro utang. Nah iku lagek dadi perkoro sing ngisine. Tapi sak liyane iku yo ora masalah, mergo utang iku kang wes lumrah.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7124", "text": "Kadang onok wong sing nggumun, lapo seh onok wong sing seneng banget mbari tuku barang teko duit tabungane. Padahal perasaan seneng iku mau wajar banget, gak onok sing perlu dirasa aneh. Perasaan senang sak marine tuku barang sing dipingini teko nabung iku valid banget. Opo’o? Siji, wong sing nabung iku wes akeh ngorbano hal liyane demi isok nabung. Mulai teko nahan jajan sampe gak dolen karo konco cek isok nabung. Loro, ben uwong sing entok barang sing disenengi iku pasti seneng banget, bah iku dikeki kado utowo tuku. Nek uwong wes isok tuku barang sing disenengi, terus tukune nganggo duit tabungane, wes pasti banget rasa senenge iku dua kali lipat, dan perasaan iku valid rek.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2069", "text": "Misale awak dhewe wis tuwo lan urip dhewekan, awak dhewe kudu duwe pola urip sing sehat. Urip dhewekan kui perkoro sing paling awak dhewe wedeni pas wis tuwo sesok. Soale yen awak dhewe lara mengko ora ono sing jagani. Wong tuwo kui nek wis lara menurutku ngerepoti banget. Fungsi organ lan otote wis ora koyo pas dheweke isih enom. Contone kui yen wong tuwo tibo mungkin wae ora iso tangi dhewe. Dheweke butuh putilungane wong liyo utowo kudu nganggo alat bantu lan cekelan karo perobatan sing ono neng samping-samping. Padahal masalahe ora mung neng kono. Akeh perkoro sing ora iso diurus dhewe karo wong tuwo yen wis lara.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "750", "text": "Duwe konco sing senengane nesu-nesu ora cetho kui malese banget. Kui koncoku kuliah. Dheweke kui tau seko kelas isuk kui wis ngedumel terus. Opo-opo dikomentari karo dheweke. Dosen sing biasane ketemu dianggep swarna ganggulah pas ngajar. Opo kursine kui dadi keroso keciliki. AC neng ruang kelas jarene panas banget, padahal suhune wis dimidunke tekan 18 derajat. Dheweke pokokmen ngoceh wae pas kui. Aku lan konco-konco liyane bingung, piye meneh kudu ngeladanine. Tekan kui wayah mangan awan, awak dhewe magan bareng neng kantin. Pas mlebu kelas meneh, dheweke dadi anteng. Oh saiki awak dhewe ngerti, koncoku kui ket mau isuki ngelih wae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3819", "text": "Nag ancene pengen ngetut terus ora garai isin, iku ono carane. Nah carane iku maeng gampang, yoiku ditokno gal saitik ben ora konangan wong akeh, tapi nag ancene rumongso ambune basin, yo kudu nang gagih mireh ben ora keroan wong akeh. Opo maneh nag ngentut nang panggonan umum kan enak ora gampang konangan polahe akeh wong sing ancene nang kono. Dadi nag ancene pengen ngentut yo ngentut ae, lapooh isin barang wong iku lo wes perkoro sing lumrah, mosok gak oleh ngentut, terus aturan sing nyeneni ora oleh ngetut yo ora ono. Mangkane ora atek isin nag ngetut. Soale nag diempet iku dadekno penyakit sing larang regane ambek tambanane.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7522", "text": "Vonis iki nek nang KBBI iku artine putusan hakim pas nang sidang pengadilan sing onok kaitane ambek persengketaan ndek antara pihak sing maju nang pengadilan. Tapi tambah suwe kata vonis iki maknane dadi bergeser dadi putusan seseorang. Sing paling dikenal sisan iku vonis dokter. Vonis dokter iki diibaratno putusan dokter tentang penyakit sing dialami pasien. Putusan iki isok berupa diagnosis, kemungkinan waras ta gak, prognosis, utowo derajat abote suatu penyakit sing diderito pasien iku mau. Vonis dokter iku yo onok proses e, gak ujug-ujug ngevonis. Biasane pasien iku bakal diperikso, terus ngelakoni tes lab, ambek screening kesehatan sing liyane ben isok mutusno hasil penyakit sing diderito pasien.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3436", "text": "Kabeh wong nag ono bencana alam mesti wedi, salah sijine bencana sing gelek kedaden nag wayai udan yoiku banjir. Bencana iki ancene gelek gedaden polahe bejate alam sing digawe menungso. Sebabe banjir iku maeng koyok akehe alas sing dibabati menungso terus ora ditanduri maneh, mari ngunu akehe sampah sing wes numpuk terus akeh kali sing ilang ambek dadi bangunan sing dadekno banyu ora iso mlebu nang lemah. Mari ngunu banjir iku pirang-pirang yaiku ono sing diarani banjir bandang, terus ono maneh sing jenenge banjir rob, terus ono sing banjir. Nah sing paling gelek kedaden yo banjir karo banjir bandang mergone wes akeh alas sing digunduli.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7105", "text": "Yaopo perasaanmu pas ketrimo kuliah nang jurusan sing mbok senengi? Wes pasti seneng banget gak sih. Tapi onok siji sing kudu mbok gatekno, yaiku mulai ngoolek kabehane tentang jurusan nang kampus sing nompo awakmu iku. Tujuane cek awakmu gak lholak-lholok pas wes melbu kuliah pertama kali. Soale roto-roto opo sing engkok bakal mbok pelajari nang kampus iku bakal bedo banget ambek sing wes tau mbok pelajari nang SMA, dan roto-roto mahasiswa anyar akeh sing culture shock mergo iku. Terus cara pembelajaran nang ben kampus iku bedo-bedo tergantung akreditasine, dadi awakmu mulai nggolek-nggolek sisan tentang iku cek awakmu gak kaget nemen pas wes kuliah nang kampusmu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2506", "text": "Bocah-bocah saiki akeh sing seneng polahe diterimo nag perguruan tinggi. Tapi ono ae sing sedeh polahe ora mlebu nang perguruan tinggi. Roso seneng sing koyok nginiki iku asline oro mog angger roso seneng. Tapi campuran roso bahagia ampek lego sing dirasakno ati dadine roso seneng iki ora karuan rasane. Roso seneng iki kebentuk teko roso lego soale usaha sing dilakoni ono wujude ambek ora sio-sio, sak liyane iku yo ambek kecampuran roso lego sing dirasakno ati sing iso dadekno pikiran plong soale ora ono beban maneh soale usahae ngetokno hasil sing apik. Tapi awakmu kabeh kudu ngerti nag roso nginiki asline yo iso dadi elek yo iso dadi apik karek kelakuanmu sing mok gawe mujudno roso seneng maeng. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7284", "text": "Awak dewe pasti sedih nek kudu pisah ambek konco, opo maneh nek iku konco apik. Rasane gak rela nek kudu pisah ambek mereka, tapi karena kondisi karo situasi, dadi gelem gak gelem kudu pisah. Perpisahan nang urip iki wes dadi hal sing normal. Nang urip iki, uwong iku teko dan pisah nang uripe awak dewe. Gak bakal onok uwong sing selamane selalu bersama. Bahkan gawe pasangan suami istri, suatu saat mereka pasti bakal dipisahno, contohne dipisahno karo maut. Nek onok uwong sing pergi teko awak dewe, pasti bakal onok uwong sing teko nang awak dewe. Sikluse bakal terus-terusan koyok ngono.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4852", "text": "Salah sawijining cara kanggo ngabadikake momen lan pengalman sing nyenenganke lan apik ing saban acara kuwi liwat fotografi. Wong kang seneng fotografi mesti nggolek cara utawa alternatif kanggo nduweni cerita. Sing lagi akeh digawe yaiku kamera saka kertas. Kamera iki nduwe fungsi sing padha karo kamera analog, nanging bahane saka kertas lan luwih apik kanggo lingkungan. Kamera iki nduwe kekuatan 16 megapiksel lan wis bisa njupuk gambar lan video. Ukurane luwih tipis lan luwih bisa muat akeh gambar amarga nganggo penyimpanan kartu memori. Kamera iki entheng lan bisa dinggo ning acara apa wae kanggo ngrekam kabeh momen lan pengalaman paling apik. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1476", "text": "Awak dhewe kerep jijik neng ngambu panganan sing wis busuk. Awak dhewe sok lali yen isih duwe pangan turah lan sesoke panganane kui wis ora iso kepangan meneh. Supoyo awak dhewe ora guak-guak panganan lan ora jijik karo panganan sing wis awak dhewe gawe kui, awak dhewe kudu pinter-pinter nyimpen. Supoyo panganane dhewe ora gampang mambu, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, pas rampung manga, awak dhewe iso langsung nyimpen turahane neng kulkas. Sing keloro, awak dhewe uga iso langsung ngetke panganane supoyo sesok e utowo mengko soren isih enak. Sing ketelu, awak dhewe kudu iling kapan masake. Dadi ngerti, kapan panganane kui kudu dingeti utowo dileboke kulkas.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2590", "text": "Tahun 2018 pas aku ketepakan keterimo nag salah sijine PTN negeri nang kota gedeg, aku oleh kabar nag aku bakal duwe ponakan cilik maneh. Lah aku senenge pol polahe anggota keluarga lahir ambek nambah calon dolananku maneh. Soale biasane nag aku petok ponakan cilik-cilik mesti tak jak dolanan sampek bocahe nangis kepegelen. Mangkane aku jelas senege pol masion aku ora nang enggon pas ponakan iku lahir. Lah saiki pas wes gede ngene iki mesti nag aku muleh nang omah, mesti ngejak dolanan, nag biyen bocahe seng pegel tapi nag saiki ganti aku sing pegel nag dijak dolanan soale ono wae sing digawe dolanan. Mnagkane saiki nag moleh aku lagnsung sengedan soale wes jelas ora iso leren.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8466", "text": "Uwong iku pasti tau ngutang nang wong liyo, bah sitik bah akeh. Tujuane pun macem-macem. Salah sijine iku mergo kepepet dan gak nduwe duit blas dan akhire kepekso ngutang. Tapi awakmu kate ngutang koyok yaopo, akhire kudu dilunasi sisan. Terus yaopo nek misal kondisi keuanganmu sek gak apik, tapi wes kudu wayahe ngelunasi utang? Aku nduwe carane. Siji, tulis budget sing detail terus jelas. Loro, bedakno gak nduwe duit karo nganggo duit berlebihan. Telu, gawe rencana. Papat, leren ngutang. Limo, nggolek cara gawe nekan pengeluaran. Terakhir, bayar tepat wektu. Iku mau cara-cara sing isok mbok lakoni gawe ngelunasi utang nek kondisi keuanganmu lagi gak apik.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4391", "text": "Biyen pas aku isek cilik, aku senengane mancing nang pinggire waduk sing ono nang desoku, nah pas mancing iku maeng mesti bareng-bareng ambek konco-konco soale enak nang ngenteni iso ditinggal dolanan barang. Nah pas pancinge koncoku iku maeng disendate iwak, bocashe senenge megilan mergo ketoke iwake gedene megilan. Terus pas digeret pancinge maeng, tibake iwake maeng nyantol nang jero kresek ireng terus sing jijiki yoiku kreseke maeng isine koyok teleke wong sing ancene mlebu kono. Nah bocahe langsung bingung polahe iwake yo rodok kede, akhire diseret ae ambek diedel-edel karo ngomong \"hi..hi.. hi..\" jengekeli cah. Yo mergo iwake rodok gede maeng mangkane bocahe sampek belani koyo ngunu maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5204", "text": "Dhemit utawa setan iki ana sing percaya, uga ana sing ora percaya. Ning kepercayaan wong indonesia, dhemit iki ana kaitane karo alam gaib sing isih nyambung karo alam dunya lan ditambah anane dendam saka wong sing sengsara. Ning film indonesia iki dhemit iki bisa nuntut bales kaya cerita kuntilanak, sundel bolong, lan setan liyane sing ceritane mati amarga dipateni utawa dirudapaksa karo wong sing ora tanggung jawab. Nanging ana sing ora percaya amarga setan utawa dhemit kuwi tekane saka alam pikirane menungsa dhewe ditambah penggambaran film sing katon tenanan lan cedhak karo urip masyarakat uga tekane digambarake ngageti lan marai kaget. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4309", "text": "Wong sing tau delok mutahan mesti kadang bakal ngeroso jijik pas delok sing jenenge mutahan maeng. Nah mutahan iku ancene termasuk barang sing jijiki mergo barang iku maeng teko jero weteng sing bakal dadi telek. Nah sing garai mutahan maeng iku jijik yo mergo ambune ambek rupane maeng. Terus jarene koncoku sing delok terus ora ngeroso jijik iku mesti nganjurno nang wong sing jijikan nag pas delok mutahan maeng kudu mireh wae teko sing jenenge mutahan maeng mergo nag ora mireh mesti iso ae tambah ketularan mergo delok barang sing iso marakno deke mbunek-mbunek nag apan masih barang iku maeng. Dadi sing tepok palang ora atek diterusno nag ancene ketepakan petok.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6136", "text": "Sajane sing marai wong isin ngomong ning ngarep kelas yaiku anane kanca sing ora ndukung kemampuan iki. Kaya misal pas presentasi, mesti ngguyu lan ngewenehi komentar lucu sing bisa ngerusak konsentrasi wong sing ana ning ngarep umum. Kabeh tingkah laku mesti diguyu. Amarga kuwi, kebiasaan iki bisa ngilangake rasa percaya diri wong liya. Sing perlu diubah yen ana wong sing seneng ngguyu kancane iki yaiku babagan ngurmati sapa wae sing ngomong lan ngewenehi ruang kanggo berpendapat. Yen ana babagan sing arep dibantah ya kudu ngenteni kanthi rampung lan diwenehi wektu kanggo berpendapat. Sing paling penting yaiku kudu mbedhakake wektu guyon lan uga serius.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4987", "text": "Perkara sing uga ora bisa tinemu dalan yaiku pegatan amarga kekerasan ning rumah tangga. Kekerasan iki sajane bisa dicegah, nanging yen rumah tangga ana kemungkinan gawe mbaleni maneh. Sak durunge laporan kanggo mutusake cerai, korban kuwi kudu duwe bukti visum sing kuat kanggo ngabulake permohonan cerai. Nanging visum iki ora oleh ditunda ben pengecekane ora samar lan isih ana bukti sing paling anyar saka kasus. Banjur bukti kuwi dilaporake ning kantor polisi. Yen wes terlapor, baru surat saka polisi iki bisa diajokake kanggo ning pengadilan. Korban kekerasan iki uga kudu oleh perlindungan sak wayahe pelaporan iki ben ora ana pengaruh saka pihak njaba. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7552", "text": "Sembarang ngimpi sing dialami awak dewe iku nduwe artine dewe-dewe. Salah sijine iku ngimpi ketemu karo konco lawas. Ngimpi ketemu konco lawas iki isok ditafsirno dadi hal sing apik. Nek awakmu ngimpi ketemu ambek konco lawas wedok, isok dadi tanda nek awakmu bakal ketemu karo jodohmu. Nek awakmu ngimpi ketemu karo konco lawas lanang, iku pertanda nek awakmu bakal entok rezeki utowo bakal dilancarno rezekine. Nek awakmu ngimpi ketemu karo sahabat lawasmu, iku pertanda nek awakmu bakal entok kabar baik sing wes mbok nanti. Nek awakmu ngimpi ketemu konco lawas sing mbok benci, iku berarti awakmu kudu fokus karo tujuanmu. Nek awakmu ngimpi ketemu karo konco lawas sing mbok senengi, iku tandane awakmu bakal ketemu ambek uwong sing wes mbok idamno.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5363", "text": "Negeri tanpa Telinga yaiku film Indonesia sing tayang taun 2014 lan disutradari karo Lola Amaria. Film drama iki salah siji bentuk sarkas marang pemerintah sing ora adil lan isih korupsi uga rebutan jabatan. Film iki njupuk sudut pandang saka tukang pijet langganane para pejabat. Tukang pijet iki weruh kabeh gosip negara saka wong sing dipijet amarga sering dianggep kurang mampu lan ora pinter. Tukang pijet iki bingung amarga dekne weruh rahasia pejabat sing paling gedhe yaiku babagan korupsi lan dekne mulai diteror. Amarga kuwi, dekne milih lunga marang Dokter THT lan ngomong yen njaluk dikethok wae kupinge ben ora bisa krungu apa-apa. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1470", "text": "Aku arang dolan-dolan neng omahe koncoku. Pas sekolah biyen, aku tau dijak koncoku neng omahe. Awak dhewe bar bali sekolah lan arep lungo meneh golek keperluan acara sing bakal diadake neng sekolah dino Minggune. Sak durunge mangkat, awak dhewe salat magriban bareng neng kamare. Bar kui, awak dhewe mangan bareng. Awak dhewe mangan opo sing ono neng mejo makane. Pas awak dhewe arep rampung manga, simbahe koncoku teko. Dheweke ngomong yen sebenere pangane sing awak dhewe pangan kui wis mambu. Bar kurungu kui, awak dhewe bareng-bareng neng kamar mburi. Awak dhewe mukok bareng-bareng neng kono. Wis lego, terus awak dhewe guyu bareng-bareng. Soale, ora ono sing sadar yen kui wis mambu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5346", "text": "Macet iki salah siji kedadean sing kadhang bisa diprediksi, kadhang ya ora amarga macet iki bisa disebabake karo wayah liburan sing dawa lan serentak ning akhir minggu, uga kadhang disebabake karo dalan sing rusak, bencana alam, utawa ana kecelakaan sing uga ora bisa diprediksi. Kamangka, ben perjalanan lancar, ana cara sing bisa dilakoni. Kaping pisan yaiku ndelok jalur sing arep diliwati saka peta sing ana ning HP amarga peta iki bisa nduduhake jalur-jalur sing macet. Kaping pindhone, mumet pas macet iki bisa dihindari nganggo pengetahuan babagan jalur alternatif. Kaping telu, kudu bisa ngerencanakake perjalanan lan kudu ngerti kapan wae wayah kendaraan macet. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7525", "text": "Wong-wong sing kenek penyakit serius koyok kanker iku akeh-akehe konangan pas wes stadium akhir dan ujung-ujunge akeh gak selamete. Hal iku mergo wong-wong iku mau ngeroso nek awake iki sehat-sehat ae, dadi gak perlu atek perikso. Padahal wong sing ketoke sehat iku durung tentu kondisi awake sehat 100 persen. Makane iku penting e screening awak secara rutin. Screening tubuh paling gampang iku mulai teko cek tensi, cek kadar gulo, cek kadar asam urat, karo cek kadar kolesterol. Patang hal iku sing kudu dicek rutin, soale sembarang penyakit iku akeh-akehe sumber e yo teko patang kadar iku mau sing gak normal, bah iku kendeken utowo keduwuren.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2511", "text": "Winggi aku petok karo koncoku sing biyen sak kelas ambek aku pas kulia. Bocahe ora sepiro seneng cerito masalah kuliah'e soale biyen pas kau lulus bocahe isek bingung mikirno bayar semester. Lah terus aku kaget pas waktu iku moro-moro bocahe cerito nag deke seneng soale lulus ujian tahun iki. Bocahe senege pol lulus ujian iku. Mangkane bocah'e metok'i aku ben mene pas wisuda aku moro nang wisudah'e gawe konco. Soale bocahe sing paling telat dewe terus ora ono sing akrab ambek bocah'e. Akhire aku yo seneng kerungu berita iku. Mangkane langsung tak iyo'i wae. Mari ngunu bocah'e ngejak aku mangan ambek konco-konco sing wes tau ngewangi dek'e pas biyen isek kulia nang kampus.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9401", "text": "Duwe impen sing dhuwur ora dadi masalah. Kanggo Ihsan, duwe impen sing dhuwur iku salah siji wujud kanggo sinau tanggung jawab. Ihsan wis suwe pengin kuliah ana ing Walanda. Ihsan ora tau goyah lan wedi amarga impene sing kanggo saperangan wong iku dhuwur banget. Akhire, Ihsan bisa mbuktikake yen dheweke bisa kuliah ana ing Walanda. Ihsan njupuk jurusan bisnis lan niat kanggo nerusake bisnise wong tuwane sing ana ing Indonesia. Nalika Ihsan ketampa ana ing Walanda, Ihsan langsung ngelakokake apa sing wis dijanjeni nalika dheweke ketampa yaiku pasa nadzar seminggu. Iki awujud rasa sembah nuwune Ihsan marang Gusti amarga wis ngabulake panjaluke kuliah ana ing Walanda.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3454", "text": "Aku tau keweden polahe ditotno wong sing aku dewe ora ngerti. Prosoku wong sing moro-moro ngetotno nag pas nang dalan iku biasane negak begal yo ancene tujuan mlakune podo. Terus wong sing ngunuku biasane kadang pengen ngetotno ora polahe neiat elek tapi ancene golek barengen. Terus sing garai wong keweden koyok ngunuku biasane yo teko pikirane dewe sing mikir macem-macem soale ancene pikiran elek ambek sing macem-macem biasane dadekno opo sing nang pikirane maeng iso ae kedaden benerean. Terus nag ancene kepikiran koyok ngunuku yo jane nang diilangno nag ancene nang perjalanan ben mlakune iku maeng iso anteng ambek ora kedaden opo-opo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8409", "text": "Klambi ambek celono iku onok muacem-macem jenise, dan digawene teko kain sing bedo-bedo sisan. Jenis klambi karo celono iku mau dibedakno berdasarno kegiatane. Semisal celono training sing digawe olahraga ambek kegiatan sing akeh obahe, utowo tuksedo sing digawe klambi resmi dan gak akeh obahe. Makane onok sing ngomong, atur kelakuan sesuai klambi sing mbok nggo. Tujuane iku ben klambi utowo celono sing digawe iku gak suwek dan gak ngisin-ngisini awake dewe. Misal awakmu nganggo tuksedo malah akeh obahe, yo pasti bakal suwek lah. Dadi gawe awakmu kabeh, ilingo, atur kelakuan sesuai klambi sing mbok gawe ben gak nggladak rai karepe dewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "699", "text": "Awak dhewe kudu golek wong sing spesial neng uripe awak dhewe. Wong sing iso nyemangati awak dhewe pas lagi sedih. Wong sing iso dadi konco crito yen awak dhewe kui lagi entuk masalah. Yen awak dhewe iso nemuke wong sing koyo ngono kui, awak dhewe bakal ngomong dhewe, kenopo aku ora ketemu dheweke ket biyen-biyen. Emang, wong sing cocok karo awak dhewe kui ora gampang ditemoke. Mungkin, awak dhewe bakal kenal karo akeh wong, beberapa ono sing koyone cocok, nanging neng akhire tetep wae ono hal sing ora sreg. Nanging tetep, wong sing spesial kui kudu awak dhewe golek supoyo uripe awak dhewe iso luwih bahagia.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1549", "text": "Pas awak dhewe salah nyeluk wong kui sak yogyane awak dhewe jaluk ngapura karo wonge. Awak dhewe pancen ora salah opo-opo. Awak dhewe ngirana wonge kui wong sing awak dhewe kenal nanging jebul salah. Ora ono sing salah seko kui. Nanging, awak dhewe apike tetep jaluk ngapura neng wonge kui. Sebenere, awak dhewe ora usah ngomong persis kui, sing penting awak dhewe iso basa-basi. Yen awak dhewe iso nyempetke ngobrol sedilit karo wonge kui bakal luwih apik. Soale, dheweke bakal luwih ngeroso dihargai. Awak dhewe uga ora rugine ngelakoke kui. Awak dhewe iso nambah kenalan lan sopo ngerti dheweke bakal ngewangi awak dhewe pas mengko awak dhewe butuh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3024", "text": "Kabeh wong mesti srengen nag diselingkuhi opo maneh nag diselingkuhi bojone tambah rasane koyok kiamat. Ambek koyok ora iso ambekan. Tapi roso ngeniki nag jareku sih wes umum nang dirasakno kabeh menungso soale sing jenengi diselingkuhi mesti ngelarakno ati dadi iku wajar ae. Tapi nag jarene koncoku srengen nag diselingkuhi iku karek delok sing nyelingkuhi iku pacar utowo bojo, nag bojo kudune srengen ambek wes dadi lumrahe menungso. Tapi nag pacare iku ora kudu srengen soale sing jeneng pacar iku durung karuan nggonanmu dadi srengen polahe diselingkuhi pacar iku ora kudu srengen tapi kudu sabar ambek bungao soale iso ngerti sifate pasanganmu maeng.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3006", "text": "Wong sing antri mboh iku nang pasar, swalayan, bank yo mesti mangkel ambek ngrundel lah neng ati nag disrobot. Opo maneh nag antriane dowoe pirang-pirang meter rasani koyok pengen idak-idak wong sing nyrobot. Tapi opo yo kudu srengen ono nang ngarepe wong akeh terus gelut mergo perkoro ngunuku. Soale sing garai srengen iku ora nyroboti taki kelakuane wong sing nyrobot maeng kudu didandani sak apike karo omongan sing langsung kenek nang atine wonge ben wonge ngeroso nag wong iki maeng salah. Dadi ora perlu rame-rame cuku diberiki alon-alon nag wong iku maeng ora pantes dilakoni soale wes ora koyok cah Tk maneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3718", "text": "Kabeh wong mesti duwe roso jijik utowo risih nag delok sing jenenge jeding ora tau diresiki soale iku ketok kemproh ambek ota resih sing iso marakno ambune iku ngeluwehi peceren bangere. Nah iku sing garai wong iku ora mentolo nag mlebu jeding sing koyok ngunu. Opo maneh nag isek ono barange sing durung diguyang yo tambah ora karoan. Mang kane nag ancene delok ngunuku terus ora mentolo yo nag iso ojo diterusno oleh masi, langsung tinggal mereh ae. Kan kabeh iku iso dadekno roso jijik ambek mangkel nang didelok disik. Mangkane nag iso yo wes ditinggal ae ben ora dadekno perkoro sing elek ambek kepikiran sing ora-ora.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3335", "text": "Akeh-akehe wong mesti tau ngalami keweden polahe kepepet terus akhiri ngelakoni opo sing iso dilakoni. Contone wong sing kenek corona wingi iku yo akeh wong sing kepet terus akhire deke tuku pil sembarang sing penting vitamin kenek gawe marasno ambek jogo awak padal ora ngerti fungsine iku vitamin opo. Lah keweden sing ngeniki iku yo ora apik soale iso mengaruhi mentale terus akhire dadekno gangguan mental sing awak dewe ora ngerti mental iku ngarah nang apik opo elek. Dadi nag sekarat iku yo ojo sampek keweden nemen-nemen soale engko nag saking keweden iku iso dadekno awakmu iku tegang ambek perkoro iku terus akhire dadekno traum nang perkoro iki maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7294", "text": "Wong sing urip dewe iku biasane suwe-suwe bakal ngeroso kesepian mergo gak nduwe konco. Wong nek wes ngeroso kesepian iku nduwe resiko kondisi kesehatane tambah mudun. Wong sing kesepian luwe gampang ngeroso pegel, minder, angel turu, ngalami cemas berlebihan, dan suwe-suwe dadi depresi. Nek wes depresi, wong iku bakal males lapo-lapo, terutama ngeramut awake dewe. Suwe-suwe nek koyok ngono daya tahan tubuhe bakal menurun dan tambah suwe tambah lemes. Dan iku isok merambat nang perubahan berat badan sing drastis, gangguan pencernaan, bahkan sampe masalah jantung karo pembuluh darah. Dadi rasa kesepian iku gak isok dianggep sebagai sesuatu sing remeh. Soale efek e gawe tubuh iku isok seserius iku.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7154", "text": "Akeh banget wong sing ngiro pengalaman paling menyenagkan nang urip iku mesti teko kejadian sing gede. Padahal iku gak mesti bener. Hal-hal remeh yo isok dadi pengalaman sing menyenangkan. Contohe koyok sing tau tak alami. Pas kuliah, aku tau nggarap event mulai teko Januari sampe November. Wes ngono aku sek kudu kuliah dan nggarap tugas-tugas kuliah sisan. Dadi pas event iku wes mari, aku langsung manfaatno dino prei gawe me-time an. Iku pun gak sing mewah ta yaopo, mek nongkrong nang salah siji kafe sambil ngopi dan moco novel. Sederhana to? Tapi iku dadi pengalaman menyenangkan soale iku dadi bentuk perayaan kecil-kecilan setelah digempur kesibukan tiada henti.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "651", "text": "Koncoku tau ketemu aku, nanging akune sing ora sadar. Koncoku kui, ngirim pesan neng HP-ku jarena dheweke delok aku. Aku buka pesan kui pas wes neng duwur sepur. Ora nyangka awakku yen ono konco sing numpak sepur bareng. Bayanganku, lumayan iki aku dadi duwe konco ngobrol selama perjalanan. Trus, aku jawab pesan mau, aku takon koncoku ono neng gerbong endi. Aku ngenteni jawaban seko dheweke sue banget. Yo wis lah ora opo-opo, timbangane ngenteni, mending tak tinggal turu. Aku turu kui lumayan iso sekitar 2 jaman. Pas tangi, ono notifikasi pesan seko koncoku. Jarane dheweke ora numpak sepure. Nanging mau delok aku neng stasiun. Dheweke bar ngeterke dulure sing arep bali.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2030", "text": "Mangsa udan kui biasane ono neng sasi Oktober tekan Maret. Nanging mergo ono pemasanan donyo, mangsa udan kui dadi rodo aneh. Mulaine iso luwih cepet utowo luwih mundur. Rampunge uga podo ora cethone. Mergo kui udane dadi luwih angel diprediksi. Kui gawe petani iso gagal panen lan gawe bingung wong-wong neng panggon sing biasane banjir. Nek udane iso diprediksi, wong-wong kui iso nyepake kahanan rumah sak durunge banjire reko. Dheweke podo iso ngurangi dampak elek sing digawe karo banjir. Wong-wong iso podo cepak-cepak lan pemirintah iso langsung nyepake bantuan sakdurunge banjire teko. Senadyan kanggo wong kui kudune banjir biasa wae, nanging mergo ora iso dikiro-kiro kui saiki wong-wong dadi podo wedi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2530", "text": "Ulan wingi aku seneng pol soale menang undian sing diadakno karo kampus. Undian iku hadiahe sangare pol soale kanggo mahasiswa sing menangno undian iku iso gratis ora atek bayar semester akehe 2 semester. Mangkane pas aku menang langsung senenge pol soale ora kabeh wong oleh undian sing tepak hadiah iku. Yo ancene ono sing oleh undian, tapi hadiah'e sing bedo-bedo. Ono sing oleh sepeda, ono sing oleh tas, ono sing oleh laptop ambek liyan-liyane. Undian iku maeng asline kanggo ngeramekno ulang tahun kampus sing ke 40 ambek meringati hari pendidikan nasional sing diadakno ambek kementerian pendidikan mangkane ramene megilan ambek hadiahe gede-gede. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2053", "text": "Alesane wong ngetuti wong liyo kui werno-werno lan wong sing wis niat ngetuti kui bakal ngetuti neng endi wae lan neng kahanan serame opo wae. Wong bakal ngetuti awak dhewe neng pasar. Pasar kui ora mungkin sepi, opo meneh pas isuk utowo pas bengi. Dheweke bakal ngetuti awak dhewe ngeliwati segoro menungso. Dheweke bakal pura ethok-ethoke dadi wong sing arep tuku neng bakul pasar utowo malah dheweke sing dadi bakule. Dheweke uga bakal ngetuti awak dhewe neng gang sing sempet, sing ora ono wonge. Panggon sing dheweke enteni mergo yen awak dhewe bengok-bengok ora bakal ono wong sing mlayu nulungi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "787", "text": "Awak dhewe mungkin wis ngelamar gawean luwih seko satus kali. Seko satus kali kui ono 10 sing lanjut tekan tahap wawancara, nanging ora ono siji-siji seko tes kui sing marake awak dhewe ketompo kerjo. Ojo nesu. Neng donyo kerjo kui biasa. Ojo ngenteke wetku kanggo nesu lang ngelakoke hal sing ora penting. Luwih apik, awak dhewe evaluasi kenopo awak dhewe angel golek gawean. Sing kesiji, mungkin CV sing awak dhewe kurang ringkis lan durung iso memenuhi kriteria sing digolek perusahaan. Sing keloro, portofoliane awak dhewe kui kurang akeh utowo kurang meyakinkan. Sing ketelu, carane awak dhewe menyampaikan informasi ngaggo tulisan kui kurang rapi lan kurang sopan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4473", "text": "Nyolong iku termasuk perkoro elek sing kudu diadohi ambek wong akeh. Nah sing jenenge nyolong iku maeng yoiku termasuk penggawean sing jipik barange wong liyo tanpo ono sing ngerti utowo tanpo ono ijine wong sing duwe barang iku maeng. Nah wong sing biasa ngelakoni ngenenki yo mesti ora duwe isin. Tapi nag wong sing ora tahu ngelakoni perkoro nginiki terus uripe kepekso akhire nyolong bakal isin nag ngelakoni perkoro nginiki, mangkane sing awitan ngelakoni ngeneki biasane westi keweden ambek wedi nag konangan karo song sing dikenal terus akhire wonge maleh dadi elek nang motone wong sing dikenal maeng. Dadi nag iso yo wes ora atek nyolong.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4329", "text": "Telek iku ancene barang sing gilani ambek rusoh kanggo wong sing ngerti nag kanggo wong gendeng yo ora lapo-lapo. Nah telek iku nag kenek mesti marakno wong sing kenek iku jembere setengah amti mergo iku termasuk barang sing rusoh ambek ambune maeng ora enake megilan. Nah kudune nag ancene kenek barang iku maeng ancene kudu nang diumbah utowo diijuki ben ora marakno penyakit utowo ambune ben nang ilang, nag soale nag ora nang diijuki utowo diumbah jelas iso marakno penyaki mergo telek iku termasuk barang sing rusoh ambke blaheni kanggo kesehatane mengungso nag ancene kenek perkoro iku maeng. Dadi kanggo wong jijikan barang nag ancene delok telek iku ngeroso jijik yo ojo sampek kenek.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8429", "text": "Biasane, wong nek wes kadung kebelet iku maleh gak fokus karo sekitare dan bakal gopoh karepe dewe gawe buang hajat e iku mau. Kadangan wong iku mau sampe gak ndelok simbol sing onok nang ngarep toilet iku mau dan maleh keliru melbu toilet. Nek wes ngono, akhire pasti dadi isin karepe dewe. Makane nek wes ngono iku, kudu luwe teliti maneh. Iyo seh ancene angel gawe fokus nek wes kebelet pol iku. Tapi setidake gatekno sekitar sisan, ojok gopoh karepe dewe. Engkok nek sampe keliru melbu toilet, sopo sing isin? Yo awakmu dewe lah. Dadi nek awakmu lagi kebelet, ilingo, gatekno sekitarmu.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6105", "text": "Kegiyatan sing mbutuhake gerak akeh kaya atlet lan uga wong sing ana ning seni pertunjukan kuwi mestine butuh nganggo klambu utawa kostum khusus sing bisa ndukung penampilan lan uga kepenak didelok. Sing paling penting yaiku bahan sing digawe kudu nyaman, elastis, lan uga ora nampilake bagian awak sing kudune tertutup. Antisipasi penari utawa atlet sing kegiyatane mbutuhake gerak akeh iki yaiku amarga pertunjukan iki kudu sampurna sekabehe lan ora ninggalake kesan sing elek kaya isin amarga malfungsi pakaian sing suwek lan ngurangi kepercayaan diri saka sing nganggo kostum. Kepercayaan diri iki bisa ngaruh marang penampilan lan kenyamanan pas lagi pentas utawa turnamen . ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1189", "text": "Awak dhewe ora perlu kuwatir lagi yen misale awak dhewe kepekso lunga neng daerah sing awak dhewe ora kenal. Soale, saiki neng endi wae panggon-panggon kui wis luwih aman. Biyen, awak dhewe sering kurungu ono wong sing begal lan wong sing ngelakoe perkoro-perkoro bejat liyane. Nanging saiki, awak dhewe wis iso lego setik. Soale tingkat kriminalitas kui midun adoh seko jaman biyen. Ora iso awak dhewe bantah yen isih wae ono wong-wong sing arep nyopet, ngelecehke, lan perilaku bejat liyane. Naning, kemungkinan luwih sitik. Wong-wong uga soyo gateke lingkunangane lan gelem ngewangi wong pas lagi kesusahan. Dadi neng jaman saiki, awak dhewe ora perlu kuwatir yen arep lunga neng endi wae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4421", "text": "Pas dolan nag perpus kota sing ono nang Kota Batik, koncoku iku moro-moro kudu nguyo, nah tibake bocahe maeng iku kleru oleh mlebu jedinge mergo ancene jejer lawange tapi asline nang jero iku seje. Nah pas mlebu moro-moro bocah wedok sing nang jero yo berok-berok. Terus bocahe langsung metu ambek mlebu sing pinggire, nah pas metu deke iku rodok isin mergo ancene kleru oleh mlebu jeding maeng. Yo ora gaok se, mergo sing jenenge wog kleru iku wes biasa kedaden nang endi-endi. Opo maneh nag wong sing budale kesusu yo tambah gelek dedaden perkoro iku maeng. Mangkane masio iku maeng kesusu kudune yo ati-ati ben ora sampek kedaden perkoro sing ngisini.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "777", "text": "Jaman saiki sak ben opo sing awak dhewe omongke kui duwe potensi menyinggung perasaane wong liya. Wong neng wis tersinggung iso ngamuk-ngamuk ora cetho, malah tekan iso ngekei awak dhewe surat somasi. Ben iki ora kedaden, ono perkoro sing awak dhewe gateke sak durunge awak dhewe ngomogn. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngerti karo sopo awak dhewe ngomong. Yen karo konco dhewe, ora masalah awak dhewe meg ngomong koyo opo wae. Dheweke bakal ngerti yen awak dhewe ora duwe maksud ngelarani atine. Sing keloro, yen misale awak dhewe ngomong neng panggon umum, awak dhewe kudu iso milih-milh kata sing sifate umum. Sing ketelu, yen misale awak dhewe ora sengaja ngucap kata-kata sing menyinggung awak dhewe kudu gelem jaluk ngapura.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9080", "text": "Pas krungu bel, guruku langsung nutup pelajaran dan awak dewe kabeh isok istirahat. Koyok biasane, aku langsung nang kantin sekolah gawe tuku sego goreng bungkusan. Mbari bayar, aku karo koncoku langsung lunggo nang meja sing kosong. Enak-enak mangan, moro onok salah siji guru sing njaluk gabung. Aku ambek koncoku iyo iyo ae. Terus pas kate mangan, aku ndelok guruku koyok wedi karepe dewe pas kate nyoplok karet gelang nang sego bungkus e. Aku langsung nawarno gawe mbukakno sego bungkus e guruku iku mau. Beliau langsung nyerahno sego bungkuse nang aku. Pas wes mari, langsung tak kekno guruku. Terus aku takon, opo’o kok keweden nemen ambek karet. Guruku njawab nek beliau iku fobia ambek karet. Mbasio rodok gak masuk akal, tapi aku iya iyo ae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5750", "text": "Aku seneng banget nonton bioskop sing tayang wayah bengi amarga biyasane luwih sepi lan luwih bisa konsentrasi nonton. Film sing biyasane rame, yen nonton wayah bengi iki dadi luwih sepi lan bisa milih lungguhan sing penak. Banjur bali kerja, aku nonton bioskop dewean, yaiku film horor. Aku budhal menyang bioskop jam 8 bengi amarga film mulai jam setengah 9 bengi. Aku milih lungguhan sing paling dhuwur. Banjur ning sebelahku ana bapak-bapak sing ora tak kenal lungguh ning sebelahku. Wong kuwi ora ndelok film, nanging malah ndeloki aku. Nanging aku tetep nonton. Pas balike, aku ditutake karo bapak kuwi kanthi kosan. Aku ndredeg amarga mbayangake adegan sing ana ning film kuwi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8345", "text": "Nyamuk iku dadi salah siji penyebab penularane penyakit Demam Berdarah Dengue sing biasa disingkat dadi DBD. Salah siji penanganan penyakit DBD iku dilakoni fogging gawe mateni nyamuk-nyamuk sing bersarang nang pemukiman kono. Tapi faktane, fogging iku malah gak efektif gawe basmi nyamuk iku mau. Soale, fogging iku mek mateni nyamuk dewasa tok. Nek larva, ndhog, ambek jentik e iku gak bakal kebasmi. Padahal ndhog iku mau sing kudune dibasmi, soale tambah suwe isok berkembang dadi nyamuk dan isok tetep marakno penyakit DBD iku tetep onok. Kudune nek kate mbasmi, sekalian mulai akare ben tuntas. Nek ngelakoni fogging tok, yo podo ae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "326", "text": "Kegagalan kui ora iso awak dhewe hindari. Bar ngalami kegalan pisan, awak dhewe bakal cendurung ngindari kegagalan kui nganggo coro ora jajal hal sing awak dhewe ora iso capai kui. Emang kui iso ngindari dari sak kegagalan nanging ora neng kegagalan liyane. Rasa gagal kui kudu awak dhewe lawan yen isih arap tekan neng posisi sing awak dhewe impike. Sing pertama awak dhewe kudu nrimo kegagalan dhewe kui. Sing keloro, awak dhewe kudu dadi kegagalan kui sebagai bahan pembelajaran. Sing ketelu, awak dhewe kudu ngilangke rasa wedi kanggo jajal meneh. Ngilangke wedi kui pancen ora jamin awak dhewe ngentoke opo sing awak dhewe pengeni. Nanging, yen ora diwiwiti meneh, awak dhewe ora bakal tekan tujuan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4407", "text": "Sobo sing bakal ngerti nag telonone iku ate suwek, mesti arang wong sing ngerti perkoro iku maeng, mergo sing jenenge telono suwek iku ora kenek dibade. Nah nag moro-moro telono suwek iku ancene iso marakno wong isin. Nah sing garai isin iku maeng yo ora mergo telono sing suwek tok, tapi mergo keadaan suwek maeng sing kadang ancene ora pas, contohne pas nang ngarepe wong akeh moro-moro suwek, nag koyo ngunuku kan mesti isine, terus sak liyane iku suweke sing nang panggonan sing ancene iso marakno wonge maeng iso dadi isin setengah mati, contohne nang bokong utowo nang mestak. Mesti nag nang daerah kono kabeh wong mesti isine megilan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9093", "text": "Monitor ICU iku alat sing dinggo gawe mantau kondisi fisiologis nang pasien. Onok akeh jenis utowo tipe monitor pasien sing ono nang ICU. Di antara akeh jenise, onok telu sing paling sering digawe. Siji, monitor tanda vital. Jenis monitor iki nduwe parameter sing isok ngukur kondisi pasien secara umum. Alat sing siji iki hampir onok nang kabeh jenis Rumah Sakit. Loro, monitor limang parameter. Monitor jenis iki meh podo ambek monitor tanda vital. Bedane iku onok siji parameter sing ditambahno nang alat iki, yaiku temperatur. Terakhir, monitor pitung parameter. Monitor iki biasane digawe nang ruang operasi soale nduwe parameter sing luwe kompleks.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "399", "text": "Awak dhewe bakal ketemu titik neng endi awak dhewe kudu urip mandiri. Wiwitane, awak dhewe bakal ngeroso sedih. Ora ono wong sing awak dhewe ajak ngobrol. Mungkin, awak dhewe tetep iso ngobrol karo wong, nanging durung tentu awak dhewe iso ketemu wong iso nyambung. Awak dhewe uga kudu ngopeni kebutuhan dhewekan. Nanging, awak dhewe kudu iklas nerimo kesedian kui. Alon-alon, awak dhewe bakal ngerti ritmene piye corone urip dhewekan. Ning lingkungan sing anyar, awak dhewe bakal ketemu konco sing iso dijak curhat, konco sing dadi panggon sambat. Awak dhewe uga alon-alon iso ngopine uripe dhewe, piye carane ben kamar tetep resik, piye carane ben weteg wareg terus, piye carane ben awake ora lara. Kemampuan-kemampuan kui bakal berguna yen awak dhewe wis duwe anak. Anak kui ora iso urip mandiri, dadi opo-opo kebutuhane kudu awak dhewe cepake. Yen misale uripe dhewe durung mandiri, piye carane dhewe ngopeni anak.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8069", "text": "Wong-wong sing urip dewean iku biasane sering ngeroso kesepian. Biasane sing sering ngeroso koyok ngene iku wong-wong sing lagi merantau dan urip nang kos dewean. Nek awakmu pingin nggolek konco sing bakal terus onok gawe ngancani awakmu, coba ngamong kewan, contone koyok ngamong kucing. Ngamong kewan nang omah koyok kucing iku isok ngobati kesepian soale de’e gak bakal ngeroso dewean dan bakal terus ngeroso nek onok sing ngancani. Wes ngono, kucing iku mau isok dijak ngobrol bareng, dijak dolen bareng, pokok isok dijak lapo-lapo bareng. Dadi nek awakmu ngeroso kesepian, coba ngamong o kucing utowo kewan liyane ben awakmu gak ngeroso kesepian maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4457", "text": "Nag delok wong saiki klambinan, mesti akeh sing podo mergone saiki wong mesti gawe grup terus gawe klambi bareng. Nah ono maneh sing podone klambi ambek wong iku ketepakan ambek ora kenal ambek wong sing gawe klambi bareng maeng. Nah nag wes ngunuku maeng biasane sing podo iku mesti isin. Nah isine maeng alasane yo polahe klambine maeng sing podo ambek ora kenal sopo wonge. Nah sak liyane iku maeng sing garai isin jarene iku iso marakno anggepane wong sing masi nag wong sing klambine iku akeh sing madani berarti klambine deke iku ancene ecek-ecek ambek pasaran nang endi-endi ambek ora berkualitas. Nah mergo akeh sing nganggep ngunuku maeng mangkane nag ono wongsing klambine podo ambek wong sing ora dikenal mesti isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3452", "text": "Aku gelek ditotno wong sing ora ngeti asal usule teko endi. Pas aku ngeliwati alas Saradan mesti ono sing ngetotno, aku banter melok banter, aku alon melok alun. Akhire aku yo wedi dewe opo maneh dalane kan sepi. Nah nag alas iku maeng nag lewat sekitar jam songoan bengi ancene sepine pol cak yo ono kadang-kadang truk gede ambek bis lewat tapi iku arange pol. Alas iku nag perbatasan Nganjuk ambek Madiun. Nah nang kono nag rino iku ae rodok sepi tapi padang soale awan. Tapi nag bengi yo petenge pol opo maneh ora ono lampune blas dalane kan mangkelno. Mangkane pas aku ngerti ono wong sing ngetotno maeng aku langsung ngebut sak enteke gase sepeda montorku maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7180", "text": "Tahun iki, kabeh keluarga besarku podo sibuk gawe nyiapno nikahane kak Reta. Mulai teko nentukno gedung nikahan, survei katering, survei MUA, survei WO, dan akeh liyane. Proses iku kabeh berlangsung sampe 6 wulan dewe. Setelah tetek bengek iku mari kabeh, dan akhire mulailah acara pas hari-h. Ket shubuh, aku ambek sak dulurku kabeh dirias gawe dadi pager ayu nang nikahane kak Reta. Pokoke kabehane wes kudu siap sak durunge acara mulai yaiku jam 9 isuk. Untunge gak atek molor, dadi jam 9 tet iku acara isok dimulai. Sesuai rencana, acara resepsi berjalan lancar dan kabeh sing onok nang kono melu seneng kabeh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "620", "text": "Aku duwe adik sepupu sing umure bedo 5 taun karo aku. Jenenge kui Zahra nanging luwih kerep diceluk Eneng. Dheweke tinggal neng Bogor. Pas aku isih ning kota udan kui awak dhewe isih kerep ketemu. Nanging, pas aku lan keluargaku wis pindah neng Yogyakarta, awak dhewe dadi ora sering ketemu. Paling ketemu, setaun pisan pas bakdo wae. Ora keroso, ngerti-ngerti adiku wis lulus-lulus SMA. Dheweke kuliah neng jurusan Sastra Prancis neng salah siji univeristas neng Bandung. Durung suwe iki, aku krungu yen adiku kuwi keno tumor usus. Aku lan ibu kaget krungu kui. Awak dhewe ora nyongko wae ono anggota keluarga liya sing lara. Pas kui, eyangku sing uga eyange adik sepupu kui, lagi lara.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "384", "text": "Rumi tau nyipatake geguritan babagan wong sing kerep liwat lan lungo seko kehidupane awak dhewe. Judule Guest House. Geguritan kui nyeritake awak dhewe kui koyo penginepan. Sak ben dino akeh wong sing mlebu lan metu seko kono. Ora ono sing ngerti niat wong sing teko kui. Iso wae dee duwe niat elek marang awak dhewe. Nanging awak dhewe tetep kudu ngejamu tamu kui. Kui podo karo kenyataane. Wong sing awak dhewe anggep konco lunga ngono wae lan diganteni karo wong sing liyane. Iso wae wong sing lagi teko kui luwih ngelarani. Nanging opo sing iso awak dhewe lakoke. Koyo neng pungkasan geguritan kui mau, mungkin wong sing teko kui bakal petunjuk seko Sing Kuasa kanggo awak dhewe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8394", "text": "Akhir-akhir iki, lagi rame banget pembahasan topik pedofil. Pedofil iku uwong sing ngidap pedofilia. Pedofilia iku dewe bentuk kelainan seksual sing ngeliputi nafsu seksual nang arek cilik utowo remaja sing umure sek nang ngisur 14 tahun. Pedofilia iki salah siji kelainan sing paling njijik i seh. Yaopo igak, wong-wong pedofil iki mesti kerjaane ngelecehno arek cilik sing bahkan durung paham opo-opo tentang hal-hal seksual. Kudune arek-arek iku sek nikmati masa cilike kanggo dolanan nang seneng-seneng, maleh dadi trauma mergo dadi korban pelecehane pedofil iku mau. Wes ngono, sing dadi pelaku iku biasane wong tuwek sing wes udzur dan garek ngenteni wektune gawe mati. Kudune kan dimanfaatno gawe ibadah sing akeh, lah iki malah ngelakoni hal sing nggilani pol.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2601", "text": "Wingi aku petok koncoku sing tau kerjo nag pabrik lengo kletek nag kota pahlawan. Deke termasuk karyawan sing isek anyar tapi duwe prestasi apik. Wingi bocahe cerito nag deke sedeh soale kenek PHK gara-gara disikut karo koncone sing parek ambek supervisor'e. Mari ngunu koncoku ngomong nag mulai minggu ngarep iki bocahe wes ora iso kerjo nag kono, padahal nag delok kerjone lo apik. Jarene bocahe sing garai bocahe dipecat soale ora gelem gawe laporan sing dikongkon karo koncone sing dikongkon karo supervisor'e. Mangkane bocahe diarani ora jalano tugase karo apik terus laporan-laporan sing digawe jarene ora podo ambek nag lapangan. Mari ngunu koncoku ro diarani sing macem-macem, mangkane saiki bocahe bingung kudu golek penggawean nangdi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9909", "text": "Ing Jepang wonge iku bisa kanti baris rapih kanggo antri. Wong padha duweni isin nalika meh nyerobot antriane wong liya. Mulane, arang bareng ana masalah wong gelud amarga antriane diserobot ana ing Jepang. Yen ana masalah iku, bisa dipastekake yen sing nyerobot iku mesti dudu wong Jepang utawa wong wisatawan sing lagi dolan ing Jepang. Budaya ing Jepang iki apik banget. Dadine ora nggarai kisruh nalika ana adicara sing ngongkon antri. Nanging budaya iki rada angel diterapna ana ing Indonesia. Mula kene minangka bocah enom kudu sadar pentinge antri lan ora nyerobot antriane wong liya supaya ora ana masalah sing disebabake karo wong sing nyerobot.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7639", "text": "Ben uwong iku pasti nduwe masalahe dewe-dewe. Dan carane uwong gawe ngatasi masalahe iku bedo-bedo. Sing elek iku nek uwong gak kuat ngadepi masalahe dewe, lari teko masalah, tapi malah ngelampiasno dengan main tangan. Koyok ngono iku timbul mergo uwong iku gak isok ngendalikno emosine sampe marakno stres karepe dewe. Cara koyok ngono iku marakno timbul perkoro anyar maneh. Dadi timbangane ngono, luwe apik maneh nek misal awakmu ngelola emosi karo stresmu. Nek iku wes isok mbok lakoni, awakmu bakal luwe gampang sisan ngatasi masalah sing lagi mbok hadepi. Dadi mulai saiki, Kelola emosi karo stresmu sing bener yo rek.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6196", "text": "Pengalaman sing kadhang uga marai isin yaiku nggawe kesalahan pas lagi nampil ning panggung. Kanggo pelaku seni, babagan iki pancen angel amarga kudu madhakake tempo lan formasi ben tetep seragam. Nanging bagian iki uga kadhang mbutuhake tenaga sing akeh. Kamangka, sak durunge salah, sing kudu dilakoni yaiku kaping pisan latihan sing sregep lan kudu titi lan ngati-ati marang kabeh gerakan sing ana. Banjur Kaping pindho yaiku kudu konsentrasi lan serius marang gerakan uga ngerungokake musik. Lan sing paling penting yen wayah nari karo kanca, kudu nggatekake rupa lan uga tata letak miturut gerakan sing wis dilatih ben ora salah formasi. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5644", "text": "Jaman saiki, akeh wong sing nggawe tayangan sing temane mbahas anane dunia gaib lan uga mbahas babagan sing medeni. Senajan wedi, wong malah seneng lan seneng amarga bisa nambah adrenalin lan uga ngelatih wong ben ora wedi. Nanging, wong sing seneng nonton acara horor iki uga dadi wedian sak uwise nonton acara iki. Pasar kanggo acara jenis iki uga akeh, kaya film horor kuwi mesti dadi film sing paling laris. Sing paling marai ora kepikiran yaiku crita sing medeni iki biyasane malah direkayasa ben para penontone uga tambah akeh. Crita karangan iki sajane kurang apik amarga kadhang nyebarake rasa wedi sing tambah nyiksa ning masyarakat. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4988", "text": "Kekerasan ning rumah tangga kuwi dadi salah sawijining masalah sing ora ana enteke lan kudu ana tindak lanjut sing teges saka pihak korban. Ora mung pihak wanita, nanging ya pihak lanang bisa dadi korban. Nanging isih akeh korban KDRT sing isih pengen bertahan karo rumah tanggane amarga isih mikirake perkara anak, padahal yen bertahan kuwi uga risikone malah ngerusak mental anak, ngewenehi pemandangan kekerasan saben dina uga bisa marai hubungan anak ora apik karo wong tuwa. Kamangka kuwi, kanggo sopo wae korban KDRT, ojo wedhi kanggo ngilangake mata rante kekerasan lan pisah saka hubungan ora sehat sing bisa ngajurno awake dewe. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "761", "text": "Aduh Pak. Sing kesusu dudu mung Kowe wae Jeh. Aku lan pengendara sing liyo uga pengen cepet tekan tujuan Pak. Aku wis janji karo anak-anakku dolan bareng wengi iki. Sing sibuk kui ora mung Kowe Pak, aku uga kudu ngelembur sak ben dinone. Tulung kerja samanelah. Mosok mergo Kowe arep liwat wae, dalan-dalan kudu akeh sing ditutup. Ora adil kui Pak. Ora ngono carane. Awak dhewe kui duwe hak sing podo nganggo dalan raya iki Pak. Perkoro sing durung tak rampungke neng daerah iki akeh Pak. Ojolah ditambah meneh mergo hal sing sepele koyo ngeni. Aku ming kepengin cepet ketemu anakku saiki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8428", "text": "Salah melbu toilet iku dadi salah siji pengalaman sing marakno awak dewe isin sih. Opo maneh nek misal awale gak sadar, terus nyadare iku pas wes nang bilik toilet e. Kan gak mungkin awak dewe langsung kabur. Sing koyok ngono iku malah bakal dicurigai ambek wong-wong. Engkok dikirone awakmu iku cabul dan liyan liyane maneh. Timbang ngono, onok siji sing isok mbok lakoni. Nek misal toilet iku lagi rame, entenono sampe toilet iku suepi dan gak onok uwong, baru awakmu cepet-cepetan metu teko kono. Awakmu yo gak ngeroso isin nemen, wong sing nang toilet iku gak risih sisan. Dadi gawe awakmu sing ngalami hal sing koyok ngono, cobaen cara iku yo rek.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3822", "text": "Wong sing mlebu WC ngawur iku asline ora masalah janji ora ono wong liyo utowo kondisine ora antri ambek rodok sepi. Nah wong iku maeng isin maeng biasane iku melbu nang WC ne maeng iku ora tepak keadaane maeng, ang gak pas rame yo pas konangan wong akeh. Nah sing marakno isin iku maeng yo mok rong perkoro iku maeng asline. Tapi yo asline akeh wae perkoro-perkoro liyane sing sekirane dadekno wong sing salah mlebu WC maeng isin polahe kleru. Tapi wong sing isin polahe sampek kleru maeng biasane yo nag gak kesusu yo wes kebelek terus akhire ngawur mari ngunu pas metu maeng wes akeah wong sing ngeteni tibake WC sing dienggoni maeng iku ora panggonan sing tepak.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "659", "text": "Awak dhewe mungkin kaget pas delok konco dhewe sing wis suwe ora ketok. Awak dhewe heran kenopo, aku ora tau papasan karo wong kui. Awak dhewe biasane bakal ngobrol karo wong kui dilit. Nanging, bar kui awak dhewe ora ketemu meneh. Apike kui, pas ketemu wong sing suwe ora awak dhewe delok, awak dhewe kudu jaluk kontake. Dadi awak dhewe tetep iso komunikasi yen emang awak dhewe kui bakal angel ketemune sesok-sesoke. Awak dhewe dadi tetep iso jaga hubungane awak dhewe karo konco mau lan awak dhewe uga iso saling ngewangi yen emang lagi ono butuhe. Mangkane, ojo lali takon kontake utowo media sosiale.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9954", "text": "Ngerasakne pengin ngamuk lan nesu nanging ora ana sebabe iku megeli lan nyebahi banget. Kene bingung kenapa pikirane kene gampang banget kepancing kanggo nesu senajan wong liya mung ngomong biasa wae lan ora ana niatan kanggo nggawe kene nesu lan muring-muring. Tuladhane nalika ana wong sing ora sengaja nyenggol awake kene, lan kene langsung mbengok lan ngajak wong gelud. Musababe sakjane sepel banget nanging bisa nggarai kene nesu banget. Yen wis kaya ngene, kene sakjane kudu bisa sadar yen iku mung hawa nafsu utawa emosi sediluk. Apa sing kene lakoni bisa wae ngerugina wong liya mulane kene wis kudu sinau kanggo nahan iku kabeh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2949", "text": "Nag numpak bis ojo sampek tolah-toleh koyok bido ketulup. Soale akeh wong sing jumbul mergo kari bis polahe koyok ngunu. Padal kabeh armadae bis iku mesti ngongkon kabeh wong sing ate numpak bise wes ora atek munggah mudon kejobo nang jeding utow kebelek. Soale bise iku mesti nag budal yo kudu budal opo maneh nag wes waktune. Yo tambah ditinggal nag isek klewar-klewer nang jobo. Sak liyane petugas bis, nag teminal barang yo petugase wes nganjurno utowo ngongkon kanggo wong sing ate numpak ben ora kari bis, iku nang langsung mlebu bise ben ora sampek kari nag kari ngentenine maneh iku suwe opo maneh kanggo wong sing mlaku adoh, bakal ngentekno waktu akeh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7934", "text": "Awak dewe pasti tau ndelok, nek onok wong sing lagi sekarat, bakal cepet-cepet ditalqin. Talqin iku mbisikno uwong sing lagi sakaratul maut nganggo kalimat “Laa Ilaha Illallah” sing artine “Tiada Tuhan selain Allah”. Nang Islam, wong sing sakaratul maut iku dianjurno banget gawe ditalqin. Tujuane iku ben wong sing lagi sakaratul maut sek isok iling ambek kalimat tauhid iku mau, luwe apik maneh nek wong iku isok niru ucapane. Onok hadits pisan ndek ndi Rasulullah SAW bersabda, “Tuntunlah orang yang hampir mati di antara kamu sekalian dengan kalimat tahlil”. Wes ngono, wong sing sekarat dan isok ngucapno kalimat tahlil ndek penghujung uripe, wes dijamin bakal melbu surgo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5772", "text": "Serangan panik utawa panic attack yaiku serangan panik sing teka tanpa ana tandha lan bisa njangkit ning kabeh wong uga bisa dadi serius yen ora ditangani. Kondisi iki suwene bisa itungan menit kanthi jam. Pas wayah panik, awak iki mesti langsung ngasilake adrenalin sing bisa ningkatake kerjane organ ning jero awak kaya jantung, otot, urat, uga ambegan. Serangan panik iki faktor pemicune uga akeh banget kaya stres sing bisa ngasilake akeh zat kimia ning jero awak, trauma lan tekanan, genetik, kafein, lan akeh masalah uga emosi sing ora bisa disalurake. Serangan panik iki reaksine uga bisa macem-macem, nanging sing paling umum yaiku bisa marai mumet lan kuatir sing berlebihan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3809", "text": "Aku tau ngalami telonoku moro-moro suwek pas begaga nang warung kopi, slamete pas iku ora sepiro rame dadine ora sepiro isin. Yo ancene se isine orambloko pas perkoro iku kedaden, tapi piye maneh iku kan ora kenek dibade kapan bakal kedaden. Terus aku dikandani koncoku ben perkoro iku ora kedaden maenh iku kudu ati-ati nag mekangkang utowo begaga soale nag kenemenen mesti telono sing jahitane rodok lawas mesti bakal suwek polahe ora kuat nahan kekuatane sikil maeng. Terus biasane iku mesti mestake sing suwek, nag sing bagian iku mesti isin lah, soale iso ketok sing ora pantes diwasi. Tapi nag sing suwek iku liyane yo ora masalah se.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6115", "text": "Buang angin ning tempat umum iki sajane dadi masalah sing cilik nanging isih dianggep ora sopan karo bangsa Indonesia. Masalah buang angin iki bisa dadi masalah sing serius amarga bisa nyebarake mambu sing ora kepenak lan bisa mbuyarake wong sing lagi kumpul. Mambu kentut iki uga macem-macem lan ora kabeh bisa ditoleransi karo wong liya. Amarga kuwi, buang angin ning ngarep umum iki dianggep ora sopan lan kudune ana izin utawa ditahan kanthi panggonan sing sepi. Yen ora sengaja, uga kadhang isih dadi guneman amarga dianggep ora bisa ngontrol, apa maneh pas lagi lara weteng rasane kaya salah yen arep mbuwang angin ning tengah wong akeh. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7110", "text": "Biasane, sekolah iku ngadakno liburan perpisahan arek kelas 9 sak marine pengumuman kelulusan UNAS. Tapi gak berlaku gawe sekolahku, soale tahun iki sekolahku ngadakno liburan perpisahan arek kelas 9 sak durunge pengumuman. Malah pembagian hasil UNAS engkok bakal nang tengah perjalanan pas liburan. Dan tepak ae, isuk-isuk kabeh arek kelas 9 dikongkon cepet sarapan nang kafetaria hotel terus ngumpul nang aula hotel. Aku ambek koncoku sampe gopoh karepe dewe soale guru-guru wes ngubraki. Aku ambek koncoku cepet-cepet sarapan terus langsung mlayu nang aula sing wes rame iku. Pas acara dimulai, awal-awal sek onok basa-basi titik koyok sambutan kepala sekolah, tapi iku gak suwe. Terus sing dinanti tiba, yaiku pengumuman hasil kelulusan UNAS. Mbarine amplop isi hasile dibagikno, aku langsung cepet-cepet bukak. Dan pas tak woco, aku lulus UNAS dengan nem rata-rata. Tapi mbasio ngono aku tetep sueneng soale aku isok lulus ujian.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6021", "text": "Dina Minggu kuwi wayahe bocah UKM tari reresik gudhang sing ana ning keskretariatan. Pas reresik kuwi, aku nggawa sapu lan uga lap kanggo ngeresiki bagian sing nyelempit kaya pojokan lemari lan uga pojokan ruangan sing ketutup karo kerdus lan alat-alat. Aku karo Rima, kancaku, oleh tugas nyapu lan uga ngeresiki lemari panggonan kostum lan klambi-klambi. Banjur pas aku ngeresiki pojokan kuwi, aku nemu pemandangan sing nggilani nganthi aku lan Rima kepengen muntah amarga gilo. Aku ndelok akeh kotoran kewan ning pojokan amarga wilayah pojokan lemari iki jarang banget diresiki. Kanggo ngindari kuwi, banjur lemari kostum dipindah marang panggonan sing luwih amba. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2619", "text": "Sing jeneng wong nag kelangan wong sing disenengi mesti sedeh. Opo maneh nang sing mati iku maeng teko anggota keluargae dewe. Akhire teko perkoro maeng iso dadekno roso sedeh soale anggota keluargane mati. Masio perkoro iku maeng iso dadekno roso sedeh nag iso roso sedeh maeng nang diilangno sak cepete soale iso garai perkoro elek nag ora nag diilangno sak cepete. Mangkane gawe ngilangno roso sedeh maeng iku butuh proses, salah sijine proses maeng, wong sing ngalami sedeh kudu dijak mikir sing apik-apik utowo ngomong ben atine ono sing ngancani. Dadi nag ono wong sedeh koyok ngunuku ayok podo dikancani soale roso sedeh ngunuku nag ora nang diilangno bakale blaeni.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4930", "text": "Kiki duwe trauma marang kebun binatang lan satwa sing ora dikandang amarga dekne tau dijambak kethek ning Bali. pas umur 10 taun, Kiki dijak nang Monkey Forest Ubud kanggo rekreasi karo wong tuwane. Kiki maune ora wedi masio akeh kethek. Kiki ya santai wae mangan jajan ning bangku taman. Pas lagi mangan jajan, ana kethek sing nyaut jajane. Banjur Kiki kaget lan isih wani ngrebut jajan kuwi. Nanging kethek kuwi mencolot nang Kiki lan njambak rambute Kiki. Lan kethek kuwi jebul nggawa bala sing akeh. Kamangka saiki Kiki wedi banget karo kethek yen ora dikandang. Trauma kuwi uga dadi nyebar nang kabeh kewan amarga dekne mikir kabeh kewan nduwe naluri kanggo nyerang. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2981", "text": "Pas mari idul fitri, Aku petuk koncoku sing buka usaha nang Suroboyo. Deke moro-moro jaluk tolong nang kanggo golek roti gawe ngerayakno ulang tahun bojone. Ketepkan aku pas iku preian dadi langsung budal nang toko roti tapi dikongkon ngenteni setengah jaman soale rotine lagek digawekno ben isek seger. Mari rotine wes dadi, pas mari isyak aku ambek koncoku langsung balik moleh soale pengen nguwei hadiah iku maeng nang bojone. Pas nang omah tibake bojone yasinan. Tapi jarene koncoku ora opo-opo tambah apik soale iso nyiapno sing liyane. Mari wes siap kabeh, aku bagian bukak lawang nah koncoku sing bagian nguwehno rotine. Pas bojone teko, bojone senege megilan soale oleh hadiah ulang tahun maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1021", "text": "Mungkin kanggo awak dhewe, perkoro panggon sing duwur kui ora dadi masalah. Nanging kanggo wong sing duwe fobia karo ketinggian kui panggon duwur dadi perkoro banget. Ojo ngomongi dheweke lagi ono neng panggon sing duwur, sak durunge dhewe iso ngeroso wedi. Dheweke iso ngeroso wedi senadyan mung ngebayangke ono neng kono. Dheweke iso ngeroso kuwatir senadyan kahanane kui aman-aman wae. Keadaan duwur kui ora iso nyilakani dheweke. Dhewke iso ngeroso dreged pas kahanane lagi koyo ngono. Ngeoroso mual iki uga lumrah kanggo wong sing wedi karo ketinggian. Dheweke mungkin uga bakal ngeroso mumet lan iso gliyenga. Yen wis parah, dheweke malah iso tekan semaput lan ora sadar.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9188", "text": "Aku iku sering banget ndelok uwong podo mbelani gede-gedean duit pangkal. Alesane iku demi ben anak e isok melbu nang kampus negeri. Onok sing mek ngetokno 30 juta, dan onok sisan sing sampe ngetokno luwe teko 100 juta. Aku ndelok ngono iku kadang miris dewe. Demi urusan dunyo, rela ngetokno duit sak mono akehe. Timbangane ngetokno duit sakmono akehe gawe kampus negeri, lak yo mending sekalian daftarno gawe kuliah nang kampus swasta ae. Soale atek biaya sak mono akehe, fasilitas sing dientokno nang kampus negeri iku bakal podo ambek arek sing lolos lewat jalur undangan sing biasa ae. Tapi nek nang kampus swasta, anakmu isok entok fasilitas sing luwe modern dan canggih. Dadi gawe awakmu sing kate ngelebokno anakmu kuliah, nek gak ketompo nang kampus negeri, daftarno ae nang kampus swasta.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4903", "text": "Ing taun 2020, ana PHK paling gedhe ning Indonesia lan nomor 3 paling gedhe sak ndunya. PHK iki kedaden ning salah sawijining pabrik sepatu ning Tangerang. Pabrik iki arane PT Shyang Yao Fung. PT Shyang Yao Fung iki ngadakake PHK marang 2500 buruh. Pabrik sing nyekel lisensi produksi kanggo sepatu Nike iki milih ngelakoni PHK amarga wis ora ana kesesuaian produksi karo keuntungan sing dijupuk. Tahun 2022, pabrik iki ditutup amarga ora bisa nerusake bisnis. PHK iki kalebu marang PHK paling gedhe kaya PHK ning Ford, General Motor, Meta Platform, lan sing paling anyar yaiku Twitter. Miturut data, PHK iki disebabake gedene kerugian amarga pandemi corona. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5366", "text": "Keadilan kuwi paling gampang dituturake, nanging uga dadi sing paling angel dipraktekake. Apa maneh yen kanggo wong tuwa sing isih enom. Kadhang awak dhewe uga dadi bingung amarga anak isih cilik nanging kekarepane wis akeh amarga iri-irinan karo adhine utawa dadi bocah sing seneng golek perhatian, mulai saka nangis kanthi nguncali barang ning omah. Kanggo nangani iki, wong tuwa kudu ngerti kapan wae jam istirahat lan kudu bisa mbagi waktu ning jam kuwi. Kaping pindho, aja mbanding-mbandingake anak ning segi omongan kanthi mbandingke ning segi tindakan. Kaping telu, anak kudu diwenehi ruang kanggo ngomong lan protes ben bisa dadi bocah sing kritis. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3871", "text": "Aku duwe konco sing ancene nag wayae ulangan deke iku mesti nyontoh aku terus. Sampek akhire aku iku mangkel polahe bijine deke iku mesti luweh apik timbang bijiku. Terus salah siji dino aku ngakali piye carane deke iku ora nyontoh aku maneh bek kapok ben ora nyontoh maneh. Nah akhire pas deke nyontoh iku aku langsung gawe jawaban loro sing siji kanggo tak kumpulno sing siji tak tulise \"arek pinggir ku senengane nyontoh aku\". Nah tulisane maeng tak kumpulno nang guruku. Nah guruku sing rodok ora percoyo akhire buktekno. Tibake temenan, deke konangan nag apan nyontoh aku. Soale jawapane persis ambek gonanku, awit teko carane sampek lenggok-lenggoke.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3013", "text": "Wong sing dilokno polahe fisike sing ora podo ambek umume iku iso dadekno wong iku maeng srengen terus yo depresi. Depresi yaiku gangguan emosi sing ono nang ati sing biasane wong iku iso ngerasakno sedeh, seneng, srengen, ambek bingung. Nah nag wes kadung ngunuku wong sing ngalami iku iso-iso ae sampek pirang-pirang dino ngerasakno iku maeng. Terus nag dibarno terus-terusan yo bakal dadekno pegaruh elek nang awake, awit teko kerjone, sampek turune barang yo ora kroso enak. Dadi dampake barang iku yo iso nang kesehatan mental barang sing dialami ambek wong dielokno polahe fisiki ora bodo ambek umume maeng. Mangkane nag iso guyon yo guyon tapi ojo sampek koyok ngunu.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7924", "text": "Fobia sosial iku rasa wedi berlebih pas lagi berinteraksi ambek wong liyo. Dan akeh banget uwong sing ngediagnosa awake dewe kenek fobia sosial mergo sering ngeroso ndredeg pas ketemuan ambek uwong. Padahal fobia sosial iku gak seremeh iku. Rasa wedi ambek cemas nek kate ketemu uwong iku ancen isok dialami sopo ae, termasuk wong sing normal. Tapi nek wong sing nduwe fobia sosial, rasa wedine iku wes kebacut dan bakal terus netep, gak koyok wong sing mek gugup tok dan rasa wedine iku bakal ilang. Wong sing wes kenek fobia sosial, ketemu wong liyo ae wes tegang, terus ngomonge alon sampe kadang gak krungu suarane, kemeringet, bahkan sampe sesek napas. Fobia sosial iku seserius iku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7213", "text": "Gawe wong muslim, bahan sing paling penting gawe ngeramut jenazah iku kain kafan. Kafan iku kain sing dinggo gawe bungkus jenazah sak durunge dimakamno pas upacara pemakaman. Kain kafan biasane dipilih sing werno putih gawe ngelambangno kesucian. Biasane, minimal telung kain kafan sing digawe bungkus jenazah. Tukune pun nganggo harta teko almarhum utowo isok sisan hartane kerabat cedeke. Onok beberapa merk kain kafan sing biasa dinggo nang Indonesia, Siji, Kain Kafan Kaci Cap Camel. Kain sing siji iki regane paling murah disbanding sing liyane. Loro, Kain Mori Kaci Cap Naga. Kain iki kualitase medium terus regane yo sek terjangkau. Telu, Kain Mori Katun Phoenix. Kain iki sing kualitase paling juara dan regane paling larang.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1486", "text": "Awak dhewe kudu gawe panggon dodolane dhewe resik, opo meneh awak dhewe dodolane panganan utowo ombenan. Soale yen panggone dhewe ora resik, sing arep tuku ora yakin yen panganan dhewe kui hegienis. Supoyo wong sing arep tuku ora jijikan, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu sregep nyapu lan ngepel panggon dodolane. Awak dhewe iso ngeresike kui sak durunge awak dhewe buka lan sak wise tutup. Sing keloro, awak dhewe isi ngekei wewangian neng jero panggone. Awak dhewe iso nganggo pengharum ruangan lan awak dhewe iso uga nganggo obat pel sing ambune enak. Sing ketelu, awak dhewe iso guak sampah tepat waktu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5756", "text": "Kanggo para mahasiswa, bali bengi kuwi kadhang dadi kebutuhan sing uga ora bisa diprediksi. Ning kutha gedhe utawa daerah sepi, kabeh mesti ana potensi kanggo ngadepi kasus kriminal. Nanging kanggo mahasiswa sing sering bali bengi lan ora gelem ngadepi risiko sing gedhe, ana babagan sing perlu digatekake. Yen pengen luwih aman, pancen kudu nyusun jadwal sing rapi ben ora tumpang tindih lan bali luwih bengi. Banjur yen wis ora mungkin ngganti jadwal, ya yen bali kudu ati-ati lan ora oleh dewean. Apa maneh yen omahe adoh. Kamangka ana wong tuwa sing luwih seneng yen anake nginep ning omahe kancane tinimbang kudu bali bengi amarga rawan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7632", "text": "KDRT utowo Kekerasan Dalam Rumah Tangga yaiku kabeh bentuk ancaman, pelecehan, ambek kekerasan antara loro uwong sing terikat nang hubungan pernikahan. Iki dadi salah siji bentuk hubungan abusif sing akeh banget kedaden, terutama nang Indonesia. Kabeh isok dadi korban KDRT. Tapi roto-roto sing dadi korban KDRT iku wong wedok. Sekitar 30 persen wong wedok nang Indonesia iku tau ngalami KDRT. Macem-maceme KDRT iku onok macem-macem, salah sijine iku kekerasan fisik. Tindakan kekerasan fisik sing dilakoni pelaku KDRT iki mulai teko mukul, napok rai, nyaduk, nyekek, njambak, malah onok sing sampe ngobong anggota tubuh korban iku mau. Pemicune iku mau mergo pelaku gak isok ngendalikno emosine dan ngelampiasno kabeh nang bojo utowo anake.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9427", "text": "Dina iki dadi dina sing tak enteni. Tanggal 5 November iki akhire aku bisa duweni montor sing taktuku nganggo dhuwitku dewe. Aku wis nyelengi kurang luwih 5 taun kanggo tuku montor iki. Dhuwit bayaranku saben wulan mesthi takcelengi ana ing bank. Aku uga misahke dhuwit kanggo kebutuhan saben dina lan dhuwit kanggo tuku barang ana ing beda bank. Cara buka bank uga gampang banget. Nomer siji, teka wae ana ing bank sing dikarepi. Sawise iku, ngomong ning petugase yen katene buka rekening. Nomer telu, wis dimelui wae apa sing diprentah karo petugase lan rekeningmu dadi uga siap kanggo nyimpen dhuwit.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9475", "text": "Seneng kanggo ketemu idola iku wis mesti bisa nggawe ora bisa turu pirang-pirang dina. Nanging yen bisa nalika ketemu idola iku kudu tetep ngati-ati, aja nganti ngelakoni samubarang sing bisa nggawe rugi idolane. Saiki akeh banget wong sing seneng karo artis nanging carane salah. Tuladhane yaiku nguntit utawa melui artise nganti omahe, nganggu, nelponi terus lan ngelakoni samubarang sing nggarai idolae ora nyaman. Yen seneng karo idola sakjane cukup dukung wae kanti cara sing apik kayata ndelok konsere, teka jng jadwal resmine, lan ora ganggu nalika idolae kepengin dinane ora diganggu wong liya. Mula ayo luwih bijaksana nalika seneng karo idola supaya kabeh tentrem.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5669", "text": "Taun 2023 iki diramalke bakal ana gelombang politik sing luwih gedhe lan uga ana perang buzzer utawa wong sing dibayar karo tim sukses kanggo nyuwarakake lan promosi babagan bakal calon. Nanging buzzer iki kadhang uga kurang ajar amarga nganggo cara kampanye sing kasar lan mbahayakake kaya ngancem kubu lawan utawa wong sing kontra. Buzzer iki ya isih ana ning jaman saiki. Nanging, sing paling medeni yaiku buzzer sing dilindungi karo para polisi. Kamangka, yen ana akun buzzer sing ana ning sosial media iki yen bisa dilaporake amarga bisa mbahayakake kenyamanan. Ayo nyambut taun politik kanthi dadi rakyat sing cerdas uga paham politik sing resik. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3848", "text": "Ben awakmu awakmu ora salah nyelok uwong sing akhire dadekno awakmu iku maeng isin nang wakmu dewe ambek won gliyo.Kudune awakmu iku ati-ati. aku geleng ngandani bocah-bocah sing ancene gelek dolan adoh. Bne poerkoro iku maeng ora gelek kedaden ambek ben ora kedaden. Nag ancene kepikiran ate nyelok yo kudu diati-ati disek ben ora kisinen nag ancene sala oleh nyelok. Aku dewe sing tau ngalami perkro iku maeng yo isine megilan opo mane kedaden nang panggonan sing akeh wonge, yo tambah isine megilan sampek ora ketok blas raine polahe isin. Yo ancene nag pengen nyelok wonbg sing moro nang ngarep iku kudu ati-ati ae.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9410", "text": "Aku ora tau kaya ngene. Katene ujian tapi rasane ora dredeg, ora gupuh, lan ora wedi. Iki kabeh amarga aku wis sinau tenanan. Pokoke kabeh pelajaran wis takwaca lan takapalna. Akhire 2 dina kepungkur wingi aku ujian. Ujian iki dadi salah siji panentu aku bisa lulus apa ora. Aku ngerjakke ujian kanthi tenang. Biji ujiane bakalan metu langsung sawise ujian. Makdeg aku ndhelok bijiku sing tibakne ana ing ndukur dewe. Aku oleh biji 98 lan dadi biji paling apik ana ing sekolah. Atiku seneng banget bisa nggawe wong tuaku bangga bisa duwe anak pinter kaya aku. Matur nuwun sanget Gusti awit panulungipun.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8317", "text": "Awak dewe iku gak onok sing kolu nek kate nganggo toilet sing rusuh. Tapi kadang onok situasi ndek ndi awak dewe temenan kepekso nganggo toilet umum sing rusuh mergo wes kebelet pol. Tapi awak dewe pasti ragu sisan, soale wedi engkok ketularan penyakit. Aku nduwe cara ben pas nganggo toilet rusuh iku tetep sehat. Siji, pilih toilet sing paling ketok resik. Loro, ojok deleh barang gawanan nang lantai toilet. Telu, nek isok kursi toilet iku dialasi nganggo tisu. Papat, siram sing bener. Limo, wisuh tangan nganggo banyu anget karo sabun sisan. Enem, garingno tangan nganggo tisu kering. Pitu, ojok nyekel kenop pintu tanpa nganggo tisu. Wolu, nganggo hand sanitizer. Terakhir, nggowo tisu kering karo tisu basah nang ndi ae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2636", "text": "Trauma pas cilik iku iso wae gegowo sampek gede, tambah ono sing sampek tuwek barang yo ono. Tapi asline roso koyok nginiki iku iso diatasi utowo diiliangno ambek pirang-pirang cara. Tapi kabeh cara iku karek wong iku maeng cocoke ambek cara sing endi soale angger wong duwe sifat sing seje-seje maeng. Salah sijine yoiku ngelatih wong iku maeng ngadepi opo sing ditraumae nggal saitik, soale ambek ngelatih kebiasaan iku maeng gal saitik karo perkoro sing ditrauman'e iso bakal ilang traumae gal saitik. Nag jarene wong gerang biyen iku meh podo karo sawanen sing iso dadekno bocah cilik loro utowo keweden, mangkane wong biyen iku nag ono bocah sing wedinan ampek opo-opo mesti tambah diparekno utowo dijemokno ben ora wedi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2008", "text": "Yen awak dhewe ora kepengen wedi pas disuntik, awak dhewe kudu luwih kerep disuntik. Kerungune pancen aneh mungkin, neng kupinge awak dhewe. Nanging kui siji-sijine coro supuyo, awak dhewe ora wedi meneh disuntik. Mangkin kerep awak dhewe disuntik, mangkin awak dhewe ora ngerasake lara. Awak dhewe wis ngerti larane koyo piye. Yen awak dhewe luwih kerep disuntik, awak dhewe iso beradaptasi dadi awak dhewe ora ngerasake lara banget. Sing diwedeni karo wong-wong pas arep disuntik kui mergo kebayang larane. Nanging yen awak dhewe wis iso ngiro-ngiro larane sepiro, awak dhewe dadi koyo ora keroso lara. Padahal, sebetule, tingkat larane kui ora berubah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3889", "text": "Kadang kan ono wong sing nag ngomong iku ambune ora enak. Pas iku koncoku teko nang acara ulang tahune pacare ngejak aku. Nah deke iku abape ora enake pol sampek aku sing dijak ngomong ae kudu mirih ae. Terus polahe deke koncoku ben engko ora garai deke kisinen, akhire yo tak kongkon nang jeding ambek tak kandani nag ababe koyok iwak pindang sing ate bosok. Nah mari ngunu deke jajal ambune ababe iku enak opo orak. Terus pas ngerti nag ora enak deke langsung mire nang jeding. Mari teko kono deke tak saranno nag ate nang endi-endi kudune sikatan disek lah ben wong sing dijak ngomong ora keplayon polae ababe sing koyok ngunuku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7572", "text": "Meteng utowo kehamilan iki keadaan pas wong wedok nggowo embrio utowo fetus nang njero awake. Kehamilan iki bakal terjadi selama 40 minggu antara waktu menstruasi terakhir ambek kelahiran, utowo 38 minggu mbarine pembuahan. Gejala wong sing lagi meteng iku telat menstruasi, payudara lembek, mual sampe muntah, gampang luwe, ambek sering ngoyo. Kehamilane wong wedok iki dibagi dadi telung periode triwulan gawe mbedakno perkembangan janin. Triwulan siji iku sing paling duwur resiko keguguran. Triwulan loro iku pas janin wes isok dimonitor ambek diagnosis. Triwulan telu iku nandakno awal viabilitas sing berarti janin bakal isok tetep urip nek misal terjadi kelahiran awal utowo kelahiran dipeksokno.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9485", "text": "Nikah iku mbutuhake dhuwit sing ora sithik. Apa maneh nalika kowe pengin gawe adicara sing gedhe lan ngundang wong akeh. Senajan nikah iku nggarai wong repot nanging mesti kudu seneng amarga nikah iku ya yen bisa mung sekali seumur hidup. Saiki ana jasa sing jenenge wedding organizer kanggo ngewangi kowe kabeh ngerencanakna adicara nikah sing kok pengeni. Kowe gur lungguh wae lan ora perlu melu repot anggone nyepakke adicara nikah iku. Kabeh sing ana ing nikahan iku wis diurus karo wong-wong sing ana ing wedding organizer. Mula, kudu nyepakna dhuwit sing akeh sisan amarga nyewa wedding organizer iku uga larang.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4897", "text": "Akeh sing ora sadar yen pihak keluarga sing kudu digatekake pas ana bayi lair sak liyane ibu yaiku kakange si bayi. Yen iki kelairan sing sepisan, ora bakal dadi masalah. Nanging yen bayi iki anak ke-2 lan jarak umur kakange isih cedhak, mesti ana prasaan iri marang adhine lan bisa marai bocah iki dadi ngganggu lan marai kesel. Carane ben bocah iki bisa dijak kerja sama yaiku yen nyambangi bayi, aja lali, kakange iki ya diwenehi kado. Mbuh kuwi dolanan uga piranti sing bisa digawe gantian karo adhine. Kaping pindho, ajak omong-omongan lan dituturi yen saiki kudu sayang karo adhine. Kaping telu, yen ibune lagi repot ngurus bayi, awak dhewe sing mertamu bisa ngajak dolanan anak sing sijine iki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5246", "text": "Saban wayah liburan, akeh wong sing milih numpak kendaraan umum tinimbang kendaraan pribadi amarga kadhang luwih murah lan luwih aman. Kendaraan umum iki uga bisa dadi alternatif sing apik kanggo wong sing seneng lunga ning reramean amarga ning jero kendaraan umum iki sering ketemu wong anyar sing beda daerah. Nanging sing sering dikuatirake yaiku perkara jadwal. Akeh wong kang ora bisa tertib yen wayah numpak kedaraan umum iki. Ben ora gampang telat, sing kudu dilakoni yaiku ndelok informasi sing ana ning tiket. Kaping pindho, yaiku teka 15 utawa 30 menit sak durunge kendaraan teka. Kaping telu yaiku cek kabeh persiapan sak durunge budhal. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "714", "text": "Awak dhewe ora perlu isin, opo meneh tekan nesu, yen fisiki awak dhewe kui dilok-loki wong liya. Awak dhewe ora perlu bales opo sing diomongi wong kui nganggo kata-kata sing ala utowo tekan gelud karo wong kui. Iso wae kondisi fisik sing awak dhewe alami saiki kui iso dadi model kanggo awak dhewe sukses. Misale, awak dhewe iso dadi model. Akeh model saiki sing unik-unik. Ono wong sing kulite belang-belang, dheweke kudune duwe pigmen kulit ireng, nanging dhewe duwe kelainan dadi ono bercak-bercak putih neng awake. Ono uga wong sing wernone bedo, moto sing sijine kui werno biru lan sing sijine meneh werno coklat. Ora nutup kemungkinan, dhewe biyen kerep digodani karo koncone, nanging saiki duwe kesempatan duwe karier dadi model.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4968", "text": "Pelecehan seksual dadi salah sawijining perkara sing paling dihindari ning Indonesia, nanging ya isih sering dilakoni tanpa sadar karo wong ning sekitar. Tindakan iki bisa marai trauma marang korban, apa maneh korbah kuwi isih anak-anak lan ora bisa ngelawan. Nanging pendidikan sekolah lan luar sekolah iki isih ana sing nyepelekake masalah iki. Kamangka saiki ana pola pengasuhan sing ngutamakke wawasan babakan pelecehan seksual. Carane ya ngenalke anak marang bagian fisik sing oleh didelok lan ora karo wong liya. Amarga kuwi, ayo dadi wong tuwa sing cerdas uga bisa ngajari anak cara njaga awake dhewe saka pengaruh kekerasan seksual sing ana ning lingkungane. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4932", "text": "Psikolog kuwi salah siji profesi ning Indonesia sing ana hubungane karo babakan perkembangan mental lan tingkah laku. Penggaweyane psikolog kuwi oleh ngewenehi layanan psikologi yen wes nempuh pendidikan S1 lan pendidikan profesi sing setara karo S2 sekitar 5 kanthi 10 semester lan kudu oleh gelar M.Psi. Bidang sing bisa dikaitake karo psikologi iki yaiku industri, klinis, pendidikan, utawa forensik. Nanging ning Indonesia, psikolog klinis kuwi psikolog sing oleh sebutan psikologi. Wong HR ning kantor iki uga bagian saka profesi sing kudu lulusan psikologi amarga kudu ngurus munggah lan mudhune masalah kepegawaian. Bidang iki kuwi sing diarani psikologi Industri. Uga ana sing ngurusi babakan mental anak bisa ning klinis utawa pendidikan. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7123", "text": "Marake bank konvensional sing onok bungane marai wong-wong mulai nggolek alternatif liyane. Akeh uwong sing bingung opo’o gak ket mbiyen ae onok bank syariah. Padahal onok bank syariah sing wes berdiri ket suwe bahkan sak durunge bank konvensional mulai akeh. Jenenge Bank Muamalat Indonesia utowo disingkat dadi BMI. BMI iki bank umum nang Indonesia sing menerapkan prinsip syariah gawe jalano operasionale. Bank iki berdiri sejak 1 November 1991. Bank iki diurus langsung karo MUI ambek pemerintah Indonesia. Fasilitas sing onok nang BMI iki wes koyok bank pada umume, bedane mek gak onok bunga dan bener-bener sesuai prinsip syariah sing sebenere.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8468", "text": "Onok salah siji fitur sing lagi akeh banget digawe karo arek enom. Jenenge iku paylater. Paylater iki wes onok nang sembarang kalir e-wallet koyok Gopay, DANA, Shopeepay, dan akeh liyane maneh. Fungsine iku podo karo kartu kredit alias nek tuku ngutang disik dan pas akhir wulan iku onok tagihan sing kudu dilunasi. Paylater iku tambah akeh sing nganggo soale akses e yo gampang terus gampang digawene sisan. Padahal, paylater iku marakno awak dewe tambah boros. Soale pikire sek isok belonjo piro piro ae. Padahal mereka iki gak sadar, nang akhir iku pasti tagihane bakal mbengkak. Dadi gawe awakmu, gak usah atek coba-coba paylater, gak onok apike.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9137", "text": "Aku iku mesti nyarano nang akeh uwong ben isok renang. Nek onok sing ngeluh mergo renang iku angel, sinau ae renang gaya bebas. Renang gaya bebas iku dinilai dadi gaya renang sing paling gampang soale gak butuh teknik sing ribet. Tapi mbasio ngono, awakmu sing kate sinau renang gaya bebas tetep kudu eroh koordinasi teknik dasar gawe renang gaya bebas. Latihan koordinasi teknik dasar e iku koyok ngono. Siji, posisi awal atek ngeluncur. Loro, ngelakoni gerakan sikil sing dipukulno munggah mudun dan gentian. Telu, gerakan lengan dilempar nang ngarep gentian. Papat, pas lengan lagi ndayung, sira dimiringno nang siji arah gawe njupuk napas. Terakhir, nek wes njupuk napas, rai balik maneh nang njero banyu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4347", "text": "Seranga iku ancene sak pirang-pirang terus sak liyane iku, roto-roto sing jenenge serangga iku mesti duwe kelompok sing ancene iso dadi koyok gerombolan, nag salah sijine serangga sing paling digetingi yoiku karlak. Kewan iku ancene jijike pol mergo sak liyane bentuke iku koyok telek, yo ambune barang yo ora karoan padala ora diapak-apakno. Mari ngunu kewan iki mesti biasane yo maggon nang omah-omah sing ancene orang diresiki terus jumlahe barang yo akeh ora mok siji tok, tapi kadang ono sampek sak gerombol barang. Dadi nag ancene omahe iku ora tau diresiki utowo arang diresiki mesti marakno dipanggoni kewan iki nang omah maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3021", "text": "Akhir semester wingi aku petok koncoku nag salah sijine warung kopi nag kota pahlawan. Koncoku ancene ngejak ketemu soale bocahe pengen cerito nag ono masalah. Pas aku tok kono bocahe ngomong nag pacare sign ate dilamar tibake selingku ambek koncone pacare maeng. Koncoke mangkele orambloko. Mari ngunu tak jak ngecek bener opo ora pacarae koncoku maeng selingkuh. Terus koncoku maeng ngejak nang enggon sing biasane digawe pacare ambek koncone maeng petukan. Terus aku jumbul lah, tibake temenan sing diomongno koncoku. Akhire koncoku tak jak metuki langsung terus tak omongi nag bocah koyok ngunu iku pantese dibuak wae ora pantes gawe bojo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9994", "text": "Muring-muring ning petugas nalika ora oleh jawaban teko pitakonan iku wajar. Kene wis berharap ning petugas iku soale ngerti yen petugas iku wis mesti ngerti jawabane. Nanging malah petugase kowa kowo lan ora ngerti apa-apa sing akhire nggarai kene langsung muntap lan muring-muring. Nanging yen bisa kene tetep ora oleh keliwatan wates kanggo muring-muring. Watesane yen muring-muring karo wong liya iku sakjane sewares ngutarakna liwat kocapan. Aja nganti nalika muring-muring dadi nyerang fisik. Iki dadi cikal bakale gelud lan akhire masalah tambah dawa banget. Mula yen lagi muring-muring kudu tetep dieling watesan-watesane supaya ora nggarai nambah masalah anyar maneh karo wong liya.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4460", "text": "Nang desok iku ancene akeh wong sing dugeh mergo sawahe iku akehe megilan. Tapi siji dino iku ono tonggoku sing terkenal sugehe mergo sawahe sing sak harat-harat iku ora tau metu. Nah jarene tonggoku sing nang ngarep, wong iku ora tau metu mergo wingi ono wong bank sing nageh utang sing jumlahe iku ora sak itik tapi sampek puluhan juta sing kudu dilunasi utange maeng. Nah mergo perkoro iku maeng deke akhire kisinen sampek pirang-pirang dino deke iku ora gelem metu teko omah, terus yo ora tau metu ambek jandon campur wong akeh koyok biasane. Nah iku sing garai wong sing nang pinggir-pinggire maleh pikiran sing elek-elek nang wong iku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4883", "text": "Ana acara bocah enom sing saiki lagi rame ning sosial media, yaiku acara pesta lajang utawa basa umume bridal shower. Acara pesta lajang iki awale saka negara-negara ning Eropa abad ke-16. Tradisi iki sak durunge nduwe tujuan mbantu calon manten sing arep nikahan, yaiku ngewenehi barang-barang sing sekirane kanggo pas wayah urip omah-omah bareng. Biyasane sing nggawe acara iki ya kanca-kancane manten uga acara iki bisa dadi acara terakhir manten bisa dolan lan kumpul-kumpul karo kancane. Acara iki wis diadaptasi karo budhaya timur, kamangka ana tradisi sing diilangi kaya ngombe alkohol utawa lunga ning panggon-panggon hiburan wayah bengi kaya diskotik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7618", "text": "Akeh-akeh uwong iku senengane nilai uwong teko raine tok. Nek sing ayu bakal luwe dihargai, sing elek bakal diperlakukno semena-mena. Padahal, onok istilah sing terkenal banget, yaiku ojok ngenilai buku teko sampule ae. Maksute ojok nilai uwong iku teko penampilan njobone, soale gak onok sing eroh njerone bakal koyok opo. Sing ayu iku gak mesti apik, dan sing elek iku gak mesti jahat. Awak dewe buru isok nilai uwong iku nek awal dewe wes kenal apik karo wong sing bersangkutan. Dadi mulai saiki, ojok maneh ngenilai uwong teko penampilan njobone, soale iku kabeh isok menipu. Wong ayu iku yo akeh sing jahat. Wong sing elek iku gak sitik sing apikan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2920", "text": "Sak marine tahun baru tahun iki aku ngeterno koncoku perikso nang rumah sakit umum daerah. Nah aku bingung pas delok koncoku moro-moro raine pucet. Terus tak takoni deke loro opo, soale bocahe wes suwe nag ndase mor-moro loro ora jelas nag mari lunggo terus ngadek soale mari tibo disek. Lah bocahe maeng jumbul pas dokter ngarani nag bocahe iku ngalami penggumpalan darah sing ono nang endase maeng. Nah koncoku maeng dikongkon tes USG barang ben ngerti kondisi endasi sing loro maeng. Koncoki wes keweden tapi aku dadi kocnko wes tak kongkon wae sing penteng ngerti lorone iku opo. Tibak'e sak wise USG tibake nang ndase iku ora ono opo-opo mok dikongkon leren soale ono trauma mari tibo iku maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9087", "text": "Aku iku nduwe konco sing dadi penderita batophobia. Batophobia iku rasa wedi berlebihan nek lagi jejeran karo bangunan duwur. Penderita iku ngeroso ben onok nang cedek bangunan duwur, mereka wedi bakal keruntuhan bangunan iku mau. Koncoku sampe saiki sek ngalami iku, tapi de’e nduwe solusine dewe. Gawe awakmu sing ngalami fobia iki dan pingin eroh solusine, gatekno yo. Siji, ngajak konco dan posisikno awakmu nang sisi sing luwe adoh timbang gedung iku mau. Loro, nek kate melbu gedung mau, njaluk tulung nang koncomu gawe nuntun. Dadi engkok awakmu bakal merem, terus koncomu bakal nuntun sampe melbu nang njero. Buru nek wes nang njero, awakmu melek maneh dan isok ngelakoni aktivitas koyok biasa. Terakhir, nek gak pingin ngerepoti wong liyo, adepi ae sing tatak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2513", "text": "Roso seneng lulus ujian iku iso wae macem-macem. Salah sijine karo ngejak bocah-bocah utowo konco-konco sing parek mangan bareng. Tapi yo ono sing syukuran karo ngelakoni perkoro-perkoro sing aneh koyok contone mlaku teko kampus sampek omah. Padal sing diarani roso seneng lulus ujian yo mok wes kroso seneng polahe hasile ujian yo wes cukup. Tapi rosos seneng iku sing iso dadekno menungso sing duwe roso seneng iku iso ngelakoni sembarang kalir sing ora masuk akal ambek nag dikpikir iku aras-arasen ngelakoni. Terus saiki sing model koyok ngunuku yo akeh ambek gelek dilakoni akro bocah-bocah sing lagek lulus ujian mboh iku teko ujian nasional, ujian kampus ambek liyan-liyane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3796", "text": "Cerito sing ancene jijiki iku yo ora kenek diarane langsung nag iku jijiki. Soale kadang wong sing ngeringekno utowo sing delok pengalaman sing jarene wong iku maeng yo durung karoan nag jijik. Nah sing garai pengalaman iku maeng dadi pengalaman sing bener-bener jijiki iku polahe perkoro sing dilakoni iku maeng ono sangkut paute ambek barang sing jijiki mangkane dadi pengalaman sing jijiki. Nah perkoro sing jijiki sing iso dade pengalaman sing jijiki iku reno-reno karek wonge sing ngalami maeng. Nah contone koyok keceret pas nag sekolahan, nangis pas dikongkon maju barang yo ono. Kabeh iku kan karek wong iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1555", "text": "Pas awak dhewe ketemu wong sing kelambine mirip utowo podo banget koyo sing awak dhewe enggo, biasane awak dhewe ngeroso kui. Alesane dhewe ngeroso isin kui mergo awak dhewe sebagai individu kui nganggep awake dhewe spesial utowo bedo karo wong liyo. Awak dhewe ora pengen dipada-padake karo sopo wae. Neng pikirane awak dhewe, ora ono wong sing podo koyo awak dhewe. Awak dhewe yakin banget yen awak dhewe kui spesial lan ora bakal ono saingane. Yen ono wong sing madani awak dhewe, neng konteks iki kelambine, awak dhewe langsung ora terimo. Mungkin, iki kerungune rodo berlebihan. Nanging pernyataan mau kui ono benere.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5619", "text": "Nduweni ilmu bela diri kuwi penting kanggo wong sing wis diwasa kanggo jaga-jaga, apa maneh yen bela diri iki nganggo gaman kaya golok. Bela diri iki ora perlu sing angel, nanging awak dhewe uga sinau piye carane ben awak uga bisa nerima reflek sing apik kanggo nyerang balik. Awak dhewe uga kudu fokus lan ora panik yen diserang nganggo gaman. Yen ora bisa ngelawan, aja ngelawan, nanging golek pitulungan marang wong sekitar sing sekirane bisa nulungi kaya wong sing duwe toko 24 jam, satpam, hansip, utawa polisi amarga yen meksa ngelawan malah dadi mala dan bisa dadi tatu ning awake dhewe uga mbahayakake nyawa. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1025", "text": "Jatuh cinta kui anugrah sing iso dirasake akeh menungso. Kenopo aku ngomong akeh, soale ono wong sing angel utowo wedi kanggo nerimo kenyataan yen dheweke kui lagi jatuh cinta. Dheweke durung ngedalani dadi pasangan, durung yang-yangan lan durung nikah, nanging wis wedi disikan. Rasa takut yen arep jatuh cinta kui, jenenge philophobia. Wong sing ngalami iki biasane ora percoyo karo awake dhewe yen dheweke kui iso ngebahagiake pasagane. Mungkin uga, dheweke ngeroso ora pantes dadi pasangane. Kewedenan iki iso jedul mergo pengalaman sing ora ngepenake. Misale, dheweke tau delok wong tuwane utowo keluargane sing cerai. Pasangan sing dheweke kenal kui akeh padune lan tekan ngelarani awak pasangane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1557", "text": "Awak dhewe kui paling ngeroso isin yen kelambi sing awak dhewe enggo kui ono sing madani pas neng pesta walimahan. Awak dhewe sing niate arep pamer, malah dadi ngeroso isin. Supoyo kui ora kedadean, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso survei disik kiro-kiro kelambi sing modele koyo ngopo sing ora bakal wong-wong enggo. Sing keloro, awak dhewe seko awal wis iso milih kelambi sing awak dhewe yakin ora bakal ono sing madake. Sing ketelu, awak dhewe isi jaitke kelambi pesta kui khusus kanggo awak dhewe. Apike, awak dhewe gawe kelambi kui ngaggo desain sing awak dhewe gawe dhewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4986", "text": "Pegatan kuwi salah sijine masalah keluwarga sing ora diarepake bakal kedadian lan bisa marai pecahe keluwarga. Pegatan utawa pisahan iki diatur ning undang-undang lan bisa ngakibatke macem-macem, yaiku salah sawijine tekanan mental anak. Nanging, yen wes ora cocok, yo ora bisa dipeksa. Ana akeh cara sing bisa dilakoni kanggo njelaske babakan pisahan nang anak, yaiku ngomong yen masio wong tuwane beda omah, anak kuwi bakal tetep oleh kasih sayang saka wong tuwane. Banjur anak uga oleh milih arep urip karo sapa, nanging aja dibatesi komunikasine karo wong tuwa sing liyane. Sing paling penting ya pinter-pintere wong tuwa njaga omongan perkara pegatan iki. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1418", "text": "Yen aku ngeroso kebelet, mbuh kui kepuyuh opo kepising, aku luwih milih tak tahan tekan omah lan tak pikir kowe-kowe kudu ngelakoke hal sing podo karo aku. Soale, kamar mburi neng panggon umum kui biasane ora reged. Sing ketok resik wae durung tentu ora ono kumane, opo meneh kamar mburi sing cetho-cetho ketok reged utowo keroso mambu pesing. Kui jelas ora higienes. Misale, awak dhewe guak hajat kui neng omah, awak dhewe iso luwih ayem. Soale, awak dhewe ngerti banget yen kamar mburine kui cetho resik lan bebas seko kuman. Senadyan, rodo ora penak mergo kudu nahan, nanging kui ora masalah, sing penting awak dhewe iso ngising utowo nguyuh neng panggon sing aman.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "379", "text": "Penyesalan kui ora iso awak dhewe hindari. Awak dhewe selam urip iki ora mungkin mung meneng tok. Mesthi ono tindakan sing awak dhewe lakoke. Tindakan kui iso wae dadi penyesalan neng masa depan. Penyesalan kui wis kudune awak dhewe sesalke. Awak dhewe kudu introspeksi meneh opo sing salah seko tindakan kui. Nanging penyesalan kui ora entuk suwe-suwe. Penyesalan cukup dadi bahan kanggo pembelajaran. Mergo penyeselan kui ora mung kedadean pisan, nanging bakal kedadean terus tekan awak dhewe ora ngelakoke opo-opo. Yen awak dhewe mandeg mergo penyesalan kui banjur ora ngelakoke opo-opo. Awak dhewe podo koyo wis modar. Awak dhewe isih urip ning tangan karo sikile ora iso gerak. Luwih apik akeh penyesalan, timabangane urip gur menengan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3482", "text": "Aku tau ngalami keweden polahe ngeliwati panggonan sing ancene durung tau tak ngerteni. Panggonan iku petenge megilan pas bengi, terus ora ono lampune blas, masio iku dalan gede tapi ujute ora ono wong liwat blas. Panggonan iku nag antarane perbatansan ponorogo ambek pacitan. Nah nang kono maeng ancene medeni wes alas tok, deso siji ambek sijine iku yo adohe pol, terus sing garai wedi maneh iku dalane ora ono lampune blas masio iku dalam provinsi. Wes ket iku aku kapok ora tau liwat kono maneh soale wedine megilan. Maringunu pas ketok kotae , tibake kotae yo cilike pol, podo ambek kecamatan nang kotaku. Terus yo wes sepi sisan padal lagek mari isyak sekitar jam setengah wolu. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "759", "text": "Awak dhewe mungkin kerep ketemu wong sing nesu-nesu tanpa sebab. Pas awak dhewe lagi takon kenopo, dheweke uga ora iso jawab pitakonan kui. Salah siji sebab wong nesu sing arang digateke karo wong-wong kui nesu mergo ora digateke utowo dirungoke. Soale, wong sing nesu mergo alasen iki biasane wong sing menengan lan ora ketok neng lingkungan pergaulan. Wong kui ngeroso yen dheweke kui ora digateke koyo wong-wong neng sekitare. Dadine, dheweke sadar ora sadar ngelakoke hal-hal sing ora pantes. Dheweke ngomong banter neng koncone opo malah tekan misuh-misuh. Dhewke sebenere ora arep ngelarani ati koncone, nanging dheweke ora ngerti cara opo meneh ben dheweke dianggep ono karo konco-koncone.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4486", "text": "Nag moro-moro diarani ambu, iku mesti yo rodok jengkelno ati. Masio iku mok guyon tapi nag oleh ngarani iku nang ngarepe wong akeh yo jelas iso dadekno wong sing diarani ambu iku maeng maleh isin. Nah sing garai isin iku maeng asline ora mergo mok ambune tok, tapi yo mergo kondisi lingkungan sing ancene kudu didelok disik, nag ancene lingkungane iku maeng ora ono wong akeh utowo dewean, ora masalah diarani ambu, tapi nag ancene panggonane maeng akeh wong sing nang kono terus delok, yo mesti bakal dadekno wong sing diarani ambu maeng bakal ngerasakno isin atine maeng. Padal sing jenenge ambu iku yo ora kabeh wong iku ngerasakno.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4926", "text": "Wong nyusun rencana kuwi padha kaya wong nggawe proposal marang instansi amarga kudu ana tata cara lan kudu duwe pertimbangan kang mateng ben bisa kelakon. Salah sawijine nyusun rencana kanggo ujian pegawai negeri sipil utawa PNS. PNS iki prosese dawa banget. Kaping pisan kudu ngerti tanggal-tanggal penting sing ana ning web. Kaping pindho nyiyapake dokumen pribadi kaya KTP lan liyan-liyane lan ngurus administrasi. Kaping telu, sinau kanggo tes kaya sinau soal-soal utawa sinau babakan instansi sing arep didaftar uga akeh-akeh latihan ben ora kagok lan ora bingung. Kaping papat, njaga fisik lan uga mental amarga kabeh kemungkinan mesti bisa kedaden. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5286", "text": "Ulang taun kuwi babagan sing paling nyenengake amarga bisa dadi salah siji sarana kanggo refleksi umur sing tambah diwasa. Sing ora kalah nyenengake yaiku yen ana kanca sing ulang tau, awak dhewe melu ngewenehi kado utawa ngerayakake ben kancane awak dhewe kuwi seneng. Sing paling umum dilakoni yaiku ngewenehi kejutan kanggo kanca. Kejutan iki bisa nekakake keluwarga kanca utawa wong sing lagi cedhak. Kanggo acara sing luwih ana kesane, awak dhewe uga ngewenehi kado sing akeh maknane kaya panganan, barang sing dibutuhake, utawa barang sing ngandung memori. Banjur yen wes nyiyapake kado, awak dhewe uga nyiyapake dunga sing apik kanggo kanca. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "315", "text": "Sedih kui respon sing wajar pas ngerti ono anggota keluarga sing meninggal, opo meneh hubungane awak dhewe koro sing kunduran kui cerak banget. Awak dhewe ora perlu dadi wong sing paling tabah. Yen misale nangis kuwi iso marake ati lego, nangis wae. Ora bakal ono sing ngelarang awak dhewe nangis. Sedih utowo nangis kui dudu tanda awak dhewe lemah. Perasaan sing nyesek neng dodo kui iso dadi pertanda yen awak dhewe isih duwe simpati marnag wong liyo. Ora kabeh wong iso duwe empati koyo awak dhewe. Sedih mergo ditinggal neng donyo kui uga buktike yen awak dhewe duwe wong sing dicintai.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7534", "text": "Jaman saiki, prank iku sek dadi tren sampe saiki. Beberapa program TV sisan nayangno acara tentang prank dan ditonton akeh uwong. Tujuan ngeprank iku onok sing mek gawe lucu-luan tok sampe onok sing ngeweden-wedeni korban iku mau. Prank iki nduwe hukume dewe nang Islam. Menurut hadist riwayat Abu Dawud, gak halal bagi seorang Muslim sing ngeweden-wedeni utowo marakno kaget wong Muslim sing liyane. Nek prank iki sengojo dilakoni gawe niat menghibur, duso ding ditanggung luwe gede. Nang hadist liyane, Rasulullah Muhammad SAW melarang mbujuki ben wong liyo iku terhibur sampe ngguyu. Dadi singkate, nang Islam, prank iku hukume dilarang, bahkan sampe isok marakno duso.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9540", "text": "Dina iki ana wara-wara kasile test mlebu UGM. Nina wis ngenteni banget dina iki amarga dheweke ya daftar ing UGM. Kanggo ngilangna rasa wedine, Nina ngejak kancane dolan sik ana ing mall supaya ora mung ning omah lan dadi kepikiran. Jam 7 bengi Nina wis cepak ing ngaree laptop kanggo mbukak wara-wara iku. Nina kaget amarga ing layar laptop ana tulisan yen dheweke ora lolos kanggo mlebu UGM. Laptope langsung ditutup lan Nina langsung nuangis ning Ibune. Nina sedih pol amarga wis ngrasa yen dheweke wis sinau ket isuk tekan bengi nanging adakna kasile kaya ngene. Nina ditenangne karo Ibune lan ngomong yen isih ana kesempatan liyane kanggo bisa dadi bocah UGM.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8465", "text": "Salah siji pelayanan sing disediakno ambek Bank iku jenenge kartu kredit. Biasane, wong-wong sogeh iku akeh pol sing nganggo kartu kredit gawe belonjo nang ndi ae. Ngono iku kok bangga yo. Padahal nganggo kartu kredit iku kan podo ae ngutang nek kate tuku sesuatu. Cuma nek nganggo kartu kredit iku ketok luwe eksklusif ngono ae, tapi dasarane yo podo ae. Wong-wong iku nganggo kartu kredit mau garek gesek tok, terus pas akhir wulan iku pasti bakal onok tagihan sing kudu dilunasi. Opo’o gak sekalian dilunasi pas tukune iku ae. Lapo atek leren ngutang disik. Nek aku seh ndelok koyok ngono maleh ruwet karepe dewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9957", "text": "Yen gelek ngamuk tanpa ana sebabe, bisa wae kene kalebu wong sing duweni kesabaran sing tipis banget. Apa maneh sing duweni kebiasaan ngamuk ning panggon rame. Ana cara supaya kene bisa ngempet rasa pengin muring-muring nalika ana ing panggon rame supaya ora dadi isin. Nomer siji, kudu iling lagi ana ing ngendi. Yen ana ing panggon rame nanging terbuka kaya taman sakjane ora papa wae kanggo muring-muring. Nomer loro, kudu ndelok situasi. Nomer telu, kudu bisa mikir sing apik-apik dhisik. Ora perlu mikir samubarang sing tambah nggarai muring-muring. Sing terakhir ndonga marang Gusti supaya ditambahi kesabarane lan bisa gampang ngatur emosine dewe. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1014", "text": "Yen misale kudu milih, senjoto opo sing ditodong neng awakku, aku milih senjoto api koyo pestol lan sak panunggalane. Kebeh senjoto kui medeni, mbuh kui sing tumpul opo sing landep. Yen keno senjoto-senjoto kui, kabeh wong mesti ngerasake loro. Nanging, menurutku kui pestol kui sing paling mending. Soale, menurutku kui pestol ora bahaya yen ora dipantik. Dadi koyo dolanan cah cilik wae. Yen misale, pestole kui ditembake mesthi, sing ditembak kui langsung mati dadi ora kudu ngerasake lara sing suwe, opo meneh yen ditembake neng bagian sirah. Sing duwe pestol tenana kui uga ora akeh. Dadi kemungkinane gedhe pistol sing diarahke neng awak dhewe kui pestol dolanan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4878", "text": "Ning sosial media lagi rame babakan fanatisme marang idola Korea. Akeh sing gelut perkara masalah sepele kaya salah nyebut jeneng, ora ngurmati senior, lan masalah liyane. Nanging sing butuh dingerteni iki idola iki ya menungsa sing kadang ana salah lan laline. Sing kudune diperangi iki dudu sing sepele, nanging masalah gedhe kaya plagiarisme karya, mulai saka lagu kanthi gerakan tari. Masalah gedhe iki malah sing diilangi saka publik. Kamangka kuwi, akeh penggemar sing mulai sadar yen plagiat konsep kuwi ora apik. Amarga kuwi, ayo saiki kudu luwih bisa ngeregani kerja abote para seniman ben ora diplagiat lan ora ninggalake kesan elek kanggo generasi selanjute. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1060", "text": "Jaman cilik kui, awak dhewe kerep wadul-wadulan. Maksude yen ono konco sing marake awak dhewe mangkal utowo ngelarani awak dhewe, awak dhewe mesthi ngincim ngewadulko kelakuane koncone kui neng wong tuwo. Biasane kui bocah cilik ngomong bakal wodul neng bapake utowo ibue opo wadul karo bapak ibu guru neng sekolahan. Aku uga tau ngalami kui. Pas kui aku lagi dolan karo koncoku neng sekolahan. Awak dhewe dolanan bal-bal wis bali sekolah. Neng tengah-tengah pertandingan aku ora sengojo nemangsake bale koncoku. Dheweke ngomong neng aku, dheweke bakal ngewadulke kui neng bapake. Aku wis wedi pas kui. Untunge bale kui bal plastik. Dadi bal iso tibo mergo keno angin.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9956", "text": "Saben wong duweni bates sabare dewe-dewe. Ana sing diguda sitik ngamuk, ana sing diilokna sitik langsung ngamuk, lan liyane. Kadang malah ana wong sing bisa ngamuk senajan tanpa sebab. Ana cara supaya ora gampang ngamuk. Nomer siji yaiku nalika wis kerasa bakalan muring-muring, bisa langsung ngitung 1-50 supaya detak jantunge bisa normal lan ora sida muring-muring. Nomer loro, tarik napas sing dawa. Supaya ati bisa luwih tenang. Nomer telu kudu rajin olahraga supaya bisa gampang ngendalikna emosi. Nanging yen wis ora bisa diempet banget ya ora papa kanggo muring-muring. Kadang muring-muring yen diempet malah dadi penyakit dadine kudu ditokne wae. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7555", "text": "Tau gak di antara awakmu nek sing gak sengojo ketemu konco lawas, malah ngehindar? Terutama nek awakmu disikan sing ketokan, malah luwe cepet gawe ngehindare. Wong-wong sing ngehindari konco lawas pas gak sengojo papasan iku gak mek mergo mbiyene mungsunan. Onok alesan liyane sing marakno koyok ngono. Salah sijine iku mergo minder ambek wedi. Biasane minder e iku mergo durung entok kerjo dan wedi engkok ditakoni, utowo minder mergo perubahan fisik sing gak dipingini dan wedi dinyek sing aneh-aneh. Timbangane engkok ngadepi situasi sing koyok ngono, mending mereka ngehindar. Dan perasaan sing dirasakno wong-wong koyok ngono iku tetep valid kok.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4358", "text": "Roto-roto wong nag delok idu wong liyo iku mesti jijik. Opo maneh nag sampek kenek awake yo tambah ora karoan mangkele. Nah kabeh iku ancene termasuk perkoro sing gilani mergo idu iku mesti dianggep perkoro sing rusoh ambek wong-wong sing ora duwe idu iku maeng. Masio wong podo duwe idu tapi nag teko wong liyo mesti dianggep rusoh. Nag ancene wes kadung kenek yo nang diilangi utowo diumbah soale sing jenenge idu iku akeh sing ngarani nag panggonane penyakit ambek akeh penyakit sing ono nang jero idu iku maeng, opo maneh nag wonge maeng iku duwe penyakit sing aneh-aneh contohne koyok pilek, watok ambek liyane. Nah mangkane nag kenek idu iku gagih nang diumbah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9551", "text": "Ora kepikir ing atine Aldo yen tindakane iki bakal nggarai wong tuwane gela. Aldo ujug-ujug metu saka omah amarga ngerasa pegel saben dina diseneni terus. Saben mulih kerja Aldo isih dikongkon ngelesi adhike, lan akeh kegiatan liyane sing kudu dilakoni karo Aldo. Wis seminggu luwih Aldo ora balik mulih ana ing omah. Nalika wong tuwane nakok liwat telpon, Aldo gur ngomong yen lagi ana kegiatan ing kantore. Nanging suwi-suwi Aldo ora tega karo kaluwargane sing ditinggal suwi-suwi. Akhire Aldo ngomong jujur yen dheweke ngerasa pegel kudu tandang gawe macem-macem sawise kerja. Wong tuwane akhire bisa ngerti lan janji ora bakal ngaboti Aldo maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9945", "text": "Mangsa mudik dadi mangsa sing nyenengke banget. Nanging ora nyenengke banget kanggo wong sing mudik amarga wegah anggone ngerasakake macet ing dalan. Nalika mangsa mudik, kabeh wong padha mulih ing omah utawa kampunge dewe-dewe. Senajan dalane wis akeh banget, transportasi umum ya wis akeh, nanging pancen masarakate ya mbludak. Akhire ora bisa diadohi babagan macet iki. Senajan ana dalan tol sing dibangung kanggo ngurai kemacetan ya padha wae bakal tetep macet. Mula yen wis duweni niat kanggo mudik apa maneh nggawa montor dewe, ya kudu bisa kanggo ngatur emosi supaya ora nesu nalika kena macet. Dianggep wae iku bagian teka mudik supaya tetep seneng kanggo ngerayakna riyaya ana ing omah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9102", "text": "Spirited Away iku salah siji film animasi teko Jepang karyane Hayao Miyazaki selaku sutradara karo penulis. Produser film iki yaiku Toshio Suzuki. Film iki rilis nang ngisor perusahaan produksi Studio Ghibli. Film iki rilis tanggal 20 Juli 2001 dan nduwe durasi 125 menit. Film iki bercerita tentang arek umur 10 tahun sing jenenge Chihiro ambek wong tuwone sing melbu nang panggon sing mirip ambek taman hiburan lawas. Nang kono, mbarine wong tuwone dadi babi, Chihiro ketemu ambek Haku sing njelasno nang de’e nek panggon iki asline resort sing dinggo gawe makhluk supernatural istirahat teko alam duniawi. Ben isok mbebasno wong tuwone dan dirine sisan, Chihiro kudu kerjo nang bath house sing diduweni ambek Yubaba.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9181", "text": "Poppy iku bingung pol pas dikon milih antara UI opo UGM. De’e iku kepingin kuliah nang rong kampus iku tok, gak pingin nang liyane. Nek gak UI, yo UGM. Pokoke kudu ngono. Pas daftar kuliah nang jalur undangan, de’e milih UI dadi pilihan pertama terus UGM nang jalur kedua, sesuai ambek saran mama e. Pas ditakoni, isok pede lolos opo gak, Poppy jawab de’e pokok e bakal melbu nang salah siji kampus iku mau. Alesane mergo nilai rapot e stabil dan jurusan sing dipilih iku guduk sing peminate akeh. Pas pengumuman, dadakno Poppy gak melbu nang UI, tapi melbune nang UGM. Mbasio melbune nang UGM, Poppy tetep seneng pol lah, wong sek seneng ambek kampus e.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4412", "text": "Sopo sing ora tau ngentut nang panggonan umum mesti bijuki. Kabeh wong mesti tau ngalami perkoro iki, tapi durung karoan entute iku marakno wonge sing ngentut iku isin. Nah sing diarani ngetut yoiku termasuk angin sing ancene metu teko wetenge menungso tapi teko dalan guri. Nah biasane entut iki iku ono reno-reno, contohne mok angin tok tanpo ono ambune ambek suarane, terus ono sing mambu ora enak barang. Nah biasane sing garai wong isin iku nag entute iku ambune ora enake pol terus kedaden nang ngarepe wong akeh. Nah nag wes ngunuku jelas wong sing ngetut bakal isine pol, soale dadekno wong liyone iku mambu terus kadang yo dilokno barang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3443", "text": "Aku ambek koncoku iku tau diajake siong jenenge banyak polahe aku liwat pinggire dalan sing digawe mangan ambek banyak iku maeng. Aku ambek koncoku yo jelas mlayu keweden soale banyak iku rupane ae gedene rong pitik, terus oleh ngajak iku bantere ora ukur, terus warnai iku asline yo apik puteh bledes, terus cucuki iku kuning. Mari ngunu biasane ikumenine engak...engak...engak... Kewan iku angcene nyengite ora ukur nag ambek wong sing parek-parek ambek deke opo maenh nag pas duwe anak yo tambah bakal diuber-uber sampek kenek. Terus kewan iku yo iso miber barang koyok manuk. Terus sak liyane iku yo iso ngelangi nang banyu tapi ora nag jero banyu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5219", "text": "Wong mesti bakal seneng yen diwenehi hadiah, apa maneh saka kanca kerjane. Kuwi uga dadi tandha yen wong kuwi pantes lan diregani pengabdiane. Yen wong kerjane apik, kamangka mesti ana wae berkat sing bisa diolehi. Salah sawijine yaiku hadiah lan bonus kaya gaji lan bonus libur saka kantor. Saka kasus iki, awak dhewe kudu sinau yen awak dhewe dadi bos, awak dhewe uga kudu ngerti carane ngeregani kringete wong sing wis ngabdi marang awak dhewe. Banjur awak dhewe bisa dadi nduwuran utawa kepala sing apik lan bisa dadi conto sing uga bisa ditiru. Kanggo ngeregani wong, sing penting ayo mulai ngeregani awake dhewe dhisik. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1469", "text": "Yen awak dhewe duwe teras utowo taman neng samping omahe dhewe, awak dhewe kudu sering ngerisik panggon kui. Opo meneh yen tamane kui ombo lan akeh wit-witane. Mesthi sampah godhong kui bakal terus ono. Sak ben dinone, yen sampahe kui ora diresike, bakal tambah numpuk. Maknane kui, awak dhewe kudu sergep nyaponi tamane dhewe sak ben dino. Teras dhewe kui bagian seko omahe dhewe sing paling ketok seko jobo. Yen terase reged, mungkin tonggo-tonggone dhewe bakal mikir jero omahe dhewe luwih reged. Sing parahe meneh, mungkin tonggone dhewe ngiro yen omahe dhewe wis ora ono sing nempati. Iki alesane, kenopo awak dhewe kudu sregep nyaponi teras.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "658", "text": "Ketemu wong sing awak dhewe kenal neng tengah dalan iki sok-sok marake deg-degan. Awak dhewe kepengen nyapa nanging wedi yen awak dhewe salah uwong. Nanging, meh piye-piye, awak dhewe tetep kudu nyapa wong kui. Alasane kui, sing kesiji, nyapa kui iso dadi tanda yen awak dhewe isih iling karo dheweke. Sopo ngerti bar saling nyapa kui luwih, awak dhewe isih dadi luwih cerak. Sing keloro, yen ora disapa dikirane awak dhewe malah nesu karo dheweke. Sing ketelu, yen misale jebule awak dhewe salah ngenali kui ora masalah. Iso wae wonge kui dadi koncone awak dhewe. Misale ora, jaluk ngapura kui ora repot-repot banget kok.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7602", "text": "Wes dadi hal sing biasa nek onok sesuatu sing lagi ngetren, wong-wong pasti bakal cepet-cepetan ngincer barang iku. Gawe ngindari keramaian sing marakno keributan, butuh banget sing jenenge antrean cek kabehe luwe tertoto. Antrean iki dewe maksute barisan sing biasane ditentukno teko sopo sing teko disikan. Antrean iki onok jenis-jenise. Siji, sak antrean satu pelayan. Nang kene pelanggan mek teko ngelewati sak pelayan ae. Loro, sak antrean pirang pelayan. Dadi pelanggan isok ngeleboni panggon pelayan sing lagi kosong, dan iki isok marakno antrean luwe cepet entekke. Telu, pirang antrean karo pirang pelayanan paralel. Biasane antrean iki onok nang priduk sing kudu diproduksi abrik. Papat, satu antrean pirang pelayan seri. Biasane iki onok nang Stasiun.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9584", "text": "Pisah karo kanca sing wis bareng pirang-piranh taun iku dadi momok sing palinh diwedeni. Sapa sing ora nangis nalika pisah karo wong sing saben dina ketemu, saben dina dolan bareng, pokoke wis ngentekna wektu bareng. Nanging ya ngono iku urip, ana sing teka lan ana sing nyengkreh. Iku wis mesti, lan kene ora bisa ngapa-ngapa kejaba mung bisa dongakne supaya kancane kene duweni kehidupan sing apik ing panggon liya. Mula yen awakmu diadepna karo perpisahan karo kanca, aja nganti malah ganggu lan gawe dheweke ngerasa bersalah. Kene kudu dadi kanca sing suportif kanggo kancane kene supaya bisa tetep kekancan senajan ora ing panggon sing padha maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2976", "text": "Berita sing garai wong tuo jumbul polahe anake dadak metenge iku wes ono nang endi-endi. Nah sing garai perkoro sing jumbulno maeng asline yo teko lingkungan sing digawe gembulan utow konco sing runtang-runtung mendinane ambek anake. Ben ora kedaden perkoro maeng anake yo kudu diperhatekno ben iso jogo awake terus sak liyane maeng yo kudu diawasi ben ora kedaden perkoro sing koyok maeng. Biasane nag sampek kedaden perkoro sing maeng iku biasane kedaden polahe anake kurang perhatian teko wong tuo terus ambek wong tuo sing ancene dibutohno nang uripe anak iku yo ara tau abot ambek anake. Dadi anake maleh golek perhatian teko wong liyo.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6149", "text": "Pentinge adaptasi lan uga ngenali lingkungan dhewe kuwi akeh banget manfaate, Salah sijine yaiu ben awak dhewe ora isin amarga salah ngenali wong liya. Senajan kenalan lan adaptasi butuh wektu, awak dhewe iki kudu bisa manfaatke wektu kanggo paham apa wae sing ana ning lingkungane awak dhewe ben ora salah ngundang lan uga salah alamat yen arep ngurus babagan saban dina. Sing dadi perkara kuwi, akeh wong sing gagal adaptasi lan akibate gedhe, yaiku bisa sering salah ngenali wong lan kabeh kuwi marai canggung ning urusan gawean. Amarga kuwi, ayo usaha kanggo kenal lingkungan luwih akeh lan uga luwih rinci ben ora kisinan. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8049", "text": "Ben uwong iku nduwe rasa wedi ambek sesuatu, salah sijine karo kewan. Kadang onok mek sing wedi biasa, tapi onok sisan sing sampe fobia. Nek misal awakmu nduwe konco, terus gak sengojo ndelok kewan dan ketok koyok keweden banget, awakmu kudu cepet-cepet nyingkirno kewan iku mau. Tujuane ngelakoni iku mau gawe meminimalisir resiko hal-hal sing gak dipingino. Kan isok ae koncomu iku dadakno fobia. Nek misal kewan iku sek dijarno nang kono, onok kemungkinan koncomu iku mau bakal kenek serangan panik saking wedine. Timbangane nenangno uwong sing kenek serangan panik sing luwe angel ditangani, mending nyingkirno kewan sing dadi sumber wedine iku mau sing luwe gampang.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9903", "text": "Ning panggon toilet umum yen lagi mangsa preian pancen bakalan rame banget. Toilet umum dadi panggon incerane wong sing ana ing rest area. Akehne antrian iku ya ora nggarai wong-wong sabar. Akeh sing padha nyerobot antrian senajan wis ana sing antri luwih dhisik sadurunge. Wong sing diserobot kadang meneng wae kadang wani kanggo ngomong kaya kedadean ing rest area Waru iki. Toilet umum rame banget amarga ana wong sing nyerobot antrian lan sing diserobot ora trima. Wong sing dirobot langsung ngamuk, mripate mendelik, raine uabang, metu kabeh omongane sing elek kanggo wong sing nyerobot iku mau amarga wis kadung mangkel banget. Akhire wong loro iku dipisah karo wong liya lan mutusake kanggo damai.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "691", "text": "Pas lagi ono pandemi covid-19 sing neng Indonesia, awak dhewe disaranke banget ora metu omah. Kegiatan kaya sekolah utowo nyambut gawe kui digarap seko omah. Pas kui, aku bar lulus kuliah nanging mergo kondisine lagi serba angel, aku durung entok gawean. Dadi, aku neng omah kui ora ngopo-ngopo. Aku dolanan gim tekan bosen. Yen wis bosen ngono, aku biasane delok video neng Youtube. Kabeh video wis tak tontoni, seko siniar sing durasine luwih seko sak jam tekan video-video liyane sing ora mute. Pas tengah wengi, aku isih golek video sing arep tak tonton. Aku nemu video sing bahas babagan filsafat praktis. Jeneng kanale kui Freedom In Thought. Aku seneng banget nemu kanal kui. Aku dadi iso delok video sing bermanfaat nanging uga tetep menghibur lan gampang dicerna.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4893", "text": "Ning tradisi banjar, ana tradisi sing hubungane karo rasa sukur amarga ana anak ning keluwarga. Tradisi iki arane baayun mulud. Tradisi iki dilaksanakake wayah wulan mulud. Pesertane ya para bayi lan wong tuwa sing nduwe kekarepan ben anake pas gedhe bisa niru keapikan sing diajarake karo Nabi Muhammad lan bisa neladani ajarane. Sak durunge ana unsur Islam, baayun iki wis dadi tradisi dayak sing tujuane kanggo ngangetake bayi ning gendongan sing dibentuk kaya ayunan tradisional. Banjur Islam wis mlebu ning tlatah Kalimantan sing isih kentel karo adat dayak. Budhaya iki isih dilestarekake lan uga biyasane dadi festival gedhe ning Banjar.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1458", "text": "Awak dhewe ojo kerep ngekei wong ombenan sing awak dhewe duwe. Soale, iso wae wonge kui nularke penyakite neng awak dhewe. Yen koncone dhewe jaluk kui, mesthi lambene keno sedotane. Pas lambene demok sedotan kui paling ora ono sitik idune sing nempel neng sedotane mau. Idu kui iso gowo bakteri utowo virus sing ono neng awake konco sing jaluk mau. Terus, pas awak dhewe ngombe meneh nganggo sedotan sing podo. Awak dhewe iso wae ketularan penyakitan. Awak dhewe dadi koyo ijolan idu. Keno idune wong liyo wae wis jijik, opo meneh yen ono kemungkinan ketuluran penyakit. Makane kui, nek iso awak dhewe ojo ngekei omebenane dhewe neng wong liyo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9104", "text": "Makhluk halus iku onok nang ndi ae, bahkan isok ae onok nang sebelahmu saiki, cuma awakmu lagi gak ketokan ae. Tapi awakmu tau gak ngalami sering diganggu ambek makhluk halus. Diganggune iku biasane ditampakno wujud jin iku mau. Wes ngono, sing ditampakno wujud e iku mek awakmu tok. Wong liyo gak isok nguwasi mbasio awakmu ketokan terus. Nek awakmu ngalami koyok ngono, kemungkinan gede mereka iku tertarik ambek awakmu. Tertarik e iki sing gak isok diprediksi, bah iku dalam arti apik utowo elek soale iki berhubungan ambek makhluk halus. Nek wes koyok ngono, awakmu kudu nggawe perlindungan ben awakmu gak ngalami hal-hal sing aneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4856", "text": "Akeh pengalaman sing nyenengake ning urip iki nanging ora kabeh bisa kesimpen amarga memori sing ana batese. Memori-memori iki sajane bisa mbangkitake kenangan sing marai trenyuh. Amarga kuwi, saiki kantor Google nggawe layanan yaiku google photo. Layanan iki sejenis karo galeri digital sing disimpen ning memori bebas. Google photo iki bisa misahke gambar miturut wong sing ning jero foto, tanggal, lan momen apa wae sing ana ning jerone. Carane nggawe akun aplikasi iki ya gampang. Kaping pisan, ndaftar nganggo email sing arep dinggo. Kaping pindho, simpen foto-foto ning galeri google photo miturut folder. Ning foto kuwi wis ana informasi tanggal sing otomatis bisa didelok. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7644", "text": "Kemacetan iku akeh-akehe mesti nang kota-kota gede koyok Jakarta utowo Suroboyo. Hal iku mergo akehe jumlah kendaraan sampe marakno kapasitas dalan berlebih. Kudune pemerintah iku luwe maksimalno jumlah kendaraan umum nang kota gede. Nek tambah akeh jumlah kendaraan umum, jumlah mobil isok luwe berkurang dan isok ngurangi kemacetan iku mau. Tambah akeh uwong sing numpak kendaraan umum, tambah berkurang jumlah kendaraan pribadi nang dalan, dan iku kabeh isok ngurangi level kemacetan. Selain akeh, pemerintah kudu nyiptakno kendaraan umum sing akses e gampang dan nyaman cek wong wong yakin gawe beralih numpak kendaraan umum. Hal iku sing marakno kendaraan umum iku penting.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5239", "text": "Ana konten ning internet sing ora apik ditiru karo bocah-bocah cilik. Konten iki yaiku konten prank utawa ngerjani wong kanthi wong kuwi kaget, mangkel, lan kadhang sampe ngamuk amarga diapusi. Kanggo bocah sing wes gedhe, konten utawa tayangan kaya iki pancen ana hiburane. Nanging kanggo bocah cilik, kadang ora apik amarga bocah cilik durung bisa mbedhakake ndi sing bener lan salah. Banjur prank iki uga bisa marai kaget amarga ora bisa mbedhakake ngendi konten sing tenanan ngendi sing ngapusi. Kamangka, awak dhewe kudu pinter ngawasi konten sing ditonton karo bocah cilik lan ayo dadi conto sing apik kanggo para bocah ning sekitar. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7246", "text": "Gawe awakmu sing sek galau mergo ngalami penolakan mergo alasan opo ae, ojok sampe larut dalam kesedihan sing marai rutinitasmu terganggu. Salah siji sing isok ngalihno rasa galau cek ati luwe rileks iku meditasi. Onok meditasi sing paling sederhana gawe para pemula. Siji, gaween pikiranmu tenang. Pastikno awakmu tenang disik sak durunge meditasi. Hal iki isok dilakoni dengan cara ngosongno pikiran pas longgo. Terus pastikno sisan awakmu longgo nang posisi sing nyaman. Loro, gawe batesan waktu. Gawe pemula, meditasi cukup dilakoni selidut ae. Telu, fokus nang pernapasan. Coba gawe tarik napas dalam-dalam sampe wetengmu ngembang. Terus hembuskan alon-alon. Balenono terus sampe sekitar rong menit gawe ndapetno ketenangan. Papat, jogo pikiran cek tetep fokus. Nek dilakoni dengan bener, meditasi isok marai pikiranmu membara. Pastikno gawe nilai diri secara positif. Terus fokusno maneh ambek napas sing melbu metu teko tubuhmu. Terakhir, nek diroso cukup dan awakmu mulai tenang, alon-alon buka mata dan akhiri meditasi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3479", "text": "Saiki sing gelek ngalami serangan panik iku ora mok wong sing gerang tok, tapi wong-wong enom yo wes akeh sing ngalami perkoro iku contohne wong pengusaha. Nah biasane serangan panik sing koyok ngeneki ancene kedaden nag wong-wong sing tau ngalami perkoro sing sampek dadekno deke iku maeng stres polahe perkoro sing diadepik, terus yo ono sing trauma nang perkoro sing ancene sampek dadekno deke maeng saking wedine ambek saking kuwatire nang perkoro sing diwedeni maeng. Nah wong sing ahli nang masalah ngunuku maeng iku nganjurno nag roso ngunuku maeng kudune nang diilangno ben ora dadekno wong sing ngalami perkoro maeng iso kenek gangguan mental sing nemen, contohne ora iso fokus ambek ora iso ngadepi perkoro sing podo ambek iku maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2691", "text": "Biyen pas durung ngerti mungga gunung tak kiro iku medeni, soale bayangno urip nag duwur gunung iku mesti ijenan ora ono koncone sopo-sopo kejobo mok sak rombongan iku. Ndelok ceritone bocah-bocah nag duwur gunung yo ora ono sinyal sisan, dadi nag delok urip koyok ngunu yo sedeh urip dewean, terus nag duwur gunung sisan. Mari ngunu aku dijak jajal ambek bocah-bocah, akhire aku ngerti tibak'e urip nag duwur gunung ora medeni koyok sing ono nag pikiranku. Nag kono tibak'e anteng. Tapi yo ono wong sing nag kono sing urip dewe. Nag delok se sedeh dewe soale ora ono tonggone terus nag ono opo-opo piye yo? Aku dadi sedeh dewe nag delok keadaane wong iku maeng. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4475", "text": "Wong sing biasane apik nang ngarepe wong akeh, mesti bakale isine megilan nag sampek konangan ngelakoni elek. Nah perkoro ngunuku saiki wes gelek kedaden nang endi-endi contohne guru merkosa murite, dosen ngejak dolan murite, terus sing nemen maneh wong sing terkenal mulyo ambek ilmu agamane sampek ngelakoni merkosa jamaahe barang yo ono. Nah nginiki iku iso dadi perkoro sing ngisine wong akeh. Opo maneh sampek gowo agama utowo ras yo bakal tambah ngelekno wong akeh. Dadi nag iso yo ojo sampek kedaden perkoro sing koyok nginiki. Nah sampek iku maeng kepekso contohne koyok wong wes ora duwe opo-opo kok tibake nag ora mangan iku mati nyolang ora opo-opo. Tapi ojo sampek diterusno dadi profesi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3338", "text": "Wong nag wes ancene sekarat mesti wedi karepe dewe. Terus wong sing ora sekarat barang mesti yo keweden nag ngalami perkoro utowo keadaan iki. Masalahe sing garai wedi iku ora sekarate tapi nag sampek nemen sekarat iku urusane iso ambek sing jenenge nyowo. Mangkane iki sing paling diwedeni ambek wong-wong. Sak liyane iku ono perkoro sing kudune disiapno ben pas waktu sekarat ora sepiro bingung yaiku kudu ngerti sekarate iku maeng ono kemungkinan iso waras opo ora, nag ancene ora ono berarti yo kudu iso pasrah. Tapi nag ancene ono kan iso rodok anteng pikirane. Tapi sing jenenge sekarat iku mesti ono rong kemungkinan nag gak mati yo waras.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "376", "text": "Awak dhewe kerep getun bar ngelakoke sesuatu. Awak dhewe ditakon-takon dhewe ngopo aku ngelakoni iki. Ben ora ono rasa penyesalan bar ngeloke sesuatu, ono hal-hal sing kudu digateke. Sing kepisan, awak dhewe kudu ngerti kanggo opo awak dhewe ngelakoni hal kui. Yen awak dhewe ora iso jawab pertanyaan kui, luwih apik awak dhewe ora usah kesusu bertindak. Niat kui fondasi kanggo ngelakoni kabeh perkoro. Yen niat kui isih awu-awu utowo durung bulet ojo dipaksake. Niat kui mengkone bakal dadi sumber semangat. Ngelakoni hal opo wae mesthi bakal ketemu titik jenuhe. Yen pas ketemu titik jenuh kui, awak dhewe kudu ngiling-ngiling niat kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5671", "text": "Adhiku tau meh kelem ning laut pas wayah ombak pasang rampung udan. Bocah kuwi pancen ngeyel yen dikandani amarga dekne kepengen ndelok piye pemandangan yen wayah laut pasang. Banjur dekne ora ngerti yen ana gelombang pasang lan ombak gedhe saka mburi. Banjur adhiku tiba lan kegulung ombak, keseret rada adoh lan sempet kelelep. Amarga cuaca sing kurang apik iki, adhiku melu panik lan uga ndadak ora bisa renang ning pinggir. Untung karo pakdheku ditulungi. Bocah kuwi ditarik menyang pinggir lan jebul wis sempet ngelek banyu laut. Adhiku ngerasa wedi amarga jare ning ambang mati karo urip lan ora bisa ndelok pinggir lautan amarga panik. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3385", "text": "Biyen mbah pas loro mripate, mbah dikongkon operasi nang rumah sakit. Jarene operasi iku maeng ora suwe mok sedelok soale lorone ora nemen. Terus hasile barang yo bakal apik. Tapi jenenge wong sing rodok wedi, pas ate operasi yo tambah wedine megilan. Yo asline ben wong ora wedi ambek operasi dokter kudune ora atek nyaranno operasi nag ancene hasile ora apik soale engkon nag pasiene keweden tambah ora waras-waras lak yo tambah garai perkoro anyar maneh. Yo wes diomongno opo onone wae, nag apik yo diomongno apik, nag elek diomongno elek. Dadi asline sing garai wedi wong nag ate operasi yo polahe tenaga medise maeng sing kurang ngomonge ambek pasiene maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "257", "text": "Ojo mikire awakmu dhewe yen awak dhewe pengen urip bahagia. Menungso kui makluk sosial. Kanggo nyukupi kebutuhan, awak dhewe kudu bergantung karo wong liyo. Yen awak dhewe arep ngurus uripe dhewe terus kui ora bakal ono enteke. Misale, awak dhewe kepegen cepet sugih mergo kui awak dhewe ora tau ngenyelake wektu kanggo ngeteke wektu karo keluarga utowo kongkow-kongkow karo konco-konco. Corone awak dhewe bagi wektu kerjo lan wektu kanggo kaluragu kui, salah sijine awak dhewe kudu ngerti tekan kapan wektu kerjo. Awak dhewe kudu ngekei wates wektu kerjo lan kumpul bareng. Loro-lorone kui ora entuk dicampur. Dadi uripe dhewe iso dadi seimbang.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4420", "text": "Pas aku nang bioskop ambek koncoku, deke iku moro-moro raine kemringet ambek plentas-plentus irunge, pas tak takoni, deke iku jawab, jarene deke iku pengen nang jeding mergo kebelek kudu ngiseng. Akhire deke langsung mlayu amblas budal, nah aku terus ngetotno deke mergo tikete bioskop maeng digowo deke. Nah mas nang ngarepe jeding aku lunggo nang korsine. Terus nag tak delok, tibake akeh wong sing nang jeding maeng. Nah moro-moro onoh wong sing nang jeding wedok maeng berok-berok tapi ora banget, aku yo meneng ae, solae biasane ngunuku maeng paling barange ono sing cicir nang jeding. Tibake koncoku iku maeng metu teko jedinge wong wedok maeng. Terus bocahe nyerek aku, ambek raine iku misep mergo isen soale salah oleh mlebu jeding maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3865", "text": "Saiki nag ono wong utang wes mulai biasa ambek ora dianggep dadi perkoro sing ngisin-ngisine maenh. Tapi nag daerah nggonanku wong sing duwe utang mesti sengedanan ben ora konanganan, soale nag konangan mesti dianggep dadi perkoro sing ngisin-ngisini. Padal asline utang ngunuku yo ora termasuk perkoro elek, soale kan jelas dibalekno ora diilangno, terus asline iku kan mok nyela duwek tok. Tapi lapooh akeh wong sing bingung ambek isen nag konangan nag utang. Jarene koncoku sing nang omah, asline iku ora perkoro utange tapi masalah status sosial nang uwong-uwong soale wong sing utang iku dianggep wong sing ora duwe alias kere.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1070", "text": "Aku tau arep kelelep pas lagi renang. Pas kui, aku lagi umur 15 taun. Wektu kui aku durung iso renang sejago saiki. Kebetulan, pas kui aku lagi renang dhewekan neng kolam renang nggone UNY. Aku tekan kono kui wis awan, soale aku tangine kawanan. Wedi ndak kepanasan, aku langsung jegur neng kolam. Pas kui kolame lagi sepi, aku jajal renang seko ujung tekan ujung, koyo atlet renang. Nanging mergo ora pemasan kui, sikilke neng tengah-tengah dadi keram. Bingung aku pas kui. Aku wedi yen kelelep juk ora ono sing nulungi. Nanging akhire, aku iso renang nganggo sikil sing ora keram, alon-alon minggir. Bar kui, aku langsung mentas seko kolam. Isih dredeg aku mergo arep kelelep kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4322", "text": "Kabeh wong roto-roto mesti jijik ambek jember nang sing jenenge teleke kewan. Nah lapooh kok jember? mergo barang iku termasuk barang sing rusoh ambek ambune ora enake megilan. Terus sing jenenge teleke kewan iku maeng opo kok iso dadi barang sing dijemeberi wong akeh? nah barang iku maeng termasuk barang sing ancene ditokno teko dalan gurine kewan. Nah seje kewan iku yo seje-seje jenenge, nag sapi jenge telek iku teletong, nag sak liyane iku maeng jenenge podo kabeh yoiku telek. Nah bentuke barang aneh-aneh karek kewan sing nelek maeng kewan opo. Tapi roto-roto ambune mesti ora enake pol, mangkane akeh wong sing ora seneng ambek barang iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7671", "text": "Wes dadi kegiatan rutin gawe Yasinan sak sekolahan pas katene UNAS. Tujuane iku gawe njaluk dungo nang Allah SWT, Rasulullah, karo Wali Songo. Tradisi koyok ngono iku gak sesuai karo keyakinanku. Okelah nek njaluk dungone nang Allah SWT, tapi nek atek njaluk dungo nang wong sing wes mati iku gak masuk akal. Dadi ben Yasinan, aku mesti nggowo Al-Qur’an dan ngaji dewe. Biasane gak onok sing ngonangi, tapi dino iki aku konangan ambek guruku. Guru iku negur aku, opo’o kok aku gak melu moco sholawate. Aku ngomong opo onone ae, nek iki gak sesuai karo keyakinanku. Guruku malah nyeletuk “Owalah Muhammadiyah”. Aku langsung emosi dan rasane pingin ngelawan, tapi guruku ngeluyur ngono ae. Akhire aku mek isok misuh nang ati.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4820", "text": "Caca wis suwe banget pengen tuku laptop amarga laptop sing lawas wis rusak. Caca nduwe kepengenan arep nyelengi dhuwit jajan kanggo tuku laptop. Caca nyisihake dhuwit jajan sedina sepuluh ewu lan mbelan-mbelani ora tuku barang-barang sing dipengeni. Caca uga ngempet ora tuku klambi. Pas celengane wes kebak, Caca mbuka celengan kuwi lan dhuwite dinggo tuku laptop sing kepengen dituku. Sakjane dhuwite isih kurang, nanging karo bapake ditambahi ben bisa ketuku. Caca nggolek laptop sing regane cocok karo dhuwite, nanging karo bapake dikongkon tuku sing awet masio larang sithik. Ana rasa bungah pas Caca wis bisa tuku laptop kuwi saka nyelengi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9543", "text": "Grup chatku saiki sepi. Ora ana sing wani ngomong ning grup iku amarga antaraning bocah 5, mung ana 2 sing lolos ing universitas. Sisane lagek wae ndelok wara-wara lan ngerti yen ora mlebu ing universitas sing dipengini. Biasane grup chat iki saben dina bakalan rame, ana wae sing dibahas, apa gur perang stiker sing ana. Saiki ora ana sing wani ngawiti ngechat ing grup iki. Ngechat pribadi wae ya padha ora wani amarga wedi isih sedih lan kesinggung. Aku dadi wong sing ora mlebu ing universitas iku akhire ngawiti chat ana ing grup iku lan ngomong yen ora perlu meneng-menengan kaya ngene. Cukup guyon kaya biasa wae supaya ora canggung siji karo liyane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6114", "text": "Ngentut kuwi dadi kebiyasaan sing manusiawi. Nanging akeh wong sing mikir yen ngentut iki ana kaitane karo gender ning lingkungan sosial. Lanang kuwi wajar yen ora sengaja ngentut ning lingkungan umum, nanging wong wedhok ora wajar. Padahal ngentut iki kaitan e karo sopan santun lan ora pantes karo akeh wong yen dilakoni ning ngarep uwong. Anggepan iki pancen sepele nanging uga nambah daftar aturan ora tertulis kanggo wong wedhok. Kewajaran iki bisa marai diskriminasi marang wong wedhok. Kudune aturan kuwi bisa diterapake marang wong akeh lan ora terikat karo gender. Kamangka, buang angin iki kudune bisa dadi perhatian lan ura mandeng gender. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2945", "text": "Aku nag muleh nag Jawa Timur mesti numpak bes, lah pas terminal aku mesti jumbul polahe moro-moro bise iku budal. Padal jarene iku isek setengah jam engkas. Mari ngunu aku yo jumbul lah bise moro-moro ilang terus aku yo rumongso kari nag kari. Jarene kondekture bis iku ora budal mas, isek nang ngarep soale wes diobrak-obrak ambek sing jogo terminal nang kon budal. yo sak jane yo ora ngunu kudu ngenteni sing numpak maeng pepek disek kok langsung budal nginiki nag wong sing ora ngerti lak yo bingung kudu lapo, mosok yo kudu bayar mane. Tapi pas takok sing jogo terminal kono, nek kari gak atek bingung iso langusng ngomong nang kondektor bis sing podo jenenge engko tetep iso melok ora atek bayar maneh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7562", "text": "Undian nang KBBI iku berarti sesuatu sing diundi. Nang Indonesia, undian iku sesuatu sing bakal dikekno dadi hadiah gawe pemenange teko jalur ngundi. Wong sing isok melu acara undian iki kudu memenuhi syarat sing onok. Undian iki butuh keberuntungan, soale pemenang undian iku ditentukno secara acak. Onok macem-macem jenise undian sing sifate gratis. Siji, undian gratis berhadiah. Yaiku undian sing diadakno gratis dan gak atek syarat opo ae. Loro, undian gratis berhadiah langsung. Yaiku undian sing pemenange isok ditentukno langsung dan pemenange isok entok hadiah langsung pas dino iku. Telu, undian gratis berhadiah gak langsung. Yaiku undian sing diadakno nang wektu tertentu dan hadiahe biasane bakal dikirimno nang pemenang.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1479", "text": "Bar awak dhewe masak, apike awak dhewe langsung ngumbahi piranti-piranti sing wis awak dhewe enggo. Soale, yen awak dhewe nunda isah-isah piranti masak kui, turuhan panganan utowo bekas bumbu sing nempel neng kono selak mambu. Yen wis mambu, awak dhewe dadi ngisahine ora penak. Awak dhewe kudu ngisahi piranti masak utowo piranti mangan liyane kanggo nahan ambu sing ora enak. Mergo ono ambu kui, awak dhewe dadi pengen cepet-cepet rampung. Padahal, yen awak dhewe isah-isahe rodo kesusu kui, hasile sok ora resik. Timbangane, piranti masak lan piranti mangane awak dhewe tetep reged senadyan wis diisahi, mending awak dhewe ngisahani sak durunge panganan sing turah kui mambu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7255", "text": "Awakmu pasti tau ngerasakno dikecewakno karo wong liyo. Dan roto-roto, wong sing wes tau dikecewakno ping pisan, bakal angel banget percoyo ambek wong sing bersangkutan. Aku setuju banget ambek pendapat iki. Biasane awakmu bakal ngerasakno iki nang wong sing wes mbok percaya, contohe koyok konco dewe. Pas koncomu ngelakoni utowo ngomong sesuatu nang awakmu dan iku marai awakmu kecewa, rasane koyok awakmu dikhianati. Nang pikiranmu, awakmu yakin nek koncomu iki gak bakal ngelakoni hal sing marai awakmu kecewa. Dan pas eroh koncomu ngelakoni iku, awakmu mulai kehilangan kepercayaan nang koncomu iku. Dadi gawe isok percoyo nang koncomu iku, pasti rasane bakal angel banget, utowo awakmu gak isok percaya 100 persen nang koncomu maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6078", "text": "Njajan utawa mangan ning jaba kuwi bisa dadi bumerang yen ora ati-ati. warung kaya bakso, mie, sayuran, lan uga restoran-restoran liyane, Ning sosial media, akeh pengalaman sing wis dibagekake. Ana sing mangan panganan sing katone normal, jebul njerone wis bosok. Banjur sosial media iki mbagekake kekuatiran marang panganan sing ana ning pinggiran. Nanging, kanggo ngindari babagan iki, awak dhewe kudu ndelok karesikan panggone. Yen luwih titen, panggonan sing jorok lan marai jijik iki bisa marai panganan ngandung penyakit. Sak durunge mangan ning jaba, awak dhewe kudu ndelok kanthi bener lan uga ati-ati ben bakteri, cacing, lan bibit laler bisa kepangan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1013", "text": "Ono telung jenis senjoto sing digunakne penjahat kanggo nodong korbane. Sing kesiji, ono senjata sing tumpul. Senjata iki sebenere dudu senjoto tenanan nanging barang opo wae sing dhewek duwe utowo ono neng sekitare sing iso kanggo ngantemi korbane. Yen wong digubuki kanggo senjata jenis iki biasane bekas memar lan iso gawe balunge patah utowo retak. Sing keloro kui, senjoto landep. Senjoto sing landep kui koyo peso, golok, pedang, lan sak panunggalane. Nanging sing biasane dienggo kui peso mergo luwih gampang digowone lan iso didelike. Sing ketelu kui, senjata api. Senjata jenis iki sebenere butuh lisensi yen awak dhewe pegen duwe. Nanging ono wong, wong sing ngedol ilegal neng penjahat-penjhat.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8362", "text": "Pengolahan sampah iku ngelewato pirang tahap sak durunge engkok isok sampe nang TPA alias Tempat Pemrosesan Akhir. Sampah sing dihasilno iki bakal melbu nang proses pertama, yaiku Tempat Penampungan Sementara utowo biasa disingkat dadi TPS. TPS iki panggon penampungan sak durunge sampah diangkut nang panggon pendauran ulang, pengolahan, terus dipindah nang Tempat Pengolahan Sampah Terpadu utowo disingkat dadi TPST. TPS iku nduwe kriteriane dewe. Siji, luase sampe 200 meter persegi. Loro, onok sarana gawe ngelompokno sampah dadi limang jenis sampah. Telu, jenis pembangunan penampung sampah iku sementara guduk panggon permanan. Papat, luas lokasine ambek kapasitase sesuai kebutuhan. Limo, panggone gampang diakses. Enem, gak ncemari lingkungan. Pitu, penempatan gak ngganggu estetika ambek lalu lintas. Terakhir, nduwe jadwal pengumpulan ambek pengangkutan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5787", "text": "Bagian sing paling penting ning panggonan anyar kuwi yaiku cara nggawa awak ben ora dadi wong sing antisosial lan uga ora cocok karo nilai sing ana ning panggon kuwi amarga bisa marai wong ora nyaman lan marai awak dhewe wedi. Kamangka kuwi, ana babagan sing perlu digatekake yaiku kaping pisan, aja isin kanggo akeh takon babagan sing ora ngerti. Kaping loro yaiku kudu paham apa wae aturan sing ana ning daerah kuwi. Kaping telu, yen bisa golek tokoh sing bisa didadekake panutan sing apik. Kaping papat yaiku ngenalake awak dhewe marang masyarakat nganggo cara sing apik lan uga ora ngisruh ning lingkungan kuwi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3483", "text": "Nag ono wong sing wedi nang panggonan sing ancene durung dikenal iku se asli wes ora gumun. Masalah panggonan asing iku aneh kanggo wong sing lagek ngerti panggonan iku. Nah panggonan sing diarani asing iku ora kok panggonan iku mencil, adoh teko uripe mengungso, ambek ora ono penguripan yo ora ngunu. Sing diarani nang panggonan asing yoiku panggonan sing ancene sakdurunge wong iku durung tau mrono utowo manggon nang panggonan iku polahe lagek entas mrono. Biasae sing garai wedi iku ora mergo panggonan iku tapi ancene durung kenal ambek panggonan iku, tapi engko nag wes biasa yo mesti ora ono opo-opo ambek ora ono masalah. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4491", "text": "Ulan wingi pas aku karo koncoku iku dolan nang Kampuse konco pas biyen SMA sing ono nag Kota Pahlawan. Nah deke iku maeng moro-moro pengen takok nang bocah sing ancene dolanan nang gazebo kampus. Nah pas iku maeng deke iku takok koperasi. Nah nang kono ambek bocah sing ono nang gazebo maeng iku dikandani nnag nang gurine mesjid iku ono. Tapi bocah sing ngandani maeng iku ora ngerti nag sing dimaksud koeprasi ambek koncoku iku sing dodol jajan ambek banyu. Tibake pas mrono koncoku ora atek delok tulisane langsung mlebu ambek ngomong \"mbak banyu siji sing adem yo\" terus karo mbake jawab, \"mas nang kene iku mok dodolan klambi tok ora dodolan jajanan\". Terus koncoku maeng isin ambek ngaleh soale sing jenenge koperasi panganan nang kono iku ora iku, tapi ono sing nang pinggire Rektorat. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6062", "text": "TPA Bantargebang kuwi dadi salah siji lokasi sing akeh diomongake ning ruang sosial masyarakat amarga TPA Bantargebang iki dadi tempat pembuangan akhir sing paling gedhe. TPA Bantargebang iki ana ning Bekasi lan dadi pusat pembuangan sampah saka kabeh wong lan industri ning Jakarta. Saban dina, ana 6000 ton sampah sing ngumpul. TPA Bantargebang iki ambune uga ora enak lan ora duwe sistem pengolahan sing apik. Akeh warga sing ngeculake ternak ning TPA iki, kamangka para ternak bisa mangan limbah lan bisa nulari penyakit lan bisa marai jijik. Sing uga dadi masalah kuwi yaiku lingkungan lan sistem sosial sing ana ning njerone.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "293", "text": "Jarene ibu, proses lahiranku lan adiku bedo banget. Seko keroso kontraksi pertama tekan lahiran kui mangan wektu ameh 2 dino. Senadyan, adiku seko diprikso pertama kui ora tekan 1 jam wis lahir. Pas ibu arep ngeroso ngelahirke aku, ibu langsung prikso neng dokter. Jarene, doktter kui wis bukaan 3. Dadi ibuku nginep neng rumah sakit. Nanging ibu kudu ngeteni suwe banget, lagi sesok lusa, jam setenah 3 isuk, aku lagi lahir. Adiku cepet banget. Awane sak durunge lahir, ibu wis ngeroso kontraksi sak ben 1 jam. Wengine ibuku neng omah sakit. Jarane doktere pas kui, ibu dikon bali jarene durung arep ngelahire. Nanging eyangku ngeyel dikon nginep neng rumah sakit. Tenan wae, ora ngasi sak jam seko kui, ibuku wis bukaan 10.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1011", "text": "Yen ono wong sing nodong senjata neng awak dhewe kui, sing pisanan kudu awak dhewe lakoke kui nakoni dheweke arep ngopo. Ono wong sing arep jikuk bandane awak dhewe. Wong sing koyo ngono kui pancen golek duwite nganggo cara sing koyo ngeneki. Dheweke meden-medeni wong liya nganggo senjoto supoyo, wong kui nuruti opo sing diomongi penjahate kui. Nananging, ono uga wong sing ora sadar ngelakoke kui.Sifate asline mungkin pancen jahat nanging dheweke ora ono maksud kanggo ngincim awak dhewe. Biasane wong sing koyo ngeneku lagi mabuk. Ono uga wong sing senenge nodong wong liyo kanggo senjoto. Dheweke ngelakoke kui mung kanggo seneng-seneng wae, koyo cah cilik dolanan mobil-mobilan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9556", "text": "Kecewa iku wis biasa. Apa maneh sing dikecewakna yaiku wong sing paling ditresnani. Mesti iku nggarai sedih lan kepikiran. Ana cara sing bisa dilakoni kanggo mbalekna kepercayaan wong sing ditresnani sing wis ilang. Nomer siji, kudu jujur lan terbuka. Senajan wis kadung nggawe kecewa, nanging kudu bisa dibenakne maneh karo cara kudu jujur. Nomer loro, nalika wis ngerti kene iku ngecewakna wong liya kudu bisa langsung njaluk sepura. Babagan iki mesti dadi babagan sing ora gampang kanggo kabeh wong. Sing terakhir, kudu ngetokna ning omongan lan tindakan yen kene wis berubah. Ora gur ngomong tok yen wis berubah nanging jebule ing tindakan ora berubah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "715", "text": "Wong-wong kerep duwe pendapat yen wong sing cendek kui kerep dirundung. Nanging, akeh sing sadar wong sing bulu kui sok-sok uga ngeroso ora percaya diri. Mergo kui, dheweke sengaja ora sengaja narik diri seko pergaulan. Dadi iso wae ono wong sing diomongi duwur kui malah ngerasa dinyek, timbangane koyo dipuji. Opo meneh wong sing duwure kui neng duwur rata-rata. Mergo dadi wong sing bedo dhewe kui, dheweke iso digarapi terus neng lingkungane. Wong sing keduwuren kui nasib mirip-mirp koyo sing cendek. Dheweke iso lan ora iso ngelakoni neng donyo sing digawe kanggo wong-wong sing duwure normal. Contoh gampange, wong duwur kui ora iso ngeraih panggon sing rendah lan sak walike.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8421", "text": "Tasya lagi mlaku-mlaku nang Mall dewean. Ceritane de’e lagi me-time, makane de’e sengojo dewean dan gak ngajaki koncone mlaku-mlaku. Mbarine sholat, Tasya ndelok nang koco nek de’e perlu touch-up riasane. Akhire de’e mlaku nang arah Toilet. Mergo de’e gak teliti, Tasya akhire melbu nang Toilet lanang. Awale de’e mek meneng tok mergo kaget. Terus pas kabeh wong lanang nang kono podo noleh dan ndeloki de’e barengan, Tasya cepet-cepet mere dan mlayu nang Toilet wedok. Pas didelok nang koco, wajahe wes uabang pol mergo isin salah melbu nang Toilet lanang. Saking isine, sampe de’e lali kate lapo nang kene. Tapi gak suwe de’e kelingan dan langsung touch-up riasane.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4372", "text": "Saiki, masio jaman wes sangare ngene, akeh wong sing mangkel ambek jijik karo panganan sing bosok. Nah panganan bosok iku maeng termasuk panganan sing ancene wes mambu terus akhire dadi barang sing luweh elek maneh utowo sing wes ora kenek digawe. Nah biasane panganan sing koyok nginiki iku kedaden polahe mambu disek lagek dadi panganan sing bosok. Terus panganan nag wes bosok iku maeng biasane marakno ambu sing ora enak ambune, terus iso ae dadekno metu set nang panganane maeng, mari ngunu iso ae metu warna sing ora umum nang panganan maeng. Nah sing paling nemen yoiku iso dadekno penyakit nag ora diurus sing apik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5740", "text": "Minggu wingi, aku mlayu-malu ning lapangan cedhak perumahanku karo para kanca kampung. Aku lan kancaku wis janjian wiwit jam 7 isuk lan wis padha ngumpul ning ngarep omah jam 6.30. Banjur aku lan kancaku mulai mlayu lan ora kepikiran yen dina kuwi bakal ana kedadian sing marai wedi nanging ya lucu yen diiling-iling. Amarga ning kampungku kuwi akeh ternak, akeh warga sing nduwe asu kanggo njaga ternak. Asu sing diopeni kuwi sing gedhe lan uga kereng, nanging aku ora ngerti kuwi saka jenis apa. Pas ning lapangan kuwi, aku uga kancaku ndelok ana ternak wedhus, banjur pas aku mlayu ning mburiku ana asu werna ireng sing nguber.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5708", "text": "Imunisasi kuwi penting banget senajan isih akeh wong sing ora gelem imunisasi amarga akeh alesan. Ana sing alesane sebab agama, uga ana sing alesan medis lan psikis. Wong sing wedi marang imunisasi iki duwe kemungkinan sing gedhe kanggo kena penyakit amarga jaman saiki, penyakit kuwi bisa berevolusi. Kanggo wong sing wedi amarga jarum suntik iki, kudune bisa diwenehi terapi amarga trauma jarum suntik iki bisa ngaruh marang kesehatan. Kamangka, awak dhewe yen duwe anak, awak dhewe kudu bisa ngebiasakake ben ora wedi suntik amarga kabeh pitutur kuwi sing ngaruh marang anak yaiku saka wong tuwa sing ngewenehi pangerten marang anak. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1405", "text": "Menurutku, mukokan sing paling jijiki kui mukokan sing ono neng mobil utowo neng kendaraan liyane. Biasane yen ono sing mukok kui gawanane, awak dhewe uga arep melu mukok. Masalahe, yen ono wong mukok neng jejere dhewe pas lagi numpak mobil, awak dhewe ora iso neng ngendi-ngendi. Ora mungkin, awak dhewe jaluk midun seko mobil lan ditinggal karo rombangane sing liyo. Gelem ora gelem, awak dhewe kudu tetep ono neng jero mobil. Nanging resikone, awak dhewe sing awale ora keroso mual, bakal iso melu mukok. Lan sing parahe meneh, makin akeh wong sing mukok, makin akeh wong ora keroso awale uga iso melu mukok. Iso-iso sak mobil kui dadi mumet kabeh mergo akeh sing mukok.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8481", "text": "Dino iki, aku kuliah ket isuk sampe sore. Yo koyok biasa, aku tetep melbu kelas dan nggatekno Dosen nerangno materi. Moro gak onok abang gak onok ijo, koncoku mbisiki aku nek mambuku gak enak pol. Aku heran lah, terus isin pol. Perasaan aku mau wes adhus dan berangkat nganggo parfum. Pas tak ambeng, dadakno klambiku mambu apek pol. Aku langsung ambekan gede. Pasti iki mergo udan wingi, makane klambiku dadi lembap dan pas garing ambune dadi gak enak. Dikeki parfum jelas gak ngaruh. Akhire pas mari kelas isuk iki, aku cepet-cepet mbalik Kos gawe ganti klambi dan balik nang Kampus maneh gawe lanjut kuliah awan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4495", "text": "Nag prosoku biyen pas aku dikon ngadek guruku nang ngarepe bocah akeh nang jero kelas iku paling ngisine mergo buku PRku disedakno ambek koncoku sing nakale megilan. Nah pas iku ancene deke iku mangkele pol mergo deke iku ora tak contohni oleh ngerjakno PR-re maeng mangkane deke iku srengen terus akhire nyedakno bukuku maeng. Nah jarene koncoku sijine sing biyen sanding sak bangku ambek aku, iku termasuk perkoro sing biasa ae se, soale kabeh bocah iku mesti tau ngalami perkoro ngunuku ambek mesti perkoro ngunuku dadi perkoro sing umum kedaden saiki. Ora mok jamanku tok, tapi sampek jaman saiki yo akeh sing ngalami perkoro ngunuku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3863", "text": "Isin mergo konangan utang iku yo termasuk perkoro sing asline ora perlu digedekno. Nah sing jenenge utang iku maeng koyok nyela duwek tapi gawe jaminan opo ngunu ben podo perocoyo. Nah utang iku biasane ono batese ulan kanggo ngelunasi terus yo ono bungai barang. Nah kadang wong nganggep utang iku malaha dadi koyok perkoro sing ngisin-ngisine padal asline iku kan ora malasah. nang agomo barang kan yo diolehno ben ora sampek ngelakoni perkoro sing ancene blaheknowong iku maeng. Tapi kanggo wong sing wes biasane kedunyan ambek sing biasane sugeh kok moro-moro utang, yo iku maleh dadekno wong iku maeng dadi isin mergo biasane ora tau utang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3395", "text": "Wong sing wedi disengeni iku biasane wong sing salah oleh ngalkoni opo-opo utowo ngelakoni penggawean sing ancene deke iku ngerti nag ancene iku salah tapi isek diterusno. Yo wedi iku asline yo perkoro sing maklum nanggone mengungso tapi nag wedi polahe perkoro sing dilakoni iku sing mrawasno. Soale iku bakal dadekno mentali wong iku maeng maleh elek, terus nang pikirane wong iku maeng maleh keweden nag atae ngelakoni perkoro sing ancene rodok persis ambek iku maeng. Mangkane nag iso perkoro ngamuk nang uwong sing salah iku diadohi ambek nag iso iku dikandani ora kok malah tambah diidak-idak pikiran ambek atine. Iku sing ora bener.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "395", "text": "Wong sing ketoke ceria, sing seneng guyon, durung tentu pas awak dhewe ora bareng dee wonge koyo ngono terus. Awak dhewe meri karo dee sing iso supel lan gampang bergaul. Ketoke wonge kui ora tau ngerasake kesepian. Nanging pas awak dhewe ora delok, mungkin dee uga ngeroso kesepian. Kesepian kui dudu perkoro duwe konco akeh. Kesepian uga iso dirasake mergo ora ono wong sing iso ngerteni perasaan utowo opo sing dipengei karo wong kui. Dee mungkin iso ngisi ruang kosong neng atine wong liyo. Nanging durung tentu, dee ketemu karo wong sing iso ngisi kehampaan neng atine. Kesepian kui koyo urip dhewekan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "350", "text": "Aku tau arep ngecewake ibuku. Momen kui pas aku ora arep lulus kuliah. Pas kui aku wis mlebu semester 10 lan skripsiku durung rampung. Aku wis bingung penelitan akhir kui arep diapake meneh. Datane kui wis ora mungkin ditambah meneh lan sumber buku acuane angel diolehke. Sak ben dino, aku mung buka laptop njuk tak deloki wae, ora ono progres opo-opo. Delok aku koyo ngono kui, ibuku ketoke kepikiran. Ibu tau loro banget. Jarene sirahe abot lan mual banget. Mergo wis telung dino ibu ora mari-mari, aku gowo ibu neng dokter. Doktere ngomong nek ibuku darah tinggi. Bar seko kono, awak dhewe ngobrol opo sing dadi uneg-uneg ibu. Ora let suwe seko kui, ibuku mari. Seko kono, aku ngebuletke niat, mbuh piye carane aku kudu lulus.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9997", "text": "Ana ing panggon umum kadang mangkelna. Apa maneh nalika ketemu karo petugas sing kurang cak cek lan lelet. Ngono iku kadang nggarai mangkel lan akhire muring-muring ning petugas. Cara supaya ora muring-muring ning petugas iku akeh. Nomer siji, kudu ngerti yen iki panggon umum. Kudu empan papan lan ngerti keadaan. Nomer loro, iling yen kadang wong iku ya mung kerja. Kabeh prentah iku teka sing ndukur dadi kadang petugas ora ngerti apa-apa lan mung nunggu prentah saka bos. Sing terakhir yaiku yen ana ing panggon umum lan ngerti ana petugas sing lelet kudu tetep sabar lan semangat supaya ora dadi muring-muring.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8057", "text": "Jaman saiki, stalker iku gak mek nguntit secara langsung, tapi isok secara gak langsung sisan. Salah sijine iku nguntit teko media sosial. Di-stalking uwong nang media sosial iku jelas gak nyaman dan marakno awak dewe luwe gak bebas. Iki cara sing isok mbok lakoni gawe ngehindari stalker nang media sosial. Siji, ojok nyantumno nomer hp pribadi nang media sosial ndi ae. Loro, rahasiakno lokasi keberadaanmu nek lagi live utowo siaran langsung nang njobo. Telu, jogo hal detail tentang keluargamu sebagai privasi. Papat, ojok tau ngekeki eroh alamat omah asli nang kenalan virtual. Terakhir, terbuka secukupe ae ben onok uwong sing pingin kenalan ambek awakmu nang media sosial.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9075", "text": "Wong Indonesia iku wes gak asing maneh karo istilah begal saking akehe kedaden nang sekitar masyarakat. Bahkan warga Indonesia iku wes nang tahap biasa tapi tetep njogo kewaspadaan nang awake dewe. Pelaku begal iku gak bakal isok diprediksi kapan muncule, tapi akeh-akehe bengi sih. Terus, pelaku begal iku pasti nduwe senjata gawe nyerang. Sing tak gatekno, roto-roto pelaku begal iku podo nganggo golok gawe nyerang. Nek misal nduwe duit, baru nganggo pistol rakitan. Tapi akeh-akehe tetep nganggo golok. Alesan pelaku begal podo milih golok iku soale senjata iku tergolong murah, tapi bentuke dowo dan tajem. Mergo iku, golok iku ampuh gawe nyerang uwong.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8341", "text": "Aku buru ae moleh kuliah dan rencanane kate langsung balik nang Kos. Mbari ngono, aku gak sengojo ndelok koncoku sing sek enak-enak lunggo nang bangku sing onok nang Taman Fakultas. Tak delok arek iku nggetu pol ndeloki laptop e. Mergo penasaran, aku nyedeki arek iku. Pas tak tepuk pundake, de’e langsung noleh dan ngongkon aku ndelok dokumenter sing lagi didontok de’e. Gelem gak gelem akhire tak iyani ae. Dadakno iku dokumenter tentang pembunuhan sing sengojo diselidekno. Pas mayate iku ditemukno nang omah kosong sing digawe nyimpen mayate, langsung ketok banget akeh uget-uget sing ngelilingi awake mayat iku mau. Aku langsung izin moleh nang koncoku dan ngomong nek gak sanggup lanjut nonton iku maneh saking jijike. Timbang aku muntah nang panggon, mending aku moleh ae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3704", "text": "Wong sing sukeran ambek sing jenenge utahan iku asline ora masalah jijike. Napi masalah liyane, koyok contone ambune, terus gilani ambek liyane. Nah jarene koncoku, utahan iku yo mangkelno opo maneh nag sampek nemplek nang klambi yo tambah sukere pol. Tapi kabeh iku yo karek wonge, nag sing kenek utahan iku maeng wong liyo yo mesti mangkel, tapi nag sing kenek utahan iku maeng wong sing sak keluarga yo podo ae, mangkel tapi rodok diempet. Yo nag dipikir yo lumrah ae, soale sing jenenge utah iku wes kadung dianggep barang sing jemberi ambek mangkelno kanggo wong sing ora mutah. Opo maneh nag nang gone bis, yo tambah garai wong liyo mangkel.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7936", "text": "Gawe awak dewe wong Islam, opo sing bakal mbok lakoni nek ndelok dulur utowo wong tuwomu sing lagi sakaratul maut? Ojok panik terus langsung digowo nang Rumah Sakit. Nek teko ciri-cirine wes ketok nek lagi sakaratul maut dan umure gak suwe maneh, onok rong hal tok sing kudu mbok lakoni. Siji, depno wong iku nang arah kiblat. Dadi posisi anggota tubuh sebelah tengen iku ndek bagian ngisor. Nek angel, setidake depno wajah ambek telapak sikile nang kiblat. Terakhir, ditalqin. Dadi terus terusan dibisiki kalimat tahlil. Dibisiki ae, gak usah dipekso gawe ngetuti. Lakoni terus, dan nek pegel isok gentian ambek wong liyo, pokok gak oleh mandek sampe akhir hayate engkok.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3000", "text": "Pas aku tuku pecel nang prapatan pinggire kampus mesti ramene orambloko sing tuku. Aku pas iku rodok kesusu soale ate mlebu ono jam isok tibake ono mbak-mbak sing moro-moro teko nguri langsung manggon nang ngarepku. Sing manggon nang guriku moroh-moroh ngomong nang aku \"mas iku mbake kok enak teko langsung nang kono\". Mari ngunu aku yo ora trimolah soale aku dewe yo kesusu nah mbak iku maeng akire tak kongkong nang buri antri. Tapi wonge rodok mangkel raine ambek ngomong \"aku kesusu mas soale ate kulia mlebu isok\". Terus sing wong nang guriku langsung nyrocos \"mbak sing kesusu ora awakmu tok aku yo kesusu\". Mari ngunu akhire mbake mundur terus ngantri. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4832", "text": "Lotre kuwi salah sawijining usaha kanggo ngolehake dhuwit utawa hadiah sing jumlahe gedhe lewat undian. Lotre iki ana ning Amerika lan legal ning akeh negara. Administrasine lotre iki dibagi 3 yaiku kanggo mbayar pemenang, mbayar administrasi lotre, lan kaping telu kanggo keuntungane sing duwe panggon lotre. Lotre iki dimulai ning sekitar taun 1560. Undian lotre iki maune kanggo ngumpulake sumbangan kanggo mbangun wilayah, pendidikan, lan proyek liyane amarga bisa ngewangi pajak. Cara oleh lotre iki yaiku peserta tuku kupon lotre sing diundi. Nanging ning taun 2008, lotre iki wis bisa diakses saka komputer. Regane macem-macem, ana sing 1 dolar kanthi 5 dolar. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "756", "text": "Koyo sing tak omongi mau, ora ono wong nesu sing ora ono sebabe. Mungkin, cara-cara iki iso ngebantu awak dhewe supoyo awak dhewe luwih paham penyababe dheweke nesu. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngakoni disik yen emosi kui ono sebabe. Yen awak dhewe durung iso ngakoni kui, awak dhewe durung iso lanjut neng langkah selanjute. Sing ketelu, awak dhewe kudu gali jero-jero isi atine awak dhewe. Awak dhewe kudu terbuka karo akeh kemungkinan. Iso wae selama iki pikiran dhewe sing ngalang-ngalangi fakta penyenbabe nesu mau. Sing ketelu, awak dhewe iso ngebandingke karo perasaan-peraaan sing liya. Sopo ngerti neng antara perasaan-perasaan kui ono hubungane. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8081", "text": "Rasya seneng banget soale sesok de’e kate nang Bromo karo konco-koncone. De’e wes siap-siap sembarang kalir dan bahkan sampe gak isok turu pas bengine. Dino iki, de’e ngumpul nang omahe Nuri terus berangkat teko kono. Pas wes ngumpul kabeh, mereka bareng-bareng berangkat numpak mobile Nuri. Berhubung durung tau onok arek sing mrono, akhire mereka podo ngandelno Google Maps. Enak-enak mlaku, Rasya ngeroso nek tambah suwe jalur e kok koyok aneh. Soale kok tambah suwe mereka guduk munggah tapi malah melbu Alas. Nang kono, Rasya mulai wedi nek mereka kesasar. Akhire de’e nyarano gawe takon nang warga sekitar. Pas takon, dadakno temenan mereka nyasar dan Bromo iku sek uadoh teko panggone sing saiki. Rasya dadi maleh wedi karepe dewe soale de’e gak familiar ambek panggon iki blas, dadi gak onok bayangan kudu nang ndi. Rasane de’e wes gak isok percoyo ambek Google Maps sisan mergo mari disasarno.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5689", "text": "Para Dokter iki kadhang uga ora berusaha kanggo ngewenehi ketengangan kanggo pasien sing wis sepuh lan ora nduweni cara komunikasi sing apik ben pasien ora kerasa gupuh sak durunge operasi. Sing marai mangkel kadhang dokter iki yen ditakoni ya ora njawab secara detail lan malah nyalahke pasien amarga ora njaga kesehatan. Dokter sing kurang komunikasi iki kadhang ya kudu ngerti yen pasien kuwi kondisi psikis sak durunge operasi iki kudu digatekake. Kamangka, kanggo kanca-kanca sing dadi dokter ya kudu bisa lan ngerti cara komunikasi sing apik ben para pasien ora wedi yen ana tumindak medis sing macem-macem kaya operasi, suntik, lan sak panunggale. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7142", "text": "Jaman saiki, wes akeh banget jenis wadah gawe nyimpen printilan-printilan sing ukurane cilik-cilik. Sing paling akeh dinggo wong-wong iku rak mini. Rak mini iki bahane yo macem macem, mulai teko plastik, kayu, sampe aluminium. Ukurane yo bedo-bedo, mulai teko isi 3 rak, 4 rak, 6 rak, sampe 9 rak. Fungsine rak iku gawe mbedakno jenis barang sing disimpen. Misal rak siji digawe ali-ali, rak loro digawe kuncir, rak telu digawe obat-obatan, dan liyan-liyane. Regane yo macem-macem, onok sing 10 ewu sampe 200 ewu. Biasane ngono regone tergantung bahan karo kualitas rak e. Rak mini yo isok ditemukno nang ndi ae, mulai toko pinggiran sampe online shop.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2662", "text": "Pengalaman sing paling elek nag urip yaiku pengalaman sing garai roso mangkel utowo garai sedeh pas awak dewek iling nag perkoro iku maeng. Perkoro iku maneg iso metu teko perkoro sing awak dewe senengi terus dadi mangkel polahe akhire ngisini utowo ono perkoro liyane sing awak dewek ora tau ngerti nag iku bakale mlebu nang uripe awak dewek, contone koyok trauma ambek opo ngunu sing dadekno awak dewek keweden terus nag ketemu karo barang iku maeng. Mangkane wong sing duwe pengalaman koyok ngunuku ojo sampek dipikirno nemen-nemen soale iso garai trauma utowo mental sing ora wanian nag ate ngadepi perkoro sing mirip ambek iku maeng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9462", "text": "Dinda oleh hadiah penghargaan saka bapak lan ibune. Hadiah iki diwenehna ning Dinda amarga dheweke wis bisa ngliwati kelas 12 kanthi biji sing apik banget. Ora mung tekan kana, Dinda uga kasil kanggo mlebu universitas paling apik sing ana ing Jakarta. Hadiah sing diwenehna marang Dinda yaiku 1 set buku novel karangane Tere Liye. Ana 10 buku sing duwe warna sampul maneka warna. Ana ing ijo, abang, biru, putih, lan soklat. Gedhene kurang luwih seukuran A5. Warna kertase putih mangkak khas buku novel sing bar dicetak. Ambune uga khas buku sing mari dicetak. Dinda seneng banget lan janji bakalan luwih sregep sinau.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9144", "text": "Wong iku nduwe carae dewe gawe isok ngentokno bentuk awak sing ideal gawe mereka. Onok sing diet sampe onok sing operasi sisan. Nek tak delok-delok, wong sing obesitas iku roto-roto podo ngelakoni operasi sedot lemak. Hal iku mergo mereka males gawe ngobahno awake dan wes isok ditebak sisan nek mereka iku pingine hasil sing instan. Ancen bener, operasi sedot lemak iku isok ngguwak kabeh lemak sing onok nang awake menungso dan isok ngasilno bentuk awak cilik luwe cepet. Nek semisal mereka leren atek diet panganan dan ngelakoni olahraga disik, proses e jelas suwi pol. Makane mereka luwe milih gawe ngelakoni operasi sedot lemak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7986", "text": "Biasane, nek awak dewe kate operasi, dokter iku nyarano gawe cek lab disik sak durunge dilakoni tindakan luwe lanjut. Kadangan, gak kabeh Rumah Sakit iku nyediano fasilitas gawe cek lab sing dijaluk karo dokter. Alternatif e iku nang lab khusus, salah sijine iku Parahita. Nek awakmu kate nang Parahita, tutono rute iki. Berangkat teko Balai Kota, mulai nang jalan Walikota Mustajab terus njupuk jalur kiwo gawe melbu nang jalan Prof. Dr. Moestopo. Lurus ae terus. Engkok pas ketemu Rumah Sakit Husada Utama, belok nengen nang jalan Dharmawangsa. Mlaku terus sekitar 2,6 km, terus nggolek puter balikan. Mbari puter balik, mlaku ae alon-alon. Engkok Parahita iku onok nang kiwo dalan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5373", "text": "\"Teroris\" kuwi dadi salah siji tembung sing bisa marai salah paham lan amarga peristiwa ledakan WTC utawa pusat bisnis ning Amerika tanggal 11 September 2001 sing ngorbanake akeh uwong. Peristiwa kuwi marai akeh warga Amerika sing wedi marang umat muslim. Apa maneh tembung iki tambah kuat penggunaane amarga ana peristiwa bom ning Timur Tengah, yaiku perang Israel lan Palestina. Tembung \"teroris\" iki uga dipercaya karo wong Amerika dadi label sing mesti ana ning kabeh umat muslim. Amarga tembung iki uga dadi salah sawijine tembung sing uga dilarang ning sosial media. Nanging pergerakan muslim saiki uga luwih akeh lan diregani kamangka kuwi wong muslim bisa ngerasa luwih aman. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6146", "text": "Sing paling marai kesel yen duwe anak utawa dulur kembar kuwi yaiku bola-bali konfirmasi yen jenenge salah dikenali uwong, apa maneh yen kuwi kembar identik. Babagan iki bisa marai wong sing kembar iki sensitif lan wong liya bola-bali isin amarga salah ngundang. Amarga kuwi, akeh wong kembar sing milih identitas dhewe kaya ana kembar wedhok sing identik, sijine macak luwih santai lan kepribadiane teges, sijine mesti nggolek identitas liyane amarga ora nyaman yen dipadhakake. Saka wong tuwa, uga bisa ngewenehi pakaian sing bedha lan uga ngewenehi perhiasan sing ana jenenge. Cara iki bisa mbentuk identitas si kembar ning tengah masyarakat. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9853", "text": "Dina iki aku rapat karo wong saka kantor sebelah. Aku kaget banget nalika ndelok wong sing kayak tak kenal nanging kaya ora pati yakin amarga raine wis berubah pol. Sawise tak jak omong-omongan, jebule pancen tenanan iki kancane masku sing gelek dolan ning omahku. Raine wis berubah. Biyen pakulitane ireng, saiki dadi putih banget. Apa maneh saiki wis bisa macak, alise digambar, bibiran, nggawe macem-macem sing ana ing mripat. Nanging aku isih bisa ngenali amarga swarane ora berubah babar blas. Swarane isih padha persis karo jaman biyen. Cara ngguyune uga isih padha banget, mripati dadi sipit nalika ngguyu lan ana pacek e sing ana ing pipine.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3497", "text": "Nak wong wedi pas remblong iku wes maklum ae opo maneh nag daerah sing dalane iku maeng munggah mudun ambek sing akeh butohno rem yo mesti akeh wedihe. Wedihe iku maeng polahe keselametane dadi anceman utowo keancem. Nah ben awakmu ora kuwatir ambek rem blong pas mlaku ado, kudune dicek kondisi reme maeng. Nah sing dicek iku nag rem cakram yaiku kampase isek kandel opo tipis, terus pedal reme maeng mancepe jero opo saitik utowo ngoslong opo ora. Nag ngeslong berarti kudu didelok iku masuk angin opo ora. Terus nag rem biasa iku luweh enak ngeceke cuku didelok kampase reme maeng isek kandel opo ora, terus pedal reme maeng kudu disetel ambek sak enake sikelmu maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2921", "text": "Aku tau ngalami salah vonis loro teko dokter sing ono nang rumah sakit deso. Pas iku aku yo jumbul mosok aku diarani kolesterol tinggi soale ndasku gelek nggliyeng nag mari tangi turu. Yo aku mesti mangkel soale biyen wes tau ngeneki tapi ora tau diarane kolesterol tinggi. Akhire aku perikso nang klinik tibak'e mok kurang vitamin soale manganku ora sedino peng telu tapi sedino pindo esok ambek sore tok. Mangkane aku mok dikongkon mangan sing akeh ambek teratur supoyo ora kedaden koyok iku maeng.Terus aku saiku nang perekso nang Puekesmas deso, terus ono wong iku sing jogo aku emoh. Mundok garai mangkelno ati maneh soale oleh ngekir ngawur-ngawuran.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "705", "text": "Wong pas lagi ngantre kui luwih gampang nesu. Yen wis nesu wong kui iso grundel-grundel dhewe neng jero ati, opo meneh yen tekan diserobor karo wong liyo. Wong ngantre iso gampang nesu kui alesan werno-werno. Sing kesiji, kegiatan ngangtre iki dianggep guak-guak wektu. Aktifitas liya sing iso awak dhewe lakoke pas lagi ngantre kui ora akeh, senadyan mungkin wae wong sing lagi ngangtre kui duwe gawean sing numpuk. Sing keloro, ngenteni kui uga gawe kesel. Emang ngantre kui ketok ora seabot aktifitas fisik sing liyane, senadyan lungguh tetep wae ngenteni kui iso gawe kesel. Kesele ngantre kui luwih keroso secara emosional.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4386", "text": "Panganan endut iku ono pirang-pirang perkoro sing dadekno panganan endut iku maeng. Nah panganan sing endut iku maeng yo ono sing kenek dipangan janji panganan sing endut iku maeng isek kenek diresiki. Terus ono maneh sing jenenge panganan sing ancene endute maeng wes ora kenek dipangan. Nah endut iku maeng yo ono sing endut karo barang sing ancene rusok sing marakno wong sing masi maeng ora mentolo, yo ono sing ora karo barang sing rusoh. Nah biasane sing marakno wong sing jijik nag delok panganan sing endut iku maeng yoiku nag sampek kenekan barang sing ancene rusoh contohne yoiku kenek telek, lemah, ambek liyane iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3392", "text": "Koncoku gelek diomengi ambek wong tuone polahe deke iku mesti melok aku wok-wok an sampek magrib. Aku dadine yo wedi nag diseneni sisan. Nah wok-wokan iku dolanane bocah cilik sing teko nekeran sing dilebokno nang bolongan sing gedene sak podo nekeran sing paling gede dilokno nang negeran bolongan iku. Nah engko nag wes menang biasani oleh ngukum sing kalah emboh iku nekerane iku dipek utowo ukuman liyane koyok diglender. Dolanan iku ancene dolanan sing paling disenenge ambek bocah-bocah. Mangkane nag bocah-bocah iku dolanan wok-wokan mesti awite mari ngaji ashar sampek magrib. Terus biasane bocah-bocah wes lali mangan. Yo iku sing garai bocah-bocah nag muleh mesti wedi diseneni wong tuone.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8390", "text": "Aku karo koncoku buru ae moleh kuliah. Berhubung sek males gawe balik Kos, aku ngajaki koncoku gawe njajan pentol sunduk nang cedek Kampus. Gak tuku akeh, aku mek tuku telung pentol tok soale pentole gede-gede puol. Koncoku podo karo aku sisan, tuku telung pentol. Akhire awak dewe lunggo nang pinggir trotoar sambil nikmati pentol sunduk iku mau. Enak-enak ngobrol, moro pentol sing kate dipangan koncoku teblok teko tusuke. Aku wes ngomong jarno ae, ojok dijupuk. Tapi karo koncoku gak dirungokno. Dijupuk pentol iku, diresikno pasir sing nempel, terus dilebokno cangkeme maneh. Aku langsung nggepuk koncoku saking nggilanine kelakuane. Saiki bayangno, iku pentol wes kenek pasir, tapi sek tetep dipangan ae. Ancen wadhak koncoku iki.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8415", "text": "Kentut iku proses alami nang awak dan isok kedaden pirang kali sak dinone. Frekuensi kentut iku mau bakal isok bertambah nek kandungan gas sing nang weteng iku tambah akeh. Biasane, panganan sing melbu nang cangkeme awak dewe iku isok ngaruhi kondisi wetenge awak dewe sisan. Onok akeh panganan sing nduwe kandungan gas sing duwur dan marakno awak dewe sering ngentut. Salah sijine iku kol. Kol iki nduwe kandungan serat sing duwur pol. Kol iku ancen apik gawe awak, tapi isok marakno awak dewe luwe sering kentut soale serat iku gak diserap kabeh karo tubuh. Bakteri sing onok nang usus gede iku nduwe kapasitas gawe manfaatno serat dadi energi. Sisane engkok bakal dadi gas. Iku opo’o kok kakean mangan kol marakno kembung dan sering kentut.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1530", "text": "Bar rampung ujian kui, biasane panitia OSIS kerep gawe lomba-lomba anter kelas. Neng sekolahanku sing diadake ora mung lomba olahraga tok, nanging uga ono lomba kesenian. Sakben kelas dikon nampel kesenian opo wae neng ngarep panggung. Mengko, penampilane kui bakal dibiji karo guru seni lan murid sing duwe prestasi neng bidang seni. Salah siji penamilan sing ora iso dilalike kui penampilan seko kelas 11 MIPA 3. Dheweke ngepentaske drama pas kui. Nanging lakon utamane kui, neng tengah-tengah, kostume mlotrok. Kudune kui adegan sing sedih, naning mergo ono kedadean kui wong sing nonton podo guyu. Si lakone isin banget pas kui. Dheweke tekan midun panggung. Dramane dadi ora rampung.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3035", "text": "Srengen pas digepuk wong iku asline wajar ae, soale wong iku yo duwe sifat alamine menungso sing jenege srengen. Nah sifat iku maeng sing iso garai mangkel nang wong polahe perkoro cilik koyo digepuk polahe sing gepuk maeng pengen yopo soale wes suwe gak petuk. Nag jareku sing penting gepukane maeng ora loro, yo ora masalah tapi nag gepukane maeng garai loro yo jelas bakalan tak gepuk baliklah wong loro. Dadi srengen polahe digepuk wong iku ora masalah sing penting nang atimu ora ono roso mangkel ambek wong iku polahe gepukan maeng. Opo maneh nag sing gepuk maeng wes kenal ambek awakmu soale iso ae gepukan iku maeng ancene kanggo nyopo tok.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3493", "text": "Koncoku tau berok-berok polahe remku moro-moro blong sing guri. Nah sing garai rem blong iku pirang-pirang koyok kepanasan iku nag reme ancene rem manual, tapi nag rem cakram iku luweh akeh maneh sing garai rem blong koyok contone hirolike iku ora maen polhae cairane iku mandek utowo masuk angin, terus cakrame maeng kepanasen sing dadekno reme ora pakem. nah iku maeng dadekno rem blong. Terus remblong yaiku rem sing ancene ora kenek digawe ngendekno sepeda utowo montor sing kedadeane iku maeng dodok ambek moro-moro rem iku maeng eneng ora iso nyemkrem alate sing dadekno ban iku maeng mandek. Terus sing jenenge rem blong iku ora kenek diprediksi soale sing garai rem blong iku maeng koyok nang dukur iku maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "681", "text": "Pas aku isi SD, aku tau ngerayake dino ulang taune salah siji guruku. Aku gurune kui jenenge sopo, nanging awak dhewe sekelas nyeluk guru kui Djiong. Kui dudu jeneng asline, cetho. Aku ora ngerti uga kui artine opo. Sing jelas, gurune kui ameh disingiti karo konco-koncoku dadi diwehi undang-undangan sing ala. Awak dhewe kui ngerayake ulang taune mung sederhana sak jane. Pas jam pelajaran IPA, jame dheweke, awak dhewe nulis neng papan tulis slamet ulang taun. Awak dhewe uga nyanyike lagu slamet ulang taun, nanging karo glotekan. Awak dhewe bayangke yen pak guru kui bakal tersanjung yen ora ngekon awak dhewe kanggo mandeg mergo isin. Jebul, dheweke malah nesu. Bapake kui ora seneng ono sing glotekan neng kelas. Akhire, awak dhewe diukum sak kelas rame-rame.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2082", "text": "Akeh sebenere, fakor sing gawe awak dhewe wedi neng panggon sing ora awak dhewe kenal. Salah siji faktor sing gedhe kui perkoro kahanan lingkungan sing ora koyo biasane. Kahanan dalan misale. Ono kota sing dalane padet lan kerep banget macet. Neng sisih liyo, ono kota utowo panggon sing dalane lowong banget lan ora kenal sing jenenge macet. Ono uga panggon sing omahe kui rengket-rengket, tekan tonggo siji iso ngerti opo sing dilakoke tonggo liyone. Ono uga panggon sing ono gedung sing duwur-duwur. Lan ono uga panggon sing malah jarak antar omah kui adoh-adohan. Kui mung conto cilik bedo antar siji panggon karo panggon liyane. Perbedaan kui sing iso marake awak dhewe wedi, mergo ora biasa deloke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7619", "text": "Yaopo perasaanmu nek onok uwong sing ngenyek perkoro fisikmu? Jelas rasane mangkel banget lah. Kadangan sisan sing koyok ngono iku marakno gak pede dan marakno awak dewe mikir opo sing salah teko awak dewe. Tapi sing koyok ngono iku usahakno gak usah direken rek. Lapo buang-buang waktu gawe wong gak jelas koyok ngono. Mending awak dewe mulai bersyukur ambek fisik sing wes dikeki karo Allah SWT iki. Bersyukur sek nduwe tangan gawe ngetik, sikil gawe mlaku, mripat gawe ndelok, kuping gawe ngerungokno, irung gawe ambekan, lambe gawe ngomong, dan liyane maneh. Dadi gawe awakmu sing sering dadi korban body shaming, gak usah direken dan mulai nyayangi awakmu dewe ae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9185", "text": "Onok salah siji jalur terakhir sing biasa dinggo akeh calon mahasiswa baru ben isok ketompo nang kampus idaman e, yaiku melu tes ujian mandiri. Ujian mandiri iki diadakno nang kabeh universitas negeri sak marine dilakoni tes SNBT. Sing gak ketrimo SNBT, pasti mlayune nang ujian mandiri kabeh. Jarene akeh melbune nek lewat jalur iku. Eroh gak alesane opo? De’e matok duit pangkal sing gede, makane akeh ketompone. Jelas kampus iku gak gelem rugi lah, nek onok sing ngekeki duit sing luwe akeh yo sopo sing gak gelem. Makane gak heran nek wong sing duite akeh gak tapak ngelu perkoro ngelebokno anak e nang kampus negeri. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6119", "text": "Masuk angin kuwi penyakit sing paling ora enak digawa ning jaba omah amarga weteng dadi gak penak lan kebak angin. Pencernaan uga dadi ora lancar lan akeh gas sing ana ning weteng lan bisa metu sak wayah-wayah. Keadaan iki paling gak enak yen ana kegiyatan ning njaba sing kudu ketemu wong akeh. Ana wektu sing marai wong pengen banget buang angin lan ora bisa nahan. Amarga kuwi, kanggo wong sing sering masuk angin, ayo luwih paham karo kondisine kaya nyediakake panganan sing ora ngandung gas yen arep kerja utawa lunga sing wis direncanakake lan uga sedia minyak angin ben ora gampang buang angin lan kadhemen. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8087", "text": "Awakmu tau gak, lagi lungo mboh nang ndi nganggo Google Maps, terus moro hp mu mati dan awakmu gak nggowo power bank, terus awakmu kudu lapo? Ojok panik, saiki wayahe awakmu manfaatno penanda dalan sing biasa onok nang dalanan ndi ae. Penanda dalan daerah iku biasane sing kotak werno ijo terus onok tulisan jeneng daerah ambek arah dalane. Nah, awakmu isok manfaatno iku nek misal gak nduwe peta utowo gak nyekel hp gawe ngakses Google Maps. Teko kono, pokok tutono ae arah jeneng daerah sing cedek ambek daerah sing kate mbok tuju, terus engkok isok jebus nang daerah sing kate mbok tuju. Biasane penanda dalan iku onok nang pertelon kok, dadi luwe gampangno awakmu nek kudu belok ngiwo opo belok nengen.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3765", "text": "Nag daerah kota Pahlawan sing biasane tak lewati iku akehe pol tumpukan sampah sing marakno wong sing ambu iku sampek kudu ngising. Yo mangkane mesti akeh wong sing jijik ambek jembar karo sing jenenge sampah soale mesti garai ambekdadi sumbere ambu sing ora enak. Masio nang endi-endi mesti wong iku roto-roto jijik ambek sing jenenge sampak, opo maneh nag wayae udan-udanan sing kenek banyu udan yo tambah mangkelno ati soale campur ora karoan, masio ketigo barang yo ngunu, mbakno ora campur banyu tapi marakno akeh set nang sampak sing bosok-bosok sing akhire dadekno ambune ora karoan ngalah-ngalahe batang sing wes bosok ambek ono sete sing peteng kluget. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9849", "text": "Transportasi publik sing ana ing Indonesia saya suwi saya apik banget. Sisteme wis ditata kanthi rapih supaya ora ana sing ngerugina lan kudu gawe puas pelanggan. Mula yen ana kedadean wong sing kari lan akhire ditinggal karo sepur iku ora perlu nyalahne petugas lan kendaraane. Kantor kendaraane mesti wing ngewenehi wara-wara ana ing SMS utawa email wong sing numpak iku mau. Nalika nganti karo berarti salahe dewe ora gatekna babagan wara-wara iki lan ora golek info lanjutan. Yen wis kadung kari ngene iki sing bisa dilakokake mung golek solusi. Ngenteni jam liyane kanggo transportasine iku kau budhal apa tuku tiket maneh kanggo ganti jadual.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6142", "text": "Prosopagnosia utawa istilah ning basa Inggris face blindness yaiku salah siji kelainan angel ngenali lan ngiling-iling wajah wong liya. Kelainan iki kalebu salah siji kelainan saraf amarga stroke, kecelakaan, lan uga kerusakan otak. Kamangka, penderita kelainan iki sering banget salah ngundang wong lan ora mung ping siji, nanging bisa bola-bali. Nanging wong sing ana ning sekitare ora paham lan marai wong iki ngerasa ora didukung lan ngerasa isin dhewe. Tingkat parahe penyakit iki yaiku pas penderitane ora kenal marang wajahe dhewe. Obat utawa terapi kanggo penyakit iki durung ana amarga penyakit iki kalebu salah siji penyakit langka lan uga masyarakat kurang kenal babagan penyakit iki. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8348", "text": "Awak dewe iki pasti risih pol nek nang njero omah iku akeh seranggane. Nek wes ngono, awak dewe pasti njupuk semprotan pengusir serangga ben serangga iku mau mati sekalian. Tapi kadangan, mambune iku nyenggrak pol dan kadang marakno sesek napas mergo kandungan bahan kimia nang njerone. Timbangane ngono, mending nggolek alternatif taneman sing isok ngusir serangga. Salah sijine iku lemon. Lemon iki ngandung akeh senyawa sitronelal utowo aroma wangi sing khas terus kuat. Cara gawe ngusir seranggane yo guampang, mek dekek taneman lemon iku nang omah, wes mari deh. Dadi nek omahmu akeh pol serangga, coba nanem lemon nang omah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5679", "text": "Renang iki dadi salah siji kemampuan sing bisa nyelametake awak lan dibutuhake karo wong, utamane sing kerja ning panggonan sing ana hubungane karo banyu kaya panggon wisata, kerja ning industri perikanan ning laut, lan dadi petugas keamanan. Kamangka kuwi, akeh penggaweyan sing mbutuhake wong kang bisa renang lan iki dadi persyaratan wajib. Kanggo wong sing gaweane ora mbutuhake renang, bagian iki bisa dadi nyelametake urip yen lagi kelelep. Wong pancen wajar yen waspada lan wedi kelelep, nanging situasi iki ora bisa dikira-kira. Bisa wae awak dhewe kepleset lan tiba menyang banyu. Kamangka, renang iki penting kanggo ngurangi rasa kuatir marang banyu. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3371", "text": "Rong ulan wingi pas marine idul adha, aku ambek konco-konco dolan nang omahe koncoku sing parek ambek pantai. Nah nang kono iku ono kali terus iso numpak prau getekan digawe nyebrang kali ne maeng. Pas nyebrange awitan maeng asline enak-enak wae, terus sing keloro akhire bocah-bocah keweden soale tambah suwe getekane tamabh ambles ambek banyune akeh. Akhire bocah-bocah maeng podo cepet-cepet soale wedi nag kelem praune maeng. Akhire gelem gak gelem yo kudu ngayuh praune sak bantere. Tapi tetep ora ngatasi soale wes kudu kelem terus akhire praune iku maeng numplek bocah0bocah kejegor kali kabeh, terus tibake kaline cetek. Ambek bocah-bocah yo jumbul soale kaline mok cetek pol.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1009", "text": "Yen awak dhewe ora biasa tampil neng duwur panggung, awak dhewe ojo delok mata para penonton. Kanggo wong sing durung biasa munggah panggun, deloki mripate wong-wong kui iso marake luwih wedi. Senadyan sebenere penonton kui ora ngelakoke opo-opo sak liyane deloki awak dhewe, awak dhewe ngeroso koyo penonton kui sing dadi hakim seko pementasan awak dhewe. Dheweke koyo bakal ngenyek yen penampilan dhewe kui elek. Nanging, kudune awak dhewe ora usah gatek wong-wong sing nonton. Awak dhewe kudune fokus karo penampilan awak dhewe opo sing pengen awak dhewe tampilke. Yen awak dhewe mikirke kui, awak dhewe dadi ora kepiran sing liya-liyane. Malah yen awak dhewe fokus neng opo sing kudu dilakoke neng duwur panggung, awak dhewe iso nampilke sing paling apik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1528", "text": "Kemungkinan sitik banget, nanging awak dhewe iso wae salah mlebu toilet neng panggon umum. Yen awak dhewe kebacut salah mlebu toilet kui lan posisine awak dhewe isih neng jero bilik kamar mburine, awak dhewe ojo langsung metu. Yen awak dhewe langsung metu pas lagi rame-ramene, awak dhewe malah gawe geger wong-wong sing ono neng toilet kui. Awak dhewe kudu kalem ngadepi kahanan koyo ngono kui. Awak dhewe iso ngenteni tekan sepi disik lagi awak dhewe iso metu. Yen awak dhewe langusng metu, mengko wong-wong neng jero toilet kui malah dadi bingung. Awak dhewe uga iso ciliko yen ketauan. Makane kui, awak dhewe ora entuk kesusu metu yeng wis terlanjur salah mlebu toilet.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2956", "text": "Wong nag ora sengojo petuk ambek koncone mesti nag gak jumbul yo mlolong. Nah kabeh iku kedadena polahe ono rong perkoro nag gak seneng yo nggaok kok iso petuk padal wes suwe ora tau petok ambek wes bedo utowo seje panggonane. Sak liyane rong perkoro iku maeng yo ono perkoro liyane sing dadekno wong iku maeng jumbul polahe petok konco lawase koyok contone moro-moro digetak teko guri, terus wonge maeng, moro-mor dolan nang omahe ora kabar-kabar. Ambek liyan-liyane. Terus ono maneh yaiku hubungan parek maeng sing iso dadekno roso pengen petuk tapi ora petuk-petuk, terus pas petok langsung dadi roso seneng sing marakno dadi jumbul maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "650", "text": "Aku wis suwe pindah seko Bogor. Pas aku lagi jenguk eyangku neng Rumah Sakit PMI Bogor, aku delok konco SDku. Awale aku ora percoyo. Kui posisine aku lagi ngenteni wong neng pintu masuk. Wong sing tak kira koncoku biyen kui liwat beberapa kali. Sitik-sitik tak matke, maksude ben aku salah wong aku ora isin. Tak iling-iling meneh kira-kira konco sing mirip kui jenenge sopo. Banjur aku buka HP. Aku buka Instagram kanggo ngecek rupane bener opo ora. Jebul bener, kui konco SDku sing jenenge, Rasyid. Pas dheweke liwat meneh langsung tak sapa. Awak dhewe ngobrol dilit neng kono. Jarane dhewe lagi ngeterke simabahe cek neng omah sakit kui.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4831", "text": "Cerita menang undian iki ya ana saka keluwargane Pak Yanto. Keluwargane Pak Yanto iki menang undian saka supermarket yaiku undian omah. Undian iki dilaksanakake 2 wulan lan kupone bisa dijupuk saka jumlah blanja minimal 50 ewu. Pak Yanto lan keluwargane wis ngumpulake kupon wiwit pertama undian iki diumumake lan mesti blanja ning kono ben terusan oleh kupon. Ning kupon kuwi, Pak Yanto ngisi data lan nglebokake kupon kuwi ning jero kotak undian. Sak jane akeh banget hadiahe, nanging Pak Yanto ndilalah oleh omah ning kawasan perumahan Kaliurang. Pak Yanto ya bungah amarga bisa duwe omah anyar masio tetep mbayari pajak lan surate.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4434", "text": "Nag diguyu koncok sak kelas yo jeas isine megilanlah, opo maneh nag sampek ngelakoni perkoro sing ancene ora biasa dilakoni ambek dianggep ngguyokno kanggo bocah akeh yo tambah isin. Nah kedadena nginiki iku ancene gelek kedaden nang endi-endi, masio iku nang deso, kota, sekolah biasa sampek solahan sing elit barnag yo gelek kedaden. Nah sing marakno isin maeng iku ancene bocah sing diguyu maeng iku ngelakoni perkoro sing ora pantes dilakoni deke maeng, mangkane iso dadekno perkoro lucu sing ora pantes diguyu soale iso dadekno roso isin nang wong sing ngelakoni maeng. Nag prosoku nag sampek on perkoro ngunuku kudune ora atek diguyulah soale ngesakno bocahe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1541", "text": "Neng kampus lan neng sekolahan kui bedo banget. Wong-wong sing iso awak dhewe temuke adoh luwih akeh pas awak dhewe kuliah timbangane pas isih sekolah. Sangking, akeh wonge, ono wae sing rupane ameh mirip-mirip. Awak dhewe dadi iso salah ngundang wong mergo kui. Aku tau ngalami kui dhewe. Aku tau salah ngundang wong pas masa orientasi kampus. Aku ketemu wong sing mirip banget koyo konco SMAku. Aku ngudang wong kui peng bola-bali. Tekan aku bengok-bengok nanging dheweke ora mengo-mengo. Pas akhire dheweke delok neng arahku, aku lagi sadar kui dudu koncoku. Mergo ngeroso isin, aku langsung mlipir ngadoh seko wong kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "345", "text": "Rasa sedih kui ora iso dihindarke pas awak dhewe ditolak karo kampus idaman sing awak dhewe pengeni. Nanging rasa sedih kui iso dadi latiane awak dhewe kanggo nyepake mental. Penolakan kui ora bakal awak dhewe alami tok pas ora ketompo neng kampus sing dipengeni. Selama urip iki, awak dhewe bakal nompo akeh penolakan, sing iso dadi rasane kui adoh luwih lara dibandingke penalokan kampus mau. Pengalaman kui iso gawe mental awak dhewe luwih kandel pas ngalami penolakan selanjute. Yen mentale awak dhewe ora kuat, mimpi awak dhewe bakal langsung mandeg mergo awak dhewe langsung nyerah pas ditolak. Awak dhewe sedih banjur gur pasrah karo takdir sing awak dhewe tompo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7276", "text": "Jaman saiki, akeh arek enom sing tambah males gawe ngombe banyu putih. Padahal banyu putih iku penting banget gawe kesehatan tubuh. Kekurangan banyu putih iku beresiko meningkatkan penyakit nang jero tubuh, mulai teko dehidrasi sampe gagal ginjal. Dadi mulai saiki, rutin ngombe banyu putih sak durunge lara dan nyesel ndek akhir. Gawe awakmu sing sek males ngombe, onok cara cek awakmu isok rutin. Pas awal-awal, gak usah langsung akeh. Sing penting dirutini disik. Gaweo jadwal rong jam pisan gawe ngombe. Nek perlu, pasang alarm nang hp cek gak lali. Awal takarane sitik disik, terus suwe-suwe ditambah dan sampe isok memenuhi kebutuhan minimal ben dinone, yaiku 2 liter.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8096", "text": "Rem blong iku singkate disfungsi rem sing marakno sistem pengereman gak berfungsi. Opo sing bakal mbok lakoni nek misal awakmu ngalami rem blong pas ngendarai montormu? Onok beberapa cara sing isok dilakoni ben isok ngurangi potensi kecelakaan. Siji, duno gigi secara bertahan. Ngeduno gigi iki isok ngurangi kecepatan montor iku mau. Loro, manfaatno rem tangan. Rem tangan iku efektif sisan gawe ngeduno kecepatan montor soale rem tangan iku isok sak lep ngentikno ban. Telu, ojok pateni mesin. Nek mesin mati, malah bakal angel gawe dikendalikno, dadi tetep nyalakno mesin. Papat, ojok atek midak pedal gas. Tujuane iki ben kendaraan isok mandek. Nek gak sengojo midak pedal gas, engkok mobilmu yo bakal mlaku maneh. Limo, guncangno pedal rem. Onok kemungkinan rem blong iki mek bersifat sementara soale onok kesalahan sistem, dadi coba guncangno pedal rem sampe isok berfungsi. Terakhir, nek sek gak isok, benturno nang sesuatu sing lunak ben montormu isok mandek.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3810", "text": "Pas kulia disek, koncoku sing presentasi nang ngarep iku moro ngentut sing suorone yo rodok aneh, tapi iku sing marakno bocah sing ngantuk maleh melek soale dinggep lucu. Nah deke sing rumongso nag iku termasuk perkoro sing gilani, yo maleh isin. Opo maneh nang ngarepe bocah akeh sak kelas menisan, untunge dosene ora onok pas balek nang kantor. Yo ambek bocah sak kelas yo diguyu ambek digawe guyonana polahe ngetute iku maeng rodok banget terus suorone maeng iku yo marakno bocah sing keringi iku guyu. Aku sing setengah ngantuk ae keringi opo maneh sing ora ngatuk yo tambah keringi. Terus pas waktu iku bocah-bocah wedok yo nang ngarep menisan, yo tambah guyu kabeh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5269", "text": "Salah siji dolanan sing paling ngangeti uga kadhang nyenengake yaiku undian utawa lotre. Lotre iki bisa ditemokake ning ngendi wae amarga bisa dadi salah siji hiburan kaya ning wayah gerak jalan. Nanging, ning Indonesia ora ana lotre sing resmi. Sekabehe iki mung dadi ajang seneng-seneng lan ora dilegalake. Banjur lotre uga bisa dadi ajang kanggo ngadu nasib, nanging ya ora bisa dijagakake amarga lotre iki undian sing ora pasti. Hadiahe ya dudu sing gedhe. Amarga yen ana badan lotre ning Indonesia, mesti oleh pasal perjudian. Nanging ya isih ana sing melu lotre ilegal sing ana ning internet. Kamangka kuwi, ayo ngindari lotre ilegal supaya ora mlebu ning arus judi. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1006", "text": "Nalika awak dhewe ngeroso wedi sak durunge tampil, ono beberapa hal sing awak dhewe iso lakoke ben ngurani rasa wedi kui. Sing kesiji, awak dhewe iso tarik napas sing jero supoyo pikirane dhewe dadi kalem. Awak dhewe kudu percoyo yen awak dhewe iso ngelakoke sing paling apik. Sing keloro, awak dhewe iso latian meneh opo sing bakal ditampilke. Ora kuduh kabeh dijajal, nanging bagian sing awak dhewe isih gamang. Sing ketelu, awak dhewe iso crito rasa wedi kui neng konco-konco sing bakal tampil. Dadi awak dhewe ngerti yen ora mung awak dhewe sing ngerasake kui, lan awak dhewe lan konco-konco iso saling ngedukung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "256", "text": "Delok neng media sosial, wong-wong ketoke puas banget karo uripe. Seko foto-fotone wong-wong kui podo seneng karo opo sing dilakoni. Sok-sok, awak dhewe meri karo wong-wong kui. Awak dhewe uga kepegengen duwe kehidupan sing podo senenge. Pengalaman menyenang koyo ngono, awak dhuwe kudu pahami, kui ora iso mung dienteni. Awak dhewe kudu aktif golek pengalaman-pengalaman kui. Carane, awak dhewe kudu ngeluangke wektu kanggo lungo neng panggon-panggon sing menarik utowo jajal hobi sing ora biasa. Awak dhewe kudu nyepake duwit mergo aktifitas kui ora kabeh gratis. Misale, yen arep plesiran ing luar negeri, awak dhuwe kudu duwit kanggo tuku tiket pesawat, visa, penginepan, lan duwit jajan selama perjalanan kui. Yen misale arep jajal hobi unik, koyo gawe peso. Awak dhewe kudu duwe duwit kangga bayar les-lesane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9523", "text": "Dina iki ana kancaku sing wisuda. Aku lan kanca-kancaku wis padha kekancan wiwit mlebu kuliah ing taun pertama. Ana aku, Doni, Dika, lan Adi. Sing wisuda dina iki yaiku Adi. Pas mari nekani wisudane Adi, Aku lan kanca-kancaku padha ngelumpuk ana ing omahe Adi. Ning kene padha crita awale ketemu biyen. Aku bisa ndelok sakjane kancaku liyane iki uga gelo amarga ora bisa lulus bareng kaya sing wis dijanjikna biyen. Raine Doni lan Dika sing rada ditekuk nalika cerita babagan dhuwite kaluwargane sing lagi susah. Mripate uga rada abang amarga nahan nangis. Swasana ing omahe Adi dadi ora penak amarga padha gelo sing bisa lulus pas 4 taun gur Adi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9082", "text": "Astraphobia iku rasa wedi sing kenemen mergo guntur, petir, utowo kilat. Fobia sing siji iki isok dialami ambek kabeh kalangan usia, ket arek cilik sampe wong lansia. Gejala fobia sing iki mirip-mirip ambek gejala fobia liyane. Mulai teko kemringet, gemeter nemen, sampe nangis gero-gero pas lagi onok badai gluduk. Rasa wedi iki isok luwe gede nek penderita lagi dewean timbang nek dikancani ambek wong liyo. Astraphobia iki akeh dialami ambek uwong sing mbiyen nduwe trauma pas cilik. Jeneng liyane astraphobia iku onok akeh, mulai teko tonitrofobia, brontofobia, ambek keraunofobia. Fobia sing siji iki duwe efek berkepanjangan nek gak ndang ditangani. Salah sijine iku isok marakno depresi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3854", "text": "Saiki ancene akeh wong sing duwe klambi kembar ambek wong liyo. Nag jareku ancene ora masalah se soale pabrik kan oleh gawe produk iku ora mok siji ambek kanggo wong sitok. Tapi akeh wong sing nganggep perkoro iku dadi perkoro sing ngisin-ngisini. Padal yo ora masalah se, wong ora ono sing elek teko perkoro iku maeng, lah wong sing garai iku dadi perkoro kan yo wong-wong sing gengsi soale klambine ono sing madani. Masio madani asline kan ora opo-opo wong klambi iku yo tuku ora jaluk ambek nyolong lapooh isin barang. Aku tambah biyen plek ketiplek ambek koncoku padal yo ora janjian tapi yo seneng ae ambek ora ono maslah opo-opo.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3302", "text": "Koncoku pas munggah panggung moco puisi iku moro-moro raine kemringet ora karoan. Padal pas durung wayae maeng bocae biasa mae. Terus pas moco moro-moro puisine iku rodok aneh masio iku apik jarene wong-wong. Nah sing koyok ngunuku biasane iku bocahe dredek ambek kuwatir mboh kuawtir ora iso moco, isin, ambek liyane. Nah roso kuwatir utowo dredeg biasane iku kenek ditengeri teko raine wong sing dredeg iku koyok contone awake moro-moro gemeter utowo geder kabeh, raine rodo abang, terus polahe iku maleh koyok wong aneh soale koyok salah kabeh ngunulu, terus sing terakhir ambek kemringet nag raine ambek awake iku metune ora normal koyok wong mari mlayu. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6120", "text": "Oki kuwi mahasiswa anyar ning jurusanku. Cerita sing paling lucu yaiku pas Oki salah mlebu jedhing wedhok nganthi diuber-uber satpam. Iki kedadian ning jurusanku lan dadi pembahasan ngasi aku wis lulus. Pas kuwi, lagi ana pergantian jam kuliah, para mahasiswa uga dosen ya lagi mlaku ning koridor kampus. Oki sing mahasiswa anyar iki dadakan kebelet banjur dekne mlayu menyang gedung sebelah amarga jedhing jurusanku kebak. Dekne salah mlebu jedhing amarga pas dekne mlebu, dekne langsung didelok mbak-mbak. Banjur pas ditakoni, jebul tetenger jedhing ning ngarep jedhing kuwi wis nglentek, dadi Oki ora bisa ndelok tandhane jedhing kanggo lanang lan wedhok. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9454", "text": "Bisa lunga kaji iku anugerah saka Gusti Allah. Ora mung butuh dhuwit sing akeh, nanging uga kudu nyepakke mental, fisik, lan ati supaya bisa kuat anggone ngelakoni ibadah haji. Rukun Islam sing kaping lima iki wajib dilakoni kanggo umat Islam wis mampu. Pengalaman sing dioleh nalika lunga kaji bakalan dadi pengalaman suci sing ora bisa keganti karo apa-apa. Pengalaman suci iki biasae dialami dewe-dewe, lan ora bakal padha saben wong. Contohe nalika bisa nangis nalika pertama kali ndelok ka'bah utawa ngicak lemah Mekkah. Pengalaman suci iki bisa kanggo nunjukake gedhene Gusti Allah lan bisa nggawe kene tambah taqwa lan iman marang Gusti Allah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8025", "text": "Coba deh awakmu gatekno dalanan nang lalu lintas. Nek semisal onok kecelakaan, biasane sing nubruk disikan iku mesti ngalami kerusakan kendaraan sing luwe nemen timbang sing ditabrak. Contohe onok akeh. Siji, motor sing nyenggol montor, biasane spion motor e malah cumplung dan montore gak kenopo-nopo. Loro, montor sing nubruk montor. Nek didelok, montor sing nubruk iku beret e luwe nemen, malah kadang bodine sampe penyok sisan. Malah sing ditubruk mek beret sitik tok dan bodine sek aman. Sakjane ngono aku durung eroh pasti opo penyebabe, tapi hampir kabeh kendaraan sing nubruk utowo nyerempet disikan iku pasti ngalami kerusakan sing luwe nemen timbang sing ditubruk utowo diserempet.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2998", "text": "Sing jenenge harta karun iku mesti garai wong keblinger soale saking apike barange maeng. Nah wong sing jumbul polahe nemokno maeng biasane iku ambek gebarengi karo roso seneng sing megilan senenge. Tapi sing kebarus jumbul sampek ilang akale maeng yo ora apik soale mesti iso dadekno wong angkles iku nag elek. Tapi nag jumbul ambek perkoro apik biasane yo tambah seneng. Mangkane kanggo wong sing jumbul polahe nemokno harta karun kudu iso ngendalikno roso jumbel sing dibarengi ambek seneng maeng ben ora dadekno roso iri sing wong ngerti. Nag sampek ora iso ngendalikno maeng biasane bakal ono perkoro elek sing ora kepikiran.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5691", "text": "Aku oleh cerita saka Ilham, kancaku sing biyen sak asrama. Dekne ngakokni yen biyen dekne kuwi nakal amarga sering metu saka asrama liwat tembok mburi kanggo tuku mie ayam utawa tuku kebutuhan sekolah. Ilham metu saka mburi amarga dekne wedi diseneni karo satpam sing ana ning asrama sing wis terkenal galak lan ora sungkan ngewenehi hukuman kanggo para siswa sing kabur iki. Banjur ning sawijining dina sak durunge semesteran, Ilham iki kabur karo kanca kamare kanggo tuku bahan ujian praktik fisika. Jebul jam kuwi wayahe satpam keliling. Pungkasane, ilham iki keruhan lan oleh hukuman ngeladeni para siswa ning kantin asrama. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9195", "text": "Salah siji tes boso asing sing mulai akeh dimeloki ambek arek enom iku TOPIK. TOPIK utowo Test of Proficiency in Korea iku tes gawe ngukur kemampuan boso Korea. Mergo hallyu wave iku wes merajalela nang Indonesia, akeh banget wong Indonesia sing kepingin kuliah utowo kerjo nang Korea Selatan. Metode sinau TOPIK iku yo onok uwakeh. Salah sijine iku nonton drakor. Nek awakmu rajin nonton drakor, awakmu dadi akeh eroh boso sing lagi usum dinggo nang Korea pada saat iku. Soale kadangan nang tes TOPIK iku, bakal muncul tentang boso sing koyok ngono, gak mek boso formal e tok. Dadi nonton drakor iku isok mbantu awakmu nguasai boso Korea dan marakno awakmu luwe siap ngadepi ujian TOPIK.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7932", "text": "Nang KBBI, sekarat iku dalam keadaan saat-saat menjelang kematian utowo menjelang ajal tiba. Nek nang istilah medis, sekarat iku serangkaian tahapan sing dialami awak sak durunge mati. Nang fase iki, tubuh bakal nyiapno gawe leren berfungsi ambek bekerja. Biasane, kondisi masing-masing wong sing sekarat iku bakal bedo-bedo. Perbedaane iku biasane terjadi nang rentang wektu teko kondisi sekarat sampe mati. Biasane wong iku bakal gak sadar pirang-pirang dino pas proses sekarat. Tapi kadangan onok sisan sing ngalami proses sekarat beberapa jam sak durunge mati. Bahkan onok sing dadakan sisan dan ketoke malah gak atek sekarat tapi langsung mati. Suwe gak e proses sekarat iku gak onok sing eroh, soale kabeh iku mbalik nang takdir e wong iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6076", "text": "Kanggo para pengusaha kuliner, kulkas kuwi penting banget amarga bisa njaga kesegeran bahan panganan kaya sayur, daging, lan uga bumbu. Kamangka, milih kulkas iki penting kanggo wong katering ben bahan panganan ora gampang bosok lan uga jamuren. Bahan panganan bosok lan jamuren iki kudu dibuwang amarga bisa marai racun lan uga njijiki. Kulkas sing digawe kuwi kudu sing gedhe lan bisa nduwe suhu sing bisa marai beku. Kulkas iki kudu duwe teknologi antibakteri ben ora ngerusak panganan lan duwe akeh ruang penyimpenan sing bisa misahake sayur lan daging amarga yen ora dipisah, bibit penyakit saka daging bisa mlebu lan mbosokake panganan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9590", "text": "Sawise kuliah, Mira mutusake kanggo lanjut kuliah ana ing Jogja. Kanggo wong sing asli saka Jakarta, iki dadi pengalaman sepisane Mira urip adoh sala kaluwargane. Mira kuliah adoh amarga meh sinau babagan urip. Dheweke kepingin banget bisa mandiri lan ora ngerepoti kaluwargane. Nanging Mira uga nyangka nalika urip dhewe adoh iku bakalan nggarai sedih. Ora ana sing bisa dijak dolan, ora ana sing nggawekna mangan, ora ana sing nggugah turu, kaya ning omah. Senajan saben dina bisa telpon, Mira mesti ngerasa sepi ana ing Jogja dhewean. Dheweke uga janji bakal mulih njng Jakarta sawulan pisan nalika ana wektu kanggo ketemu karo kaluwargane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5764", "text": "Sajane dewean ning omah kuwi ora medeni amarga bisa luwih bebas ngelakoni kegiyatan lan uga bisa luwih fokus marang urusan sing kudune dirampungake ning omah. Hawa sing ora penak kuwi yaiku yen dewean ning omah nanging isih mbayangake film horor sing ditonton utawa crita setan saka kanca sing isih diiling. Ada pojokan-pojokan omah sing kosong lan peteng sing marai kepikiran. Durung maneh ana isu kriminal. Sajane, wedi kesepian iki bisa kedadian amarga ana wong sing ora bisa ngendalikake pikiran. Pikiran kuwi bisa dadi liar lan mbayangake sing aneh-aneh kaya setan utawa perampok. Kamangka pengendalian pikiran kuwi babagan sing uga penting. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4406", "text": "Ancene sing jenenge telono suwek iku mesti ora kenek dikiro kapan bakal kedaden. Nah mergo iku maeng saiki akeh wong sing gelek gonta-ganti telono mergo kuwatir suwek nag pas digawe dolan utowo metu. Asline sing garai wong isin nag pas telono suwek iku ora mergo suweke iku maeng, tapi sing garai isin yo iku panggonane suwek iku maeng. Nah ancene panggonan suwek iku ora nang panggonan sing marakno isin contohne nang ngisore dengkol utowo nang pucuke telono sing siki maeng yo ora ngiro isin. Tapi nag nang bagian koyok mestak, terus bokong, utowo pupu yo jelas marakno wong sing gawe telono iku isine megilan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3799", "text": "Pengalaman sing ora apik iku asline yo ora apik nag dipamer-pamerno nang uwong , masio iku koncomu dewe. Sing apik iku ancene kudu disimpen ae soale durung karoan iku pantes diceritakno. Koncoku sing penggaweane dolan turut dalan ae ngongkon nag ancene duwe pengalaman sing sekirane iku ora iso nguwei manfaat nang wong liyo palang disimpen ae, dadekno iku pengalaman sing ancene dadi ilmumu kanggo ngadepi masa depan ben ora kebalen maneh. Tapi saiki wong-wong mesti senenge pol nag nyeritakno perkoro iku maeng masio iku ora pantes diceritakno asline. Terus akhire dadekno perkoro sing ora kepikiran sak durunge. Mangkane nag iso yo disedakno ae ben ngerti endi sing pantes ambek sing pora pantes.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8013", "text": "Nang Islam, taubat iku mohon ampunan nang gusti Allah SWT atas segala duso ambek kesalahan. Taubat iku bentuk pengakuan atas kabeh kesalahan ambek pernyataan nyesel mergo duso-duso sing wes tau dilakoni. Menungso iku dikon taubat soale perbuatan duso sing dilakoni uwong iku nggowo akibat sing elek gawe pelakune. Kerugian sing disebabno mergo duso iku onok akeh. Siji, diadohno teko pertolongane Allah SWT. Loro, marakno urip gak berkah utowo gak guna ambek gak onok manfaate. Telu, marakno rusak lingkungan urip. Terakhir, marakno ati dadi keras dan gak isok nerimo ajaran-ajaran Islam. Dosa jenis opo ae iku isok ilang teko taubat, dan Allah SWT wes janjekno iku nang firmane nang Al-Qur’an surat Az-Zumar ayat 53.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8332", "text": "Iwak iku dadi salah siji kewan sing urip ndek njero banyu, bah iku banyu towo utowo banyu asin. Iwak iki nduwe mambu khas sing amis nek wes nang njobone banyu. Onok alesan opo’o iwak iku mambune amis. Dasare, banyu ndek laut iku nduwe sekitar telung persen uyah menurut abote. Padahal kadar optimal mineral terlarut nang njero sel kewan iku kurang teko sak persen. Mergo iku, kewan laut koyok iwak kudu ngisi sel mereka karo asam amino karo amina gawe ngelawan rasa asin banyu laut. Iwak iku cenderung ngandelno trimetilamin oksida utowo disingkat TMAO gawe tujuan iki. Terus pas iwak iku dibunuh, bakteri karo enzim ngubah TMAO dadi trimetilamina utowo disingkat dadi TMA. TMA iki sing marakno iwak ngetokno mambu sing khas sing dijenengi amis.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4810", "text": "Jaman biyen pas aku isih SD, aku males banget sinau amarga sering bosen karo materi-materi sing dipelajari ning sekolah. Kamangka bijiku mudhun lan ora bisa nduwe rangking 1. Nanging, ibuku pengen banget aku bisa oleh biji apik lan duwe kebanggaan dhewe mengko yen rampung ujian. Amarga kuwi, ibuku janji marang aku yen aku oleh biji apik lan lulus ujian, aku bakal ditukokake sepeda. Sepeda iki sing dadi motivasiku kanggo sinau, amarga sepeda kuwi wis tak impi-impi wiwit suwe. Sak wise kuwi, aku dadi sregep sinau lan mbiyasakke maca buku.Pas wayah ujian, aku bisa nggarap lancar lan lulus uga bijiku apik. Banjur ibuku numbasake sepeda sing kaya kekarepanku. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7209", "text": "PHK iku dadi mimpi buruk bagi kabeh kepala keluarga, terutama gawe wong sing wes berumur dan wes gak isok apply kerjaan nang kantoran soale umure wes ketuweken. Pisane isok pun pasti entokne nang posisi sing nang ngisor-ngisor banget dan iku gak cukup gawe nafkahi keluargane. Timbangane bingung, mending nyoba buka usaha. Gak usah usaha sing langsung gede, mulai teko usaha buka bakul panganan ndek cedek omah. Modale engkok teko tabungane dewe. Perlahan nek usaha iku ditekuni, omset e isok tambah gede ngeluweni pendapatane pekerja kantoran. Wes ngono, usaha omahan iku isok dadi ladang rejeki gawe wong sing gak isok kerjo kantoran. Dadi isok entok pahala sisan isok memperkerjakan wong liyo. Dadi gawe awakmu sing dadi korban PHK, nek nduwe tabungan cukup, isok coba-coba buka usaha cilik-cilikan gawe sumber penghasilan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1556", "text": "Kelambi sing awak dhewe tuku kui mesthi ono akeh. Ora mungkin awak dhewe mung dadi siji-sijine sing dhuwe klambi kui. Ono wae kemungkinane awak dhewe papas karo wong sing nganggo klambine podo. Supoyo awak dhewe ora isin mergo ketemu wong sing nganggo kelambi kembaran karo awak dhewe, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, yen awak dhewe wis delok wong sing nganggo kelambi podo seko adoh, awak dhewe iso langsung mlipir neng dalan sing liyo. Sing keloro, awak dhewe iso gowe jaket misale awak dhewe arep neng panggon umum. Dadi pas awak dhewe ketemu wong sing nganggo kelambi pado awak dhewe gari nganggo jakete mau.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4838", "text": "Nyoba peruntungan ning undian iki kadang marai seneng amarga ana adrenaline. Salah siji kegiyatan sing bisa dijajal kanggo nguji peruntungan yaiku undian gerak jalan utawa jalan sehat. Undian jalan sehat iki biyasane diadakake ning kampung-kampung wayah dina kemerdekaan utawa ulang taun perusahaan. Sak liyane bisa oleh hadiahe, uga bisa nambah kenalan uga bisa nambah kesehatan. Hadiah sing disediakake umume kaya barang elektronik, kebutuhan omah, sepeda, utawa sepeda motor. Yen perusahane gedhe, hadiahe ya gedhe. gawe kendaraan bermotor, biyasane peserta undian mung bayar pajek hadiahe. Kamangka kuwi, yen ana acara jalan sehat, kanca-kanca iki kudu melu ben oleh akeh manfaat saka acara iki. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5693", "text": "Fonofobia yaiku fobia sing wedi marang swara sing kebanteren. Swara iki bisa saka barang utawa swara saka wong sing ana ning sekitar. Fonofobia iki penyebabe akeh, kaya trauma marang swara sirine ambulans amarga dadi saksi kecelakaan, swara banter sing ana ning pabrik, lan uga swara saka wong sing nyeneni nanging nadane dhuwur. Fobia iki bisa dialami karo anak, biyasane amarga wong tuwa sing seneng nyeneni lan uga ngelakoni kekerasan sing marai anak trauma marang swara sing banter. Wong sing neka fonofobia iki bisa keganggu mentale amarga ora bisa ngelakoni kegiayatan lan sosialisasi ning jaba omah amarga mesti ana perasaan jirih. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2660", "text": "Biyen sak durunge aku lulus, aku tau duwe pengalaman sing paling mangkelno nag jero uripku. Pengalamn iku sampek saiki tak eleng-eleng. Pengalaman iku kedaden pas aku isek SMP. Biyen pas SMP aku termasuk bocah sing paling pinter. Terus akeh bocah sing seneng ambek aku soale pengen nyontoh PR. Sak liyane iku nag ulangan mesti jaluk contoh jawabane. Nag aku se ora masalah, tapi sing garai mangkelno yoiku pas aku ngerti nag bijine koncoku sing nyontoh luweh apik timbang aku, padahal pas tak padakno jawabane podo plek ketiplek. Pas tak takokno nang sekolah, jarene aku sing dianggep nyontoh. Ket iku aku maleh males nontoni maneh. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2526", "text": "Seneng tuku barang sak wise nyelengi ancene iso nguwei roso seneng sing bedo ambek roso seneng liyane. Roso seneng iki iso ono soale ono roso bangga, roso kagum ambek usaha sing dibelani ora karuan. Terus seneng iku maeng yo kebangun teko roso lego teko usaha nabung sing iso nguwei hasil sing ketok. Mangkane roso seneng sing koyok nginiki iku wajar konggo sak ben uwong sing tau ngalami perkoro koyok ngeniki. Dadi seneng tuku barang sak wise nabung iku mesti kedaden nang gonane urip sak ben uwong. Soale wong iku maeng yo pengen nikmati hasile nabung, terus teko kono maeng wong iku yo iso ngerasakno bangga karo usahae utowo hasil kerjo'e.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3034", "text": "Kabeh wong mesti srengen nag digepuk. Tapi roso ngeneki iku ora apik nag diterus-terusno soale iso dadekno roso geteng ambek wong sing gepok maeng padal niate maeng mok pengen marekno seduluran tok. Nag jareku sih serengen polahe digupek sih wajar ae sing penting srengene maeng ora kebocut sing iso dadekno metune roso mangke nang ati. Nag jarene guruku, \"srengen nag digepuk iku asline wes biasa kedaden nang menungso soale menungso iku duwe bates kesabaran sing bakal maleh dadi roso srengen maeng\". Tapi roso srengen iku yo kudu dikendalikno ben ora dadekno wong seng gepuk maeng ngeroso bersalah ambek jaluk sepuro nang awakmu. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8407", "text": "Salah siji jenis kain sing diklaim anti suwek iku kain ripstop. Kain iki wes dadi rekomendasi akeh konveksi sing onok nang Suroboyo. Nek awakmu pingin tuku kain ripstop, panggone iku onok nang Rumah Kapas Garment Expertise. Nek awakmu pingin mrono, gatekno rute iki. Teko Kebun Binatang Surabaya, golek puter balik, terus mlaku lurus dan belok nengen nang jalan raya Darmo. Lurus ae ngetuti dalan terus belok ngiwo melbu nang jalan Jagir Wonokromo. Mlaku ae terus sampe ngelewati jalan Panjang Jiwo dan tembus jalan Kedung Baruk. Terus belok nengen nang jalan Dr. Ir. H. Soekarno. Mlaku lurus, terus belok ngiwo nang jalan Raya Pandugo. Terus belok nengen nang jalan Panjaringan Sari. Mbari ngono, belok ngiwo nang jalan Medokan Asri Utara IX. Mlaku dilut, terus belok nengen nang jalan Medokan Asri Utara XV. Engkok panggone onok nang kiwo dalan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3047", "text": "Saiki nek ono macet kabeh wong mesti srengen ambek ngawur-ngawur, terus kadang ono sing sampek bal-bel sampek mangkelno kuping polahe cumpleng. Nah sing garai wong iku maeng srengen asline yo polahe dewe atek budal ngepres. Terus nag ono opo-opo nang dalan mesti perkoro sing nang dalan disalahno. Padal kabeh iku karep awake sing kurang ati-ati ket tangi melek sing akhire garai kabeh keteteran nang endi-endi. Nag wes kadung ngunu kudune wong sing srengen iku minggir disek nang dalan ben atine adem terus mangkat maneh. Soale nag diterusno budal ambek ati sing mangkel mesti ae ono perkoro sing elek sing teko mboh iku nyrempet spione wong utowo nyetir ngawur. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8021", "text": "Nang perjalanan adoh, biasane wong-wong iku milih lewat jalan tol soale luwe lancar. Sayange, Gofar milih gawe lewat dalan ngisor. Jarene lagi sepi, makane dilewatno kono. Akhire sing liyane manut opo jare supire. Pas tutuk jalur sing ngelewati Alas, dadakno onok truk akeh puol. Sing liyane wes ketar ketir, tapi Gofar sek berusaha santai dan ngendarai koyok biasa, gak ngebut tapi gak alon. Moro-moro, onok mobil nyelip gak atek aba-aba. Gofar ndeloke rodo kaget, tapi akhire dijarno ae. Mobil sing nyelip iku mau ketoke kate melbu nang jalur nang ngarep mobile Gofar, tapi sek tetep nang jalur tengen. Sing marakno Gofar kaget nemen iku, moro-moro onok truk gede teko lawan arah dan kate nubruk mobil iku mau. Gak Gofar tok, sing liyane yo melu keweden. Dan akhire mobil iku mau disruduk kato truk sing marakno mereka kabeh mbengok histeris saking wedine. Gofar yo podo wedine, tapi kudu tetep nyetir ben gak marakno macet nang dalan kono. Perjalan iku mau diisi karo rasa wedine mereka kabeh soale mbari ndelok kecelakaan secara langsung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7132", "text": "Biasane gawe meriahno suatu acara, panitia bakal nyediahno doorprize sing bakal dibagikno pas akhir acara dan peserta pasti bakal langsung semangat maneh. Istilah doorprize iki diartekno dadi karcis berhadiah. Doorprize iki hadiah sing dikekno melalui undian gawe pemegang karcis sing wes dibagikno. Biasane doorprize iki jumlahe terbatas, dadi ben isok entok hadiah iku carane kudu diundi. Biasane doorprize iki diadakno nang acara sing pesertane akeh, mulai teko HUT RI, jalan sehat, seminar, sampe karnaval. Hadiah sing disediakno gawe pemenang doorprize yo muacem-macem tergantung budget sing disetujui panitia acara iku. Nek doorprize e cilik-cilikan, biasane hadiahe gak adok-adok teko sembako. Nek doorprize e skala gede, bahkan sampe onok hadiah barang elektronik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7227", "text": "Gawe awak dewe sing gagal, sedih iku wajar, tapi gak oleh terus-terusan. Awak dewe kudu bangkit dan belajar teko kegagalan iku cek isok sukses. Belajar teko kegagalan iku yo onok carane. Siji, awakmu kudu bangkit disik dan nyiapno diri gawe berjuang maneh. Loro, sing paling penting, evaluasi kesalahan sing mbok lakoni dan mergakno awakmu gagal. Contohne koyok pas tes melbu kuliah, awakmu ngevaluasi mata pelajaran endi sing awakmu sek kurang nguasai dan melajari iku luwe dalam. Utowo gagal nang pekerjaan, awakmu evaluasi CV mu dewe dan deloken endi sing sek kurang dan gak sesuai. Telu, berjuang luwe giat maneh. Terakhir, dungo nang Allah, njaluk ridhone Allah cek dilancarno kabehane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9565", "text": "Salah siji pengalaman paling menyedihkan sing biasa dialami karo wong perantauan yaiku ora duweni dhuwit. Kadang gajian utawa kiriman saka wong tuwa telat nganti nggawe bingung meh mangan nganggo apa amarga dhuwite wis entek. Meh utang ing kanca uga wedi ora diutangi kan dikira teka nalika butuh tok. Meh utang ning bank ya ora wani wedi ditagih karo debt collector. Salah siji cara supaya bisa tetep ngelakoni urip yaiku donga marang Gusti supaya ditulung. Sawise iku tetep usaha mbuh golek kerja, mbuh dodolan apa wae supaya bisa oleh dhuwit kanggo ngewangi urip nganti gajin asline teka. Anggep wae pengalaman kaya ngene dadi pelajaran supaya ngko bisa luwih ati-ati nalika ngatur dhuwit.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7189", "text": "Pas onok sing ngekeki undangan nikahan, jelas awak dewe melu seneng soale onok uwong sing wes ketemu ambek jodohe. Tapi kadang onok sing marai awak dewe bingung, yaiku kudu tuku gawan opo sing cocok gawe pengantine, opo maneh nek awak dewe gak sepiro kenal ambek mereka. Nek tuku barang iki iku, wedine pengantine gak seneng dan malah diguwak. Nek koyok ngono iku malah dadi mubazir. Solusi paling gampang nek wes koyok ngono iku cukup nggawakno mentahane ae, alias ngekeki amplop isi duit. Percoyo o, gak onok uwong sing gak seneng dikeki duit. Teko duit iku mau, pengantine isok nentukno dewe pingin tuku opo sing cocok gawe mereka, dadi awak dewe gak atek repot maneh. Dadi sing sek bingung kate nggowo gawan opo, nggowo o amplopan ae rek, paling gampang.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8473", "text": "Kleptomania iku gangguan sing marakno penderitane angel nahan awake dewe gawe nyolong barang. Penderita iki biasane nyolong nang panggon umum, tapi onok sisan sing nyolong nang panggon sepi. Kleptomania iki muncul ndek masa remaja, tapi isok sisan muncul pas wes dewasa. Penyebab kleptomania iku gak isok dipastikno, tapi onok dugaan terkait gangguan senyawa kimia nang utek. Mulai teko mudune kadar serotonin, sistem opioid utek sing gak seimbang, ambek gangguan pelepasan dopamin. Gejala kleptomania iku isok didelok. Mulai teko gak isok nolak dorongan gawe nyolong, cemas pas mbari nyolong, nyolong secara spontan, gak bakal nganggo barang sing dicolong, gak nyolong mergo balas dendam, dan nyolonge nang tempat umum.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7202", "text": "PHK iki dadi salah siji istilah sing paling dikenal nang dunia kerjo. PHK iku singkatan teko pemutusan hubungan kerja. PHK iki pengakhiran hubungan kerja mergo suatu hal tertentu sing marakno berakhire hak ambek kewajiban antara pekerja karo pengusaha. Sederhanane, pekerja wes gak wajib maneh ngelakoni aktivitas kerja dan pengusaha gak wajib ngekeki upah utowo gaji maneh. Biasane PHK iku terjadi mergo alesan tertentu koyok kondisi buruk managemen perusahaan, masalah keuangan, utowo gak terjadi kesekapatan antara pekerja karo perusahaan. Sing paling penting sing kabeh kudu eroh, nek uwong sing di-PHK ambek perusahaan wajib entok duit pesangon. Bedo ambek pekerja sing ngundurno diri dewe, mereka gak bakal entok duit pesangon.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9527", "text": "Desi mesti ngerasa dheweke mesti gagal misale ngelakoni samubarang apa wae. Kaya misale dheweke daftar sekolah ing Malang lan dheweke daftar kerja ing Jakarta. Nanging Desi tau crita ning dulure babagan iki lan diwenehi pituduh kepiye carane supaya ora gagal ngelakoni samubarang. Kaping pisan, kudu nduweni pikiran yen gagal iku ora bisa medhot semangate dhewe. Kaping pindho, yen wis tau gagal nalika ngelakoni samubarang kudu didelok lan disinauini kira-kira apa sing nggarakna gagal. Kaping telu, sinau marang wong liya. Njaluk pituduh, ngerungokna critane, lan sharing babagan samubarang apa wae. Sing terakhir yaiku kudu bisa masrahke kabeh ing Gusti, ndonga saben dina.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5643", "text": "Metafisika yaiku salah siji cabang filsafat sing mbahas babagan ana lan orane kabeh zat sing ana ning bumi iki. Metafisika kuwi uga mbahas babagan sing ana hubungan karo religi lan hubungane karo proses kedadian ning alam. Sing kalebu unsur metafisika iki yaiku salah sijine babagan dunia gaib. Bahan kajian ilmu iki yaiku ora mung barang sing kethok ning ngarepe mata, nanging uga asl-usul barang sing ana ning alam. Ilmu iki uga kalebu ilmu sing sifate spekulasi lan ora ilmiah amarga ora ana wujud sing sak mestine. Kamangka kuwi, para wong sing duwe kemampuan indigo kuwi bisa melu sinau metafisika ben bisa ngewenehi makna lan ora wedi karo barang gaib sing bisa didelok lan uga kedadian.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1457", "text": "Wong kui tabiate werno-werno, ono sing gampang jijikan lan ono sing ora. Biasane wong sing jijikan kui, ora gelem yen ombene dijaluk. Jarane, dheweke wedhi yen idune nyampur neng ombenane lan gowo penyakit kanggo dheweke. Nanging supoyo awak dhewe tetep iso jaluk ombenane koncone dhewe sing jijikan kui, ono beberapa cara sing awak dhewe lakoke. Sing kesji, awak dhewe iso ngucurke ombenan neng mulute dhewe tanpa kudu dikokop. Sing keloro, awak dhewe iso buka tutup wadah ombene, banjur ngombe langsung seko kono. Sing ketelu, awak dhewe iso nyepaki sedotan dhewe. Dadi pas awak dhewe arep jaluk, awak dhewe gari ngetoke sedotan sing wis digowo kui.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4304", "text": "Koncoku sing ono nang Kota Pahlawan iku tau ngomong nag deke masih bekase utahan utowo utahane iku mesti gedek ambek mengkirik mergo jijike pol. Nah deke iku maeng ngomong nag sing jenenge utahan iku termasuk perkoro sing deke jemberi mergo rupane iku lok koyok panganan sing mambu ambek bosok, terus durung ambune sing ora karoan gak enake, mangkane alasan iku maeng sing marakno deke iku mesti geting ambek jemberi megilan nag delok sing jenenge utahan. Terus nag wes kadung delok yo deke iku langsung mireh ambek gowo minyak kayu puteh ben iso ngilangno ambune sing wes kadung nemplek nang irung. Nah masio ora mampu tapi jarene deke, mesti nag delok iku koyok-koyok otomatis mambu ngunu. Mangkane nak ketok deke iku langsung mireh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4866", "text": "Ning kampus, akeh kegiyatan mahasiswa sing bisa dadi alternatif kanggo ningkatakae prestasi. Salah sawijine kegiatan yaiku UKM penelitian utawa riset. UKM iki bisa dadi salah sawijine dalan pintas kanggo ngumpulake portofolio yen arep kerja utawa kuliah maneh. Ana lomba tahunan sing dadi ajang paling gedhe yaiku PKM utawa Program Kreativitas Mahasiswa. Yen arep melu PKM iki mahasiswa kudu nggolek tim sing bisa dijak kerja bareng lan kudu bedha jurusan ben ana sudut pandang sing manika warna. Rampung kuwi, nggawe proposal banjur mahasiswa bisa nggolek pembimbing sing cocok karo bidang penelitiane. Sing penting yen arep melu PKM kudu disiplin lan telaten ngolah data. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1118", "text": "Ngomongke agama Islam, akeh wong muslim sing seneng milih-milih larangan neng jero ajarane dhewe. Awak dhewe, wong muslim, kerep milih larangan sing gampang awak dhewe lakoke lan ngelanggar aturan opo sing dirasake penak. Misale kui, awak dhewe luwih taat karo larangan mangan panganan sing haram koyo babi. Kui gampang dilakoke mergo awak dhewe panganan alternatif sing kiro-kiro bentuke podo. Nanging neng sisih liya, akeh wong muslim sing tetep ngombe ciu utowo ombenan sing ono alkohol liyane, senadyan kui dilarang. Ngombe ombenan koyo ciu pancen iso gawe sirahe dhewe enteng, lan beban uripe dhewe rosone koyo ilang ngono wae. Nanging, awak dhewe ora entuk milh-milih ngono. Awak dhewe kudu kudu konsisten karo opo sing diajari agamane dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3752", "text": "Akeh wong sing nek kenek idu iku mesti mangkel ambek jembere megilan. Lapooh kok iso jember ambek mengkel? mergone idu iku termasuk barang sing jemberi, opo maneh nag teko lambene wong liyo yo tambah mangkelno wong. Nah sing garai jijik iku maeng ora kok mergo idune asline, tapi sing garai jijik ambek jember iku asline yo polahe asale idune maeng yaiku teko cocote wong liyo iku maeng. Mari ngunu sing jenenge idu iku maeng termasuk salah sijine barang sing ancene bentuke maeng koyok banyu biasae tapi koyok ono campurane uro putih ambek rodok ngiler piye ngunu. Mangkane iku maeng sing garai wong mangkel nag kenek idu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1159", "text": "Salah siji sing awak dhewe wedike yen dhewekan neng kota gedhe sing awak dhewe kenal kui, awak dhewe wedi yen neng dalan kui awak dhewe bakal diapa-apake karo wong sing awak dhewe ora kenal. Mesthi ono kemungkinane, ono wong sing bakal ngetuti awak dhewe. Supoyo atine awak dhewe ngeroso ayem, awak dhewe kudu sadar lingkuanngan dhewe, lingkungan sekitar kosan, lingkungan kantor, lan dalan sepanjangan dalan seko kosan neng kantor. Awak dhewe wis kudu ngiro-ngiro yen ono wong sing ngetuti tenan kui, awak dhewe arep neng endi lan arep ngopo. Awak dhewe kudu gateke endi wae dalan-dalan sing rama lan sepi. Uga awak dhewe kudu ngerti neng endi wae kantor polisi utowo panggon biasa polisi nongkrong.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7643", "text": "Kemacetan lalu lintas iki wes akeh banget didapeti nang ndi ae. Kemacetan iki akeh banget didapati nang kota-kota gede koyok Jakarta, Suroboyo, Bandung, Medan, Semarang, Makassar, Palembang, Denpasar, Yogyakarta, Malang, dan kota gede liyane. Penyebab kemacetan iki onok uakeh banget. Siji, kecelakaan. Loro, onok perbaikan dalan. Telu, akeh pengguna kendaraan sing gak tertib. Papat, kurange petugas lalu lintas sing ngatur dalan. Limo, onok bagian dalan sing longsor. Enem, volume dalan padat. Pitu, onok pemukiman kumuh utowo bangunan liar. Wolu, onok bencana gak terduga koyok banjir. Songo, onok pirang kendaraan sing lagi melbu metu utowo lagi puter balik. Sepoloh, onok razia gede-gedean.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7134", "text": "Ben uwong nang dunyo iki pasti nduwe porsi beruntunge dewe-dewe. Onok sing beruntung nang segi pendidikan, onok sing beruntung nang hubungan romansa, onok sing beruntung nang segi ekonomi, onok sing beruntung nang kesehatan, dan sek akeh liyane. Keberuntungan iku salah siji bentuk rejeki gawe menungso sing wes dituruno karo Allah SWT nang umate. Ben uwong iku wes nduwe jatahe dewe-dewe, dadi gak isok dibandingno. Takaran rejeki ben uwong iku bedo-bedo, dan Allah wes nentukno iku kabeh. Dan gak onok pisan uwong sing beruntung nang kabeh bidang. Onok sing beruntung nang segi pendidikan, tapi apes nang segi ekonomi. Dan contoh liyane iku sek akeh banget. Dadi awak dewe gak isok keberuntungan sing diduweni awak dewe karo wong liyo.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3004", "text": "Wingi pas belonjo ono emak-emak ngomel soale antriane bayar nang kasir disrobot karo embak-embak endele sing ora ketulungan soale blonjone uakeh terus nyrobot-nyrobot. Yo apik se, srengen polahe perkoro iku, tapi yo ojo sampek gegeran gedeg, cukup srengen sak cukupe wae sing penting wong sing ngelakoni maeng iku ngerti nag deke iku ora tepak. Soale nag diterusno tambah dadi perkoro gede sing iso ngedokno matabate wong sing srengen maeng. Nag jareku se nag disrobot ora atek srengen cukup diilingno wae soale nag diewangi srengen malah dadekno ati mangkel terus iso ae garai wong liyo melok-melok srengen ambek nyalahno wong kene maeng. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8476", "text": "Biasane, arek cilik iku bakal wedi nek entok nilai elek. Wedi diseneni wong tuwone, terus wedi diseneni gurune sisan. Teko kono, akhire arek iku mau milih gawe nyontek ben isok entok nilai apik. Padahal kebiasaan nyontek iku gak bener dan isok berefek elek nang arek iku mau. Awak dewe sebagai wong tuwo kudu mandekno kebiasaan arek iku mau ben gak keterusen. Onok cara gawe ngelakoni iku. Siji, keki semangat ambek motivasi sinau nang anak. Loro, jogo kepercayaan dirine arek iku ben gak minder karo kemampuane. Telu, apresiasi usaha anak, bah iku elek bah iku apik. Papat, ojok mek fokus nang hasil. Terakhir, ojok banding-bandingno ambek arek liyo.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1484", "text": "Aku isih penesaran sopo sing disik nyiptake aturan 5 detik. Dadi nek ono panganan tibo, sakdurunge 5 detik panganan kui isih resik, isih iso dimaem. Aturane kui ora masuk akal banget. Nek pangan kui tibo kui artine wis reged. Kuman karo virus sing ono neng lemah kui bakal langsung pindah neng panganane kui pas panganane tibo. Ora ono jeda-jeda wektune, opo meneh suwe banget tekan 5 detik. Dadi secara teknis kui, panganan sing tibo kui wis bahaya. Awak dhewe iso lara wetheng yeng mangan panganan tibo mau. Panganan sing wis tibo kui mending awak dhewe langsung guak, supoyo ora kepangan karo awak dhewe utowo karo wong-wong sing liya.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "219", "text": "Sadurunge ujian, awak dhewe sibuk sinau dhewe-dhewe dadi wektu dolan karo konco-konco ora ono. Ujian kui penting kanggo nentoke arah masa depan awak dhewe dadi kudu dicepake masing-masing siswa. Bar pengumaan kui, ono apike awak dhewe ketemuan karo konco-koncone dewe kanggo ngebayar wektu sinau sing abot kui. Awak dhewe iso ngerencaneke liburan bareng karo konco-konco. Ora kudu sing adoh, nanging kabeh wong iso melu. Kui uga iso dadi koyo acara perpisahan sadurenge misah jalani urip neng jobo sekolah. Kanggo sing wedok-wedok, iso neng salon bareng lan perawatan bareng. Pas masa-masa sinau kui awak dhewe kerep ora ngopeni kecantikan. Nyalon utowo perawatan bareng karo konco-konco bakal gawe momen kui luwih seru.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9572", "text": "Getun pancen mesti ana ing mburi. Iki sing tak rasakna saiki. Wis ngerti duwe kepenginan kanggo lunga ning luar negeri kok malah ora gek ndang gawe passport. Padahal gawe passport uga gampang sing penting dokumen e lengkap kabeh. Saiki nalika ndelok kancaku padha dolan ning luar negeri, aku mung bisa nyokot driji. Aku pengin pol melu dolan ning luar negeri bareng-bareng, nanging aku wis wegah kanggo ngurus passport. Nalika ndelok fotone kancaku ning Korea, Jepang, lan negara liyane aku mung bisa ngguyu nanging atiku kerasa iri lan pengin pol melu. Aku ora bakal mbaleni kedadean kaya ngene maneh. Aku nyesel banget.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3886", "text": "Nag ora gelem diarani ambu, yo gaweo wangi-wangian nang opo sing mbok gawe pas gembul ambek wong akeh ben ora isin raimu. Tapi yo ora bas ngentekno lengo wangi sing akhire ora gawe wong seneng tapi tambah marakno wong mangkel. Nah contone maeng koyok gawe lengo wangi nang klambi sing kakeen sing akhire marakno wong sing ngambu iku dase ngelu polahe saking wangine. Dadi nag pengen wangi iku asline ora atek repot-repot polahe kenek gawe myinyak wangi sak cukupi. Terus ojo sampek kumus-kumus ben ambune tetep ora ono. Soal wong saiki iku rodok kenemenen oleh ngambu opo-opo sing jarene ora enak mesti diguyu ambek dilokno. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9998", "text": "Petugas ing panggon pelayanan umum iku pancen kadang jengkelna. Biasane wonge padha ketus, lan njawab pertanyaan pelanggan karo sak penake dewe. Kene sing sejatine teka ing kono kanggo golek solusi malah oleh emosi kanggo ngadepi petugas sing kaya ngono. Yen nemu petugas kaya ngono, sakjane ora perlu melu muring-muring. Kene kudu bisa nggawe petugas sing kaya ngono isin dhewe amarga wis ketus karo ngene. Yen ketuse wes kebangeten lan ora ngewenehi solusi babar blas, kene bisa lapor ing pengaduan kantor utawa panggon iku mau supaya dievaluasi karo bose. Melu muring-muring karo petugas sing kaya ngono kung nggarai ngentek-enteki tenaga wae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3009", "text": "Ngantri iku wes dadi aturan nang endi-endi nggon sing ancene panggonan umum. Nag ono sing nyerobot berarti kudu ono wong sing nganjurno wong iku ben melok ngantri ora sak karepe udele dewe. Nag anjuran teko petugas ambek sing gawe aturan kudu ngantri maeng isek ora dituruti yo wong iku maeng kudu ditertipno soale nag ora ngunu mesti garae wong akeh srengen ambek mangkel. Mangkane budaya ngantri ancene kudu dijogo masio iku rodok mangkelno soale kebutuhane wong iku bedo-bedo. Ono sing beta ngantri ono sing ora beta ngantri. Nag wes nginiki kabeh wong dianjurno kudu ngeregani wong sing budal disek soale nag ora dianjurno ngunu mesti akeh sing ora gelem akhire balik maneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9438", "text": "Aku nate krungu crita saka kancaku. Dheweke pancen kerep screen time utawa dolanan aplikasi kaya instagram utawa tiktok kanthi wektu kang kalebu suwe. Anggone screen time ora mung merga gabut utawa ora duwe gaweyan, nanging kancaku mau kerep golek info giveaway saka artis apadene brand. Miturut kancaku, peluang menang giveaway kuwi sakjane ora gedhe, ya mung begja-begjan. Kancaku nate menang giveaway produk sepatu karo jam tangan. Minangka syarate, sawise nampa hadiah, dheweke kudu promo kanthi gawe instastory. Lah ora kanyana, jebulane wong kang delok profile kancaku ana instagram dadi akeh banget sawise menang giveaway. Ana barang kang banjur follow akune kancaku. Miturute, menang undian kaya giveaway kuwi rasane pancen mbungahi tenan, la oleh barang gratis tur apik, oleh bonus barang tambah followers. Mangga, yen ana kanca-kanca kang pengin kaya kancaku, coba wae kerep melu giveaway.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8030", "text": "Ket awal kuliah nang Jogja, Tiara iku wes dikandani ambek ibuke nek nang kono iku bakal akeh onok gempa. Hal iku mergo Jogja iku cedek karo gunung Merapi sing sek aktif. Tiara dikandani koyok ngono yo maleh kepikiran sisan. Opo maneh gempa iku jare kedadene moro-moro ngono ae. Kan de’e dadi bingung kudu siap siaga ket kapan. Terus pas dino iki, de’e buru ae kate melbu kelas gawe kuliah. Tiara wes metek tombol Lift, moro-moro de’e ngeroso onok guncangan dan ngeroso kabehe iku obah. Tiara saking wedine langsung mlayu dan nang arah lapangan terbuka. Wes tutuk kono, moro de’e wes gak ngerasakno opo-opo. Gempane wes mandek, tapi de’e sek gemeter pol soale buru ngerasakno gempa pertama kaline.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1413", "text": "Aku paling ora seneng kamar mburi sing reged. Kanggo aku kamar mburi kui dadi panggon sing sakral. Soale, biasane aku suwe yen wis kepising. Makane kui yen kamar mburine reged lan mambu pesing, rodo angel kanggo aku. Menurutku, kamar mburi sing reged kui kamar mburi sing mambu pesing lan iso keambu ambu-ambunan liyane sing ora enak. Makane kui, kanggo aku kamar mburi kui kudu ono pengharum ruangane. Kamar mburi kui uga ora entuk reged. Ora oleh ono bekas lemah sing isih nempel neng jamban lan jobine. Kriteria kamar mburi sing reged kanggo aku sing liyane kui sing banyune reged utowo banyune ono mambu sing aneh. Yen wis koyo ngono, piye cawike iso resik, yen banyune wis ora resik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9536", "text": "Trauma iku pancen nyata anane. Kanggo kabeh wong sing duwe trauma, bakalan wedi lan bakalan nangis misal ketemu karo trauma iki. Cara supaya ora kaget utawa ora gupuh nalika ketemu karo trauma kaping siji, nalika duwe trauma yen bisa crita ning wong sing paling cedhak. Misale wong tuwa, kanca cedhak, lan liyane. Kaping loro, kabeh sing dirasa kudu diadepi. Ora papa yen misal bakal nangis utawa kaget, amarga iku kabeh bakal ngelatih supaya luwih kuwat. Kaping telu, kudu sabar ngadep samubarang sing bisa nggarai traumane metu maneh. Sing terakhi yaiku nggolek kegiatan kanggo nggawe awakdhewe repot supaya ora kelingan karo traumane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2024", "text": "Salah siji kacilakaan neng omah sing awak dhewe medeni kui kobonganan. Awak dhewe bakal bingung yen omahe dhewe sing dadi panggon awak dhewe kanggo turu kui entek dipangan omah. Makane kui, penting kanggo awak dhewe iso gateke opo-opo wong sing bakal iso dadi sumber kobongan neng omah lan nyepake strategi supoyo kui ora kedadean. Yen misale omahe tetep kobongan, awak dhewe uga kudu duwe cara mateni genine sak durunge nyebar neng endi-endi. Kui kabeh kudu awak dhewe pikirke sakdurnge awak dhewe bangun omah utowo arep tinggal neng omah sing wis dadi. Kabeh kui wis kudu awak dhewe kiro-kiro dalan keluare, supoyo awak dhewe iso luwih ayem ninggali omah kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9426", "text": "Bisa tuku apa wae nganggo dhuwite dewe pancen ana rasa seneng. Apa maneh nalika wes dibelani nyelengi nganti ora njajan blas. Kancaku mesthi nakok ning aku kepiye sih carane supaya bisa tuku barang nganggo dhuwit dewe. Kaping siji, aku mesthi ngomong nalika duwe dhuwit turah aja kabeh dijajakke, kudu bisa nyelengi pira wae sing penting ana sing dicelengi.Kaping pindho, kudu bisa nggawe prioritas. Barang endi sing kira-kira dibutuhke lan barang endi sing kira-kira mung pengin nanging ora dibutuhke. Sawise duweni prioritas, aku yakin bakal bisa gampang kanggo nyelengi lan tuku barang sing wis dipengenin. Sing penting kudu bisa mbedakke endi sing kebutuhan lan endi sing kepenginan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8339", "text": "Awakmu saiki pasti tau ndelok uwong sing mulai rajin gawe ngonsumsi minyak iwak dadi suplemen tambahan. Wes ngono, minyak iwak iku mulai akeh didol sisan, dadi tambah gampang dientokno. Mbasio ambune iku amis puol, tapi manfaate iku yo gak kalah akeh. Minyak iwak iki ngandung vitamin A, vitamin D, ambek asam lemak gak jenuh ganda sing isok ningkatno kecerdasan karo sistem kekebalan tubuh. Terus kandungan kolestrole iku rendah puol. Gawe wong tuwo, ngonsumsi minyak iwak iki isok nangkal kanker, diabetes melitus, hipertensi, ambek penyakit jantung koroner. Dadi gawe awakmu sing sek jijik ambek minyak iwak mergo ambune sing amis pol, coba konsumsien disik ben isok ngerasakno manfaate.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7959", "text": "Kasus bullying sing dilaporno iku akeh-akehe teko sekolah. Iku artine, arek-arek sekolahan sing umure sek belia sing akeh dadi pelakune. Jarang onok bully sing moro ujug ujug dilakoni, biasane onok faktore. Salah siji faktor sing akeh uwong luput iku mergo tontonan sing didelok arek iku. Arek sing sek nang umur pertumbuhan, iku biasane bakal nirukno opo sing didelok karo de’e. Mulai teko gerakan ambek kata-katane. Arek-arek sing biasa ndelok tayangan sing isine tukaran tok, yo bakal nirukno iku nang konco liyane. Dadi gawe awak dewe sing nduwe anak, gatekno maneh tontonan sing didelok ambek anakmu dewe ben gak kebarus mbentuk karakter pelaku bullying nang anak dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7266", "text": "Onok ndek suatu titik ndek ndi aku wes sumpek banget ambek kuliah. Ditambah konco sing toxic dan marai aku tambah tersiksa. Hal iku sing marai aku tambah pingin seliden dan gak gelem metu teko kos blas. Bener-bener rasane aku pingin ngilang teko dunyo iki. Tapi dipikir-pikir maneh, aku gak oleh koyok ngene terus nek gak gelem dadi pengecut. Aku pun cerito nang dulurku perkoro kondisiku saiki. De’e nyarano aku nang psikiater, soale aku wes nyudokno tanda-tanda depresi. Aku pun mulai wanikno gawe nang psikiater. Pertama, aku daftar disik nang salah siji rumah sakit. Kebetulan banget dino iku onok psikiater sing praktek. Akhire aku langsung mrono dan langsung ngadep psikiater. Nang kono, aku cerito opo ae sing tak alami selama kurang lebih rong minggu iki. Psikiater e yo takon nang aku beberapa hal. Dan aku diagnosa kenek depresi. Dokter langsung ngeresepno obat sing isok ditebus nang farmasi. Mulai teko kono, aku njalani pengobatan cek aku isok sembuh teko depresi. Gak mek teko obat tapi aku ngeyakino awakku dewe nek aku isok waras dan balik dadi normal maneh. Proses e gak dilut, tapi isok berhasil.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9159", "text": "Sopo sing nek wes kadung marah iku rasane pingin bengak bengok sak puase? Aku yo termasuk sing koyok ngono sisan. Tapi kan awak dewe jelas gak mungkin gawe bengak bengok nang njero ruangan. Sing onok awak dewe maleh dicap dadi wong sempel. Aku nduwe solusi gawe iku kabeh. Awakmu nang o bukit sing paling cedek teko lokasimu saiki, terus awakmu mbengok o sak tuwuke. Nek wes tuwuk, awakmu isok sisan nenangno diri dengan cara ndelok pemandangan alam sing apik teko duwur bukit iku mau. Wes isok ngelampiasno emosi, awakmu isok healing sisan nang kono. Dadi gawe awakmu sing ngalami hal sing podo, lakoni ae cara iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1597", "text": "Yen awak dhewe entuk biji sing elek pas lagi ujian neng sekolah kui, mesthi rasane isin, opo meneh ora ono konco-koncone dhewe sing bijine uga sakelek awak dhewe. Supoyo bijine awak dhewe ora elek-elek banget, awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal iki. Sing kesiji, awak dhewe iso gatek pas guru mulang neng kelas lan diusahake awak dhewe ora turu utowo gojekan dhewe. Sing keloro, awak dhewe kudu garep tugas-tugas sing dikei kui tanpa nyonto. Sing ketelu, awak dhewe iso ngulangi meneh pelajaran sing lagi wulang mau pas wis tekan omah. Sing kepapat, awak dhewe iso sinau dhewe adoh sakdurunge ujiane kui diwiwiti.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7509", "text": "Onok fenomena ndek ndi awak dewe sering diketokno sosok jin nang sekitare awak dewe. Nek koyok ngono, onok kemungkinan gede nek awakmu iku lagi ketempelan. Cara ben setan sing nempeli awakmu iku gelem ngeculno awakmu iku dengan cara diruqyah. Nek misal setane wes rodok kuat, ruqyahe iki karo ustad sing wes ahli banget. Nek wes diruqyah, ustad iki bakal macakno dungo-dungo sing isok diyakini gawe ngusir setan sing onok nang njero tubuhmu utowo cek setan iki gelem ngeculno awakmu. Nek wes diruqyah dan setan iku isok ucul teko awakmu, dijamin awakmu gak bakal maneh diketokno ambek makhluk-makhluk alus maneh. Dadi ojok ragu gawe ruqyah nek awakmu mulai diganggu karo setan yo rek.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "656", "text": "Aku kui wong-wongane luwih gampang iling rupa wong timbange jenenge. Yen wong sing kerep tak temoni, aku malah iso delok seko perawakane lan cara dheweke mlaku. Yen kerep ketemu, aku tetep bakal iling jenenge. Nanging yen misale gur ketemu pisan utowo peng loro, pas acara tertentu tok, aku ora iso iling cepet. Dadi pas aku ketemu wong sing koyo ngono neng dalan, aku kaget. Aku mung iso mesem wae. Ngelanjutke ngobrol tetep, nanging ora nyebutke jenenge blas. Aku iso wae nebak-nebak nanging wedi yen salah. Bodone aku, aku uga ora kenalan meneh sak durunge pisah karo wong kui. Dadine, sak ben ketemu wong kui aku ora iling terus rupane. Yen ora, awak dhewe iso dianggep lagi mangkel karo wonge. Padahal, awak dhewe mung ora apal jenenge wae utowo lali yen awak dhewe tau kenalan karo wong kui.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1460", "text": "Panggon kanggo ngelumpuke sampah neng ngarep komplek kui tau numpuk akeh banget. Pas kui, aku isih kuliah. Sakben dino aku ngeliwati panggon sampahe mau. Biasane kui mambu, naning mergo wis kerep ngeliwati dalan kui ketoke irungku wis biasa. Nanging pas kui kok aku ngambu mambu sing ora enak. Sesoke aku liwat kono kok mambune ora ilang-ilang. Pas tak gatek-gateke meneh, jebul sampahe kui wis numpuk banget. Sangking akehe sampah kui tekan bececeran tekan dalan. Sesoke meneh, sampahe luwih akeh lan ora diangkut-angkut. Akhire, mergo wis gilo karo ambune. Aku mangkat kampus golek rute sing liyo. Yen kudu liwat kono terus, aku ora kuwat.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4804", "text": "Kegiyatan sing paling dienteni pas penerimaan perguruan tinggi kuwi salah sawijine ospek kampus amarga acara pengenalan kampus kuwi biyasane isine acara sing rame lan dipandu karo senior utawa pemandu ospek. Awal penerimaan perguruan tinggi kuwi bisa mbanggakake amarga salah sawijine bisa nganggo almamater sing dikarepake. Ning acara iki uga dikenalake babakan urip ning kampus lan prestasi kampus sing bisa nuwuhake motivasi kanggo dadi mahasiswa sing apik. Acara iki akeh manfaate amarga bisa ngeraketake angkatan lan bisa nemokake kanca beda jurusan sing bisa dijak diskusi babakan kuliah utawa wayah arep KKN. Sak liyane kuwi, acara ospek iki bisa ngelatih kepemimpinan kanggo mahasiswa. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3816", "text": "Wong nag ngentute iku keringi utowo konangan wong akeh mesti kadang isin karepe dewe. Padal wong-wong sing ngerti iku yo ora bakal ngeloki soale wes podo tau ngalami dewe-dewe. Mari ngunu sing garai isin iku maeng akeh-akeh wong sing ngalami utowo sing ngentut iku maeng kakean mikir perkoro sing ora-ora ambek perkoro ngentut sing dialami maeng akhire deke isine megilan. Padal masio iku konangan wong akeh yo ora bakal maido wong sing ngetut iku maeng, paling yo mok golekei karo masi ngunu tok. Tapi polahe wong sing ngalami maeng wes kebacot oleh mikir sing ora-ora akhire yo ngunuku mesti ksinen karepe dewe padal yo ora masalah.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "739", "text": "Awak dhewe ora perlu jotos balik yen ono wong sing ngantemi awak dhewe disikan. Awak dhewe uga ora usah nesu yen keno kedadean koyo ngono. Ono coro sing luwih wangun kanggo ngelawan wong-wong sing emosian ngono. Corone kui awak dhewe iso ngerekam kejadian kui. Ngerekame uga ora perlu apik-apik, cukup nganggo kamera HP. Rekaman kui iso kanggo bukti yen misale dee macem-macem pengen dilaporke neng kantor polisi. Yen ora kui iso dadi bahan awak dhewe kanggo golek pembenaran neng media sosial. Dadi opo wae perkorono, awak dhewe iso gawe koyo awak dhewe kui ora dadi pihak sing salah. Yen kurange nganggo coro iki siji sih, awak dhewe kudu gelem ngerasake larane diantemi.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5220", "text": "Sasi wingi, aku ndaftar kerja ning salah siji kantor ning Jakarta. Kanggo dadi pegawe ning kantor kuwi, dibutuhake proses sing dawa, mulai saka tes seleksi mlebune, kanthi seleksi kesehatan. Ben lolos, kabeh pegawe iki kudu ngecek kabeh kondisi kesehatan njaba lan jero ning tahap akhir. Tes tahap akhir iki kanggo mutusake perusahaan bakal bisa nanggung kabeh jenis penyakit apa ora. Aku lulus kanthi seleksi tulis, banjur dikongkon nyiyapake seleksi kesehatan. Pas seleksi kesehatan, aku dipriksa ning laboratorium mulai saka getih, tensi, lan paru-paru. Banjur kuwi, hasil pemeriksaane metu. Aku kaget lan ora bisa ngomong amarga jebul aku duwe lara lemah jantung. Tak kiro aku ya sehat-sehat wae. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9933", "text": "Gelud karo kanca dewe pancen wis biasa. Nanging aku kaget banget amarga muridku gelud ana ing jam pelajaran nalika aku lagi ngajar pelajaran matematika. Swasana ing kelas dadi medeni. Kabeh muridku padha ngadoh amarga wedi karo bocahe sing meh gelud. Bocah loro sing gelud iki padha jambak-jambakan rambut, loro karone nyengkerem kerah klambi, cangkeme ora mandheg kanggo ilok-ilokan. Aku wis ora bisa misah amarga wis nganti meh nguncal meja lan kursi. Kabeh kanca-kancane sing ana ing kelas padha nyelametna awake dhewe amarga padha wedi melu kena uncal kursi. Akhire aku ditulung karo guru liyane sing ngewangi misah bocah loro iki. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3026", "text": "Wong nag diselingkui mesti yo metu roso srengene opo maneh iku kedaden nag ngarepe motone yo tambah ora karoan srengene. Tapi asline sing garai wong iku maeng srengen iku ora merko selingkuni. Tapi metune roso sing jenenge khianat nag hubungan pasangan maeng. Nag wes kadung nginiki kabeh wong mestilah mangkel, muring-muring, ambek jengkele setengah mati soale ngeroso nag deke iku ora ono gunani ambek ora isi nyenengno pasangane, terus sing luweh nemen yoiku diidak-idak martabate soale ora iso jogo hubungane ambek pasangane. Mangkane kabeh wong iku mesti srengen nag diselingkuhi. Terus, nag wes kadung kedaden yo wes palang ora atek diterusno maneh wes cukup iku ae. Ojo sampek tambah nemen.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9910", "text": "Awakku pancen ora pati apik. Aku mung 150cm. Iku kalebu endek yen dibandingna karo kanca-kancaku sing ana ing kelas. Nanging ana siji kancaku sing mesti ngomong yen aku kaya percil saking cilike. Aku wis ora bisa sabar. Bocah kui mau sing ngomongne aku tak seneni. Aku ngamuk banget amarga dheweke wis kebacut. Aku ngomong ning dheweke yen ora oleh ngilokna kaya ngono apa maneh terus-terusan. Yen sepisan pindo ngono wae ora papa nanging yen kebacut ya ora oleh. Bocahe akhire njaluk sepura ning aku lan janji ora bakal mbaleni maneh anggone ngilokna awakku. Iki dadi pelajaran kanggo kabeh yen ngilokna wujud awak iku ora oleh, amarga iki mana wis gaweane Gusti sing kudu disyukuri apa anane. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7617", "text": "Dadi korban body shaming iku ancen gak ngenakno pol. Yo sing lara ati, sing minder, dan liyane maneh. Tapi kadangan, awak dewe tanpa sadar ngomeni fisik e wong liyo dan malah ngelakoni body shaming iku dewe. Body shaming iki isok dicegah. Onok pirang cara gawe nyegah ben awak dewe gak ngalekoni body shaming. Siji, mandek gawe ngomongno penampilane wong liyo. Nek onok wong sing penampilane gak sesuai ambek seleramu, menengo ae. Loro, mandek gawe ngomongno tentang awake dewe-dewe. Telu, tanemno ning utek nek gak onok menungso sing sempurna. Ilingo sisan nek fisik e wong siji karo wong liyo iku bedo-bedo dan gak isok dipadakno. Papat, akonono nek awakmu salah. Njaluk o sepuro karo wong sing dadi korbanmu.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1109", "text": "Yen anake dhewe utowo awak dhewe ketemu konco sing wedi karo disuntik kui, awak dhewe kudu mekso dheweke. Opo meneh yen wong kui pancen lagi butuhke pengobatan. Soale, yen dheweke wedi pas disuntik kui ora bakal tekan ono keno ciloko sing parah. Paling, awak dhewe kudu ngepastike yen pas lagi disuntik kui, koncone dhewe kui ora akeh gerak. Soale, yen dheweke ora disuntik, iso-iso penyakite malah tambah parah. Dheweke kudu nanggung konsekwensi sing abot timbangane nahan rasa lara pas disuntik kui. Misale kui penyakit sing parah, dheweke malah iso sedo mergo penyakit kui. Dadi arep-arep piye-piye, awak dhewe kudu mekso konco kui supoyo gelem disuntik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1197", "text": "Yen awak dhewe lagi numpak mobil terus ngerti-ngerti reme jebul blong kui medeni banget. Nanging awak dhewe ora perlu panik, awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal supoyo ora entuk kededean sing ora dipengeni. Sing kesiji, awak dhewe kudu midunke gigi. Midune kui tetep kudu urut. Sing keloro, awak dhewe alon-alon ngurangi kecepatane nganggo alon-alon ngelepas pedal gase. Sing ketelu, awak dhewe iso gunake rem tangan sak wise gigine midun neng gigi siji. Sing kepapat, awak dhewe iso minggir ngiwo neng dalur lambat. Sing kelimo, yen durung iso, awak dhewe kudu jajal terus ngidak reme. Sopo ngerti pancen lagi ono masalah sing awak dhewe durung ngerti.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9877", "text": "Wis seminggu iki bojoku ora arep mangan. Dheweke uga saben isuk mutah-mutah. Aku kuatir yen dheweke dadakna meteng. Aku diwenehi ero karo Mbakku cara ngecek nalika ana tandha-tadha iki. Nomer sii, yaiku jajal kanggo tuku testpack kanggo ngecek tenanan meteng apa ora. Nomer loro, ngecek tanggalan pas mens supaya ngerti iku melbu telat apa durung. Sing terakhir yaiku langsung diprisakne ana ing dhokter supaya langsung ngerti meteng tenanan apa ora amarga ning dhokter bakal dipriksa kanthi tenanan karo piranti sing canggih. Aku langsung ngejak bojoku kanggo ning dhokter supaya cepet ngerti lan bisa diramut nalika meteng tenanan. Aku seneng banget akhire aku bakal dadi Bapak. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1185", "text": "Panggon asing kui iso marake awak dhewe ngeroso wedi. Awak dhewe dadi iso kuwatir lan mikir sing ora-ora. Mergone awak dhewe ora iso ngiro-ngiro opo sing bakal kedadean neng kono. Neng panggon sing asing kui, awak dhewe durung ngerti opo-opo, terutama yen awak dhewe lagi anyaran neng kono. Senadyan, neng panggone sing awak dhewe kerep kunjungi kui, awak dhewe iso ngerti opo sing bakal kedadean, mungkin ora kabeh nanging sebagain besare iso. Awak dhewe wis neng panggon kui wis pirang-pirang taun. Seko pengalaman kui, awak dhewe iso gawe ngiro-ngiro opo sing bakal kedadean. Dadine, awak dhewe cenderung ngeroso aman timbangane neng panggon sing asing.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1483", "text": "Yen awak dheweke deleh barang neng mejo makan kui iso gawe panganne reged yen ora ditutupi. Yen panganane wis reged, awak dhewe dadi males arep mangane mergo awak dhewe dadi ngeroso jijik. Sing iso gawe panganan neng mejo makan kui werno-werno. Sing paling kerep kui debu. Opo meneh yen awak dhewe tinggale neng pinggir dalan utowo neng panggon-panggon sing akeh pasire. Sing keloro kui, panganane dhewe uga kerep keno khewan-khewan. Khewan sing paling kerep neng panganane kui koyo semut karo laler. Nanging cicak kui uga kerep nyeraki pangane dhewe neng duwur mejo. Mungkin, panganan sing diceraki cicak kui arang bangent neng omah wong liya, nanging kerep neng omahku.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9585", "text": "Ing kuliah iku isine wong-wong saka sak Indonesia. Tekan Sabang nganti Merauke. Iki nggarai kene duweni kanca sing akeh banget. Sing paling nggarai sedih yaiku nalika wis lulus. Kabeh bakalan balik ana ing kutha e dewe-dewe kanggo nerusake panguripan. Kuliah lan kekancan 4 taun akhire bakal pisah sisan. Sakjane sedih banget nanging kepiye maneh, iki wis mutlak ana ing urip. Sing bisa dilakoni mung kene kudu mesti ngabari kancane kene supaya ora nganti lost contact. Mula yen wes ngerti ngono bakalan ana pisah ing kuliah, kene kudu bisa nggawe 4 taun iku mau wektu sing paling nyenengke supaya pas pisah ora ngerasa getun.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3890", "text": "Biyen pas konoku isek gelek donan nanggonanku. Iku mesti ngejak dolanan nekeranan. Nah pas wayae deke sing nyekel nekeranan, moro-moro pas jengking katoke deke moro-moro suwe kretek. Mari ngunu terus diguyu bocah akeh soale guyokno wong. Terus deke akhire mlayu sipat kuping nang omahku sengedan mergane kisinen nag katoke iku maeng suwek nang ngarepe wong akeh. Mari ngunu makne tak omongi terus akhire makne maeng marani bocahe ambek gowo katok sing ora bolong ambek suwek maeng. Terus bocahe ora sido nerusno oleh dolanan maeng soale wes kadung kisinen ambek bocah-bocah sing wes kadung ero pas katoke maeng suwek nang ngarepe wong akeh maeng. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1497", "text": "Yen tabiate awak dhewe kui alo, awak dhewe iso dianggep jijik karo wong-wong neng sekitare dhewe. Yen wis ngono awak dhewe iso dadi ora akeh koncone lan wong-wong sing awak dhewe kenal iso ninggalke awak dhewe. Supoyo kui ora kedadean, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso introspseksi awake dhewe. Opo ono tabiate dhewe sing selama iki ganggu wong liyo. Sing keloro, yen ono wong sing ngandani awak dhewe, awak dhewe kudu ngerungoke. Sing ketelu, yen awak dhewe wis ngeroso ono tabiat sing elek neng jero awake dhewe, awak dhewe kudu cepet berubah. Awak dhewe iso jaluk tulung konco sing awak dhewe percoyo supoyo awak dhewe iso berubah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3875", "text": "Sing jenege wong nag ngelakoni perkoro elek terus konangan mesti jelas isine. Mangkane roto-roto wong sing ngelakoni perkoro elek mesti sengedan teko wong akeh ben ora konangan wong liyo. Tapi nag jareku yo palang ora atek ngelakoni ben ora wedi konangan. Tapi nag wong sing wes biasa ngelakoni perkoro elek iku maeng masio tau konangan yo tetep bakal ngelakoni maneh. Mangkane nag iso perkoro elek iku nang ditinggalno ben ora marakno perkoro sing ngisin-ngisine maneh. Soale nag wes kadung kebiasaan, terus ora dilakoni iku mesti ora enak, contone wong sing biasa nyolong, nag ora nyolong yo ora enak soale wes kadung biasa ambek dadi penggaweane.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3356", "text": "Saiki iku akeh bocah sing dece ambek dienyek sampek kisinen terus ora wani gembulan ambek koncone maneh. Nah sing garai isin iku maeng ora mergo lo'ane bocah-bocah maeng, tapi sing garai wedi maeng polahe isine sing dirasakno maeng mergo ecean ambek lo-lokan sing digawe madani bocah iku maeng. Nah isine maeng biasane polahe ecean sing digawe maeng iku pas cacate utowo kurange awak nang bocah sing dilokno maeng, dadi ancene iku maeng iso dadekno bocah iku maleh kenek gangguan mental sing akhire marakno bocah iku maeng keweden nag metuki koncone liyane maeng, yo asline se ora keweden, tapi isin nag dilokno terus sing liyane maleh melok ngelokno menisan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1450", "text": "Aku karo konco-koncoku omah disik kerep dolan bareng pas dino Sebtu sore. Awak dhewe biasane pit-pitan bareng neng sekitar kampung cerak omahe awak dhewe. Awak dhewe seneng liwat-liwat gang sempit sing awak dhewe ora tau liwati sak durunge. Awak dhewe seneng wae nek nemu dalan sing luwih singkat neng panggon-panggon sing kerep awak dhewe ampiri. Pas kui, awak dhewe liwat neng salah siji gang sempit. Gang sempit kui sebenere kerep awak dhewe liwati. Selama iki, awak dhewe ora tau nemu kedadean sing ora ngepenake. Nanging pas kui, ngerti-ngerti sirahe koncoku kui diodoni karo bocah sing ono neng kono. Koncoku kui nesu, nanging mergo dheweke wonge jijikan, bocahe kui ora diaparani. Dheweke cepet-cepet bali neng omah ben iso ngerisi rambute sing keno idu mau.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8493", "text": "Awakmu sering kelalen ndekek sesuatu nang ndi? Iku salah siji ciri-ciri wong ndlahom. Sakjane lali ndekek barang iku isok dialami sopo ae, tapi nek dijarno terus terusan iku jenenge wong iku nduwe sifat ndlahom. Wong ndlahom iku nduwe ciri-ciri khusus. Siji, suering gak teliti pas nggarap opo ae. Loro, gak ati-ati blas. Telu, ngeremehno sesuatu sing cilik. Papat, ngabaino nek onok sesuatu sing keliru. Terakhir, sering gegabah nek ngelakoni opo ae. Hal-hal iku ancen tau dilakoni sopo ae. Cuma nek wong normal iku pasti bakal isok mbatesi gawe gak ngulangi iku maneh. Bedo karo wong ndlahom sing bakal ngelakoni iku ping bolak-balik.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7620", "text": "Jeni buka kulkase gawe siap-siap masak. Dadakno nang njero kono gak onok opo-opone. Kepekso Jeni kudu belonjo bahan-bahan panganan. Awale de’e nelpon Bobi, pacare. Tapi Bobi lagi onok urusan nang kampus. Akhire gelem gak gelem Jeni metu dewe nang Supermarket. Mari nyiapno catetan, de’e langsung budhal. Tangane dengan gesit njupuki bahan panganan sing tertera nang catetan iku. Pas kate njupuk mie instan, mripate gak sengojo ndelok Bobi, pacare, lagi ambek wedok liyo. Sing marai de’e emosi, wedok iku mau gelendotan nang tangane Bobi. Jeni langsung njarno trolly ne dan mlaku ngampiri Bobi. Tangane Bobi didarik sampe ucul teko wedok iku mau dan napok raine get pol. Bobi sing sadar langsung njaluk sepuro, tapi Jeni sing wes males ambek dramane Bobi langsung mutusno Bobi ndek kono sisan dan mere teko kono.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5771", "text": "Lusi mesti ngerasa panik yen arep ujian. Dekne mesti ngerasa ora siap, sesek lan mesti ana perasaan arep nangis senajan Lusi wis ngelakoni akeh persiapan. Lusi kaya ngerasa ora mampu lan mesti yen ana ujian ngomong utawa wawancara, Lusi mesti kerasa gagap lan rampung ujian mesti ngerasa lemes kaya ora ana tenaga. Kamangka, rasa panik iki marai Lusi gagal ning akeh ujian lan bisa marai Lusi stres. Rasa panik iki dadi bumerang amarga Lusi ora bisa ngendalikake. Amarga gangguan iki tambah parah, Lusi iki tambah ngerasa ora nyaman lan banjur dekne periksa ning psikiater ber ora tambah parah lan gangguan iki ora ngganggu kegiyatane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9542", "text": "Nadia saiki lagi ndekem ana ing kamar. Dheweke maeng isuk oleh kabar saka kancane yen ora mlebu UNAIR, universitas sing dadi incerane. Ing kamar, Nadia gur nangis. Mripate uabang, umbele meler, kamare ora karu-karuan amarga Nadia uga ngamuk lan ngguwak-ngguwak kabeh barange ning bin. Bantale nganti kapuke metu kabeh, buku-bukune keleleran ana ing ngendi wae, spreine semburat. Tisu uga akeh banget amarga cabete digawe ngeresiki luh lan umbele. Nadia mesti ngguwak-ngguwak barang ana ing bin nalika dheweke lagi ngamuk, utawa sedih. Dheweke isih angel kanggo ngontrol emosine dadine isih kaya bocah nalika muring-muring. Kamar iku bakalan kaya kapal pecah nalika Ibune ora teka lan ngedhem Nadia supaya bisa legawa senajan ora mlebu UNAIR.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2029", "text": "Awak dhewe ora usah panik yen anake awak dhewe ngalami kacilakaan pas lagi ngelakoke olahraga, mbuh kui dhewekan opo bareng-bareng karo koncone. Kacilakan pas olahraga kui uga bentuk latian. Yen anake dhewe ora tau ngalami cidra lan ora ngerti ngubatine dhewe, dheweke ora bakal dadi atlet. Misale anake awak dhewe ora kepengen dadi atlet kui tetep apik kanggo dheweke. Seko kacilakaan kui mentale awak dhewe dadi kebentuke. Anake dhewe iso tetep bangun meneh senadyan wis tibo lan cidro. Kemampuan iki iso dadi salah siji faktor sing bakal gawe awak dhewe sukses pas wes gedhe. Makane kui, awak dhewe ora usah wedi yen dheweke cidro pas lagi olahraga utowo dolan. Soale, kui ono manfaate kanggo dheweke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3862", "text": "Asline sing jenenge utang iku ora masalah. Tapi sing jenenge utang yoiku penggawean sing nyelah duwek nang wong sing dikenal, koperasi, utowo Bank. Nah sing jenenge utang iku maeng nak nang wong sing dikenal iku biasane nyila, tapi nag nang bank utowo koperasi iku jenenge utang. Nah nag utang nang koperasi utowo Bank ancene kudu duwe jaminan kanggu duwete maeng. Nah sing garai isin maeng asline iku ora kok utange maeng, tapi yo mergo gengsine maeng sing ancene marakno wong sing utang maeng wedi nag konangan. Nah mangkane nag ancene utang iku wes ora atek gengsi ben ora isin, wong utang iku kan wes biasa kedaden nang jaman saiki.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2650", "text": "Bolak-balik nag ketemu konco mesti cerito masalah nak deke tau ngecewakno wong sing paling berharga nag uripe yoiku pacar. Padahal nag jareku pacar yo ora sing paling berharga. Ulan wingi pas aku dolan nang Suroboyo ketemu karo koncoku sing saiki duwe usaha warung mangan. Bocahe cerito nag saiki uripe ora ono sing special soale usaha barang yo wes ditangani ambek karyawane. Uripe hambar iku maeng soale ditinggalno ambek tunangane gara-gara koncoku nyiapno hadiah sing jaluk tolong karo koncoku sing kerjo nag toko emas. Koncoku maeng jaluk tolong koncoku kanggo mesen ali-ali kanggo ngelamar bocahe pas ulang tahune engko. Tibak'e pas ketemu ambek koncoku maeng pacare ero terus diarani sing aneh-aneh. Ket iku koncoku nganggep nag deke wes ngecewakno wong sing paling berharga nag uripe. Soale pacare maeng sing ngewangi teko nol gawe usaha ambek koncoku.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8309", "text": "Mual iku isok dialami sopo ae, salah sijine iku ibu hamil sing lagi ngalami morning sickness. Kabeh ibu hamil iku pasti tau ngalami sing jenenge morning sickness. Nek wes ngeroso mual, pasti rasane males mangan. Tapi, gawe ibu hamil, mual o koyok yaopo iku kudu tetep mangan gawe nutrisi bayi sing ndek njero wetenge. Onok akeh pol pilihan panganan sing isok ngeredahno mual mergo morning sickness iku. Salah sijine crackers. Crackers iki efektif ngatasi mual mergo morning sickness soale panganan iki nduwe kandungan kalsium karo tepung sing duwur. Kandungan iku mau isok nyerep asam lambung dan isok marakno weteng luwe nyaman. Dadi gawe para ibu sing sek ngalami mual, coba nyemil crackers ae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5735", "text": "Sing paling penting sak liyane penanganan sak uwise bencana kuwi yaiku mitigasi bencana. Akeh wong sing ning daerah aman sing ora peduli marang mitigasi utawa usaha sing dilakoni pas ana bencana. Wong sing ana ning panggonan sing jarang ana bencana mesti ngerasa yen daerahe aman banjur lali yen kabeh kemungkinan kuwi mesti ana. Wong sing ora peduli marang bencana alam, biyasane ya wong sing ngerasa paling wedi yen ana bencana lan ora siap yen ana bencana sing teka. Kamangka kuwi, saiki uga akeh kampanye babagan cara mitigasi bencana alam ning sosial media lan uga akeh akun media sosial sing mantau pergerakan bencana alam kanggo ngilingake masyarakat. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9982", "text": "Ngewangi gaweane wong liya iku oleh banget. Pancen uga dadi manungsa kudu padha ngewangi siji karo liyane. Nanging yen nganti njupuk jobdesk utamane kanca dhewe iku sing ora oleh. Apa maneh nganti nggarai sing duwe tugas utama iki ketok nganggur lan ora ngapa-ngapa. Iki sing tak rasakna sewulan iki. Ana wong pindahan teka divisi liya sing kurang ajar. Wonge pancen golek rai ning bos karo njupuk gaweanku. Aku mangkel banget. Pas ketemu, dheweke langsung tak celatu. Aku wis ora peduli karo kanca-kancaku liyane sing nenangna aku. Soale aku wis kadung ngamuk banget. Aku ra pengin maneh ketemu karo wong iki sing wis njupuk penggaweanku. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9530", "text": "Tata kawit cilik ora wani karo badut. Ana sawijining dina, Tata ora sengaja ketemu badut ana ing sekolahe. Dheweke langsung mlayu sipat kuping kanggo ngadoh saka badut iku. Tata wedi banget karo badut amarga tau ndelok badut sing rupane elek banget. Badut iku lagi nggawe klambi badut sing rusuh, kumel, lan ketok kaya lelembut. Badut apa wae yen Tata ndelok lan ketemu dheweke kudu mlayu ngadoh. Yen Tata ora kober utawa ora bisa mlayu, dheweke bakal langsung nangis lan ndodok ing panggone. Trauma iki dadi samubarang sing paling diwedeni karo Tata. Dheweke wis njajal kanggo ngilangi trauma iki, nanging isih ana lan ora bisa langsung ilang,", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9531", "text": "Laut dadi panggon ngaso teka kegiatan sadina-dina. Kanggo wong liya, yen ndelok laut bakal ngerasa ayem atine lan seger pikirane. Iki ora dirasakna karo Hani. Bocah umur 15 taun iki duweni trauma nalika ndelok laut. Dheweke tau keseret ombak nalika isih kelas 1 SD ing Pantai Balekambang, Malang. Sak jok iku, Hani mesti ora gelem yen ana sing ngajak dolan ning laut. Pokoke yen ndelok laut senajan mung ndelok ing TV utawa internet, dheweke bakalan nangis nganti keseseken, lan ora bisa mandheg kanggo ora mikir sing ora-ora. Hani wis usaha kanggo ngilangke traumane marang laut nanging kabeh butuh proses lan ora bisa ilang ngono wae.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3734", "text": "Nag jarene koncoku sing jenenge ambu amis iku ora sepiro jemberi, tapi sing jemberi iku perkoro sing garai amis maeng. Contone geteh, terus iwak sing dicel-cel, ambek liyan-liyane maeng. Nah tapi yo ono ae sing jenenge menungso iku ora seneng ambek sing amis-amisan polahe jember. Sak liyane iku kadang yo iso ae marakno wong iku muta-muta ambek wetenge mbunek-mbunek ora enak. Kabeh iku maeng kan karek wonge, nag ancene deke iku ora sepiro jijikan masio ambu amis nang ngarepe moto yo ora bakal masalah. Tapi nak wong sing jijikan ambek sing jenenge amis-amisan, masio ora ketok mok ambu tok mesti mangkel ambek koyok kudu ngamuk ae senengane.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2669", "text": "Pengalaman sing paling elek nag urip iku iso kedaden teko macem-macem perkoro ambek teko endi-endi. Opo maneh awak dewek kabeh saiki urip nag jaman sing modern ora karoan, kabeh saiki serba teknologi, iso ae teko teknologi iku dadi pengalaman sing paling elek nag uripmu. Mangkane nag duwe pengalaman elek kudune ojo dianggep nag iku termasuk perkoro elek. Tapi dadekno pengalaman paling elek iku maeng dadi petunjuk utowo pelajaran sing iso dijipek nilai sing apiki. Dadi masio nag jaman sing modern koyok ngene, pengalaman elek sing biyen tau kedaden nag uripmu yo isek kenek wae dadi ilmu gawe ngadepi jaman saiki. Mangkane ojo anggep pengalaman papling elek nag urip iku dapi perkoro sing kudu dihindari.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7170", "text": "Rencanane bengi iki aku gak kate nang ndi-ndi soale tugas sekolahku lagi numpuk dan kate tak garap kabeh. Moro-moro onok krungu bel omah, dadakno koncoku ngampiri aku nang omah. Pas tak takoni, jare kate ngajaki aku nonton konsere Tulus. Awale aku nolak, tapi dipekso terus ambek koncoku. Wes ngono atek diiming imingi kate diconteki tugase, yo akhire aku luluh. Aku digonceng ambek koncoku nang GOR Petro, panggon konsere Tulus. Tikete gak tapak larang sing untunge, mek 40 ewu. Pas melbu, dadakno wes rame banget. Mbasio aku gak ngefans nemen ambek Tulus, untunge aku sek eruh beberapa lagune. Dan untunge bengi iki Tulus nggowo lagu sing aku eruh, dadi aku isok nikmati konsere. Lumayan lah, nonton konser isok ngeplongno utekku sing wes sumpek ambek tugas sekolah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9566", "text": "Pacaran iku mesti dadi samubarang sing disenengi karo kabeh wong. Apa maneh bisa pacaran karo wong sing pancen ditresnani. Nanging pacaran isine ora mung samubarang sing nyenengke. Ana wae samubarang sing nggarai ngelu kayata nalika putus. Salah siji samubarang sing nggawe males yaiku kepiye carane kanggo ngelalikna mantan. Iki aca cara sing bisa dilakoni supaya bisa gampang ngelalikna mantan. Kaping siji, aja gelek-gelek ketemu. Kudu bisa ngurangi kesempatan kanggo ketemu supaya bisa cepet lali. Kaping loro, Kudu duweni rasa wani kanggo mikir yen dheweke kui wis ora cocok kanggo kene. Sing terakhir, yen bisa duweni kegiatan sing akeh banget supaya ora kelingan karo mantan terus.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2680", "text": "Rong ulan wingi aku ngerungokno ceritone koncoku lapooh bocahe tambah betah urip nang kota sing dinggon kulia. Jarene koncoku, bocahe sedih nag pisah ambek konco-koncone kabeh mangkane mileh urip nang kota sing isek ono koncone durung lulus terus ngonconi sampek lulus. Aku dewe kadang keroso sedeh nag kudu pisah ambek bocah-bocah sing kawitane runtang-runtung bareng terus pisah polahe lulus utowo wisuda. Sing sedeh maneh nag pisah terus ora bakal ketemu maneh, iku sing garai ora enak blas. Mangkane saiki koncoku nekad gawe usaha ben iso gawe alasan ngejak kumpul-kumpul maneh ambek konco-koncone soale akeh konco-koncone sing durung oleh kerjo terus bingung golek kerjo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5316", "text": "Ning lingkungan kerja lan pergaulan jaman iki kadhang ana kanca sing kelakuane wis ora bisa ditoleransi amarga omongane.Salah siji conto kuwi saka film judule Imperfect. Film iki ngomongake babagan standar fisik kanggo wong kudune piye lan efek ajur mental amarga oleh guneman babagan fisik. Ning lingkungan nyata uga akeh sing kaya iki. Kamangka kuwi, akeh sing stres lan bisa sampe milih mundur saka pergaulan. Kudune wong sing ora percaya marang awake iki bisa nambah keistimewaan ning bidang liya kaya akademik lan karir. Banjur ora usah ngereken omongan wong liya. Yen isih ora bisa toleransi, kudu lunga marang psikolog kanggo ndandani pemikiran sing ana babagan fisik. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2604", "text": "Tahun wingi iku akeh wong sing kenek PHK. salah sijine koncoku yo termasuk kenek. Lah terus koncoku maeng akhire sedeh polahe kenek PHK. Tapi bocahe iso ngemek nilai positif teko kejadian iku maeng. Mangkane bocahe ngomong, sedeh polahe kenek PHK iku asline ora perlu digedek-gedekno soale masio awak dewek sedeh yo ora bakal kerjoane balek maneh soale ancene wes nasip. Timbang garai ati loro ae, dadek roso sedehmu iku dadi kekuatan ben iso gawe kreatifitas sing nguntungno awak. Soale sedeh tok ora bakal iso marakno weteng warek opo maneh nyenengno keluarga, sing ono tambah garai senepe keluarga ora tambah seneng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2035", "text": "Akeh wong amerika sing wedi puting beliung. Mergo benca alam kui kerep kedadean neng kono. Mungkin kabeh daerah neng negoro kui keno soale Amerika kui jembar banget negorone. Sing luwih kerep keno kui Amerika sing bagian kidul mergo neng kono kui isih akeh banget lemah sing kosong. Lemah sing kosong kui salah siji syarate angin puting. Neng Amerika mergo negorone jembar isih okeh lapangan sing selo, sing ora dibangun opo-opo. Terus sing marake angin ribut kui pertemuan angin sing bedo. Angin sing panas lan sing adem kui ketemu. Neng Amerika kui dadi pertemuane angin sing teko seko rong samudra. Iki sing uga sing marake neng Amerika kui kerep ono puting beliung sak ben taune.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9506", "text": "Nalika dadi korban PHK, mesti stress banget lan kudu ngamuk wae. Iki pirang-piranh cara kanggo ngatasi stress utawa sedih sawise mari di PHK. Nomer siji, kudu ngatur tabungan kanti apik. Kudu bisa mbedakne dhuwit kanggo kebutuhan lan kepenginan. Nomer loro, kudu wiwit golek penggawean anyar. Rasa sedih pancen ana nanging ora oleh suwi-suwi lan kudu cepet bangkit. Kaping telu, supaya ora sayah sedih kudu duweni kegiyatan sing apik lan positif. Bisa njajal kegiyatan sing durung tau dilakoni kayata nggambar, nandur kembang, ndelok drama, utawa njajal miwiti bisnis online. Kabeh cara iku bisa kanggo ngelewati mangsa sedih sakwise di-PHK. Muga-muga bisa ngurangi rasa sedih lan keciwa.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7540", "text": "Dino iki, aku berangkat nang Jakarta dan engkok bakal langsung njujuk nang Hotel panggone keluargaku istirahat. Sesoke bakal onok acara nikahane dulurku, makane aku sampe berangkat nang Jakarta. Aku mudun nang Stasiun Pasar Senen dan mesen gojek gawe berangkat nang Hotel e. Cuma sampe setengah jam durung onok sing nerimo pesenanku. Opo mergo tujuan hotele sing kebarus adoh teko Stasiun ya? Akhire tak putusno gawe numpak bus kota ae. Pas tak delok jadwale, dadakno bus arah Blok M bakal teko rong menit maneh dan nek gak komanan bus sing iki aku kudu ngenteni setengah jam maneh. Akhire aku cepet-cepetan mlayu nang Halte cek komanan bis arah Blok M. Tapi buru ae aku tutuk Halte, bus sing kate tak tumpaki wes nutup pintu dan langsung mlaku. Aku langsung melongo soale ketinggalan bus, dan saiki aku kudu ngenteni setengah jam ngkas.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1076", "text": "Wong sing wedi kelelep kui mesthi ora iso renang. Sak ben dheweke delok banyu utowo kolom sing jero, dheweke dadi luwih ngati-ati soale wedi jegur. Supoyo awak dhewe ora wedi kelelep, ono sing iso awak dheweke lakoke. Sing kesiji, yen ora pengen kelelep kui, awak dhewe mesthi kudu iso renang. Yen wis iso renang, tak jamin awak dhewe ora bakal kelelep. Nanging ben iso renang kui, awak dhewe iso jaluk koncone dhewe ngajari. Seko kolam sing cetek disik lan suwe-suwe neng kolam sing luwih jero. Awak dhewe kudu sinau nyelen dikancani karo wong liya. Yen awak dhewe nganggo koco moto renang kui uga bakal luwih ngebantu pas awak dhewe sinau nyelem.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2013", "text": "Pas aku lan konco-koncoku kuliah kui, awak dhewe kerep nyilih buku neng perpustakaan. Soale buku-buku sing awak dhewe butuhke kui ora gampang ditemuke neng toko-toko buku. Beberapa buku woconanane awak dhewe akeh sing buku lawas sing wis ora diterbitke meneh. Yen misale ono sing ngedol, bukune kui mesthi larang banget. Makane kui, awak dhewe dadi kerep nyilih buku neng perpursaktaan kampus. Nanging pas kui aku tau ngebalike buku sing kondisine sing wis rusak. Koncoku nyilih buku sing tak silih seko perpustakaan. Timbangane ribet dadak balike neng perpustakaan disik, mending langsung tak silihke. Nanging pas arep dibalike kui, bukune wis teleh. Koncoku ora sengojo numpahke ombe neng bukune. Aku wis wedi pas kui. Aku wedi diseneni lan dikon ganti buku sing rusak kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7231", "text": "Jenenge arek cilik, pasti sek kerep-kerepe dolan nang njobo. Onok siji kejadian ndek ndi aku sepedoan ambek koncoku keliling perumahan. Moro-moro onok motor sing nyenggol aku dan marai aku tibo dan nyungsep nang njero got. Aku wes mbengok celuk-celuk koncoku, cuma koncoku gak ndang teko. Sikilku rasane kemeng banget, koyoke sih onok sing kecekluk. Aku mek isok bengok bengok tolong, sopo eruh onok wong sing lewat. Moro-moro onok curut guede muncul nang cedekku. Aku wes keweden soale curute gede banget. Curut iku tambah suwe tambah nyedek dan moco nyokot driji sikilku Aku langsung mbuengok buanter sampe akhire onok wong sing lewat akhire aku isok metu teko got iku. Mulai teko iku aku wedi banget ambek sing jenenge curut dan sejenise. Mek lewat tok ae aku isok sampe bengok saking wedine.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "630", "text": "Pas cilik, aku kerep numpak sepur. Cilikanku kui kerep banget numpak sepur kelas eksekutif. Disik gerbong kui gerbong sing paling mewah. Neng duwure iso delok TV. Senadyan, saluran TVne kui dudu saluran sing koyo biasane, nanging lumayan tetep iso dadi hiburan selama perjalanan. Acara sing paling sering diputer kui LOL utowo Laugh Out Loud. Kui isine acara usil sing garapi utow nge-prank wong-wong neng panggon umum. Acara kui marake aku ngakak. Delok rupo wong kaget kui nyenengke banget. Wong sing dakageti kui mung mlongo. Lambene kebukak lebar banget. Dheweke bingung karo kahanan sing dheweke alami pas kui. Acara kui diputer neng sepur tekan ping 3.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9830", "text": "Nalika lagi mlaku-mlaku santai ana Taman Kota, wektu kuwi dinane minggu wayahe esuk. Pancen ora ana acara kang mligi ana kana, nanging adate kahanan kaya mangkono padha ngarani car free day. Seka kadohan aku weruh sarombongan cah nom lagek padha lungguhan leren ana ngisor wit randhu. Ora let suwe, salah siji seka bocah mau katon dhoyong banjur ngglethak mlumah, kanca liyane ya katon panik. Ana kang mlayu golek banyu, ana kang mlayu jupuk lenga putih, ana kang katon lagi nyoba menehi nafas buatan, saperangan liyane katon ngepeti wong kang mlumah mau. Aku nyerak kareben ngandhani rombongan mau yen butuh bantuan ambulans aku bisa ngewangi nelpunke. Lagek arep kandha, dumadakan krungu swara \"yak, cukup, mari bersiap untuk berkumpul lagi\". Lah jebulane ana guru ing sandhing wit randhu mau kang lagi njupuk fotone bocah-bocah mau. Wooo lha jebulane kuwi mau padha latihan pertolongan pada orang pingsan. Tiwasno atiku melu mak tratap.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3086", "text": "Kabeh wong nag penggaweane disebet wong yo mesti mangkel campur srengen. Opo maneh nag penggawean iku asline wes ono omongan moro-moro dikehno wong liyo soale ono seduluran utowo kenal ambek wong kenemaeng. Sing asline garai wong mangkel maeng iku ora perkoro penggaweane tapi polahe kepercoyoan utowo omongan sing wes janji utowo sing wes nyaweni ate dikongkon garap tibake kok tambah oleh disebet wong liyo. Nginiki sing garai ngamuk iku opo maneh nag ora ono alasan sing pas utowo sing ora masuk akal, yo tambah garai geger,iso-iso padu. Mangkane nag iso kepercoyoan iku maeng dijogo ojo sampek marakno perkoro sing koyok ngeneki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7554", "text": "Yaopo perasaanmu nek gak sengojo ketemu karo konco lawasmu? Sing jelas pasti kaget sih, soale kan ketemu ndek situasi sing gak direncanakno. Tapi perasaan selanjute iku sing nentukno. Onok emosi sing macem-macem sing dirasakno, tapi sebagian akeh kebagie iku dadi loro, yaiku seneng utowo males. Perasaan seneng iku mau nek semisal ketemune iku karo konco lawas sing cedek banget dan wes akrab pol. Nek atek onok perasaan males, berarti ketemune iku karo konco lawas sing mbiyen dadi mungsu. Dadi pertemuan ambek konco lawas iku gak isok langsung dikondo bakal seneng, soale jenis konco lawas sing tau ketemu ambek awak dewe iku nduwe hubungan sing macem-macem ambek awak dewe.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1496", "text": "Yen ono wong sing lagi lara, koyo flu lan watuk misale, awak dhewe iso ngeroso jijik. Awak dhewe ora gelem yen penyakite kui nular neng awak dhewe. Utowo mung awak dhewe ora kepengen umbele dheweke nempel neng kelambine awak dhewe. Supoyo awak dhewe iso cerak neng jejere wong sing lara kui tanpa ngeroso jijik, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso nganggo masker yen lagi ono neng cerake. Sing keloro, awak dhewe iso nyepake tisu supoyo wonge kui gampang sisi pas umbele metu. Sing ketelu, bar awak dhewe neng ono cerake dheweke, awak dhewe iso langsung cuci tangan nganggo sabun.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5726", "text": "Masyarakat saiki kudune wis ora wedi yen ngadepi kasus kecelakaan. Kasat Lantas Polres Luwu Utara, Akp Mustari, ngewenehi pitutur ben para warga ora wedi nulungi lan dadi saksi kecelakaan amarga saksi kuwi penting kanggo tindakan hukum sing luwih adil, apa maneh yen kecelakaan kuwi ana korbane. Yen ana kecelakaan, korban kudu oleh panggonan sing aman ben polisi lan uga paramedis bisa ngewenehi tindakan kanthi bener lan ora marai keributan. Sak durunge ngewenehi pitulungan, kudu dicek, korban isih sadar apa ora. Yen isih urip, kudu diwenehi tandha ning sirah utawa panggonan sing bisa didelok. Banjur saksi iki bisa nerangke apa wae sing ana ning lapangan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7167", "text": "Arek cilik iku paling seneng nek entuk penghargaan dalam bentuk opo ae. Mulai teko kono, awakmu isok nyiasati gawe ngelatih sifat karo sikape arek cilik ben dadi wong sing apik. Terutama gawe awakmu sing dadi guru nang TK. Awakmu isok nyiapno bentuk penghargaan sing macem-macem. Siji, siapno sembarang kalir jenis jajan sing bungkus cilik-cilik. Arek cilik gak onok sing gak seneng jajan, dadi proses e isok efektif. Loro, gawe stiker khusus. Dadi ben awakmu nempelno stiker nang klambine arek cilik iku, awakmu yo ngomong nek iki lho contohe arek hebat, buktine nduwe stiker teko guru. Nek wes ngono, jiwa kompetitif e arek cilik bakal membara dan mereka pun bakal berlomba-lomba nglakoni kebaikan cek isok entuk stiker iku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3316", "text": "Ono pirang-pirang perkoro sing garai wong iku wedi nag pas ditodong karo senjata. Contone wong iku ancene wedinan utowo ancene ora kendel ngadepe perkoro sing ancene ngancem uripe, terus wong iku kuwatir nag blaeno keselametane awake, terus kadang ono wong sing diancem terus keweden polahe ono wong sing ancene dadi korban nang perkoro iku, mari ngunu kadang sing diwedeni iku ora ancemane tapi senjata utowo alat sing ancene digowo ambek wong iku. Nah alat iku maeng ancene temen-temen iso marakno wong kelangan nyowone ambek iso dadekno wong iku mati. Mangkane kabeh wong nag diancene mesti keweden polahe ancene senjata sing digawe ancene blaeno.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5327", "text": "Miturut ahli, yaiku Johnson, perselingkuhan iki tindakan sing dirasakake utawa dialami lan dadi simbole pengkhianatan sing marai lara ning kabeh pihak uga bisa nggores rasa percaya sing ana ning hubungan. Perselingkuhan iki bisa dibaleni amarga wong sing seneng selingkuhan lan ora keruhan, nduwe peluang luwih gedhe kanggo mbaleni. Apa maneh duwe pasangan sing komunikasine ora apik, gampang nesu, uga pasangan sing ora mapan. Kamangka kuwi, kanggo ngindari perselingkuhan yaiku ngedhekake rasa sukur amarga ditrima. Kaping pindhone yaiku akeh komunikasi lan sing paling penting yaiku sak durunge rabi, kudu kuat mental lan mapan ben ora ana potensi selingkuh sing bisa ngrusak. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1095", "text": "Salah siji awak dhewe ora gelem jajal-jajal perkoro sing anyer neng gawean kui mergo awak dhewe wedi diseneni. Awak dhewe wedi yen awak dhewe kanthi sengojo ngide kui ora ngasilke hal sing luwih apik seko opo sing wis ono. Awak dhewe wedi yen idene kui bakal marake kerjone wong-wong podo tambah repot lan hasile luwih elek. Nanging, awak dhewe ora usah wedi diseneni. Ide-ide anyar kui duwe kemungkinan salah nanging iso wae kui ngasilke hasil sing adoh luwih apik seko sing kabeh wong bayangke. Yen awak dhewe ora ngelakoke ide kui mung mergo wedi diseneni, awak dhewe ora bakal ngerti hasile bakal koyo opo. Iso wae mergo kui kariere dhewe dadi luwih apik. Yen misale kui salah, yo ora masalah. Wong kui ora ono sing sempurna.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6152", "text": "Ning panggonan umum, sering banget kisinan amarga ketemu wong sing klambine padha. Kamangka, akeh merek larang ning dunya iki sing nggawe klambi edisi sing terbatas lan ora kabeh bisa tuku klambi iki. Salah siji sing nggawe merek klambi terbatas iki yaiku Gucci. Gucci iki salah siji merek klambi sing diproduksi ning Italia taun 1921. Gucci sing pertama nduweni iki yaiku multimilyuner Jerilos. Gucci iki nggawe butik ning akeh wilayah ning manca negara. Gucci mesti nggawe produk sing ana ciri khas yaiku desain sing mewah lan uga ngejak para selebriti. Amarga regane sing larang, kemungkinan ketemu wong sing nganggo klambi Gucci asli ning panggonan umum iki cilik banget. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3750", "text": "Koncoku wingi tau cerita nag ulan wingi pas deke dolan nang Magelang, deke iku tau kenek idune wong sing ngawur nag idu. Dah deke kenek idune wonge iku pas deke iku pososisine sepedaan nang gurinen wonge. Mari ngunu deke iku langsung buanter ambek ngamok terus miso-miso nang wonge polahe oleh idu ngawur nang dalan. Terus bocahe mari ngamuk-ngamuk maeng terus mandek nang dalan terus tuku banyu gawe ngerisiki idune wong iku maeng. Jarene bocahe idune ambune orak enak terus ora iso ilang-ilang sampek gilani. Nag delok glagate bocahe cerito perkoro iku maeng deke koyoke jijike pol ambek iku maeng. Mangkane yo lumrah nag deke sampek ngamuk nang wong sing idu maeng. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4909", "text": "PHK uga bisa dadi salah sawijine kesempatan sing bisa mbuka peluang-peluang liyane. Salah sawijine nyadarake yen menungsa bisa usaha dhewe mulai saka mbuka usaha tani, ternak, lan bisa dodolan. PHK iki pancen masalah gedhe nanging PHK iki bisa ngewenehi waktu kanggo berbenah. Salah sijine yaiku sinau saka lingkungan. Kanca-kanca iki bisa sinau babakan mbuka tambak iwak lan ternak saka petani uga saka internet lan duwe waktu sing luwih akeh kanggo praktik. Pokoke aja nganti PHK iki ndadekake halangan kanggo makarya lan nyambut gawe ing kesempatan liya. Yen wis gedhe usahane, kari saiki pasrah lan ndunga marang Gusti lan percaya rencanane Gusti. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7559", "text": "Nek wes kadung ketemu karo konco lawas iku ancen dadi lali kabehane. Salah siji hal sing mesti lali padahal iku penting, yaiku njaluk kontake konco lawas mau. Istilahe awak dewe ketemu konco lawas mau kan niate gawe nyambung maneh tali pertemanan sing sempet putus. Lah nek gak nduwe kontake, yaopo isok terus njalin tali pertemanan iku mau kan ya. Nek nduwe kontake, kan kedepane awak dewe isok ngubungi konco lawas iku mau ben isok ketemu maneh ndek kesempatan liyane. Dadi gawe awakmu sing ketemu karo konco lawas sing wes lost contact, ojok lali njaluk kontake cek hubungan pertemanane isok nyambung terus.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3098", "text": "Nag srengen nang petugas saiki wes dianggep perkoro biasa soale mikire wong nag deke iku sing wes bener terus petugase sing salah. Aslien sing koyok ngunuku iku yo ora tepak soale petugas yo wes dianjurno ambek kantore kanggo ngeladeni wong sing teko nang kantore sak apike. Tapi kadang wong sing moro terus petok ambek petugase yo ono ae sing ngamuk-ngamuk polahe ono sing ora tepak. Sak jane ngamuk ngunuku yo ora apek, masalahe nag ngamuk yo durung karoan iso ngarekno masalahe. Sing tepok yo kudu dirundingno sak enake tanpo kudu srengen utowo ngamuk-ngamuk nang petugas sing ora ngerti sing dipermasahno iku opo. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9966", "text": "Akeh wong sing ana ing donya iki ngalami panggon sing nindakake dheweke ora adil. Salah sijine tuladhane ana ing panggon nyambut gawe. Akeh bos utawa kanca sing kadang nakalan lan pancen sengaja kaya ngono. Cara supaya bisa ngadepi babagan sing ora adil iku nomer siji, kudu ngerti apa masalahe. Kira-kira apa sing nggarai kene ditindak ora adil karo bos utawa kancane kene. Nomer loro, jajal kanggo ngatur emosi dhisik. Ora langsung muring-muring lan purik nanging kudu dipikir karo pikiran sing adhem. Nomer telu, ngewenehi kritik sing bisa mbangun lan tete ngelakoni tindakan kaya biasa nanging kudu terbaik. Sing terakhir yen isih ditindak ora adil bisa pindah panggon nyambut gawe wae. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9567", "text": "Munggah kanggo tampil ing panggung ora mesti dadi samubarang sing disenengi karo wong liya. Kadhang munggah ing panggung dadi samubarang sing paling diwedeni. Saengga bisa nggarai wong iku ora fokus lan akhire ngelakoni kesalahan kayata misal lali naskah nalika pidhato, lali gerakan nalika nari, lali meh ngapa nalika wis ana ing ndukur lan liyan-liyane. Yen wis kaya ngono bakalan dadi pengalaman sing paling elek kanggo awake dhewe. Supaya ora dadi pengalaman sing elek nalika tampil ing panggung bisa nggawe cara iki, kaping siji yakin yen bakal bisa. Nomer loro, anggep wae wong-wong sing ndelok iku kaya suket alias kaya ora ana wong supaya ora grogi. Sing terakhir aja lali kanggo latian sing tenanan supaya penampilane bisa maksimal.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5336", "text": "Ning Jogja, wis mulai akeh tumindak sing bisa marai kecelakaan lan bonyok, yaiku klitih. Ora mung nggo gaman sing landhep, klitih iki uga kadhang bentuke nggebuki wong sing ora dikenal. Klitih iki biasane tradisi saka geng ning Jogja kanggo nduduhake kekuatan lan kekuasaan marang sawijining daerah. Nanging kanggo ngadepi klitih sing diperlukake yaiku rasa wani. Usahakake yen lunga bengi ngelewati dalan protokol uga dalan sing rame ben yen ana serangan, akeh wong kang nulungi. Kanggo ngatasi lan jaga-jaga, yaiku sinau bela diri apa wae lan kudu ngelatih reflek saka tangan lan sikil. Sing paling penting yaiku kudu wani lan luwih kereng tinimbang sing nglitih. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3782", "text": "Panganan sing endut iku ancene ono sing nemen yo ono sing biasa ora sampek jemberi. Nah sing biasane dadekno wong sing sampek jember mergo panganan iku maeng endut, yo polahe endute iku ora karoan sampek ora ketok wujute utowo bentuke panganan iku maeng piye. Mangkane endute panganan sing koyok ngunuku maeng sing marakno wong akeh sing jember ambek panganan iku maeng. Akeh wong sing isek seneng ambek ora jember ambek pangan iku maeng mergo endute iku isek kenek diresiki, nak ancene wong iku maeng endut saitik terus isek kenek diresiki kok deke iku gilo artine deke iku ora pantas kanggo urip sing opo onone polahe sifate sing ngaleme megilan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2641", "text": "Ulan wingi pas aku dolan nang gone koncoku sing gawe bimbel (bimbingan belajar) sing ono nang kampung inggris. Aku dikongkon dadi motivator sing isine iso nguwehi utowo bangkitno semangate bocah-bocah sing tau sedeh polahe ditolak mlebu nang universitas sing dikarepno. Mari ngunu aku ngomong nang koncoku, opo aku pantes ngewei semangat kanggo bocah-bocah iki, padal aku dewe isek bingung mikirno carane urip sing pantes gawe sangu urip nang dunyo. Mari ngunu koncoku mok jawab \"sing garai pantes awakmu dadi motivator kanggo bocah-bocah iku ora awakmu, tapi wong liyo sing ngarani awakmu iku pantes\". Mari ngunu aku maju ambek ngewei semangat nang bocah-bocah sing ate test.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2000", "text": "Minggu wingi budhe sing neng Lempuyangan mlebu rumah sakit. Jarane budheku keno gejala penyumbatan getih neng uteke. Untune, pakdeku langsung gowo budhe neng rumah sakit. Soale, yen telat budheku iso keno stroke. Aku lagi iso niliki budheku sesok sorene bar mlebu rumah sakit. Pas tekan kono, Allhamdulillah, budheku wis rodo penakan jarane. Senadyan durung iso gerak akeh, nanging budhe isih keteok seger awake. Malah budheku isih iso guyon lan guyu neng rumah sakit. Budheku mung sambat yen infus sing dipasang kui kurang pas, dadi ngeroso lara yen tangane digerake utowo pas lagi disuntik obat. Seko kui, budhe rada wedi pas sak ben arep disuntik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1111", "text": "Kabeh wong kui mesthi pernah ngelakoke doso. Soale, menungso kui pancen panggone gawe kesalahan. Aku uga wong sing ora luput karo doso utowo kesalahan kui. Mungkin, sebagai anak doso sing paling gedhe sing pernah tak lakoke kui, ora patuh lan taat marang wong tuwo. Aku uga ora arang gawe wong tuwa sedih tekan nangis. Yen tak pikir-pikir, iki doso sing ora sepele. Aku wis tau jaluk ngapura karo wong tuwoku lan dheweke uga wis ngemaafke. Nanggin, aku kerep banget baline kesalahan sing podo. Aku kerep banget ngomong sing ora ilok neng wong tuwaku lan ora ngewangi garapane. Aku ngeroso wedi terus pas ngebayangke doso-doso iki.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4492", "text": "Aku tau ngalami perkoro sing ancene iso diarani pengalaman sing ngisin-ngisini wong. Nah perkoro iku maeng kedaden pas aku mlebu nang jero kelas, terus moro-moro aku iku diwedeni ambek bocah-bocah nag nang jero tasku iku diwei karo sing jenenge ulo. Nah pas iku ono gurune sing bareng mlebu ambek aku nang jero kelas. Pas gurune maeng ngongkon ngumpulno PR, aku langsung buka tas terus berok-berok mergo saking wedine ambek ulo getokan maeng. Nah gurune langsung moro nang gonanku ambek delok opo sing ono nang jero tasku maeng. Pas didelok tibake uloh-ulohan. Nah aku yo isin lah mosok ambek ulo getokan wedi, terus bocah-bocah yo guyu rame sak kelas.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6163", "text": "Layanan sing paling nyiksa perekonomian ning Indonesia lan paling akeh dadi masalah yaiku layanan pay later. Layanan iki padha karo blanja nanging ngutang lan dibayarake dhisik. Layanan iki kanggo wong sing awam lan tertib mbayar bakale gampang lang ora ana beban. Nanging kanggo wong sing ora tertib iki bisa dadi beban lan uga bisa dadi kebiasaan sing ngerugikake wong akeh amarga pay later iki bisa nyilih identitas wong lan nggawe alamat penagihan fiktif ben ora sering ditagih. Kamangka, wong sing nduwe utang marang pay later iki bisa ilang sak wayah-wayah amarga isin lan wedi ditagih. Babagan iki bisa marai rugi wong akeh lan uga bisa ngerusak identitas ning OJK. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4982", "text": "Ning istilah hukum, ana sing jenenge perjanjian pranikah. Perjanjian pranikah yaiku perjanjian sing digawe karo pasangan sak durunge sah dadi bojone. Perjanjian iki ning agama islam hukume mubah utawa oleh. Perjanjian iki duwe manfaat akeh, yaiku bisa misahake dunya bebojoan utawa harta gono-gini, ngindarake saka KDRT, njamin warisan kanggo anak, lan liyan-liyane. Perjanjian iki uga sah ning mata hukum lan konsekuensine gedhe, yaiku salah sawijine yen ngelanggar bisa pegat, tergantung karo perjanjian apa sing disepakati. Dasar hukume perjanjian pranikah yaiku Pasal 29 ayat 1 UU No. 1 Tahun 1974. Perjanjian iki uga dilaksanakake ning ngarep notaris kaya kepentingan hukup liyane. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7157", "text": "Pengalaman paling menyenangkan iku isok terjadi teko hal-hal sing sederhana. Salah sijine sing tau tak alami iku nggawe resep panganan enak dan murah meriah. Aku iseng nyoba pas kentekan bahan masakan nang kos, dan ternyata berhasil. Resep iki tak jenengi spageti sarden. Carane gampang. Siapno mentego, bawang putih, siji kaleng cilik sarden, ndhog sak butir, gulo uyah mrico secukupe, spageti kering, karo banyu. Pertama, tumis bawang putih sing wes dicacah nganggo mentego sampe wangi. Mbari ngono lebokno ndhog terus diorak arik. Nek wes mateng, tuang banyu secukupe dan enteni sampe umep. Nek wes umep, lebokno spageti dan masak sampe al dente. Nek banyune wes ngresep kabeh, tuangno sarden mau dan diudek sampe roto. Tambahi uyah, gulo, karo mrico sesuai selera. Nek wes wangi, pateni kompor. Spageti sarden siap disajikan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "398", "text": "Urip dhewekan kui pancen angel. Nanging dudu ora ono gunane. Pas awak dhewe urip dhewekan kui awak dhewe sinau kanggo urip mandiri. Ora ono sing ngeladeni kebutuhan lan kepinginan awak dhewe pas dhewekan. Awak dhewe kudu mikir sing tenanan piye carane bertahan urip dhewekan. Mungkin awale bakal mumet dhewe, nanging kui dudu perkoro sing ora mungkin dirampungke. Urip dhewekan kui ogo iso gawe awak dhewe cepet berpikir dewasa. Yen kekerpen dimanja kui, awak dhewe sok ngeroso koyo cah cilik terus. Senadyan, umur makin gede kui duwe tanggung jawab sing luwih gede. Sak piro wae usahane dhewe kanggo ngindar seko tanggung jawab kui, awak dhewe neng akhire tetep bakal ketemu. Urip dhewekan kui iso ngelatih awak dhewe tanggung jawab.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9899", "text": "Ana kedadean ing daerah Sidoarjo sing jarene nemu harta karun. Kedadean iku ana ing desa Patihan, Tulangan. Ana wong sing ngaku nemu dhuwite kerajaan Majapahit jaman biyen. Wonge ngeduk lemah lan kaget tibakna ana kantong warna ireng lan ps dibuka isine dhuwit koin jaman Majapahit biyen. Berita iki viral lan akhire akeh banget wong sing padha teka lan ndelok kepiye wujude dhuwit Majapahit jaman biyen. Sawise iku, pihak museum teka lan akhire njupuk dhuwit iki kanggo diamanke ana ing museum supaya ora malah dijupuk karo wong sing ora duwe tanggung jawab misale dicolong lan didol maneh kanthi rega sing larang banget.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2032", "text": "Aku tau tinggal neng Bogor disik. Aku isih umur 10 taunan pas kui. Disik, aku lan konco-koncoku duwe gojekan yen wong Jakarta kui wedi yen Bogor banjir. Pas kui, aku ming guyu wae mergo sing liyane guyu. Nanging pas wis gedhe iki, aku lagi sadar. Guyonanku karo konco-koncoku biyen kui ono benere.Soale seko kondisi geografise, Bogor kui posisi luwih duwur timbangane Jakarta. Bogor kui ono neng Gunung senadyan Jakarta kui ono neng pantai. Dadi cetho banget bedone. Bayangke wae yen Bogor kui Banjir sitik, sak mata kaki wae. Jakarta kui mesthi wis kerendem karo banyu. Kui ono benere nanging yen bener-bener kedadean kok ketoke ngeri banget.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1094", "text": "Yen awak dhewe diseneni karo wong liyo kui ora kudu artine wong kui mangkel utowo kesel karo awak dhewe, iso wae wong kui nyeneni awak dhewe mergo dheweke sayang. Wong kui ngerti yen opo sing awak dhewe lakoke kui salah. Dheweke ora kepengen tingkah sing ala kui ono terus neng awake awak dhewe, dadine dheweke pengen ngandani. Sebenere, yen arep ngandani kui iso wae kanggo coro sing alus. Nanging iso wae yen awak dhewe diandani alon-alon kanggo coro sing alus, awak dhewe ora ngerungoke utowo ngeluwehke opo sing diomongi karo wonge mau. Dhewek mung kepengen awak dhewe kui sadar opo keselahane dhewe, dudu kepengen ngelarani ati.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5267", "text": "Lotre sing uga dadi hiburan yaiku lotre sing ana ning Spanyol wayah natal. Lotre iki hadiahe gedhe banget, yaiku total kanthi triliyunan. Lotre iki arane El Gordo. Para warga wiwit saka cah enom kanthi wong tuwa nyetorake identitas ning kantor panitia lotre iki ben oleh nomer sing diundi pas wayah natal. Nomor sing metu iki bakal diumumake ning TV lan uga dirayakake ning dalan kanggo bentuk kemeriahan wayah natal lan sukur marang Gusti. Banjur hadiah sing diolehake iki mau uga disisihake dadi sumbangan marang dinas, panti asuhan, panti jompo, lan dinas kesehatan miturut isu apa sing lagi rame kaya ning taun 2021 hadiah undiane disumbangke marang wong sing kelangan gaweyan amarga corona. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2912", "text": "Pas akhir semester koncoku diwei hadia ambek pacare. Bocahe yo jumbul oleh hadiah koyok ngunu. Hadiae iku arloji merek sing teko swiss tapi ora sing larang regane. Terus arlojine iku yo ono lampune ambek ono dino nang jeroni layare maeng. Sak liyane iku yo anti air barang, dadi nag ono udan ora bakal mati. Terus sing garai barang iku nyenengno koncoku yaiku regane. Masio iku ora sepiro larang tapi sing paling murah iku isek 300 ewuan. Terus yo ono buku garansi resmi teko tokone barang. Warnai iku yo apik ijone koyok ijone seragame tentara. Mari ngerti nag hadiahe maeng apike ngunu koncoku langsung budal nang omahe pacare.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "393", "text": "Wong sing urip dhewe kui bakal ngerasake persaan-persaan sing ora enak. Opo meneh kui pengalamane dee urip dhewekan sing pertama kali. Wong sing dhewekan kui bakal ngerasake kosong neng atine. Ora ono konco utowo anggota keluarga sing iso dijak omong. Ora ono swara-swara sing ngebrebeki kupinge. Wong kui uga bakal ngerasake rasa ora berdaya. Disik yen pegen opo-opo enek sing iso ngewangi. Nanging pas urip dhewe kui, kabeh kebutuhan kudu dicepake dhewe. Urip dhewekan kui bakal munculke rasa khawatir. Dee bakal ngeroso cemas lan ragu karo awak dhewe iso jalani urip dhewekan opo ora. Dee wedi yen pas urip dhewekan kui uripe bakal berantakan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6126", "text": "Yen lagi ana ning manca negara, babagan sing kudu digatekake yaiku babagan toilet sing dinggo. Ning manca negara, wis jarang banget toilet sing uniseks. Yen ana ning panggonan umum, sing butuh didelok yaiku tetenger sing ana ning toilet amarga toilet ning manca negara kuwi macem-macem banget fungsine. Ana toiet kanggo lanang, wedhok, uniseks, ibu lan anak, uga ana toilet kanggo disabilitas. Aja kanthi salah mlebu lan dadi isin. Ora salah yen takon wong sing wis rampung utawa arep mlebu menyang toilet ben ora salah. Banjur yen wis bener, diiling-iling panggonane, jaga-jaga yen bakale mampir ning panggonan kuwi maneh lan mlebu menyang jedhinge maneh. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8386", "text": "Panganan sing rusuh iku marakno dadi sumber sembarang kalir penyakit. Panganan sing tujuan awale gawe asupan energi, malah dadi bersifat racun gawe awak. Mergo iku, awak dewe iku kudu njogo keresikan panganan ben kehindar teko sembarang kalir penyakit. Panganan sing resik iku bakal isok ningkatno kekebalan tubuhe awak dewe dan marakno awak dewe tambah sehat. Onok limang cara sing isok dilakoni gawe njogo keresikan panganan. Siji, wisuh tangan nganggo sabun sak durunge nyentuh panganan. Loro, umbah buah ambek sayur sak durunge diolah. Telu, pisahno panganan sing gampang kecemar bakteri karo virus. Papat, masak nang suhu sing tepak. Terakhir, simpen panganan nang kulkas.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6035", "text": "Kebiasaan mangan sing ana ning Indonesia karo manca negara kuwi ora bisa lagsung dipadhakake. Perbedaan iki ada pengaruhe saka budhaya lan uga sumber daya alam lan keyakinan. Salah siji sing sering ana konflik babagan cocok lan ora cocok yaiku sashimi. Sashimi iki jenis panganan saka Jepang sing digawe saka irisan iwak mentah. Iwak iki bisa saka tuna lan uga iwak mentah liyane. Sing marai bedha yaiku respon masyarakat sing macem-macem. Ana sing ngomong seneng, ana sing ora. Nanging ya ana sing dipaksakake padahal ya jijik uga pengen muntah pas mangan sashimi. Kamangka, sashimi iki sajane ya adaptasi saka penganan Jepang lan ora salah yen wong Indonesia iki ana sing ora cocok. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8377", "text": "Onok salah siji panganan busuk sing dadi favorit e akeh uwong, yaiku tape. Salah siji tape sing paling akeh disenengi wong Indonesia iku tape singkong. Sak durunge nggawe, siapno rong kilo singkong ambek rong keping ragi tape. Cara nggawe tape singkong iku ngene. Siji, pilih singkong sing kualitase apik. Loro, kupas resik singkong, terus ketoki sekitar 5—10 cm, mbari ngono diumbah. Telu, kukus singkong mau sampe mateng sekitar 20 menitan. Nek wes mateng, angkat. Papat, alusno ragi tape. Limo, siapno wadah tertutup. Terus taburno ragi tempe mau nang alas wadah. Enem, toto singkong nang nduwure, terus taburi maneh nganggo ragi tempe nang nduwur singkonge. Mbari ngono tutup rapet wadahe. Pitu, jarno singkong iku mau terfermentasi selama 2—3 dinoan. Wolu, nek wes 2—3 dino, cek en tapene wes dadi ta durung. Tingkat keasamane isok dipasno karo selera. Tambah suwe ditutup, biasane tambah asem. Terakhir, nek wes dadi, simpen tape nang kulkas.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4941", "text": "Rudi lagi nggrantes amarga ora lulus SNMPTN utawa perguruan tingg jalur undangan. Rudi wis nyiyapake kabeh kebutuhan kuliah kaya rapot, surat keterangan prestasi, lan sapanunggale. Nanging pancen SNMPTN iki ora ngerti piye cara seleksine, Rudi pasrah lan saiki ketolak. Nanging Rudi ora patah semangat amarga isih ana SBMPTN. Bar kuwi, Rudi langsung sinau lan sering-sering latihan soal amarga Rudi pengen mlebu kampus inceran sing diimpekake. Rudi sinau kabeh soal kaya matematika, bahasa, lan ilmu-ilmu alam. Pas arep tes, Rudi uga akeh istirahat amarga Rudi pengen luwih konsentrasi pas nggarap soal. Kamangka Rudi bisa lolos ujian lan mlebu kampus sing dikarepake. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9912", "text": "Senajan Elizh isih umur 20, nanging akeh wong sing ngira Elizh wis duwe anak 2. Amarga awake Elizh gedhe banget. Sakjane dheweke ngamuk lan muring-muring banget yen ana sing ngilokna babagan awake. Wong kabeh ora ana sing ngewenehi mangan kok malah ngilok-ngilokna. Dhuwure Elizh mung 150 senti, bobote kurang luwih 75 kilo. Yen mlaku pancen ketok ginuk-ginuk. Raine uga bunder ser. Nanging iki wis lumayan tinimbang jaman sekolah biyen. Biyen bobote Elizh ana ing angka 90 kilo. Elizh yen mlaku kaya kabotan awake dhewe. Pipine kaya nublek saking gedhene. Mripate dadi ketok tambah sipit amarga ketutupan pipi. Nanging Elizh tetep syukur marang Gusti amarga isih seger waras. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5340", "text": "Wingi aku lunga menyang Bandung amarga ana cuti dawa ning akhir minggu iki. Aku lunga menyang Bandung karo kanca-kanca kantorku. Ana sing nggawa mobil lan awak dhewe kabeh budhal saka Jakarta. Uga ana sing nggawa cemilan lan panganan ben ora kerasa bosen ning dalan. Nanging sing ora disangka yaiku ana masalah yaiku malah macet ning tengah dalan. Masalah iki lali ora keprediksi amarga ora kepikiran yen kabeh mobil bakal lunga nang Bandung. Kamangka ning mobil aku lan kancaku dadi bosen lan isine mung muring-muring amarga macet. Amarga sikile pegel, kancaku uga njaluk ijolke sapa sing arep nyetir saking kesele saka jakarta. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "635", "text": "Mungkin, sebagian seko awak dhewe seneng banget delok konten-konten utowo video-video prank neng Youtube lan media sosial sing liyane. Awak dhewe sok ngeroso prank kui geget-gegeti lan ora mesthi lucu kanggo ditonton. Alasane awak dhewe iso ngeroso kui werno-werno. Sing kesiji, jenis prank kui wis kerep digawe. Awak dhewe dadi bosen delok formula sing podo. Sing keloro ku pranke kui ora kekonsep. Prank sing konsepe ora cetho, wong dadi iso luwih gampang nebak neng endi arahe prank iki. Sing ketelu, pelakon utowo aktor sing ngepranke kui ora bener. Aktore ora ngeyakinke awak dhewe yen kondisi kui lagi bener-bener kedaden. Sing luwih parah yen lakone kui gampang guyu.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9985", "text": "Kanca kerja iku dadi wong sing paling krusial. Yen kanca kerjane kene iki suportif, bakalan nggawe kerjane kene luwih enteng. Nanging sak walike yen kanca kerjane kene malah duweni niat elek kanggo ngelugurna kene, iku sing bahaya. Kene pancen ora oleh suudzon utawa duweni prasangka elek, nanging kene kudu tetep waspada karo kanca kerjane kene. Akeh banget contoh kanca kerja sing malah ngelugurna kancane dewe lan garai kancane dipecat. Awale bisane mung njaluk penggawean sing gampang nanging suwi-suwi bakalan ngelunjak banget lan akhire ngelugurna kene. Mula yen wis ana tandha-tandha kancane kene ora bener, kudu cepet-cepet ditegesi utawa ditegur supaya ora nganti keblablasan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8031", "text": "Nek wes musim udan, onok siji sing diwedekno karo Budi, yaiku omahe kebanjiren. Soale kan omahe iku cedek karo Bengawan Solo sing rawan pol gawe luapan sing marakno banjir. Nek wes ngono, de’e pasti milih gawe ngamano barang-barange luwe awal, timbang engkok kintir pas onok banjir. Akhire diputusno de’e ngamano barang sebagian disik, soale de’e urip dewe, dadi gak bakal kuat nek langsung dicandak kabeh dewe. Sisane dilanjut sesok ae. Dadakno, sesoke pas de’e tangi turu, de’e wes midak genangan nang ngisor kasur e. De’e langsung cepet-cepet ngamano barang sisaan sing durung diamano. Untunge iku kabeh isok diselamatno, mbasio teles sitik, tapi penting gak kintir.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1119", "text": "Kanggo wong sing duwe agama lan duwe iman, ngeroso wedi pas ngelakoke doso utowo kelakuan sing dilarang karo agama kui kudune awak dhewe ngeroso wedi. Yen misale, awak dhewe ora ngeroso wedi ono sing salah karo imane dhewe. Awak dhewe kudu delok meneh koyo piye selama iki awak dhewe ngibadah. Iso wae, awak dhewe ngibadah nanging akeh sing ora pener. Awak dhewe ngibadah mung sekadar kanggo ngerampungke kewajiban. Yen misale, awak dhewe ninggalke ibadah kui awak dhewe ora ngeroso opo-opo. Atine awak dhewe ora keroso resah lan gemeter. Awak dhewe ora ngeroso uring-uringan pas ngelalike ibadah kui. Yen awak dhewe wis ngeroso koyo ngono, ono apike awak dhewe benake meneh imane dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4945", "text": "Gagal mlebu perguruan tinggi iki ya dialami karo calon mahasiswa sing bijine kurang apik. Penyebabe salah sijine yaiku kurang sinau lan kurang wawasan babakan soal apa wae sing dadi ujian lan materi apa wae sing kudu disinaoni. Calon mahasiwa sing gagal mlebu perguruan tinggi iki kurang bisa nggolek informasi anyar babakan ujian lan kisi-kisi uga bisa kurang latian ben ora kagok. Nanging gagale ujian sak liyane biji bisa uga persaingan sing ketat. Ya bisa wae bijine wis apik, nanging ya ana maneh sing luwih apik. Sing paling sering ya amarga nggarap soal kesusu lan ora tenang kamangka soal sing digarap salah kabeh jawabane. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2552", "text": "Pengalaman sing paling nyenengno nang urip iku gelek kedaden nang uripe menungso. Lapooh kok gelek kedaden? soale roso seneng iki biasane metu teko pikiran sing positive ambek teko lingkungan sing positive sing ono nag lingkungane wong maeng. Pengalaman sing paling nyenengno yaiku pengalaman sing iso dadekno uwong iku duwe pikiran sing apik ambek ati sing bening. Tapi pengalaman iku asline yo kenek ae didadekno pelajaran urip ben tetep iso ngerasakno pengalaman sing paling nyenengno nang urip. Masio pengalaman iku suwe-suwe dadi pengalaman biasa, tapi asline pengalaman iku maeng iso dadekno mental ambek pikiran sing luweh siap gawe ngadepi masa sing ate teko.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4354", "text": "Nag jareku idu iku nag teko wong liyo mesti magkelno ambek jemberi mergo ambune mesti basine megilan. Mari ngunu sing garai jember maneh yoiku teko lambene wong liyo sing ora jelas wong iku penyakiten opo ora, mari ngunu, sak liyani iku yo ono maneh yoiku wonge iku sikatan opo ora, terus gidalen opo ora, perkoro iku maeng marakno wong sing kenek idune wong liyo iku mesti jemberi megilan. Nah koncoku sing tau kenek idune wong liyo yo ngomong nak idune wong liyo iku ancene jijiki mergo iku ora jelas idune resik opo ora, terus wonge iku resikan opo ora, soale nag wonge maeng kemproh yo mesti ambune basine ora pokroh ngalah-ngalahi sampah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8314", "text": "Awakmu percoyo gak, nek kepribadian uwong iku isok didelok teko hal-hal sing onok nang sekitare. Salah sijine iku teko toilet nang omahe. Biasane, uwong sing toilet nang omahe resik, wong iku pasti resikan pol, rajin, dan uripe iku ketoto rapi. Jelas resikan, soale toilet e ae diresikno, opo maneh ruang sing liyane maneh. Wong iku jelas rajin, soale toilet ae diresikno, padahal gawe akeh uwong ngresikno toilet iku angel dan kadang marakno aras-arasen pol. Dan wong iku pasti uripe ketoto rapi, soale sembarangane ditoto dan diresikno karo de’e, termasuk toilet. Makane, awak dewe isok nilai kepribadiane uwong teko toilet e.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9971", "text": "Wong urip karo wong liya sing beda suku iku sakjane kudu rukun. Pancen urip karo wong sing beda karo kene iku dadi tantangan. Wingi ing kuthaku ana wong sing gelud amarga ilok-ilokan antar suku. Ana sing ngilokna dhisik lan akhire ora padha trima. Wong sing ora trima iki kaya nyerang suku sijine ning dalan lan nggawe tawuran. Tindakan ngamuk lan muring-muring antar suku ngene iki medheni amarga bisa nggawe pecah kerukunan ana ing daerah iku. Untunge ana pamrentah sing bagian ngelumpukna suku iku supaya rundingan lan janji ora bakal ngelakoni tindakan sing nggawe rugi awake dhewe lan wong liya iki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1529", "text": "Yen awak dhewe delok petugas sing ngeresiki toilet umum nanging gendere bedo karo opo sing ono neng ngarep lawange, awak dhewe ora usah panik. Awak dhewe durung tentu salah mlebu toilet. Soale, ono neng beberapa hotel lan mal kui petugas sing ngereseki toilet lanang lan toilet wedhok kui ora dibedani. Wong sing ngeresiki podo. Aku ora ngerti alasene kenopo petugas sing lanang ngerisiki panggon sing lanang lan sing wedhok ngeresiki toilet wedhok. Sing penting kui, awak dhewe mastike disik logo neng ngarep lawange. Yen lambange wis sesuai karo gendere dhewe artine awak dhewe ora salah. Awak dhewe percaya diri wae mlebu toilet kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8300", "text": "Pas istirahat, aku karo koncoku nang Kantin gawe mangan. Berhubung lagi sepi, awak dewe isok milih panggon favorit, yaiku nang tengah-tengah. Awak dewe kompakan podo mangan sego campur karo jus alpukat ben wareg e jangkep. Pas teko, awak dewe mangan sambil ngecewes sak karepe dewe. Pas krungu bel, awak dewe balik nang Kelas dan lunggo nang bangkune awak dewe sing ketepakan sebelahan sisan. Enak-enak ngerungokno materi, moro koncoku iku mau nyekeli pundakku kuenceng pol dan marakno aku kelaran. Moro-moro de’e muntah dan cairan e iku ngeneki mejone karo sebagian mejoku sisan. Aku sakjane meh kate mukok sisan saking jijik e, tapi kudu tetep tak tahan mbasio sek girik-girik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4828", "text": "Nyelengi kanggo tuku barang kuwi pancen akeh manfaate. Sak liyane ngelatih hemat, nyelengi iki ya ngelatih kesabaran kanggo tujuan sing tertentu. Celengan iki bentuke macem-macem, bisa rekening bank utawa celengan konvensional sing kaya jaman cilik. Yen celengan ning bank biyasane luwih aman lan bisa dikontrol arus mlebu lan metune dhuwit. Nanging celengan iki bisa dadi ora kekontrol amarga ana bank digital lan kredit pembayaran ning aplikasi belanja online sing tambah gampang kanggo mbayar. Pancen nyenengake tuku barang, nanging aja nganti njupuk kredit sing bisa ngurangi tabungan ning rekening. Bakal nyusahke amarga ana bunga kang gedhe sing bisa marai tambah rugi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2501", "text": "Pas aku ulan wingi dolan terus aku ketemu karo bocah sing biyen tau tak ulang pas ate ujian seleksi perguruan tinggi. Bocahe cerita nag dek'e mlebu perguruan tinggi nag kota gudeg. Bocah'e senenge megilan keterimo nag perguruan tinggi sing ono nag kota gudeg iku. Opo maneh nag kono kampuse termasuk paling terkenal nag indonesia. Sak liyane iku, bocahe yo cerito nek nang kono iku suasanae enak adem ayem kanggo sinau. Terus akeh panggonan sing iso gedolane pas nag budek utowo ngeluh kakean mikir. Sak liyane iku ono bocahe yo kondo nag nang kampuse yo termasuk murah soale bayare iku termasuk UKT ora perbulan dadi yo enak ora kakean bayar tarik'an.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8033", "text": "Angin puting beliung utowo angin puyuh iku angin banter sing muter terus asale teko awan kumulonimbus. Angin puyuh iki nduwe kecepatan luwe teko 64,4 km/jam sing durasi utowo waktu kedadene 5 menit dan kedaden nang wilayah sing gak ombo. Angin puyuh iki paling sering kedaden pas musim pancaroba, opo maneh pas awan karo sore. Hal iki mergo akehe pembentukan awan kumulonimbus. Angin puyuh iki kedaden mergo onok gesekan antara arus angin sing munggah karo mudun. Onok tanda tanda nek kate onok angin puyuh. Mulai teko udara keroso sumuk ket bengi sampe isuk, kebentuk awan kumulus sing putih terus akeh lapisane, onok awan sing munjul menduwur werno abu-abu, ranting karo dahan obah banter, angin sekitar dadi adem, terus mudun udan moro-moro. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8487", "text": "Ambu cangkem iku marakno wong maleh dadi gak pede sembarangane. Bahkan kate buka lambe ae gak pede dan isin mergo wes keambu badek e. Gawe awakmu sing ngalami iki, tenang ae. Awakmu tetep isok ngentokno cangkem sing seger dan bebas teko ambu badek iku mau. Onok carane gawe ngentokno iku kabeh. Siji, resikno untu karo ilat sing rutin nganggo sikat gigi, sak dino ping loro. Loro, rajin kumur nganggo obat mulut sing gak onok alkohole. Telu, akehno ngombe banyu putih. Papat, ngunyah permen karet sing gak onok kandungan gulone. Limo, hindari konsumsi panganan utowo ombean sing isok marakno ambu cangkem. Terakhir, ojok ngudud.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7605", "text": "Wong Indonesia iku hampir gak onok sing jenenge ngenal tertib nang antrean. Kabeh geleme podo entok cepet dan podo gopoh kabeh. Nek wes gopoh, pasti mereka bakal nyerobot ngono ae. Iku opo’o nang Indonesia, hampir kabeh antrean iku bakal dijogo karo petugas. Tujuane iku cek antrean isok luwe tertib dan gak onok wong sing asal nyerobot ngono ae. Wong kadangan onok petugas ae wong wong koyok ngono iku sek ngeyel dan njaluk didisikno, ndaniyo nek gak onok petugase. Wong kadang ae mereka iki sampe nyogok duit akeh mek cek isok entok antrean luwe ngarep. Ironis e, hal iki dianggep biasa karo warga Indonesia ne dewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8040", "text": "Dino iki Dani buru ae pindah nang omah anyare. Mergo sek buru dadi penduduk anyar, de’e akhire nyoba keliling nang daerah RT omahe ben eroh onok omah opo ae sekalian kenalan karo tonggo. Pertama de’e ketemu ambek mbah-mbah sing wes sepuh puol tapi malah urip dewean nang omahe dan gak onok sing ngeramut. Terus de’e ketemu karo pak RT ne langsung sing ketepakan omahe sek sak gang karo de’e. Terus de’e ketemu ambek tonggo liyane maneh. Enak-enak mlaku, moro de’e gak sengojo midak tali dan marakno de’e katene kesandung tapi untung gak sido. Pas didelok, dadakno iku tali sing nyambung karo taline asu. Dani kuaget lah moro onok asu guede nang ngarepe. Mergo keweden, de’e langsung mlayu ngono ae. Siale, de’e malah dikejar karo asu iku mau dan marakno de’e bengak bengok njaluk tulung saking panike. Untunge ae majikane asu iku melu ngejar sisan dan isok nangkep asune. Dani langsung ngomong suwun ping bolak balik, tapi teko jarak sing wes uadoh. Kate nyedek tapi de’e sek wedi karo asu iku mau. Untunge majikan iku mau isok maklumi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7654", "text": "Marah tanpa sebab iku isok dialami ambek sopo ae. Salah sijine iku wong wedok sing lagi PMS. Pasti wes familiar lah nek onok wong PMS iku ojok digoroi nek gak gelem kenek semprot e. Wong wedok sing lagi PMS iku ancen sering banget marah-marah tanpa sebab dan gak onok sing nggoroi. Hal sing marakno ngono iku mergo perubahan kadar estrogen ambek progesteron sing ngaruh nang kadar serotonin. Dadi peningkatan hormon estrogen ambek progesteron ambek mudune hormon serotonin iki sing marakno suasana ati dadi luwe sensitif dan luwe gampang gawe marah-marah. Wes ngono wong sing PMS iki sek kudu nahan rasa loro nang beberapa daerah nang awake, sing marai luwe sensitif pindo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4451", "text": "Pas dijak koncoku mlaku-mlaku nang alun-alun kota santri, aku moro-moro delok ono bocah sing kembar plek klambine ambek koncoku maeng. Nah pas koncoku tak elengno nag klambine maeng kembar ambek bocah iku maeng, deke moro-moro nyele jaketku terus digawe. Pas tak takoni lapo kok tambah gawe jagetku, deke mok jawab nag deke iku isin mergo klambine podo ambek bocah iku maeng. Nah tibake bocah iku maeng ancene bocah sing disenenge terus klambine iku maeng ancene klambi sing diwei karo deke, tapi bocah iku maeng wes kedisikan dirabi ambek wong liyo. Yo aku ngerti opo sing dirasakno sakliyane isin polahe ditolak, yo loro ati barang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6047", "text": "Kabeh wong mesti ana kecenderungan wedi karo coro amarga coro kuwi serangga sing obahe paling cepet, paling gesit lan uga ora nduwe wedi yen diuber. Coro kuwi bisa nyebabake penyakit yen ora diilangi. Coro biyasane uripe ngumpul lan uga nduwe sarang. Kanggo ngilangi coro, wong bisa nyemprotake antiserangga ning sarang coro kuwi lan nutup sarang kanthi dirasa ora ana pergerakan. Yen wis anteng, baru coro-coro kuwi dibuwang. Sak durunge turu, kabeh saluran banyu kudu ditutup. Yen ana plafon kebuka, kuwi uga bisa ditutup ben coro saka njaba omah ora melu mlebu. Panganan uga kudu ditutupi ben ora kena mambu coro. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "302", "text": "Keno PHK kui bakal ngubah uripe wong. Ono sing dadi luwih tertantang golek cara sing kreatif ben tetep iso duwe penghasilan. Ono sing urip malah tamabah ora nggenah. Wong sing keno PHK iso ngeroso yen uripe wis ajur. Dee ora duwe kepercayaan diri kanggo ngelajutke uripe. Mergo ora duwe penghasilan meneh, dheweke ngeroso dikucilke karo wong-wong sekitare. Dee ngeroso ora berguna mergo ora iso nafkahi keluargane meneh. Dhewe dadi ora ngeroso ono gunane meneh neng keluarga lan masyarakat. Dee bakal ngeroso cemas karo masa depan neng ngarape. Masa depan dadi ketok ora cetho bagi dheweke. Dheweke wedi yen misale dee ora iso bertahan neng kondisi ekonomi sing lagi ora jelas kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3466", "text": "Sing garai wong wedi nag dewean iku pirang-pirang perkoro contone yaiku wonge iku maeng ancene kulino cambur wong akeh terus ora tau dewean, wong iku maeng ancene ambek keluargane terus ambek ora tau ijenan nag nang endi-endi, terus wong iku ancene ora tau dolan adoh mangkane nag dewean mesti wedi karepe dewe, mari ngunu wong iku ancene duwe trauma sing marakno deke iku maeng wedi nag dewean. Perkoro-perkor iku maeng ancene ora enak soale mesti mentale wong sing iku maeng mesti keganggu polahe wedi karepe dewe, angger dewean kabeh iku dianggep medeni. Mangkane wong sing ngunuku iku kudu dilateh mentale ben kuat ngadepi urip dewean.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2546", "text": "Roso seneng polahe nemokno barang sing digoleki ancene koyok-koyok nemokno emas sing pirang-pirang ton akehe. Soale biasane roso seneng koyok ngeniki iku gedene megilan opo maneh barang sidigoleki iku pas dibutuhno ambek pentinge megilan. Lah perkoro roso senenge ngunuku biasane kedaden soale wong sing nemokno maeng ancene butohe pol ambek barang sing digoleki maeng dadi pas nemokno maeng yo jelas senenge megilan. Lah senenge maeng mesti kedaden teko pikiran sing plong anbek ati sing lego soale wes nemokno barang sing digoleki. Mangkane kadang nag ono uwong nemokno barang terus guyu ambek sumringa raine iku artine wong iku maeng senenge megilan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4864", "text": "Akeh kompetisi utawa lomba-lomba sing bisa dieloki wayah sekolah, salah sawijine yaiku lomba paduan suara. Nanging, ning Indonesia, lomba paduan suara iki akeh banget saingane amarga kualitas paduan suara ning Indonesia iki apik, apa maneh ning kategori lagu-lagu daerah. Kategori iki sering banget oleh penghargaan ning luar negeri amarga lagu Indonesia duwe aransemen lan nada lagu sing meriah lan cocok kanggo kompetisi. Uga pelatih paduan suara ning Indonesia iki kreasine luwih bebas amarga wis akeh sing ngasilake prestasi ning luar negeri. Akeh kompetisi paduan suara ning luar negeri lan sing melu biyasane mahasiswa utawa sekolah musik amarga dana kanggo budhal ya gede lan saka kampus uga luwih gampang oleh sponsor. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8079", "text": "Kadang, onok wong sing sakjane nduwe serangan panik tapi wedi utowo isin nek kate konsultasi nang psikiater. Biasane wong sing koyok ngono iku wedi nek dienyek ambek koncone utowo wong-wong nang sekitare. Makane de’e luwe milih gawe tuku obat penenang dewe nek pas kumat kenek serangan panik. Padahal, penggunaan obat penenang iku gak oleh asal dan kudu nganggo resep dokter. Biasane obat penenang iku nduwe dosis sing duwur. Nek misal asal ngonsumsi obat penenang, wedine engkok isok overdosis. Guduk waras, malah nambah penyakit. Dadi nek misal awakmu butuh berobat, mending langsung nang psikiater ben entok obat penenang sesuai dosis sing dibutuhno.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "269", "text": "Supoyo anak duwe gairah kanggo dalani urip iki, seko cilik awak dhewe apike ngenalke sistem penghargaan neng anak. Awak dhewe ora iso mekso langsung ngerti konsep-konsep sing wong gedhe wis paham, termasuk konsep yen ono kabeh usaha sing dilakoke kui bakal ono ganjarane. Kanggo awak dhewe, kui wis logika umum sing kabeh wong ngerti, nanging kanggo anak kui isih asing. Nalika anak wis ngerti konsep iki, anak iso luwih semangat ngelakoke opo wae. Misale, anake dhewe kepengen tuku dolanan. Awak dhewe apike ora langsung nukoke barang kui. Awak dhewe iso janjini yen misale anake dhewe ora jajan seminggu kui, awak dhewe bakal nukoke dolanan kui. Seko kono, anak bakal ngerti yen kepengin opo-opo kui kudu ono usahane disik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3433", "text": "Akhir-akhir iki akeh wong sing keweden polahe saking geleke bencana alam. Bencana iku wujute yo pirang-pirang koyok contone banjir, gunung bledos, lonsor, ambek gempa. Terus bencana alam iku opo? bencana alam yoiku perkoro sing kedaden teko alam sing iso dadekno musiba utowo perkoro sing elek nang lingkungan pinggire. Salah sijine contone yo koyok udan awe, banjir bandang, ambek liyane. Sing garai bencana alam iku yo akeh contone nag lemah longsor biasane teko menungso sing bacoki wit-witan terus ora ditanduri wet maneh, maeri ngunu gempa sing saking gedene terus akhire dadekno lemah iku longsor yo ono. Yo akehlah sing garai bencana alam iku metu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9999", "text": "Dadi karyawan ing instansi iku mesti duweni SOP utawa aturan standar operasional. Salah siji standar operasional sing biasane mesti ana yaiku kudu ramah ning pelanggan utawa wong sing mara ning kene. Misale petugas sepur KAI ora oleh ngamuk-ngamuk yen ana wong liya takon babagan sepur jurusan kutha wis budal apa gurung. Mung amarga wong liya ora ngerti lan pancen iku tujuane takok ning petugas supaya diwenehi ngerti sing endi sing bener. Mula dadi petugas ing panggon umum iku pancen kudu duweni stok kesabaran sing akeh amarga kene ora ngerti wong sing kaya kepiye sing bakal teka ing kene lan bakal kene adepi.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5381", "text": "Kakangku kerja ning sawijine kantor periklanan. Dekne salah siji pegawe sing ngurusi proyek iklan sasi iki karo produk kosmetik gedhe sing ana ning Jakarta. Dekne wis nggawe susunan kerja lan rencana tim uga kebutuhane apa wae. Kakangku iki uga wis mbelan-mbelani lara lan lembur amarga proyek iki akeh keuntungane. Nanging barang wis sak sasi, jebul kakangku diganti karo salah siji kancane sing mbuh saka endi oleh proyek kuwi lan wiwit awal melu ngurusi. Alesane uga ora jelas lanora bisa diterima. Jarene kakangku kerjane kurang apik kamangka diganti. Banjur telung sasi sak uwise kuwi, kakangku metu saka kantor lan luwih milih kerja ning BUMN. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2020", "text": "Aku tau karo konco numpak montor boncengan menyang Semarang. Kanggo awakku iki dadi perjalanan pertama aku neng kota kui. Awak dhewe ora ono rencana ngenep neng kono. Dadi awak dhewe bareng-bareng seko Yogyakarta. Awak dhewe mangkate isuk supoyo awak dhewe tekan kono isih awan lan iso neng akeh panggon wisata neng kono. Dolan neng ibu kotane Jawa Tengah kui pancen seru. Awak dhewe akeh neng panggon sejarah neng kono lan mangan panganan khas neng kono. Nanging sing medeni kui, perjalanane. Pas mangkat, awak dhewe arep ketabrak trek tekan peng 2. Pas baline kui, ngepasi banget pas ujan. Wis udan-udan neng kono, awak dhewe uga arep nabrak trek mergo ora ketok.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1437", "text": "Yen awak dhewe duwe irung sing sensitif, awak dhewe ora usah gaya mlebu pasar. Pasar kui ambune akeh sing ameh. Neng kono ono berbagai jenis bahan panganan sing didol. Ambu sing kecampur-campur kui gawe irunge dheweke sing irunge sensitif dadi ngeroso jijik. Awak dhewe ora bakal kuwat ono neng kono suwe-suwe. Makane kui, awak dhewe ora usah gaya mlebu neng panggon sing koyo ngono. Awak dhewe apike ngindari panggon-panggon sing mambune campur-campur koyo pasar mau, kecuali awak dhewe pancen butuh mrono, misale mergo awak dhewe kui kudu tuku bahan kanggo dodolan. Yen awak dhewe ora ono kepentingan, mending awak dhewe belonjo neng super market wae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7235", "text": "Gak kabeh uwong iku beruntung ndek masa lalune. Beberapa uwong tau ngalami kejadian masa lalu sing gak diingino dan iku nimbulno trauma. Gawe awakmu sing gak tau ngalami, berarti awakmu beruntung. Tapi mbasio ngono, awakmu gak oleh ngeremehno trauma sing diduweni wong liyo. Opo maneh sampe ngomong “halah ngono tok ae lho”. Bagimu mungkin iku remeh, tapi gak gawe wong sing ngalami trauma. Hal cilik iku isok dadi sumber trauma. Dan gawe awakmu sing gak tau ngalami trauma, awakmu gak bakal isok ngerti menderitane wong sing nduwe trauma dan berusaha ngelawan iku kabeh. Perasaan wedi sing dialami iku wajar, dan gak isok diremehno. Bahkan nek trauma iku kondisine wes serius, isok ngaruh nang kejiwaan wong iku.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3762", "text": "Saiki jamane wes maju, tapi akeh wong sing tambah sak karepe oleh buak sampah. Nah polahe perkoro kene maeng akhire sampah akeh sing numpuk nang endi-endi, ono sing nang pinggir dalan, ono sing nang pinggir kali ambek liyan-liyane. Nah kabeh iku maeng iso marakno roso jember opo maneh nag wes akeh sing bosok sing akhire dadekno ambu sing ora enake megilan, terus sak liyane iku yo iso dadekno lingkungan sing ono nang pinggire maeng maleh dadi ketok kemproh mergo sampah kene maeng. Mangkane nag iso buak sampah iku ojo sampek marakno wong iku mikir lingkungan iku kemproh mergo sampah sing wes numpuk ora karoan. Soale teko tumpukan sampah iku maeng maleh dadekno perkoro sing eleke megilan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2001", "text": "Sak ben telung sasi pisan, aku rutin donor darah. Sakjane aku wedi donor darah. Mergo gelem ora gelem, awak dhewe kudu disuntik supoyo getihe iso metu. Sing marake tamah wedi kanggo wong sing seko awale kui wedi karo jarum suntik, awak dhewe kudu ditujep awake paling ora peng loro. Sing pisanan kui, pas meriksake getih. Bakal ono dokter utowo perawat sing jogo neng ngarep, sing tugase ngecek getihe awak dhewe. Sing dicek kui golongan getihe karo tingkat kekentelan getihe dhewe. Yen ora kentelan lagi awak dhewe iso donor. Pas arep donor, awak dhewe kudu ditujeb meneh, paling ora pisan. Soale, aku tau kerungu koncoku tau ditujeb tekan peng loro mergo getihe ora metu-metu utowo nadine ora terlalu ketoke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2557", "text": "Awit biyen sampek saiki sing jenenge pengalaman iku maceme ono pirang-pirang yaiku onoh sing elek, ono sing mangkelno, ono sing banggakno, yo ono sing nyenengno. Lah pengalaman kabeh iku yo duwe keistimewaan dewe-dewe kanggo sangu urip nag dunyo iku. Mangkane pengalaman iku duwe manfaat sing duwe efek bedo-bedo nang uripe menungso. Lah pengalam paling nyenengno nag jero urip iku yo biasane manfaate yo gedene pol kanggo uripe wong sing duwe roso maeng salah sijine kenek gawe tomboh rosone sedeh pas ngalami musibah utowo pas ngalami kebingungan polahe urip. Lah ambek pengalaman sing nyenengno maeng wong sing sedeh maleh rodok ilang utowo rodok lali.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9918", "text": "Diilokna karo wong liya iku pancen nyelekit banget. Apa maneh sing diilokna iku wujude awake kene. Manungsa pancen ora ana sing sempurna, nanging ya ora oleh sakjane ngilokna apa sing wis diciptakake karo Gusti Allah. Saiki pancen duweni fisik sing apik, ayu banget, irunge mbangir, dukur lan ora bantet, nanging urip iku kan muter. Sapa ngerti Gusti murka lan njupuk kabeh kenikmatan iku. Seyigyane yen wis diwenehi nikmat sing kaya ngono karo Gustu, kudu disyukuri kanti ora ngilokna fisike wong liya sing beda. Kabeh sing diciptakake karo Gusti iku wis dadi takdir saka Gusti sing paling apik kanggo saben manungsa.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7297", "text": "Kadang ngeroso gak seh, nek nduwe konco online ae iku gak cukup. Awak dewe kadang butuh ketemu ambek wujud menungso secara langsung cek isok ngobati rasa kesepian nang ati. Gawe awakmu sing bingung kudu nggolek konco nang ndi selain online, coba melu suatu acara sing ngadakno suatu perkumpulan. Gawe awakmu sing kpopers, pasti awakmu nduwe fandom, nah, awakmu isok nggolek konco nang fan gathering ndek kota terdekatmu. Carane sing pertama golek acara sing berhubungan ambek artis sing mbok senengi dan sing diadakno ambek wong sak fandommu. Nek wes nemu, catet tanggal acarane. Pas hari-h, awakmu berangkat nang panggon acarane. Teko kono, awakmu isok ngajak kenalan wong sing melu acara iku dan awakmu isok nambah konco sing sak frekuensi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2031", "text": "Pas aku isih kuliah, aku tau melu peringatan tsunami Aceh sing biyen kedaean tanggal 26 Desember 2004. Aku sebenere dudu wong Aceh lan keluarga ora duwe kaitan opo-opo karo propinsi sing paling kulon Indonesia kui. Nanging, aku melu salah siji sanggar tari Aceh neng kampusku. Dadi aku kenal akeh wong-wong sing seko Aceh. Mas-mas sing seko Aceh kui duwe inisiatif gawe pagelaran tari aceh gedhe sing ngundang sanggar tari Aceh sak Yogyakarta. Terus aku melu dadi salah siji penari. Awak dhewe memperingati kui taun 2018. Aku lali kui tanggale pas tanggal 26 Desember opo ora. Nanging seko kui aku dadi ngerti, piye rasane wong-wong sing langsung keno tsunami kui. Aku ora ngebayangke sepiro wedine wong-wong pas keno ombak sing gedhe kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7956", "text": "Biasane, arek sing dadi korban bullying iku bakal meneng. De’e milih gawe mendem masalah sing lagi diadepi ben wong tuwone gak kepikiran. Nek suwe-suwe dijarno, malah isok mbahayakno arek iku dewe. Awak dewe sebagai wong tuwo, isok lho ngenali tanda-tanda arek sing kenek bully dan nyelametno arek iku mau sak durunge telat. Siji, sering turu bengi utowo gak turu blas. Loro, nilai mata pelajaran tambah suwe tambah mudun. Telu, gak nafsu mangan, luwe meneng, terus sensitif. Papat, menjauh teko pergaulan ambek muncul rasa wedi nang lawan jenis. Limo, gak tau ngomongno perkoro konco nang sekolah, utowo marah nek disinggung perkoro iku. Enem, protektif pol ambek sembarang jenis alat elektronik sing diduweni. Pitu, krisis percaya diri, terus gaya klambenane berubah. Wolu, sering njaluk duit sing alesane gak jelas. Terakhir, moro-moro onok abo nang rai, tangan, geger, ambek bagian awak liyane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5673", "text": "Kelelep kuwi penyebab kematian ora disengaja paling dhuwur ning dunya nomer 3, yaiku 7% saka kabeh kematian amarga ora disengaja. Ning dunia media, wong sing kelelep iki mesti ngerasakake gagal napas amarga paru ora bisa nyerep oksigen kanggo ngedarake getih saka pembuluh. Kamangka, sel darah merah sing ora kena oksigen iki bakale pecah lan kuwi sing arane hemolisis. Kamangka, wong sing kelelep nanging mayite langsung ketemu mesti isih bisa ngetokake getih amarga hemolisis lan biasane awake uga biru-biru. Wong sing kena hemolisis amarga kelelep iki cilik kemungkinane bisa ditulungi amarga hemolisis merga kelem iki bisa langsung nyerang kabeh sel bebarengan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8312", "text": "Toilet, WC, utowo jamban iku ngerujuk nang perlengkapan omah sing fungsi utamane gawe panggon ngguwak kotoran, yaiku oyoh tako telek. Toilet iku biasane ngerujuk nang ruangan panggon perlengkapan iku onok, mbasio isok sisan ngacu nang perlengkapan iku mau. Istilah liyane iku kamar kecil gawe memperhalus penyebutan. Nek istilah kloset, kakus, utowo jamban iku mek ngerujuk nang perangkate tok. Kadang onok sisan sing nyebute tandas, tapi jarang. Tandas iku dijupuk teko boso Melayu sing ngerujuk nang perangkat utowo ruangane. Toilet karo jedhing iki bedo sisan. Nang jedhing iku biasane onok kloset e sisan, tapi nek toilet iku gak isok digawe adhus.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9479", "text": "Yen duwe angen-angen pancen sabisa-bisane kudu kang dhuwur lan yakin ing sawijining dina pangangen mau bakal dadi kanyatan. Kaya aku kang seneng banget maca novel karyane Leila Salikha Chudori. wus meh kabeh dakwaca, saka Laut Bercerita, Pulang, 9 dari Nadira, Malam Terakhir, The Longest Kiss: Short, nganti Gelap Terang Hidup Kartini. Anggonku seneng awit dheweke tansah merjuangake nilai-nilai kejujuran, keyakinan, tekad, prinsip dan pengorbanan. Ana meneh kang njalari aku seneng marang tulisane yaiku dheweke ora ragu anggone nggambarake hal-hal kang isih kaanggep tabu dening masyaraat tradisional. Mula aku duwe pepengin banget kudu bisa ketemu dening mbak Leila Salikha Chudori lan foto bareng. Wektu kuwi toko buku Gramedia nganakake festival literasi, aku melu acara jumpa sastrawan, nanging ora ngerti sapa kang bakal dadi narasumber. Pas dina tumekane jebul kang ngisi festival literasi yaiku mbak Leila Salikha Chudori. Atiku mbungahi banget, kanyata mimpiku dadi kanyatan. Ora mung ketemu lan foto bareng, nanging aku uga oleh tanda tangane ana buku lan duwe kesempatan oleh coaching clinic dadi penulis. Duh Gusti sembah nuwun. Mula kanggo kanca-kanca ayo padha duwe mimpi kang dhuwur. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7129", "text": "Akeh banget bank sing isok digawe panggon nabung duit. Mulai teko bank konvensional, bank swasta, sampe bank luar negeri. Cuma gawe dulur-dulur muslimku, sak isok mungkin nggolek bank sing gak atek onok bungane yo rek. Bunga neng bank iku termasuk nang kategori riba, dan iku termasuk duso gede. Onok hadist sing ngomoing lek dusone riba iku duso sing nduwe 72 pintu. Duso paling entenge riba iku podo ambek dusone berzina ambek ibu dewe. Bayangno, iku sing paling enteng, ndaniyo sing paling abot bakal koyok yaopo. Wes ojok sampe iku terjadi nang awak dewe rek. Dadi gawe awakmu sing sek nabung nang bank sing onok bungae, mulai beralih nang bank syariah ae rek. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1451", "text": "Pas neng bangjo kui kelakuan wong-wong kui werno-werno. Akehe wong ngenteni lampu ijo kanthi anteng. Nanging ono uga sing ngelakoke hal liyane. Ono sing dolanan HP. Ono uga sing nyanyi-nyanyi nganggo swara cilik. Nanging sing paling mangkeli kui, wong sing ngidu neng bangjo. Tau pas kui, aku numpak montor. Aku lagi ngenteni lampu ijo neng banjo tekarhir sakdurunge omahku. Aku ngentenine kui pas neng buri trek. Pas lampune wis ijo, aku nyalip seko tengen trek kui. Ngerti-ngerti sopire kui ngidu pas keno kelambiku. Aku langsung madeng mergo kaget sekaligus gilo. Trek kui wis langsung bablas, ora sempet tak seneni. Banjur aku cepet-cepet bali omah supoyo iso cepet salin.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7512", "text": "Hadiah iku pemberian duit, barang, utowo jasa sing dilakoni dan iku gak onok kompensasi balik koyok nek nang perdagangan, mbasio kadangan sing ngekeki hadiah iki bakal ngarep imbal balik. Hadiah iki kadang disebut hibah utowo kado. Nang kehidupan menungso iki, tindakan tuker hadiah iki isok gawe ningkatno kedekatan sosial. Pemberian hadiah iki onok macem-macem maksute. Mulai teko pernyataan cinta, pernyataan persahabatan, pernyataan suwun, mergo sakno, pernyataan kebersamaan, bagi-bagi harta sing diduweni, utowo ancen onok kebiasaan ae. Kebiasaan sing dimaksud iki koyok ulang tahun, pernikahan, lahiran bayi, lulus ujian, dan onok sing liyane. Hadiah iki jenise onok macem-macem, mulai sing sederhana sampe sing mewah.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7251", "text": "Tahun iki lagi masa UTS ndek sekolahe Lila. Dan koyok biasa, ben wayahe pelajaran sing de’e gak isok, Lila pasti wes siap-siap hp nang kantong seragame gawe nyontek materi. Awale kabeh berjalan lancar, pengawase gak curiga blas ambek gerak gerike Lila. Sampe pas pengawase keliling kelas, moro hp ne Lila muni dan layare nyala. Kesalahane Lila, hp ne didekek nang loker meja, sing marakno pengawase langsung ketok dan akhire konangan. hp ne Lila langsung dijupuk karo pengawase dan de’e langsung diceluk nang kantor guru. Pengawas sing mau iku salah siji guru matematika sing wes percoyo banget ambek Lila. Guru iku wes nganggep Lila sebagai murid sing apik, tapi iku kabeh tercoreng mergo kejadian dino iki. Lila langsung nyesel banget dan njaluk sepuro nang gurune iku dan nggawe surat perjanjian gak bakal baleni maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3804", "text": "Yo nag jarene koncoku telono suwek iku ora atek isin. Terus jarene deke iku, telono suwek iku karek delok suweke iku nang endi, nag sing suwek pas nang bokong utowo mestak yo mesti iku bakal ngisini. Tapi nag sing suwek iku mok nang pinggir ambek nang ngisor yo ora masalah wong ora ono sing marakno isin polahe sing suwek kan nang petet ora nang tengah. Yo ancene telono suwek iku yo iso ae marakno isin masi sing suwek iku saitik, tapi nag digawe nang acara sing penting koyok acara nikahane konco, rapat, ambek liyan-liyane sing ancene iku penting. Dadi perkoro iku yo ora sepirooh ngisini se soale kan karek delok sing suwek iku endi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9158", "text": "Kabeh uwong iku pasti tau ngalami sing jenenge marah. Biasane iku mergo ngeroso onok sing gak bener utowo onok sing mancing perkoro. Nek wes ngono, akeh-akehe uwong iku pasti bakal ngelampiasno dan maleh ngamuk karepe dewe. Padahal nek nang Islam, sing koyok ngono iku gak oleh lho. Awak dewe dikon gawe ngempet amarah e awak dewe, gak oleh asal dilampiasno koyok ngono. Wedine engkok pihak sing diseneni awak dewe dadi lara ati. Cara sing biasane tak lakoni gawe ngempet emosi iku ngadoh teko keramaian, terus meneng nang siji titik iku. Teko kono, aku ngatur napas dan ngatur isi utekku sisan ben gak mikir negatif terus. Nek wes rileks, baru aku mbalik maneh. Awakmu isok sisan mraktekno caraku iku mau nek lagi emosi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9136", "text": "Kelelep nang kolam utowo laut iku kecelakaan sing isok kedaden gawe sopo ae, nang ndi ae, dan kapan ae. Nek misal awakmu lagi ngonangi onok uwong sing kelelep, awakmu kudu cepet-cepet nulungi. Nek isok, awakmu ngelakoni pertolongan pertama ben korban iku mau kondisine gak tambah nemen. Pertolongan pertama sing isok dilakoni gawe korban kelelep iku ngekeki napas buatan. Cara ngekeki napas buatan iku koyok ngene. Siji, baringno korban nang panggon sing datar dan posisi terlentang. Loro, jepit irunge korban dan tempatno lambemu ndek posisi terkatup nang nduwur lambene korban. Telu, jupuk napas koyok biasa, terus tiupno udara alon-alon nang njero lambe korban iku mau. Lakoni sampe ping limo. Nek gak isok, baru awakmu ngelakoni CPR.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1494", "text": "Sing marake awak dhewe jijik kui ora mung benda sing mati utowo makhluk sing urip, mengso kui uga iso awak dhewe jijik. Luwih tepate, awak dhewe iso jijik mergo tabiat elek menungso. Tabiat sing marake awakku paling jijik kui sombong. Wong sombong kui ngobaine angel. Yen dheweke ora sadar disikan, dheweke ora bakal mari-mari. Wong sing angkuh kui ngeroso yen dheweke kui wong sing paling apik lan ngeroso opo wae sing dheweke yakini lan omongan sing methu seko ilate dheweke kui bener kabeh. Dheweke ngeroso ora mungkin dheweke salah. Kui sing marake aku jijik. Padahal, dheweke mestine sadar yen menungso kui panggone salah, dadi mesthi dheweke kui tau ngelakoke kesalahan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9516", "text": "Ora gampang kanggo Dewi amarga setaun iki kelangan 2 Mbahe sing paling disayang. Mbah kakung lan Mbah putrine wis mati gur gang 6 wulan. Nanging kanggo Dewi iki wis dadi takdire Gusti. Supaya ora sedih, Dewi ngelakoni pirang-pirang kegiatan. Sing nomer siji, yen kelingan Simbahe Dewi langsung uga iling marang Gusti supaya ora tambah sedih. Nomer loro, Dewi gelek golek kesibukan sing ana ing kampus supaya ora ning omah terus sing nggarakna tambah sedih. Nomer telu, Dewi njajal kanggo ikhlas senajan isih angel. Kabeh iku dilakoni Dewi supaya dheweke tetep bisa ngelakoni dina-dina kanti bagya ora terus sedih lan nangis wae. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3400", "text": "Biyen pas aku isek sekolah SD ono sing jenenge imunisasi sing moro nang sekolah-sekolahan. Pas wayahe sekolahanku, bocah-bocah doh podo nangis soale wedi karo suntikane. Sing garai wedi iku asline ora suntike, tapi lorone sing ora iso diempet. Terus sing garai wedi maneh iku, bocah-bocah sing mari disuntik iku mesti nangis ambek sambat loro. Terus akhire bocah-bocah doh podo mlayu kabeh, terus sampek ono sing digebal barang ambek guru-guru nang sekolahan ben kenek imunisasi. Yo biyen jaman sak mono yo ramene megilan, soale biyan ancene nang kampungku iku isek desone pol, terus nag ero perkoro koyok ngunu bocah-bocah yo mesti wedi kabeh lah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "308", "text": "Salah siji alternatif sing paling memungkin kanggo wong-wong sing di-PHK kui dawe usaha dhewe. Dunia usaha kui persaingan neng donyo usaha kui luwih adil timbangane kerjo kantoran. Ketompo neng gawean kui ono \"isitilah wong jero\" Neng dunia usaha, ono isitilah koyo ngono. Wong sing paling ulet lan cermat sing bakal luwih sukses. Modale uga ora kudu akeh. Iso nganggo pesangon utowo duwit tabungan seko gaji neng gawean sing disik, opo meneh kanggo usaha panganan. Sak liyane modal sing ditoke kuwi ora terlalu akeh, saiki wis akeh wong sing ngewehi resep lan coro dodolan neng internet. Awak dhewe tinggal milih wae endi jenis usaha sing paling cocok. Buka usaha dewe kui uga luwih penak. Soale, ora ono sing iso ngatur awak dhewe. Awak dhewe sing dadi bose neng kono.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1448", "text": "Yen omahe dhewe kui kerep kelobonan khewan-khewan sing jijiki, koyo tikus lan coro, kui artine kondisi omahe dhewe lagi reged banget. Wong-wong sing teko neng omahe dhewe bakal dadi ora kerasan yen delok khewan-khewan kui pas dolan neng omahe dhewe. Dheweke dadi pengen cepet bali neng omahe. Makani kui, kanggo salah siji bentuk kanggo ngurmati tamu, awak dhewe kudu kerep ngeresiki omahe dhewe. Awak dhewe kudu ngeresiki kabeh sudute ben wong-wong ora podo jijik meneh pas dolan neng panggone dhewe. Kaboh sudut kamar neng omahe dhewe kui kudu resik. Nek iso awak dhewe noto ulang perabotane dhewe, supoyo ora ono panggon khewan-khewan sing jijiki kui kanggo delik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9416", "text": "Jadwal ujian sekolah wis metu. Adhiku wis mbebeki wedi ngadepi ujian. Aku mesakke ndelok adhiku gupuh kabeh kaya ngunu. Aku biyen uga ngerasakke wedi ngadepi ujian apa maneh kanti pelajaran sing akeh banget. Aku njajal nggawekke tata cara sinau kanggo ngadepi ujian supaya bisa ngerjakke kanti gampang. Nomer siji, sinau kudu adoh-adoh saka dina ujian. Yen sinau nalika mepet wektu ujian, materi sing disinaui ora bakal mlebu. Nomer loro, sinau ora mung diwaca nanging kudu sisan dicathet. Nalika mung diwaca, materi iku bakal mung liwat kuping tengen lan metu kuping kiwa. Yen diwaca lan dicathet, utek bakal melu ngerekam apa wa sing wis dicathet saengga bakal luwih mlebu materine. Adhiku njajal rong cara iki lan ndilalah lulus ujian sekolah nganti dheweke seneng banget.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6191", "text": "Tiba ning ngarep umum kuwi dadi salah siji pengalaman sing paling ngisin-ngisini kanggo Gina. Pas dadi panitia acara ning kampus, Gina iki sregep banget wara-wiri lan uga kudu gerak cepet amarga dibutuhake wong akeh. Banjur pas wis bengi, panggon acara kuwi udan deres, nanging Gina kudu tetep obah amarga dekne saiki ngurusi perlengkapan sing meh wae kudanan. Pas dekne liwat ning ngarep peserta, Gina kepleset amarga ana bagian panggung sing lunyu banget. Ora lara, nanging babagan kuwi marai Gina isin banget. Akeh wong sing ndelok nanging ya Gina kudu tetep tangi senajan isin lan rasane pengen balik wae ning kos. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7278", "text": "Tau krungu peribahasa “mulutmu harimaumu” gak? Pasti sebagian akeh wes tau lah. Iku salah siji peribahasa sing paling terkenal nang Indonesia. Artine iku kata-kata sing metu teko cangkemmu iku isok dadi ‘senjata tajam’ sing isok nyakiti wong liyo nek gak dijogo. Ikulah kadang onok uwong sing nyesel ambek perkataane dewe soale de’e gak isok njogo cangkeme dewe dan berujung nyinggung perasaane wong liyo. Kadangan pun peribahasa iku isok mbalik nang awak dewe. Contohne awak dewe nyumpah-nyumpahi wong liyo dengan ucapan sing elek, ujunge malah sing kenek sumpah iku awak dewe. Ujunge malah nyesel dewe. Dadi mulai saiki, jogoen cangkemmu sak durunge awakmu nyesel.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9521", "text": "Sadina-dina, Dita nangis terus amarga wingi oleh wara-wara yen dheweke ora mlebu ing universitas sing dipengini. Dita ngerasa dheweke gagal kanggo nyenengke wong tuwane. Wiwit isuk nganti bengi Dita ora metu blas saka kamar amarga ngerasa isin ketemu kaluwargane kususe wong tuwane. Wong tuwane akhire mlebu ing kamare kanggo ngewenehi semangat ning Dita supaya ora perlu ngerasa gagal lan isin. Kabeh mesti tau ngerasakna apa iku kegagalan. Kudune iki didadekna pengalaman lan pelajaran wae kanggo Dita supaya mengko yen ana kedadean kaya ngene kudu luwih cepak kanggo sinau, lan dunga. Sawise ngerungokna pituture wong tuwane, Dita ngerasa luwih ayem atine lan akhire ora nangis maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1048", "text": "Misale awak dhewe lagi neng panggon sing peteng terus kerungu swara sing marake merindung, awak dhewe ora usah langsung kabur. Iso wae kui dudu swara demit. Mungkin, kui swara demit sing digawe koncone dhewe supoyo awak dhewe dadi wedi. Opo meneh yen lokasine kui cerak omah utowo cerak sekolahan. Kemungkinan besar kui tenanan swarane koncone dhewe. Awak dhewe ojo gemeteran. Senadyan swarana kui tetep medeni, awak dhewe kudu wani. Soale, yen awak dhewe tetep wedi lan ngelakoke sing iso gawe dhewe isin. Peristiwa kui iso dadi bahan lok-lokane koncone dhewe. Selama awak dhewe isih kancanan karo dheweke, dheweke bakal ngungkit-ngungkit perkoror kui kanggo gojekan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "232", "text": "Keberuntungan kui identik banget karo ongko. Mungkin mergo judi sing ngandelke kebejoan kui kerep hubungane koro ongko. Ning pernyataanku mau sing perkoro judi isi wae salah. Nanging akeh wong neng donyo iki percoyo karo keberuntungan sing digowo angka tertentu. Kabeh kebudayaan neng donyo iki duwe angka bejo sing werno-werno. Misale neng negoro-negoro Asia TImur kui, koyo Jepang, Korea, lan Cino, angka sing dianggap gowo bejo utowo hoki kui angka 8. Angka 8 kui ngelambangke sugih lan kesejahteraan. Neng negoro-negoro kulon, angka 7 kerep dianggep ongko sing gowo bejo. Neng Italia angka sing dianggep bejo kui angka 3 lan 13. Senadyan rong angka kui dianggep gowo kesialan, Italia ngangep kui angka sing gawe bejo mergo ono kaitane karo agama sing akeh dianut neng kono.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4887", "text": "Tradisi temanten sing ning Indonesia iki akeh maceme. Salah sawijine tradisi manten sing ana ning Sumatera Utara, yaiku manten Batak. Manten Batak iki umume luwih akeh prosesi adate amarga sistem kekeluargaan manten Batak iki isih raket lan isih ana kaitane karo marga. Kamangka kuwi, ana prosesi kenalan kanggo ndelok calon manten iki margane saka ndi lan didelok, apa isih ana hubungan keluarga. Yen ora duwe marga, calon manten iki diangkat anak karo pakdhe utawa budhe saka pihak maratuwa ben duwe marga. Banjur upacara manten iki bisa dilaksanakake. Amarga mayoritas kristen utawa katolik, biyasane manten Batak iki ana prosesi lamaran ning ngarep pandita, rampung kuwi prosesi mantenan utawa pemberkatan ning dina liyane. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3894", "text": "Pengalaman wong urip iku yo macem-macem, ono sing apik yo ono sing ngisin-ngisini. Pengalaman sing ngisine wong iku yo macem-macem karek wonge iku nganggep piye. Jareku pengalaman sing ngisine iku yo neg pas awak dewek ngelakoni perkoro sing ancene awak dewek ora ngarepno perkoro iku kedaden nang ngarep umum iku termasuk perkoro sing ngisine. Tapi nag jarene koncoku, yo karek wonge mikire piye soale ora kkabeh wong kepikiran perkoro sing ngisin-ngisine iku dadi perkoro sing ngisin-ngisini. Mari ngunu wong iku karek sifate, nag wong sing mikar-mikir yo jelas pengalaman iku iso dadi pengalaman sing ngisine wong ambek dadi pengalaman sing elek nang uripe. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7921", "text": "Akhir-akhir iki lagi sering udan dueres. Wes deres, gluduk e buanter pol. Iku sing marakno Karin ngeroso gak aman terus mbasio wes nang njero kamar e. Pokok nek wes udan, pasti de’e cepet-cepet nang kamare dan nggulung awake nang njero kemul terus masang earplug ben gak krungu gluduk iku mau. Isuk iki lagi cerah, dadi Karin sek isok ngelakoni kegiatan koyok biasane. Moro-moro gak onok abang gak onok ijo, onok muni gluduk banter pol sing marakno Karin langsung mak dheg dan awake langsung kaku pol. Pas krungu suara banyu udan, de’e panik soale pasti mbari ngede gluduk e tambah akeh. Tapi awake wes kaku disikan mergo gluduk sing pertama mau. Akhire de’e mek isok nangis saking wedine.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7247", "text": "Gagal melbu nang universitas iku onok akeh banget faktore. Salah sijine iku salah milih jurusan. Nek semisal awakmu milih jurusan sing dadi favorite akeh calon mahasiswa baru, peluangmu gawe melbu tambah cilik. Onok taktik cek awakmu gak salah pilih jurusan dan isok ketompo nang universitas. Siji, pilih jurusan sing ancen mbok minati dan awakmu sanggup gawe ngadepi iku. Nek jurusanmu guduk jurusan favorit, sek aman. Nek jurusanmu iku jurusan favorit, siapno gawe latihan soal luwe akeh dan kuasai ilmune luwe mendalam. Loro, golek jurusan nang universitas sing peluang keterimone luwe gede. Semisal, peluang lolos nang jurusan kedokteran nang kampus A iku 15 persen, terus peluang lolos nang jurusan kedokteran nang kampus B 40 persen. Berarti awakmu pilih jurusan kedokteran nang kampus B. Telu, nek awakmu ngincer kampus idaman, berarti nggolek cadangan jurusan sing mbok minati tapi sing peluang melbune paling gede.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9192", "text": "Uji Kompetensi Mahasiswa Program Profesi Dokter utowo disingkat dadi UKMPPD iku siji-sijine ujian sing diselenggarakno ambek negara gawe kabeh calon dokter Indonesia ben isok ngentokno gelar dokter e. Jarene Moh. Nasir, UKMPPD iki tujuane gawe njogo mutu lulusan pendidikan dokter, dan dadi bentuk perlindungan nang masyarakat ambek pengguna jasa layanan kedokteran. Syarat utama ben isok melu ujian iki yaiku ben mahasiswa kedokteran kudu nyelesaino pendidikan preklinik, klinik, dan dinyatakno lulus ambek fakultas kedokteran masing-masing. Ujian iki onok rong bagian, yaiku tes berbasis komputer ambek tes roleplay dokter ambek pasien. Sak tahune, ben peserta nduwe kesempatan gawe melu UKMPPD sampe ping papat. Biaya pendaftaran gawe paket tes UKMPPD iku kisaran sak juta.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9178", "text": "Aku iku tau ngalami hal sing gak nyenengno, yaiku diserobot antrian. Iku malesno pol seh. Sing luwe mangkelno maneh iku pas petugas e njarno wong iku nyerobot antrian. Padahal kabeh iku kudu isok tertib sesuai ambek urutane. Wes ngono, engkok sing nyerobot iku akeh pol alesane. Sing gopoh lah, sing luwe ngeroso perlu lah, wes nggatheli kabeh. Kadangan iku pas awak dewe lapor petugas, de’e maleh ngongkon awak dewe ngalah. Sing koyok ngono iku marakno jembek pol, sumpah. Nek misal awakmu ngalami kejadian sing plek koyok ngono, awakmu kudu isok negur petugas nganggo cara sing luwe teges ben wong liyo gak keganggu sisan ambek wong sing nyerobot mau.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2628", "text": "Kegagalan nag urip ancene kadang garai wong sampek atine ngenes terus ora iso mikir sing apik. Kegagalan maeng ancene mesti tau mampir nang kabeh uripe menungso, karek wong iku maeng piye carane ngadepi kegagalan maeng. Ben kegagalan maeng akeh wong sing wes tau ngadepi perkoro iku maeng ngajak nag uwong sing ngadepi kegagalan urip iku kudu duwe pikiran sing apik-apik karo kegagalan iku. Soale nag pikiran sing apik-apik sing dipikirno ambek sing jenenge kegagalan maeng akhire mesti dadi apik. Sing paling mungkin kedaden nag wong nganggep gagal maeng apik kanggo uripe, jelas dadi pengalaman sing iso dadekno wong iku maeng tambah kuat ngadepi uripe. Mangkane nag ngalami kegagalan nang urip ojo mbas pikiran elek, mikiro sing apik ben dadi apik.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7114", "text": "Onok akeh banget cara latihan sing isok dilakoni gawe persiapan tes TOEFL. Sing paling akeh dilakoni iku latihan nganggo buku kumpulan soal terus ngerjakno paket-paket soal sing onok nang kono. Padahal sakjane onok akeh maneh cara latihan sing luwe santai dilakoni tapi efektif. Salah sijine iku ndelok film barat tanpa nganggo subtitle. Latihan sing siji iki paling efektif gawe tes listening, soale awakmu kudu memahami dialog sing onok nang film iku. Cara cek isok paham iku awakmu kudu luwe fokus gawe ngerungokno dialog para pemaine. Nah iku isok dadi latihan gawe tes listening TOEFL engkok. Dadi awakmu isok luwe fokus gawe ngerungokno dialog sing digawe tes listening e.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9588", "text": "Kanca sing biasane rame pol nanging ujug-ujug meneng iku biasane duweni masalah. Kadhang dheweke bisa langsung berubah 180 derajat beda karo biasane. Sing biasane ceruwak langsung dadi meneng. Yen wis kaya ngene, sing bisa dilakoni mung ngenteni dheweke crita. Mbuh iku masalah ing kaluwargane, masalah ing wong tuwane, utawa masalah abot liyane. Salah siji masalah sing abot iku nalika nemu kanca sing wong tuwane pegatan. Kadhang kene bingung meh kepiye supaya kancane kene balik ceria maneh. Yen dijarna ya mesakke, yen dijak ngomong kadang dheweke isih ora gelem crita. Ya wis pokoke yen nemu kasus kaya ngene aja lali kanggo terus ngajak kancamu dolan ya supaya dheweke ora ngerasa kesepian!.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2060", "text": "Aku biasane kui kerep ngerasake dhewekan. Senadyan aku duwe konco sing isih kerep ngobrol lan organisasi sing isi aktif, aku tetep ngeroso ono ruang neng atiku sing kosong. Lan rasa kui makin parah pas ono pandemi. Awal taun 2020, awak dhewe ora iso neng endi-endi. Awak dhewe pekso neng omah wae. Neng kono, aku ngeroso luwih dhewekan. Aku ngeroso uripke dadi angel lan aku uga mikir yen konco-koncoku sing liyo uga ngerasake sing podo. Aku ora gelem ngebebani konco-koncoku sing wis kangelan nganggo ceritoku. Dadi selama pandemi kui, 2020 tekan 2021, sing kiro-kiro setaun, aku ngero stress. Aku lagi iso ngeroso lego pas PPKM wis dilonggarke lan aku iso ketemu langsung karo koncoku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9092", "text": "Tau ndelok alat sing onok nang ICU gawe ngukur detak jantung pasien? Iku jenenge monitor ICU. Alat iki dikenal dadi monitor alat-alat vital. Alat iku nduwe fungsi gawe mantau kondisi fisiologis pasien secara teratur. Tujuane yaiku gawe mastikno stabilitase pasien. Monitor iki nduwe informasi tanda vital pasien sing isok gonta ganti ben detik e. Nek wes ngono, perawat ambek dokter isok nginterpretasikno dengan gampang dan bakal cepet ngelakoni tindakan nek onok perubahan tanda vital sing berarti. Monitor ICU nduwe akeh kabel sing nduwe sensor cilik nang bagian ujunge. Sensor iki dipasangno nang awake pasien dengan cara ditemplekno nang kulit utowo dijepitno nang salah siji driji. Tanda vital sing tertera secara umum mulai teko tekanan darah, suhu awak, saturasi oksigen, detak jantung, ambek frekuensi pernapasan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3842", "text": "Salah nyelok wong iku asline wes biasa kedaden nang uripe menungso, nah sing garai heran yoiku lapooh wong nag salah nyelok iku mesti isin. Nah sing jenenge salah nyelok uwong iku maeng termasuk penggawean sing kleru ngenali wong, terus dicelok nganggo jenenge wong sing dikenal. Nah asline iku ora masalah mergo iku wes biasa kedaden nang uripe menungso. Tapi sing marakno isin iku asline kan wonge dewe sing rumongso nag salah terus ambek rumongso atine iku sing kegeden mangkane ngetokno roso sing bersalah maeng. Nah sing termasuk iku maeng ancene sing gelek kedaden nang uripe menungso terus asline yo ora perlu se sampek isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "707", "text": "Pas awak dhewe lagi ngangtre kui, awak dhewe bosen banget. Sok-sok ngeroso luwih kesel timbangane aktifitas fisik sing liyane. Yen ono wong nyerobot, awak dhewe bakal nesu. Timbange awak dhewe nambah doso mergo misuh utowo gerundul, awak dhewe iso ngurangi rasa kesel lan bosene kui ben ora patio nesu pas diserobot. Awak dhewe ngantre karo ngerongke musik. Awak dhewe uga iso nyanyi. Nanging, swarne kudu dijogo ojo banter-banter, supoyo wong neng jejere dhewe ora kegangggu. Yen awak dhewe lagi sinau boso asing, awak dhewe iso nganggo wektu kui nganggo iling-iling kosa kata sing wis awak dhewe sinauni. Awak dhewe uga iso dolanan gim neng HP ben ora bosen.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7166", "text": "Praktek gawe meraih penghargaan iku sakjane wes onok akeh nang sekitare awak dewe. Salah sijine iku self-reward. Self-reward iki isok diterapno dalam hal opo ae, contohe perkoro diet. Awakmu onok niatan kate diet tapi gagal terus soale males utowo perkoro liyane? Onok solusi sing pas gawe awakmu. Solusi sing dimaksud yaiku gaweo target mingguan. Sisteme awakmu mbatesi mangan sing dadi pantangan selama 6 dino. Terus nek target iku tercapai, awakmu isok ngekeki penghargaan gawe awakmu dewe karena wes berhasil. Penghargaan iku isok berupa mangan panganan sing dadi pantangan dalam jumlah tertentu, utowo nglakoni hal-hal liyane sing isok marai atimu seneng. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8015", "text": "Ben uwong iku pasti tau ngelakoni kesalahan. Jenenge ae menungso, pasti gak luput teko kesalahan. Dan sek akeh pol uwong sing ngelakoni kesalahan iku senengane nutup nutupi kesalahane iku mau ben dinilai suci ambek wong liyo. Kadang sisan uwong iku nutupi kesalahane dengan cara mbujuki. Wes nutupi kesalahan, ditambah mbujuk sisan. Opo gak tambah numpuk duso nek koyok ngono iku? Padahal awakmu ngelakoni kesalahan iku manusiawi. Malah luwe apik maneh nek awakmu gelem ngakoni kesalahanmu iku mau. Hal iku ben masalah sing disebabno kesalahan iku mau gak bakal beruntut dan cepet marine. Nek wes ngono, awakmu sisan isok ngeroso luwe lego sisan soale wes isok lepas teko perkoro iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4949", "text": "Ana perguruan tinggi kedinasan sing sengaja diincer karo bocah-bocah sing lagi golek kampus amarga lulusane bisa kerja miturut bidang sing dikarepake. Nanging persiapane ya luwih suwe, luwih akeh lan kadang ya saingane akeh banget amarga seleksine bareng se-Indonesia. Ana wong sing wis nyoba ndaftar ning universitas liyane, nanging metu ning taun ke-2 amarga pengen nyoba kedinasan. Ana pro kontra pendapat babakan pindah kampus iki, apa maneh kampus pertamane kuwi wis paling apik. Kamangka kuwi, ayo saiki luwih bijak lan luwih bisa ngantisipasi uga luwih bersyukur amarga ning jaba akeh wong kang angel golek kampus. Aja malah mbuwak kesempatan sing wis diolehi. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3088", "text": "Srengen polahe penggawean disebet uwong iku ancene wes gelek kedadean nang jaman saiki. Tapi sing ngunuku ancen kudune ora atek dipek ati soale nag kakean ngamuk utwow srengen iku dadekno akeh penyakit. Akeh dokter ambek pakar sikologi sing ancene wes nganjurno nag srengen iku iso dadekno pirang-pirang penyakit, koyok contone iso dadekno darah tinggi sampek stroke barang yo ono. Mari ngunu teko wong-wong yo akeh sing ngarani nag wong sing srengen mesti umure ora dowo. Dadi perkoro ngunuku kudune wes ora atek dilebokno ati ben amblas kenek barat soale sing jenenge rejeki mesti ono gantine. Dadi ojo sampek awakmu srengen soale iku ora apik.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5271", "text": "Ana cerita lucu saka budheku pas wayah meteng jaman biyen. WOng jaman biyen kuwi ora sepira kuatir karo kondisi kesehatan lan ora mikirake babagan reproduksi. Miturut adat, wong jaman biyen ya rabi banjur meteng. Budheku iki wis duwe anak 2 lan wis ora mikir bakal meteng maneh. Budheku uga nerusake dodolan beras ning pasar. Budheku iki pancen lemu lan wonge duwe siklus haid sing ora teratur. Banjur budheku ngerasa yen awake ora penak. Pas dicek, jebul wis meteng pitung sasi. Banjur budhe lan pakdheku ya kaget, amarga ora ngetarani banget. Nanging ya keluwarga uga seneng amarga bakal nambah anggota anyar. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4976", "text": "Jaman saiki, akeh wong sing ora nikmati uripe dhewe amarga kudu mbiyayai kabeh kebutuhan keluwargane lan awake dhewe. Urip kaya iki marai akeh wong enom sing stres lan depresi amarga ngewarisi kabeh saka generasi sak durunge lan bisa dadi getun sak umur urip amarga ngerasa nyia-nyiakake kesempatan. Kamangka, akeh cara sing bisa dilakoni kanggo nikmati urip mumpung isih enom, yaiku akeh-akeh golek kanca, akeh mlaku-mlaku utawa dolan mumpung isih ana kesempatan, akeh golek kesempatan karir lan golek pengalaman, lan akeh-akeh maca buku sing bisa marai urip luwih temata. Banjur kudu duwe investasi sing jelas kanggo banda urip ning masa depan. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9064", "text": "Uwong sing kate ngomong nang ngarep publik ndek duwur panggung iku pasti wes nduwe naskah e dewe. Semisal MC sing nduwe naskah ben isok nggowo acara ket mulai sampe mari. Tapi kadang onok kejadian ndek ndi wong iku maleh lali ambek naskah e. Nek wes ngono, pasti bakal keweden dewe dan marakno demam panggung. Cara nyiasati lali naskah iku dengan cara improvisasi. Cuma kemampuan improvisasi iku gak isok instan ngono ae, kudu dilatih. Nek awakmu wes nduwe kemampuan improvisasi, awakmu gak bakalan maneh wedi nek misal lali ambek naskah sing kudune mbok apalno iku. Kemampuan improvisasi iki isok sisan gawe ngatasi demam panggung soale awak dewe isok luwe luwes gawe ngomong nang duwur panggung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7232", "text": "Trauma iku terjadine cedera fisik utowo mental sing serius sing marai uwong ngalami kerusakan psikologis dan berlangsunge suwe. Biasane wong sing nduwe trauma iku ngeroso terancam, cemas dan wedi. Hal umum penyebabe trauma iku teko kejadian masa lalu sing gak diingino. Wong sing nduwe trauma, bakal angel banget nglakekno kejadian sing dadi penyebab traumane iku mau. Bahkan nek wes nemen, penderita trauma isok kepikiran ambek kejadian iku ben dino dan iku bakal ngganggu rutinitas. Beberapa gejala sing muncul nek wong ngalami trauma iku antara lain ngalami syok, denyut jantung meningkat drastis, luwe sensitif dan gampang marah, cenderung ngindari lingkungan sekitar, sulit konsentrasi, dan sering ngalami mimpi buruk pas turu.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5393", "text": "Paspor yaiku dokumen sing dadi identitas yen ana wong sing urip utawa ana kunjungan ning manca negara. Ngurus paspor iki uga babagan sing gampang-gampang angel amarga akeh dokumen sing kudu dikumpulake lan kudu dicek. Kamangka kudu telaten, ngurus paspor iki kadhang marai mumet lan sering ana salah paham sing mangkeli karo petugas. Paspor iki kebagi telu, yaiku paspor kedinasan, uga paspor diplomatik kanggo duta besar. Bahasa sing ana ning paspor iki yaiku bahasa inggris lan Indonesia. Paspor konvensional iki ada 14 lembar lan 48 halaman. Amarga dokumen iki dokumen negara, paspor iki bisa dicabut sak wayah-wayah tanpa ana woro-woro saka pemerintah. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1001", "text": "Pas awal kuliah kui, fakultasku mesthi gawe lomba teater kanggo mahasiswa anyar. Sak ben jurusan kui gawe siji pertunjukkan. Bentuke iso opo wae ono sing bentuke teater biasa ono sing drama musikal. Aku pas kui kebagian dadi salah siji lakon neng pementasan jurusanku. Kira-kira selama 2 minggu, awak dhewe latian terus. Seko proses moco tekan prakteke langsung wis awak dhewe lakoni apik. Akhire, dino penampilan kui teko. Awak dhewe tampil jam setengah wolu bengi. Sak durunge awak dhewe wis cepak-cepak disik, ngirias rupa lan awak uga nganggo kostum. Ku kabeh wis rampang, saiki wektune munggah panggung. Pas lagi ngeteni bagianku mlebu panggung, aku ngerti-ngerti ngeroso wedi. Senadyan bar ujan, nanging awakku rodo kemringet. Aku rodo ora yakin iki, iso dadi lakon sing apik. Nanging pas aku mlebu lan pentase kui rampung. Penontone podo tepuk tangan. Jebul aktingku lan konco-koncoku kui, ora seelek sing tak bayangke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "728", "text": "Awak dhewe perlu nesu yen ono konco dhewe diselingkuhi. Koncone dhewe kui wong sing berharga kanggo awak dhewe. Yen ono wong sing ngelarani atine, awak dhewe uga berhak nesu. Nek perlu, awak dhewe genteni koncone dhewe mau ngelabrak lanangan bejat kui. Ben dheweke sadar opo sing dilakoke kui salah.Uga supoyo ora ono konco-konco awak dhewe sing liyo sing dadi korbane. Awak dhewe kudu ngewangi konco kui ben ora sedih suwe-suwe. Pas lagi ning posisi ngisor kui, awak dhewe kudu gawe koncone seneng, paling ora awak dhewe ono neng sisih pas dheweke arep curhat, ngungkape opo sing ono neng jero atine. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "237", "text": "Neng urip iki, awak dhewe ora iso mung ngadelke bejo wae. Ben awak dhewe ora percaya karo sing jeneng kebetulan, awak dhewe kudu duwe pola pikir sing pas. Sing ke siji, awak dhewe ojo mikir opo sing awak dhewe entoke kui merga usaha seko usahane awak dhewe. Bejo kui gur kebetulan, nanging pas ono kesempatan sing teko awak dhewe wis siap nompo. Sing keloro, awak dhewe kudu luwih percoyo neng Tuhan perkoro entuk rejeki kui. Awak dhewe kudu luwih percoyo karo usaha sing awak dhewe lakoke. Percoyo koyo sak liyane Gusti Allah kui perbuatan syirik. Awak dhewe mesthine ora kepegnen mlebu neraka gur mergo percoyo karo bejo.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4984", "text": "Anak kuwi wong sing paling kena efek yen ana wong tuwa sing pisahan amarga anak kuwi paling cedhak lan ngerti banget kaya piye hubungan wong tuwane. Anak iki uga paling ngerasakake piye kesele mental ngadepi wong tuwa sing duwe masalah amarga weruh padu lan tukaran saben dina. Apa maneh yen wong tuane ngandalake kekerasan fisik uga kekerasan saka omongan. Amarga kuwi, anak saka pernikahan sing gagal iki nduwe potensi gede kanggo gampang ngerasa ora direken lan ngalami kegagalan yen ora diarahke secara emosi. Yen proses pisah iki apik lan wong tuwa isih nduwe tanggung jawab, kegagalan emosi iki isih bisa ditangani. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2515", "text": "Nag media sosial saiki akeh wujute sing gawe gambarno roso seneng pas lulus ujian. Opo maneh bocah SMA sing lulus teko ujian nasional sing diadakno karo pemerinta. Roso seneng lulus ujian iku akeh sing diwujudno ambek konvoi bareng-bareng sak kelas utowo rame-rame ngecat klambine sing digawe sekolah maeng. Tapi asline kudune roso seneng iku diarahno nang penggawean sing apik ambek sing iso nguwei manfaat gawe wong liyo. Masio bocah-bocah iku maeng wes dikandani nag ngunuku maeng kurang apik, tapi tetep wae iku wes dadi kebiasaane bocah gawe ngerayakno roso seneng lulus ujian. Masio bocah-bocah iku maeng ngerti nag iku maneg kurang apik. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7219", "text": "Ditinggal wong kesayanganmu mati iku pasti rasane abot banget, aku paham kok. Sing biasane mesti onok karo awakmu, moro saiki wes gak onok gawe seteruse. Berkabung iku oleh banget, tapi onok bates waktune. Nek nang Islam, waktu berkabung iku maksimal telung dino, luwe teko iku awakmu kudu sepenuhe ngeikhlasno kepergiane. Wong sing meninggal iku wes takdire, dan awakmu kudu ikhlas. Onok sing ngomong sisan nek awakmu sek nangisi kepergiane, mayat nang kubur iku justru semakin tersiksa, dan awakmu pasti gak pingin iku terjadi to? Lagian yo gak apik sisan terlalu larut dalam kesedihan. Sedih berlebihan iku isok ngganggu rutinitas harianmu. Mulai teko kerjoan sing gak beres, slek karo konco, sampe ngaruh nang kesehatanmu sisan. Dadi gawe awakmu sing sek larut dalam kesedihan mergo ditinggal mati, ayo bangkit demi kebaikanmu dan kebaikan wong sing mati sisan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "328", "text": "Awak dhewe ora bakal iso ngindari kegagalan ning urip kui. Kegagalan kui bakal teko neng awak dhewe seakeh udara sing awak dhewe hirup. Nanging kegagalan kui ora elok nek dipikirke terus. Yen awak dhewe kepikiran terus awak dhewe bakal terus-terusan ngeroso cemas. Awak dhewe dadi wedi ngelangkah jajal hal-hal anyar. Iso wae perkoro sing wedi awak dhewe garap kui bakal gawe awak dhewe raine cerah meneh. Kesempatan-kesempatan bakal akeh sing ilang yen kepikiran kegagalan sing wis liwet. Opo gunane awak dhewe mikirke perkoro sing ora iso awak dhewe owah meneh. Kegagalan kui pancen marake sedih, nanging awak dhewe kudu luwih fokus neng masa depan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1087", "text": "Sing kudu awak dhewe cepake kanggo operasi kui ora mung kesehatan fisik tok nanging uga kesehatan mental. Rasa kuwatir sak durunge operasi kui lumrah opo meneh kanggo wong sing sakdurunge durung tau ngelakoke operasi. Nanging ono sing wedi banget utowo kuwatir banget tekan awak dhewe dadi tambah lara. Supoyo iki ora kedaden, awak dhewe sakdurunge operasi kui kudu nguatke mentale awak dhewe disik nganggo coro, sing kesiji, awak dhewe iso jaluk dikancani karo wong sing awak dhewe percoyo. Awak dhewe uga iso jaluk wong kui demokSing keloro, awak dhewe iso ngobrol karo doktere. Sing ketelu, awak dhewe kudu ngepastike yen awak dhewe turune cukup.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7234", "text": "Tau gak sih awakmu ketemu ambek wong sing sensitif banget? Biasane wong e iku gampang banget banget nangis ndek beberapa situasi tertentu. Biasane ngono ndek situasi sing mendesak utowo sing marai de’e tertekan. Isok dadi wong iku nduwe trauma mergo kejadian ndek masa lalu. Dan kemungkinan besar, de’e sek njarno luka trauma iku terbuka dan gak diobati, entah iku de’e sing durung ngeh nek de’e nduwe trauma opo de’e sek durung maafno kejadian sing tau terjadi ndek masa kecile. Dadi ben onok kejadian tertentu, de’e nangis soale ngeroso lara. Koyok luka terbuka sing dikeki uyah, pasti perih banget. Koyok ngono iku gambaran wong sing nduwe trauma.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5295", "text": "Naskah lawas sing ora keurus iki bisa dadi ngerugikake negara. Salah siji buktine yaiku naskah sing disimpen ning Kasultanan Cirebon. Naskah-naskah iki wes ora kebentuk amarga kena panas, adem, udan, lan uga rayap sing ora tau ditangani. Kamangka naskah Cirebon iki akeh sing ora bisa diselametake. Salah sijine yaiku faktor nyimpene sing ora apik, yaiku dipendhem ning jero lemah. Cara ngerumat naskah Cirebon iki uga marai akeh peneliti lan warga kuciwa amarga ora berkualitas. Amarga kuwi, naskah lawas sing ana ning Leiden lan Inggris ora dijupuk amarga Leiden lan Inggris iki nduwe sistem nyimpen naskah sing luwih apik saka Indonesia. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1414", "text": "Kamar mburi sing paling jorok kui kamar mburi umum sing ono neng SPBU. Kondisine kui makin elek pas lagi musime mudik. Wong-wong akeh sing mandeg neng SPBU kanggo leren. Pas wong-wonge leren kui akeh wong sing arep nguyuh utowo ngising. Sangking akehe, karesikan kamar mburine kui dadi ora kurus. Sebenere ono petugase sing jogo, awak dhewe uga kudu bayar pas metu seko kamar mburi kui, naning tetep wae kamar mburine kuu reged lan mambu. Kui mbuh mergo pegawene ora sempet ngerisik opo emang dasare pancen males wae. Makane kui, aku sebenere paling males neng kamar mburi SPBU. Nanging piye meneh, pas kahanan mudik koyo ngono, aku ora duwe pilahan sing okeh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7252", "text": "Kabeh uwong pasti wes tau dikecewakno utowo ngeroso kecewa setidake ping pisan. Kekecewaan utowo rasa kecewa iku perasaan gak puas di dirasakno mergo harapan utowo ekspektasi sing gak terwujud. Kecewa iki rodo-rodo mirip karo penyesalan, cuma nek penyesalan iku fokuse nang pilihan pribadi sing marakno hasile buruk, nek kecewa iku fokus nang hasil iku dewe. Kecewa iku salah siji sumber stres psikologis. Sopo ae isok ngalami kecewa. Mulai teko arek cilik, remaja, dewasa, sampe wong tuo. Kecewa pun gak pandang bulu. Wong sogeh dan wong sukses pun isok ngalami sing jenenge kecewa. Dan iku kabeh manusiawi, wajar nek onok uwong ngeroso kecewa, asal isok ditangani cek gak berlarut-larut.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7505", "text": "Wong-wong iku eroh nek indigo iku singkate kemampuan sing marakno wong isok ndelok makhluk-makhluk alus, koyok hantu karo konco-koncone. Nang Islam, ancen kudu diyakini nek keberadaan jin iku onok nang sekitare awak dewe, malah melbu nang rukun iman. Tapi, fenomena arek indigo iku gak onok nang Islam. Soale, arek indigo iku yaopo yaopo tetep menungso, dan de’e gak bakal ngelampaui bates kemampuane sebagai menungso. Menungso sing nduwe kelebihan iku mek para Nabi sing ancen entok wahyu teko Allah SWT. Arek indigo sing ngomong isok ndelok hantu, iku kemungkinan teko jin sing menjelma dadi makhluk liyo dan isok ditangkep karo indra sing diduweni menungso, dan iku gak mek nang arek indigo tok.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9834", "text": "Prank senajan bisa nggawe ngguyu kemekel ning tetep bahaya misale wis kebacut. Wis akeh banget contoh korban prank sing rugi amarga wis diprank. Prank sing kebacut pancen wis kudu dimandegna. Miturut gurusiana.id, prank sing kebacut iki nggarai korbane cilaka. Contohe ana sing nganti wuta amarga mripate diuncali ndog. Ndog iku ngeneki kornea mripat saengga ora bisa fungsi lan akhire wuta. Ana sing tulang ekore pedhot amarga diprank kursi sing meh dilunggui jebule ditarik, akhire bocahe tiba lungguh. Tulang ekor sing kena iki nyebabake lumpuh. Wis akeh banget contoh prank sing nyebabake cilaka, mula wis aja nganti ngeprank wong sing aneh-aneh. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9129", "text": "Wong-wong sing pacaran iku senengane njaluk foto nang gendaane. Sing sek taraf normal koyok nge-pap lagi mangan nang warung sih sek wajar. Kadangan onok sisan sing gak normal, koyok njaluk foto gendaane pas lagi udho. Alesane iku ben mereka isok ngenal gendaane njobo njero dan isok ngeratno hubungan mereka. Padahal nek durung rabi, mereka iku gak nduwe hak gawe eroh privasi teko gendaane iku mau. Soale sing koyok ngono iku mek mbanyol tok. Wes ngono, kemungkinan gede foto privasi koyok ngono bakal disalahgunakno. Kemungkinan elek e maneh mereka isok dadi korban revenge porn sisan. Dadi gawe awakmu sisan, bah lanang bah wedok, gak usah atek ngekeki foto privasimu nang gendaanmu yo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3040", "text": "Wingi pas aku dolan nang kota Gudeg ketepakan ambek ono acara nikahane salah sijine anake pejabat sing paling terkenal nang daerah iku. Terus dayo-doyo iku teko endi-endi sampek artis-artis barang yo diundang. Mari ngunu dalanan akeh sing macet angn tengah kota. Aku sing kenek macet yo mangkelah soale wes ora macet tok tapi kudu kon muter soale dalane diamanno. Akhire gelem gak gelem mok iso batin gawe tomboh srengen. Terus ono wong bapak-bapak rodok ngamuk nang polisi soale omohe nang daerah kono terus dikongkon muter maneh. Tapi bapakhe ora terimo soale adoh. Akhire rodok ramelah terus akhire ono salah sijine polisi sing ngongkon bapak iku liwat. Tapi sepeda-sepeda liyane langsung melok browot ambek alasan sing podo ambek bapake.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3477", "text": "Sing marakno wong kenek Serangan Panik iku pirang-pirang perkoro sing kadang jarene wong iku ora dianggep termasuk perkoro sing ruwet ambek sing dadekno pikiran budek, tapi sing jarene wong sing ngalami iku termasuk perkoro sing dadekno deke iku sampek kenek serangan iku maeng nah perkoro maeng termasuk masalah urip sing diadepi ambek wong sing ngalami iku maeng, terus roso stres sing kenemenen mergo kakean pikiran kanggo ngadepi masalah nang uripe maeng. Yo ancene wong urip iku mesti ono masalah tapi ojo sampek masalah iku maeng dadekno perkoro sing akhire dadekno stres terus akhire ganggu pikirane terus pikirane maeng ora iso anteng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4862", "text": "Indonesia tau nduwe trio sing paling kondhang, yaiku 3 Srikandi, 3 Srikandi iki trio sing oleh medali perak pertama kanggo Indonesia ning Olimpiade Seoul taun 1988 ning Korea Selatan. 3 Srikandi iki anggotane ana Lilies Handayani, Kusuma Wardhani, karo Nurfitriyana Saimana. Trio iki dijuluki 3 Srikandi amarga oleh medali perak pertama kanggo Indonesia ning cabang olah raga panahan beregu. Wis 36 taun Indonesia melu olimpiade, nanging ora ana medali sing dihasilake. Nanging, anggepan kuwi dibantah taun 1988 karo 3 Srikandi iki. 3 Srikandi iki dilatih karo Donald Pandiangan, yaiku atlet panahan sing nyumbang 4 medali SEA Games lan dijuluki Robin Hood Indonesia. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3735", "text": "Pas aku biyen ngejak koncoku mancing, deke iku moro-moro huwak-huwek ambu iwak sing amise ora pokro polahe dibeteti sak marine mancing. Terus bocahe iku mireh ambek ngado teko iwak iku maeng. Nah tibake bocahe iku maeng jemeber ambek piye ngunu nag ambu amis-amisan. Jarene bocahe nag ambu amis-amisan mesti metenge iku bunek-bunek ora enak ambek kudu mutah ae nag ambu amis. Yo alasan iku sing garai koncoku iji jember ambek sing jenenge amis-amisan. Padal asline yo ora opo-opo. Aku biasane nag beteti yo ambu amis tapi yo biasa ae, paling mergo kebiasaan dadine wes ora masalah ambek irungku. Mangkane nag ono ambu amis ambek apek mesti ora masalah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1508", "text": "Pas kathoke awak dhewe suwek setitik kui ora usah digawe panik. Yen awak dhewe panik kui malah wong-wong podo ngerti kathoke dhewe kui suwek. Opo meneh yen swara suweke ora bantur utowo pas suwek kui ora cerak wong-wong, ora bakal ono wong sing ngerti. Nanging yen awak dhewe panik lan gelagate awak dhewe dadi berubah. Wong-wong iso bedhek yen awak dhewe keno opo-opo. Terus, wong-wong bakal takon ono opo. Awak dhewe ora iso meneng wae. Awak dhewe bakal ngomong jujur yen kathoke dhewe suwe. Timbangane awak dhewe isin ngono, mending awak dhewe tetep kalem wae supoyo wong-wong tetep ora podo sadar.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9147", "text": "Salah siji keluhan wong-wong Indonesia iku kenek usus buntu. Nek wes ngono, kudu dilakoni operasi usus buntu. Tujuan gawe dilakoni prosedur bedah iki yaiku gawe ngangkat umbai cacing sing wes terinfeksi. Onok rong cara gawe ngelakoni operasi iki, yaiku apendektomi terbuka ambek apendektomi laparoksopi. Prosedur operasi usus buntu atek cara apendektomi terbuka iku koyok ngene. Siji, bagian tengen nang ngisor weteng iku disayat. Loro, otot weteng dipisahno terus bagian weteng bakal dibuka. Telu, apendiks diiket nganggo benang operasi, terus diketok. Papat, nek apendiks wes pecah, bagian weteng bakal dibasuh nganggo saline. Limo, banyu bilasan, getih, ambek cairan tubuh liyane nang sekitar area sing dioperasi bakal ditokno nganggo alat penyedot khusus. Enem, nek operasi wes mari dilakoni, otot weteng ambek sayatan nang weteng bakal dijahit, terus ditutup nganggo perban ben gak infeksi. Terakhir, usus buntu sing diketok mau bakal dikirim nang Laboratorium gawe dianalisis.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7270", "text": "Onok salah siji penyesalan sing tak rasakno selama kuliah, yaiku gak nyoba beasiswa kuliah. Aku gak tau nyoba kuliah soale tau dipeseni ambek bapakku nek aku cukup kuliah sing bener ae, dan gak usah mikiri perkoro biaya UKT. Pas iku, bapakku ngomong nek beliau mampu gawe biayai aku, dadi gak usah kepikiran atek nyoba beasiswa. Jarno beasiswa iku mau gawe arek sing mbutuhno. Tapi nek dipikir-pikir maneh, sakjane gak onok salahe gawe nyoba daftar beasiswa. Soale kan beasiswa iku gak mek gawe arek gak mampu tok, tapi gawe sopo ae sing memenuhi syarat. Kan sopo eruh aku isok lolos dan isok bantu nambah-nambah duit jajan cek bapakku isok ngurangi pengeluaran sisan toh? Wes ngono, beasiswa iku isok dilebokno nang CV sing bakal naikno value diri sendiri.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1489", "text": "Misale awak dhewe dodolan panganan utowo ombenan, awak dhewe mesthi ngepastike yen panggon dodolane dhewe kui ora reged. Awak dhewe apike ngeresiki panggon kui sak durunge tokone dibuka. Awak dhewe kudu nyapu lan ngepel disik. Pokoke awak dhewe kudu gawe panggon dodolan dhewe resik. Soale, yen panggon dodolane dhewe reged wong-wong dadi wegah tuku. Arep model dodolan sing tuku terus langsung mangan neng kono utowo langsung digowo bali, awak dhewe tetep jaga karesikan panggone. Yen panggone reged, wong sing arep tuku bakal ngeroso gilo. Dheweke dadi mikir-mikir meneh yen arep tuku panganan lan ombenan neng panggone dhewe. Yen panggone reged, bisnis dhewe dadi ora iso berkembang.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9828", "text": "Sapa sing ora kaget yen dikandani duweni penyakit?. Iki mono sing dirasakna karo pasien-pasien sing ana ing rumah sakit lan mari priksa ning dhokter. Ana sing nangis, ana sing kaget nganti semaput, lan liyane. Senajan penyakite mung cilik lan ora parah, nanging tetep wae iku penyakit sing bisa ganggu awake kene saben dina. Menawa kaget nganti nangis lan semaput iku tambah nggarai stres lan nggarai ora ndang waras. Amarga pikirane wis kacau banget lan ora bisa mikir sing jernih lan golek solusi. Mula kanggo kanca-kanca sing divonis karo dhokter lara apa wae, ayo padha semangat lan kudu yakin bisa seger waras maneh!.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6153", "text": "Merek ekslusif liyane sing jarang dikonsumsi karo wong Indonesia lan jarang didol ning pasar bebas yaiku Dolce & Gabbana. Merek iki uga saka Italia, yaiku saka Kutha Milan. Merek iki wis ana wiwit taun1985 lan dibentuk karo para pakar tata busana kondhang Domenico Dolce lan Stefano Gabbana. Ning Indonesia, salah siji artis sing oleh sponsor saka merek iki yaiku Anggun C. Sasmi, salah siji penyanyi sing kondhang ning manca negara. sak liyane klambi, merek iki uga ngetokake asesoris liyane lan uga ana parfum. Padha kaya merek eksklusif liyane, jumlah produksi saka perusahaan iki uga terbatas dadi wong sing madhani ning sawijining negara kuwi angel ditemokake. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5341", "text": "Biyasane Jogja pancen ora tau macet. Lusi lan kancane biyasane uga nang kampus ora butuh mlayu-mlayu amarga Jogja wis kesohor karo lalu lintas sing teratur. Nanging isuk iki, Lusi lan kancane ngamuk ning dalan amarga macet sing disebabake karo ana wong lagi nyetir mobil nanging salah parkir lan nutup dalan. Sing duwe mobil kuwi malah ngilang lan digoleki ora ana. Mobil kuwi parkir ning ngarep penginepan lan wong kuwi wis digoleki ning penginepan nanging ora ketemu. Mobile uga ora bisa digeser. Wis ana luwih saka 15 menit wong e ilang lan marai macet kanthi prapatan cedhak Gramedia. Untunge sing duwe mobil cepet teka lan minggirake mobile. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7162", "text": "Nek semisal onok momen sing mecahno suatu rekor, biasane bakal dicatet nang suatu penghargaan sing biasane disebut rekor MURDI. Museum Rekor-Dunia Indonesia utowo disingkat MURDI iki museum sing didirikno ambek Jaya Suprana. Museum iki wes berdiri ket tahun 1990. Lokasine nang jalan Perintis Kemerdekaan nomor 275, Srondol Kulon, kecamatan Banyumanik, Semarang, Jawa Tengah. Tujuan didirikno MURDI iki gawe negakno pilar-pilar kebanggan nasional bangsa Indonesia cek bangsa Indonesia isok dan gelem menghargai karsa dan karya guduk bangsa asing, tapi bangsa Indonesia. Selain museum, MURDI iki yo merupakan lembaga swadaya masyarakat sing tugase ngumpulno karo ngekeki penghargaan terhadap prestasi superlatif karsa ambek karya bangsa Indonesia.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "314", "text": "Yen ono anggota keluarga kui, pasti awak dhewe ngeroso sedih krungu brita kuwi. Nanging, alasan kematian sing paling medeni kui sedo mergo kacilakaan kendaraan. Kui dadi alesan sing paling medeni mergo ora ono sing iso ngiro-ngiro kapan tekone. Wong iso ngati-ati banget neng dalan nanging yen wong liyo sing sembrono, awak dhewe uga iso keno dampake. Yen misale sedo mergo lara utowo umure sampun tuwo kui awak dhewe isih iso delok rupa jenazahe sing utuh. Nanging, sing sedo mergo kacilakaan kui durung tentu jasade digowo utuh. Iso wae ono beberapa anggota tubuhe kepisah opo malah ora ketemu. Sing paling medeni, yen jenazahe kui wis ora bentuk koyo menungso meneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3779", "text": "Akeh wong sing ora mentolo nag masih pangan sing wes bosok. Ora mok wong biasa tok, tapi wong sing biasa ngeresiki sampah barnag nag masi panganan bosok yo jijik. Asline ben ora jijik iku yo iso ae diatasi ben ora tambah kulino jijike nag masih panganan sing bosok. Yo nak iso delok panganan sing wes bosok maeng yo ora atek kepikiran sing elek-elek dadi wujute panganan iku maeng ora dadekno pikiran sing elek-elek metu nang pikiran sing akhire dadekno roso jijik. Yo jijik iku ora masalah tapi nag keterusan yo akhire ora apik. Terus nag keterusan iso marakno pikiran iku ora ayem sak wise masih perkoro iku maeng. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6123", "text": "Anane urinoar kuwi bisa dadi pertanda tetenger kanggo wong sing kisinan amarga salah mlebu jedhing. Urinoar utawa peturasan kuwi salah siji sistem sanitasi sing diciptakake kanggo wong lanang ben luwih gambang buang air kecil ning toilet amarga kondisi fisik wong lanang sing ora butuh penutup akeh kaya wong wedhok. Urinoar iki umume ana ning kafe, bioskop, hotel, bandara, terminal, lan uga panggonan liyane. Urinoar iki bisa dipasang tunggal utawa berderet nanging isih tetep ana sekate. Sistem urinoar iki yaiku flushing utawa ngandelake tombol ben bisa ngalirake banyu kanggo ngerisiki sisa buang air kecil. Nanging uga isih ana urinoar sing isih manual. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1462", "text": "Aku rodo jijik bar ono acara opo wae neng kampusku. Bar acarane kui rampung mesthi ono neng sampah tenggletak neng endi-endi. Acara opo wae meshti reged koyo ngono, mbuh sing gawe kui seko mahasiswa opo kampuse dhewe. Terus panita acarane kui koyo sok males ngeresiki sampah-sampah bekas acarane. Neng panggon acarane kui, neng jero ruangan, mesthi ditemoke sampah-sampah bekas camilan. Ono wae godong pisang bekas bungkus arem-arem utowo plastik sing maune bungkus risoles mayones. Kenopo ngono loh, podo ora iso guak neng bak sampah neng jobo ruangan. Mengko, neng cerak-cerak bak sampah kui bakal tetep reged sih. Nanging paling, ora reged mung sak panggon. Ora neng endi-endi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4835", "text": "Ana undian-undian sing perlu diwaspadai, yaiku undian-undian bank lan BUMN amarga undian-undian iki nyebabake identitas sing bocor yen ora ati-ati. Undian sing rawan bocor iki bisa marai kisruh ning masyarakat amarga bisa ngrusak alur komunikasi lan kepercayaane masyarakat marah perusahaan utawa bank. Akeh masyarakat sing gampang kapusan lan wis kadhung seneng yen oleh hadiah, jebul mung kapusan. Gagale undian iki bisa mudhunake citra perusahaan. Nanging anane undian iki wis bisa diantisipasi karo bank utawa BUMN sing sigap ngurus keamanan lan bisa ngadakake undian sing aman lan resmi. Bank lan BUMN wis ngumumake perkara penipuan. Dadi undiane tetep lancar lan masyarakat bisa tetep bungah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5614", "text": "Wong wedhok kuwi dudu jamane pasrah lan mung bisa nrima keadaan yen lagi diserang utawa dilecehake. Para pelaku sing narget bocah wedhok iki akeh sing nggawa senjata lan biyasane nyerang kanthi nggawe nekat. Banjur para pelaku iki manfaatke kelemahane para korban. Kamangka para remaja putri saiki kudune wis dibekali dasar bela diri kanggo perlindungan. Bela diri sing bisa dipeloki ben ora wedi karo gaman sing nyerang kuwi bisa Muay Thai sing ngandelake gerak reflek. Para remaja putri iki uga kudu ngelatih ketangkasan ben bisa ngindar saka senjata. Kuncine yaiku ora wedinan lan wani nyerang balik amarga jaman saiki, kejahatan kuwi kadhang nekat lan ora masuk akal.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "782", "text": "Wong neng direbut jabatan sing awak dhewe incer kui mesthi nesu, opo meneh yen wong sing ketompo kui ketok ora luwih apik. Rasa mangkel kui bakal tambah meneh yen awak dhewe wis ngenteni suwe ben iso munggah jabatan kui. Cara wong-wong nesu mergo perkoro kui iso bedo-bedo. Ono sing ngeroso kuciwo lan pindah panggon gawean. Ono sing protes disik neng bosan. Wong sing koyo ngeneke pengen negosiasi meneh ben dadi dheweke sing entok promosi jabatan kui, paling ora dhewe iso ngerti kenopo dheweke ora kepilih. Ono uga wong sing ngerasani, wong sing entuk jabatane mau, lan ngehasut wong liyo supoyo ora seneng karo dheweke.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1148", "text": "Yen ono khewan sing arep ngoyak awak dhewe, awak dhewe ora perlu wedi. Iki kontekse khewan-khewan sing iso awak dhewe temoke neng lingkunganan omah dudu neng alas utowo alam liar. Khewan-khewan kui mung wedi karo menungso. Dheweke sadar yen dheweke kudu urip karo menungso, nanging dheweke uga sadar yen ora kabeh menungso iso dheweke percoyo. Dadi kui insting khewan kui ben iso tetep urip. Kui wajar banget. Awak dhewe yen ngeroso terancam utowo arep dicilakani, awak dhewe kurang luwih bakal ngelakoke hal sing podo. Awak dhewe iso dadi garang kanggo ngelindungi urip dhewe utowo wong lan barang sing awak dhewe sayang.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9402", "text": "UGM dadi salah siji kampus sing diimpeni kabeh bocah SMA, salah sijine yaiku Dewi. Kuliah adoh ana ing Jogja ora dadi masalah sebab Dewi pancen kepengin banget dadi salah siji mahasiswa kampus nomer siji ana ing Indonesia iki. Dewi bisa ngerasakke nalika dheweke ketampa ana ing UGM. Kampus sing guedhe banget, duwe panggon kusus kanggo olahraga aran wisdom park, perpustakaane sing duweni buku lengkap, lan hawa nalika isuk sing seger banget. Asrama mahasiswa sing dipanggoni Dewi uga arupa bangunan telung tingkat kang gedhe banget, akeh tandurane saengga marakke semangat kanggo sinau. Dewi ora getun akhire bisa dadi bocah UGM lan bakal sregep sinau saben dina.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3066", "text": "Srengen polah ora diperlakokno adil iku wes kedaden nang endi-endi mboh iku nang leuarga, kantor, utowo nang penggawean yo ono. Sing paling gelek iku nang kantor, Biasane sing garai ora adil iku nag nang kantor iku polahe atasan iku seneng ambek karyawan iku mboh iku polahe ganteng, ayu, konco, utowo dulur dewe. Nah sing koyok ngeniki ancene ora paik aknggo kesehatane antar karyawan. terus kudune iku didelok tekok hasil kerjoe ben iso dadekno roso adil ambek ora dadekno roso srengen sing bakale metu nang atine karyawan utowo buru pabrik. Nah nag wes kadung kedaden yo piye maneh yo kudu golek dalan liyo sing sekirane iso adil.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7126", "text": "Nabung iku wes dadi kebutuhane akeh uwong. Fungsi tabungan iku yo akeh, mulai teko cek isok tuku barang sing disenengi sampe dana darurat gawe wong sing wes berkeluarga. Cuma sayange sek akeh uwong sing kangelen gawe rajin nabung. Onok sing mergo gak kuat nahan gawe gak jajan sampe sing ancen kepepet. Onok cara sing gampang cek isok rajin nabung, yaiku gak langsung nabung nganggo nominal sing gede. Usahakno mulai sitik-sitik disik dan sesuaino ambek penghasilanmu sak wulan. Contohe, semisal sak wulan gajimu 2 juta, awakmu cukup nabung 100 ewu ae. Lakonono iku sampe wes dadi rutinitas. Engkok lek dirasa wes isok nambah, yo isok ditambah 50 ewu, tapi nek gak yo gak masalah. Kunci nabung iku konsisten, guduk gedene nominal.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1129", "text": "Misale awak dhewe dadi salah siji mobil sing ono neng kacilakaan dalanan. Awak dhewe kui durung tentu sing dadi korbane. Awak dhewe iso wae jebul dadi pelakuni. Awak dhewe iso wae dudu sing ditabrak nanging dadi wong sing nabrak. Makane kui, awak dhewe butuh wong liyo sing delok perkoro iki. Awak dhewe butuh saksi sing iso nyeritake opo sing dheweke delok. Wong sing dadi saksi kui iso wae salah, dadi luwih apik sing awak dhewe nakoni wong sing akeh, yen neng kono pancen lagi akeh sing delok. Semakin akeh kesaksiane, awak dhewe iso gawe reka ulang opo sing sebenere kedaden. Awak dhewe dadi entuk bukti sing luwih kuwat perkoro sopo sing sebenere salah. Makane kui, awak dhewe butuh saksi mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4898", "text": "Ilmu cara dari wong tuwa kuwi bisa disinaoni karo sapa wae, kalebu bocah-bocah enom sing isih durung nikah. Dadi wong tuwa iki butuh mental sing kuwat amarga awak dhewe ora mung ndidik bocah dadi menungsa sing mung urip lan ngelakoni kebiyasaane, nanging ya ndidik menungsa ben duwe rasa peduli karo liyane. Didikan iki sing mbutuhake wawasan, apa sing oleh lan ora oleh diomongke ning ngarepe anak, apa sing kudu didelok saka pertumbuhan, lan belajar nggunakake kata-kata sing apik kanggo komunikasi karo wong liya. Kamangka kuwi, saiki awak dhewe kudu nggawe kebiasaan sing apik kanggo generasi ning isor amarga generasi anyar iki saya kritis lan awak dhewe kudu bisa ngimbangi lan dadi wong tuwa sing bijak.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5628", "text": "Ning internet, akeh banget ditemokake wong sing seneng nggawe konten mbahas babagan fobia. Fobia sing dibahas iki uga ana conto gambare lan bisa ngwenehi pandangan apa sing dirasakake karo wong sing duwe fobia. Ning konten utawa video lan gambar kuwi uga diwenehi tulisan yen konten iki bakal marai wong sing duwe trauma iki bakal tambah wedi. Nanging senajan konten iki marai ora nyaman, para kreator utawa wong sing nggawe video iki kalebu dadi wong sing bisa ngewenehi edukasi ben ora salah paham babagan fobia. Amarga kuwi, awak dhewe uga kudu bisa ngeregani wong liya lan kudu paham marang apa sing dialami kaya fobia iki lewat konten sing edukatif. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7263", "text": "Salah siji kejadian sing paling tak iling pas aku cilik iku kejadian tibo teko sepeda. Bahkan aku sek iling banget detail sak durung sampe sak wise kejadian. Pertamane iku aku dolen ambek tonggoku jenenge mas Dito. Padahal aku kate dijak nang Rumah Sakit ambek mamaku gawe njenguk mbah kakung, tapi aku malah milih dolen karo mas Dito. Akhire aku tetep metu dan sepedoan karo mas Dito keliling perumahan. Pas wes cedek omah, aku rodok kakean polah dan akhire tibo teko sepedo. Mas Dito langsung panik dan nolongi aku. Aku melu panik pas mas Dito ngomong nek wajahku gethien. Berhubung wes cedek omah, aku tetep nahan lara dan sepedoan sampe tutuk omah. Aku dikancani mas Dito melbu omah dan langsung panik pas eroh omah wes sepi. Tak kiro wes berangkat nang Rumah Sakit kabeh. Dadakno moro mamaku muncul dan kaget ndelok aku luka sak wajah. Mamaku langsung ngomel-ngomel dan nyeret aku nang ruang tamu. Mas Dito langsung pamit moleh dan metu teko pintu ruang tamu iku. Nang kono, aku langsung diobati dan aku nuangis kejer saking perihe. Mungkin mergo aku bengak-bengok banter banget dan pintu omah bukaan, dadi maleh akeh tonggoku sing liyane sing ndeloki aku. Iku dadi salah siji pengalaman tersedih sing tau tak alami.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1510", "text": "Koncoku tau cerito yen dheweke tau ngentut neng lift. Kui kedadean sing paling ora iso dheweke lalike. Pas kui, dheweke lagi dolan dhewekan neng mal. Jarane, ono panganan sing arep dheweke jajal. Naning, mergo awak dhewe konco-koncone lagi sibuk, dheweke dadi lunga dhewekan neng kono. Kebetulan banget pas kui dheweke lagi loro wetheng. Dheweke kesusu soale pas mangkat langite wis mendung. Dheweke wedi kodanan. Nanging pas lagi neng lift mal kui, dheweke dadi ngentut. Dhewek isin banget. Opo meneh pas kui, lift kui lagi kebak-kebake lan dheweke munggah neng lantai paling duwur. Selama neng lift kui dhewek nahan isin. Dheweke ora ngerti arep ngopo dadine dhewek mung etok-etok ora ngerti doalan HP.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4320", "text": "Aku isek eleng pas dolan nang omahe koncoku minggu wing nang Kota Santri sing pinggire Kota Pahlawan. Nah omeh ancene nang deso dadi akeh wong sing ngingoni pitik. Ya aku wes biasa ambek ngunuku mergo omahku yo nang deso tapi koncoku sing biasane urip nang kota yo rodok jijik ngunu pas delok teleke pitek. Yo ancene nag ora kulino mesti yo jijik ambek jembere migilan polahe sing jenenge teleke pitik iku ora karoan ambune, opo maneh sing jenenge telek lentung tambah basine ora pakat, masio iku wes diumbah gowo sabun barang lo isek ambune ora karoan kejobo gowo sabun sing ancene ambune wangine megilan ambek diusek-usek nang awu lagek iso ilang. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1495", "text": "Aku sok bingung karo wong sing seneng ngambu opo-opo wae sing sebenere cetho-cetho kui wis mambu. Misale ono sing sok ngambu panganan sing wis suwe. Wong liyo wis ngomong yen kui wis mambu, naning ono wae wong sing tetep ngambu panganan sing wis suwe kui. Wong sing seneng koyo ngono opo ora ngeroso gilo. Kui kan wis diandani wong-wong yen ambune wis ora enak, tur kenopo iso diambu. Podo karo wong sing koyo ngambu upile dhewe utowo kotoran kupinge dhewe. Dheweke sakjane wis ngerti ambune koyo piye, ora ono. Nanging dheweke tetep wae ngambu kui sak durunge upil utowo korekan kupinge diguak.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5398", "text": "Kabeh instansi ning Indonesia iki mesti duwe keluwihan lan kekurangan dhewe-dhewe miturut saka cara kerja uga saka pelayanane. Kabeh instansi iki uga didukung kalo pemerintah sing nggawe aturan lan kebijakan. saban instansi mesti nyediakake kotak saran sing kudu diisi. Nanging kotak saran iki kadang ora ana fungsine amarga para petugas ora tau ngecek. Kotak iki mung kanggo pajangan. Kamangka pemerintah saiki wis mindah sistem kuwi marang pengaduan utawa kotak saran online. Pengaduan iki uga bisa dadi cara kanggo para warga ben oleh kejelasan saka sistem sing ana ning instansi. Kamangka, tinimbang nesu-nesu ning meja resepsionis, luwih becik yen kabeh saran diisi ning pengaduan online iki ben bisa dievaluasi.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3794", "text": "Sing jenenge pengalaman menjijikan jarene koncoku tibake ora sepiro gilani. Nah jarene deke pengalaman sing paling jemeberi iku nag pas deke iku ngelakoni perkoro sing marakno deke iku ngelakoni perkoro iku polahe kepepet sing akhire marakno deke iku isin. Nag dipikir yo bener se ancene kabeh yo iso ae koyok ngunu, opo maneh nag perkoro sing mrakno isin iku kedaden nangarepe wogn akeh yo tambah isine megilan, nah wong nag ora dilakoni nang ngarepe umum wai wes isin opo maneh nang ngarepe wong akeh. Tapi yo iku maeng kan karek wonge nganggepe iku maeng piye, terus lingkungane barang iku maeng piye, nag ancene nang lingkungan iku maeng biasa ae, yo berarti ora masalah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1584", "text": "Kanggo awak dhewe sing ngerti yen awake mambu, awak dhewe mesthi ngindari ruangan-ruangan sing sempit lan cilik. Salah siji contone, awak dhewe kerep ngidnari lift sing rame. Awak dhewe mending ngenteni lift sing sepi utowo golek tangga lan eskalator. Soale, mambu awake dhewe kui luwih gampang kecium neng ruangan cilik. Sebenere ruangan sing cilik kui ora mung gawe ambune gampang kecium, nanging uga gawe ambune kui luwih kuat. Biasane ruangan sing cilik kui sirkulasi udarane elek. Dadi udara sing ono neng kono angel metune. Yen udara neng ruangan sing cilik kui wis kecampur karo ambune awak dhewe, artine ambune bakal suwe tinggal neng kono. Makane kui, awak dhewe ngindari suwe-suwe neng ruangan sing sempit.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6063", "text": "Rasa jijik marang sampah iki bisa dikurangi saka usaha nggawe pupuk cair serba guna sing hasil pengolahake ora mung kanggo nyuburake tanduran. Pupuk cair iki dipakani limbah pabrik gula utawa tetes tebu. Tetes tebu iki uga diarani molasses utawa molase. Molase iki butuhake wong kanggo nggawe pupuk cair amarga ngandung glukosa sing bisa makani bakteri ning cairan pupuk. Amarga molase iki, pupuk bisa diolah maksimal lan duwe nutrisi sing luwih apik saka pupuk kimia utawa pupuk pabrikan. Bakteri pupuk iki bisa ngasilake cairan serba guna sing bisa kanggo ngepel, sabun kanggo ngumbah piring, lan uga sak panunggale. Sing jelas, cairan iki aman banget lan ora ngerusak lingkungan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7259", "text": "Awak dewe ancen gak isok ngatur perasaan wong liyo cek gak kecewa ambek awak dewe, tapi awak dewe isok ngatur tindakan sing gak marai wong liyo kecewa. Salah sijine iku dengan gak gampang ngomong janji nang wong liyo. Ben wong liyo krungu kata janji teko mulutmu, kemungkinan besar wong iku wes menaruh kepercayaan tinggi nang awakmu. Dan pisan awakmu ingkar janji, berarti awakmu wes ngerusak kepercayaane wong iku. Dan teko kono, awakmu isok ngecewakno wong sing bersangkutan, padahal gak onok maksud gawe koyok ngono. Dadi mulai saiki, ben awakmu gak maneh ngecewakno wong liyo, ojok gampang ngomong janji, mending ngomong \"Insyaa Allah\" alias “nek Allah menghendaki”.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5261", "text": "Pak Gunawan kuwi salah siji wong ning daerahku sing paling seneng olah raga. Pak Gunawan uga biyen mantan RT sing saiki munggah dadi RW ning kampungku. Bapak iki seneng banget ngadakake acara olah raga bareng kaya bal-balan ning lingkungan RT lan RW, bulu tangkis, uga basket. Taun iki Pak Gunawan lan pemuda Karang Taruna ngadakake gerak jalan sing ana undian hadiahe. Hadiah ning acara iki uga macem-macem lan sing paling gedhe yaiku sepeda. Pas diundi, kabeh wong ndredeg kanthi hadiah terakhir diumumke. Jebul aku oleh sepeda, kamangka aku kaget lan ora percaya banjur Pak Gunawan nyalami aku lan melu ngeterake sepeda kuwi menyang omah. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1420", "text": "Pas aku cilik disik, aku kerep dijak eyangku neng kandang-kandang sapi. Disik eyangku kui kerjone neng bank. Tekan saiki, dheweke isih kenal karo nasabahe sing disik sempet nyilih duwit banke kanggo usaha. Kebetulan banget, wong-wong sing nyilih kui akeh sing petani lan peternak. Dadine, eyangku pas lagi selo sok dolan neng panggon usahane kui. Aku biyen tau dijak neng salah siji kandang wong sing disik dadi nasabah mau.Tekan kandangan, ora kuat aku karo ambune. Sakjane, seko metu mobil, aku wis ngeroso ono ambu sing ora enak. Nanging, tak kira ambune kui ora bakal tambah kuwat. Jebul makin cerak aku karo kandange kui, ambu telek sapine making keroso. Bejone, aku ora mukok neng kono. Yen aku tekan mukok isin banget aku rasane.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "351", "text": "Aku sayang banget karo adi-adi neng sanggar tariku. Aku ono neng kepengurasan sanggar kui 4 taun, lan tekan saiki isih kerep dolan merono. Akeh sing sanggar kei neng aku sing marake aku seneng. Contoh gampange, aku dadi iso plesiran gratis karo konco-konco mergo ono penamilan neng luar kota. Aku kepengen adi-adiku uga ngeroso kesenengan sing tak rasake, nanging durung iso kesampean. Tekan pas aku dadi ketua, aku ora iso ngelakoke opo-opo. Sedino bar aku dilantik, virus covid-19 mlebu neng Indonesia. Kabeh kegiatan dadi mandeg lan aku ora iso usaha op-opo kanggo gawe adi-adi sanggarku kui seneng. Aku mung iso nakoni kabare siji-siji lan nakoni opo sing sanggar iso bantu yen lagi kesusahan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4379", "text": "Nag wong sing resikan mesti nag delok panganan bosok iku mesti jijike pol. Biasane wong sing koyok ngunuku ancene wes biasa ambek urip sing resikan. Nah sak benere ben panganan maeng ora sampek bosok iku yo kudune diramut ben ora sampek bosok contohne nag panganan sing ancene gampang mambu koyok sego utowo jajanan pasar, iku dilebokno kulkas ae ben ora sampek mambu sing akhire dadekno bosok maeng. Nah sak liyane iku yo ono maneh, yoiku kudu dienget ben ora sampek mambu terus nag ora mambu kan isek kenek dipangan maneh dadi ora sampek bosok. Nah wong saiki ancene ora sepirooh ngerteni perkoro nginiki mergo wes kadung ibut ampek duweke.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5250", "text": "Dina Senin wingi aku budhal menyang Jakarta amarga ana gawean yaiku ngeliput ning salah siji acara BUMN. Acara iki uga ngundang wartawan saka media liyane ning Jakarta amarga mbahas babagan perkembangane UMKM. Aku wis ana ning panggon acara kuwi wiwit jam 7 isuk lan oleh mlebu pas wis jam 8. Aku ora nyangka yen acara kuwi akeh banget sing teka lan kebak banget. Ning jero, aku uga tak sempetake wawancara marang peserta acara. Pas lagi wawancara, aku kaget amarga ana kanca sing ngundang jenengku. Pas aku noleh, aku kaget, jebul kuwi kanca SMA-ku yaiku Wawan. Wawan iki kerja ning salah siji kantor media sing uga melu ngeliput acara iki. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9534", "text": "Menawa duwe trauma karo sawjjining bab, aja nganti gawe kowe keweden nganti ngrusak pikirmu. Ya pancen kanggone wong, trauma kuwi bab kang gawe anyel, mangkel, nganti sisahing ati, nanging kanthi trauma bisa dadi sarana pasinaoning dhiri. Lumantar trauma, awake dhewe bisa sinau duga-duga, waspada, lan ngati-ati. Kuwi mau pasionaoning trauma kanggo dhiri pribadhi. Ing mangsa ngarep awake dhewe bakale wis ngerti kepiye anggone ngadhepi sawijining kahanan. Trauma bisa uga dadi pasinaon kanggo anggulawenthah putra. Awake dhewe bisa milihake kagiyatan kang dadekake trauma supaya aja dialami uga dening anak kita. Pungkasan, kanthi lelakoning trauma, bisa dadi srana pasinaoning wong liya. Awake dhewe bisa nyritakake lelakon trauma mau supaya wong liya bisa duga-duga marang awake dhewe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4333", "text": "Ambu amis iku biasane ono nang iwak-iwakan, mboh iku iwak sing ora teko laut utowo sing teko laut. Nah sing biasane ambune amise megilan iku biasane iwak sing teko laut, nag iwak sing teko banyu biasa utowo tambak iku ora sepiro laut. Nah ambu amis iku maeng yo akeh sing ora seneng ambek jemeber terus jijik mergo iku nandakno nag barang sing ambu amis iku maeng ono koyok keteh utowo opo ngunu. Nah wog jijik mergo ambu amis yoiku wong sing ora mentolo nag ngambu ambun perkoro sing iso dadekno perkoro iku dadi amis. Yo ngunu maeng yo akeh ambek wes kedaden nang endi-endi, mergo barang sing iso marakno ambu amis yo ono nang endi-endi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9088", "text": "Aku iku nduwe akeh pol konco sing dadi penderita sembarang kalir jenis fobia. Onok sing fobiane masuk akal, onok sing nyeleneh sisan. Tapi aku tetep maklumi iku, soale aku gak melu ngerasakno wedi sing dialami koncoku iku mau. Cuma sing tak gatekno iku, kabeh penderita fobia iku gak isok ngelakoni urip e koyok wong normal. Akhire teko kono, aku mulai ngekeki saran, nek pingin urip normal koyok wong liyo, awakmu kudu wani gawe ngelawan fobia mu. Gak kudu langsung waras kok, alon-alon ae, sing penting pasti. Nek wes ucul teko fobia iku mau, tak jamin awakmu bakal luwe bebas njalani uripmu dewe. Dadi gawe awakmu kabeh nek pingin urip normal, ayo lawan fobia mu dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3417", "text": "Nag wing biasane ngelakoni perkoro sing ora tau dadekno awake iku isen nang ngarepe uwong akeh, terus ngelakoni perkoro sing ancene dianggep ora pantes utowo kesalahan kanggone wong akeh, iku mesti ngeroso wedi ambek kelakoan sing bakal dilakoni maeng, masio deke iku ero nak perkoro sing dilakoni iku ora pantes kanggo deke ngelakoni perkoro iku maeng. Tapi sing jenenge wong sing kebiasaane ngelakoni perkoro apik, mesti nang jero atine iku ono roso wedi kanggo ngelakoni perkoro iku, nah sing garai wong kene maeng wedi iku ora mergo deke iku ngelakoni perkoro iku tok, tapi wedine iku kuwatir sampek wong-wong sing biasane deke ora tau ngelakoni perkoro sing salah maelh ngerti terus dadekno jenenge maeng elek.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5215", "text": "Babagan hadiah, akeh wong kang ora nyangka yen bisa oleh ning wektu-wektu sing ora dikira, kaya misale oleh hadiah saka undian sabun, undian saka gerak jalan, uga hadiah saka bank. Biyasane, wong sing oleh hadiah iki ya ora bakal kepikiran yen oleh hadiah tinimbang wong sing seneng ngarep-ngarepake hadiah sing ana. Kamangka akeh wong sing kaget pas oleh hadiah nanging ya tetep seneng amarga hadiah iki kaya udan ning tengah mangsa ketiga sing garing. Apa maneh yen hadiahe kuwi pajake cilik, misal kaya sepeda motor utawa sepeda pancal. Nanging kemungkinan oleh hadiah iki uga cilik amarga saingane akeh lan macem-macem. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7902", "text": "Demam panggung iku rasa cemas ambek wedi pas lagi onok ndek panggung utowo kate nampilno sesuatu. Wong sing lagi ngalami demam panggung iku isok didelok teko ciri-cirine. Siji, denyut jantung, nadi, ambek pernapasan dadi tambah banter. Loro, cangkem ambek tenggorokan keroso garing. Telu, tangan, lutut, ambek lambe gemeter nemen. Papat, tangan dadi kemeringet adem. Limo, ngeroso mual terus rasane weteng iku gak enak kabeh. Terakhir, penglihatan berubah. Biasane ciri-ciri iki isok dialami ket adoh sak durunge nampil. Tambah cedek ambek hari-h nampil, gejala-gejala sing mau bakal keroso luwe nemen. Tapi kadangan ngono, pas nampil, kabeh gejala iku isok hilang seketika.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4833", "text": "Ana jenis lotre sing lagi rame ning Tiongkok, yaiku yuan kripto. Program yuan kripto iki digagas karo pemerintah ning taun 2021. Program mbagi undian iki kanggo nggalakake masyarakat ben mulai nganggo dhuwit digital amarga ning negara sing ekonomine wis maju kuwi isih durung nggawe dhuwit digital kanggo transaksi saban dina. Yuan kripto iki beda karo kripto utawa bitcoin. Yuan kripto iki kebagi ana ning akeh bank lan bisa diakses yen peserta undian nganggo produk bank kuwi. Anggaran sing disepakati karo pemerintah kuwi sekitar 90 M lan dibagi kanggo akeh sektor lan bank. Warga sing oleh undian iki bakal oleh 200 yuan utawa 500 ewu. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4447", "text": "Kleru nyelok jenenge wong iku ancene iso marakno wong sing nyelok iku maeng isin. Nah biasane sing marakno isin iku maeng ora kok mergo kleru nyelok jenenge tok tapi polahe pirang-pirang perkoro. Contohne perkoro iku maeng yoiku koyok ono wong liyo sing nang pinggire wong sing diceluk iku maeng terus wong iku maeng ancene kenal apik ambek wong sing diceluk iku maeng, nah perkoro iku maeng iso dadekno isine pol kanggo wong sing kleru oleh nyeluk iku maeng. Terus sak liyane iku yoiku wong sing kleru nyeluk maeng maleh dianggep dadi wong asing utowo koyok wong sok parek ambek wong sing kleru diceluk jenenge maeng. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3756", "text": "Idu iku nag teko lambene dewe yo mesti ora marakno wong jijik, tapi nag teko wong liyo mesti sing kenek yo jijik. Asline sing garai jijik teko idu iku maeng ora mergo idune tok, tapi yo wong sing sing idu iku maeng. Masio wonge iku resikan nag jenenge idu teko wong liyo mesti garai jijike pol. Mangkane nag mari kenek idu roto-roto wong mesti nyengir ambek huwak-huwek polahe jijik ambek idune maeng, tapi masio ngunu kadang wong sing jijik iku mesti mangkel nang atine masio iku nyengar-nyengir ambek ketok guya-guyu. Terus ono wong sing langsung ngamuk barang yo ono, polahe iku maeng dianggep perkoro sing paling jemberi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3028", "text": "Sing jenenge selingkuh iku perkoro sing paling elek, soale iso dadekno pasangane wong kenemaeng srengen ambek mesti ngamuk. Mangkane teko anjurane kementerian agama sing jenenge selingkuh iku ora apek, terus karo agama yo mesti dilarang. Larangan iku polahe perkoro maeng iso dadekno pirang-pirang perkoro elek, salah sijine maeng yoiku srengene wong sing wes dadi pasangane mboh iku sing sah utowo ora sing sah. Nag wes kedaden koyok ngene ancene wong sing diselingkuhi maeng kudu mutusno kudu nerusno hubungan maeng opo ora. Tapi kabeh wong mesti nganjurno gawe medot hubungan iku soale wes kadung ono roso ora percoyo sing bakal dadekno loro ati terus ambek roso ora perocoyo maneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2936", "text": "Pas aku mlaku-mlaku nang malioboro ono wong sing ngeprank koncone. Nah sak durunge nge prank, tibake yo butuh persiapan sing mateng awit teko barang sing digawe ngeprank sampek sopo sing ate ngelakokno wong sing ate diprank maeng. Dadi wong ngeprangk yo butoh persiapan sing bener-bener mateng ora angger budal soale engko nag breset ora podo mbek sing diperkirakno iso marakno wong sing diprank iku srengen ambek ngamuk. Padal tak kiro sing nang video prank iku yo sak mlakune tapi kenyataane ora koyok ngunu terus kudu dipersiapno sampek rencana cadangane barang. Dadi koyok wong ate gawe acara hajatan ae. Persiapane ora karoan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9501", "text": "Wis setaun sak jok covid mlebu ana ing Indonesia. Risa wis setaun pisan ora kerja amarga pabrike sepi. Pabrik panggone Risa kerja mesti bakal mreikna wong nalika sepi lan bakal nyeluk maneh nalika wes rame lan akeh garapan. Sore iki Risa oleh whatsaap saka pengawase ngabarin yen Risa dadi salah siji karyawan sing di-PHK. Awake Risa langsung lemes krungu kabar iku amarga bingung kepiye meh bayar listrik, banyu, gas, lan kebutuhan omah liyane yen ora kerja. Risa crita marang kaluwargane sing ana ing desa supaya atine luwih ayem. Kaluwargane uga nyaranke Risa supaya tetep sabar lan ora sedih keterusan uga kudu usaha maneh kanggo golek penggawean.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5603", "text": "Orator kuwi yaiku salah siji pusat saka demo utawa unjuk rasa. Orator iki dipilih sing paling teges ning nduwur panggung. Tokoh orator sing paling terkenal yaiku Ir. Soekarno sing terkenal karo julukan singane podium. Ir. Soekarno iki kaya ora tau ngerasakake demam panggung amarga wis dilatih ning omah HOS Cokroaminoto karo para putra bangsa liyane. Pidato-pidato Bung Karno iki kesohor amarga nadane sing teges lan nduwe kharisma uga topike mbelani rakyat cilik. Bung Karno iki tau lara panas sak durunge pidato kemerdekaan, nanging uga tetep ngadek kanthi teges lan pidatone dirungokake wong akeh. Ciri khas bung karno yaiku peci ireng sing diebut dadi sumber wibawa pas lagi pidato. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7566", "text": "Pie Face Showdown iki salah siji jenis permainan keberuntungan sing biasa didol nang toko online. Permainan iki dadi salah siji permainan sing menyenangkan didoleno karo sopo ae, bah karo konco utowo karo keluarga. Nang permainan iki, sing kalah bakal keteplok whipped cream. Cara dolene iku koyok ngene. Siji, siapno whipped cream dan dekek nang wadah sing bentuke tangan sing onok nang alate. Loro, tentukno giliran pemaine. Telu, pasno raine pemain nang ngarep wadah bentuk tangan iku. Papat, puter pedal sing digawe nggerakno wadah bentuk tangan iku dadi tambah maju nyedek nang raimu, sembarang ping piro. Lakoni gentian karo pemain liyane, sampe onok pemain sing ketemplok whipped cream iku mau. Pemenang iku ditentukno nek onok pemain sing raine resik dewe.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1037", "text": "Wong sing sekarat kui kudu awak dhewe iklaske, opo meneh yen wonge sing loro kui wis ngiklase nyowone dicabut. Awak dhewe ojo wedi ngerasake kelengan wong kui. Awak dhewe entuk wae usaha supoyo wonge kui mari. Nanging, awak dhewe ora entuk lali yen uripe kui dudu uripe awak dhewe. Wong sing sekarat kui ngerasake lara sing ora iso awak dhewe bayangke. Yen awak dhewe jaluk dheweke tetep berjuang ngelawan penyakite kui, neng sisih liyo, podo wae awak dhewe koyo ngekon supoyo wong kui iso ngeroso lara terus. Dudu maksude, ora ngelakuke opo-opo. Naging, awak dhewe kudu senantiasa iklas yen sewektu-wektu wong kui dicabut nyowone karo Sing Kuasa. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1408", "text": "Opo wae sing berlebihan kui ora apik, termasuk yen awak dhewe keakehan mangan. Yen awak dhewe luwih seko opo sing iso ditampung lambunge dhewe kui, awak dhewe iso mukok. Yen wis mukok kui sing dadi perkoro. Awak dhewe iso gawe suana mangan karo wong-wong dadi ora anak. Wong-wong iso dadi ora napsu mangan mergo awak dhewe. Awak dhewe uga koyo dadi menungso sing ora tau mensyukuri opo sing wis diparangi karo Tuhan. Soale, awak dhewe dadi ngetoke rejiki seko sing Kuasa, yaiku panganan mau. Awak dhewe dadi koyo nolak opo sing wis diwehi karo Dheweke. Makane kui, awak dhewe ojo mangan keakehan soale luwih akeh rugine timbange senenge.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9592", "text": "Kanggo wong sing ora duweni pasangan, dheweke bakalan urip dewe. Ora gampang kanggo wong urip dhewe, senajan dheweke duwe duwit sing akeh banget. Mesthi bakalan ngerasa sepi pol kayata nalika mulih kerja. Ning omah ora ana sapa-sapa sing bisa nggawekne panganan, ora ana sapa-sapa sing ngenteni, ora ana wong dijak guyon. Mangan dhewe, masak dhewe, umbah-umbah dhewe, golek apa wae dhewe. Ora ana uga wong sing bisa dijaluki tolong nalika ana kesusahan kayata nalika lara lan liyane. Omah uga bakalan ketok lan kerasa sepi mamrih, apa maneh nalika ditinggal kerja utawa dolan adoh lan omahe ditinggal pirang-pirang dina bakalan kaya omah kosong.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6048", "text": "Serangga kuwi dadi salah siji musuh sing ana ning omah. Penyebab serangga iki seing banget muncul kudu digoleki. Apa omah kuwi pancen sarang, cuaca sing lembab, ana pojokan sing ora tau diresiki. Kabeh kuwi kemungkinane akeh. Nanging sing kudu digatekake yaiku anane serangga iki uga ana kaitane karo kesehatan lan karesikane awak. Serangga iki paling seneng menclok ning panggonan sing rusuh lan nyebarake kuman penyakit. Amarga kuwi, anane serangga kuwi kudu dibasmi ben awak dhewe ora ketularan penyakit sing ana ning serangga ditambah lingkungan sing kotor. Nyapu lan ngepel kuwi dadi kewajiban lan uga sering nata omah ben ora dikerubung serangga. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1507", "text": "Yen kathoke kebacut suwek pas awak dhewe lagi lungo kui, ono beberapa hal sing isi awak dhewe lakoke. Sing kesiji, yen suwek mung sithik awak dhewe ora usah panik. Wong-wong ora bakal sadar yen awak dhewe ora ngomong yen kathok dhewe suwek. Sing keloro, awak dhewe iso langsung bali. Pas bali, awak dhewe kudu nutupi bagian kathok sing suwek kanggo opo wae sing awak dhewe gowo pas kui. Awak dhewe iso ngaggo tas, nganggo jaket, nganggo kemeja, utowo jilih gonne koncone dhewe. Sing telu, awak dhewe ora usah bali nanging tetep bagian kathok sing bolong kui tetep ditutupi koyo mau. Yen awak dhewe ngelakoke iki, paling ora awak dhewe ora terlalu ngeroso isin pas kathoke dhewe suwek.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3007", "text": "Sing garai srengen pas antrian disrobot wong iku asline ora mergo serobote, tapi perkoro liyane koyok pegel polahe ngenteni, pegel ngateke utowo lunggohe, ambek duwe penggawean sing ancene rodok ra kenek getinggal. Mangkane wong sing antri iku asline wong sing duwe pengkawean sing ora karuan ambek macem-macem urusan sing awak dewek kabeh ora ngerti. Mangkane nag iso iku sing nyrobot kudu diomongi sing apik ambek ditakoni sing enak soale kadang iku maeng yo wes antri tapi ora dicelok-celok utowo pas dicelok ora krungu. Akhire diselipno ambek petugas sing jogo maeng. Dadi roso srengen iku nag iso diempet disek ambek dibetahno ojo sampek ngelarakno atine wong liyo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1151", "text": "Wong-wong asing sing ngetuti awak dhewe kui mesthi ora duwe niatan sing apik. Dheweke ngetuti awak dhewe supoyo iso nemu lengahe dhewe supoyo iso gawe awak dhewe ciloko. Wong-wong kui biasane ngelakoke kegitan bejate kui pas benget. Kondisine kui relatif peteng, paling ono padang seko lampu sitik-sitik. Wektu bengi kui uga dipilih mergo bengi kui akeh wong sing ora ono neng dalanan. Biasane wong-wong sing koyo ngonog kui ono neng dalan-dalan sing peteng. Dalan sing ora ono lampune blas tengen-kiwo. Dhewke uga mesthi ngenteni neng panggon-panggon sing sepi. Ora ono toko utowo omah sing buka pas kui. Dheweke bakal ngeteni neng pojokan cepak-cepak ben iso gawe awak dhewe ciloko.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4814", "text": "Ujian sekolah lan ujian nasional kuwi ujian sing paling dienteni karo para murid amarga ujian iki bisa nentokake kelulusan lan uji materi sing diajarake ning sekolah. Salah sawijining negara sing duwe tradisi ngewenehi kinurmatan kanggo dina ujian yaiku Korea Selatan. Negara iki ngelarang kabeh hiburan lan swara rame lewat ning sekolah amarga pengen kabeh peserta ujian lulus lan bijine sampurna. Sak durunge ujian, porsi sinau uga ditambah kanthi bengi. Kabeh wong tuwa ndukung ujiane anake ben duwe hasil sing apik. Usaha-usaha iki dadi salah sawijing bentuk yen Korea Selatan kuwi peduli karo pendidikan lan masa depan kanthi urusan ujian wae ana peraturane ben kabeh generasi bisa berhasil lan bisa nduwe masa depan kang mbanggakake. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "730", "text": "Pas SMP, aku tau delok koncoku arep gelud mung mergo dheweke ora sengojo kesikut. Pas kui, sekolahan lagi ngadake kirab ngerayake dino ulang taun kota Yogyakarta. Awak dhewe dikon gawe klambi adat. Sing lanang kon nganggo sorjan lan sing wedok dikon nganggo kebaya. Awak dhewe keliling kampung daerah sekolah nganggo klambi kui. Pas balik neng sekolah meneh, kui wis jam 12 awan. Awak dhewe kondisine kesel kabeh. Mergo ono acara spesial iki, awak dhewe ora ngelanjut pelajaran. Dadi podo langsung bali. Ono siji koncoku sing kesusu bali. Dheweke ora sengojo nyikut koncoku sing awak gedhe. Mungkin, mergo wis kesel, dheweke kui ora ngeroso terimo. Dheweke langsung nyekel kelambine konco sing nyikut mau, arep dijak gelut. Untunge, ono guru sing liwat pas kui dadi iso ngelerai.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7538", "text": "Nek awakmu lagi kepingin ngeprank, iku seh oleh-oleh ae. Tapi awakmu kudu iling, awakmu kudu eroh batesan. Prank iku bakal menghibur nek kedua belah pihak melu ngguyu, gak mek salah siji tok. Dadi pastikno nek kate ngeprank iku awakmu kudu ngenali korban prank iku disik. Mulai teko selera humore koyok yaopo, sampe ndek tahap de’e onok trauma opo gak. Nek wes ngono, nggawe o prank sing sek sak frekuensi karo selera humor e, dan hindari hal-hal sing berhubungan ambek traumane nek misal korban nduwe trauma sesuatu. Nek awakmu wes ngelakoni rong hal iku, kemungkinan prank iku bakal berhasil dan menghibur. Dadi gawe awakmu sing kate ngeprank, iling batesan yo rek.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8324", "text": "Biasane, awak dewe iku pasti ngirone nek teleke kewan iku yo mek telek sing mambu dan marakno penyakit nek diambu. Padahal, teleke kewan iku nduwe akeh manfaat nek diolah sing tepak. Salah siji pemanfaatan telek kewan iku onok nang Aek Nauli Elephant Conservation Camp utowo disingkat dadi ANECC. Nang kono, telek gajah iku dimanfaatno dadi kertas. Siji ekor gajah iku biasane isok nelek sampe 240 pon alias 110 kg ben dino. Kotoran iku mau dimanfaatno gawe mroduksi sekitar 265 lembaran kertas sing nduwe ukuran dowo 30 inci ambek lebar 25 inci. Teko kono, kertas iku mau dimanfaatno dadi kertas tulis, buku harian, utowo memo. Dadi, teleke kewan iku sek nduwe fungsi nek dimanfaatno sing tepak.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1088", "text": "Awak dhewe ora oleh wedi yen awak dhewe arep dioprasi. Awak dhewe ora entuk mikir sing aneh-aneh. Ora usa dihindari yen kemungkinane awak dhewe cilaka mergo oprasi kui ono. Nanging, yen awak dhewe ora operasi kui iso-iso awak dhew ora mari-mari seko penyakite dhewe. Yen awak dhewe wedi kui malah iso makin gedhe meneh kemungkinan cilokone. Sing paling bener kui, awak dhewe kudu pasrah karo dokter sing ngurus operasine awak dhewe. Awak dhewe kudu perocoyo yen doktor iki wis duwe pengalaman sing akeh lan iso gawe awak dhewe mari. Dokter kui wis sinau suwi banget sak durunge iso ono neng ruang operasi kui. Awak dhewe uga kudu yakin karo kemampuan dheweke kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2033", "text": "Kanggo wong Yogyakarta, maksude wong-wong sing ono neng Propinsi DI Yogyakarta, ono telung bencana alam sing paling awak dhewe wedeni. Telung becana kui yaiku gunung jeblug, lindu, karo tsumana. Awak dhewe wedi karo gunung jeblug mergo neng lore propinsi iki ono gunung Merapi sing jarane sak ben limang taun pisan mesthi erupsi. Sing keloro, awak dhewe wedi karo lindu. Opo meneh wong Yogyakarta tau ngerasa lindu sing gedhe banget pas taun 2006. Akeh omah-omah sing rusak lan akeh keluarga dadi korban mergo kedadean kui. Sing ketelu kui tsunami. Soale neng kidul propinsi iki langsung ketemu pantai lan segoro. Senadyan durung tau kedadean ono tsunami. Nanging wong-wong sempet wedi keno tsunami pas lindu taun 2006 biyen.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2568", "text": "Kabeh wong nag oleh penghargaan mesti seneng ora mungkinwongoleh penghargaan kok sedeh. Lah roso seneng polahe oleh penghargaan iki yo kudune dihormati karo uwong-uwong liyane. Soale roso ngunuku biasane ora gampang uwong oleh, terus iku termasuk simbol roso syukur ambek kelebihan sing diduweni wong sing oleh penghargaan iku maeng. Tapi wong sing seneng polahe oleh penghargaan maeng yo kudu ngerteni kondisine. Ojo sampek polahe roso seneg maeng mok wujudno ambek kelakuan sing kenemenen. Dadi masio seneng polahe perkoro maeng, ayok podo ngregaeni ambek wong liyo sing ora oleh penghargaan ben oleh penghargaan teko atine wong liyo barang soale oleh penghargaan teko atine wong iku yo angel.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9121", "text": "Sally ambek Gideon iku sepasang kekasih. Mereka wes pacaran selama limang tahun, alias ket SMA sampe kuliah iki. Biasane hubungan sing wes suwe iku tambah harmonis, tapi gak ambek arek loro iki. Gideon iku asline bajingan, makane Sally iku pingin cepet putus teko de’e. Awale ditahan ae, tapi suwe-suwe gak kuat. Akhire setelah nguatno tekad, Sally wani njaluk putus nang Gideon. Pas krungu Sally njaluk putus, Gideon jelas panik. De’e gak gelem ngeculno Sally ngono ae. Gideon langsung ngancem nek Sally putus, de’e bakal nyebarno video ngenthu ne mereka nang publik. Sally sing keweden mergo anceman Gideon mau akhire nyerah dan balik maneh pacaran karo Gideon.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2658", "text": "Urip iku isine ora mok wong siji tok. Akeh wong sing duweni sifat sing bedo-bedo. Dadi, nag tau gelakno wong sing paling penting iku yo wajar wae ambek yo mesti kabeh wong tau ngelakoni perkoro iku. Tapi nag wes kadong kedaden kabeh wong kudu duweni sifat rumongso salah ben iso roso gelo teko wong sing paling penting iku maeng nang cepet ilang. Tapi roso koyok ngunuku ora kabeh wong duwe, dadi, sing duwe roso ngunuku saiki angel ditemokno. Mangkane nag wes kadung gelakno wong sing penting maeng nang gagih jaluk sepuro ambek rumoncooh salah. Soale nag ora gagih jaluk sepuro mesti iso dadekno loro ati terus ora rukun.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2507", "text": "Roso seneng polahe ketrimo nag perguruan tinggi ancene roso emosi sing megilan sing iso dirasakno ambek atine wong sing ngalami roso iku maeng. Terus roso iku maeng yo iso ae diwujudno utowo diketokno ambek pirang-pirang kelakoan. Tapi kelakuan sing digawe ngetokno roso iku maeng kudu ati-ati soale iso wae garaei wong mangkel. Mangkane nag pengen ngetokno utowo mujudno roso seneng iku maeng kudu mikir disek ojo sampek kenemenen akhire dadikno roso mangkel nang atine uwong. Roso seneng ancene apik ae, opo maneh kanggo menungso sing wes usaha kanggo ngolehno roso seneng iku, dadi wong sing mujudno roso seneng iku maeng wes lumroh ae kanggo wong sing ngerasakno roso seneng maeng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1572", "text": "Aku karo koncoku disik seneng banget dolanan kertu. Awak dhewe seneng dolanan kertu sing jenenge Duel Master. Sak ben awak dhewe duwe wektu selo, awak dhewe mesthi nyempetke dolan kertu kui bareng-bareng. Awak dhewe tau arep tuku nambah kertu. Dadi pas kui, awak dhewe putuske kanggo tuku kertune kui neng Barkas. Supoyo awak dhewe entuk kertu sing apik-apik, awak dhewe ngijol-ngijole kertune. Supoyo kartu sing awak dhewe tuku kui awak dhewe wis ngerti opo sing dientoke. Nanging mergo, awak dhewe rodo ribut pas kui, wong sing jogo marani awak dhewe. Awak dhewe langsung panik. Aku dikon koncoku bayar kotakan kartu sing wis diijoli mau. Aku bayare karo ono perasaan isin lan wedi nek awak dhewe ketauan ngijoli.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5285", "text": "Kanggo mengeti umur sing anyar kuwi luwih mending yen ora ana kejutan utawa perayaan sing terlalu meriah kaya bocah. Nanging uga kudu ana kejadian sing bisa ngelingake ning umur sing nambah iki uga kudu tambah bijak, kaya misale ning ulang taun kuwi diwenehi kejutan kaya kanca sing padha ngumpul utawa anane keluwarga sing nyenengake. Kejutan iki bakal luwih kerasa yen kuwi bocah rantau amarga ben ora ngerasa kesepian. Misal kaya pas lagi neng kos, jebul keluwargane teka ngewenehi kejutan ulang taun. Mesti bungah masio kendheg ning atine. Apa maneh keluwargane teka karo nggawa kado. Dadi, tambah umur uga kadang cukup dimengeti kanggo babagan sing ora neko-neko. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9881", "text": "Wis setengah jam aku lungguh ana ing cafe iki. Aku ngenteni kanca-kancaku sing wis janjian kanggo mangan bareng amarga iki dina ulang taunku. Aku uga ora mikir apa-apa. Aku mung ngira kabeh padha kena macet ing dalan. Nanging sapa nyangka yen dadakna ana musik lagu ulang taun lan lampu ning cafe padha mati kabeh. Teka kidul ana wong-wong sing tibakna iku kanca-kancaku nggawa kue ulang taun lengkap karo liline. Aku kaget tur seneng banget nganti kudu nangis amarga ora nyangka kanca-kancaku bakal ngewenehi aku surprise kaya ngene. Aku langsung nyebul liline lan ngejak kanca-kancaku kanggo ndang pesen panganane supaya bisa ndang mangan. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9883", "text": "Senajan aku anake wong sugih, nanging saben ulang taun aku mesti ora tau dirayakna. Alesane yaiku ulang taun dudu budayane wong Islam. Nanging ana sing beda karo ulang taunku saiki. Aku uga kaget pol amarga ujug-ujug ning mbale ana kue gedhe banget. Tibakna kue iku pancen gawe aku. Warna kue iku ijo amarga aku seneng warna ijo. Ana gambar kartun senenganku yaiku upin ipin. Wujud kuene tingkat 3. Sing tingkat siji wujude kotak, sing tingkat loro lan telu wijude bunder ser. Nalika tak pangan, kuene enak pol. Aku seneng amarga taun iki ulang taunku bisa dirayakna karo kaluwargaku lan kanca-kancaku.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8088", "text": "Awakmu wes pede iki lungo nang panggon asing, soale wes onok Google Maps, dadi gak bakal nyasar. Eh dadakno, awakmu tetep nyasar dan maleh bingung karepe dewe. Terus nek wes ngono, awakmu kudu lapo? Onok siji cara paling gampang, garek takon ae ambek warga sekitar. Biasane warga sekitar iku luwe apal ambek dalanan nang sekitaran kono. Awak dewe isok takon, terus nyesuaino karo rute sing dikeki Google Maps. Gak usah khawatir bakal dienyek, wong Indonesia iku ramah-ramah dan bakal ngewani wong-wong sing nyasar ben isok tutuk nang tujuane. Dadi gawe awakmu sing ngalami hal koyok ngono, gak usah isin gawe takon nang warga sekitar, dan ojok lali nganggo boso sing sopan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1012", "text": "Wong-wong yen ditodong karo pistol utowo senjata sing iso ngebahayeke nyowo kui mesthi ngeroso wedi, ora mungkin ora. Biasane wong sing bakal nodong kui bakal ngarahke senjatane neng bagian vitale awak menungso. Dheweke ngelakoke kui supoyo awak dhewe ora akeh gerak lan tetep manut karo opo sing diomongi karo wong sing nodong mau. Biasane kui senjatane bakal diarah neng gulu. Sak liyane, supoyo ben cepet mati yen dibelek nganggo peso, kui iso ngehambat swarane awak dhewe. Dadi yen misale, awak dhewe arep bengkok kui, ora bakal kerungu karo wong-wong. Bagian liyane kui neng sirah. Biasane senjata sing diarahke neng sirah kui dudu piso nanging pistol.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6194", "text": "Ora ana pengalaman sing paling ngisin-ngisini sak liyane buang air utawa ngompol ning kelas. Kebiasaan iki bisa diiling-iling ora mung kanggo wong sing ngalami, nanging uga wong sing ndelok. Biyasane, peristiwa iki kedadian ning wayah TK utawa SD, kamangka ning TK lan SD iki mesti para guru nyediakake seragam cadangan sing bisa digawe karo murid wayah darurat. Kejadian iki kadhang bisa kedadian amarga ning usia anak-anak, utamane TK lan SD kelas 1 utawa 2, isih nganggep yen buang air kuwi bagian sing privat lan ora normal yen diomongke marang wong liya. Kamangka, anak kuwi wiwit cilik perlu sinau babagan komunikasi ben tetep ngerasakake nyaman.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9580", "text": "Puput lan Rani wis kekancan kurang luwih 12 taun. Bocah loro iku mesti bareng wiwit SD nganti SMA. Senajan mesti beda kelas, nanging mesti dadi siji sak sekolah. Dina iki ujug-ujug Rani pamitan ning Puput amarga dheweke meh pindah ning kutha liya. Rani melu Bapak lan Ibune sing duweni penggawean ning kutha iku. Puput kaget lan mung bisa sedih amarga bakal pisah adoh karo Rani. Ora ana sing bakal bisa dijak dolan bareng, nugas bareng, masak bareng, lan kegiatan bareng-bareng liyane. Rani uga mung bisa njaluk sepura lan janji dheweke bakal dolan terus ning omahe Puput nalika preian lan bakal ngehubungi terus.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "380", "text": "Aku lagi ngerti yen misale ono wong sing ditinggal pasangane sedo kui statuse berubah seko kawin dadi cerai mati. Aku kiro awale cerai mati kui artine cerai bajur ora iso nikah meneh. Nanging ternyata, artine kui cerai mergo ditinggal bojo utowo garwane sedo. Aku ngertine kui pas aku diajak ibu neng pengadilan agama. Pas kui aku rangerti ngopo aku kudu dono. Saiki aku ngerti kui kanggo ngurus surat cerai ibuku. Pas kui, aku isih kelas 3 SD. Aku ono neng ngarep meja hakim bareng-bareng karo ibu lan adiku. Aku ora iling opo sing tak lakoke lan opo sing diomongi hakime kui. Pas kui aku gur iling, bali seko pengadilan kui aku mangan sate bareng-bareng sak keluarga.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2596", "text": "Roso seneng polahe anak ancene bedo ambek roso seneng sing liyane. Nag roso seneng sing iki, sing dirasakno ora mok angger rosos seneng tok, tapi ono roso syukur ambek sing gawe urip, terus ono roso seneng, ambek roso bangga karo anak. Dadi roso seneng iki asline roso seneng sing iso dirasakno karo wong sing wes tau duwe anak. Mangkane nag ono wong tuwe ketok senenge megilan sak wise delok anake, artine wong iku maeng seneng polahe anake. Terus roso seneng koyok ngunu wajar nang kedaden nang angger uripe wong tuo. Dadi sing gelek ngerasakno roso seneng sing koyok ngeneki biasane wong tuo dudu bocah-bocah sing lagek sekolah utowo kuliah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9932", "text": "Ayahku kaget ndelok tanganku sing ujug-ujung biru lan aboh. Aku ngomong yen iki gara-gara aku digepuk karo adikku karo kayu. Pas iku aku ora sengaja ngilangna dulinan senengane, marine iku aku langsung digepuk karo kayu sing ana ing kamar. Awale ora kerasa lara, mung njarem nanging suwi-suwi kok tanganku kaya abot raisa digerakna. Jebule saya suwi saya ketok biru lan aboh gedhe banget. Akhire aku ora bisa mangan lan adus dewe amarga tangan sing aboh iki tangan tengen. Adhiku wis diwenehi pituduh kari Ibu supaya ora mbaleni kedadean kaya ngene maneh. Kabeh masalah iku bisa diomong apik-apik kanti utek sing adem ora kudu nganggo kekerasan. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9478", "text": "Ketemu karo wong kang banget disenengi mesthine dadi pengalaman kang ora bakal dilalekake. Nalika dadi panitya ana salah satunggaling event konser, aku nate weruh wong kang sajak ngefans banget karo vokalis band kang dadi bintang tamu. Wektu kuwi konser ngundang grub band Sheila On 7, mbok menawa meh kabeh wong ngerti band iki. Nalika Mas Duta manggung, dheweke aruh-aruh karo para pandhemen e, kanthi cara ndhodhok lan nggaetke tangane marang penonton. Seka kadohan aku weruh ana wong wadon mbuh sengaja apa ora narik tangane Mas Duta, dheweke krasa arep tiba, nanging untunge bagian keamanan sigap misah tumindake wong wadon mau. Yen dakpikir-pikir, pancen mbungahi banget ketemu karo idola kuwi, nanging mbok ya aja nganti gawe cilakaning liyan. Yen antarane penonton lan idol padha-padha aman lak ya malah kepenak ta anggone disawang. Mula, ayo dadi fans kang cerdas. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9437", "text": "Sapa sing ora seneng yen bisa menang undian. Apa maneh yen hadiahe gedhe banget kayata oleh montor, utawa dhuwit pirang-pirang yuta. Nanging aku mesthi ngiling-iling nalika bisa menang undian iku kudu bisa dipastikake maneh kanggo ngadohi babagan elek kayata dibujuki lan sapanunggale. Ana pirang-pirang cara supaya ora kena apusan wong-wong ala. Nomer siji, yen menang undian kudu diiling-iling apa ya pancen melu undian, amarga kadang wong bisa lali lan iku bakal dadi alesan kene gampang kapusan. Nomer loro, kudu ngerti sapa sing nggawe undian iki. Yen sing nggawe undian iki wong utawa pihak sing ketoke ora bakal tanggung jawab, mending ngadih wae lan ora usah diterusna.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4403", "text": "Telono suwek termasuk perkoro sing ancene marakno isin, tapi ora kabeh telono sing suwek iku yo dadekno perkoro sing ngisine contohne nak pas suweke iku ora nang panggonan sing marakno isin, koyok nang petite sikil, terus mok saitik suweke sing ora sampek ketok awake. Nah perkoro iku maeng iso dadekno isin mergo nag suweke iku langsung kedaden nang ngarepe wong akeh terus nang panggonan sing ancene iso marakno wong sing duwe telono maeng iku isin, contohne nang mestak, nang bagian pupune wong, utowo nang bagian bokonge wong, yo mesti iku bakal isine megilan. Mnagkane nag gawe telono iku kudune ati-ati masio iku telonone apik.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8393", "text": "Eksibionisme iki jenis penyimpangan seksual sing marakno uwong nduwe dorongan seksual gawe nyudokno organ intime nang wong liyo tanpa persetujuan wong iku. Wong sing nduwe kelainan njijik i iki bakal ngentokno kesenangan ambek kepuasan pas nyudokno bagian awake nang wong liyo. Eksibionis bahkan isok tambah bergairah pas wong iku nyudokno reaksi gilo utowo sampe wedi. Berdasarno targete, jenis eksibionisme iku onok telu. Siji, terangsang secara seksual dengan nyudokno alat kelamin nang arek-arek sing durung pubertas. Loro, tertarik nyudokno alat kelamin nang wong dewasa. Telu, terangsang nyudokno alat kelamine nang arek-arek prapubertas ambek dewasa. Eksibionis iku isok dalam bentuk ngangkat rok ben gak atek katok, nge-ekspos awake pasangan ben didelok wong liyo, sengojo nyudokno aktivitas seksual nang ngarep wong liyo, sampe ngelakoni phone sex tanpa persetujuan wong iku demi ngentokno kepuasan seksual.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3733", "text": "Akeh-akeh wong sing jember ambek ambu amis iku wong wedok, mergo akeh-akehe wong wedok iku ora seneng ambek perkoro sing dianggep iku kemproh ambek endut, nah biasane ambu amis iku kan teko perkoro sing ancene endut ambek teko iwak-iwakan sing isek entah. Nah contohne daging entah iku maeng yo koyok iwak entah sing durung digoreng, terus daging entah sing durung dimasak, ambek geteh sing pating kemleler barnag yo iso ae. Nah barang-barang iku maeng sing biasane dadi sumbere ambu amis terus biasane iso dadekno perkoro sing jijiki mergo ambune sing marakno jengekel ambek jember iku metu nang pikiran sing akhire dadekno ambu amise megilan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9511", "text": "Dina iki pas setaun wingi Jeno ditunggal karo Simbahe madep ing Gusti. Saben dina Jeno isih ngerasa sedih amarga wis ora ana maneh wong sing bisa dijak ngomong nalika Jeno ing kampung. Matine Simbah dadi kedadean sing nggarakna Jeno ngerasa dadi putu sing kurang merhatekna, amarga Simbah mati amarga kepegelen nyawah. Jeno ora ngerti yen Simbahe lara dadi ajeno ora ngajak Simbahe menyang rumah sakit. Jeno uga ora ngerti pas matine, amarga Jeno isih ana ing kutha pas iku. Pas dikandani yen Simbahe wis mati, Jeno langsung nangis lan mulih ing kampung. Simbah iki dadi kancane Jeno nalika Jeno pulang kampung kayata nalika Jeno pengin dolan ning sawah, nalika Jeno pengin nggolek iwak. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5654", "text": "Bully utawa perundungan kuwi dadi salah siji kasung bisa nimpa sapa wae. Kasus iki sering ana ning bocah sekolah lan dilakoni karo para senior marang junior. Banjur perilaku perundungan iki nimbulake dendam sing kesumat lan kaya domino, rantai perundungan iki saya suwe nuruni marang adhi kelas seteruse. Perilaku iki nduweni efek sing kurang apik marang pelaku uga para korban. Kalah dadi awu lan menang dadi areng. Para korban mesti nduweni trauma. Nanging para pelaku iki ya ora bisa bebas amarga mesti ana kesisa rasa bersalah lan uga ana emosi sing ora stabil sing kesimpen amarga rasa sok jagoan sing kependhem senajan ora ning ana lingkungan sekolah. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9141", "text": "Ferdi iku ndelok drijine, dan ngonangi nek kukune wes podo dowo. Akhire Ferdi mutusno gawe ngetoki kukune. Enak-enak ngetoki kuku, moro-moro kucinge iku nyeruduk de’e sing marakno Ferdi maleh sriwilen. Gak sepiro dipikir, Ferdi langsung ngekeki obat dan ditutupi nganggo plester. Awale gak onok sing aneh. Moro-moro Ferdi iku ngeroso nek drijine sing sriwilen iku tambah lara. Terus tambah suwe driji iku mau malah bengkak gede. Pas plester e dicoplok, malah metu nanah e. De’e jelas wedi dewe lah. Pas Ferdi ngomong nang ibuke, langsung digowo nang Rumah Sakit. Dokter sing mrikso Ferdi iku ngomong nek driji iku mau kudu dioperasi. Awale Ferdi keweden pol dan njaluk alternatif pengobatan liyane. Tapi ibuke malah nyelat de’e dan ngongkon dokter gawe njadwalno operasi drijine Ferdi. Mergo iku, Ferdi mek isok pasrah tok.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1481", "text": "Aku tau kepekso banget mangan panganan sing reged. Sebenere reged-reged banget, nanging nek ora kepekso aku wis ngeguak pangan kui. Pas kui aku lagi dhewekan neng omah. Keluargaku sing liyo lagi ora ono neng omah, ono sing lagi kegitan lan ono sing lagi neng luar kota. Kepeksone aku kudu masak dhewe neng omah. Mergo ora ono bahan lan aku males neng warung, aku masak opo sing ono neng lemari. Pas kui aku masak mi. Pas lagi tak tirisi, sing metu seko pancine ora mung banyu, mine uga melu. Mine tibo neng duwur piring reged neng wastafel. Nanging, sanking wis ngelihe, mine kui tetep tak pangan. Awale sih biasa wae. Nanging bar rampung mangan, tak bayang-bayangke meneh, terus dadine dadi jijik dhewe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6045", "text": "Kanggo wong sing seneng banget karesikan, omah kuwi pancen kudu lolos saka pengaruh serangga saka ngendi wae. Apa maneh yen wong iki duwe OCD lan duwe fobia marang serangga kaya wedi coro lan sebangsane. Reaksi iki normal amarga ning dunya iki, serangga kuwi dadi makhluk sing ora bisa dibedhek pergerakane. Ana sing dikejar malah nyedhak, uga ana sing dibasmi malah manak saya akeh. Serangga iki pancen nganggu lan uga kadhang ana sing nggawa penyakit kaya tiped lan uga diare. Serangga iki uga marai omah mambu kaya kepik lan uga liyane pas wayah rendheng udan. Ya kesimpulane menungsa lan serangga iki angel yen kudu berdampingan ing sawijining lingkungan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2549", "text": "Kadang wong iku gelek bingunge pas goleki barang sing dibutuhno, opo maneh nag wonge maeng kepepet, tambah mumet maneh ndase polahe goleki barang sing ora ketemok. Mangkane nag pas ketemok yo jelas senenge megilan polahe barang sing dbutuhno wes ketok ambek ketemok. Senenge iku maeng kudune iso disalurno utowo diwujudno karo perkoro sing apik ben roso seneng maeng ora sio-sio. Soale nag disiak-siakno biasane roso seneng iku maeng terus ilang soale pikirane wes lego ambek ora ono bebane. Mangkane manfaatno roso seneng polahe nemokno barang sing digoleki maeng dadi perkoro apik ben beban nang pikiran ambek atimu sing wes ora karuan polahe bingung maeng ben cepet ilang.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7565", "text": "Giveaway iku kegiatan mbagikno hadiah nang wong liyo dengan syarat tertentu. Biasane syarate iku kudu ninggalno komentar, bagikno postingan nang wong liyo, menyukai postingan, dan sek akeh maneh. Roto-roto, pemenang giveaway iki engkok bakal ditentukno teko undian. Giveaway iki ancen terkenale diadakno karo brand tertentu, tapi prakteke sopo ae isok ngadakno iku. Giveaway iki dadi momen sing paling akeh dinanti karo wong-wong. Hal iku mergo biasane hadiah sing digawe giveaway iku bernilai duwur. Dadi nek ben onok uwong sing ngadakno giveaway nang media sosial, gak suwe pasti postingan iku bakal rame ben de’e isok menang hadiah giveaway sing disediakno karo wong sing dadi penyelenggara.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9179", "text": "Petugas sing nggatheli iku onok nang ndi ae. Nek wes ngono, awakmu pasti ngeroso mangkel pol dan rasane pingin ngamuki wong iku. Malah nang tahap sing nemen, onok sing sampe ngeviralno petugas iku mau. Menurutku, sing koyok ngono iku ngentek-ngenteki tenaga sih. Wes ngono, petugas sing diviralno mau isok ae maleh dipecat. Secara gak langsung, awak dewe dadi mutus rejekine petugas iku mau. Mangkel koyok yaopo, mutus rejeki koyok ngono iku kenemenen sih. Nek iku tak alami dewe, pasti aku bakal ngeroso bersalah seumur hidup. Dadi gawe awakmu sing ngalami hal sing podo koyok sing tak jelasno mau, mending senyumi ae petugas sing ngeselno iku, gak usah memperpanjang perkoro.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5221", "text": "Wis telung sasi iki Ratih ora ngalami haid. Dekne uga durung rabi lan aktif kegiyatan seksual. Kamangka Ratih iki bingung amarga dekne ora ngerasakake apa-apa. Nanging wayah haid, mesti Ratih ngerasakake lara banget ning wetenge. Banjur Ratih milih kanggo priksa amarga wedi yen ana tandha-tandha sing ora disadari. Ratih periksa lan melu USG ning rumah sakit. Jebul Ratih ngalami gangguan hormon, yaiku PCOS. Penyakit iki bisa marai haid ora lancar amarga ana hormon sing ora stabil. Ratih kaget amarga ora tau weruh penyakite. Amarga kuwi saiki ratih kudu ngelakoni terapi hormon lan njaga awak, mangan sehat, uga kudu sregep olah raga. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1055", "text": "Menurutku, jenis rundungan sing paling nyilakani kui rundungan sing nyerang psikis wong. Soale, kui angel banget kanggo ngebuktike yen wong sing ngerundung kui salah. Dheweke iso gawe alesan opo wae lan ora dianggep dadi wong sing bertanggung jawab mergo ora ono bukti nyotone. Ora koyo digebuki sing bakal ninggal bekas memar neng awak korbane, omongan kui luwih angel dibuktike. Salah siji corone kui mungkin ngerakam omongane liwat HP utowo piranti ngerakam swara liyane. Nanging yen ora ono saksi sing delok langsung perkoro kui, bukti rekaman swara kui tetep dianggep ora kuwat. Makane kui, menurutku, rundungan sing nyerang psikis kui sing paling kejem.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7685", "text": "Awak dewe pasti sering krungu istilah orang dalam nang kabeh panggon, tapi sing paling akeh iku nang dunia kerjo. Onok sisan sing ngomong nek semaksimal opo awak dewe berusaha mati-matian, tetep bakal kalah ambek orang dalam. Biasane orang dalam iku melbune mergo onok relasi ambek wong nang njero instansi iku mau. Mulai teko koncone, sampe anake dewe. Nang dunia kerja, orang dalam iku mesti diprioritasno mbasio kemampuane sek jauh timbang uwong sing ngelamar kerjo manual. Hal iku mergo onok kedekatan emosional sing marakno awak dewe ngeroso luwe nyaman ambek uwong sing luwe dikenal timbang wong asing. Kedekatan emosional iku berlaku sisan nang beberapa instansi kerjo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9492", "text": "Mbakku wingi wis mbabarake. Bayine wedok lan mirip banget karo mbakku. Jenenge uga apik banget, Karina. Karina bayi seminggu wis bisa melek lan ngguyu sithik-sithik. Prawakane putih, resik lan akeh wulune. Dawane pas lair kurang luwih 53 senti lan bobote 3.5 kilo. Sawise adus, Karina mesti dipepeh karo mbakku supaya bisa kena srengenge. Gaweane bayi umur seminggu ya nyusu, ngising, nangis, turu. Mbakku nganti pegel amarga kurang turu. Nalika luwe utawa ngelak, Karina bakalan nangis sak get-gete kanti raine abang mbranang. Suara nangise ngebaki sak omah marakke wong turu padha tangi. Nanging mbakku uga syukur marang Gusti amarga isih bisa ngeramut Karina kanti sabar lan ikhlas.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8488", "text": "Akhir-akhir iki, lagi akeh banget uwong sing ngeluh nek keleke dadi ireng mergo keliru nganggo deodoran. Malah onok sing ngeluh tiwas tuku deodoran larang, tapi hasile tetep ae. Padahal onok bahan alami sing isok luwe ampuh gawe ngatasi ambu awak dan luwe murah. Opo iku? Jawabane yaiku watu tawas. Watu tawas iku nduwe manfaat sing akeh gawe kelekmu. Siji, isok nyerahno kelek sing ireng. Loro, ngurangi ambu awak sing dihasilno teko kelek. Telu, ngalusno kulit. Papat, ngatasi keringet berlebih nang kelek. Terakhir, isok ngatasi iritasi. Dadi gawe awakmu sing lagi nggolek pengganti deodoran, awakmu isok nganggo watu tawas. Wes alami, murah, awet, akeh manfaate sisan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1436", "text": "Iwak sing amis kui marake olahan iwak sing wis digawe kui dadi ora terlalu sedep. Makane kui, pas lagi proses masak, awak dhewe kudu mastike iwak kui wis ora mambu amis. Ono beberapa cara supoyo iwak kui ora mambu amis pas dimasak. Sing kesiji, awak dhewe iso nganggi jeruk nipis. Sak liyane iso ngurangi ambu amis iki, jeruk nipis kui iso gawe masakan dhewe dadi luwih seger lan ora eneg. Sing keloro, awak dhewe iso nganggo jahe. Jahe uga iso gawe panganane kui luwih wangi lan ono roso pedes-pedese. Sing ketelu, awak dhewe iso nganggo uyah. Iki makane neng Indonesia ono panganan iwak asin. Sak liyane, iso ngilangi ambu amise, uyah kui uga dadi bahan pengawet sing alami.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2697", "text": "Wong-wong akeh ora ngerti nag wong seng penggawehane sedeh polahe urip dewe iku iso dadekno stress, terus gangguan jiwo. Mangkane nag awakmu ben ora sedeh polahe urip dewe, cerito'o nang nggonane koncomu sing mbok percoyo. Soale menungso iku makhluk sosial sing ora iso uirp dewe, mangkane butuh liyane sing iso dijak ijol pikiran ben ora sedeh urip dewean. Kadang wong sing sedeh urip dewean iku maeng biasane duwe masalah sing wedi nag diceritakno nang wong liyo iku dadekno isine wonge. Tapi nag iku maeng dadekno abote urip, yo palang dicitakno nang wong sing kenek dipercoyo nag pinggire awak dewe, iso karo konco sing apik, guru, utowo wong tuo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "333", "text": "Pas cilik biyen, aku wedi banget karo ruangan sing peteng. Yen arep turu, lampu kui kudu ngurup. Ruangane kui kudu terang banget. Lampu sing rodo redup sing pancen fungsine diurupke pas arep turu kurang padang kanggo aku. Saking wedine karo gelap, sak ben listirk mati neng omah, aku mesthi tangi lan bengok-bengok nyeluk ibuku. Padahal, kui posisine aku wis turu. Aku sok ngebayangke nek ono makhluk-makhluk sing medeni mlaku-mlaku neng cerakku pas kahanan peteng koyo kui. Aku wedi neng makhluk kui bakal nyekek guluku opo nyulik aku neng donyone dee. Terus aku bakal dipotong-potong, dimasak, trus dadi panganane dee. Nanging, saiki aku wis ora wedi meneh karo peteng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9432", "text": "Aku nekat melu undian sing hadiahe gedhe banget yaiku plesir ning Korea. Undian iki diadakke karo salah siji mall sing ana ing kuthaku. Aku budhal ning mall kanggo melu ndelok langsung undiane. Atiku ndredeg, keringetku kumucur, tanganku adem, raiku pucet amarga wedi banget lan durung siap menawa ora menang. Undian wis diwiwiti karo sambutan direktur mall lan dilanjutake acara inti. Pranatacara wis mulai nyeluk jeneng-jeneng sing menang. Atiku tambah dredeg amarga yakin kayane bakal ora menang. Aku wis pasrah. Ndilalah isih ana siji jeneng sing durung kasebut, lan nalika pranatacara nyeluk jenengku aku langsung lemes. Sikilku gemeter lan ora bisa ngadeg saking kaget lan senenge akhire aku bisa menang undian plesir ning Korea.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7203", "text": "Nang tahun 2022 iki, akeh banget perusahaan nang Indonesia sing PHK massal karyawane. Onok kurang lebih 10 perusahaan sing nge-PHK massal karyawane. Siji, PT Goto Gojek Tokopedia Tbk. Perusahaan iki nge-PHK total 1300 karyawan. Loro, Ruangguru. Alesane mergo situasi pasar global sing memburuk secara drastis. Telu, PT Shopee Indonesia. Alesane mergo iki langkah terakhir sing kudu ditempu gawe efisiensi. Papat, LinkAja. Alesane gawe reorganisasi SDM. Limo, Tokocrypto. Perusahaan iki nge-PHK sekitar 20 person karyawane. Enem, TaniHub. PHk nang kene iki dampak teko ditutupe operasional gudang ndek Bandung karo Bali. Pitu, SiCepat. Perusahaan iki nge-PHK sampe 360 karyawane. Wolu, Mamikos. Alesan PHK iki gawe menjaga kesehatan kondisi keuangan perusahaan ning era serba gak pasti iki. Songo, JD.ID. Alesane gawe salah siji improvisasi ben perusahaan isok terus beradaptasi ambek dinamika pasar Indonesia. Terakhir, Zenius. Perusahaan iki nge-PHK luwe teko 200 karyawane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3324", "text": "Kabeh wong mesti akeh-akehe tau ngalami sing jenenge trauma ambek perkoro utowo barang sing marakno wong iku maeng saking wedine sing akhire dadi trauma. Nah barang sing dadekno wong iku maeng sampek trauma yo mesti macem-macem, kadang barang sing sepele ae iso ae dadekno wong iku maeng trauma ambek wedi karan barang iku maeng. Trauma iku asline yo kedaden teko perkoro sing moro-moro dadekno deke iku maeng nang barang iku maeng. Utowo barang iku maeng sing marakno wong iku maeng keweden polahe asline deke iku jumbul. Nah nak wes kadung nginiki yo gelem-gak gelem kugu iso diatasi gal saitik ben iso ilang. Soale nag dibarno bakal terus-terusan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9941", "text": "Dino senin iki riko wayah e upacara ning sekolahane . deweke kebagian dadi sing maca undang-undang dasar. nanging senin iki ora koyo biasane , riko tangine kawanen amarga wingi bengi ora iso turu. riko gupuh kabeh wedi yen kari sekolahae. amarga kawanen akhire riko ora mangan langsung budal sekolah. riko numpak montor dewe ora bareng wong tuwone kerjo. nang dalan riko ora iso maju blas amarga macet dowo ning dalan . akhire riko liwat dalan liane sing ora macet nemen. jam 7 kurang limang menit riko tutuk sekolahane. kanca-kana ne wes podo baris riko mlayu cepet cepet nak barisan e ben ora di pares marang gurune. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7964", "text": "Hal-hal sing berbau ngancem iku akeh banget didapeti nang kehidupan sehari-hari ndek sekitare awak dewe. Salah siji perbuatane iku meden medeni. Meden medeni iku perbuatan sing marakno korbane iku ngeroso wedi terus terintimidasi. Meden medeni iku ancen guduk ngancem secara langsung, tapi isok dadi cikal bakal teko perbuatan mengancam iku mau. Soale rong hal iku podo podo marakno korbane ngeroso wedi terus terintimidasi. Nek meden medeni iki biasane mek nang hal sing remeh tok. Tapi nek engkok meden medeni sing tambah nemen, iku isok dikategorikno dadi perbuatan mengancam. Dan tambah suwe, perbuatan mengancam iku mau isok berdampak serius gawe korbane soale ngeroso terintimidasi terus, contohe koyok stres.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7575", "text": "Jaman saiki, wes sering banget krungu istilah fenomena seks bebas dan iku tambah suwe tambah akeh sing ngenormalno. Padahal, sing koyok ngono iku akeh banget efek negatif e, terutama gawe wong wedok. Siji, bersentuhan ambek lawan jenis iku wes termasuk zina, opo maneh sampe ngelakoni seks ambek wong sing guduk pasangan sah e. Siji duso wes ditambah. Loro, nek wes ngeseks, terus engkok meteng, roto-roto wong iki bakal ngelakoni aborsi. Padahal aborsi iku hukume haram. Tambah siji maneh dusone. Telu, nek misal ketemune karo pasangan ngeseks sing gak resik, onok kemungkinan bakal kenek penyakit kelamin. Wes numpuk duso, nambah penyakit maneh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9078", "text": "Begal jaman saiki iku gak mek nyerang pengendara motor tok, tapi pengendara montor yo isok kenek. Teknik begal iku tambah suwe tambah akeh. Onok sing nyerang langsung, onok sing nyerange bertahap. Salah siji taktik begal nang pengendara montor iku nguncali koyok semacam ndhog tapi wes onok campuran cairan liyane. Biasane koyok ngono iku ben pengendara murupno wiper mobil. Tapi nek wes ngono, cairan mau maleh roto nutupi kaca dan tambah gak ketok opo-opo. Nek wes ngono, baru pelaku begal iku nyerang pengendara montor iku mau. Taktik ngono iku nrawasno pol sih. Dadi gawe awakmu nek kuncalan cairan koyok ngono, gak usah diutak atik dan tetep nyetir montor terus, cuma luwe banter ae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5670", "text": "Ruth dadi salah siji perenang andalan saka Manado lan dadi atlet kebanggaan ning kampus. Ruth iki wis dadi atlet renang wiwit SMP lan wis sering menang lomba ning daerahe. Barang saiki kuliah ning Jogja, Ruth iki dadi jarang latihan renang lan luwih fokus kuliah. Ning sawijining dina, ning kampus ana lomba olahraga lan Ruth ditunjuk dari perwakilan fakultase. Ruth sing ngerasa aman amarga wis nduwe pengalaman banjur melu nyemplung tanpa ana persiapan. Nanging, kondisi fisik Ruth wis bedha amarga wis jarang dilatih. Ning tengah tandhing, Ruth kelelep amarga kram lan panik. Untunge ana panitia sing gelem nulungi. Sak rampunge kuwi, Ruth wis ora gelem renang maneh tanpa persiapan amarga trauma. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3374", "text": "Pas dolanan prau etek nang Waduk kota Gadis, koncoku wedine megilan polahe praune ate kelem. Tapi asline iku yo ora kelem se mok butuh nguras banyu sing ancene iku kecipratan teko ombake banyu nag waduk. Tapi jenenge wong wedi yo wes ora karoan oleh berok-berok. Sampek gondamno wong sing nang jero prau etek maeng. Yo nag jareku wedi se ora opo-opo tapi yo ojo sampek medeni liyane lah. Mosok sampek liyane maleh melok kejegor, terus sing garai guyokno yo polahe bocah iku maeng keweden akhire bocah-bocah jegor waduke tapi tibake waduke iku ora jero mok sak dodo. Pantes ae sing duwe prau etek anteng ae pas praune etek kelem. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7164", "text": "Roto-roto uwong nek ndelok wong sing entok penghargaan iku berarti telah mencapai sesuatu sing gede banget. Tambah duwur tingkatan penghargaane, tambah hebat wong iku. Iku kabeh gak salah. Cuma kadangan uwong-uwong iku podo gak sadar nek hal-hal cilik iku isok dadi suatu pencapaian dan berhak entuk penghargaan sisan. Penghargaane pun gak perlu kudu dalam bentuk piala, dalam wujud liyane yo isok banget. Contohe, onok uwong narget gawe rutin nge-gym selama seminggu, dan target iku tercapai. Wong iku ngekeki penghargaan gawe awake dewe berupa mangan dessert sing dadi pantangan selama nge-gym mau. Contoh paling sederhana maneh awakmu wes mari nggarap tugasmu sesuai targetmu, berarti awakmu berhak mendapatkan penghargaan berupa istirahat.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2963", "text": "Wingi pas aku dolan nang kota Gadis, koncoku pas jumbul soale menang undian, padal tak roku bocahe jumbul polahe aku teko. Undian iku jarene sing ngadakano salah sijine PT. sing lagek entas dadi sing ono nang kota Gadis iki. Undian maeng iku hadiahe akeh pol, awit sing teko handphone, TV, sepeda ontel, sepeda montor, sampeh kasur barang yo ono. Pas iku koncoku maeng menangno TV sing gedene 45 inch. Dadi yo luong oleh hadiah gratis. Soale ancene bocahe yo butuh TV gawe hiburan nang omah nag preian kerjo soale wong tuane barang yo wes ora ono, karek deke ambek adike tok. Adike yo kulia nang kota Gudeg. Terus yo mok karek deke tok nang omah.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4873", "text": "Salah sawijine idola sing lagi akeh disenengi karo bocah enom jaman saiki yaiku penyanyi Sal Priadi. Sak liyane penyanyi, Sal Priadi iki uga kalebu salah siji aktor anyar ing jagad perfilman. Level aktinge Sal Priadi iki saka teater nang film festival. Lair ning Malang tanggal 30 April 1992, Sal Priadi iki duwe bakat musik sing ora biyasa, yaiku musik-musik sing tujuane kanggo ngisi lagu ning film. Penyanyi iki terkenal taun 2015 amarga proyek band karo kancane lan mulai manggung wiwit 2017 ning festival musik. Sal Priyadi iki uga nduwe kanca duet sing akeh penggemare yaiku Nadin Amizah. Lagu duet iki bisa oleh prestasi akeh saka penghargaan musik nasional.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5257", "text": "Kanca lawas sing ora sengaja ketemu kuwi kadhang bisa dadi sumbere rejeki sing ora disangka. Kanca lawas kuwi uga dadi wong kang bisa melu dadi pendukung sukses karir utawa gaweyan. Wong kang nduweni bisnis gedhe iki uga ora bisa bebas saka istilah kekancan amarga kabeh dukungan kuwi uga teka saka kekancan kang apik. Carane kanggo ngopeni urip kekancan sing apik kuwi uga macem-macem. Kaping pisan yaiku yen ketemu kanca lawas, aja lali njaluk kontake, amarga bisa dadi kontak yen butuh pitulungan. Kaping pindho, yen wes tau ketemu, aja medhot komunikasi. Kaping telu, yaiku aja lali yen ana peluang bisnis kang apik, bisa ngajak kanca. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7695", "text": "Watson iku salah siji brand drugstore sing tokone wes onok nang ndi ae nang Indonesia. Biasane ben Mall nang Indonesia iku pasti onok siji drugstore iki. Watson iki dodolan sembarang kalir barang dan tergolong lengkap, mulai teko skincare sampe suplemen. Tapi sing nggarakno Watson terkenal iku guduk kelengkapan barange, tapi pelayane sing nggapleki. Wes akeh banget review-ne wong-wong nang internet sing digarai emosi karo pelayane. Penyebabe macem-macem, cuma sing paling sering iku pelayan sing ngerendahno pelanggan sing tampilane biasa-biasa ae. Contoh kedaden ambek bapakku dewe. Bapakku iku kate tuku suplemen minyak ikan salmon. Terus onok pelayan sing nyedek dan ngomong nek iku regane 600 ewu. Awale ketok biasa, lah pelayane nambah ngomong nek iku larang lho mergo ndelok bapakku sing nganggo klambi biasa-biasa ae. Bapakku sing emosi langsung njupuk loro botol dan pelayane langsung panik dan ngelayani dengan ramah. Ancen marai emosi nek koyok ngono iku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5331", "text": "Umar wis melu karate wiwit cilik, yaiku wiwit SD kelas siji. Umar iki dadi salah sawijine atlet ning kuthane lan wis ngewakili daerah ning lomba karate kanthi melu tandhing ning tingkat nasional. Kanggo Umar, karate iki bisa ngendalikake emosi lan ngajari ben ora dadi wong sing jumawa lan ora gampang pamer kekuatan ning ngarep wong liya sing ora dikenal. Amarga biyen sak durunge melu karate, Umar iki gampang ngamuk yen digarai sithik karo kancane, padahal kancane iki ora sengaja nggepuk. Ibune Umar nemu sing salah saka anake, yaiku Umar isih kurang pinter ngendalikake emosi, banjur Umar melu karate sing bisa ngajari ben dadi bocah sing luwih sabar ngadepi wong liya. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1152", "text": "Dietuti koro wong sing ora awak dhewe kenal kui ora mung mendeni ning donyo nyoto wae, nanging uga neng media sosial. Wong sing ngetuti seko media sosial kui ngikuti kabeh akun sing awak dhewe duwe, seko Instagram tekan Twitter. Dheweke mesthi jedul neng kolom komentar lan ora ketinggalan story sing awak dhewe gawe. Mungkin tekan ngekei pesan langsung neng akune dhewe. Mending yen wonge kui mung ngetuti wae lan ora ngirim pesan utowo gambar sing neko-neko. Yen dheweke tekan ngekei pesan sing ngeganggu koyo ngono kui, awak dhewe iso blokir akune. Nanging, sing medeni kui yen awak dhewe ketemu wong sing ngetuti awak dhewe neng media sosial lan ketemune wujud asline. Awak dhewe ora iso ngebayangke opo sing dheweke bakal lakoke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4444", "text": "Ancene yo nag jenenge wong salah nyelok jenenge wong utowo konco sing wes dikenal nag ngarepe wong akeh iku ancene ngisini. Nah mangkane saiki bocah-bocah nag lali jenenge ambek koncone iku biasae nyelok \"bro\" ben ora isin nag keleru jenenge. Yo perkoro iku asline ora maslah nag kedaden nang panggonan sing ancene ora ono sing kenal ambek sing dicelok utowo mok ijen adep-adepan ngunu, tapi nag sampek wonge maeng maeng nang panggonan rame yo jelas marakno isine pol soale dianggep ambek wong liyo iku kemeroh ambek sok parek sing akhire dadekno wong iku mikire sing aneh-aneh nang wong sing nyelok keleru maeng. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4393", "text": "Sing jenenge wong iku mesti rau ngiler, nah iler iku maeng opo? iler iku termasuk kayok banyu sing metu teko lambene menungso pas turu, yo modele iku koyok idu, tapu ora muroh ambek beninge pol terus rodok kentel saitik timbang idu. Nah iku nag kenek wong mesti wong sing kenek bakale jemebere setengah mati mergo ambune barnag yo ono sing ora enak ngalah-ngalahi idune menungso. Nah sak liyane iku mesto roto-roto wong iku jijik nak delok sing jenenge iler maeng opo maneh sampek kenek yo tambah ora karoan jemeberi. Mangkane nag ono iler iku nag iso ojo sampek kenek soale iku termasuk barang yo iso diarani rusoh ambek mangkelno.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4345", "text": "Roto-roto wong nag delok sing jenenge coro ambek uler iku nag gak wedi yo jijik, opo maneh bocah wedok tambah megilan oleh wedio ambek jijik. Nah sing garai jijik jarene koncoku sing wedi ambek coro maeng iku ngomong nag sing garai jijik iku kewane sing rusohan, ambek ora resikan, terus bentuke iku sing garai wong keri ambek nyabe nag delok kewane maeng. Terus sak liyane iku warnae sing jeke teletonge sapi sing marakno wong mangkel ambek jember. Mari ngunu ambune barang yo ora enake megilan sing garai wong-wong nag marek kewan iku plekien mergo ambene sing ora enak maeng. Dadi yo ora gauk nag akeh wong sing jember ambek kewan iku maeng. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1539", "text": "Yen awak dhewe diguyoni neng kelas kui, dudu artine awak dhewe mesthi ngelakoke hal sing salah. Makane awak dhewe kudune ora usah ngeroso isin. Wong-wong sing ketoke guyoni awak dhewe kui sebenere mungkin mung pengen gawe kelas dadi rame wae. Mungkin, pas kui suasana kelas lagi spaneng banget mergo arep ujian. Konco-konco neng kelas uga dadi ora kerep meneh kumpul. Dadi ono wong sing inisiatif gawe momen kui supoyo konco-konco liyane seneng. Awak dhewe kudu duwe pola pikir kui ben awak dhewe ora gampang lara ati pas diguyoni. Ora mung pas neng kelas, nanging iso uga neng kondisi liyane neng jobo kelas.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1016", "text": "Perilaku kriminal kui ono neng sekitarane awak dhewe. Mungkin awak dhewe ora tau delok langsung. Nanging yen awak dhewe delok TV utowo ngerongke omongan tonggo, ono wae berita kriminal kui. Awak dhewe mungkin bakal ngeroso wedi yen kui kedaden langsung neng awak dhewe. Yen misale awak dhewe ditodong kanggo lading utowo pistol kui ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu tetep kalem lan ora kemerungsung. Awak dhewe iso narik napas alon-alon supoyo pikirane dhewe ayem. Sing keloro, awak dhewe ngelakoke opo sing dikon karo penjahate kui. Perkoro bondo kui, iso digolek meneh. Sing ketelu, awak dhewe iso ngamati sekitare dhewe. Awak dhewe mung entuk mlayu yen kondisisine memungkinan, yeng ngeroso gamang mending tetep meneng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3701", "text": "Akeh wong sing rodok mangkel ambek ngeroso jember karo sing jenenge mutah, opo maneh ambek mutahe yo tambah mangkele pol. Nah Ulan wingi pas aku dolan nang kota Gudeg, aku iku jajal numpak bis ora sepur, pas nang jero bis tibake bise wes apik-apik ora koyok disek sing isek campur wong rokokan ora karoan. Mari ngunu fasilitasi yo luwong rodok apik. Tapi sing garai eman iku tivine ora kenek diputer soale durung ditukokno STB. Tapi pas mulai mlaku bise maeng paling sekitar telong poloan menit. Moro-moro ono bocah cilik sing pas nang ngarepku iku mutah-mutah ambek raine abange pol. Nah wong sing nang pinggire langsung jekutut koyok pitik gering nang kurungan. Yo paling wonge jember karo perkoro koyok ngunuku.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7981", "text": "Dino iku Fafa lagi enak-enak nyapu halaman omahe koyok biasa. Moro-moro, de’e midak kulit gedhang sing marakno de’e kepleset. De’e tibo ambek posisi nggeblak, tapi sing lara iku bagian pinggul e. Untung ae ibuke langsung ndelok dan nelpon ambulans gawe disusul. Gak suwe, ambulans iku teko dan nggowo Fafa nang Rumah Sakit. Pas nang UGD dan diperikso kabeh, dokter langsung ngomong nek bagian tulang pinggul e putung dan kudu operasi gawe nyambungno maneh. Fafa langsung nolak pol polan dan njaluk nang sangkal putung ae. Ibuke langsung nyeneni Fafa soale malah njaluk nang sangkal putung sing gak jelas, dan langsung nyetujui gawe dilakoni operasi nang dokter. Fafa langsung panik lah, soale de’e temenan kate dioperasi, sopo sing gak wedi kan ya.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1084", "text": "Awak dhewe ora usah mikirke sing aneh-aneh yen arep operasi. Kui malah iso gawe, awak dhewe ora tenang. Yen awak dhewe ora tenang kui, awak dhewe biasane malah angel turune. Yen turune awak dhewe ora cukup, iso-iso malah ono perkoro pas awak dhewe operasi lan kepekso nunda jadwal operasine. Yen operasine diundur, awak dhwe luwih suwe lagi marine. Yen ora mari-mari, awak dhewe bakal tetep ono neng rumah sakit terus. Makin suwe neng rumah sakit kui, artine awak dhewe kudu ngetoke biaya sing luwih akeh meneh lan bakal ngerpoti wong-wong luwih suwe meneh. Awak dhewe entuk ngeoro kuwatir nanging, ojo ngasi berlebihan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7183", "text": "Nek awakmu nang Gresik, guduk hal sing asing pas awakmu ndelok onok uwong sing iring-iringan nggowo jajanan sembarang kalir pas nang nikahan. Wong Gresik biasa ngarani iku ater-ater bowo. Bentukane bowo iki meh meh mirip karo maskawin, padahal bowo iki bedo ambek maskawin. Bowo iku salah siji wujud teko penghormatan ambek penghargaan teko mempelai lanang utowo wedok nang wong-wong sing berpengaruh dalam uripe mereka. Jenise barang sing isok digowo gawe bowo iku muacem-macem. Mulai teko jajanan basah, jajanan garing, seperangkat alat sholat, seperangkat alat rias, klambi, sepatu, dan sek akeh liyane. Dan bowoan iki pasti digawakno dalam jumlah sing akeh, dadi sing wong sing gawakno pun yo akeh, makane jenenge dadi ater-ater bowo.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3755", "text": "Sing jenenge idu iku asline jijike, sing ora jijiki iku nag idune dewe. Tapi nag idune wong liyo yo mesti jijiki kabeh, endi ono wong sing ora jijik nag kenek idune wong liyo mesti ora ono. Nah sing garai jijik jarene koncoku sing tau kenek idune wong pas sepedahan yoiku ambune sing basine ora ukuran. Terus sing garai mangkel maneh iku ambune sing ora ilang-ilang masio disabun bolah-balik sampek ambune iku nyantol nang irung. Terus dekie barang yo ngomong kabeh idu nang gonane wong liyo mesti mangkelno ati, ora polahe ambune tok, tapi ang idune iku yo kenek didelok nag wonge iku kopro, nag ambune iku ora sepiro basin berarti iku wonge gelek resik-serik awak ambek sak walike.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5288", "text": "Ana macem-macem cara kanggo mengeti dina ulang taun, nanging cara sing paling apik yaiku ndunga kanggo kesehatan lan kesuksesan wong sing lagi ulang taun kuwi. Nanging, ya ana sing milih ngadakake ulang taun ning nganggo cara sing ngageti nanging nggemesake kaya nggawe kejutan lan ngewenehi kado. Sing butuh dipertimbangake yaiku kondisi atine wong sing lagi ulang taun, yen lagi susah, aja dikerjani amarga bisa marai tambah emosi lan muring-muring. Akeh kejutan sing gagal amarga wektu kanggo ngewenehi kejutan iki ora pas lan malah nambahi masalah. Kamangka, awak dhewe kudu peka lan ngerti wayah yen arep ngewenehi kejutan kanggo kanca sing ulang taun. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1513", "text": "Iki mung teoriku dhewe. Nanging kentut kui ono telu papat jenis. Sing kesiji, kentut sing ono swarane nanging ora mambu. Sing keloro, kentut sing ora ono swarane nanging mambu. Sing ketelu kui, kentut sing loro-lorone ono. Kentute kui wis ono swarane banter lan uga ambune kui ora penak tenan. Nanging kentut sing iki ketok jarang banget sih. Sing kepapat kui, kentut nanging sing metu ora mung angin. Ono benda liyo sing cair lan padet sing melu metu. Biasane kui yen pas awak dhewe lagi diare utowo lara wetheng kentut jenis terakhir iki sok metu. Arep kentut sing endi wae, kabeh jenis kentut kui tetep marake isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1585", "text": "Ono wong sing seko oroke kui wis mambu. Dadi wonge kui mambu dudu mergo ora sregep adus opo ora tau nganggo deodoran. Nanging dheweke kui seko lahir awake wis gampang mambu. Biasane wong-wong sing mambu seko lahir kui keluargane uga koyo ngalami hal sing mirip. Wong sing mambu seko lahir kui kerep isin sak umur uripe mergo ambune sing ora enak kui. Dheweke wis ngelakoke akeh cara supoyo ambune kui ilang. Dheweke adus peng loro sakdino. Dheweke uga ora lali nganggo parfum lan deodoran. Nanging usahane kui ora nunjuke hasil sing maksimal, awake tetep wae mambu. Mergo kui, dheweke dadi ora percaya diri yen ketemu karo wong-wong.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4376", "text": "Roto-roto wong sing senengane mangan mesti ora gaok nag ono sing jenenge panganan bosok. Nah panganan bosok iku termasuk panganan sing ancene akeh wong sing ora seneng mergo termasuk pangana sing ora kenek dipangan ambek iso dadekno ambu sing ora enak. Nah sing garai wong sing mangkel ambek jijik nag delok panganan sing bosok iku maeng yoiku ambune sing wes ora karoan sing iso marakno wong sing mambu maeng maleh dadi wong sing ora mentolo nag delok iku maeng. Nah mergo iku maeng wong sing ancene jijikan yo tambah mangkel ambek jember mergo panganan sing bosok iku maeng wes ora karoan bentuke, terus ambune barang yo ora enake pol.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2671", "text": "Aku tau getoni masalah sampek aku nganggepi iku termasuk perkoro sing paling tak getuni nag njero uripku. Perkoro iku yoiku aku metu teko kantorku sing wes telong tahun tak enggoni kerjo. Sampek aiki kadang aku isek getuni lapooh aku biyen metu teko kono polahe ora diolehi cuti. Jane masio ora dioleh cuti, yo ora masalah. Tapi waktu iku aku ancene wes kemangkelen soale aku wes bingung ambek manager'e sing sak penak'e dewe. Kabeh keputusan sing diputusno dibebano nanggone karyawane, mangkane aku gedisian srengen terus jipek cuti tapi ora diolehi tapi tambah nekat metu teko kantor iku. Ket iku aku getone pol soale golek penggawean yo angel. Mangkane saiki nag aku oleh kerjo mesti ati-ati.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4815", "text": "Ujian kanggo oleh SIM ning Indonesia iki dadi ujian SIM sing paling angel lan rada bedha karo negara liyane. Ujian SIM iki sing marai wong akeh gagale amarga ujian iki mbutuhake kemampuan sing dhuwur lan marai wong mumet lan bisa mbolan-mbaleni ngelakoni ujian. Ning negara liya, ujian praktik SIM iki luwih gampang, sing penting pengemudi ngerti babakan rambu lan pantangan sing ora oleh dilanggar ning dalan. Nanging ujian iki ya disesuaikake karo kondiri lalu lintas ning negara dhewe-dhewe. Ning indonesia, akeh tanjakan lan penggokan, dadi ujian SIM digawe luwih angel saka negara liya sing lalu lintase lurus lan ora ana hambatan, kamangka yen lulus ujian iki ya wis mesti wis lanyah numpak kendaraan. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7954", "text": "Bullying nek sing wes nemen iku sakjane wes isok dikategorikno dadi tindakan kriminal. Soale bullying iku perbuatan sing tujuane gawe nindas korban ben tersiksa. Dan sayange, sek akeh uwong sing sek abai karo peristiwa iki. Padahal bullying iku seserius iku, dan dampake nemen pol. Efek awale iku biasane mulai teko penurunan harga diri terus ilang minat ambek aktivitas tertentu. Kadangan onok sing sampe akhire bolos sekolah soale wedi ketemu ambek pelaku bullying dan wedi ditindas maneh. Suwe suwe engkok jebus dadi nduwe gangguan nang nafsu mangane sampe angel turu mergo ngimpi buruk. Efek paling nemen teko bullying iku marakno korban depresi bahkan sampe onok sing sampe bunuh diri.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8090", "text": "Dino iki Jihan buru ae balik nang Suroboyo mbari ngeterno adikne nang Malang gawe balik kos. Koyok biasa, de’e milih mudun Tol timbang lewat jalur ngisor. Enak-enak nyetir, de’e ngeroso onok sing gak tepak karo mobile. Dan pas dirasakno maneh, dadakno rem e gak berfungsi. Ping bolak balik de’e nyoba midek rem e, tetep gak isok mandek. Jihan langsung panik lah, opo maneh panggon Rest Area e sek uadoh. Berhubung de’e wes kadung ngegas get, akhire de’e nyalakno lampu hazard dan tetep ngendarai mobil sambil ngebel i ben mobil-mobil ngarep e isok mere teko jalur e. Untung ae mobil-mobil ngarep iku koyok ngeh dan minggir kabeh. Tapi mbasio ngono, Jihan tetep keweden, soale mobile bener-bener tambah banter mbasio gas e wes diculno. Pas ndelok onok jalur darurat gawe rem blong, de’e langsung ngarahno mobile nang jalur iku dan akhire mobil e isok mandek mergo dalanan nang jalur darurat iku ditumpuki karo ban sing isok ngehambat gerak e mobil mau. Pas tutuk kono, akhire de’e nelpon wong tuwone nek rem mobil e blong dan njaluk disusul.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1177", "text": "Yen koncone dhewe utowo wong sing neng cerak awak dhewe keno serangan panik, awak dhewe ora entuk melu panik. Awak dhewe kudu nulungi dheweke. Neng kono, senadyan awak dhewe ora ngerti okeh perkoro kondisi iki, awak dhewe ora entuk wedi lang ora sido nulungi wonge. Dheweke kui lagi kerasa kelaran lan ora iso nulungi awake dhewe. Dheweke butuh wong liyo supoyo pikirane iso luwih tenang. Awak dhewe ora perlu ngekei pertolongan secara profesional koyo dokter. Awak dhewe iso nulungi sebagai konco. Sing penting awak dhewe terus ono neng sampinge. Yen awak dhewe wis nyekel tangane wae kui wis lumayan ngebantu wonge. Wong sing keno serangan panik kui dadi ora ngeroso dhewekan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4390", "text": "Biyen pas aku isek SD, aku gelek bluron ambek konco-konco sing sak liting ku, nah sing garae seneng bluron iku kalenane iku banyune beninge pol ambek banyune milih mangkane senenge megilan. Nah pas iku aku ambek koncoku iku muleh teko sekolah awan-awan paling sekitar jam suwelasan. Nah ambek konco-konco maeng iku tibake ngecak bluron mergo engko nag teko omah wes ora atek ados maneh ben langsung iso budal nang mesjid. Pas bluron maeng moro-moro konco-konco maeng langsung mentas kabeh mergo nang pinggire rodok adoh maeng ono wong ngiseng, nah koncoku maeng sing kenek langsung mangkel ambek miso-miso mergone wong sing ngiseng maeng ora duwe aturan. Mosok wes ero ono bocah bluron kok diisinge nak gak wong jarak yo ora ono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "216", "text": "Lulus ujian kui harapane kabeh siswa, utame sing neng kelas paling duwur neng jenjane, koyo kelas 6 SD, kelas 9 SMP, lan kelas 10 SMA. Sak mesthine, sinau kanggo ujian kelulusan kui dicepake seko awal, ora pas mepet wektu ujian kui. Yen ngeroso perisapan sinau lan mentale wis cukup. Ono saran sing apik dialoke sedino utowo beberapa dino sadurunge ujian. Sing paling penting kui leren. Selama 2 tekan 3 sasi, awak dhewe wis sinau terus. Apike sadurunge ujian kui, intensitas sinaune dimedunke. Yen arep sinau mung ngiling-ngiling wae opo sing wis dipelajari sak durunge. Siso wektune kui dimaksimalke kanngo leren utowo turu sing cukup.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5749", "text": "Ning Bali, ana panggonan wisata sing akeh ketheke, yaiku ning wilayah Ubud. Wilayah iki pancen penak kanggo liburan amarga pemandangane sing apik. Nanging kethek sing ana ning panggonan iki ngganggu lan seneng njupuki panganan sing digawa karo wong sing teka ning kono. Sing paling ngganggu lan marai risih yaiku yen mulai njambak utawa mulai nguber amarga ana barang sing miturut si kethek iki apik kaya kaca mata, tali rambut, utawa panganan sing ana ning jero tas. Kamangka, yen ana ning wilayah wisata sing kaya iki, awak dhewe luwih becik melu instruksi saka pemandu wisata sing ana ning panggonan kuwi ben tetep aman. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1517", "text": "Kentut neng tempat umum kui mesthi rasane isin. Nanging ono carane supoyo awak dhewe ora ngerasa isin-isin banget. Awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal. Sing kesiji, awak dhewe ora usah ngaku yen awak dhewe kebacut ngentut neng jejere wong akeh. Ben wong-wong kui saling nuduh. Awak dhewe ojo gawe polah sing aneh. Awak dhewe tetep kudu kalem lan ora berlebihan. Sing keloro, yen awak dhewe dituduh ngentut, awak dhewe langsung nuduh wong sing liyane. Soale, kentut kui ora ono buktine. Dadi sopo wae iso dadi sing salah neng perkoro iki. Sing ketelu, awak dhewe iso macak ora ngerti yen ono sing ngentut. Awak dhewe iso ngomong yen irunge dhewe lagi mampet.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9459", "text": "Kanggo wong sing seneng banget karo bal-balan, ndelok bal-balan ing stadion iku dadi pengalaman sing ora bisa dilalekke. Iki sing dialami karo Dias. Bocah sing seneng banget karo Manchester United iku akhire bisa dolan lan mlebu ana ing Old Trafford, stadion utawa markas gedhene Manchester United. Ora mung mandheg ning koni, Dias uga duweni kesempatan ndelok langsung piala dunia ing Qatar wingi lan ndelok Messi main. Sadurunge Dias ora tau nyangka impene kanggo ndelok langsung iku bisa kawujud. Nanging Dias tetep usaha lan mesti donga marang Gusti. Mula, yen duwe impen apa wae aja lali kanggo tansah donga marang Gusti supaya dalane dilancarke!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2038", "text": "Durung suwe iki, ono lindu sing ngenani negoro Turki lan Suriah. Tak delok neng TV kui lindune gedhe banget tekan ono gedung sing duwur kui iso ambruk, roto karo lemah. Aku ora ngebayangke perasaane wong sing ngerasake lindu kui. Mesthi dheweke podo ngeroso wedi. Aku dadi kepengen dono lan nulungi korban lindu kui. Misale, aku iso dono ono beberapa hal sing mungkin iso aku lakokoe. Sing kesiji, aku bakal golek korban lindu sing isih kejebak neng puing-puing gedung. Sing keloro, aku bakal melu ngewangi wong-wong neng posko pengungsian. Sing ketelu, mungkin aku bakal nyelake wektu kanggo dolan karo bocah-bocah sing dadi korban neng kono.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1564", "text": "Duwe utang sing gedhe kui pancen gawe isin. Yen misale ono wong ngutang duwit akeh, nanging ora ngeroso isin blas, artine dheweke kebangeten. Soale ngutang sak cilik opo wae neng wong liyo kui tetep ngerepoti wong sing diutangi, opo meneh yen awak dhewe ora kenal cerak karo wonge kui. Konco sing cerak wae tetep bakal abot pas ngutangi awak dhewe. Mungkin, yen dheweke ora kancanan karo awak dhewe mungkin awak dhewe ora bakal disilihi duwit. Keluarga yo podo koyo ngono. Pancen, keluarga kui kudune saling ngewangi yen ono sing lagi urip prihatin, nanging ngewangine kui tetep ono batese. Keluargane dhewe kui uga duwe tanggungan sing kudu dikei mangan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "628", "text": "Yen awak dhewe divonis kanggo penyakit sing iso nyebabke kematian, awak dhewe ora perlu wedi, cuku tekan ngeroso kaget wae. Bar kaget kui, awak dhewe iso tarik napas jero-jero lan mikir opo sing awak dhewe meh lakoke bar iki. Penyakit sing abot, koyo kanker, kui dudu penyakit sing marake donyone awak dhewe mandeg. Malah luwih mergo awak dhewe mikir sing koyo ngono kui dadine donyone awak dhewe kui bener-bener mandeg. Awak dhewe tetep iso usaha kanggo sembuh. Ilmu kedokteraan saiki wis luwih apik seko sing biyen-biyen. Makin suwe kui tekonologi kedoteran kui makin canggih. Dadi mesthi ono kesempatan kanggo sembuh yen awak dhewe tetep pengen berusaha.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9453", "text": "Jaehyun wis suwi dadi penyanyi kurang luwih 2 taun. Dina iki, Jaehyun ngadakna konser tunggal kanggo ngerayakke ulan taun debute. Tiket sing payu kurang luwih 8 ewu tiket. Iku artine, 8 ewu wong bakalan teka ana ing konser sing diadakake karo Jaehyun. Saben dina, Jaehyun wis latian kanggo konser supaya bisa apik banget. Nalika dinane teka, Jaehyun ngerasa ndredeg banget. Dheweke bisa ngerasakake atine sing nggegirisi. Jam 8 konser wis diwiwiti, Jaehyun ndelok wong sing teka akeh banget. Kabeh kursine kebak karo wong sing ndelok, panggunge uga gedhe banget, lampune sing aneka warna uga nambahi apike panggung. Jaehyun tambah ndredeg nanging nalika kabeh padha keplok-keplok lan nyuraki Jaehyun, dheweke akhire bisa gumregah maneh lan wis cepak kanggo miwiti konser iki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9409", "text": "Yen diterima ana ing UGM pancen seneng banget. Sapa sing ora seneng mlebu ing universitas paling apik sing ana ing Indonesia? mesti kabeh padha kepengin sisan mlebu kene. Sing wis mlebu UGM bisane ngewenehi tips supaya bisa mlebu UGM kayata sinau sing tenanan, njupuk jurusan sing pancen disenengi, ndolek informasi babagan jalur mlebune UGM, lan liyane. Pancene ora gampang kanggo nembus mlebu UGM, tur yen wis dadi mahasiswane ora oleh sombong. Akeh banget wong sing pengin melbu UGM nanging ora bisa, mbuh sing kealang biaya utawa sing ora ketampa nalika tes. Ayo wiwit nerapake supaya ora sombong ning wong liya amarga wis mlebu UGM!. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1103", "text": "Dasare kui anak mesthi wedi opo sing dheweke ora ngerti. Salah sijine dhewe wedi karo jarum suntik. Yen anak wedi disuntik lan emog ngelakoke kui biasane dheweke bakal nangis kejer. Dheweke pengen lendotan terus karo wong tuwa utowo kakang mbakyune lan bakal ngadohi dokter sing arep nyuntik. Ono sing dheweke mlayu metu seko ruangan, ono sing nangis nanging ono uga sing ora. Dheweke metu kui ben ora ono sing iso nemuke dheweke dadi ora sido disuntik. Ono anak sing wedi disuntik kui ngejak ngobrol doktere terus. Dheweke ngerti yen doktere ngomong, doktere mau ora bakal nyuntik dheweke. Uga ono anak sak durunge disuntik kui ngamuk-ngamuk.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8350", "text": "Enak-enak gelesotan nang kasur, moro koncoku teko nang Kos ku. Gak atek salam gak atek nyopo langsung melbu kamar Kos ku ngono ae. Mentang-mentang saking kulinone dolan nang Kos ku, dadi wes nganggep e koyok omah dewe. Awale aku males, tapi ndelok koncoku nggowo jajan, aku langsung semangat maneh. Akhire awak dewe ngobrol sambil mangan jajan iku mau. Terus enak-enak ngomong, moro koncoku wahing buanter. Berhubung iku koncoku gak nutupi lambene, idune mau nyiprat kabeh nang wajahku. Gak atek abang gak atek ijo, aku langsung nang jedhing gawe raup. Yo bayangno ae, kenek idune wong liyo sopo sing gak jijik coba. Untung ae iki nang Kos ku dewe, dadi isok langsung raup.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9443", "text": "Nalika corona wingi, aku lan kulawargaku rada angel kanggo nggolek masker. Kabeh wong padha tuku masker kanti rega sing larang banget. Sawise muter ana kurang luwih 10 toko ing desaku, aku akhire nemu masker sing takgoleki. Masker iki angel ditemokake amarga masker iki sing paling apik. Jenenge masker sensi, warnae ana sing biru, ana sing ijo, lan ana sing putih. Masio rada larang, masker iki pancen alus banget lan ora marakke wahing-wahing amarga kaine sing njerawut. Dawane masker iki kurang luwih 15 senti lan ana telung lapis supaya luwih cacap kanggo ngalangi corona. Aku akhire tuku sak dus kanggo jaga-jaga lan kanggo cawisan ing omah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1526", "text": "Yen awak dhewe kebacut salah mlebu toilet neng mal utowo neng hotel, supoyo ora isin, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngangkat sikile awak dhewe. Biasane neng kamar mburi neng mal utowo hotel kui, bilike kui rodo kebukak neng bagian ngisor. Supoyo wong-wong ora ngerti yen awak dhewe salah mlebu toilet, awak dhewe kudu ngelakoke kui. Sing keloro, yen arep methu, awak dhewe kudu ngeteni tekan sepi. Carane gari awak dhewe rungoke tekan ora ono swara neng kono. Awak dhewe uga iso delok bayangan neng ngisor. Yen wis ora ono sing liwat, artine toilete kui wis sepi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5242", "text": "Ketinggalan pesawat amarga kurang infromasi iki sering banget marai mumet. Nanging ning jaman saiki, ana aplikasi kanggo ngecek pesawat sing arep ditumpaki. Salah siji aplikasi iki yaiku Flightradar24. Aplikasi iki bisa ngelacak jalur penerbangan ning Indonesia kang lengkap. Aplikasi iki nyediakake nomor penerbangan, jalur, angin, udan, lan ketinggian pesawat. Aplikasi iki nyediakake wektu budhal lan tekane pesawat. Saka aplikasi iki, penumpang bisa oleh wektu kang pasti uga ora ketinggalan lan bisa ngira-ngira jam budhal. Flightradar24 iki bisa diunduh ning Playstore lan dinggo ning telepon seluler jenis android. Aplikasi iki lengkap lan akeh banget manfaate uga wis kesohor kanggo mantau penerbangan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2602", "text": "Sedeh kenek PHK yaiku roso sing teko sing disebabno perkoro sing ora dikarepno contone koyok PHK. Roso koyok ngene iki iso diarani roso sing paling digetingi ambek uwong soale ninggalno dampak sing ora karuan. Akeh wong sing polahe sedeh iso dadi loro, terus mati soale sedehe wes dadikno bingune pikir akhire bunuh diri. Ono maneh sampek kuru soale sedehe iku maeng wes ngilangno rasane panganan. Mangkane sedeh polahe PHK termasuk salah sijine perkoro sing dadekno wong iku maeng maleh dadi sing aneh-aneh contone koyok maleh dadi srengenan, dadi aras-arasen lapo-lapo ambek liyan-liyane. Sing tepak nag kenek PHK jane ora sedeh. Tapi kudu iso dadekno sabar terus krative buka usaha dewe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8411", "text": "Dino iki, wayahe Zizi gawe mresentasikno hasil penelitiane nang ngarep Kelas. Mergo ngeroso hasile iku kurang maksimal, Zizi dadi gugup dewe. Mergo iku sisan saiki wetenge de’e mules puol. Ditambah de’e mau isuk mangan sambel kakean, tambah numpuk ae rasa mules nang wetenge. Tapi karo de’e ditahan ngono ae. Gak suwe, de’e majun nang ngarep Kelas dan mresentasikno hasil penelitiane. Moro pas tengah nyampaino, wetenge tambah mules dan de’e ngeroso nek katene ngentut. De’e nyoba nahan iku. Tapi moro kentut banter metu ngono ae. Zizi wes uisin pol, opo maneh ndelok koncone podo ngempet ngguyu kabeh. Tapi ndelok Dosen e ngongkon lanjut, gelem gak gelem Zizi tetep lanjut sambil ngempet isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "344", "text": "Awak dhuwe ora perlu sedih suwe-suwe pas ngerti awak dhewe ditolak karo kampus sing awak dhewe incer. Opo meneh yen awak dhewe durung tenanan ngerti kenopo awak dhewe kepengen kuliah nengkono. Mergo saiki, sekolah kui wis ora jamin kesuksesan, duwe gelar sing okeh ora jamin dompete awak dhewe dadi kandel. Kesempatan kanggo sukses kui jembar banget neng era internet koyo ngone. Awak dhewe iso entuk ilmu gratis seko kelas-kelas daring sing gratis. Modale uga luwih gampang, sing penting awak dhewe duwe gawai, akses internet, lan niat sinau kanggo ngowah nasih. Keterampilan saiki ora mung iso entuk seko sekolah-sekolah formal, naning saiki akeh komunitas neng internet sing iso bimbing awak dhewe duwe keterampilan sing dibutuh pasar kerja.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8495", "text": "Wong nek wes seneng njoget, iku pasti bakal gatel gawe ngobahno awake nek krungu onok lagu senengane. Dan iku pasti kedaden nang ndi ae, kapan ae, dan nang kondisi ambek situasi opo ae. Awakmu sing penari pasti setuju. Tapi onok siji pengalaman sing marakno aku isin pol. Pas iku, aku lagi nang Sekolah, terus situasine iku lagi udan dueres pol. Hal iku sing marakno lantai nang kelas iku maleh banjir. Mergo iku, gak onok pelajaran dan diolehi lapo ae. Aku sing gatel pas arek-arek nyetel lagu, langsung njoget karepe dewe. Terus moro-moro aku kepleset terus tibo njrungup ngono ae. Kabeh podo ngguyu nang aku. Aku gak ndang tangi soale nutupi roso isinku iku mau. Awakmu sing penari pasti paham lah opo’o aku sampe seisin iku. Wes ngelakoni kesalahan, diguyu sisan. Numpuk wes rasa isine.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2609", "text": "Tahun wingi ancene akeh wong sing ngerasakno PHK polahe ono covid. Lah roso iki asline kudu disifati karo pikiran sing bening ben ora salah dadi penggawean sing elek. Nag wes kadung salah dalan ambek penggawean elek iso dadekno perkoro sing elek. Mangkaneh sedeh polahe PHK kudune nang gagih diilangno. Lah carane ngilangno yo macem-macem karek wonge mikire piye. Salah sijine contoh gawe ngilangno roso sedeh maeng yaiku gawe lapangan pekerjaan teko pengalaman kerjo sing dilakoni sakdurunge PHK masio iku cilik-cilik'an ben roso sedehe iku maeng nang ilang. Dadi sing nduwe roso sedeh kenek PHK nang gagih diilangno karo ngelakoni penggawean sing wes mok lakoni sak durunge PHK.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3724", "text": "Roso jijik ambek teleke kewan iku yo wes lumrah lah, endi ono wong sing ora jijik ambek teleke kewan, mesti kabeh wong iku mangkel krao jember, opo maneh bocah wedok yo tambah jungkir walik oleh jembere. Yo ancene sing jenege telek nag endi-endi iku ora ono sing seneng, kecobo nag wes dadi garem utowo pupuk kandang. Sak liyani iku yo ono maneh sing seneng ambek ora jijik nag ono telek yiku iwak lele. Tapi umume mengungo mesti akhe wedine utowo mangkele. Masio iku mok saitik tapi nag kenek mesti ngamuk polahe geting ambek sing jenenge telek ikuj maeng. Nag ono wong sing ora mangkel ambek jemeber polahe kenek, bearti deke iku termasuk bocah kendel.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3344", "text": "Nag ono wong sing keweden polahe masi setan iku jenenge atine ora pepek. Lah piye setan sing asline wedi ambek menungso kok tambah menungsoe sing wedi kan kuwalik. Mangkane nag ono setan iku kudune ora atek wedi nag wedi tambah setane maeng kesenengen soale wes iso medeni menungso. Terus asline wong sing wedi iku maeng kudune yo iso ngerteni perkoro iku maeng. Terus ben ora wedi jarene koncoku iku dikongkon numbuk ae setane terus tinggalen mlayu. Tapi ancene yo temenan se, soale nag wong tambeh wedi ambek setang sing ngetok bakal seneng setan seng ngetok maeng. Mergane deke iku wes iso garai wong sing ndelok maeng keplayu polahe keweden.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1024", "text": "Awak dhewe sak yogyane kui ora ngelok wong sing duwe fobia, sak sepele-sepelene fobia kui. Misale koyo, pelakon pria, Iko Uwais, sing wedi karo kerupuk. Kanggo awak dhewe kerupuk kui mung panganan biasa. Misale awak dhewe ora doyan awak dhewe tetep iso delok panganan kui. Nanging kanggo dhweke kui, ono kerupuk neng cerake kui iso dadi ganggu banget. Awak dhewe ora entuk ngelok wong sing fobiane sepele koyo ngono, opo meneh wong sing fobiane serius, tuladhane koyo wedi karo getih utowo wedi mabur. Opo meneh fobia sing iso ganggu kegiatan sak ben dinone, koyo fobia sosial. Kanggo awak dhewe bergaul kui perkoro sing biasa, nanging konggo dheweke kui perkoro sing serius.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4978", "text": "Ing jaman saiki, asuransi dadi barang sing ora diperhatekake amarga dianggep setor dhuwit sing ora kanggo, padahal asuransi kuwi akeh banget manfaate. Wong sing duwe asuransi bisa urip luwih tenang lan ora bakal getun umpama ana kedadian sing bisa nekakake marabahaya amarga wis duwe cadangan. Asuransi iki uga kudu mlaku terus lan istilahe kaya nyelengi nanging luwih terjamin amarga ana jangka wektu. Kamangka, asuransi iki bisa kanggo cadangan lan jaga-jaga. Amarga saiki awak dhewe kudu melek asuransi lan nentokake asuransi apa wae sing bisa didaftar sing sesuai karo kemampuane awak dhewe. Apa sing ana ning wektu sing bakal teka ora ana sing weruh, tinimbang mengko gentun. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "660", "text": "Aku ora tau bejo perkoro undian utowo door prize selama uripku kui. Acara opo wae aku mesthi ora tau entuk. Koyo undian neng acara sekolah sing hadiahe paling apik kui duskrib wae aku ora tau entuk. Sing paling apik kui, aku tau arep entuk undian seko acara mlaku sehat neng kampung. Kui mung arep, nanging tetep ora entuk. Soale, siji nomor terakhir sing disebut kui bedo. Sing tak cekel kui angkane 1, sendyan sing disebutke kui 2. Nanging, aku mung tau bejo pisan. Kui pas acara sepeda sehat. Aku akhire entuk undian. Hadiah ora apik-apik banget sih, mung payung. Kanggo aku kui wis lumayan banget. Ora nyangka aku. Paling ora pisan iki, iso entuk hadiah seko undian.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4808", "text": "Ditrima ning perguruan tinggi kuwi marai mahasiswa duwe tanggung jawab sing gedhe amarga perguruan tinggi kuwi panggone mahasiswa mulai belajar mandiri lan sinau cara urip miturut jurusan lan pengalaman sing diolehi mengko yen wayah lulus. Mahasiswa uga kudu sadar karo tanggung jawabe lan bisa ngatur waktu lan prioritas ben bisa lulus cepet lan bisa migunani tumraping masyarakat uga bisa ngamalake ilmu saka perguruan tinggi. Kamangka, mahasiswa saiki kudu kritis lan kudu sregep. Mahasiswa uga kudu duwe inisiatif sing gede kanggo panguripan ning kampus supaya ora ketinggalan karo kanca liyane lan bisa nyiapake masa depan sing apik amarga persaingan bakale luwih angel apa maneh ning wayah kerja. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2043", "text": "Neng omahku okeh banget cecak. Neng ruang tamu kui ono, neng kamarku ono, neng kamar adi lan ibuku kui ono, neng pawan ono, lan neng kamar mburi kui ono. Sak ben ruangan neng omahku kui ono cecak. Aku ngerosone sak ben ruangan kui cicake bedo-bedo. Mungkin neng omah kui iso ono 10 cecak sing bedo. Awak dhewe sak omah dadi ora ono cecak. Sangking akehe awak dhewe ora mung jijik malah tekan wedi delok cicak neng omah. Alesane kui sing kesiji kui akeh banget. Sak liyone kui, awak dhewe uga ora seneng karo bentukane. Swarane uga griseni. Awak dhewe dadi keganggu pas lagi ngelakoke sesautu. Sangking wedine, ibuku jarene arep matine cecak-cecak kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4306", "text": "Kabeh wong mesti tau delok sing jenenge mutahan nang sak umure uripe, mboh iku nang omah, nag kendaraan utowo nang dalan tanpo sengojo. Nah roto-roro wong sing delok perkoro iku maeng mesti ngeroso mutahan iku termasuk perkoro sing jijiki mergo barang iku ancene rusoh. Nah sing garai jijik iku maeng yoiku termasuh mutahe maeng iku, mergo sing jenenge mutahan iku podo koyok telek ambune, terus ambune barang yo ora enake pol, terus sing garai wong mangkel yoiku bentuke maeng sing mrakno wong sing masi iku ora taham polahe bentuke maeng koyok teleke wong mencret tapi metune teko lambe. Nah iku maeng sing marakno wong sing delok iku maleh jijik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5306", "text": "Serobotan antrean iki sering kedadean ning parkiran pusat perbelanjaan utawa pasar. Amarga wong kuwi kadhang ora sabar lan ora seneng yen antreane ilang utawa didhisiki uwong. Banjur Antrean iki kadang ya rebutan lan marai ribut ning parkiran. Kamangka perlu ana arahan saka petugas parkir. Sing paling penting yaiku kudu pinter golek panggon parkir, kaya biyasane parkiran sing rame kuwi cedhak dalan mlebu pusat perbelanjaan kuwi, ya golek sing rada adoh ben parkire lega. Uga yen ana kendaraan sing arep metu, ya golek panggon sing penak kanggo ngenteni sampe metu saka parkiran ben ora nutup dalan. Yen kuwi bisa dilakoni, kamangka antrean parkir iki bakal tertib. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1000", "text": "Aku iling banget pertama kali aku tampil neng ngarep wong akeh kui pas aku SD kelas 3. Ora mung wonge kui akeh, wong-wonge kui aku ora ono sing kenal. Pas kui sekolahku lagi gawe acara seminar neng salah siji hotel neng kota Bogor. Aku wektu kui dikon dadi pranatacara neng acara seminare mau. Aku ora dhewekan sih, ono siji koncoku sing barengan dadi pranatacara. Naning tetep, wae aku dredeg pas kui. Untunge, guruku tetep ngewangi aku pas lagi neng duwur panggung. Dheweke ngewangi aku lan koncoku yen misale awak dhewe ono sing salah utowo bingung arep ngopo. Acara kui suwene 2 jam lan sak suwe rong jam kui aku kemringet terus.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4961", "text": "Pengalamanku sing paling ora enak yaiku kelangan sepeda. Sepeda iki sepeda sing tak tuku pas aku isih SMA kelas 3. Sepeda iki jenise sepeda gunung lan edisi sing terbatas. Saban dina, sepeda iki tak gawe ning sekolah lan muteri komplek. Sepeda iki uga sing paling tak sayang amarga siji-sijine kendaraan sing tak tuku saka dhuwit nyelengi. Sedina sak durunge ilang, aku bar ngumbah sepeda lan ngganti ban amarga ban sepedaku wis bocor. Aku uga nambah gembok anyar. Sesuke sepeda kuwi tak gawa nang sekolah, pas balik aku mung nemu rante lan gemboke sepeda kuwi lan bingung. Jebul sepedaku dijupuk wong. Pancen dasare wis apes.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9861", "text": "Pitulasan taun iki aku melu jantung sehat utawa mlaku santai sing akeh hadiahe ana ing desaku. Saben taun aku arang melu amarga mesti kebarengan karo kegiatan liyane. Isuk-isuk aku wis cepak nggawe klambi olahraga, clana trining, lan sepatuan. Aku uga diwenehi kupon karo Ibukku kanggo diundi mengko. Halah kupon ngene wae padha royokan akeh-akehan, aku ora tertarik blas amarga mesti ora bakal entuk hadiah. Sawise jantung sehat aku ngenteni kupon-kupon iki diundi karo Ibuku. Nalika pranatacarae nyeluk nomerku aku ora mudeng. Ibuku sing njingkat amarga kaget anake bakal oleh hadiah sing paling gedhe yaiku TV. Lagek iki aku oleh hadiah saka undian lan aku seneng banget.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1045", "text": "Aku wonge ora percoyo karo demit. Delok rupane mungkin aku bakal gemeteran. Nanging aku ora percoyo nek kui makhluk alus. Yen misale, aku delok demit jedul neng raiku langsung, ono beberapa perkoro sing arep tak lakoke. Sing kesiji, aku bakal kenalan karo demite kui. Sopo ngerti demit sing selama iki awak dhewe kenal kui alien seko planet liyo sing arep kenalan karo makhluk-makhluk sing ono neng Bumi. Sing keloro, aku ora bakal mlayu. Aku bakal ngobrol akeh karo dheweke. Sopo ngerti dheweke iso ngekei aku inspirasi kanggo nulis. Sopo ngerti sudut pandange makhluk seko planet liyo kui iso ngekei sudut padang sing seger. Sudut pandang sing ora tau dipikirke karo menungso-menungso sing ono neng Bumi.\"", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8475", "text": "Kabeh uwong sing normal iku pasti tau ngerasakno kasmaran alias lagi seneng ambek lawan jenise awak dewe. Nek jare wong-wong, uwong nek wes kasmaran iku koyok wong goblok dan ngisin-ngisini awake dewe. Hal iki mergo bagian utek sing jenenge korteks frontal iku bakal diistirahatno ben wong kasmaran iku dikeki foto utowo gambar utowo krungu crito tentang wong sing disenengi. Korteks frontal nang utek iku fungsine gawe njupuk keputusan. Nek diistirahatno, yo maleh gak seimbang dan marakno wong iku mau dadi ketok goblok. Kegoblokane iku mau sing kadang marakno isin awake dewe dan wong sing ndelok sisan. Soale wong iku mau wes gak isok mikir rasional.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1560", "text": "Aku duwe konco sing kerep ngutang neng konco-koncone, termasuk awakku. Koncone iki bukane ora dhuwe duwit. Dheweke itungane seko golongan sing dhuwe. Nanging dheweke dhuwe kebiasan lali gowo dompet. Yen misale, goyo dompet dhewe kerep banget ora gowo duwit tunai. Padahal, awak dhewe kui areng banget jajan neng restoran utowo neng mal. Awak dhewe kerep mangan neng pinggir dalan. Padahal neng kono kui bayare kudu nganggo duwit tunai, ora iso tranfers utowo nganggo kertu. Makane kui, koncoku sing kui kerep banget ngutang. Nanging masalahe, dheweke kui kerep lali. Awak dhewe kui biasane neng dolan mesthi cah 5. Papat konco liyane kui tau ngutangi dheweke kabeh sing jumlahe luwih tekan 200 ewu. Dhewek langsung isin pas diandani ngono. Sesoke, utang-utange langsung dilunasi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3389", "text": "Ben wong sing ancene kudu ngelakoni oeprasi iku ora wedi, biasane wong-wong mesti akeh sing ngandani nag kon sing kendel soale operasi iku kanggo keapikane awake. Tapi sing paling tepak ben wong sing ate ngelakoni operasi iku tenang yoiku disaranno kon pikiran sing positif ae soale nag ora positif pikirane masio dikandani ora karoan sampek idune sing ngandani entek yo tetep ae keweden. Mangkane pikirane iku kudu digawe mikir perkoro sing apik-apik ae. Terus ojo lali konsultasi utowo jaluk saran nang gone dokter sing ancene nyaranno operasi maeng ben rodok lego atine. Soale biasane wong iku mesti keweden nag ate operasi nah saran ambek anjuran iku maeng ancene teko wong sing wes tau operasi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3099", "text": "Aku gelek delok petugas nang kantor-kantor sing diamuki ambek wong-wong sing mrono polahe duwe masalah sing kudune iku sing salah teko wonge sing ngamuk. Petugas sing dadi sasaran ngamuki wong iku asline yo ora salah yo ora bener mergane wes nuruti peraturan ambek anjuran carane ngeladeni wong sing mrono. Tapi sing jenege wong nag wes kadung ngamuk yo mesti ora iso mikir sing apik. Kantor barang yo wes nganjurno nag ono masalah ambek produke iku langsung ngubungi kantore ben cepet mari tanpo ono masalah maneh. Dadi asline yo kabeh iku wes ono anjuran ambek aturane ben ora dadekno roso srengen nang petugas utowo wong sing mrono.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "712", "text": "Wektu SMP awak dhewe sering gojekan. Paling kerep kui, awak dhewe gojek-gojekan jeneng wong tuwo karo garapi guru sing ngajare ora kepenak. Sok-sok awak dhewe uga garapi koncone dhewe sing ketok bedo dewe. Nanging, ono siji konco sing digarapi kelewat bates. Koncoku kui wedok. Dheweke ora ngomong alon lan ora ngobrol neng akeh wong. Secara penampilane, dheweke udu tipe sing diarani cah-cah ayu. Kulite kui ireng, itungane kui malah luwih iring yen dibandingke karo bocah-bocah sak kelas. Senadyan wedok, dheweke kui duwe kumis sing lumayan kandel, saking kandele awak dhewe iso delok seko adoh. Mergo kumise kui, dheweke kerep diceluk lele. Saking kerepe digodani kui, koncoku kui tau nesu. Dheweke ora terimo terus mlayu metu kelas. Dheweke jebul nanging neng kamar mburi sekolah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9512", "text": "Omah sing mari ditinggal wong mati mesti sepi banget. Iki uga dirasakna ana ing omahe Raja. Wis seminggu sawise Raja ditinggal karo Mbah Putrine sing ana ing omahe. Yen biasane omahe rame banget amarga putu-putune Mbah Putri mesti dolan ing kene, saiki omahe Raja sepi banget. Ora ana sing bakal nggudo Mbah Putrine saben sore, ora ana bocah sing nangis njaluk dicritani babagan jaman penjajahan karo Mbah Putri, ora ana maneh Mbah Putri sing lungguh ana ing pojokan mbale karo maca koran lan ngombe teh anget saben isuk. Kursi sing biasane digawe lungguh ambek Mbah Putri langsung digawa ning gudang supaya kene kabeh ora tambah sedih kelingan Mbah Putri.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "612", "text": "Wong-wong kui biasane seneng banget pas dikejurke karo wong, dewehi hadiah pas dino sing spesial, tuladhane pas lagi wisudaan umpane. Wong sing nompo hadiah kui ora nyongko yen dheweke bakal diwehi hadiah neng dino sing spesial kui. Dheweke uga ngeroso disayangi karo wong-wong neng sekitare. Pas dino-dino biasa, mungkin keluarga utowo konco-koncone ora seperhatian kui marang dheweke. Delok perbedaan sikap kui dheweke ngeroso seneng banget. Dheweke uga ngeroso diapresiasi usahane. Misale, babagan wisudaan kui, dheweke berbulan-bulan garap skripsi sing tenanan, golek data kono kene utowo neng ngarep laptop terus ben dino nganti eneg. Hadiahe kui mungkin ora sepiro nanging perasaane kui sing peting kanggo sing nompo hadiah kejutan kui.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2595", "text": "Kabeh wong sing delok anake pinter utowo iso ngelakoni opo sing duwe nilai apik mesti seneng. Lah seneng polhae anak nag jarene koncoku sing wes duwe anak iku ancene senenge megilan opo maneh nag deluk pertumbuhane tambah senenge ora karuan. Tapi roso seneng sing ketok maeng nang iso ojo sampek dadi tekone roso pamer nang wong liyo, nagsampek dadi roso pamer nang wong liyo iku sing medeni. Lapooh medeni, soale iso dadekno perkoro-perkoro elek sing podo teko polahe roso seneng sing wes kecampur ambek roso pamer maeng. Mnagkane nag duwe roso seneng maeng, ojo sampek kecampur ambek roso pamer nang wong liyo.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2074", "text": "Salah siji alesan wong kui iso keno serangan panik kui trauma. Trauma iki perkoro sing rodo absrak lan sulit dingerteni. Kanggo wong sing duwe trauma wae durung tentu iso ngerti, opo meneh awak dhewe sing ngerasake. Yen ono kedadean sing marake, wong kui iling karo trauma sing tau dirasakene. Traumane kui iso opo seko endi wae. Iso seko kedadean sing ora penak pas dheweke cilik nanging uga ora nutup kemungkinan yen trauma kui teko kedadean sing durung suwe. Makane kui wong sing wedi pas ono sing keno serangan panik kui dudu wong sing ngalami serangan kui nanging wong-wong sing ono neng sekitare.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1546", "text": "Salah ngundang wong neng dalan kui kerep wae kedadean. Kui koyo kedadean sing ora iso awak dhewe hindari. Mesthi awak dhewe tau ngerasake isin mergo kui. Supoyo, awak dhewe ora isin-isin banget awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal. Sing kesiji, awak dhewe iso nyapa karo wong sing liyo. Nyopo wae sembarang sing penting wong sing awal awak dhewe sapa mau dadi ora ngelirik neng awak dhewe meneh. Sing keloro, awak dhewe iso etok-etoke lagi telponan nganggo HP. Dadi wonge sing awak dhewe sapa ngertine dheweke salah krungu. Sing ketelu, awak dhewe iso tetep nyapa neng arahe, terus nyeraki neng arah kono. Nanging awak dhewe ora neng wonge. Iki dadi salah siji carane, awak dhewe lunga seko kono tonpo ngeroso isin-isin banget.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4355", "text": "Jijik iku wes lumrah ono nang sifate menungso mergo iku wes gowonan kat lahire menungso. Nah jijik iku maeng yo disebabno teko pirang-pirang perkoro sing ancene dijemberi ambek wong iku maeng. Nah contohne yoiku pas kenek idune wong liyo, nah nag kenek barang siji iki mesti kabeh wong iku mesti jijike pol mergo barang iku termasuk barang sing rusoh terus teko lambene wong liyo sing ancene ora jelas opo wonge sikatan ambek resik-resik awak opo ora. Nag wonge ora tau resiki awak yo jelas biasane ambune iku basine glani ambek ewohe pol oleh ngilangno. Dadi yo wes lumrah ambek biasan nag akeh wong sing ora seneng nag kenek idu teko wong liyo maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1579", "text": "Awak dhewe ora entok ngapusi neng kondisi opo wae, misale awak dhewe arep ngapusi neng perkoro sing awak dhewe anggep cilik kui tetep ora oleh. Dampake, awak dhewe iso ngero isin yen awak dhewe ketauan nek wis ngelakoke tabiat sing olo kui. Awak dhewe isin ketemu wong sing awak dhewe apusi. Awak dhewe wedi yen hubungane awak dhewe karo dheweke kui dadi berubah. Yen wonge kui, konco biasa kui ora masalah. Nanging sing masalah kui, yen wong sing awak dhewe apusi konco sing paling cerak karo awak dhewe. Makane kui, awak dhewe ojo ngapusi perkoro opo wae lan karo sopo wae. Nek awak dhewe ngelakoke kui, awak dhewe iso ngeroso isin lan keilangan akeh perkoro.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6012", "text": "Jedhing sing rusuh kuwi pancen bisa nularake akeh penyakit, salah sijine yaiku demam tifoid utawa lara tipes. Demam tifoid iki ditularake saka bakteri lan uga kontaminasi sing cedhak marang paganan utawa alirane banyu. Senajan penyakit iki luwih akeh ditularake liwat panganan, tipes iki uga bisa nular yen kondisi jedhing iki ora resik. Gejala penyakit iki demam dhuwur, lemes, kelangan nafsu mangan, diare utawa sembelit, lan uga bisa marai kejang otot. Cara pengobatan tipes iki macem-macem kaya nganggo ramuan tradisional uga bisa nganggo obat-obatan dokter. Sing paling penting yaiku akeh istirahat, mangan panganan sing alus, lan ngombe banyu putih sing akeh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3434", "text": "Bencana alam ancene saiki gelek kedaden contone koyok gempa, lesus, banjir, ambek gunung bledos. Aku tau keweden pas ono salah sijine bencanan alam iku maeng kedaden nang daerah gonanku yaiku gunung bledos. Asline bencana iku wes diberitakno nag bakal kedaden tapi ora iso akurat polahe keterbatasane tenogo ambek alat sing digawe. Terus kabeh wong pas Gunun Kelud iku bledos yo mesti keweden opo maneh sing nag pinggir-pinggire. Ben ora marakno wong-wong maeng wedi kudune petugase sing bagian ngatasi bencana alam iku maeng yo wes sigab ora kok klewar-klewer ngunu. Nag jareku sing garai wong-wong wedi iku asline tambah ora bencana alame tapi ora onone petugas sing ngarahno iku sing garai wong-wong iku maeng bingung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4430", "text": "Aku isek iling perkoro sing kedaden nang semester wingi. Nah koncoku sing biasane iku maeng manggon nang ngguri ambek ora tau takon terus turu ae, iku moro-moro maju nang ngarep mergo dibujuki ambek koncone sing mangkele pol nag deke iku maeng turu nang pinggire soale mesti ngiler. Nah deke maeng maju mergo jarene ditunjuk ambek dosene maeng. Terus deke maeng maju ambek takon nang dosene maeng. Terus bocah-bocah maeng yo jumbul ambek guyu ae mergo dosene ora ngongkon maju. Akhire bocahe maeng kisinen terus bocah-bocah sak kelas maeng guyu kabeh. Terus koncone sing bujuki maeng digleto ndase mergo bujuki deke sing turu maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6162", "text": "Ning kampung biyasane ana profesi yaiku bank tithil. Bentuk profesi iki dudu bank, nanging ya mung wong biyasa sing ngewenehi jasa kanggo ngutangi wong akeh lan dhuwite mesti manak utawa nduweni bunga sing gedhe. Wong sing duwe bank tithil iki uga diarani rentenir lan ora segan kanggo ngewenehi hukuman kanggo wong sing telat bayar utang kaya barang-barang, omah, sertifikat tanah, sawah, ternak lan sak kabehe disita. Bank tithil iki istilah sing ana ning taun 90-an ning Jawa sak durunge ana istilah kredit rakyat lan pinjaman online. Para pelaku bank tithil iki uga duwe pegawai penagih utang sing ora sungkan nggebuki lan uga ngisin-ngisini wong sing duwe utang gedhe. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "341", "text": "Wektu kui, aku tau ora kerjo lan ora ono kegiatan opo-opo selama 6 sasi luwih. Pas selo-selone kui, aku binung opo sing sebenere pengen tak lakoni neng donyo iki. Tekan pas kui, aku keno COVID-19. Pas lara-larane kui, aku tambah mikir aku arep ngopo bar iki. Tekan mbuh kepikiran seko ngendi, aku kepengen kerjo neng industri film. Aku pengen dadi penulis skenario. Durung mari-mari banget, aku ngewiwiti skenario pertamaku sing judule Randira-Traumea. Judul kui duwe arti, kira-kira, mimpi utowo impian sing mesthi owah-owah. Ora suwe bar aku rampung nulis kui. Ono pengumuman magang neng omah produksi Ravacana. Aku langsung daftar program kui. Alhamdulillah, aku iso tekan tahap wawancara. Nanging sayange, aku ora ketempo. Banjur aku dadi bingung meneh arep ngopo bar iki.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3449", "text": "Nag awakmu iku keweden diajaki kewan mboh iku pitik babon utowo asu, sakjane awakmu ora atek mlayu masio rodok keweden kudu diempet. Terus nag iso awakmu kudu manekno awak ben iso ngelawan kewan iku maeng soale nag awakmu blayu yo tambah diajaki sampek sak keneke. Dadi masio awakmu wedi nag diajak ambek kewan iku, awakmu kudu gelem ambek mekso pikiranmu ben kendel, soale nag ora kendel ambek tetep keweden tambah iso dadekno trauma terus akhire mene maneh nag petuk kewan sing marakno awakmu wedi maeng jelas wedine. Mangkane kudu dilateh gal saitik ben iso ngendelno awak karo pikiran sing ancene wes keweden maeng. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6109", "text": "Tingkah kuwi kudu nyesuaiake karo klambi sing dinggo. Yen nganggo klambi olahraga utawa kaos lan celana longgar kanggo olahraga, ora ngapa yen arep mlayu, mencolot, lan uga akeh tingkah liyane. Nanging yen nganggo klambi formal, tingkah uga kudu djaga kaya pas nganggo celana kain utawa kemeja. Celana kain iki bisa bedhah yen tingkahe ora karuan. Kamangka, tingkah iki kudu digatekake amarga ana sing ngomong yen tingkah kuwi ngetutake klambi sing digawe. Amarga kuwi, awak dhewe kudu ndelok situasi lan acara ben bisa nganggo klambi sing pantes lan ora salah kostum, kena malfungsi klambi, lan ora gampang bedhah ning acara sing ana.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4398", "text": "Koyoke kabeh wong iku mesti tau ngalami perkor sing ancene dianggep jijiki karo wong iku maeng. Nah biasane perkoro sing dainggep jijiki karo deke iku durung karoan jijiki nang wong liyo, yo sak walike barang yo ngunu. Nah ono perkoro sing jijiki maneh yoiku ngiler pas mangan. Nah perkoro iki kedaden pas aku ambek koncoku mangan bareng pas kemah. Nah waktu iku mangan bareng tapi karo gowo ajang dewe-dewe. Nah bocah wedok sing masi iku maeng langsung mireh mergo ora mentolo ambek jijik pas delok koncoku sing ngeler maeng. Mangkane nag mangan iku sing biasa ae, ojo sampek marakno wong sing nang pinggire iku maleh jijik pas delok.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2931", "text": "Aku biyen pas kulia nag Suroboyo gelek nge prank bocah-bocah soale akeh bocah sing ora gelem soro oleh garap tugase. Pas waktu iku ono tugas kelompok sing diongkon nerjemahno boso inggris nang indonesia teko buku x. Nah aku sengojo gawe isu nag buku iku asline wes ono nang website A ben bocah-bocah ora takok aku terus soale angger ono tugas mesti takok jawaban nang aku. Akhire aku mangkel, terus pengen nge prank bocah sak kelas sing gelek jaluk jawaban nang aku. Akhire bocah-bocah iku maeng goleki jawaban nang website A sing ancene iku maeng blogku dewe sing wes tak tulisi \"nag pengen cepet budolo nang mbah dukun ae\".", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1403", "text": "Yen ono wong mukok neng jero kendaran kui, awak dhewe neng sekitare kui ngeroso gilo. Senadyan, mukokane ora keno awak dhewe, tetep wae awak dhewe ngeroso jijik. Nanging wong mukok kui ono alesane, lan dheweke sebenere ora kepengen uga ngelakoke hal sing marake awak dhewe jijik. Alesan sing utama kui mergo uteke kui bingung. Dheweke delok pohon utowo benda-benda sing liyo gerak, padahal otote lagi meneng wae. Mergo utek ora iso memproses kui, makane wong iso mukok. Sak liyane kui uga ono alesan liyane, salah sijine wong sing mukok kui mungkin wingine kurang turu. Yen wong kerep dolanan HP neng perjalanan kui, uga gawe mual pas dheweke numpak kendaraan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5775", "text": "Akeh sing ora ngerti yen kerja utawa ngalami latihan ning bidang militer iki bisa marai serangan panik pas latian amarga ngalami adaptasi kaya ning wayah latian nganggo sirine tengah wengi, simulasi jaga, latihan fisik sing luwih abot saka saban dinane, lan uga latihan senjata. Kamangka wong sing kerja ning militer, kudu dicek kabeh fisik uga mental sak durunge ngalami latian iki. Banjur kepiye sing kudu wajib militer kaya ning Korea? Kanggo wong sing ora bisa nahan serangan panik kuwi bisa dideleh ning bagian pelayanan masyarakat lan ora nyekel bagian militer uga senjata amarga risikone uga gedhe banget lan mesti marai stres lan depresi sing serius.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9863", "text": "Grup chat kelasku mara-mara rame. Aku bingung amarga biasane sepi mamrih. Kabeh padha nulis \"Ndherek Bingah\" ning aku. Jebule aku dikandani yen jenengku metu nalika ana undian kanggo dolan ing Singapura gratis sing diadakna karo salah siji perusahaan ngombe. Nalika aku ndelok wara-wara iku aku melok kaget banget. Tanganku gemeter, sikilku rasane kaya ilang saking abote raisa digawe mlaku, atiku melu ndredeg. Grup kelasku tansah rame banget ngomong ning aku njaluk oleh-oleh lan liyan-liyane. Kanca-kancaku sing ketemu aku uga langsung nyalami aku lan ngerangkul aku sinambi nyemangati. Aku seneng banget amarga iki bakal dadi pengalamanku dolan ing luar negeri dewean. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "686", "text": "Seko kelas 2 tekan kelas 3 SMA, kelas ku kui wong-wongane ora ganti. Aku lan konco-koncoku sekelas kui duwe tradisi ngerayake ulang taun cah-cah kelas. Detaile bedo-bedo, nanging alur intine kui podo. Diwiwiti seko jam pelajaran sekolah. Seko mlebu kelas tekan krungu bel bali sekolah, wong sing ulang taun kui digarape. Iso digawe mumet, digawe bingung, tekan digawe nesu. Pokokmen awak dhewe gawe skenario drama sing paling apik kanggo dheweke. Pas bubaran kelas, drama kui pas puncak-puncake. Pas sing ulang taunke, meh nesu utowo arep nangis. Awak dhewe gawa mlebu kue sing wis dicepake karo nyanyi slamet ulang taun. Bar liline ditiup, awak dhewe ngelanjut garapi meneh. Biasane awak dhewe nguncal banyu sabu, tepung, tekan endog mentah.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7667", "text": "Saiki gak onok wong sing seneng diperlakukan gak adil ambek wong liyo, termasuk awak dewe. Opo maneh nek misal awak dewe sing tepak tapi malah disalahno, wah tambah muncak iki jenenge emosi. Onok beberapa hal sing isok dilakoni gawe mbelo awak dewe nek misal awak dewe lagi ngadepi situasi koyok ngono. Siji, pastikno nek ancen awak dewe iku sing bener, ojok mergo ego tok. Loro, nek wes pasti awakmu sing tepak, kumpulno kabeh bukti gawe pembelaan. Telu, hadepi maneh wong sing bersikap gak adil nang awakmu dan protes o. Papat, belo terus awakmu, nek butuh sampe debat karo pelakune. Tapi awakmu kudu eroh tanda kapan awakmu kudu mandek. Nek misal pelaku iku ngakoni, berarti awakmu menang. Tapi nek pelaku sek ngeyel, bahkan mulai ngomong gak nyambung, wayahe awakmu mandek. Soale gak guna debat karo uwong sing ndase koyok watu. Terakhir, apresiasi keberanianmu dewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3372", "text": "Aku karo koncoku tau numpak prau etek nang daerah pesisi. Nah polahe prou etek iku maeng bocor akhire aku ambke koncoku wedi. Sing garai wedi iku maeng polahe prau etek sing tak tumpaki iku kelem gal saitik. Prau etek iku rupane yo koyok prau biasa ngunuku. Ono kayu sing digawe ngayun ben iso mancal banyu ambek mlayu. Terus yo ono desele barang ben mlayune tambah banter. Prau etek iku gedene yo ora nemen soale ancene mok dimoti wong kanggo golek iwak tok ambek mok amotek yo sikitar sepolohan uwong. Tapi sing garai medeni yo iku maeng nag banyune akeh sing mlebu mesti keleme. Nah wong aku biyen ae tau klelep gara-gara prou eteke akeh banyu sing mlebu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9595", "text": "Keputusan ana ing urip iku mutlak pilihane saben wong dewe-dewe. Ana wong sing mutusake kanggo rabi, duweni anak, nanging kene uga ora oleh nutup mripat nalika ana wong sing milih kanggo urip dewe. Kene ora oleh mikir yen wong iku aneh amarga dheweke mesti milih iku lan ngerti konsekuensine. Kayata bakalan sepi nalika urip dewe, ora ana sing ngeramut nalika lara, ora ana panggon kanggo mbagi rasa seneng, sedih, lara, lan liyane. Wong iku akeh banget maceme. Kene ora bisa maksakake kepenginane wong liya supaya padha karo kene. Mula ayo padha ngurusi awake dhewe lan ora perlu melu melu urusane wong liya.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "749", "text": "Dalanan pas taun baru kui mesthi rame. Akeh wong sing kepengen dolan utowo pengen delok kembang api neng tengah dalan. Wengi kui ora mungkin ora macet. Timbangane awak dhewe dadi emosian neng dalan, mending pas wayahe taun baru kui awak dhewe neng omah wae. Dina kui ora spesial-spesial banget sebenere. Sak ben dinone, bukane awak dhewe wis ngerasake pergantian dino yo? Sing ngedni kui ora bedo adah koyo pergantian taun. Menurutku, taun baru kui ora perlu dirayake. Luwih mending wektu kui awak dhewe enggo kanggo leren, soale sesoke mesthi tanggal abang. Yen wis ora sekolah ngene iki, dino preinan kui dadi luwih berharga.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8486", "text": "Sebagai wong Islam, awak dewe diajarno gawe njogo keresikan, termasuk keresikan awake dewe. Awak sing mambu badek iku isok dadi pertanda nek wong iku kemproh, dan iku kudu dihindari. Tapi ndek satu sisi sisan, akeh ulama sing ngomong nek wong wedok iku haram nganggo parfum. Padahal parfum iku kan sing marakno awak dewe dadi wangi. Terus nek wes ngono, yaopo carane awak dewe tetep wangi. Aku nduwe carane. Siji, adhus nganggo sabun sing onok parfum e. Loro, nganggo body lotion sing onok parfum e. Telu, cuci klambi nganggo detergen cair sing luwe wangi. Papat, klambi iku mau ojok lali direndem nang pelembut karo pewangi. Terakhir, klambi iku mau disetriko nganggo cairan setriko sing onok parfum e. Nek wes ngono, awakmu tetep isok wangi tanpa nganggo parfum.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7914", "text": "Iki aku tok sing nguwasi, utowo ance kenyataane yo aku gak eroh. Tapi ben aku ndelok onok wong sing nduwe senjata api, sifate iku dadi sengak banget. Nek aku ndelok, wong sing nduwe senjata api iki marakno ngeroso berkuasa. Contohe koyok kejadian nang Palmerah, Jakarta Barat, ndek ndi onok aparat TNI sing nodong pistol nang pengendara motor mergo nyerempet mobile. Padahal koyok ngono iku kan sek isok diomongno apik-apik, tapi wong iku malah nodong pistol. Mentang-mentang nduwe jabatan duwur, dadi isok sak enake dewe nodong pistol koyok ngono. Dan koyok ngono iku aku yakin lagi akeh banget kedaden ndek Indonesia, opo maneh saiki peredaran senjata api iku akeh banget, marakno akeh wong nduwe pistol mek gawe ngancem wong koyok ngono iku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3876", "text": "Asline wong sing konangan ngelakoni elek iku durung karoan isin, soale iku karek penggawean ambek kebiasaane wonge. Nag ancene deke iku wes biasane ngelakoni penggawean elek iku yo ora isen mok mlayu tok soale wedi konangan wong akeh. Terus nag deke iku ora biasa ngelakoni penggawean elek, yo iku mesti nag konangan mesti isin. Nah sing garai isin iku maeng asline yo perkoro sing dilakoni iku maeng, ora kok mergo perkoro liyane sing ono nang wong sing ngelakoi iku maeng. Tapi ancene perkoro sing dilakoni iku maeng sing bakal dadekno wong sing ngalakoni bakal ajur derajate nang ngarepe wong akeh, mangkane wong sing ngelkoni iki bakal isine pol.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7984", "text": "Operasi iku tindakan gawe mbedah sing tujuane gawe merbaiki bagian awak sing butuh disembuhno. Biasane, dokter iku bakal nyarano gawe poso sak durunge ngelakoni operasi. Umume poso iku dilakoni rolas jam sampe onok sing sak dinoan. Paling durung akeh uwong sing eroh alesane, tapi sing jelas poso sak durunge operasi iku penting pol. Hal iku soale engkok pas dikeki anestesi, pasien bakal isok muntah pas nang tengah pengaruh bius. Gawe ngurangi resiko iku, makane pasien iku dikon poso ben kondisi weteng iku kosong dan gak bakal muntah. Terus sisan, tujuan poso sak durunge operasi iku gawe ngehindari terhambate aliran udara ambek ngehindari resiko kenek infeksi serius.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5625", "text": "Pengawas konten utawa moderator konten kuwi salah siji penggawean sing miturut penelitian bisa ngasilake trauma seumur urip. Penggaweyan iki biyasane dibutuhake ning kantor-kantor media sing bisa nyiptake konten kaya TikTok, Facebook, lan uga layanan sing nyediakake gim. Penggaweyan iki bisa dadi tekanan mental kanggo wong sing ana ning kantor kuwi. Pemicu trauma iki bisa marai stres lan uga bisa nyabang marang fobia liyane kaya wedi karo getih, badut, panggonan sing peteng, setan, lan uga akeh maneh . Kamangka, bayaran sing diolehi saka penggaweyan iki ya kudu gedhe lan nduwe asuransi jiwa sing uga padha gedhene amarga bisa marai penyakit mental. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8363", "text": "Mbarine sampah iku wes diolah nang TPST, bakal dipindahno nang Tempat Pemrosesan Akhir utowo luwe dikenal ambek jeneng TPA. TPA iku panggon gawe mroses ambek mbalekno sampah nang media lingkan secara aman gawe menungsu ambek lingkungan. TPA iki ngelakoni pengurungan sampah nganggo metode landfill sing dikembangno dadi controlled landfill ambek sanitary landfill. Landfill iki mau prinsipe dibutuhno banget. Onok telung alesan. Siji, pengurangan limbah ndek sumber, daur ulang, utowo minimasi limbah gak isok nyingkirno kabeh limbah. Loro, pengolahan limbah biasane ngehasilno residu sing kudu ditangani luwe lanjut. Telu, kadangan limbah iku angel diuraino secara biologis, angel diolah secara kimia, dan angel diobong.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2512", "text": "Seneng lulus ujian yaiku roso sing senenge megilan nag siji waktu sing disebabno teko hasile ujian. Lah hasil lulus iku maeng sing iso dadekno roso seneng utowo bahagia sing moro-moro teko nag ati sampek mujudno roso seneng. Akhire teko roso seneng sing disebabno perkoro ujian maeng dadekno wong sing duwe ati maeng iso keroso. Lah teko roso seneng teko perkoro maeng, akhire nag pas ujian wong-wong utowo bocah bocah podo ngenteni roso seneng teko ujian. Tapi kadang sing teko yo ora roso seneng tok, roso sedeh barang yo teko. Tapi saiki akeh-akehe ujian mesti mujudno roso seneng soale wes dimanipulasi kabeh hasil ujiane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1039", "text": "Awak dhewe kudune ora perlu wedi yen awak dhewe ono neng kondisi sekarat kui utowo kondisi sing awak dhewe rasake wektune dhewe kui wis ora akeh neng donyo iki. Yen ngeroso wedi kui lumrah. Mungkin awak dhewe durung iso nerimo ninggalke keluargane dhewekan utowo ono mimpi-mimpi sing durung sempet kewujud. Nanging podo koyo ngeroso wedi, mati kui wis lumrah. Mati kui takdir kanggo makhluk-makhluk sing ono nyowo neng jero awake. Yen awak dhewe sadar yen saiki awak dhewe urip, awak dhewe kudu sadar, cepet opo suwe, awak dhewe bakal ketemu karo sing jenenge mati. Mati kui perkoro sing mesthi kedadene. Makane ora gunane awak dhewe ngeroso wedi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4442", "text": "Sing jenenge kleru iku termasuk penggawean sing ora tepak sing wes kelakon. Nah pengawean iki biasane iso ae marakno wong isin, contohne yoiku nag kleru nyelok jenenge wong yo jelas isin. Opo maneh nag wonge iku ora terimo tambah pol isine. Nah kedadena iki ancene gelek kedaden nang endi-endi ora mok bocah enom tok wongsing tuwek-tuwek barang yo sak pirang-pirang. Nah mangkane ben ora sampek kleru ojo sampek nyeluk wong sak enake mergo iso ae dudu wong sing dikarepno. Yo polae sembrono maeng iku iso dadekno wong sing kleru nyeluk jenenge wong. Nag panggonane maeng sepi se ora opo-opo tapi nag wong sing diceluk maeng pas ambek koncone sing kenal yo isine megilan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7502", "text": "Indigo, utowo arek indigo, iku istilah sing digawe arek sing nduwe kemampuan utowo sifat sing spesial, gak biasa, sampe supranatural. Supranatural sing dimaksud iki sering dikaitno ambek arek sing isok ndelok sesuatu sing gak isok didelok karo menungso biasa. Biasane arek sing nduwe kekuatan indigo iki isok konangan ket cilik nek wong tuwone peka. Onok pirang ciri-ciri arek sing nduwe kelebihan siji iki. Siji, idealis karo kritis. Loro, pemikir. Telu, terlahir nduweni empati sing kuat. Papat, luwe peka sampe eroh opo sing bakal kedaden. Limo, pemberontak. Enem, nduwe konco khayalan. Pitu, cerdas. Wolu, gampang ngeroso bosen. Songo, mergo keto luwe bedo, kadang isok dikondo ketok luwe aneh timbang arek liyo.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4330", "text": "Pas KKN nang Kota Gadis, aku blonjo iwak kanggo bocah-bocah sak kelompok mergo pas iku wayaku sing blonjo. Nah pas tok omah sing dinggoni ngontrak iku aku beteti iwak sing maeng tak tuku. Yo ancene se ambune amise megilan sampek koncoku sing ambu amise maeng ae langsung gedek-gedek ambek kudu muta mergo saking jijike ambek jembere karo amise maeng. Pas aku takok ambek bocahe maeng, bocahe ngomong nag ora mentolo ambek amis-amisan polahe jarene nak amis iku mesti akeh getehe. Padal iwak sing tak etet-etet lo ora ono getehe. Yo ancene sing jenenge wong jijikan ambek perkoro ngunuku iku angel jelasno nag ditakoni perkoro iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9412", "text": "Minggu wingi aku ujian basa Inggris kanggo nentukake aku bisa nerus kuliah ana ing Walanda apa ora. Ujian basa Inggris iki arane TOEFL, aku kudu oleh biji paling elek 500 supaya bisa lulus. Swasana ana ing panggon ujiane medheni banget. Aku ora tau ngerasa wedi kaya ngene. Nanging sawise ujian iki rampung, aku langsung bisa ndelok bijiku. Senenge aku nalika ndelok bijiku 570. Iku artine aku lulus ujian iki. Esemku ora luntur nganti tekan omah, untuku nganti garing amarga ngguyu terus, wajahku uga sumringah nalika ana sing takok. Aku akhire bisa mbuktikake yen aku bisa lulus ujian sing sadurunge takkira bakal medeni banget. Matur nuwun Gusti.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "206", "text": "Keakehan mahasiswa sing aktif kui ngeroso salah jurusan. Dadi ngelakoni perkulihan kui keroso abot. Padahal kudune, kuliah kui kudu seneng utowo iso dinikmati sak ben prosese. Ben awak dhewe ora salah milih jurusan lan seneng terus pas kuliah, ono beberapa persiapan sing kudu dilakoni. Sin kepisan, awak dhuwe kude ngerti opo sing awak dhewe minati. Awak dhewe apike golek informasi seko kabeh jurusan. Seko kono disinauine luwih jero babagan jurusan sing menurute dhewe menarik. Sing keloro, awak dhewe uga kudu ngerti keluwihan lan kekurangan awak dhewe. Pekoro opo sing kiro-kiro luwih apik timabange konco liyane, perkoro opo sing awak dhewe kurang iso. Yen wis ngerti kui, pilihan mau bakal lui mengerucut. Selanjute, gari doa lan mantep-mantep ati. Muga-muga diparingi jurusan sing terbaik marang Gusti Allah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5651", "text": "Erna kuwi bocah sing paling pinter ning kelasku lan pas lulus kuliah, dekne dadi salah siji mahasiswa lulusan terbaik amarga cumlaude lan nduwe akeh prestasi. Saiki dekne uga kerja ning perusahaan nasional. Nanging sapa sing nyangka yen Erna kuwi korban perundungan pas jaman SD lan SMP amarga dekne anake wong ora duwe. Erna uga urip ning daerah pelosok. Erna kuwi mesti dadi korban dikerjani kanca lan kakak kelase sing anak juragan beras amarga wong tuwane dadi babu ning omahe kancane. Erna tau wedi budhal sekolah amarga wedi diece karo kancane. Nanging Erna mulai semangat maneh amarga dekne dadi juara kelas terus lan oleh beasiswa. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7277", "text": "Jajan sing onok ndek pasaran jaman saiki iku roto-roto mengandung natrium sing duwur pol. Padahal sak dino, konsumsi natrium iku maksimal mek 2500 mg. Nek awak dewe kakean mangan jajan sing kandungan natriume duwur, isok berpotensi gawe munculno penyakit hipertensi. Dadi mulai saiki, mulai dikurangi konsumsi jajan sing tinggi natrium sak durunge awakmu kenek hipertensi dan nyesel ndek akhir. Awak dewe isok nggawe alternatif jajan liyane sing luwe sehat dan marai wareg. Salah sijine iku telo. Telo iki rasane wes legi, marai wareg pisan. Cara masak telo iku cukup didang sampe empuk sekitar 20 menitan, mbari ngono dimenengno sampe adem dan siap dikonsumsi. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2573", "text": "Seneng polahe petuk ambek idola yaiku roso sing teko polahe ono wong liyo utowo perkoro liyo sing metu nag ngarepe wong iku maeng. Terus biasane roso iki tekone ora mok garai roso seneng tok, tapi yo ambek garai roso liyan-liyane melok teko contone roso jumbul, roso wedi, roso, bingung, ambek roso kuwatir. Dadi wong sing ngerasakno roso seneng sing nginiki biasane emosi senenge ora iso ucul bebas soale kebarengan ambek roso iku maeng. Mangakne kadang nag ono wong sing petuk ambek idolae mesti nag gak meneng, yo ketok bingung soale deke mikir kok iso perkoro ngene moro-moro kedaden? Kejobo wong sing niat utowo duwe tujuan kat awitan pengen petuk ambek idolae.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6026", "text": "Kewan luwak iki mung ngonsumsi kopi, dadi kotoran sing dihasilake kuwi ya mung kopi lan dudu bahan buangan kotoran liyane. Luwak sing ngonsumsi kopi iki uga ora diopeni kaya peternakan, nanging ya dilindungi ning cagar alam sing ning njerone ana kebun kopi. Cara ngolah kopi luwak iki uga khusus. Kotoran sing wis dikumpulake saka habitat luwak banjur diumbah ping bola-bali banjur dipepe kanthi garing kanggo ngilangake bakteri. Kopi iki uga bisa dipanggang yen wes diumbah ben luwih steril. Kopi sing wis dipepe kuwi mau banjur disangrai utawa digoreng tanpa lenga banjur digiling kanthi alus banjur dikemas sak durunge didol utawa dikirim ning manca negara. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9420", "text": "Preian wingi, Dinda nagih Mbakyune kanggo ngeterke dolan menyang mall. Dinda wis kudu arep mblanjakke dhuwite kanggo tuku barang sing wis dikarepi yaiku laptop. Dinda wis nabung kira-kira setahun lebih kanggo tuku laptop iki. Laptop merk Apple utawa arane Macbook pancen rada larang. Nanging, nalika Dinda kasil tuku laptop iki nganggo dhuwite dhewe, Dinda ngerasa puas lan seneng banget. Ana ing toko, Dinda njajal kabeh fitur sing ana ing laptop anyare. Sawise marem lan wis ngerti kira-kira cara nggawe laptop anyar iki, Dinda dikancani Mbakyune kanggo mbayar. Regane kurang luwih 20 yuta. Dinda seneng banget amarga akhire bisa tuku laptop iki nganggo dhuwite tabungane dhewe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2561", "text": "Pas 2 ulan wingi ono pengumuman kompetisi gawe lomba nulis puisi nag mading kampus. Lah koncoku sing senengane nulis langsung semangate megilan solae iso nyalurno hobine sing ket cilik disenengi. Akhire koncoku maeng daftar terus aku ora ero teruse mboh koncoku mane gmenang opo kalah. Tapi pas aku ketemu koncoku wingi, moro-moro koncoku ngejak mangan terus cerito nag deke senenge pol soale oleh penghargaan teko puisi sing dielokno kae. Lah ceritone winggi mari mangan aku langsung dijak budal nang salah sijine kampus sing ngadakno lomba maeng. Terus pas tutuk kono. Wah bangunane megilan apike, aku sampek njumbul kok ono bangunan koyo ngene, maksute iku bangunane iku ramah lingkungan ora ruwet ambek bangunan beton tok.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5253", "text": "Salah siji film sing mbahas reuni yaiku judule Reuni Z. Film iki kalebu salah siji film horor komedi Indonesia sing paling akeh ditonton ning aplikasi digital amarga lucu lan nawarke ide anyar kanggo perfilman ning Indonesia. Film iki mbahas babagan reuni sing ana ning SMA lan kebiyasaan mangkelake wong sing melu reuni, kaya nyombongake kesugihane, ngece marang kanca, lan uga kaget ndelok perubahan kanca sing ora dinyana. peserta reuni SMA kuwi diuji pas kudu nyelametake lan ora milih-milih kanca sing arep diselametake nganggo akeh cara. Film iki tayang taun 2018 lan disutradari karo Monty Tiwa uga Sholeh Sholihun. Bintang filme uga macem-macem, saka artis kanthi seniman komedi. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9190", "text": "Pas aku nang tahap akhir tanda tangan kontrak kerjo, HRD ne iku nakoni aku opo aku nduwe sertifikat TOEFL paling anyar. Tak jawab gak nduwe, soale aku terakhir tes TOEFL iku telung tahun sing lalu. Otomatis sertifikat sing tak duweni iku wes gak berlaku. Akhire gawe menuhi syarat akhir kontrak kerja, aku dikon gawe melu tes TOEFL secepate dan kudu entok nilai ndek duwur 500. Mergo gopoh kabeh, akhire aku daftar sesok e dan ngelakoni tes pas lusa. Mergo gak akeh persiapan, aku pasrah ae pas nggarap tes e. Eh pas hasil e metu, nilaiku 503, wes nang duwur persyaratan umum e. Aku jelas seneng dan luego pol lah, soale aku gak akeh sinau tapi tetep isok entok apik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3328", "text": "Akeh wong sing keweden karo opo-opo sing nang sekitare sing akhire dadekno pobia nang wong sing keweden iku maeng. Nah sing jenengen pobia iku ono sing ngarani angel ilangane ono sing ngarani cepet ilangane. Tapi anjurane dokter ben cepet iso ngelawan pobia iku maeng ono pirang-pirang cara yaiku kon ngadepi sing dadi pobiae maeng gal saitik, nah sing iki asline perlu dijajal ben ngerti iku efektif opo ora. Tapi nag dipikir ancene sing jenenge roso ngunuku yo perlu diadepei soale nag dituruti wedine iso ae tambeh nemen tapi nag dilaawan gal saitik biasane tambah entek ambek tambah ilang pobia gal saitik. Yo ancene kabeh iku butoh proses.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2902", "text": "Aku tau petuk sing jenenge pocong ambek koncoku nang sawah pas delok desel sekitar jam 12 bengi. Aku ambek koncoku yo jumbul lah soale moro metu nang guriku pas mari gedekno gase desel. Pocong iku maeng duwure yowe koyok umume menungso tapi yo ora umum eleke, raine ikuloh ono koyok sete terus koyok kobong pateng klingkep ngunu. Terus, ono kaene putih sing brungkus awake ambek talenan nang duwere. Mari ngunu nak mlaku iku ora mencolot-mencolot koyok nag tipi tapi iku koyok ngeyang ngunu. Wes iku termasuk setan sing medeni. Mari ngunu aku ambek koncoku langsung mlayu sipat kuping mbok iku pari opo jagung sasak kabeh. Sampek omah wes ora wani ngomong langsung mlebu kamar. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8329", "text": "Jenenge telek iku kan ampas teko panganan sing dipangan dan berakhir dadi telek, dan gak mungkin gawe dipangan maneh. Dadakno, gak kabeh iku koyok ngono lho rek. Dadi onok telek kewan sing isok dimanfaatno dadi pakan kewan alternatif, salah sijine iku teleke pitik. Akeh banget peternak sing manfaatno teleke pitik iku dadi pengganti bekatul. Hal iku soale kandungan nutrisi telek ayam sing wes garing iku duwur. Upaya peternak manfaatno telek ayam dadi pengganti bekatul iku gawe manfaatno limbah peternakan sisan. Dadi gawe awakmu para peternak, isok sisan lho niru cara iki gawe ngehemat biaya pangan kewan sing gede pol dan ngehemat pengeluaran.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "356", "text": "Yen awak dhewe kebacut gawe kuciwo wong sing cerak, awak dhewe kudu cepet ngelakoke sesuatu ben hubungan ora luwih renggang meneh. Sing kepisan, awak dhewe kudu ngaku yen awak dhewe kui salah lan jaluk ngapuro. Langkah iki penting ben konco utowo pasangan awak dhewe ngerti yen awak dhewe nyesel ngelakoke perkoro sing marai kuciwo kui. Yen misale dee ora gelem nerimo ngapurene dhewe, ojo dipekso. Kei dee wektu kanggo mikir. Kuciwo kui artine tau percoyo. Rasa percoyo karo wong kui ora gampang dientoke. Wajar yen dee ora nrimo ngapurane dhewe ngono wae. Yen misale dee tetep trimo, awak dhewe kudu iklas keelangan wong kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1007", "text": "Sakdurunge tampil utowo neng ngarep panggung awak dhewe ngeroso percaya diri banget. Awak dhewe yakin, awak dhewe iso tampil kanthi maksimal. Nanging ono wae hal sing gawe awak dhewe ora fokus utowo dadi gamang. Ben ora kedadean koyo ngono, awak dhewe iso gateke beberapa hal. Sing kesiji, yen ono wong sing nyoraki, mbuh kui mergo seneng opo niate ngenyek, ora usah digatek. Awak dhewe kudu luwih fokus karo opo sing awak dhewe kudu lakoke pas kui. Sok-sok malah wong sing ngeploki kui iso gawe fokuse awak dhewe buyar. Sing keloro, yen misale kui pempilane karo wong liyo. Yen koncone dewe kui salah, ojo dietuti. Awak dhewe tetep kudu ngelokoke gerakan sing kudune dilokoke. Mengko koncone dhewe sing saling kui sing bakal ngetuti gerakan sing bener.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5698", "text": "Njaga kata-kata ning ngarepe anak kuwi babagan sing paling penting amarga nada omongan sing salah sithik wae bisa ditangkep dadi informasi sing salah karo bocah. Misale, awak dhewe arep ngomongi yen sarapan kuwi penting, nanaging amarga omongan sing metu kuwi kesane negatif, anak bakal ngerasa diseneni lan diwajibake sarapan tanpa ngerti alesane kenapa kudu sarapan. Anak bakale mikir salah apa sing dilakoni, padahal ya mug perkara sarapan. Kamangka, ana sing jenenge ilmu sak durunge dadi wong tuwa kanggo ngontrol emosi ben ora meledak. Amarga kuwi, ayo belajar dadi wong tuwa sing bisa ditiru, ben anak kuwi ora mendhem jero emosi negatife. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4439", "text": "Biasane nag diguyu bocah sak kelas iku mesti isin. Nah nag wes kadung ngunuku kudune iso dadekno awake ati-ati ben ora sampek ono perkoro sing dadekno bocah sak kelas guyu maneh, kejobo ancene disengojo ben bocah sak kelas iku guyu mergo pengen ngelawak nang ngarepe bocah akeh. Nah biasane bocah sing diguyu bocah sak kelas iku ono pirang-pirang perkoro contohne koyok salah oleh jawab utowo ora nyambung ambek opo sing ditakokno gurune, terus nag gak ngunu yo turu nang jero kelas terus akhire konangan gurune akhire diguyu bocah sak kelas. Dadi nag iso nang jero kelas iku ojo sampek ngelakoni perkoro sing iso dadekno bocah-bocah sak kelas iku guyu.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8308", "text": "Awakmu onok sing tau ngalami muntah getih gak? Dadi muntah getih iku muntah koyok biasane, Cuma muntahane iku onok werno abang teko getih, utowo isine mek getih tok. Muntah getih iku isok dadi salah siji pertanda nek nang njero awakmu iku temenan lagi onok penyakit, opo maneh nek iku wes kedaden ping bolak balik. Salah siji penyebab muntah getih iku mergo tumor utowo kanker nang organ pencernaan koyok lambung, esofagus, utowo pankreas. Nek semisal awakmu ngalami sing koyok ngono, terus dituti karo gejala-gejala sing diroso gak normal, mending awakmu cepet-cepet perikso nang dokter ben isok entok pengobatan luwe lanjut sak durunge telat.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9474", "text": "Urip ana alam donya kang mung sepisan iki, saora-orane kudu tau ketemu karo wong kang banget disenengi utawa ketemu idola. Ketemu karo idola kuwi minangka pengalamaning urip. Pengalaman kang ora bisa dilalekake salamining urip. Saliyaning kuwi, ketemu karo idola apamaneh nganti pikantuk foto bareng bisa ngundhakake rasa bungahing ati awit kasembadan apa kang dadi pangangen-angen. Yen kasembadan pangangen-angene, adate anggone nglakoni urip bisa linuwih motivasine. Ketemu kato idola kuwi bisa dadi bahan crita kanggo wong liya, mbuh kuwi keluarga, kanca, apadene wong anyar kang ditemoni. Bisa nyritakake bab idola kanyata dadi rasa bombong kanggone saperangan wong. Mula yen kowe duwe idola, ora kleru kok yen kowe tansah ngudipaya supaya bisa ketemu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1144", "text": "Gong-gongan asu kui marake awak dhewe kaget lan wedi. Awak dhewe wis ngebayangke, khewan kui bakal ngoyak awak dhewe lan awak dhewe mengkone bakal dicokot. Padahal, pas awak dhewe nyeraki khewan sing sikile papat kui, dheweke sing ngeroso wedi. Mergo wedi kui dheweke kudu ngelakoke sesuatu supoyo dheweke ngerasa aman. Wong sing ora dikenal kui dianggep acncaman karo dheweke. Salah siji carane dheweke ngenlindungi awake kui nganggo coro gogong mau lan koyo siap-siap kanggo nyerak opo wae sing dheweke anggep anceman. Respon kui mungkin marake awak dhewe dadi gemeter. Nanging yen dipikir-pikir meneh kui lumrah banget, ono makhluk sing lemah kepengen ngelindungi awake ben ora ciloko.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7960", "text": "Dino minggu iku arek-arek cilik nang komplek perumahan podo dolen bareng, termasuk Nessa. Awale Nessa dolan ambek konco-koncone nang taman bermain sing onok nang cedek omahe. Berhubung koncone siji siji wes podo diceluki ibukne, akhire de’e milih gawe numpak ayunan diluk sak durunge moleh. Nessa munggah ayunan terus ngayuno sampe duwur. Hal iku marakno onok siji arek liyo sing kepingin. Akhire arek iku nyedek nang Nessa terus nyeluk arek iku. Nessa sing diceluk akhire mandek dan nyedek nang arek iku. De’e njaluk gentian ayunan nang Nessa, tapi Nessa gak gelem soale durung tuwuk. Akhire arek iku ngancem nek bakal nguncali sirane Nessa nganggo watu. Nessa sing keweden langsung mlayu ngadoh dan milih moleh. Pas tutuk omah, de’e langsung nangis kejer mergo nahan rasa wedine iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3052", "text": "Wong sing moro-moro srengen terus ora ono seba opo-opo iku biasane wong iku ngalami ganguan bipolar. Nah bipolar yaiku malehe emosi utowo karepe wong sing dadak malehe, terus ora iso dikontrol ambek wong iku maeng. Nah malehe emosi iku maeng ora mesti iso-iso ae sampek pirang-pirang jam, pirang-pirang dino, sampek sak ulan barang yo ono. Mangkane wong sing nginiki iku biasane duwe gangguan metal sing kurang apik, ambek biasane lingkungane iku ora apik kanggo emosine. Mboh iku gelek dienyek, dilokno, digoroi, ambek perkoro liyane sing sekirane garai wong iku maeng duweni roso sing ora karuan. Mangkane nag iso nginiki kudu ditambani sak cepete.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "721", "text": "Reza Rahdian tau keno amukan ibu-ibu mergone dituduh wong sing seneng selingkuh. Padahal, ibu-ibu sing nesu neng dheweke kui mung delok seko seri TV sing dheweke dadi lakon neng kono. Judule kui Layangan Putus. Dheweke neng kono dadi lakon tokoh Aris. Si Aris iki sing gaweane selingkuh neng certione kui. Seri TV iki pancen terknal banget, senadyan ora ditayangke neng TV nanging neng layanan nonton daring. Saking populere kui, dheweke diceluk Aris pas papasan karo penontone. Fanse kui tekan mukul-mukuli dhewe. Ono uga sing ngebentak-bentak karo ngandani ben ora nyelingkuhi Kinan. Mbuh kui gojek opo tenanan lek ngantemi, nanging ketoke roso bencine kui tenanan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8364", "text": "Gak onok uwong sing gak gilo ben ndelok tumpukan sampah nang ndi ae. Wes marakno ambu, isok marakno pencemaran lingkungan sisan. Sing jelas, tumpukan sampah iku isok ngerusak pemandangan e awak dewe kabeh. Sak liyane ngerusak pemandangan, tumpukan sampah iku isok sisan dadi sumber sembarang kalir penyakit. Nang tumpukan sampah iku mau, pasti bakal uakeh kuman, parasit, bakteri, ambek virus sing ngumpul nang kono. Wes ngono, pasti bakal akeh kewan sing ngumpul nang kono dan isok nggowo penyakit nang menungso. Makane kabeh iku mesti ngindari ben onok tumpukan sampah. Sak liyane gilo, mereka jelas gak gelem sampe kejangkit penyakit mergo ngirup kuman sing onok nang kono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9948", "text": "Kejebak macet iku wis dadi panganan sadina-dina kanggo wong Jakarta. Apa maneh wong sing kerja ana ing daerah industri kaya ing Sudirman utawa Kuningan. Daerah industri iki wis mesti dadi pusate kemacetan amarga kabeh karyawane mulih kerja ana ing jam sing padha lan akhire ngebaki dalan. Yen wis kejebak macet, aja nganti dadi nesu-nesu wae. Iki bisa nggarai kene kaentekan tenaga lan akhire malah tambah sumpek. Yen ngalami macet sing nemen banget, bisa sangu jajan ana ing montor supaya bisa kanggo nyemil. Saliyane iku uga bisa ngerungokna lagu utawa bisa ngomong karo kanca supaya ora kerasa macete lan langsung bsia tutuk ana ing omah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5302", "text": "Ning Solo, ana tradisi katering sing bisa ngurangi antrean yaiku tradisi piring terbang. Tradisi piring terbang iki ora kaya katering liyane sing prasmanan lan njupuk sega lan lawuhan dhewe. Piring terbang iki yaiku pangan ning ndhuwur tatakan utawa nampan sing langsung diterake karo para sinom utawa wong kang ngewangi lan laden tamu. Tamu undangan mung lungguh lan para sinom nyediakake panganan pambuka, panganan inti, lan penutup. Piring kuwi mlebu lan metu saka pawon, kamangka diarani piring terbang utawa diibaratake mabur saka njero pawon. Tradisi iki sak liyane ngurangi antrean sing marai mumet, uga ngurmati para tamu sing wis teka ning acara. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4387", "text": "Akeh wong sing ora seneng nag delok pangana sing endute ora karoan mergo cicik utowo ancene kenk perkoro sing ora kepikiran. Nah endute maeng iso dadi perkoro sing jijiki nag ancene panganan iku maeng kenep perkoro sing rusoh contohne koyok kenek idune wong liyo, kenek kringet, utowo kenek barang sing ancene dianggep rusoh karo wong sing delok iku maeng. Mangkane nag ancene ono wong sing ora mentolo pas delok panganan sing ancene endut ambek rusoh iku maeng yo biasa ae, merog kadang uwong iku duwe pikiran ambek ora mentolo sing seje-seje, nag ancene wonge biasa uripe yo bakal biasa, tapi nag uripe kulino resik yo bakal jijik nag pas delok perkoro koyok maeng. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5626", "text": "Fobia kuwi salah siji jenis gangguan psikis sing bisa amrai ora nyaman amarga menungsa kuwi ora ngerti kapan ngadepi rasa wedi ning uripe. Fobia kalebu salah siji gangguan sing bisa diobati nganggo cara ilmiah, yaiku kaping pisan kudu ngenali apa sing diwedeni, misale kaya karakter, kekurangan uga kelebihane apa wae. Kaping pindhone yaiku paham marang apa sing diwedeni. Kaping telu yaiku kudu mulai cara ngewarasake saka nyekel barang sing diwedeni utawa ndelok para pemicu phobia. Kaping papat, yaiku kudu paham yen fobia kuwi ora langsung waras, nanging ana tahap nanging uga kudu teratur ben ora kaget lan marai tambah stres.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9098", "text": "Wong-wong nek wes nunggoki wong sakaratul maut iku bakal akeh ngelakoni dungo. Sing paling sering tak konangi iku dungo ben wong sing sekarat iku isok balik urip normal maneh. Padahal ben uwong iku nduwe umure dewe nang dunyo iki. Nek misal wes wayahe gawe mati, mosok kate dipekso gawe urip terus? Kan iku jenenge mekso kehendak takdir. Biasane wong-wong ngono iku nek ndelok wong sing diharepno ben isok urip maleh mati, sedihe iku bakalan kenemenen. Hal iku mergo de’e sek nduwe harapan ben wong iku mau sek urip. Dadi gawe awakmu sing ndelok wong sakaratul maut, gak usah akeh berharap ben sedihe iku gak kenemenen, mending ikhlasno ae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5763", "text": "Borderline Personality Disorder utawa BPD yaiku gangguan emosional sing dadi salah siji penyebab autophobia. BPD iki kalebu gangguan mental sing serius amarga bisa marai wong narik awak dhewe saka lingkungane. BPD iki akeh disebabake karo lingkungan sing kurang kondusif uga genetik. BPD iki dialami 1--4% wong ning dunya iki lan gangguan iki muncul ning masa remaja lan uga dialami karo para wanita lan uga remaja putri. BPD iki uga bisa kedadian marang wong sing duwe gangguan otak. Gangguan saka BPD iki yaiku emosi sing ora stabil, gangguan pola pikir uga presepsi lan ana kepengenan kanggo bunuh diri lan uga ana delusi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "622", "text": "Kanker kui dudu penyakit sing sepele. Akeh wong ora iso mari seko penyakit iki. Beberapa wong-wong sing wis mari seko kanker, ngerti-ngerti penyakit kui iso balik dhewe. Kanker-kanker kui ono tahap-tahape. Beberapa neng antarane kui iso disembuhke ono sing ora. Sing kesiji kui, kanker stadium 0. Kanker iki durung nyebar neng jaringan neng sebelahe. Kanker tahap iki isih iso mari. Sing keloro, kanker stadium 1. Neng tahap iki, wis muncul tumor cilik sing mangan jaringan neng awak, nanging durung nyebar tekan kelenjar getah bening utowo organ awak sing liyane. Sing ketelu, stadium II lan III. Neng tahap iki tumur luwih gedhe lan wis nyebar neng jaringan sekitare. Sing kepapat, stadium IV. Tumore kui wis nyebar neng organ sing liyane. Neng tahap iki, kanker wis angel disembuhke.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5280", "text": "Pas aku ulang taun sing ke-17, aku ora ngarep arep dikado apa amarga aku ngerti yen aku wis gede lan ora pengen diwenehi apa-apa kajaba dunga saka wong tuwa lan kabeh urusan diwenehi kelancaran. Ulang taun iki uga dadi ulang taun sing nandakake aku wis diwasa lan wis kudu mandiri lan mulai nggawa beban uripku dhewe. Nanging pas jam 12 bengi, jebul ana swara lawang kamarku digedor-gedok saka njaba. Tak kira wong tuwaku arep ngejak omong utawa ana kebakaran amarga aku wis kaget lan mencolot saka kasur. Jebul keluwargaku ngewenehi hadiah roti ulang taun. sal liyane kuwi, uga ana kanca-kancaku sing teka kanggo ngewenehi kejutan kuwi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3045", "text": "Kudune nag macet kabeh wong kudu iso ngempet roso srengene sing iso dadekno perkoro elek liyane teko nang awake, mboh iku dipisoe uwong polahe nyenggol, utowo perkoro liyane sing sekirane dadekno srengen nang macet. Opo maneh nek nang kota terus panas, sing jenenge macet mesti musuh sing paling gede kanggo wong soale kabeh wong pengen lancar mlakune tibake macet moro teko. Yo jelas wong sing kesusu maleh srengen, nag jareku roso srengen iku kudune diempet sak kuat-kuate soale nag gak diempet mesti dadekno perkoro nang dalan. Sak liyane iku srengen iku iso garai pikirane maelh ora anteng terus konsentrasine nang dalan ilang sing akhire dadekno nyenggol liyane. Terus garai wong srengen sisan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5323", "text": "Salah siji drama web digital sing digandrungi ning taun 2021 lan akeh sing seneng yaiku Layangan Putus. Drama iki kondhang amarga ceritane ditulis saka cerita asli, yaiku wong wedhok sing ditinggal selingkuh karo bojone kanthi lara ati uga stres. Drama iki diproduksi MD Entertainment sak uwise oleh ijin saka penulis buku asline. Akeh wong kang mbahas drama iki ning sosial media amarga kualitas drama lan akting para pemaine sing apik kaya Reza Rahardian, Putri Marino, uga Anya Geraldine. Drama iki bisa mbangkitake rasa mangkel penonton marang Aris, tokoh utama ning drama iki sing bisa ngerusak omah tanggane karo Kinan lan milih wong liya. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7243", "text": "Nang seleksi masuk kuliah, pasti onok sing ketompo dan onok sing ketolak. Faktor masing-masing e yo macem-macem. Onok beberapa kesalahan umum sing marai awakmu ketolak melbu universitas. Siji, sinau gawe UNAS disik baru mikiri soal kuliah. Ancen awakmu kudu fokus gawe ngadepi UNAS, tapi ojok lali sisan mulai nyicil persiapan gawe tes melbu kampus sing luwe angel teko UNAS. Loro, mek ngandelno siji jalur tes tok. Jalur tes gawe melbu nang kampus iku onok akeh, dan iku kabeh kudu dicoba. Telu, salah pilih jurusan. Jurusan-jurusan sing luwe akeh peminate pasti luwe angel gawe dileboni. Dadi nek gak siap secara penguasaan materi, peluang gawe melbu jurusan iku bakal tambah cilik.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5782", "text": "Agoraphobia kuwi salah siji jenis fobia sing gejalane wedi marang urip sosial lan wedi yen ana ning keramean. Wong sing kena agoraphobia iki mesti ngerasa isin lan uga ora bisa nerima keadaan sing keramean. Agoraphobia iki bisa dialami menungsa wiwit cilik lan penyebabe uga macem-macem kaya urip sing dikekang, keluarga sing ndukung banget karo gerakan antisosial, hubungan sing ora apik karo pasangan, depresi, lan gangguan liyane sing ora bisa diceritakake. Wong sing kena agoraphobia sering banget ngerasa ora mampu yen dibandingke karo wong liya, ora bisa mlayu yen ana kerumunan, lan yen ana ning jero keramean sing asing, dekne bisa kena henti jantung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "607", "text": "Wong kui mesthi kaget karo delok dedemi neng film-film horor. Ben wong iso gawe film sing marai kaget penontone, ono beberapa hal sing kudu digateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu iso gawe alur crita sing iso gawe bingung utowo penasaran penontone, nangin tetep duwe tujuan sing ceto. Keloro, awak dhewe kudu mastike musik sing digunake neng film kui iso gawe suasana sing tegang. Musik iki bagian sing paling penting seko film horor. Medeni opo orane film horor kui tergantung karo musike. Sing ketelu, dandane demite uga kudu apik tekan iso ngeyakinke yen lakon kui demit tenanan, nanging uga dadane tetep ora entuk berlebihan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6038", "text": "Penelitian wis akeh sing mbahas babagan apa akibate yen seneng mangan lawar plek. Lawar pek iki bagian saka budhaya, nanging sing dadi masalah yaiku kualitas ternak sing biyen karo saiki kuwi bedha. Jaman biyen, ternak kuwi organik lan aman saka bahan kimia, saiki ternak malah ngundang penyakit. Ora kabeh wong seneng panganan iki lan nganggep iki sekadar budhaya senajan amis uga katon nggilani. Nanging miturut penelitian, budhaya iki apa isih perlu dipertahanke apa ora yen ndelok saka jenis panganan lan kemungkinan penyakit apa wae sing disebabake getih sing ana ning lawar iki. Kamangka, awak dhewe kudu luwih selektif marang panganan ning jaman saiki lan kudu pinter nggolek alternatif pengganti bahan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1047", "text": "Makin awak dhewe wedi karo demit, kemungkinan awak dhewe ketemu karo demit bakal luwih gedhe. Ono rong kemungkinane. Sing kesiji, demit kui jedul neng pikirane dhewe, dudu tenanan ono neng ngarepe dhewe. Makin awak dhewe wedi kui awak dhewe dadi makin kepikiran opo sing awak dhewe wedike. Dadine, sadar ora sadar, gambaran demit kui jedul neng bayangane dhewe. Sing keloro, demit kui ono sing percoyo seneng jedul neng ngarepe wong-wong sing wedi karo dheweke. Demit kui seneng garapi wong-wong sing wis wedi karo dheweke. Pandangan sing keloro iki mung cocok karo wong sing wis percoyo demit kui ono seko awale.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5734", "text": "Babagan sing paling penting ning wayah pemulihan bencana kuwi yaiku piye carane ben para anak iki ora ngerasa trauma ning pengungsian. Akeh wong seng ora peduli babagan iki. Nanging, anak kuwi dadi bagian sing paling penting sing kudu digatekake karo pemerintah amarga anak iki dadi unsur menungsa sing paling alus lan yen ora diurusi bakal ngerasa yen bencana kuwi medeni amarga marai akeh panggonan ajur lan akeh keluarga sing seda. Kamangka, anane dinas sosial iki penting kanggo para bocah iki ben bisa waras saka trauma. Dinas sosial iki bisa ngajari lan uga ngundang para relawan kanggo ngewenehi pengajaran kaya ning sekolah utawa ngejak dolanan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "677", "text": "Pas krungu kabar yen bojone awak dhewe kui metheng kui, awak dhewe sebagai bojo kui reaksine iso bedo-bedo. Ono sing seneng tekan jingkrak-jingkrak lan uga ono sing mumet mergo kui neng jobo rencanane dheweke. Koyo opo wae reaksine, awak dhewe sebagai suami sing apik kudu siap ngadapi bojone dhewe sing wis meteng. Wanita sing metheng kui ora mung butuh digatek kondisi fisike tok, nanging uga kesehatan mentale. Awak dhewe kudu gawe bojone dhewe kui ngeroso yen dheweke kui ora ngurus kandungane kui dhewekan. Awak dhewe kudu luwih perhatian marang wonge lan uga melu ngewangi tugas-tugase dhewe neng omah. Awak dhewe uga perlu mengafirmasi yen dheweke kui tetep ayu. Soale, wanita yen lagi metheng kui dadi luwih sensitif lan dadi ora percaya diri.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4967", "text": "Kekerasan anak jalanan kuwi salah sijine pengalaman sing marai trauma lan akibate bisa merembet yen ora ditangangi. Kekerasan iki biyasane ana ning bocah jalanan sing isih cilik. Bocah kuwi kudu ngamen lan setor marang wong sing dadi bos. Yen ora bakalan digebugi. Cara kanggo ngindarake saka masalah iki yaiku ngelakoni pendekatan kaya ngajar bocah-bocah ning pinggir dalan. Nggawe program sinau bareng uga bisa nuwuhake semangat bocah-bocah. Banjur yen wes ana pendekatan, bisa langsung lapor marang dinas sosial ben ditangani lan digolekake solusi kanggo bocah lan keluwargane. Pendekatan marang keluwargane ya bisa, nanging aja nganthi ngewenehi dhuwit ben ora ana ketergantungan karo masyarakat. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1509", "text": "Salah siji kahahan sing kathoke awak dhewe ora entuk suwek kui pas awak dhewe lagi salat jamaah neng masjid, opo meneh kui salat jumat sing wonge akeh banget. Sowek pas lagi salat neng masjid kui ora mung perkoro isine, nanging salat dhewe dadi ora sah. Wis ngono, awak dhewe ora iso neng endi-endi yen kathok suwek pas lagi salat. Wong sing neng burine dhewe dadi iso delok bagian kathoke dhewe sing suwe. Makane kui, yen arep suwe kui dipastike yen kathoke kui ora sing sesak. Yen kira-kira kathoke dhewe kui bakal suwek, mending seko omah awak dhewe wis nganggo sarung.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6001", "text": "Didit nduwe kucing sing diopeni wiwit cilik amarga nemu ning pasar. Kucing kuwi saiki wis gedhe lan seneng ngganggu Didit pas lagi wayah sinau. Kucinge Didit iki uga seneng dolanan ning latar omah, nggoleki cacing, walang, utawa nggolek tikus. Kucing aneh iki uga seneng nyokoti godhong, nanging jare dokter iki isih aman amarga kucing butuh bangsa suket-suketan kanggo ngeresiki pencernaane saka benda sing asing. Nanging ing sawijining dina, kucinge Didit iki tingkah lakune aneh lan uga ngetokake swara sing aneh kaya wong keloloden. Jebul kucing iki arep ngetokake wulu saka lambene amarga ngerasa wes ora nyaman. Bekas muntahe marai keri amarga bentuke kaya gulungan rambut.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5251", "text": "Tiwi saiki kerja dadi perawat panti jompo ning Taiwan. Tiwi iki budhal saka daerah cilik ning Ngawi lan wis kerja suwi banget ning Taiwan. Pas kuwi, dekne lagioleh prei 2 dina lan ngentekake jatah preine kanggo mlaku-mlaku karo kancane ning pasar. Amarga wis suwe ning Taiwan, saiki Tiwi uga klambi lan paese bedha kaya pas lagi kerja ning Indonesia. Pas Tiwi lagi mlaku-mlaku, jebul ana wong sing njawil pundhake. Mbarang ditoleh, Tiwi kaget amarga kuwi Rini, kanca SMA-ne Tiwi sing wis suwe banget ora ketemu, padahal Tiwi lan Rini iki cedhak banget amarga Rini iki tangga desane Tiwi. Jebul Rini iki uga kerja ning Taiwan wis oleh sesasi ning salah sijine rumah makan. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8004", "text": "Nek pas awak dewe lara, iku pasti budhale nang dokter. Ambek dokter, awak dewe bakal dikeki obat. Kadang obat iku dalam bentuk diombe, utowo disuntikno. Kadang awak dewe mikir, opo’o obat iku kudu disuntikno, opo’o gak kabeh diombe ae ben gak atek ngeroso kelaran. Tapi eroh gak, nek misal awakmu pingin cepet waras, iku mendingan nganggo obat sing disuntikno. Hal iku soale obat sing dilebokno teko jarum suntik iku isok ngeredahno rasa lara luwe cepet timbang obat sing diombe. Soale obat sing disuntikno iku mau langsung melbu nang aliran darah tanpa perlu diolah disik ambek organ liyane. Makane obat sing melbu lewat suntikan iku isok luwe cepet ngeredahno rasa lara nang awak dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3879", "text": "Kudune wong iku ngerti nag ngelakoni perkoro elek iku ancene ngisin-ngisine. Tapi sampek saiki tetep ono ae sing ngelakoni perkoro sing elek. Padal wes akeh wong sing ngandani nag ancene penggawean elek iku ora dadekno roso isin berarti wong sing ngelakoni penggawean elek iku jaluk dituturi soale kabeh penggawean elek iku yo mesti marakno isin, endi ono wong sing ngelakoni penggawean elek ora isin nggak wong sing wes bener-bener elek yo ora ono. Nag ancene kepekso ngelakoni penggawean elek kanggo urip nag iso iku yo kudu ora ono sing ero masio iku koncone dewe ambek liyan-liyane. Opo maneh sampek wong tuo utowo keluargane ono sing ero yo tambah isin-isini.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "220", "text": "Aku diajari nabung karo wong tuwoku ket cilik. Awale, pas umur 5 taun, aku ditawari bapakku, aku kepengin duwe pit opo ora. Aku sing ket cilik wis bingungan lan manutan, aku jawab iyo. Sakjane aku yo kepengen ben podo karo konco-koncoku sing liyo. Nanging jarene bapak, aku kudu nabung disik kanggo tuku pit kui. Seko dino kui, aku ngewiwiti nabung. Duwit jajanku dijatah Rp2.000 sedino. Seko kui, aku nyisihke sewe-sewu ben dinone. Malah, ono dino-dino sing aku ora jajan blas. Sesasi kemudian, bapaku takone duwite wis kekumpul piro. Pas diutung, duwit tabunganku wis tekan 30 ewunan. Bar kui, bapaku ngejak aku neng toko pit. Pas wis gede aku lagi sadar yen duit sak mono kui ora cukup kanggo tuku pit siji. Jebul, bapakku tetep nalangi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2944", "text": "Pas aku budal nang stasiun numpak bis, aku delok wong iku podo kesusu mloya-mlayu ambek konco-kocnone soale ketok gerombol-gerombolan. Nah jarene wong sing nang pinggi kono sing gelek delok ngunuku iku ngomong nag wong sing ngunu biasane wong sing jumbul ambek kesusu soale ketinggalan bis. Nah wong ngunuku ate ngajaki bis beke iso leren soale delok ono sing ngajaki nag gurene. Nag pengalamanku biasane nag bise wes metu teko terminal iku tetep mandek nang jobone soale jagani nag ono sing isek kari nag mburi polahe ora ngerti nag bise wes jame metu teko terminal mangkane kudu mlaku ben ora kenek sumprit teko sing jogo terminal. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2523", "text": "Nag jaman saiki roso seneng tuku barang sak marine nabung iku iso kedaden mok teko siji perkoro sing jenenge nabung. Perkoro iki iso dadekno roso seneng soale iku wujude usaha'e wong sing nabung gawe mujudno tujuane nabung iku maeng opo. Lah terus tujuane nabung maeng nag keturutan mesti nekakno roso seneng, ambek roso lego sing ora tau dipikirno nag iki bakal kedaden. Dadi roso seneng polahe iso tuku barang sak marine nabung iku wajar ae dirasakno ambek wong sing nabung. Soale iku termasuk nyukuri usaha sing wes dilakuni sing jenenge nabung iku maeng. Dadi roso seneng iku maeng ora mok angger iso tuku barang iku tok, tapi yo mergo usaha nabung maeng hasil.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7295", "text": "Awakmu tau gak ngeroso kesepian padahal nduwe konco sak pirang-pirang? Dadakno nduwe konco akeh iku gak menjamin awakmu gak bakal kesepian. Kualitas konco iku yo penting gawe awakmu cek gak ngeroso kesepian. Awakmu butuh uwong sing bener-bener mbok percaya dan isok berbagi keluh kesah. Nek awakmu wes nemu konco sesuai kriteria mau, dan awakmu wes nyaman ambek koncomu iku mau, dijamin awakmu gak bakal maneh ngeroso kesepian. Soale awakmu wes yakin nek awakmu gak bakal ditinggal dewe mbasio awakmu lagi ndek fase terpuruk. Konco sing apik iku gak bakal ninggalno awakmu, mereka malah nuntun awakmu gawe bangkit maneh. Konco sitik tapi isok dipercaya iku jauh lebih baik timbangane konco akeh tapi munafik kabeh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5287", "text": "Nggawe kejutan ulang taun iki angel-angel gampang kanggo wong sing wis diwasa amarga akeh pertimbangan, salah sijine wektu, hobi, lan babagan apa sing lagi diutamakake. Babagan iki bisa marai wong ora sadar karo dina ulang taune lan ora ngerti yen ana wong ning jaba sing prihatin marang ulang taune. Kanggo wong sing kaya iki paling penak ngewenehi kejutan sing marai seneng kaya misale ngejak ning restoran, banjur ngejak kanca liyane kanggo tuku roti lan hadiah sing arepake. Hadiah iki kadhang ora penting ndelok regane, dadi ya yen arep urunan ya urunan semampune, sing penting bisa marai bungah lan migunani kanggo sing lagi ulang taun. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8451", "text": "Dini takon nang aku, enake tuku opo yo pas lagi Shopee Flash Sale. Tak jawab tuku opo sing mbok butuhno ae. Terus de’e nyeletuk nek de’e butuh kemejo soale kemejone onok sing bolong mergo kenyonyor setriko. Akhire de’e nggolek kemejo sak krudung ambek celonone pisan. Terus Dini gak sengojo nemu sak set klambi ket duwur sampe ngisor dan regane murah. Aku langsung ngomong, sing koyok ngono iku rawan kembaran ambek wong liyo. Tapi gak digatekno karo koncoku dan tetep di-checkout ae. Tak jarno ae wes. Pas barange wes teko, Dini langsung nganggo klambi iku. Tak akoni ancene apik sih. Pas melbu area Kampus, dadakno onok sisan arek sing nganggo klambi plek koyok tekne Dini. Bahkan kembare iku ket duwur sampe ngisor. Ndelok iku, Dini langsung ngajak aku balik Kos gawe ganti klambi. De’e isin pol nek engkok sak dinoan kudu kembaran ambek arek iku mau.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7116", "text": "Ujian sing pasti bakal dilakoni kabeh uwong iku salah sijine ujian SIM. Ujian sing siji iki dilakoni cek awak dewe isok entuk surat izin mengemudi utowo disingkat SIM dan isok ngendarai kendaraan dengan legal. Ujian SIM iku onok loro, yaiku tes tulis karo tes praktek. Onok beberapa cara sing dilakoni cek isok lulus ujian SIM. Pertama gawe tes tulis, akeh-akeho nggolek informasi tentang marka lalu lintas. Pelajarono kabeh, soale materi tentang marka lalu lintas iku sing bakal metu nang tes tulis SIM e. Loro gae tes praktek alias tes sing paling akeh gagal e. Cek gak gelem ngulang terus, awakmu kudu sering-sering latihan nyetir sesuai arahan tes e. Nek gelem gampang, awakmu seringo dolen nang area sing digawe tes praktek SIM dan latihan langsung nang kono. Tambah sering latihan, tambah lancar engkok tes praktekmu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7161", "text": "Dino iki aku wisuda kelulusan SMP nang gedung graha petro. Gak onok sing spesial teko wisuda iki, yo acara berjalan lancar sesuai ambek gladi resik wingi. Cuma sing marai aku kaget banget moro-moro MC ngumumno nek bakal onok pemenang hafalan surat pendek terbanyak dan onok pialane barang. Gak aku tok, kabeh koncoku melu kaget, soale iki gak onok nang rangkaian acara pas gladi resik wingi. Gak atek abang gak atek ijo, MC ne langsung ngumumno sopo pemenange ngono ae. Dan sing marai aku gak percoyo, pemenange iku awakku dewe. Awale aku mek isok melongo soale sek gak percoyo. Terus pas jenengku diceluk maneh, baru aku ngadek dan mlaku nang panggung. Gak mek aku tok, mamaku yo diceluk gawe munggah nang panggung gawe ngancani aku. Aku pun nerimo piala iku dan sempet meneng tok pas dikongkon ngekeki kesan pesan saking gak percoyone. Tapi mbari ngono aku ngomong singkat tok dan mudun teko panggung. Mbalik nang kursiku, aku langsung bersorak sambil mlayu saking senenge, dan iku ditontok kabeh wong sing menghadiri acara wisuda iku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4340", "text": "Pas aku ambek koncoku iku ngontrak omah nang salah sijine kota Pelajar, aku jumbul mergo moro-moro mari subuh koncoku iku berok-berok, Mari ngunu aku sing nang ngarep mergo mari teko mesjid, langsung mlebu jero omah iku maeng, tibake pas tak buka lawange langsung pateng kemleper larone, nah laron iku termasuk salah sijine kewan sing saiki diarani serangga iku, terus pas aku melbu langsung ngitaki laron iku maeng pateng kemretek nang lemah mergo saking akehe nang omah iku maeng. Nah koncoku maeng langsung kerok-kerok mergo saking jijike ambek sing jenenge kewan iku maeng. Nah koncoku maeng jijik mergo wetenge sing keto blendet-blendet terus nag kidakan iku langsung moncrot puteh koyok nanah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1066", "text": "Ngancim liwat omongan kui jenis anciman sing menurutku paling medeni. Anciman jenis iki manupulatif banget lan awak dhewe mungkin ora ngeroso yen sebenere awak dhewe lagi diancim. Supoyo awak dhewe ora keno inciman sing koyo ngono, awak dhewe kudu ngerti carane wong ngelakoke kui. Sing kesiji, wonge bakal ngancim kui yen awak dhewe lagi dhewekan dadi ora ono wong sing iso nyadarke awak dhewe. Sing keloro, dhewek sok-sokan kenal banget karo awak dhewe, ngerti jobo-jerone awak dhewe. Pas kui dhewek bakal langusung ngomong dhewek ngerti kabeh sifat eleke awak dhewe. Kui sing dienggo dheweke dadi bahan anciman. Dheweke iso gampang nyebar berito elek sing awak dhewe lakoke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3814", "text": "Perkoro ngentut nang gon umum iku yo iso marakno wong isin, opo maneh nag nang ngarepe wong akeh yo tambah isine megilan. Tapi iku kabeh kan karek koncisine, masio nang gon kebuko utowo umum nag ancene ora ono wong utowo sepi yo ora masalah se soale wong-wong kan durung karoan goleki sopo sing ngentut soale mesti ngalami kabeh. Mari ngunu perkoro iku yo iso dade peroro sing paling ngisine nag ngentot nang acara sing penting contone pas mangan-mangan bareng moro-moro kok ngetut sing marakno ambune maeng ora enak, yo iku bakal ngisin-ngisine raine wong, ambek wong-wong sing parek ambek awake yo bakal kenek soale ancene konconan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9467", "text": "Dadi siswa pinter uga dadi kepenginan kabeh bocah. Apa maneh nganti oleh penghargaan terus saben semester. Kepiye rasa senengne wong tuwane nalika jeneng anake kasebut kanggo nrima penghargaan. Iki dadi cara kepiye carane bisa dadi bocah sing pinter ana ing sekolah. Nomer siji, ora oleh mbolos sekolah. Nomer loro, kudu nggatekke apa wae sing diomong karo guru. Nomer telu, kudu mesti nyatet pelajaran supaya ora mung diwaca lan bakal lali. Nomer papat, nalika ujian aja lali kanggo sinau sing tenanan. Kudu bisa ngatur wektu kanggo sinau lan kanggo dolan. Sing terakhir, aja lali kanggo njaluk pandongane wong tuwa supaya kabeh lancar.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "289", "text": "Nikah kui dadi momen sing paling membahagiakan kanggo pengantin anyar. Pas pertama kali akad kui, sing lanang bakal ngeroso lego, akhire wong sing ditresnani selama iki wis sah secara ukum lan agama dadi milike dee. Sing wedok uga dadi lego soale lanang sing diarep-arepku ngurus dee wis cetho dadi bojone. Penantian wong loro kui pas kui dadi kebayar. Pasangan kui iso ngelakoke ibadah sing jarene paling angel naning paling gawe bahagia kui. Sedino kui, pasangan kui ngeroso dadi rojo lan ratu. Para tetamu bakal teko neng pelaminan kanggo ngucapke slamat ning deno paling bahagia kui. Pasangan kui rasane iso ngebagike kebahgian sing dirasake wong loro kui neng wong-wong sing teko.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9858", "text": "Kelakuan sing apik iku mesti balesane uga apik. Ngelakoni babagan sing apik kanggo wong liya iku wis wajib hukume. Apa maneh ning kanca dewe. Tuladhane misale ketemu karo kanca dewe ana ing panggon sembarang lan kowe wis kangen banget bisa kanggo nukokna dheweke panganan utawa mbayari tuku jajan. Iki dadi wujud kowe perhatian karo kancamu lan ora gur basa basi wae. Kekancan utawa silaturahmi dadi kejaga lan akhire bisa crita crita maneh karo kanca sing wis suwe ora tau ketemu. Mula aja medhit karo kanca supaya kene tetep duweni kanca lan bisa njaga silaturahmi karo kanca sing wis ora tau ditemoni.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8480", "text": "Biasane, aku berangkat kerjo iku numpak montor. Tapi dino iki, aku kepekso numpak motor soale mobilku diservis. Sakjane aku gak sepiro seneng numpak motor iku. Enak seh luwe sat set, tapi marakno engkok awakmu mambu dalan. Tapi yaopo maneh, keadaan. Akhire aku berangkat dan milih dalan tikus sing gak biasa dilalui wong akeh soale dalan gedene pasti ruame dan muacet. Cuma sing aku gak nyongko, aku kudu ngelewati panggon uwong angon wedhus. Cepet cepet tak ngebutno ben gak keambu nemen. Pas tutuk Kantor, koncoku langsung negur nek awakku mambu wedhus. Aku langsung isin pol dan cepet-cepet njaluk parfum nang koncoku. Pas dikeki, aku langsung nyemprotno parfum iku mau sak awak ben ambu wedhuse isok ilang.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6057", "text": "Artikulasi utawa cara ngucapake kalimat kuwi dipengaruhi saka bentuk lan kebiasan sing dilatih saka lambe. Gaya wong sing ngomong iki uga kadang ana sing ora nyaman kanggo wong. Kaya wong sing seneng ngomong cepet banget nanging ora dikontrol, misal kaya ora sengaja ngetokake idu pas ngomong. Kamangka, kanggo ngurangi kebiasaan kuwi, wong tuwa bisa ngelakoni terapi kaya ngelatih lisan anak ben ora keganggu fungsine. Banjur ngomong alon-alon lan ora dikejar uga wong tuwa kudu gelem ngenteni anak ngomong kanthi rampung. Cara iki bisa ngelatih anak kanggo sabar lan uga ngomong alon-alon ben tetep bisa njaga sikap pas ketemu wong liya. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2943", "text": "Pas aku lungo nang Jogja aku tau digawe jumbul ambek bis sing tak tumpaki. Soale bis iku kembar sak grup dadi aku bingung prasaku wis kari tibake sopire isek mangan. Nah bis iki ancene wes umum kanggo wong sing lungo nang jogja tapi budale teko Suroboyo. Bis iki warnae iku Biru, abang, ireng, ambek abu-abu. Sak grup sing jumlai ono sekitar rong puluan iku podo kabeh warnai. Mangkane aku jumbul takroku wes kari. Nah fasilitasi iku lengkap, teko ac, tipi, ampek ono nyanyian ora mandek-mandek nang dalan yo ono. Sing ora ono iku mok siji yoiki toilet soale ancene sing kelas ekonomi, tapi nag kelas dukure iku wah lengkape pol-polan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8035", "text": "Indonesia iku dadi negara maritim sing dikelelingi karo gunung aktif. Teko kono, istilah gunung meletus iku wes gak asing maneh gawe awak dewe. Salah siji peristiwa gunung meletus sing paling mematikan ambek paling ngerusak alam iku peristiwa letusan gunung Krakatau pas tahun 1883. Bahkan, efek letusan Krakatau iki isok dirasakno nang seluruh penjuru bumi. Dikondo mematikan iku soale sampe ngerenggut 36.417 korban jiwa. Iku jelas guduk angka sing cilik. Mergo letusan iki, rong pertelu bagian Krakatau runtuh dan ngelenyapno sebagian gede pulau nang sekelilinge. Wes ngono, 20 juta ton sulfur sing dilepasno nang atmosfer iku marakno musin dingin vulkanik sampe limang tahun dewe nang seluruh bumi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3478", "text": "Saiki masio jaman wes sangare ngene, terus sembarang wes serba teknologi, tapi isek ono wae song sing kenek serangan panik. Nah serangan panik iku maeng ancene kedaden teko pirang-pirang perkoro sing ancene ono nang uripe wong sing ngalami iku maeng. Nah wong-wong sing ngerti masalah mental, anggep wae pakar sikologi iku nyaranno wong kene maeng ganggo konsultasi nang dokter sing ahline terus merikso kesehatane, soale nag iku wes gelek kedaden nang wonge maeng biasane ono masalah kesehatan sing bakal kedaden nang awake contohne koyok darah tinggi, serangan jantung, ambek sak piturute maeng. Nah gunane konsultasi nang wong sing ahli maeng ben iso ngatasi masalah ngunuku kampung durung kasep.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2653", "text": "Kabeh wong mesti tau garai gelo wong sing paling penting nag uripe. Lah roso iku yaiku rasa sing muncul pas awakmu ngelakoni penggawean utowo kelakoan sing garai wong sing paling penting iku mangkel ambek getun. Lah sing garai iku maeng yo macem-macem, iso teko kelakuanmu, iso teko omonganmu, utow teko sifat sing lagek diwerui karo wong sing paling penting nang sekitarmu. Dadi nag uripe menungso iku gampang-gampang angel soale menungso iku makhluk sosial sing kudune podo-podo ngerteni anger ate lapo-lapo ben ora gelakno wong liyo. Opo maneh sampek gelakno wong sing parek ambek awak dewek kabeh. Mangkane sing ati-ati nag lapo-lapo terus dipikir disek.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9831", "text": "Sore kuwi semiliring angin krasa kepenak banget. Hawane ora patio panas, ning cumooroting cahya srengenge uga isih bisa dideleng. Aku lagi mbenakake rante pit onthele ibu ana garasi omah. Dumadakan hapeku muni, \"kaya swara telepon\" batinku. Aku gage wisuh banjur njupuk hapeku kang ana dhuwur lemari cundhuk. Bareng tak buka, lakok Arif kancaku wis ngirimi gambar tempat tidur rumah sakit. Gage tak telepon balik, anggone dheweke mengsuli teleponku kanthi swara alon banget, tur semu bingung. Durung tau aku omongan karo Arif kanthi swasana kaya mangkono. Dheweke muni yen njaluk tulung, tapi ora cetha njaluk tulung apa. Saking mangkele aku takon karo semu nggetak, dheweke ana ngendi, karo sapa, keneng apa, kondisine kaya kepiye, butuh ditulung apa. Lah, krungu aku panik dheweke malah ngguyu sambi muni \"iya aku butuh bantuanmu, buat cari pacarr, hahaha\". Wooo bocah semprul, jebule aku diprank.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3365", "text": "Wedi polahe diancem iku wes ora aneh maneh mergane sing jenenge wong diancem mesti keselametane keancem. Polahe alasan iku wong sing keancem mesti keweden terus biasane bakal nuruti wong sing ngancem. Mangkane nag ono wong sing ngancem palang dituruti disek opo sing diomongno janji sing diomongno maen iku pantes dituruti nag ora pantes yo palang dilawan ae. Terus asline roso wedi pas diancem iku ojo sampek kenemenen soale nag ketok sing ngancem mesti seneng soale oleh ngancem iku ono hasile. Terus penggawean iku maeng yo ancene elek dilakoni nag ancene kanggo tujuan elek. Tap nag manfaate iku maeng kanggo nang perkoro apik yo maleh apik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3793", "text": "Pengalaman sing jijiki iku termasuk pengalam sing iso dadekno wong sing ngalami iku maeng ngeroso jijik ambek perkoro sing dialami maeng, nah sak liyane iku maeng yo iso dadekno wong sing ngalami perkoro iku maeng maleh isine ora mbloko mergo perkoro iku maeng. Nah wong sing ngalami perkoro iku maeng kadang mesti dadekno perkoro iku dadi pengalaman sing jijiki sak uripe terus mesti ati-ati ojo sampek perkoro sing koyok ngunuku maeng kebalen maneh nang uripe. Nah sing jenengen pengalaman sing ancene jijiki, iku mesti tau ngalami kabeh nang uripe wong-wong. Mboh iku sak delok utowo suwe, mboh iku pisan utowo bolak balik, sing jelas pengalaman iku maeng mesti tau kedaden nang uripe menungso. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "796", "text": "Wong sing paling iso nesu-nesu kui ibu-ibu. Ora mung gampan nesu, cara nesune kui menarik. Anehe kui, corone ibu-ibu nesu iki iso gawe opo sing dipengeni kui entuk tenanan. Misale, ibu-ibu ngenyang klambi karo nesu-nesu, dhweke akhir entuk klambi kuo nganngo rego sing dadi murah banget. Carane kui, sing kesiji, sing penting yakin. Ibue kui ngeroso yen dheweke kui bener dewe. Sing keloro, ojo mandeg ngomong. Yen ibue kui mandeg, lawan wicarane bakal iso nyauri. Yen wis disauri, momentun nesune dadi iso ilang. Sing ketelu, sak ben lawan wicarane arep ngomong langsung diselak. Lawan wicara iso matehke argumen sing ibue bangun. Balik meneh neng poin siji, omongan ibue kui modal yakin durung tentu bener. Yen misale kui tenanan salah, ibue ora bakal iso ngotot meneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9541", "text": "Bita wis ngumpul ana ing omahe Rani. Bocah 2 iku niat kanggo mbukak wara-wara babagan kasil test STAN bareng-bareng. Sadurunge mbukak wara-wara, Bita lan Rani wis nyobak kanggo nggolek sekolah cadangan mbok menawa mengko hasile ora kaya sing dikarepi. Nalika jam 12 awan, website langsung dibuka kanggo ndelok wara-wara. Bita lan Rani lemes amarga ora ana jenenge ning dafthar siswa sing dinyatakne lolos mlebu STAN. Senajan wis ngomong yen ora bakal sedih nalika ora ketampa, nanging tetep wae kerasa sedih banget. Mlebu STAN wis dadi kepengine Bita lan Rani sak jok ana ing SMA. Bita lan Rani akhire duweni tekad kanggo njajal test STAN maneh taun ngarep.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8063", "text": "Autophobia utowo monophobia iku rasa wedi dewean utowo wedi ngeroso kesepian. Pas lagi dewean, bahkan nang panggon sing wes familiar koyok omah, penderita fobia iki bakal ngeroso cemas. Wong sing nduwe autophobia iki mesti ngeroso nek de’e iku butuh wong liyo gawe terus bareng cek ngeroso aman. Gejala autophobia sing isok dikenali iku koyok ngene. Siji, khawatir nemen nek ditinggan dewe. Loro, wedi ambek sembarang kemungkinan sing durung mesti kedaden pas dewean. Telu, onok tanda-tanda gejala fisik koyok gemeter, kemeringet, nyeri dodo, ngelu, hiperventilasi, sampe mual pas lagi dewean. Papat, ngeroso koyok bakal onok sing neror pas dewean. Limo, pingin cepet-cepet kabur teko panggon iku mau pas lagi dewean. Terakhir, gangguan kecemasan pas lagi dewean.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7582", "text": "Ulang tahun iku dino kelahirane uwong, sing nandai dino dimulaine kehidupan uwong nang njobo rahim. Nang beberapa kebudayaan, termasuk nang Indonesia, ulang tahun iki dirayakno ambek pesta dan bakal dirayakno rame-rame ambek keluarga utowo konco-konco. Wong sing melu ngerayakno ulang tahun iki biasane bakal ngekeki dungo sing apik-apik gawe uwong sing ulang tahun. Harapane gawe sing ulang tahun yo cek dikeki umur sing dowo dan kabeh harapane isok dikabulno. Ulang tahun iki sisan dimaknai dadi perenungan gawe diri dewe. Umur iki wes bertambah, tapi melu tambah dewasa ta enggak. Terus ulang tahun iki pisan dadi ajang rasa syukur ambek sembarangane sing wes diterimo.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3868", "text": "Nang desoku nag ono wong utang terus konangan mesti isine orambloko. Padal iku kan termasuk perkoro sing lumrah kedaden nang uripe menungso. Anjurane koncoku nag ancene pengen utang, iku palang ora nang gone wong, palang nang bank ae jelas amane, awit teko rahasiane, jumlahe sampek sembarang-barange yo aman. Terus yo ora ono wong sing bakal ngerti enggak deke dewe sing gembor-gembor nang wong akeh utowo owng liyo nag deke duwe utang. Sak liyane iku, masio utang gede yo ora atek isin selagi nang ngarepe iku isek iso nyaor utang. Nag wes duwe duwek yo kudu nang disaourno ben ora isin polahe utange akeh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6081", "text": "Wis telung dina iki Tika lara weteng lan dina ke-4, dekne dirujuk menyang rumah sakit lan pas diperiksa, jebul dekne kena diare parah amarga mangan sembarangan pas bali saka kerja. Tika mangan mie goreng sing didol ning pinggir dalan lan kondisi fisik pas lagi kekeselen lan uga sering lara. Tika ora peduli jijik amarga wis ngelih banget, apa maneh dina kuwi dekne lagi puasa lan ora nutut yen kudu mangan ning omah. Sesuke, Tika ngerasa lara weteng lan bolak-balik ning jedhing. Tika uga diseneni karo ibune amarga lali ora njaga mangan lan mangan panganan sing didol ning pinggir dalan tanpa ndelok panganan kuwi wis kena kuman penyakit apa ora. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6079", "text": "Ilmu hitam lan perdukunan kuwi pancen babagan gaib sing ora kabeh wong paham. Wong sing ora ngerti babagan ilmu hitam iki milih ora gelem ngerti. Ilmu hitam iki bisa dinggo ngajurake bisnis kuliner ning wilayah-wilayah Indonesia. Sing paling terkenal kuwi ludah pocong kanggo penglaris, nanging uga ana ilmu liyane yaiku mbosokake panganan warung saingan. Ana cerita yen wong bisa ndelok panganan bosok, mambu lan ana set, padahal panganane uga normal. Santet iki bisa ngilangi para pelanggan amarga marai muntah lan njijiki. Kamangka, sak durunge mangan, senajan ora percaya, awak dhewe kudu mbudhayakake ndunga sak durunge mangan ben ora diganggu ilmu hitam iki.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9488", "text": "Palakrama utawa pernikahan kuwi wis mesthi dadi angen-angen utawa impening sadhengah wong ing ngendi papan. Palakrama kuwi bab kang samesthine gawe rasa bungahing ati tumrap pinanganten apadene tiyang sepuhe. Mula, lumantar seratan iki aku amung ngudarasa supaya dina kang kebak rasa bungah mau ora malih dadi rasa sumelang, dheg-dhegan, apadene mumet. Elinga, yen palakrama kuwi amiwiti uriping bebrayan agung, mula pamanggihku ora perlu diacarani kanthi gedhen, cukup tasyakuran wae. Luwih becik dhuwit kang wus dicepakake samengkone dianggo ngadhepi urip bebrayan. Banjur supaya ngirit anggone ngecakake dhuwit, kowe bisa wiwit nganggo undangan online tinimbang undangan cetak. Sateruse, kowe bisa njaluk keluargamu nganggo klambi kang temane padha tinimbang nukokake seragam. Katelu, kowe bisa milih souvenir kang pantes nanging regane murah. Yen magepokan karo bab catering, kowe bisa milih menu-menu kang umum wae, nanging wus pantes dirahabi dening tamu. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8472", "text": "Nyontek iku perilaku perbuatan curang sing dilakoni gawe ngindari kegagalan hasil ujian utowo nilai akademis. Nyontek iki biasane dilakoni dengan cara sing gak jujur. Mulai teko ndelok jawabane wong liyo, nulis catetan cilik nang mejo karo telapak tangan, ndelok buku catetan utowo buku pedoman, sampe nggolek jawaban nang internet nganggo hp. Onok patang jenis nyontek menurut Anderman ambek Murdock (2007). Siji, social active, yaiku nyupuk ambek njaluk jawaban teko wong liyo. Loro, social passive. Biasane iku arek sing njar njarno arek liyo nyontek tapi de’e gak nyontek. Telu, individualistic opportunistic. Biasane iku nyonteke teko buku utowo hp secara spontan. Papat, independent planned. Nyontek jenis iki ancen wes direncanakno gawe kepentingan awake dewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3380", "text": "Tahun 2018 iku dadi tahun terakhir aku manggon nang Suroboyo. Tapi sak durunge ngaleh aku tau ngeterno koncoku nang rumah sakit polahe nag kulite iku ono mlentune koyok udun. Solusi teko gone dokter iku kudu dioperasi ben ilang mlentune iku maeng. Nah koncoku iku maeng wedine pol karo sing jenenge oprasi soale deke iku ora tau ngelkoni ngunuku. Tapi aku yo ngandani nag pengen waras yo operasio ae, kan ora ngetokno biaya polahe oleh BPJS. Terus sesok bocahe jaluk terno maneh masio rodok wedi bocahe tetep budal soale pengen waras. Pas ngenteni nomer urute bocah tak delok raine rodok keweden, terus tak omongi maneh nag operasi iku ora loro, soale wes ono obat biuse. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3439", "text": "Bencana alam iku ancene medeni wong opo maneh sing jenenge gempa soale ora kenek diadohi. Perkoro wedi iku maeng nag saking nemene iku iso dadekno gangguan mental sing garai wong sampek gilamen ambek sawanen sing akhire dadi phobia. Nag wes kadung koyok ngeneki ancene rodok angel tambanane, tapi anjurane dokter iku kudu cerito nang wong sing dipercoyo sing sekirane iso bagi wedine maeng, terus yo kudu pikiran positif ben ora terus-terusan wedi ambek sing jenenge bencana alam soale iso dadekno mentale elek. Opo maneh saiki sing jenenge bencana alam wes gelek kedaden nang endi-endi mangkane nag iso kudu didandani mentali iku maeng ben iso ngadepi urip.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3018", "text": "Masio iku guyon, sing jenege ngenyek awake wong sing ora koyok umume, iku iso dadekno wong iku maeng srengen. Masio wong iku maeng ketoke menengae ambek plolang-plolong atine iku keroso loro. Nag wes wong iku maeng kadung srengen iso ae nag wong iku maeng ora sabar bakal garai perkoro gede. Mangkane ambek guru-guru biyen anjuran ora oleh ngelokno ambek kancane iku mesti bolak-balik dibaleni ben ora sampek kedaden. Soale nag kedaden iku iso dadekno wong sing dielokno maeng maleh kenek gangguan mental koyok contone ora wani metu teko omah soale seje dewe. Terus gak gelem campur ambek wong liyo soale rumongso bedo ambek liyane.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2534", "text": "Arang ono wong sing oleh undian, mangkane nag delok berita wong sing oleh undian iku senenge megilan. Jarene koncoku seneng polahe oleh undian iku ora opo-opo sing penting ora kelewat bates utowo kenemenen soale nag kenemenen iku iso marakno wong sing nag pinggir-pinggir iso dadi mangkel. Soale biasane wong nag kadung seneng biasane lali sembarang kaler sampek tonggone dewek ae dilalekno polahe seneng. Mangkane nag seneng polahe oleh undian utowo liyane iku kude ngerti ambek kondisi ora oleh sak enake dewe mergonae nag sak enake dewe biasane yo ono ae sing ora seneng terus dadekno roso mangkel nang wong iku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4817", "text": "Bedha maneh karo ujian nganggo komputer. Ujian komputer iki luwih praktis lan luwih cepet amarga ora butuh nyiapake barang piranti ujian kaya alat tulis. Ujian iki mung cukup nggawa nomor ujian lan pulpen sak perlune utawa biyasane disediyakake pengawas dhewe. Pas mlebu ruang ujian, peserta kudu mastekake nomor ujian wis bener amarga komputer sing diprogramake kuwi isine data sing sesuai karo peserta ujian. Banjur bar kuwi ngisi data lan absen, yen wis rampung ngisi data, baru oleh nggarap ujiane. Sing kudu dicek ya wektu ujian lan server. Ben ujiane oleh apik, aja lali ndungo lan sering latihan soal ben ora kaget. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1580", "text": "Yen wong lagi nari kui mesthi keringetan. Soale, joged sing jenis opo wae mesthi akeh gerake. Biasane kui wong sing keringetan kui awake dadi mambu. Nanging, ono konco neng sanggarku kui sing awake wis mambu padahal dheweke durung gerak blas. Pas kui, awak dhewe lagi ono persiapan penampilan sing gedhe neng luar negeri. Kebetulan, aku narine jejeran karo wonge kui. Sedino, rong dino, ambune ora berubah-ubah. Dino ketelu, aku ngandani dheweke yen awak kui sebenere mambu. Pas tak andani kui, awal dheweke ora percoyo. Nanging suwe-suwe, dheweke dadi ngeroso dhewe. Seminggu bar kui, dheweke lagi cerito karo aku. Dheweke isin banget selama iki ora sadar karo ambu awake.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2933", "text": "Aku tau nge prank koncoku nang kelas pas dek mari teko dolan adoh pirang-pirang dino. Nah nge prank-nge maeng iku wes dirundingno ambek bocah-bocah sak kelas. Akhire prank-nge iku karo nguwei bocahe ambek barang sing ancene disenenge yoiki kaos bal-balan tim nas Indonesia, soale bocahe senenge pol ambek tim nas iki. Mari ngunu pas bocahe teko, terus jumbul ambek tolah-toleh koyok bido ketulup. Tapi ora suwe aku teko ambek ngomong nag iku hadiah teko aku ambek bocah-bocah sak kelas soale deke ora mlebu pirang-pirang dino. Pas dibuka tibake nang jero kaose iku maeng ono coro guenge sing ancene bocahe wedine megilan ambek sing jenenge coro. Mari ngunu sak kelas ramene megilan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4836", "text": "Jaman saiki ana undian-undian nyasar ning nomor telepon kaya undian saka bank, undian mobil, uga undian sing hadiahe dhuwit atusan yuta. Nanging, undian nyasar iki digawe modus wong kang seneng ngapusi amarga wong Indonesia iki gampang diapusi yen weruh hadiah dhuwit sing akeh iki. Modus penipuan iki bisa saka nomor hp sing ngaku-ngaku bank. Salah siji cara sing bisa dilakoni ben slamet saka modus penipuan iki yaiku ora nyebar data pribadi kaya nomor telepon, KTP, KK, lan liyan-liyane. Kaping pindho, aja gampang percaya marang nomor sing nawarake hadiah. Nomor telepon kuwi bisa dicek ning aplikasi, apa iki nomor tenan utawa ngapusi. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9421", "text": "2 taun iki, Puput dadi sueneng karo NCT. Kebiasaane artis Korea nalika ngetokke lagu anyar wis mesthi bakal ngetokke sing jenenge album utawa buku kumpulan lagu-lagune. Saben NCT ngetokke lagu anyar, Puput durung bisa tuku albume amarga regane larang. Puput njajal nyelengi dhuwit sithik mbaka sithik saka dhuwit sing diwenehi wong tuwane. Ana ing akhir taun, NCT ngetokke lagu anyar maneh lan wis mesthi ana album sing ditokke. Puput wis ngitung dheweke nduweni dhuwit pira lan nalika diitung dhuwite wis ngelumpuk kurang luwih 1 yuta. Nalika album NCT wis bisa dituku, Puput langsung mara menyang mall lan langsung tuku 3 album NCT. Sawise tuku, Puput rasane marem banget amarga akhire bisa tuku album NCT nganggo dhuwite dhewe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6095", "text": "Kebiasaan ngupil kuwi njijiki lan dinilai ora sopan karo wong liya, apa maneh ning panggonan umum. Ngupil iki dadi kebiasaan sing bener yen dilakoni tertutup lan ora diweruhi wong amarga ngupil iki padha kaya ngilangi kotoran. Ngupil iki pancen disaranke amarga ben irung ora kebak kotoran lan bisa ngganggu pernapasan. Nanging akeh sing ora paham cara ngupil sing bener lan uga kadhang mbuwang bekas upil iki ya sembarangan. Amarga kuwi, wong sing seneng ngupil iki kesiksa ning panggonan umum. Wong sing jorok uga kadhang ndeleh upil ning isor meja kayu amarga isin. Kamangka, ngupil iki kudu digatekake kebiasaane, senajan wajar ya aja ngerugikake wong sing jijikan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6011", "text": "Roni kelangan nafsu mangan pas ana ning salah siji restoran sing ana ning jalur travel menyang Jogja. Dina kuwi, Roni nduwe rencana lunga menyang Jogja numpak sepur. Nanging Roni lali yen saiki wayah liburan, mesti rame. Banjur Roni milih lunga numpak travel. Travel sing ditumpaki Roni iki madheg ning salah siji restoran sing dadi panggon istrirahat. Restorane apik banget lan panganane lengkap. Sak durunge mangan, Roni pengen lunga menyang jedhing, nanging Roni langsung lemes amarga ndelok jedhing sing jorok lan ana bekas pembalut. Roni sing gampang gilo yen ndelok kuwi, langsung ngerasa ora selera mangan. Dekne milih balik ning travel wae. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9562", "text": "Tiba teka montor wis dialami karo Selin. Dheweke ngrasakna larane tiba ing embong gedhe dewean. Batuke geleceran getih, sikute babras kabeh, dengkule beset kabeh. Untunge ana sing nulungi lan nggawa Selin menyang rumah sakit. Selin sakjane tau tiba teka montor, nanging iki dadi tibane sing paling lara lan paling parah. Nalika digawa ana ing rumah sakit, Selin batuke dijait lan irunge diperban. Pas dijait, Selin ngrasa lara banget amarga iki dadi pengalaman sepisanan kanggo Selin. Dhewe ngempet lara nganti mbrebes mili. Sawise iku Selin janji karo awake dhewe supaya luwih ati-ati nalika sepeda montoran lan ora bakal banter-banter nalika sepedaan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1565", "text": "Wong pas duwe utang kui mesthi ngeroso isin. Nanging yen wong sing nyaur utange kanggo ngutang meneh neng wong sing bedo utowo instansi sing bedo kui ora ngerampungke perkorone. Awak dhewe mungkin iso ngerampungke siji perkoro nanging awak dhewe malah gawe perkoro liyane. Perkoro utang kui dadi ora entek-entek neng uripe awak dhewe. Awak dhewe tetep ngeroso isin ngutang neng panggon liyo. Akhire awak dhewe ngutang meneh kanggo nyauri utange kui. Awak dhewe kudu sadar yen salahe kui ono neng awake dhewe. Sing seko pisanan kui ngutang, senadyan ora iso nyaurine. Yen misale kui mergo kepepet, awak dhewe kurang strategine kanggo iso ngelunasi utang kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2548", "text": "Nag uwong pas bingung golek'i barang sing dibutuhno terus ora ketemok lak mangkele rombloko. Tapi nag pas ketemok mesti bakal ngerasakno seneng polahe nemokno barang sing digoleki. Lah rasane seneng iku maeng asline teko roso lego sing ono nang ati ambek roso entenge pikiran sing wes ngerasakno bingung polahe golek'i barang sing ora ketemok. Dadi roso seneng iki maeng oleh ae diwujudno soale dadi simbol nag iku termasuk roso seneng sing iso ngentengno bingunge pikir maeng. Tapi roso seneng sing diungkapno maeng yo kudu iso dadekno perkoro sing positif. Mangkane nag iso roso seneng iku maeng ayo disalurno nang perkoro sing apik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8469", "text": "Akeh sing ngomong nek ngutang iku gak apik, dan aku setuju iku. Tapi, kadangan awak dewe onok ndek situasi kepepet pol dan marakno awak dewe kepekso gawe ngutang saking gak onoke jalan keluar sing liyane. Nek wes ngono, yo yaopo maneh. Akhire yo ngutang ae. Cuma onok siji sing kudu mbok iling. Nek awakmu kepekso ngutang, njaluk o sing apik, terus jelasno sisan alesan awakmu ngutang. Nek wes ngono, uwong iku biasane gak bakal abot gawe nyilihi duit, asal gak mbok gawe sing aneh-aneh. Terus janji o sisan nek engkok utange bakal mbok bayar nang tanggal sekian. Lakoni cara iku gawe ngutang sing sehat.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6138", "text": "Kadhang awak dhewe ngerasa bingung amarga akeh wong sing ngguyu pas awak dhewe lagi ngomong utawa presentasi ning ngarep kelas. Yen wes diguyu, mesti ana rasa isin lan uga wegah yen arep suwe-suwe ngomong ning ngarep kelas. Kanca-kanca sing senengane komentar iki uga kadhang kurang kerja sama nalika presentasi lan seneng ngganggu konsentrasi. Amarga kuwi, awak dhewe kudu bisa duwe kemampuan kanggo nguwasai penonton utawa kanca sing ana ning ngarepe awak dhewe. Ngomong ning ngarep panggonan umum kuwi angel lan butuh penguasaan situasi senajan lagi diguyu kanca lan ora oleh isin. Yen babagan iki ana, berarti kemampuan ngomong ning ngarep kuwi lagi diuji. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9837", "text": "Wing aku diprank karo kancaku. Dheweke ngomong yen bijiku elek lan aku ora lulus ujian. Aku kaget pol amarga aku pas ujian ngerasa bisa nggarap soale. Sakjane prank iki kaya penyebaran berita hoax. Ana cara supaya ora kebijuk lan ngatasi nalika awak wis kena prank teka kanca utawa wong liya. Nomer siji yaiku dipastikna sik iki tenanan apa mung guyon. Nomer loro, rasa kaget mesti ana nalika diprank. Nanging aja langsung muring-muring lan jajal nakok kancane kene apa tujuane ngeprank iki. Sing terakhir yaiku aja lali kanggo melu seneng-seneng nalika tujuan ngeprank iki supaya kekancan luwih raket lan nggarai swasana tambah seru.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5351", "text": "Lia ngerasa yang sedilut maneh iki wayahe dekne haid. Nanging dekne ora ngitung dina haid kuwi lan ora nggatekke tandha saka emosine. Ning panggon kerja, dekne dadi muring-muring marang kanca kerjane. Kanca kerja sing lagi meneng mesti dadai sasaran kejudesan Lia, nanging kabeh wong uga ora ngerti karepe bocah iki apa. Banjur Lia milih lungguh ning jero ruang kerjane ben ora ngerugikake wong liya. Banjur Lia ngolek kegiyatan sing bisa marai dekne seneng yaiku kaya ngerungokake lagu utawa nonton video sing lucu ben bisa marai ngguyu. Lia uga tuku panganan sing enak kanggo ndandani emosine ben ora ngamuk tanpa sebab.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "221", "text": "Aku lan keluargaku kui seko keluarga sing tingkat ekonomi menengah. Keluarga ora iso diarani sugih, uga ora iso dibilang miskin. Aku, adi, lan ibu kui ora duwe barang-barang sing mewah utowo larang nanging, alhamdulillah, kabeh kebutuhan iso dicukupi kabeh. Dadi awak dhewe terbiasa kanggo menahan kepinginan-kepinginan sing ora perlu utowo iso ditunda disik perkoro sing dipengeni kui. Pas wis entuk gaji pertama, aku seneng mergo aku dadi iso nabung kanggo aku lan keluargaku. Pas adi lan ibuku ulang taun, kebutulan wong 2 kui tanggal lahire mung let 2 dino, kepengen tak rayake. Soale, awak dhewe ora kerep ngerayake ulang taun anggota keluarga. Pas kui, aku ngejak ibu lan adiku tuku sate klatak. Regone ora sepiro, pancen, nanging aku seneng wae iso jajake keluargaku nganggo duwit dewe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7992", "text": "Marah iku emosi sing dirasakno pas onok uwong utowo sesuatu sing gak sesuai ambek keinginanmu. Marah iku isok dirasakno sopo ae dan iku ngono reaksi sing normal. Tapi, nek emosi iki gak isok dikendalikno, dampake isok elek gawe awakmu dewe. Secara ilmiah, marah iku isok marakno pirang perubahan nang awak secara langsung. Perubahan sing kedaden iku ningkatno pirang aspek nang awak. Aspek sing dimaksud iku konsumsi energi, tekanan darah, hormon adrenalin ambek nonadrenalin, suhu awak, karo ketegangan otot. Wong liyo iku pasti bakal isok niteni nek awakmu lagi marah. Gejalane sing isok didelok wong liyo iku suara tambah duwur, ngepalno tangan, rahang kekunci, gemeter, kemeringat, ambek obah sing banter.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5751", "text": "Dita kerja ning pabrik lan kerep oleh wektu kerja wayah awan kanthi bengi. Dita iki sering banget bali bengi numpak angkot nanging dekne ora ngerasa wedi amarga dekne nganggep iki wis biyasa lan panggon angkot kuwi ya rame. Sawijining dina, wayah bali kerja Dita kudanan lan kuwi dese banget. Dita nggolek angkot uga suwe banget ketemune, banjur ketemu pas wis arep jam 9 bengi. Pas Dita munggah, kuwi ana wong lanang sing uga melu munggah lan nguwasake Dita kanthi mudhun. Dita sadar yen lagi ditutake. Amarga dalan marang kos sepi, Dita milih liwat dalan sing adoh tapi rame. Banjur Dita uga mandheg ning Poskamling lan laporan marang hansip sing lagi jaga ning kono. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3808", "text": "Nag wes kadung isin polahe telonone sing bejat utowo jebol, yo nag mireh ben ora diisin-isini ambek liyane. Mari ngunu ben perkoro iku maeng ora kedaden maneh yo kudu sing ati-ati nag gawe telono, terus didelok disik telono iku ancene pas opo ora, terus ono tondo-tondo ate jebolopo ora. Soale engko nag jebol biasane wong sing ora tau ngalami perkoro ngunu iku mesti kisinen. Terus biasane wonge ora gelem kakean polah maneh. Terus ojo sampek kakean polah nag gawe telono sing ancene wes rodok suwe, soale iku biasane iso dadekno telono iku maeng jebol terus gampang suwek polahe jahitane wes ora kuat. Dadi nag gawe telono iku kudu ati-ati ben ora sampek jebol.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9598", "text": "Yen dibayangke, urip dhewean kuwi nelangsane ora jamak. Apa-apa ditandangi dhewe tanpa ana kang ngelokke siji-sijia. Ning aja salah lho, jebulane urip dhewe kuwi bisa mbentuk karaktere awake dhewe lho, tuladhane mangkene. Urip dhewe bisa gawe awake dhewe mandiri, sebab kabeh kudu dipenggalih kanthi tumemen lan ditandangi dening awake dhewe kanthi pribadhi. Urip dhewe nglatih awake dhewe wasis anggone njupuk keputusan, kanthi urip dhewe kabeh pangagen-angen wis mesthi dipikirake bener lan klerune, mula awake dhewe bisa tambah wicaksana. Sing pungkasan, kanthi urip dhewe awake dhewe ora kanyut marang liyan, tegese uripe awakdhewe ora gumantung ana ing wong liya, sebab awake dhewe wis bisa nglakokake samubarang kanthi pribadhi lan mandiri.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9143", "text": "Operasi amandel iku prosedur bedah sing tujuane gawe ngangkat amandel. Amandel dewe iku rong kelenjar cilik sing masing-masing onok nang kiwo tengen bagian tenggorokan. Amandel nduwe fungsi gawe nyegah infeksi, mbasio kadang kelenjar iki isok terinfeksi sisan. Amandel sing terinfeksi dan sampe ngeradang dan bengkak iku kudu diangkat. Sak liyane radang amandel, operasi amandel iku isok dilakoni gawe ngatasi akeh kondisi. Siji, pendarahan nang amandel. Loro, mambu cangkem mergo amandel sing gak ndang waras. Telu, abses peritonsil. Papat, batu amandel sing nemen terus sering kumat kumatan. Limo, amandel sing tambah bengkak dan dicurigai dadi bibit kanker. Terakhir, pembengkakak amandel sing marakno angel gawe ngeleg.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3445", "text": "Sing garai aku keweden pas diajaki babonan pitik iku ora pitike tapi nyujuke iku sing garai mangkelno. Nag nyukuki iku maeng ora loro yo mesti ora garai aku wedi sampek mlayu sampek kejompo-jompo. Yo ancene nag duwe pitik babon sing anake isek cilik-cilik yo kudune dikurungi ae utowo dilebokno kandang ben ora kemleler nang dalan terus eker-eker sembarang kalir. Terus nag diobraki mesti babonan pitik iku neradung wong sing gorak. Nak ngunuku kan mesti ngerugekno wong masio iku nag deso sing ancene akeh wong sing duwe pitik tapi yo kudu ido jogo atine tonggo ben ora ono roso mangkel nang ati masio perkoroe iku mok pitik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7647", "text": "Macet iku pasti marakno wong emosi sampe stres sak karepe dewe. Nek wong wes stres mergo macet, iku akeh banget efek negatif e gawe de’e dewe. Makane iku, kudu mulai isok kendalikno emosi nek wes kenek macet. Onok pirang cara sing isok dilakoni pas kejebak macet dan gak marakno emosi nek awakmu numpak mobil. Siji, siapno playlist senenganmu sing isok disetel nang radione mobil. Loro, siapno jajan, soale emosi iku marakno luwe dan awakmu kudu siap gawe ngisi wetengmu cek emosimu isok luwe stabil. Telu, kudu sabar, yaopo yaopo maneh iki wes kedaden koyok ngene, gak isok kan moro sulapan macet e ilang ngono ae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1032", "text": "Ora tega aku delok wong sing sekarat. Dheweke isih urip, isih ono nafase, nanging wis ora iso ngopo-ngopo. Uripe kui koyo wis ora ono nanging nyawane iso ono neng jero awake. Sing iso dilakoke kui mung teturon wae. Ngomong wae durung tentu iso lancar lan uga wis ora iso ngomong banter. Mesthi dhewe ngeroso ora kepenak banget mergone uripe dhewe kui tergantung karo wong liyo. Dheweke wis ora iso ngurus kebutuhan dhewe. Yen arep madang kudu didulang. Nalika arep siram kudu ngeteni wong sing gelem ngedusi teko. Dheweke mesthi ngeroso ora berguna banget. Sak ben delok wong sing sekart kui aku dadi wedi dhewe. Aku ngebayangke yen aku suatu saat bakal koyo ngono lan saiki aku ngeroso durung siap nampo takdir sing koyo ngono.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4316", "text": "Akeh wong sing jember nag delok jeding sing kemproh mergo ora tau diresiki, nah jeding sing model nginiki ancene saiki wes akeh mergo wonge iku aras-arasen ngeresiki. Nah sing garai wong sing delok iku jijik, iku ono pirang-pirang perkoro yaiku ora tau diresiki ambek sing gawe jeding maeng polahe aras-arasen. Terus Jedinge maeng endut akhire dadekno ono ambu sing ora enak iku teko ambek ngebeki jedinge maeng contohne koyok pesing ambek basik, sak liyane iku maeng yo ono yoiku banyune ora tau diuras akhire ono uget-ugete sing marakno banyune maeng endut. Nah perkoro iku maeng termasuk perkoro sing marakno wong sing delok jeding iku maleh jember.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5254", "text": "Ning lingkungan pergaulan Indonesia iki isih ana sing jenenge basa-basi. Istilah iki ana nalika ketemu kanca sing suwe ora ketemu lan akeh perubahan banjur nyapa lan ngejak ngobrol. Nanging kadang obrolan iki marai mangkel amarga ditakoni babagan sing ora penting kaya wis rabi opo durung, anak wis piro, kerja ning ngendi, lan uga pitakon sing njurus marang informasi sing sifate pribadi. Apa maneh karo kanca lawas sing ora tau duwe sosial media, mesti pitakone aneh-aneh amarga kaget lan spontan ora duwe bahan omongan. Nanging akeh wong sing ora sadar babagan iki lan kadang isih ora sungkan ngeweneni pitakon sing kadhang nyinggung lan uga ngelarani ati. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7139", "text": "Salah siji jenis permainan sing disenengi ambek arek cilik pas dolen yaiku permainan capit boneka. Tapi gawe dulur-dulur muslimku, nek isok gak usah atek dolen iki yo, soale permainan capit boneka iki wes diharamno karo MUI. Larangan iki wes melbu nang fatwa nang aturan permainan sing oleh dan gak oleh diamino alias haram menurut agama islam. Permainan sing dihukumi haram iku permainan nang media utowo mesin sing ngekeki hadiah sing sifate untung-untungan. Nah, permainan capit boneka iki didoleno dengan cara nukerno duit tunai dadi koin dan bakal entok boneka nek berhasil nyapit bonekane. Teko kono, permainan iku dinilai onok unsur judi. Dadi gawe dulur muslimku, mending dolen sing liyane ae yok.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7544", "text": "Dadi uwong sing disiplin nang awak dewe iku penting. Pentinge iku ben awak dewe kulino tepat waktu ben ngelakoni opo ae, termasuk nek kate lungo nang ndi ae. Disiplin iku efek e isok gawe awak dewe dan wong liyo sisan. Awak dewe gak apes, dan wong liyo gak direpoti. Nek awakmu isok disiplin waktu, awakmu isok terhindar teko beberapa hal sing marakno tertekan mergo wektune sing mepet. Salah sijine iku nek kate lungo numpak kendaraan umum koyok bus, sepur, utowo pesawat. Disiplin waktu iki sisan ngaruhe ben awakmu gak sampe ketinggalan kendaraan umum sing kate mbok tumpaki gawe lungo engkok.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2971", "text": "Tahun 2019 sak durunge korona wong deso sebelah kampungko dijumbulno ambek ono bocah sing nikah dodok tanpo ono lamaran. Wong deso yo jumbul soale ora nyongko bocah isek SMA kelas 3 langsung dikongkon rabih padahal isek durung cukup umur munggoi undang-undang. Sak marine nikah sak ulan tibake wonge wes meteng gedeh. Nah iku sing garai wong deso sebelah jumbul ambek ngeroso aneh. Solae bocah sing meteng maeng iku meneng nag nang desone. Tapi jenenge bocah enom yo ora ero nag nang jobo koyok opo soale mesti wong deso ora tau ngerti kondisine bocah enom saiki. Dadi bocah iku maeng dianggep wong-wong kampunge koyok bocah ora bener.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1525", "text": "Wong sing salah mlebu toilet kui rasane ora mungkin ora isin. Naning sing paling isin meneh, yen wong kui ngerti yen dheweke kui salah mlebu toilet pas wis mlebu suwe neng kono. Misale awak dhewe lagi mules banget. Sing neng pikirane awak dhewe kui pengen cepet-cepet neng toilet supoyo wetheng awak dhewe lego. Dadine, awak dhewe mlebu langsung mlebu wae tanpo delok simbol sing ono neng ngarep pintune. Yen awak dhewe ngising kui mesthi awak dhewe mlebu bilik sing ketutup. Pas awak dhewe metu seko bilik kui, yen jebul awak dhewe salah mlebu kamar mburi rasane isin banget. Awak dhewe mbuh arep ngopo, soale neng jero kui kebacut wis rame banget.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3720", "text": "Sekitar tahun 2015, aku ambek konco-konco kkn iku jajal ngejak warga sing ono nang panggonan kkn iku kanggo ngolah utowo gawe pupuk kandang ben ora dibuaki nganggor polahe nang kono akeh teleke kewan awit teko wedus sampek sapi yo ono. Mari ngunu pas praktek agenda iku maeng ono salah sijine koncoku, iku nag kenek telek ngunuku mesti berok-berok ambek kerak-kerok, jarene se deke iku rodo mangekel ambek jijik karo sing jenenge telek. Tapi iku bocah lanang lo, nah koncoku wedok sing sijine ae biasa ae, tambah idak-idak cacing sing ono nang telek iki kok. Yo aku wes ngerteni ae, soale bocahe iku termasuk wong sugeh sing ancene ora tau campur ambek kondisi sing koyok ngunu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6155", "text": "Produksi klambi sing skalane gedhe iki bisa dadi salah siji penyebab kenapa wong sing ana ning dunya iki mesti ketemu wong nganggo klambi utawa pernak-pernik sing padha karo dekne. Produksi sing murah, massal, lan uga distribusi sing gedhe ditambah pemasaran sing berhasil iki bisa nggarai wong ketemu \"kembarane\" saka babagan gaya klambi. Babagan iki dadi diskusi amarga nduduhake yen pasar iki bisa ngerusak ciri khas wong. Amarga kuwi, akeh wong sugih tuku klambi sing duwe merk larang banget lan ora bisa ditiru amarga edisine luwih terbatas lan ngurangi isin amarga ketemu wong sing gaya lan klambine padha lan ora diarani pasaran. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3882", "text": "Kabeh wong sing diarani ambune ora enak yo mesti isin, nag sing jenenge ambu ora enak iku maeng yo macem-macem, karek wong sing ngarani iku maeng, ono sing jarene wong iku enak tapi jarene sing duwe ambu iku maeng enak yo ono. Terus sing jarene sing mambu maeng enak, tapi jarene sing duwe ambu ora enak barang yo ono. Kabeh iku maeng karek sing nilai dewe-dewe. Mangkane nag ancene rumongso ambune ora enak yo wes nang gagih resik-resik, iso asu ambu ora enak iku teko awake sing ora resik utowo keringeten polahe mari ngalkoni penggawean sing marakno keringet. Yo ancene omongane wong iku iso marakno perkoro sing garai ati lorone megilan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3813", "text": "Nag ono wong sing isin polahe ngentut iku biasane ngentute ora biasa koyok sing dialami uwong-uwong, nah ngentute maeng iku biasane nag gak muni banget sampek wong sing nang pinggir-pinggire maeng keringi yo mampu sing marakno wong-wong sing nang pinggir-pinggire maeng kepekliken polahe ambune sing ora karoan. Mangkane nag iso ngentut iku sak wajare ae, nag ancene iku maeng ambu berarti ngentute iku ora langsung diamblasno ben ora sampek wong sing ono nang pinggire iku ambu. Terus nag sekirane entute maeng muni banget berarti kudu diirit-irit disek gal saitik ben ora marakno muni sing bangete megilan. Soale nag muni sampek bangete megilan iso dadekno perkoro sing ora karoan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2575", "text": "Wingi pas delok konser nag kota gudek ora nyongko nag bakal ketemu ambek salah sijine penyanyi band sing paling apik nag indonesia. Kabeh wong sing delok mesti senenglah soale penyanyi iku termasuk idolae wong akeh nag indonesia. Tapi gara-gara roso seneng iku maeng, akeh wong sing pengen salaman ambek penyanyi iku maeng akiri desek-desekan. Roso seneng koyok ngene jar koncoku ora apik, soale mesti marakno wong desek-desekan terus garai geger polahe kedesek sampek jungkir-jungkir barang. Mangkane nag seneng ambek idola ora atek koyo ngunu kawe mujudno roso senenge. Soale bakal ono sing kenek imbase, nag imbase apek se ora opo-opo, tapi nag imbase elek iku sing garai perkoro.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1456", "text": "Masku kui tau diidoni sirahe karo wong sing ora awak dhewe kenal. Masku kui wonge jijikan banget. Dadine, dheweke gampang gilo neng keno kedadean koyo ngono. Iki carane masku disik pas cilik ngerisiki idu sing nempel neg rambute. Sing kesiji, dheweke siram rambut nganggo banyu. Dheweke pas kui guyur rambute langsung neng ngisor keran. Jarane, ben idune cepet ngilang lan ngalir bareng banyu sing ngucur. Sing keloro, dheweke keramas. Ora mung peng siji, nanging dheweke keramase tekan peng telu. Dheweke pengen bener-bener yakin yen ora ono bekas idune neng rambute. Sing ketelu, masku ngegaringke rambute nganggo andhuk sing anyar. Bar dienggo ngerisik kui, andhuku langsung dideleh neng kumbahan sing reged supoyo dheweke ora nganggo meneh andhuk bekas idu wong liyo mau.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "795", "text": "Ibu-ibu kui terkenal karo coro nesune sing menarik. Mbuh dheweke salah opo bener, dheweke bakal tetep ngotot. Awak dhewe iso delok iki neng kedadean sak ben dinone, neng pasar, neng toko, lan liya-liyane. Ibu-ibu kui wani ngomong karo sopo wae, termasuk karo pak polisi. Video babagan koyo ngono kui sempet viral neng internet. Ono ibu-ibu sing ketilang polisi. Ibue kui salah mergo ora nganggo helm lan ora gawa surat-surat penting. Pas ditakoni polisine apik-apik, dheweke nyaurine nganggo nesu-nesu. Malah, dhekwe tekan ngancem arep nelpon dulure sing dadi kapolri. Padahal, dheweke mung gertak tok. Dheweke ora duwe dulur sing polisi tenanan. Pokokmen ibu-ibu kui pinter nesu utowo komplen neng kondisi koyo opo wae.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4928", "text": "Kegagalan ning urip iki mesti kedadian ning kabeh wong, utamane ning umur rong puluhan uga umur selawe amarga ning umur iki wis mulai transisi saka urip sing isih nggantung karo wong tuwa marang urip sing luwih mandiri. Ning wayah iki, menungsa mesti ngerasakake munggah lan mundhune urip. Nanging sing perlu didelok saka kegagalan iki yaiku piye carane ben bisa tetep waras lan ngelakoni urip. Dukungan saka keluwarga lan kanca kuwi penting. Kamangka, ning wayah akeh gagal iki, golek kanca sing bisa ngewenehi semangat uga bisa mbantu tanpa pamrih supaya tetep bisa ngadek lan tetep bisa kuwat ngadepi pacobanging urip iki. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5379", "text": "Anak kuwi ibarate kaya gabus spons sing akeh pori-pori lan uga bisa ngeresep banyu luwih cepet saka wong sing wis diwasa. Kabeh omongan kuwi bakal diserep karo bocah sing isih sinau kanggo mahami apa sing ana ning lingkungane. salah siji sing kudu diajarke yaiku babagan ngeregani pambedha antarane suku, agama, uga ras sing ana ning Indonesia. Ajaran iki penting banget ben wayah sekolah mengko, anak ora kebiasa nyinggung sara lan marai wong lara ati amarga ora diajarke babagan cara ngeregani wong liya. Kamangka, ayo didik anak-anak ning sekitar awak dhewe ben bisa dadi menungsa sing duwe adab lan bisa ngurmati wong lan pribadine sing manika warna. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7923", "text": "Acrophobia iku kondisi mental nang ndi wong iku ngalami rasa wedi sing intens nang panggon sing duwur. Kondisi iki melbu nang jenis gangguan kecemasan. Wong sing nduwe acrophobia iku ngeroso wedi pas lagi mikir sesuatu sing berhubungan ambek panggon duwur utowo didepno ambek panggon sing duwur. Wong isok diagnosa kenek acrophobia nek ngalami gejala koyok ngene. Siji, mesti ngindari panggon duwur. Loro, mesti khawatir nek mikir tentang panggon duwur. Telu, rasa wedi iku mau mulai nganggu rutinitas ben dinone. Papat, bakal langsung keweden pas lagi ngadepi nang panggon duwur. Terakhir, gejala iki mau berlangsung sampe luwe teko enem wulan. Nek acrophobia wes nemen, kudu ditangani ambek psikolog utowo psikiater.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8303", "text": "Arek cilik iku paling beresiko gawe ngalami muntah. Hampir kabeh arek cilik iku tau muntah. Muntah sing dialami arek cilik iku onok sing wajar dan onok sisan sing gak wajar. Jenis-jenis muntahe arek cilik iku koyok ngene. Siji, muntah nyemprot. Salah siji penyebab muntah jenis iki yaiku stenosis pilorus, yaiku penyempitan nang bagian sing ngubungno lambung karo usus duodenum. Selain iku, isok sisan mergo trauma nang sirane arek. Loro, muntah werno ijo. Cairan muntah sing wernoe ijo iku mergo kecampur karo cairan empedu. Nek koyok ngene, onok indikasi sumbatan nang saluran cerna. Telu, muntah werno abang rodo ireng utowo ireng bleng. Sing ngene iki mergo onok pendarahan nang asam lambung. Terakhir, muntah werno kuning. Biasane iku mergo gejala awal peradangan saluran cerna.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5700", "text": "Pas aku isih SD, sering ana imunisasi sing mampir ning sekolah. Imunisasi iki pancen diadakake karo pemerintah kanggo menuhi target vaksin kanggo bocah ning umur anak-anak. Pas kelas siji SD, akeh bocah sing wedi disuntik, kamangka padha diapusi yen suntik kuwi rasane kaya dicokot semut. Nanging, pas tak jajal, suntikan iki lara banget, apa maneh sing disuntik polio ning lengen sebelah kiwa. Kancaku sing jenenge Wahyu sampek munggah ning wit pelem ngarep kelas amarga wedi disuntik lan pas wis arep disuntik, dekne nangis kejer. Yen diiling-iling kuwi mesti lucu banget amarga suntikan iki sajane ora lara. Nanging para bocahe wae sing wedi ndelok jarum. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4895", "text": "Jumlah penduduk ning Indonesia iki wis kudu mulai dievaluasi amarga saiki akeh kasus bocah-bocah umuran sekolah wis padha dadi temanten lan ning usia produktif, para wong tuwa mudha iki ya duwe anak akeh nanging ora bisa nyukupi kebutuhan amarga kurang pendidikan lan ora bisa kerja. Yen ditelusuri maneh, perkara anak iki didasari karo pemikiran \"Akeh anak akeh rejeki\". Nanging jaman saiki, prinsip kuwi wis ora cocok amarga saiki tambah akeh tambah akeh tanggungan, pendidikan anak uga tambah larang lan kebutuhan pokok wis mulai langka. Kamangka saiki akeh kader posyandu sing nggawe kampanye Keluarga Berencana kanggo ngindarake masalah sosial sing penyebabe saka keluwarga. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8305", "text": "Pirang-pirang uwong iku kadang ngeroso mual pas marine mangan. Nek mual mergo kakean mangan iku dadi hal sing wajar. Tapi nek pas mangan sitik tok terus ngeroso mual, berarti iku onok sesuatu. Mual pas mbarine mangan iku isok mergo akeh perkoro. Salah sijine iku alergi. Alergi panganan iku gak mek gatel-gatel tok, tapi isok sisan marakno mual. Nek misal awakmu mangan sembarang sing isok memicu alergimu muncul, sistem imun iku bakal ngetokno histamin utowo zat kimia liyane. Zat iku mau sing isok marakno gejala alergi bakal muncul, salah sijine mual. Dadi roso mual mbari mangan sesuatu iku isok nandakno nek uwong iku sek tas kenek alergi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1112", "text": "Yen awak dhewe ngeroso wedi bar ngelakoke utowo arep ngelakoke doso kui tandane agamane awak dhewe isih apik. Wong sing agamane utowo imane kuat iki iso awak dhewe delok tanda-tandane. Sing kesiji, wong sing wedi karo doso kui dheweke bakal mikir disik sakdurunge ngelakoke perkoro kui. Kanggo dheweke, wektu mangdeg sedelo. Wektu kui kanggo dheweke mikir yen Tuhane kui mesthi delok dheweke ngelakoke hal sing bejat kui. Sing keloro, atine kui mesthi ngerti-ngerti dredeg. Koyo atine kui uga nolak kanggo ngelakoke doso sing arep dilakoke. Sing ketelu, bar ngelakoke doso kui, ati lan pikiran dadi ora ayem. Dheweke bakal kepikiran terus opo sing bakal dheweke entuk bar ngelakoke doso. Dheweke wedi banget yen tekan keno azab seko Tuhane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8448", "text": "Awak dewe wong Indonesia iku wes kulino gawe nyeluk koncone awak dewe pas papasan nang ndi ae. Tapi kadangan, onok uwong iku sing nduwe wajah sing mirip karo koncone awak dewe sing marakno awak dewe dadi keliru nyeluk uwong. Nek wes ngono, rasane pasti nggladak rai pol sih. Makane sak durunge nyeluk uwong iku, ojok pede disik langsung nyeluk ngono ae. Pastikno disik iku sopo, terus nek butuh pastikno sisan jeneng arek sing kate mbok celuk iku. Hal iku tujuane ben gak atek onok acara isin mergo salah nyeluk jeneng. Dadi gawe awakmu sing moco iki, praktekno cara sing tak sarano iku yo rek.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3740", "text": "Pas riyoyo tahun wingi aku muleh, mesti aku resik-resik nang omah. Nah pas ono lemari sing rodok akeh sawange, iku tak geser, tibake akeh corone. Nah adikku wedok sing delok iku langsung jerit-jerit buangete ora bloko polahe jijik delok coro iku maeng. Yo ora gaok se, nag bocah wedok iku wedi ambek jijik karo sing jenege coro, nah koncoku lanang ae akeh sing wedi nag delok coro opo maneh bocah wedok. Mangkane yo lumrah wae lah. Terus mari ngunu tak semprot gawe obat serangga ben mati. Tapi batange isek nang kono, pas tak celok ambek tak kandani bocahe langsung balek ngewangi maneh. tapi yo ngunu, pas delok ono batange langsung mlayu nang jero mah maneh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2900", "text": "Biyen pas aku dolan nang salah sijine pasar malem. Aku ambek konco-konco mlebu sing jenenge wahana kanggo nguji kendele bocah-bocah. Pas mlebu awitan iku ora masalah soale panggonane biasa wae. Tapi pas tambah menjero dadak'e moro-moro tambang peteng, terus tambah peteng, ambek ono suarone wong guyu. Terus moro-moro ono wong jawil teko ngguri terus aku ambek konco-konco noleh mengguri mari ngono,berok-berok bareng soale jumbul delok wong wedok raine eleke medilan ambek pakiane putih terus rambute dowone megilan ambek nang awake iku ono koyok ketehe. Yo ancene iku maeng asline temenan tapi sing jenenge diwedi setan koyo model sundel bolong. Mesti kabeh wedih.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2656", "text": "Akeh wong sing wes tau gelakno wong sing paling penting. Tambah saiki bocah enom lagek melek yo wes tau ngelakoni perkoro iku. Asline roso gelakno wong sing penting iku kedaden nag awak dewek iku ora gelem tanggung jawab ambek perkoro sing kedaden iku. Akhire roso iku metu polahe ora ono sing nutupi yaiku ambek roso tanggung jawab sing kudun dadi perkoro sing nutupi. Sampek saiki akeh wong sing gelek gelakno wong sing penting yo polahe ora gelem tanggung jawab. Terus wong sing digelakno yo wes kadung loro ati akhire ora gelem nerimo roso tanggung jawabe akhire dadi roso mangket terus musuhan. Perkoro koyok ngeneki asline iso wae ambek gampang diarekno nag kabeh wong podo gelem ngerteni.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8391", "text": "Koyok biasane, aku diseret ambek adek-adekku gawe mlaku-mlaku nang Mall ben weekend. Jare mumpung aku libur kerja, dadi dijaki dalan-dalan sekalian dipalaki. Kali iki awak dewe mutusno mangan disik nang Foodcourt Mall iku mau ben isok milih panganan dewe-dewe. Aku ngekeki duit nang adek-adekku disik baru mencar. Wes mari kabeh, awak dewe akhire mangan sambil ngobrol uakeh. Pas wes mari mangan, adekku sing lanang ngombe banyu koyok biasa. Moro-moro de’e ngemu banyune suwe pol, terus digawe kumur-kumur, dan langsung dilek ngono ae. Aku ambek adekku sing sijine langsung ndeloki sambil gilo dewe. Sumpah, sing sek tas iku ngguilani pol seh. Isoke banyu kumuran langsung dilek ngono ae. Gilo sumpah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3484", "text": "Panggonan sing ora dikenal ancene medeni opo maneh lagek awitan nang daerah iku maeng. Tapi asline yo atek wedi nemen polahe nag awak dewek anteng pikirane ambek ora kakean polah yo ora bakal gawe perkoro ambek wong sing nang kono. Masio iku panggonan sing anyar, nag awak dewek gelem takok ambek sopan ang daerah kono, wong sing nang daerah kono yo bakal nulungi ambek ora ngiro bakal gawe perkoro, kejobo nag nang kono iku daerah wong nakal-nakal tok iku pantes wedi. Sing penting nag nang daerah sing endi daerah iku maeng awak dewe ora kenal yo kudu jogo sikap ben ora marakno perkoro sing dadekno celoko nang daerah kono. Ya asline wedi ambek kuwatir iku yo wes lumrah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2620", "text": "Akeh wing sing tau ngalami gagal nang uripe. Wingi pas aku ketemu ambek koncoku bocahe yo cerito nag deke tau gagal nag jeru uripe pas pengen dadi tentara. Pas waktu iku bocahe semangate pol pengen mujudno cita-citae soale deke ngerti nag wong tuo ne pengen anake dadi tentara. Mari ngunu bocahe melok tes tapi gagal nag tahab terakhir polahe ora deke telat pas atene mlebu tes sing terakhir. Telate iku maeng polahe ono salah sijine petugas sing garai suwe bocahe nag bagian tes kesehatan. Padahal bocah-bocah liyane iku wes diolehi nang raungan test terakhir tapi bocahe isek dikongkon ngecek kesehatan bolak-balik padahal wes jelas nag bocahe maeng ora ono masalah kesehatan blas.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3738", "text": "Ora kabeh wong sing ambu amis-amisan iku seneng ambek biasa ae. Ono sing ambu perkoro iku langsung mutah ambek kerok-kerok soale jijike pol ambek sing ambu amis-amisan. Nag ancene ngunuku yo palang sangu lengo wangi ae ben gawe jogo-jogo nag ancene petuk ambu amis. Terus teko minyak wangi iku maeng kan iso ngilangno ambu amis iku dadi ora sampek ambu amis iku nemen terus iso ilang polahe keterak ambu wangi iku maeng. Yo ancene wong jijik iku kan ora iso diilangi sak enake omongane wong sing ora jijik ambek ambu iku polahe wes biasa. Dadi yo anag dielokno yo wes menengae polahe kan ancene bedo wong yo mesti ora iso ngerasakno opo sing dirasakno ambek wong sing jijik iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5704", "text": "Suntik iki dadi perkara sing ora kabeh wong bisa nerima amarga ora kabeh wong wani marang suntikan. Akeh wong sing wedi karo jarum suntik iki amarga akeh alesan, yaiku wedi amarga jarum suntik iki barang asing sing mlebu marang awak, uga ana sing ngomong yen suntikan iki lara amarga rasane bisa nembus tekan daging. Didikan sing kurang apik kanggo bocah yaiku ngomong yen suntikan kuwi larane kaya dicokot semut. Didikan iki marai bocah kuwi trauma amarga nyatane cokotan semut karo suntik iki luwih lara suntikan. Anak bakal tetep wedi disuntik lan ora kenal rasa lara. Trauma iki dadi luwih gede lan tahan kanthi diwasa. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7664", "text": "Bersikap adil iku kudu karo sopo ae, termasuk nang artis sing disenengi karo awak dewe. Kadangan, awak dewe iku dadi buta mergo awak dewe iku nduwe kecenderungan bias nang artis sing disenengi awak dewe. Contohe, nek onok uwong ngomong nek artis A iku ngelakoni kesalahan, fans e pasti bakal mbelani artis A entek entekan dan bakal ngebully wong sing ngomong ngono. Padahal nek semisal artis A temenan ngelakoni kesalahan, yo gak masalah, jenenge ae menungso. Contoh liyane, nek onok artis B sing kenek kasus, fans e pasti bakal mbelani, dan ngomong nek iku kasus digawe-gawe tok. Padahal isok ae artis B iku temenan nduwe kasus sing disebutno. Awak dewe tetep kudu objektif dan bersikap adil nang sopo ae, termasuk artis senengane awak dewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8045", "text": "Opo jeneng kewan sing hampir dibenci karo akeh uwong nang dunyo iki? Pasti mayoritas jawabane iku coro. Wong-wong sing gak seneng karo coro iku pasti alesane iku gak adoh-adoh teko gilo ambek wedi. Wong sing gilo ambek coro iku wajar, soale coro iku biasa urip nang panggon sing rusuh, contohe koyok tong sampah. Nek wes ngono, onok kemungkinan coro iku bakal nggowo bakteri sisan. Dadi gak heran nek uwong iku gilo ambek coro. Nek mergo wedi, iku wajar sisan. Soale coro iku kadangan gak onok abang gak onok ijo moro miber karepe dewe dan iku sing marakno wong-wong podo panik. Wes ngono mandeke gak eroh panggon, contohe koyok nang sira e uwong.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8000", "text": "Dino iki, wes jadwale aku ambek adikku gawe vaksin booster nang WEP Gresik. Koyok biasane, WEP iki ruame banget soale wong wong ancen podo kate vaksin booster gratis nang kono. Awale awak dewe biasa ae. Terus pas jenenge awak dewe diceluk, aku ambek adekku langsung maju gawe skrining awal. Pas didelok, wes normal kabeh dan lolos gawe vaksin. Pas ketepakan banget aku ambek adikku longgone jejeran pas kate disuntik. Buru ae kate disuntik, adekku wes mbengok soale wedi karo jarum suntike. Aku sing wes mari disuntik langsung nyekeli tangane adekku sing wes tremor terus adem pol iku. Aku ngongkon de’e merem tapi tetep rileks. Tapi de’e sek tetep gak isok rileks. Perawate akhire melu nenangno adekku ben isok rileks dan jarume cek isok melbu. Akhire setelah perjuangan suwe, adekku isok disuntik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9091", "text": "Ardi sueneng banget pas dokter ngomong nek kondisi ibuke iku wes mulai stabil. Ibuke Ardi iki nduwe kanker paru-paru dan wes nang stadium akhir. Terus pas dikeki dokter nek kondisine mulai stabil dan onok kesempatan gawe sembuh, Ardi langsung sueneng pol. Mergo luwe, Ardi izin tuku mangan dilut nang ibuke dan diolehi. Gak sampe 10 menitan, Ardi wes balik maneh. Tapi de’e langsung kaget pas ndelok ibuke moro kejang kejang. Gak atek ngenteni, Ardi langsung metek tombol bel. Gak suwe, dokter karo suster langsung teko dan nangani ibuke Ardi. Lah kok moro pendeteksi jantung e garek sak garis. Ardi sing ndelok iku langsung mak dheg. Pas dokter ngelakoni kejut jantung, tetep ae gak onok perubahan. Akhire dokter e njaluk sepuro nang Ardi soale ibuke gak isok ditulungi maneh. Nang kono, Ardi mek isok meneng tok saking nge-blank e.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5333", "text": "Salah sawijining bela diri sing ngelatih wong ora gampang lara ati lan ora gampang nesu yaiku kungfu. Kungfu iki salah siji olah raga saka Tiongkok kuno. Olah raga iki diwiwiti saka wushu. Nanging kungfu iki luwih lincah amarga latihane uga luwih abot miturut para guru. Olah raga iki tambah kesohor amarga film Tiongkok mulai ngenalake liwat para lakon kaya Bruce Lee. Olah raga iki wis dikenal luwih sak 5000 taun kepungkur lan duwe metode sing terbukti efektif. Ana luwih saka 100 aliran kungfu, nanging sekabehe iki ngajarake babagan sing padha yaiku, sabar lan ora ngewales tindakan ala saka wong liya. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4497", "text": "Pengalaman sing marakno wong isin iku ancene pirang-pirang, karek wonge mikire nang perkoro iku maeng piye, nag ancene deke nganggep perkoro sing dilakoni iku termasuk perkoro sing ngisini yo jelas dadi perkoro sing ngisini. Nah koncoku iku tau ngalami keleru mlebu kelas ekstra sing ancene ono nang sekolah. Nah pas mlebu deke iku ora delok kiwo tengene langsung mkebu, terus mari ngunu pas gurune nguwei soal ambek materi deke lagek sadar nag iku ora kelas sing kudune dileboni. Mari ngunu bocah-bocah nang kelas iku yo langsung guyu nag deke iku maeng ngomong nang gurune nag deke iku salah mlebu kelas. nah mergo iku maeng deke diguyu bocah akeh. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8437", "text": "Awakmu tau gak diguyu ambek wong liyo mergo mbari ngelakoni kesalahan? Rasane pasti isin pol seh, soale aku dewe yo tau ngerasakno kok. Rasane pasti pingin kabur ae. Tapi nek awak dewe kabur, iku malah nyudokno nek awak dewe iku lemah. Nek diguyu karo wong liyo, sudokno nek awak dewe iki kuat dan tangguh. Aku nduwe cara ben ketok tangguh nang ngarep wong liyo pas lagi diguyu mereka. Siji, sadari nek ngelakoni kesalahan iku hal sing wajar, ben awakmu gak isin dan maleh nyalahno awak dewe. Loro, melu ngguyu ambek wong liyo, soale kadang kesalahane awak dewe iku perlu diguyu ben gak spaneng nemen.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3432", "text": "Aku tau ambek gelek ngerti wing jenenge windu, nah windu termasuk salah sijiki bencana alam sing ancene diwedeni wong. Dadi nag ono windu kabeh wong roto-roto wedi. Windu iku asline kedadean sing disebabno teko alam sing akhire dadekno lemah iku horek. Nah windu iku iso ae diarani koyok gempa soale ancene yo podo. Windu iku nag nemen iso ae dadekno perkoro ambek bencana alam koyok lemah longsor, omah ambrok, banjir, utowo ombak sing gedene megilan sing akhire dadekno sunami sing termasuk bencana alam sing paling diwedeni. Dadi windu iku ancene termasuk bencana alam sing ancene dadekno wong akeh sing wedi soale dampake iku ancene medeni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9897", "text": "Ora aneh maneh yen saiki ana wong sing bisa nemu harta karun. Sakjane harta karun uga akeh banget maceme. Barang antik sing ditemu uga bisa dadi harta karun. Cara supaya busa nyimpen barang utawa harta karun supaya awet antarane, nomer siji yen barange model pecah belah bisa dideleh panggon sing aman. Aja nganti gampang dicedhaki karo bocah supaya ora gampang pecah. Nomer loro, diresiki saben sewulan pisan supaya ora nganti rusak amarga ora tau diramut. Nomer telu, yen wis ora mampu kanggo ngeramut barang iki bisa langsung diwenehna ning pamrentah wae supaya bisa diramut kanti ati-ati lan ora nganti rusak.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7551", "text": "Koyok biasa, ben wayahe jam moleh sekolah, aku gak langsung metu soale parkiran pasti sek ruame dan sumpek. Aku leyeh-leyeh disik nang kelas. Moro koncoku ngajaki tuku es capcin nang ngarep sekolah dan tak iyani ae. Akhire koncoku sing liyane melu nitip dan aku iyo iyo ae. Mari ngono aku ambek koncoku metu nang ngarep sekolah dan tuku es capcin 6 gelas, loro tekne awak dewe dan papat titipane arek-arek liyane. Pas ngenteni, moro-moro aku krungu onok suara sing familiar banget. Pas aku noleh, aku kuaget soaleh onok Uyik nang sampingku, konco kentelku pas SD. Pas tak celuk, Uyik yo melu kaget dan langsung meluk aku saking senenge ketemu karo aku. Aku yo mbales pelukane soale melu seneng. Awak dewe ngobrol terus sampe pesenanku wes mari kabeh. Tapi aku ambek Uyik nyempetno gawe tukeran nomer hp cek engkok isok ngobrol maneh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "657", "text": "Yen awak dhewe ketemu konco sing suwe ora ketemu, mergo awak dhewe wis tinggal neng kota sing bedo misale, awak dhewe biasane ngobrol basa-basi sedilit. Nanging, ono wong sing ora siap utowo ora seneng basi-basi koyo ngono kui. Kanggo nyambung tali kancanan iki, awak dhewe tetep kudu ngobrol karo wonge. Sing iso diobrolke pas ketemu dadak kui, sing kesiji, alasane dheweke ono neng kene. Wong lunga-lunga kui mesthi ono tujuane dhewe, ora mungkin mung iseng wae. Sing keloro, awak dhewe iso nakon opo kesibukane saiki. Sing ketelu, awak dhewe iso muji seko penampilane. Biasane, yen wis arang ketemu penampilan ono sing berubah. Misale, awak dhewe iso muji gaya rambute sing anyar.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9962", "text": "Aku ora ngerti kenapa pas mulih ujug-ujug ndelok adhikku ngamuk ana ing omah. Kabeh barang dibantingi, buku-bukune diuncal, bantale diguwaki, lan sing terakhir hpne dibanting. Sawise tak takoni iki amarga adhiku ngerasa diperlakokake ora adil karo gurune ing sekolah. Adhiku crita yen dheweke dipares nalika ora nggawa buku, nanging kancane sing ora nggarap PR ora dipares. Jarene sing ora dipares iku dulure gurune makane dadi ora adil. Adhiku nganti misuh-misuh ana jng omah amarga jarene isin banget nalika dipares. Ibuku mung bisa nenangke adhiku supaya ora muring-muring maneh lan ngomong menawa kabeh iku pancen bisa ngelakoni kaya ngunu. Adhiku mung bisa ngelus dada.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5209", "text": "Dunia sing gaib kuwi ana lan kudu dipercaya amarga wis diterangake ning kitab suci. Nanging dunia gaib iki ora bisa didelok kanggo mata lan kudu nduwe mata batin sing cetha. Nanging wong sing peka lan bisa ngerasakake dunia gaib iki uga terbatas, malah sing luwih ngeluwih-luwihake yaiku wong sing gampang wedi lan gampang kaget yen ndelok barang sing ana hubungane karo dunia gaib iki. Kamangka, awak dhewe ya oleh percaya yen dhemit iku ana, nanging ya percaya yen butuh kemampuan khusus kanggo ndelok lan ora nganggo mripat biyasa ben ora gampang ndredeg pas lagi ndelok barang sing ngelingake karo rupa setan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3774", "text": "Asline jember ambek panganan sing bosok iku wes lumrah se, opo maneh wong wedok utowo wong sing biasane mangan panganan resik ambek enak yo tambah kerok-kerok polahe delok iku maeng. Nak asline se ora masalah jijike tapi ambune barang iku yo ora enak, opo maneh rupane yo tambah garai wong gilamen ambek geting. Terus mari ngunu marakno laler akeh sing moroh terus marakno ambune barang yo ora enake pol. Sak liyane iku nag ora nang diresiki panganan sing bosok iku yo marakno penyakit nang panganan liyane soale laler utowo kewan sing mencok nang panganan sing bosok iku maeng mesti mrambat nang liyan-liyane. Nah iku sing garai wong-wong mangkel ambek jijik ambek panganan sing bosok maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5374", "text": "Media sosial kuwi dadi salah siji panggonan kanggo nyalurake kabeh emosi kaya susah, bungah, seneng, kuciwa, uga liyane. Nanging yen arep mbuka sosial media iki kuda duwe aturan amarga sosial media iku sifate mung dasar pribadine wong. Awak dhewe ora ngerti apa sing ana ning mburine wong kuwi lan latar belakang suku, agama, lan ras. Amarga saiki sosial media wis bebas, sing paling bisa ngontrol ya mung wong sing nggunakake media sosial iki. Anane aturan umur uga bisa dari saringan pertama sing bisa ndelok sapa wae sing nganggo sosial media ben ora kedadian omongan-omongan sing nyinggung babagan suku, agama, lan ras.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3437", "text": "Sing dadekno wong wedi karo bencana alam iku yo pirang-pirang karek delok lingkungan sing kedaden bencana alam iku maeng nang endi. Saiki kan yo akeh bencana alam sing kedaden nang negoro iki salah sijine banjir. Nah sing garai wedi iku maeng ora kok bencana alame, tapi dampak sing ditekakno teko bencana alam iku maeng yaiku akeh ancaman nang keselametane menungso sing marakno wong iku iso loro, mati, ambek iso dadi kelangan sembarang kalir, terus ilange pengawean sing ancene wes dilakoni pirang-pirang tahun, ilange ekonomi wong utowo daerah sing kenek bencana alam maeng sing dadekno wong-wong sing ono nang daerah kono loro.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5376", "text": "Indonesia iki negara sing nduwe akeh suku, agama, ras, lan uga akeh budhayane. Amarga kuwi, Indonesia iki rawan dadi negara sing saban dina ana perpecahan. Mayoritas penduduk ning Indonesia kuwi Islam lan sukune saka Jawa. Kamangka wong Indonesia iki kudu ngerti carane keutuhan negara. Sing paling utama yaiku kaping pisan kudu ngerti babagan nilai pancasila uga undang-undang sing berlaku. kaping pindhone yaiku kudu paham yen ning Indonesia iki uga ana hukum adat lan aturan sing ora tertulis sing ana ning masyarakat sing kudu dihormati. Kaping telu, amarga ana agama sing bedha-bedha, ora oleh ngece ajaran lan para jemaat agama liyane. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6192", "text": "Resleting kuwi dadi bagian klambi sing penting lan bisa njaga awak ben ora ketok yen nganggo klambi sing tertutup. Resleting iki ditemokake karo Whitcomb Judson. Ning awal sejarahe, resleting iki ditemokake amarga Judson sing ora sabaran pas nganggo sepatu. Resleting iki dinggo pertama ora ning klambi, nanging ning sepatu kanggo nyingkat wektu ben ora kesuwen nganggone amarga tahun 1890-an kuwi isih usum sepatu modhel tali dhuwur. Amarga penemuan kuwi, Judson disebut bapak resleting ning dunya. Insinyur saka Swedia, yaiku Gideon Sundback, sing uga kerja dadi desainer nggawe penelitian lan mulai matenake resleting kanggo klambi. Kamangka, resleting iki berkembang lan dadi penemuan sing bermanfaat. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4441", "text": "Pas aku anyarana mlebu kampus Nang UGM iku ono salah sijine bocah iku kleru nyelok jenengku soale deke iku rodok kesusu mergo waktune wes mepete megilan. Nah aku sing diceluk maeng yo langsung mengos ambek guyu tok, terus bocahe maeng ngomong ambek jaluk sepuro polahe deke iku we kepepet ngumpulno tugas terus dino iku maeng termasuk dino terakhir. Nah aku sing ngerti bocah sing dimaksud maeng tibake koncoku dewe sing ancene wes mlebu disikan timbang aku nang kampus iku mergo wong tuone termasuk wong sing sugeh. Yo deke awitane isin mergo kecelek maeng, tapi mergo wes kadung kepepet yo akhire diempet terus mireh ambek goleki koncoku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2509", "text": "Masio bocah-bocah SMA saiki wes gede-gede, tapi nag wes ngerasakno roso seneng polahe ketrimo nag perguruan tinggi wes podo lali ambek kondisi utowo lingkungan saiki. Sing diilingi yo mok roso sing dirasakno iku maeng, padal nag pinggire iku yo kadang ono wong sing paling parek ora ketrimo nag perguruan tinggi. Lah njogo roso seneng kene maeng yo perlu ben ora dadekno roso loro ati utowo iri teko konco sing biasane bareng. Mangkane nag wes kadung ngersakno roso seneng koyok maeng ayo podo dijogo ojo diumbar-umbar sak karepe dewe sampek koncone maleh duwe roso iri. Sing ati-ati nag ngerasakno roso isng model koyok ngene iki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7193", "text": "Nang jaman modern koyok saiki, onok akeh banget jenis persalinan sing isok disesuaino ambek kondisi kesehatan ibu. Sing paling dikenal iku onok telung jenis. Siji, persalinan normal. Persalinan jenis iki yaiku persalinan sing paling biasa dilakoni ambek para ibu hamil dengan cara ngeden. Loro, persalinan sing dibantu alat. Biasane jenis iki dilakoni nek persalinan normal wes gak isok lanjut utowo ibuke wes gak kuat ngeden. Alat sing digawe iku bentuke vakum, dilakoni dengan nganggo cup sing digawe nyedot bayi keluar secara alus. Telu, persalinan caesar. Persalinan iki dilakoni nek persalinan normal wes gak isok dilakoni. Biasane dilakoni mergo onok masalah darurat sing isok ngancem nyawa ibu karo bayi. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6169", "text": "Layanan pinjaman online utaw pay later kuwi bisa ngerusak mata pencaharian lan uga nambah urusan sing marai mumet ning sirah. Layanan iki sajane marai penak amarga wong ora bingung nggolek dhuwit kanggo ngerampungake urusane. Nanging iki mung ana ning awal kepenake, amarga bunga saka layanan pinjaman utawa penundaan bayar iki gedhe banget lan kadhang bisa ngungkuli jumlah dhuwit sing disilih. Banjur penagihan layanan iki mesti galak banget amarga nyewa petugas debt collector lan uga kadhang nganthi nggolek identitas ning keluarga, kanca,lan tangga. Kamangka, layanan iki bahaya banget lan bisa marai stres, luwih becik ora usah nggawe layanan pinjaman online lan pay later. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2072", "text": "Serangan panik kui perkoro sing ora tak ngerteni. Soale serangan panik kui iso jedul yen wong kui ora bener-bener ngerasake bahaya. Mergo aku ora ngerti babagan serangan panik iki, aku dadi wedi. Aku iso wae keno serangan panik tonpo aku ngerti yen aku duwe kelainan kui. Soale kui mau, penyebab ora cetho. Aku mungkin ora iso sadar opo sing nyebabke sak durunge aku ngerasake dhewe. Nanging piye nek pisanan aku keno serangan panik kui, aku langsung ciloko. Ora ono ngejamin aku iso sinau seko pengalamanku sing kepisan keno serangan kui. Ora ono sing iso ngejamin aku iso slamet. Aku wedi banget keno serangan panik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1581", "text": "Pas lagi neng Bogor, aku neng endi-endi kui numpak KRL. Pas kui, aku delok mas-mas sing mesake banget. Aku ora begitu yakin kenopo, nanging menurutku mas sing tak delok biyen kui awake mambu. Pas kui, kondisine kereta lagi ora terlalu padet. Isih ono panggon selo neng tengah sepure nanging dheweke lagi ora ono bangku sing iso dilingguhi. Mas kui lagi ngadek. Nanging kabeh wong sing nyerake dheweke kui dadi podo menyingkir. Dheweke suwe-suwe bingung. Banjur dheweke nyium kelek dhewe. Seko ekspresi rupane, dheweke sadar yen awake kui mambu. Pas sadar yen awake mambu, dheweke langsung mlaku neng gerbang liyo. Ketoke dhewek golek gerbang sing rodo sepi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7570", "text": "Aku ndelok dulurku gak meteng-meteng iku yo sakno dewe. De’e iki wes rabi sampe 10 tahun, tapi sampe saiki durung meteng. Padahal pas diperikso, de’e karo bojone iki sek subur. Sembarang kalir jenis cara wes dipraktekno, cuma tetep gak onok sing berhasil. Sampe suatu hari, pas aku dolen nang omahe dulurku karo adekku, aku kaget banget pas krungu suara bengok sing banter banget teko jedhing. Aku sing kaget langsung ngampiri nang jedhing, wedine dulurku kenopo-nopo. Pas dulurku metu, de’e malah jingkrak-jingkrak dan meluk aku sueneng banget. Aku sing bingung mek isok meneng. Gak suwe, dulurku ngeculno pelukane dan pamer hasil testpack e sing nyudokno garis dua. Aku langsung bengok dan balik meluk dulurku maneh. Mbasio sing meteng dulurku, aku melu seneng soale penantiane dulurku akhire tercapai.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9196", "text": "Roto-roto psikotes iku bakal dilakoni pas awak dewe lagi ndek proses nggolek kerjo. Sakjane psikotes iku gak butuh sinau akeh-akeh, mek butuh utek sing fresh ae. Cuma kadangan awak dewe tetep ngeroso ndredeg nek kate melok psikotes. Gawe ngehindari iku, awakmu perlu gawe ngelakoni persiapan sak durunge melu psikotes. Cara gawe persiapan sak durunge melu psikotes iku koyok ngene. Siji, kudu eroh serba-serbi tentang psikotes. Awakmu kudu eroh disik tentang pemahaman dasar konsep psikotes iku koyok yaopo. Loro, coba gawe ngelakoni latihan psikotes. Telu, ngerjakno dan njawab psikotes sejujur mungkin, ojok onok jawaban sing mbujuki. Terakhir, nyiapno mental karo fisik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7500", "text": "Tahun iki, koyok biasa aku mondok nang omahe mbahku. Sakjane aku wes sueneng banget soale bakal ketemu ambek dulur-dulurku sing wes suwe gak tak temoni. Moro-moro onok salah siji dulurku sing cerito nek mbari tindihen nang kamare simbah, dadi de’e ngewanti-wanti gawe turu nang panggon liyane ae. Padahal kamare simbah iki dadi kamar senenganku soale paling nyaman, tapi mergo diceritani koyok ngono aku dadi wedi dewe. Akhire aku dijak turu nang mbale kulon karo dulurku sing liyane. Pas bengi, koyok biasa aku komanan panggon nang paling pojok sing sebelahe iku gak onok opo-opo. Bengi iku, anehe aku kangelen gawe turu. Wes tak meremno tapi tetep gak isok turu sek. Aku madep kiwo, dep depan karo dulurku. Buru ae aku kate balik badan, atiku langsung mak dheg dan langsung wurung pas ndelok onok putih-putih koyok guling, padahal mau gak onok opo-opo. Aku madep ngiwo terus dan tetep merem mbasio malah gak isok turu mbari ndelok onok pocong nang mburiku.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4998", "text": "Wong sing urip dewean kuwi cenderung nduwe mental sing gampang ora stabil amarga ora ana wong sing dijak cerita. urip dewean iki bisa dadi bumerang lan nyebabake stres yen ora dikendalikake. Akeh wong sing ujunge ngilangake nyawa dewe amarga ora kuat urip dewe. Amarga kuwi, yen arep urip dewean, awak dewe kudu duwe mental sing kuat lan bisa ngerampungke masalah dewe sak durunge ngurusi wong liya. Urip dewean iki uga tandhane awak dhewe kudu peka marang gejala fisik ben wayahe lara, ngerti apa wae sing bisa dilakoni. Sing paling angel ya kenal karo kondisi mental, kamangka wong kang urip dewean disaranke crita marang wong kang ahli kaya psikolog. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "757", "text": "Awak dhewe kerep delok anak-anak nesu. Kerep anak kui nesu ora ono sebabe. Dheweke iso napuk-napuk wong sing neng sikater. Iso uga ngerusak barang-barang neng jejere. Kui perkoro sing lumrah. Anak durung iso ngungkapke perasaane kanthi sae. Dheweke uga durung ngerti opo sebenere sing lagi dirasake kui. Iki cara-cara supoyo awak dhewe iso nenangke anak pas lagi nesu. Sing pertama, awak dhewe kudu ngewangi anak ngevalidasi opo sing dheweke rasake. Mungkin anak kui lagi ngerasake kuciwo, iso wae isin, iso uga wedi. Awak dhewe kudu iso ngewangi lan ngandani opo kiro-kiro sng lagi dirasake karo anak. Sing ketelu, awak dhewe ngajarke kosa kata babagan perasaan. Iki gunane, yen anak wis ngerti opo sing lagi dirasake, supoyo anak iso ngungkap opo sing ono neng jero atine.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9563", "text": "Ora ana sing bisa nggarai Wendi nangis kaya ngene kajaba ilange sepedane. Sepeda iku wis ngancani Wendi kurang luwih setaun sak jok tuku, nanging dina iki dheweke ngerti kabar yen sepedae dijupuk karo maling. Sepedae Wendi sing ilang iki yaiku warna abang, ing stange ana tulisan lan stiker kanggo nandani yen iku sepedae Wendi. Dheweke nangis banget, atine kerasa lara banget, mripate abang amarga wis nangis kawit isuk mau. Ngomonge uga wis bindeng lan umbele meler terus. Wendi ora nyangka yen dina iki bakal dadi dina sing paling nggarai dheweke sedih. Dheweke uga ngerasa iki bakal dadi pelajaran sing paling berharga supaya ora ngawur yen ndeleh sepeda.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8062", "text": "Wong-wong iku biasane nganggep wong sing introver iku antisosial dan pemalu. Padahal gak kabeh introver iku koyok ngono. Introver iku dasare uwong sing gak sepiro seneng nang lingkungan sing gak tapak rame, dan butuh waktu gawe dewean gawe ngecas energine maneh. Ciri-ciri wong introver iku koyok ngene. Siji, sibuk dewe ambek wektune. Loro, ngehargai privasi. Telu, nduwe lingkar pertemanan sing sitik. Papat, sensitif, intropeksi, ambek nduwe rasa ingin eroh sing duwur. Limo, seneng ngungkapno dengan cara nulis timbang ngomong. Enem, seneng kerjo dewean. Tapi teko ciri-ciri iku mau, introver iku guduk antisosial. Mereka iki sek isok bersosialisasi dan sek tetep nduwe konco. Tapi, mereka iku kadang butuh waktu dewe gawe ngecas energine sak durunge bersosialisasi maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "689", "text": "Awak dhewe kudu nyepake pesta kejutan ulang taun kanggo koncone awak dhewe, opo neh koncone iki berharga banget kanggo awak dhewe. Mergo kui konco sing penting banget kanggo awak dhewe, awak dhewe kudu gawe acara sing ora iso dilalike karo konco cerak kui. Paling ora, awak dhewe iso ngekei acara sing meriah kui pisan sak suwe awak dhewe kenal karo wonge. Pesta ulang taun kejutan kui mesthi gawe seneng wong. Yen awak dhewe iso gawe sing paling meriah lan keno tekan atine, kui iso gawe koncone dhewe uga ora iso utowo ora gampang ngelaleke awak dhewe. Kui penting soale awak dhewe ora ngerti tekan kapan awal dhewe iso bareng karo wonge.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7556", "text": "Awak dewe isok ngeroso seneng nek pas gak sengojo papasan karo konco lawas. Opo maneh nek wonge iku mbiyene konco kentel, wah tambah akeh iku bahan obrolane. Tapi mbasio ngono, onok tips pas awakmu ngobrol karo konco lawasmu ben gak onok konflik selanjute. Soale kan wes suwe gak ketemu, pasti bakal akeh banget perubahane wong iku dan awakmu sisan. Golek topik pembicaraan sing gak marakno canggung. Siji, topik tentang masa lalu sing nyenengno. Topik sing koyok ngono iku isok marakno nostalgia dan awak dewe bakal ngeroso seneng pas ngiling-ngiling. Loro, hindari pertanyaan sensitif koyok pekerjaan, pernikahan, ambek fisik. Telu, ngobrolno topik sing dadi kesenenganmu karo konco lawasmu iku, semisal koyok anime.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9873", "text": "Wis setahun Dewi lan Dewa pacaran. Dina iki raine Dewi ketok sumpek banget. Dewi nyingitna samubarang sing gedhe banget. Dheweke ngewani-wanina kandha ning Dewa. Pas ana ing omah, akhire Dewi ngomong ning Dewa yen dheweke meteng. Dewa kaget pol, mripate mendelik kaya kate coplok, cangkeme mangap terus, lan tangane langsung gemeter. Yaapa ora wedi, Dewi meteng nalika bocah loro iku isih pacaran lan durung rabi. Dewi tambah nanging ndelok raine Dewa sing keweden. Dewi wedi bakal ditinggal karo Dewa amarga dheweke dhewe uga dhurung siap kanggo duwe anak. Bocah loro iku akhire nggolek dalan liyane kanggo ngadepi swasana iki. Dewa uga bakal janji kanggo ngerabi Dewi supaya bisa tanggungjawab karo apa sing wis dilakoni.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2951", "text": "Pas kau ngerjakno tugas nang gazebo kampus. Aku ora ngerti nag wong sing nang pinggirku koncoku dewe soale gawe masker ambek topian. Mari ngunu bocahe iku yo menengae soale aku yo gawe masker. Ngertine iku pas aku bukak maskerku soale ate ngombe mari ngunu bocahe nyeluk aku. Nah pas iku aku yo jumbul lah, kok deke kenal aku, tibak pas deke buka maskere aku langsung jumbul ambek nablek bocahe soale wes suwe ora petuk ambek deke ket mari lulus SMA. Terus mari ngunu bocahe cerito nag asline bocahe yo sak kampus mbek aku mok bedo jurusan ae. Bocahe yo certio nag asline yo sak angkatan mok bocahe sing arang nang kampus nek gak mlebu kulia.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4923", "text": "Wong liya sing uga nduweni cerita sukses yaiku penulis J.K. Rowling. Rowling kuwi penulis saka buku terkenal Harry Potter lan wis duwe penghasilan saka royalti bukune lan dadi wanita sing paling sukses ning Inggris. Rownling lair ning Inggris tanggal 31 Juli 1965. Rowling iki sempet ngopeni ibune sing lagi lara, banjur rabi lan pegat pas duwe anak siji. Sak wise pegat, Rowling ora duwe dhuwit lan ngelakoni penggaweyan apa wae sing penting bisa kanggo dadi sendenane urip. Kesuksesan Rowling iki dadi inspirasi wong akeh amarga saka wong sing ora duwe aji, saiki malah dadi sawijing warga Inggris sing diregani amarga usahane sing ora surut kanggo anake. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9154", "text": "Onok sing ngomong nek emosi negatif iku kudu diculno teko awak dewe ben “racun” iku mau isok ucul dan awak dewe isok ngeroso lego. Onok sing berpendapat sisan nek cara ngeculno emosi negatif iku dengan cara dilampiasno. Tapi jujur ae, aku gak setuju ambek pendapat iku. Ngelampiasno emosi iku ancen efektif isok langsung ngilangno amarah iku mau. Cuma nek dilakoni terus-terusan iku isok numbuhno sifat abusif nang awak dewe. Soale nek awak dewe gak nduwe wektu gawe ngelampiasno emosi iku mau, sing onok maleh stres dan efek e maleh isok ngelampiasno nang opo sing onok nang sekitare awak dewe. Malah kadang wong iku mau isok sampe nyakiti awake dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6137", "text": "Kanca ning kelas kuwi pancen nggregetne, apa maneh yen wayah dolanan, guyon, utawa ngomong babagan sing ana ning njaba pelajaran. Salah sijine yaiku bisa dadi isin amarga tingkah sing dilakoni awak dhewe. Ana kanca sing senengane ngece lan uga marai rasa percaya diri mudhun amarga seneng ngguyu tingkahe awak dhewe sing padahal kuwi wajar lan kudune ora lucu. Kanggo ngatasi kuwi, sing perlu dilakoni yaiku penguasaan diri kanthi bener, yaiku ora nanggepi cara guyon kuwi lan uga mikir yen kuwi mung guyonan sing ora ana pengaruhe karo pelajaran. Nanging yen wis berlebihan, kanca kuwi kudune oleh teguran ben kapok lan ora sembarangan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5313", "text": "Pelecehan fisik iki saiki gampang ditemokake ning internet. Yen ditanggepi serius, babagan iki bisa dari salah sawijine hukum pidana yaiku kejahatan ning dunya digital lan bisa kena UU ITE. UU sing bisa njerat kasus iki yaiku Undang-Undang Nomor 19 Tahun 2016 Tentang Informasi dan Transaksi Elektronik. Undang-undang iki bisa ngancem wong sing ngelecehake fisik, seksual, uga kehormatan sing bisa marai wog kuwi kisinan lan ora duwe aji. Bedha karo hukum liyane, ning UU ITE iki ganjaran kanggo pelaku yaiku kurungan 6 sasi kunjara uga denda denda paling akeh Rp1.000.000.000,00. Kamangka UU ITE iki perangkat hukum sing miturut ahli, gampang njerat sapa wae. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5688", "text": "Kanggo wong sing arep operasi, mesti ana rasa was-was marang prosedur sing arep dilakoni. Apa maneh prosedur operasi iki prosedur sing kaping pisan lan durung tau. Kaya misal wong sing arep operasi usus buntu, mestine dikongkon ngelakoni prosedur kaya poso utawa ora oleh konsumsi tanpa dituturi dokter fungsine kanggo apa. Wong sing kurang diedukasi bisa bingung lan wedi. Nanging yen wong kuwi duwe inisiatif nggolek informasi, mestine dadi ora grogi lan manut apa jare dokter. Kamangka sak durunge operasi, awak dhewe ayo golek informasi ben ora ngerasa wedi lan ngerasa aman uga duwe pikiran sing apik kanggo operasi sing arep dilakoni. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4449", "text": "Nag wong sing tau kleru nyeluk jenenge wong iku mesti yo ngeroso isin, tapi kudune nag wes kadung kleru nyeluk iku yo nang jaluk sepuro ben wonge iku maeng ngerti nag ancene klerune iku maeng ora disengojo. Terus opo maneh nag klerune maeng nang ngarepe wong akeh ambek konco-konco sing kenal karo wong sing kleru diceluk maeng yo tambah isin. Tapi isin iku maeng iso dadi nemen nag diterus-terusno mergo dadekno wong sing diceluk iku maeng tambah ora karoan pikirane. Nah siong tepak nag ancene kleru yo jaluk sepuro sak pantese mergo sing jenenge wong iku mesti ono klerune ora kok bener terus, wong nabi barang yo ono salahe kok opo maneh wong biasa.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4318", "text": "Akeh-ekehe wong iku mesti jember ambek sing jenenge jeding endut. Nah jeding sing endut iku maeng iso ae marakno wong sing ora kulino ambek jeding sing kene maeng iku maleh jijik nag delok iku maeng. Yo ancene ora kabeh wong sing delok iku maeng mesti jijik. Tapi roto-roto wong sing delok iku ngeroso koyok ngunuku maeng. Nah nag wes kadung delok utowo masi perkoro iku maeng yo palang nang mireh wae ben ora sampek masih perkoro sing luwih jemberi teko sing kemproh iku maeng, koyok contohne coro ambek kewan sing biasane ono nang jeding. Nah nag wes koyok ngunuku yo tambah ora karoan jemberi. Mangkane nag wes ketok nyawang yo nang ditinggal wae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4307", "text": "Roto-roto wong sing petok mutahan iku mesti jember ambek jijike pol. Nah sing garai jember ambek jijik iku mesti termasuk perkoro sing rusoh. Contohne ambune sing badeke megilan, sak liyane iku, ambune maeng iku yo ora mok badek tok, tapi kadang yo koyok telek barang mergo ancene mutahan iku termasuk panganan sing ancene ate dadi telek. Mari ngunu sing garai jember ambek jijik maneh yoiku rupane sing ancene jemberi mabek mangkelno. Nah rupane maeng iku yo macem-macem, karek panganan sing dipangan. Ono sing kuning, ono sing puteh ono sing ireng barang. Nah terus ono campuran iler-ilere ambek uro barang. Nah iki sing biasane marakno wong sing masi iku jijik", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2935", "text": "Prank saiki iku wes dadi perkoro sing biasa disiarno nang endi-endi koyok Instagram, Facebook, ambek Youtube barang yo tambah akeh. Terus nang siaran maeng akeh wong sing jumbul yo akeh wong sing geting polahe pas deke ono masalah sing jengkelno atine. Yo ono wae wong sing seneng ambek acara prank utowo delok wong sing diprank tapi yo mangkel nag kenek prank. Jare sing seneng delok wong sing diprank iku sing garai seneng yo raine wong sing jumbul polahe diprank maeng aneh-aneh, padal ora ngerti nag atine maeng asline mangkele orambloko, tapi yo ono sing biasa ae soale atine seneng utowo atine ora mangkel.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3495", "text": "Aku gelek kepetok bocah-bocah enom sing dolan nang daerah pegunungan iku moro-moro nyungsep nang gampinge sawa utowo lema sing pnggire dalan. Nah iku gedaden polahe reme blong, terus sing garai medeni nag pas rem blong nang daerah ngunuku yo resikone mlebu jurang. Aku gelek petok montor-monto koyok MPV utowo SUV barang ngunuku yo akeh sing jungkel nang jurang yo akeh utowo nabrak wit utowo pembatas dalan sak marine mudunan utowo dalan sing drojog. Sing biasane gelek remblong ngunuku ancene reme iku kepanasan terus akhire ora iso pakem oleh ngerem. Mangkane ben ora kuwatir ambek remblang yo kudu leren disek nang gonane panggonan sing wes ancene disediakno nang panggonan ngunuku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7118", "text": "Saiki gak onok uwong sing gak seneng nek isok lulus ujian, kabeh pasti sueneng banget. Dan gak awak dewe tok sing seneng, tapi wong tuwone awak dewe pasti melu seneng. Lulus ujian iku jelas gak isok ajaib moro lulus ngono ae, tapi kudu onok usahane. Dimulai teko sinau sing rajin. Mulai teko nguasai materi sing dadi bahan materi ujian engkok. Terus nek gelem maksimal, ditambah latihan soal sing meh mirip-mirip ambek model soal ujian sing kate digarap engkok. Ojok lali sisan dungo njaluk ridho nang Tuhanmu dewe-dewe. Nek awakmu wes ngelakoni telung poin iku, yakin deh bakal lancar kabeh. Dadi gawe awakmu sing gelem mbanggakno wong tuwomu, lakonono telung poin iku sak durunge nggarap soal ujian.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "272", "text": "Sebagai penggemar, wong bakal seneng pas ketemu idolane. Idola kui dadi panutane wong neng urip iki. Ngetuti idola kui iso gawe urip awak dhewe luwih apik ono sing nuntut dhewe neng dalan sing olo. Idola sing apik kui idola sing awak dhewe ikuti mergo prestasine. Misale, awak dhewe ngidolake LeBron James, trus awak dhewe dadi luwih semangat latian basket kanggo menang kejuaraan kota. Ora kudu prestasi, nanging iso sifat-sifate sing apik. Nanging, idola kui ora sempurna, uga pasti duwe kebiasaan sing olo. Ojo ngasi kebiasaan kui awak dhewe tiru. Awak dhewe kudu iso nyaring opo sing perlu awak dhewe trimo endi sing ngekei pengaruh buruk.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6188", "text": "Mangan daging, protein hewani, lan lemak kuwi bisa ngaruh marang ambune awak. Lemak sing berlebih iki marai sistem metabolisme ora normal lan ora bisa ngetokake keringet, apa maneh konsumen protein hewani iki jarang banget olah raga. Keringet sing dihasilake saka metabolisme iki bisa ngetokake racun. Buah lan sayur iki uga bisa marai awak luwih sehat. Kamangka, wong sing ana ning manca negara kuwi ambune bedha saka wong Indonesia amarga sing dipangan uga bedha, apa maneh wong sing kebiasa dadi vegan. Kamangka, yen pengen awak ora mambu lan isin ning cedhak wong, ayo njaga mangan mulai saiki lan uga sregem olahraga ben metabolisme iki tambah lancar. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8382", "text": "Onok salah siji panganan sing terkenal sing asale teko Filipina, yaiku pagpag. Pagpag dewe iku sitilah teko boso Tagalog sing artine panganan sisa sing dihasilno ambek restoran sing dikumpulno teko tong sampah utowo panggon pembuangan umum. Biasane panganan sing dikumpulno iku teko restoran cepat saji. Pagpag iki isok berupa daging beku sing wes kadaluarsa, iwak, utowo sayuran sing diguwak karo supermarket nang truk sampah. Pagpag iki lahir dadi solusi gawe ngatasi kelaparan sing kedaden mergo kemiskinan ekstrem nang Filipina. Alesan uwong kono mangan panganan iki yaiku mergo gak nduwe duit gawe tuku panganan sing layak. Onok sisan sing alesane ngutamakno kecantikan timbang gizi gawe awak.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1061", "text": "Inciman kui secara umume ono rong jenis. Sing kesiji kui, anciman kanggo senjoto. Senjotone kui iso opo wae iso nganggo peso utowo benda sing landep piyane, iso nganggo pestol, lan uga iso nganggo opo wae sing iso nyilakani awak dhewe. Wong sing biasane ngelakoke anciman iki wong sing pikirane cetek utowo dheweke ora duwe pendidikan sing duwur. Biasane kui dilakoke karo maling, copet. lan premen. Awak dhewe dikon nuruti opo sing diomongi karo wong sing ngincim kui nganggo dalan kekerasan. Dheweke mungkin durung tentu wani ngelukani utowo nyilakani awak dhewe. Mungkin dheweke dhewe uga wedi. Kui jenis inciman sing kesiji.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7966", "text": "Awakmu tau ta, gak onok abang gak onok ijo, moro onok uwong sing ngancem awakmu teko aplikasi chat koyok WhatsApp? Contoh, si pelaku teko kota A iku ngancem bakal mbunuh awakmu padahal awakmu urip nang kota K. Dadakno koyok ngono iku isok dilaporno nang pihak polisi lho. Nek awakmu ngalami sing koyok ngono, cepet lakoni prosedur iki. Siji, langsung teko nang penyidik POLRI nang unit Cybercrime gawe laporan nang kono. Loro, engkok penyidik bakal ngelakoni penyelidikan sing isok dilanjut nang proses penyidikan atas kasus bersangkutan Hukum Acara pidana ambek ketentuan nang UU ITE. Telu, nek proses penyidikan wes mari, berkas perkoro bakal dilimpahno nang penuntut umum gawe dilakoni penuntunan nang pengadilan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2987", "text": "Gawe jumbul wong sing ulang tahun ambek hadiah iku wes ora atek neko-neko. Nag jaman saiki mesti aneh-aneh nak ate nguwei ulang tahun nang koncone ben jumbul polahe iku maeng. Nah carane ben koncomu maeng jumbul ambek hadiah sing bok wei maeng iku piye, yo hadiahe golek hadian sing ancene dibutohno utowo disenengi ambek koncomu maeng terus dihias sing apikae wes bakal dadekno koncomu jumbul polahe hadiah iku. Soale ancene barang sing dihadiakno iku barang sing diarep-arep tapi ora iso duwe-duwe soale ora iso tuku utowo durung iso duwe. nah teko coro iku ae wes iso garai koncomu maeng jumbul soale hadiah iku bakal dianggep penting nang uripe.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9403", "text": "Setaun sawise Dimas ditampa kuliah ana ing kampus Malang, dheweke baru ngerti yen kesempatan iki yaiku kesempatan sing ora oleh disia-siakke kanggo Dimas. Dimas kasil dadi bocah kampus Malang sing digoleki bocah sak Indonesia. Nalika Dimas ndelok bangunan kampus sing gedhe, ana kolam iwak ing tengah-tengah, ana tlaga sing ngalir banyu saka gunung, bisa langsung ndelok gunung nalika mbukak jendela kelas. Dimas janji yen dheweke ora bakal males lan bakal sregep sinau. Dimas uga ngiling-iling nalika dheweke berjuang kanggo bisa ketampa ana ing kampus iki nganti sinau saben dina ora kenal wektu lan babagan apik liyane sing dilakoni supaya bisa dadi panyurung dheweke bisa ketampa ana ing kampus iki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9832", "text": "Dhek dina wingi sakjane ana konser band sing paling taksenengi yaiku SMASH. Aku wis seneng banget akhire bisa ndelok SMASH amarga aku wis seneng banget wiwit isih SD. Ora ana udan, ora ana apa-apa ndilalah kancaku ngomong yen konser SMASH iki ora sida amarga ora nduweni ijin ning lapangan tengah kutha. Raiku wis sepet banget, mripatku abang amarga wis ngempet kudu nangis, atiku rasane ora karu-karuan. Masa ya konser SMASH sing wis tak enteni bakalan ora sida. Jebule kancaku malah ngguya ngguyu. Aku uga tambah bingung amarga kok dheweke ora gupuh. Sawise ngerti raiku sing epet, dheweke njaluk sepura lan ngomong konsere SMASH bakal tetep mlaku amarga maeng gur ngeprank aku. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1115", "text": "Doso sing awak dhewe ulang-ulang terus kui doso sing angel dimaafke karo Gusti Allah. Mungkin, Gusti Allah bakal tetep ngekei ampunan neng awak dhewe, yen awak dhewe tenanan pengen berubah. Nanging yen awak dhewe ngelakoke doso lan diulang-ulang terus, opo kui tandane awak dhewe tenanan arep berubah dadi wong sing luwih apik. Iki isi didelok awak dhewe lagi ngedolanke Gusti Allah. Awak dhewe ngerti yen Allah bakal ngekei ampunan neng awak dhewe. Awak dhewe ora ngeroso wedi lan kuwatir meneh sak ben ngelanggar aturan-aturan agama. Yen pola pikire dhewe koyo ngono, awak dhewe ora bakal berubah. Allah uga ora bakal ngapurani awak dhewe yen awak dhewe ora ngaku wis ngeloakoke doso lan janji ora ngelanggar meneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2075", "text": "Sing panik yen ono wong keno serangan panik kui dudu sing ngerasake nanging wong-wong neng sekitare. Wong sing keno serangan panik kui mung iso pasrah nerimo serangan panik kui. Dheweke ora iso ngelakoke akeh, mergo pikirane uga ora iso dijak mikir sing rasional meneh. Dadi sing panik kui cetho wong-wong neng sekitare. Dheweke delok wong sing keno serangan panik kui koyo lara, napase ono sing dadi cekak, ono sing awake dadi gete, lan gerakan sing ora wajar liyane. Sopo sing ora wedi yen delok koyo ngono. Ditambah meneh, awak dhewe sing deloki durung mesthi iso nemoke coro sing pas kanggo nenangke dheweke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2056", "text": "Misale awak dhewe lagi numpak montor, awak dhewe mungkin dietuti montor liyo sing duwe niat olo. Mungkin wae wonge kui arep ngebegal awak dhewe. Kui biasane kedadean pas tengah bengi, nanging ora nutup kemungkinan kui dilakoke pas awan-awan. Supoyo awak dhewe ora ngalami kedadean koyo ngono, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso golek dalan sing rodo rame lan padet pas wis ngeroso ono sing ngetuti. Supoyo yen dheweke arap ngalakoke opo-opo ono saksine lan mungkin wae dheweke dadi luwih mikir-mikir mergo ora ono dalan kanggo mlayu. Sing keloro, awak dhewe iso mampir neng panggon umum sing rame.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1190", "text": "Taun 2022 awal wingi, mungkin sekitaran sasi Maret. Aku karo adiku lagi perjalanan bali. Awak dhewe numpak montor seko kampus neng omahe dhewe. Pas kui kebetulan banget lagi udan. Pas arep cerak omah. Adiku delok ono ibu-ibu sing delosor neng dalan. Senadyan aku ora iso delok, nanging aku kerongu dhewek bengok sakdurunge tibo. Perkiraanku kui rem montor ibuke kui ora pakem utowo mungkin pakem nanging ngereme nganggo rem ngarep dadi luwih ora stabil. Opo meneh ku bar udan, mesthi dalane dadi lunyu banget. Pas kui, aku makin wedi yen numpak montor banter-banter pas udan lan aku mesthi ngecek kondisi rem montorku sakdurunge lunga.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4807", "text": "Padha kaya LPDP, ning jenjang sak durunge kuwi ana beasiswa bidikmisi kanggo mahasiswa sing kurang mampu saka segi biaya. Beasiswa bidikmisi iki uga ngandelake nilai sekolah yen arep mlebu. Salah siji persiapane kuwi ana administrasi dokumen kaya dokumen pribadi kalebu akta, nilai rapor, lan dokumen keluarga. Kaping pindho, surat keterangan tidak mampu (SKTM) saka kelurahan. Yen bidikmisi tahap pertama biyasane ngumpulake foto omah lan ngumpulake tagihan banyu, listrik, lan tanggungan. Kanggo verifikasi, biyasane ana petugas khusus sing kunjungan ning omah calon peserta bidikmisi. Ana sesi wawancara karo wong tuwa lan calon penerima beasiswa. Bar kuwi, pengumuman beasiswa kuwi dibarengake penerimaan kampus. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1077", "text": "Awak dhewe ora entuk wedi yen arep nulungi wong sing kelelep, opo meneh wonge kui wong sing cerak karo awak dhewe lan utowo wong sing awak dhewe kenal. Yen awak dhewe ngerti iso renang kudune ora ono alesan kanggo awak dhewe ngeroso gamang. Yen misale, awak dhewe ora nulungi kui mengko awak dhewe ngeroso getun. Opo meneh ngerti yen akhire wong kui ora slamet utowo cidra sing parah banget. Awak dhewe ngerti yen awak dhewe iso ngehindari kui kabeh, nanging mergo wedi kui awak dhewe dadi ora gerak blas. Makane kui, ono wong sing kelelep kui kudu awak dhewe tulungi. Mungkin ora ono manfaate secara materiil, nanging atine dhewe bakal ngeroso lego iso nulungi wong liyo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5293", "text": "Ning dunya iki isih ana akeh harta karun sing durung ditemokake. Salah sijine yaiku perhiasan ning Sarkofagus Menkaure sing ana ning Mesir. Menkaure iki salah siji saka telu piramida Giza sing ana ning Mesir. Piramida iki dibangun kira-kira wis 4500 taun. Perwira militer Inggris, yaiku Howard Vyse, sempet njelajahi piramida iki taun 1838. Vyse nemu akeh harta karun kaya perhiasan lan sarkofagus sing ana ning Giza lan ngirim harta karun kuwi lewat kapal dagang Beatrice. Nanging kapal dagang kuwi kelem lan ilang pas ana ning perjalanan. Kamangka, peninggalan Menkaure iki kalebu dadi harta karun kuna sing lagi digoleki ning dunya. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4410", "text": "Pas aku budal nang Suroboyo, aku numpak bis sing ancene ketepakan rodok rame tapi untunge aku oleh panggonan lunggo, nah ketepakan sing piggirku maeng iku wong wedok sing rodok ayu titik. Nah pas aku lunggo kono wong iku maeng nyopo \"monggo mas\". Nah aku yo bales \"nggeh\" mater suwung. Pas bise mlaku wonge maeng moro-moro ngentut nag direngekno asline yo kringe tapi pas iku aku epok-epok gowo headset ben wonge ora isin mergo entute maeng yo banget asline. Wong bocah SMA sing nang guriku ae kringi. Nah wonge sing ngentut maeng rodok mendelep raine pas tak delok teko kocone Hpku, yo aku ngerti nag deke maeng isin mergo entute maeng muni banget.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3339", "text": "Wedi polahe sekarat iku wes ancene lumrah ambek wajar dirasakno nang uripe menungso. Soale sing jenenge sekarata iku mok ono rong kemungkinan sing bakal diadepi yoiku mati ambek urip. Tapi yo delok disek opo sing kiro-kiro dadekno sekarate wonge iku maeng. Nag ancene ono kemungkinan iso waras artine wong sing sekarat iku maeng kudu meloki anjurane dokter ben iso nang cepet waras. Nah wong sing sekarat mesti dianjurno sabar soale keadaane wong sing sekarat nag ora iso sabar mesti garai wong mentale wonge yo melok sekarat menisan. Nag ancene wonge iku mentale dikuatno terus, masio sekarat kemungkinan isek iso kuat. Iku nag ancene sekarate ono kemungkinan waras.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8344", "text": "Roto-roto serangga iku isok urip nang ndi ae dan ndek kondisi karo situasi opo ae. Salah sijine iku nang omah sing wes kosongan. Awakmu coba gatekno deh, omah sing kosongan iku pasti maleh akeh seranggane. Mulai teko laba-laba sampe coro. Hal iku mergo serangga nang omah iku gak bakal onok sing ngusik. Mulai teko laba-laba sing tambah akeh dan nggawe jaring-jaring nang kono, gak bakal onok sing ngresikno. Terus omah iku sisan dadi tambah rusuh, tapi malah dadi panggon senengane coro. Rong hal iku sing marakno omah kosong iku muesti dadi panggone serangga. Tambah suwe omah iku kosong, tambah akeh serangga sing onok nang kono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2073", "text": "Ekspekasi sing terlalu adoh kui iso nyebabke serangan panik. Opo sing kedadean neg donyo nyoto lan opo sing ono neng bayangane dhewe kui ora gatuk. Sebenere yen kui kahanane koyo ngono wong paling mung ngerasake kuciwo. Kui sebenere tetep ono opo-opone nanging dampake ora koyo serangan panik sing luwih parah. Ekspektasi sing terlalu adoh kui gawe serangan panik nek wonge kui ngarep banget opo sing ono neng bayangke kedadean. Misal ono pasangan suami-istri. Sing lanang kui sayang banget karo bojone koyo dheweke ora iso urip nek ora ono bojone. Dheweke dadi mikir yen dheweke bakal utowo kepengin sedo disikan. Nanging yen misale bojone sing ora ono disikan, dheweke mesthi bakal ngerasake serangan panik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7688", "text": "Gawe awakmu sing wes terjun nang dunia kpop, pasti wes kenal banget ambek istilah fansite. Fansite iki uwong sing biasane ngefotoi artis senengane dan bakal disebar nang akun media sosiale. Dan nek awakmu niteni, ben foto iku pasti onok watermark e. Gunane watermark iku penanda kepemilikan. Hal iku ben gak onok wong liyo sing njupuk foto iku dan ngakoni nek foto iku karyane de’e. Biasane watermark iku gawe tulisan biasa. Tapi nek fansite iku wes njembek mergo fotone diakoni dadi nggone wong liyo, mereka bakal ngekeki watermark sak gede gadang cek gak angel diedit dan wong sing ngakoni iku isok kapok. Dadi gawe awakmu, ojok atek resek ngedit watermark e fansite lho rek.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "615", "text": "Barang kui dudu hal sing mesthi awak dhewe kei pas ngekei hadiah kejutan. Barang kui termasuk panganan lan sak liyane kui emang dadi hal sing paling kerep dadi hadiah. Nanging, sebenere bentuke ora mesthi kui. Intine kui awak dhewe arep gawe seneng wong kui, dadi bentuk hadiahe kui opo wae ora masalah. Iso wae hadiah sing awak dhewe kei kui bentuke pengamaman. Misale, awak dhewe ngejak konco sing lagi ulang taun kui dolan-dolan bareng ke luar kota bareng konco-koncone sing liya. Mungkin, bagi dheweke, plesiran kui dadi hal sing arang dheweke rasake. Opo meneh iso ngerasake pengalaman kui bareng konco-koncone. Kui bakal marai dheweke tambah seneng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3731", "text": "Pas acara KKN tahun 2015, bocah-bocah sak kelompok ambek aku ngejak gawe acara panggang ayam. Nah aku ambek koncoku sing bocah Lumajang iku tugase golek pitik nang pasar terus sing liyane iku nyiapno bumbuni ambek liyan-liyane. Nah pas tutuk pasar koncoku moro-moro nyirik-nyirik polahe ambune nang pasar iwak kan rodok mangkelno amise orambloko. Pas tak takoni, tibake bocahe iku ancene jijik ambek sing ambe amis-amis ngunuku. Tapi roto-roto kabeh wong iku mesti jijik nag ambu amis-amis ngunuku. Masio iku mok sedelok utowo ora masih. Tapi yo ono wae sing ora lapo-lapo koyok aku barang kan ora masalah, masio aku sing beteti iwake barang yo biasa ae.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7150", "text": "Salah siji pengalaman sing paling menyenangkan nang uripku iku pas eroh salah siji idol trainee Korea sing wes tak dukung ket suwe bakal debut dadi idol. Jenenge Lee Keonhee, sing saiki wes dadi anggota boygroup Oneus. Pas aku eroh Keonhee bakal debut, aku bener-bener bahagia banget. Soale aku iling banget wes dukung de’e ket tahun 2017. Aku tau de’e teko acara survival show sing jenenge Produce 101 Season 2. Aku langsung jatuh cinta ambek kemampuan vokale sing apik banget. Sayange de’e kudu keeliminasi dan gak isok melbu final. Tapi mbasio ngono, aku tetep dukung de’e dan sek tetep ngikuti perkembangane de’e. Makane pas diumumno de’e bakal debut nang grup Oneus, aku seneng banget. Rasane iku kabeh penantianku terbayarkan penuh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9182", "text": "Institut Pertanian Bogor utowo biasa disingkat IPB iku salah siji Perguruan Tinggi sing lokasine onok nang Dramaga, Bogor, Jawa Barat. Mbiyene IPB iku Fakultas Pertanian nang Universitas Indonesia. Terus IPB diresmikno berdiri dewe pas tangal 1 September 1963. IPB nduwe moto “Inovasi Menginspirasi dalam Integritas\". Nek moto boso Inggris e iku “Inspiring Innovation with Integrity”. Lembaga induk e IPB iku Kementrian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi. Saat iki, Rektor IPB gawe periode 2017—2022 iku Prof. Dr. Arif Satria, S. P., M. Si. Nang kampus iki, onok sulas fakultas ambek siji sekolah pascasarjana. Warna sing dadi identitas kampus iki yaiku biru tuwo.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3864", "text": "Akeh wong sing mikir nag konongan utang iku dadi perkoro sing ngisin-ngisini. Tapi nag jareku iku yo ora masalah masio iku konangan soale kan sing jenege urip iku ora ngerti kebutuhan ambek masalah sing bakal diadepi mangkane iku yo ora perkoro sing ngisine se, tapi iku wes dadi perkoro sing elek nang wong-wong padal asline yo ora masalah nag utang. Nah sing garai iku maeng dadi perkoro sing ngisino iku asline yo wong-wong dewe, ora perkoro utange. Tapi polahe wong sing duwe sifat gengsi ambek liyane maeng mangkane utang maelh dadi perkoro sing elek ambek ora perlu diwerohno wong liyo. Terus nag sampek konangan maleh dadi perkoro sing eleke megilan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "390", "text": "Perkoro urusan omah, aku sing paling telaten timbangane adiku. Aku isih lan iso masak. Asah-asah, nyapu, lan ngepel isih sregep aku. Wingi tau, aku karo ibuku kudu ngenteni eyangku sing lagi sakit neng Bogor. Adiku isih tetep neng Yogyakarta soale kudu dadi asisten kelas neng kampuse. Selama adiku ditinggal kui, dee ora bener-bener dhewekan. Adiku nginep neng omahe budhe lan pakde sing ono neng Lempuyanga. Senadyan ono wong sing iso ngebantu beres-beres omah, uripe adikun neng jero tanda kutip tetep wae berantakan. Budheku kui mergo isi sibuk lan perlu akeh istirahat dadi kerep ora masak. Pas budheku ora masak kui, adiku nrimo ngelih timbange masak dewe neng dapur. Kamare uga berantakan banget koyo kapal pecah. Adiku kui duwe kebiasaan nyebar-nyebar barang. Ruangan sak sempit koyo opo wae lan dudu pangone wae barang-barang dee kui mesthi kesebar. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2094", "text": "Rante motor kendo kui podo medenine karo rem sing ora pakem. Loro-lorone kui iso nyilake. Sing ciloko kui pengendara montore lan wong-wong sing ono neng salan liyane. Mbuh rante montor sing kendo lan rem ora pakem kui sebenere iso dicegah seko awal. Yen montor kui reme ora pakem utowo mulai keroso ora pakem koyo biasane, awak dhewe wis iso ngerasake. Yen rante montore kendo, awak dhewe iso krungu swara sing aneh seko ngisor montor dhewe pas lagi mlaku. Makin gedhe swarane kui makin parah kahanane. Nek misale swarane krungu cetho pas awak dhewe nganggo helm artine kui wis parah. Dadi yen wong iso keno kacilakaan mergo salah siji seko alesan kui ketok bodo banget.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "769", "text": "Akeh wong-wong wedok sing saiki ngomong perkoro ketidakadilan sing dialami selama iki. Dheweke protes mergo dheweke ora dikei hak sing podo karo wong-wong lanang. Awak dhewe kudu gateke karo perkoro ketimpangan gender iki. Mergone, iki bakal pengaruh neng uripe awak dhewe. Sing kerep dikeluhke wong wedok kui dheweke ora entuk kesempatan kerjo sing podo. Yen perkoro iki wae, iso dadi podo antara wong wedok lan wong lanang. Yen misale, pasangan suami-istri kui cerai sing baisane dirugike kui sing wedok. Dheweke kudu ngurus dheweke dhewe lan anak-anake. Senadyan, yen kesempatan kerjo kui ora podo. Wong wedok sing wis dadi rondo kui mau bakal angel ngekei mangan kanggo kaluargane sing wis ora wutuh kui.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4325", "text": "Sing jenenge telek iku mesti jemberi ambek jijiki mergo iku termasuk barang sing rusok sing ora pantes dipareki opo maneh dijemok, dadi yo wes lumrah ambek biasa nag ono wong sing petuk teleke kewan iku mesti jember ambek jijik. Masio iku wes kulino ngadepi tapi roso jijik nang wong sing kulino iku maeng yo tetep ae ono mergo iku wes dadi sifate alami menungso. Nah sing marakno roso jijik iku maeng ora mok telek tok, tapi ambune iku lo sing ora enake megilan mergo iku kan telek. Terus telek nag kenek wong barang tambah ora karoan mangkelnoe, soale sak liyane endut ambek angel ilangane ambune barang yo ora enake pol.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8036", "text": "Salah siji bencana alam sing paling akeh kedaden nang tahun 2022 iku gempa bumi. Bahkan, nang panggon-panggon sing jarang onok gempa bumi ae isok kedaden. Nek wes ngono, awak dewe kudu eroh opo ae sing kudu dilakoni pas ngadepi bencana gempa bumi iki. Siji, berlindung nang ngisor meja. Tujuane ben awak gak kenek barang-barang sing podo logor mergo guncangan gempa. Loro, lindungi sira ambek pirang alat. Isok nganggo helm, bantal, utowo papan. Telu, jauhi gedung ambek tiang. Papat, ojok numpak Lift. Mending nganggo tangga darurat. Terakhir, jauhi laut. Gempa iku isok marakno gelombang tsunami, dadi mending nang panggon dataran sing luwe duwur.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7111", "text": "Kabeh koncoku sing milih nerusno sekolah nang SMA swasta isok langsung lolos tanpa tes maneh soale SMP ku sing iki sek sak yayasan ambek SMA swastane. Dadi mek perlu daftar ambek tes psikologi, wes mari deh. Tapi mergo aku milih gawe melbu SMA negeri, dadi aku kudu tes tulis maneh. Aku pun mulai rajin nggarap latihan soal cek engkok isok lancar ngerjakno tes tulise. Pas hari tes e, syukur aku isok ngerjakno tes e tanpa halangan, dadi aku rodo lego mari nggarap tes e. Pengumuman e gak suwe, yaiku seminggu marine tes. Pas wes dino pengumuman, aku cepet-cepet buka web e gawe ndelok hasile. Eroh aku lolos tes dan resmi dadi murid SMA negeri, aku langsung jingkrak-jingkrak saking senenge.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "394", "text": "Urip dhewean kui mesthi ora gampang. Nanging sinau, urip dhewe kui penting. Soale, gelem ora gelem, awak dhewe bakal nemu titik sing kudu urip dhewe. Wektune iso kapan wae, iso luwih cepet seko sing dibayangke. Urip dhewean kui ono keterampilan dhewe. Reresik omah kui ora iso disepeleke. Opo meneh yen awak dhewe duwe kesibukan. Awak dhewe kudu sinau bagi wektu, kapan kanggo kerjo lan kapan wektu sing diengo resik-resik. Coro resik-resik ben kabeh dilakoni secara efektif kui yo angel, piye carane reresik cepet nanging hasile tetep kinclong. Masak uga dadi keterampilan sing penting yen arep urip dhewe. Awak dhewe tetep ora mungkin tuku panganan terus neng jobo. Urip dhewean uga kudu duwe kemampuan piye carane ora gampang ngeroso bosen lan ngerti carane ngisi wektu selo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5737", "text": "Pelatihan PMR ning sekolah iki penting banget kanggo edukasi para siswa babagan bencana alam sing kemungkinan ana ning lingkungane kaya banjir, gempa, longsor, tsunami, lan uga sak panunggale. Para petugas PMR iki bisa nggawe kesepakatan pelatihan karo PMI lan uga BPBD kanggo kampanye babagan cara sing bisa dilakoni ben ora kena risiko bencana. Pihak sekolah iki uga kudune ngewenehi persetujuan amarga pelatihan siaga bencana iki bisa ngurangi rasa was-was uga trauma marang bencana alam, utamane kanggo sekolah sing cedhak gunung utawa laut lan duwe potensi luwih gedhe kena bencana alam. Sekolah uga bisa ngelakoni evaluasi marang titik evakuasi ning sekolah kanggo jaga-jaga. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4343", "text": "Sing jenenge serangga iku pirang-pirang jenise, contohne koyok semut, coro, walang, uler, ambek liyan-liyane maeng. Nah sing jenenge serangga iku mesti duwe kelompok-kelompok sing biasane mesti ngumpul. Tapi masio iku termasuk kewan sing cilik, tapi akeh ae wong sing nang delok kewan iki maeng iku mesti jember ambek jijike megilan. Nah perkor jijik iku maeng biasane ono salah siji perkoro sing ancene nemplek nang awake serangga meang akhire dadekno wong sing delok maeng ngeroso koyok ono barang sing paling dijemberi ambek paling di mangkeli. Mangkane yo ora salah nag ancene ono sing mangkel ambek jijik karo sing jenenge serangga maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5207", "text": "Akeh wong kang percoyo yen setan utawa dhemit iki ana. Nanging rasa wedi kuwi ya mung dadi salah siji wujud pikiran sing ora kekontrol lan ana ning kondisi gelombang sing kesel. Kanggo wong sing duwe rasa wedi marang sebangsa dhemit, ana cara kanggo ngindarake saka trauma utawa rasa wedi kuwi. Kaping pisan yaiku akeh sinau babagan agama lan keimanan ben bisa dirangkul karo rasa tenang lan adem ayem. Kaping pindho, yaiku nduwe sangu apalan ayat-ayat saka kitab suci sing dianut, misal kaya Al-quran utawa salam Maria. Kaping telu, kudu nduwe pikiran yen kabeh cerita babagan setan lan dhemit iki dudu cerita sing ana temenanan. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4899", "text": "Maca buku kanggo anak kuwi kudune wis bisa dimulai saka umur 0 taun amarga bisa ngerangsang perkembangan saraf lan motorik alus. Ana buku-buku interaktif sing bisa narik anak ben gelem buka buku. Nanging, saiki akeh wong tuwa sing nukokake buku nanging ora ndelok umur bocah lan ora sesuai karo perkembangane. Kaya bayi sing lagi latihan motorik lan wis bisa nyekel barang sing ning sekitare, nanging karo ibune ditukokake buku sing bahane tipis lan cepet rusak. Kamangka, saiki yen arep nukokake buku kanggo anak, kudu ndelok umur lan kebutuhan ben ora nyesel lan anak cepet bosene karo buku kuwi. Amarga kuwi, saiki ayo luwih perhatian maneh karo literasi anak. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1022", "text": "Awak dhewe sering lali yen artis kui sejatine kui mung menungso biasa koyo awak dhewe iki. Dheweke iso wedi karo perkoro-perkoro sing awak dhewe anggep sepele. Misale koyo pelakon Iko Uwais. Dheweke kui dikenal kerep jedul neng film-film laga. Nanging sopo sing ngerti, yen dheweke kui wedi karo kerupuk. Ono uga artis sing wedi karo buah-buahan, koyo Desta. Artis sing kerep disadningke karo Vincent kui jebul wedi karo woh kates. Artis sing liyane sing wedi karo woh kui Raffi Ahmad. Artis sing disik duwe grup vokal Bukan Bintang Biasa iki jebul wedi karo rambutan. Artis Omesh uga duwe fobia sing unik. Dheweke kui wedi karo sego kotakan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9463", "text": "Ora nyangka yen aku bakalan diceluk karo rektor ing panggon kuliahku kanggo nrima penghargaan. Aku dadi salah siji mahasiswa sing duweni biji dhuwur lan apik yaiku 3.95. Nalika diceluk, atiku nggegirisi lan ndredeg amarga sing ndelok uga kurang luwih sewu wong. Aku maju kanthi lirih-lirih ning panggung lan nrima penghargaan iku kanthi mesem. Swara keplok-keplok uga nggema ana ing panggon iku nambahing dredeging atiku. Sawise mudun saka panggung, kabeh wong sing ana ing kursi padha nyalami aku lan ngaturake ndherek bingah marang prestasiku. Aku seneng banget lan iki dadi pengalaman sing ora bakal tak lalekke ana ing uripku. Iki uga dadi babagan sing bisa nggawe semangat belajarku kuwih gedhe maneh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5683", "text": "Jaman saiki tambah akeh maceme penyakit lan marai was-was. Salah sijine yaiku kista ovarium utawa kista sing ana ning rahim lan bisa mbahayakake kanggo wong wedok. Nanging penyakit iki marai bimbang amarga wedi, yen dioperasi rahime malah sing diangkat. Nyatane, operasi iki malah dianjurake sak durunge tambah gedhe amarga kista iki bisa ngembang dadi kanker lan pendarahan. Prosedur kango ngangkat kista iki uga ana prosedur laparoskopi lan ana laparotomi terbuka. Laparoskopi iki dilakoni yen kista iki ukurane isih cilik lan sekirane bisa cepet diangkat, laparatomi terbuka iki kanggo kista gedhe sing nimbulake kanker lan kudu diangkat amarga risikone luwih gedhe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2592", "text": "Seneng polahe anak yoiku roso sing moro-moro teko polahe delok anak, roso sing dimaksud nag kene yaiku roso seneng sing muncul teko emosi sing apik. Roso sing nginiki asline apike megilan kanggo wong sing ngerasakno roso iki. Sing penting roso koyok ngeneki ora diumbar-umbar utowo dipamer-pamerno nang uwong liyo. Lah lapo kok iso dadi ora apik nag diumbar-umbar, soale roso ngunu iso ae maleh elek polahe sing jenenge anak isek jilik ono kalane nyenengno ono kalane yo ngenesno. Lah nek wes kadong roso seneng sing diumbar dadi roso seneng sing megilan iso dadekno roso mangkel sing mengilan barang. Dadi roso seneng sing nginiki wes ora perlu di umbar-umbar.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9163", "text": "Plagiarisme iku penjiplakan utowo njupuk karangan, pendapat, utowo sing liyane teko wong liyo dan ndadekno seakan iku tekne dewe. Jenise plagiarisme iku onok akeh, salah sijine plagiarisme berdasarno aspek sing dicuri. Jenis iki onok macem-macem sisan. Siji, plagiat ide. Plagiat iki cenderung angel dikonangi soale sifate sing abstrak. Loro, plagiat kata demi kata. Plagiat iki ngutip karyane wong liyo secara kata ben kata tanpa nyebutno sumbere. Telu, plagiat sumber. Plagiat iki kedaden nek wong iku ngutip sebagian karyane wong liyo tanpa ngekeki referensi sumber karyane. Terakhir, plagiat kepengarangan. Plagiat iki dilakoni dengan cara nulis ulang karya tulis sing disusun ambek wong liyo dan didadekno tekne dewe.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3884", "text": "Koncoku iku tau ngomong nang ngarepe bocah akeh nag klambiku ambune ora enake pol. Yo ancene isin se awitane gara-gara dienyek koyok ngunu, opo maneh nang ngarepe bocah akeh. Tapi akhire aku nganggep iku biasa ae dadi yo ora sepiro kepikiran ambek biasa wae dadine. Masio kadang aku yo isek rodok isin polahe iku. Tapi jarene koncoku sing bendinone lunggoh ambek aku iku ngomong, anggepen ae iku entut liwat engko lak ilang dewe ambune. Ket iku aku nag ono wong ngencek utowo ngisino aku wes ora tau tak anggep soale ancene wes biasa ngadepi ngunuku kat cilik. Terus ngunuku kan karek wonge mikir piye, nag wonge mikir iku perkoro sing ngisin-ngisine deke yo bakal isin temen.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7549", "text": "Jaman saiki, nek kate check-in nang pesawat iku gak kudu nang Bandarane langsung, tapi isok dilakoni dewe lewat hp secara online. Istilah liyane iku web check-in. Web check-in iki dilakoni nang web resmi maskapai pesawat iku mau. Dan menurutku, web check-in iki penting banget nek awakmu pesen tikete teko online sisan. Hal iku soale ben awak dewe isok eroh perubahan jadwal sing gak disongko-songko dan iku gak tertera nang tikete. Teko pengalamanku dewe, aku kudune berangkat jam 1 awan. Tapi pas web check-in, aku dadi eroh nek onok perubahan jadwal keberangkatan dadi jam 8 isuk. Untung ae aku web check-in disik. Nek gak, awakku pasti bakal ketinggalan pesawat. Dadi gawe awakmu, ojok lali gawe web check-in sisan yo rek.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6116", "text": "Kentut kuwi proses alami sing ana ning awake menungsa. Pangaan sing mlebu ning lambung kuwi bakal dicerna lan lapisan njero lambung bakal ngasilake asam lambung. Banjur pankreas iki ngasilake bikarbonat sing marai asam lambung sisa panganan kuwi dadi luwih netral kamangka bisa dicerna ning usus. Proses iki ngasilake gas, apa maneh pas ning usus besar, sisa panganan iki bakal dicerna karo bakteri sing mecah protein lan uga ana tambahan-tambahan gas sing kudu digawa metu saka awak ben ora kembung. Proses pencernaan iki ngasilake karbon dioksida lan kabeh proses iki wajar. Kamangka, asal njaga sopan santun, ngentut kuwi normal lan ora usah isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6017", "text": "WC utawa kakus sing mampet ning pom bensin iki dadi masalah sing gedhe apa maneh kuwi dadi salah siji fasilitas umum sing bisa diakses karo para pelanggan pom bensin. Sing marai ora nyaman yaiku pegawai pom bensin iki ora peduli karo karesikane jedhing. Kamangka, yen ana kasus kaya iki, aja panik lan ngerasa jijik uga trauma. Yen ana jedhing liyane, cukup nganggo jedhing pengganti kuwi mau lan nyiram kanthi resik ben ora ana sisa pembuangan. Aja mbuwang pembalut uga barang sing sekirane bisa mbumpeti kakus. Yen wis rampung, siram nganggo banyu sing akeh, banjur ngelaporake marang petugas pom bensin yen ana jedhing sing lagi mampet.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3310", "text": "Aku pas muleh teko Jogja bengi-bengi, terus lewat daerah Alas Caruban mesi rodok kuwatir soale nag kono masio dalan gede ambek akeh trek gedi sing liwat, tapi nag mlaku bengi dewe terus ono montor alon-alon teko guri mesti wedi ambek kuwatir nag dibegal. Soale koncoku iku tau ditodong gaman teko ngguri pas mlaku bengi teko Suroboyo tapi lali nag endi. Mangkane aku nag mlaku bengi mesti gowo kunci sepeda sing gede soale gawe jogo- jogo nag ono opo-opo nang dalan koyok begal ambek koyok ngunuku jenise. Opo maneh saiki berita ngunuku yo mulai akeh maneh ket ono korona wingi. Yo iku asline kan polahe akeh wong kelangan penggawean akhire nekat koyok ngunu gawe nyukupi wetenge.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8054", "text": "Gawe wong sing wes dadi kpopers, pasti gak asing ambek istilah sasaeng. Sasaeng iku dijupuk teko kata nang boso korea, sasaenghwal, sing artine kehidupan pribadi uwong. Nang konteks kpop, sasaeng iku sebutan gawe fans sing melebihi batas utowo terobsesi ambek idolane. Mereka iki gak bakal ragu gawe nganggu kehidupan pribadine artis iku mau. Tapi sing lucu, kadangan sasaeng iku sek dinormalisasikno karo fans teko Korea iku dewe. Mbasio talah mereka koar koar gawe ngelindungi artise teko sasaeng, tapi nek misal mereka entok foto utowo informasi teko sasaeng, mereka pasti bakal njaluk suwun nang sasaeng iku mau. Secara gak langsung, iku mau dadi tindakan menormalisasikno sasaeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7236", "text": "Kadangan wong sing nduwe trauma iku isok kenek serangan panik kapan ae. Gawe awakmu sing kenek serangan panik dan situasine awakmu lagi dewean, onok cara gawe nenangno awak dewe. Siji, kenali tanda-tandane. Biasane dimulai teko jantung ndredeg, kemringet, sesek napas, awak gemeter, sampe mual. Loro, ojok sangkal nek awakmu lagi ngalami serangan panik. Awakmu kudu eroh nek awakmu lagi kenek, nek gak engkok efeke tambah nemen. Telu, atur napas sing bener. Tutup mripat, terus letakno tanganmu ndek antara udel karo bagian ngisor tulang rusuk. Tarik napas teko irung alon-alon, terus tokno udara teko mulut. Lakoni iku terus terusan sampe gejala sing awal mau mulai ilang dan awakmu mulai ngeroso tenang.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8091", "text": "Mbarine ketemuan ambek koncoku nang Suroboyo, saiki wayahe aku balik moleh nang Gresik. Koyok biasa, aku milih moleh lewat dalan tol ben luwe cepet tutuk omah. Dalan tol lagi sepi sih, dadi aku isok nyetir mobil luwe banter ben ndang tutuk omah. Enak-enak nyetir, moro onok truk ngebel ping bolak balik. Biasane onok truk ngebel iku bakal tak jarno ae. Berhubung iki wes ngebel ping bolak balik, aku langsung mlipir dan ngekeki dalan gawe truk iku mau. Gak suwe, truk iku lewat dan mlaku buanter pol. Aku dadi iling jare bapakku, nek onok truk ngebel ping bolak balik koyok ngono iku tandane rem e blong dan awakmu kudu mere. Dan tepak ae, gak suwe truk iku mau nubruk pager nang pinggiran dalan tol. Aku sing gak gelem ikut campur langsung tancep gas ben isok langsung moleh. Tambah ndredeg atiku, tambah banter aku nyetir mobilku. Awakku wes kedewen, dan mending moleh ae ben kabehe aman.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "772", "text": "Indonesia kui terdiri seko akeh suku lan agama, termasuk neng sekolaha. Sok-sok, ono salah siji suku lan agama kui sing dadi minoritas neng sekolahane. Murid-murid kui rentan banget dirundung utowo ngasingke awake seko pergaulan. Bentuk pengasingane kui werno-werno. Wong sing bedo dewe kui biasane ora dikancani karo sebagian besar konco-koncone. Pas pembagian tugas kelompok, dheweke biasane dadi sing paling akhir entuk jatah kelompok. Mergo ora akeh konco, wong sing bedo kui ora akeh kegiatan sekolahe. Dheweke mending langsung bali lan ngelakoke aktifitas sing dheweke senengi neng jobo sekolah. Sing paling parah, yen wong sing bedo kui tekan digarapi. Awak dhewe ora pengen kui terjadi. Wong sing dadi minoritas kui kudune ora nerimo perlakuan sing ora adil koyo ngono.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4311", "text": "Pas preian semester nag kuliah, aku biasane dolan sepedahan ambek koncoku sing ancene rodok adoh, terus biasane mesti leren nang panggonan sing ono jedinge ambek ono jajanane mergo ben iso leyeh-leyeh. Nah pas iku leren nang salah sijine daerah perbatasan Jombang-Mojokerto. Nang kono ancene ono jedinge lengkap tapi pas aku mlebu jedinge ate nguyo tibake jedinge endute megilan, koyoke arang diresiki, nah nag kono iku maeng sing jenenge tegesan rokok pateng glenteng nang tekele jeding maeng, durung ambune sing ora karoan ambek pesinge pol. Terus banyune yo mok itir-itir, nah koncoku sing ero ngunuku langsung mengkirik ambek ngomong \"cuaca, iki jeding opo jumbleng, kok ambune koyok ngene\".", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5719", "text": "Hukub tabur tuai ning kabeh agama iki mesti ana nanging ya istilahe sing bedha. Hukum tabur tuai iki arane hukum karma, nanging akeh wong sing ngerteni yen tabur tuai kuwi mung padha-padha kanggo menungsa. Akeh wong sing paham yen awak dhewe terus tumindak apik marang wong liya lan kudu tumindak sing bener marah makhluk ciptaan Gusti liyane. Amarga kuwi, wong sing ana ning dunya iki kudi nduweni welas asih marang menungsa, kewan, tanduran, lan uga alam amarga kabeh perbuatan kuwi mesti ana ganjarane. Kamangka yen pengen urip kepenak ning dunya, awak dhewe kudu akeh tumindak apik lan ora oleh egois mikirake awake dhewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5320", "text": "Aku ora tau nonton sinetron ben bengi. Nanging ing sawijining dina, aku dijak ibuku nonton sinetron amarga aku ora bisa turu. Kaitane, aku males lan ora ngerti dalan critane. Nanging kok suwe-suwe aku melu mangkel ndelok wong lanang sing ana ning sinetron kuwi malah cidra marang bojone. Dekne selingkuh kanthi nduwe anak loro. Aku sing maune wegah nonton malah melu pegel pas sing lanang mlayu saka omah. Rasane kudu tak tapuk amarga kuwi padha wae karo kurang bersyukur. Amarga sinetron kuwi, aku bisa ngerti rasane ibu-ibu penonton sinetron iki kemangkelen yen ngomongake dalan critane sinetron. Kayane aku kudu mandheg nonton ben ora kena emosi. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7943", "text": "Akeh banget jenise demit sing onok dan dipercoyo ambek wong wong nang Indonesia. Salah sijine iku kuyang. Kuyang dewe iku folklor tentang siluman berwujud menungso ambek isi tubuh sing nemplek tanpa kulit ambek anggota badan. Biasane kuyang iki bakal ngayang gawe nggolek getihe bayek utowo getihe wong wedok sing mbari ngelahirno. Makhluk iki dikenale karo masyarakat Kalimantan. Kuyang iki diceritakno sebagai wong wedok sing nuntun ajaran ilmu hitam gawe nyapai kehidupan abadi. Pas awan, kuyang iku bakal ngelakoni rutinitas biasa dan nganggo jubah. Baru pas bengi, kuyang iki bakal ngayang gawe nggolek getih bayek utowo getih persalinan gawe disedot ben nambah kekuatan ilmune.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9548", "text": "Lumantar seratan iki, aku kepengin ngajak kanca-kanca sing rumangsa susah atine merga ora sasap tembus ing Perguruan Tinggi Negeri kang wus banget dipenginake supaya padha padhang pikire. Ora mlebu PTN favorit kuwi udu ateges kowe dadi wong paling bodho apadene paling asor sadonya. Sebab, rezeki kuwi wus diatur lan dipantha-pantha dening Gusti kang kuwasa Cipta. Ora mlebu PTN favorit uga ora ateges masa depanmu bakal suram, lha delengen kae ana pira lulusan sarjana kang isih bingung anggone golek kerja? Mula yen kowe ditolak dening PTN favorit, luwih wicaksana yen kowe tansah konjuk sokur marang Gusti. Banjur menggalih, sapa ngerti rejekimu sekolah ing kedinasan banjur lulus langsung dadi PNS.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3853", "text": "Nag delok wong sing gawe klambi kembar terus podo-podo ora kenal iku kok ngeroso lucu ambek guyokno. Nah perkoro iku maeng sing marakno wong sing gawe klambi kembar iku maelh isin, yo mergo polahe wong-wong dewe. Nah sing jenenge klambi kembar iku maeng yaiki klambi sing ancene podo ambek liyane emboh iku teko warnane, bentuke sampek motipe barang yo podo. Nah, asline sing garai isin maeng iku yo ora mergo klambine tapi panggonan ambek keadaan sing kadang marakno wong iku isin nag gawe klambi sing kembar ambek liyane maeng. Masio iku maeng ora disengojo tapi tetep wae nag akeh-akehe lingkungan iku mesti guyu ambek nganggep wong sing gawe iku koyok lucu-lucuan. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6028", "text": "Peternak kuwi ora oleh nduwe rasa jijik amarga kotoran kuwi pancen kerep dihasilake kewan. Ambune mesti ora enak lan mbuleng. Kaya contone yaiku ternak ayam. Kandang sing mumpuni lan uga pakan sing apik iki bisa ngindarake saka penyakit sing ana ning ayam kaya virus, bakteri, lan uga penyakit unggas liyane. Penyakit unggas iki bisa marai kerugian marang para peternak. Kamangka, sak liyane ngolah hasil lan nggawe kandhang sing apik lan uga mumpuni, sing kudu digatekake yaiku perkara pembuangan kotoran kanggo ngindari penyakit. Amarga kuwi, awak dhewe kudu dadi peternak sing cerdas lan nguwasai ilmu peternakan sak durunge mulai bisnis iki. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9973", "text": "Urip dadi wong minoritas iku abot. Kudu ngelakoni ibadah dewean, kudu bisa adaptasi ing tengah kelompok sing beda karo kene, lan liyane. Aku kaget amarga nalika aku mulih sekolah ndelok Ibuku muring-muring karo mbantingi barang sing ana omah. Jarene Ibuku mari diilokna karo tangga teparuh amarga agamane beda. Ana sjng ngomong Ibuku seneng mangan babi, nyembah patung, lan liyane. Aku melu mangkel pol amarga ya iku wis kebangeten. Aku ngomong ning Ibuku supaya aku diijini ngelabrak tangga iku mau nanging ora diijini. Jare Ibuku, ora papa muring-muring ning aja sampe ngerusak damaine kene nalika dadi tangga lan ora nganti ngerusak kerukunan umat beragama. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9553", "text": "Grupku sing ana ing Twitter saben dina rame. Ana sing mesti bahas samubarang sing lucu, ana sing bahas kedadean medeni, ana sing bahas rega barang sing sayah suwi sayah larang. Nanging dina iki rada beda. Grupku kaya kuburan saking sepine. Ora ana sing nyaut nalika ana sing takok. Balesane uga padha sithik lan gur singkat. Naliak ditelisik, tibakna ana salah siji anggota grup sing wis ngelarani atine anggota grup liyane. Dheweke ngomong sing ora-ora lan ngefitnah grupku iki ning ngarepe wong liya. Aku uga ora kaget yen wong sing ana ing grup iki padha sedih lan gela wis difitnah kaya ngono kui.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2688", "text": "Sing diarani sedeh polahe pisah ambek konco mesti gelek kedaden nang endi-endi. Opo maneh nag wong iku maeng wes tau koncoan apik pirang-pirang tahun terus moro-moro koncone kudu ngaleh soale ono penggawean liyane sing marakno deke kudu pindah. Roso koyok ngeneiki asline iso garai wong duwe pikiran sing aneh-aneh ambek iso garai mentale wong maelh ora karuan. Mangkane nag duwe roso koyo ngene ojo dimbarno utowo digedek-gedekno soale ora apik kango kesehatan awak awit teko psikologi, mental, ambek pikirane wong iku maeng. Dadi nag dure roso koyok maeng nag iso ojo dibarno wae, tapi pikirane awak dewek kudu dilatih ben iso tetep anteng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4981", "text": "Pas jaman cilik, aku duwe kanca arane Bagas. Bagas iki omahe ana ning sebelah omahku. Wiwit TK aku wis sak sekolahan karo Bagas. Bapake Bagas iki salah siji pegawai perminyakan ning Papua lan mesti dinas ning luar jawa lan bali 3 wulan pisan. Banjur pas SD kelas 5, bapake Bagas dipindahke ning Kalimantan. Amarga Kalimantan ora adoh saka Jawa dibandingke Papua, Bagas lan keluwargane diutus pindang ning Kalimantan. Pas pidahan, aku lan kanca-kancaku dolan ning omahe Bagas lan pamitan sak durunge pindahan. Nanging saiki, aku ya ora tau nemu maneh kontak utawa alamat sosial mediane Bagas. Sesuk mben aku pengen banget ketemu karo Bagas lan cerita-cerita maneh kaya biyen. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2923", "text": "Pas aku kulia nang Suroboyo biyen gelek melek bengi ambek konco-konco soale ngerjakno tugas bareng ben cepet mari. Mari ngunu, koncoku sambat nag motone moro kadang blawur kadang ora. Terus tak jak nang klinik kampus terus diarani Moto Minus. Koncoku kaget soale iku kan durung nemen. Nah moto minus iku maeng penyakit sing motone iku ngalami keanehan ambek cinar sing mlebu nang moto ambek retina sing ono nang jero moto. Nah sing garai kedaden koyok maeng iku akeh perkorone salah sijine yoiku lingkungan uripe utowo carane owng iku maeng gunakno motone. Dadi nag pengen sehat motone oo sampek gunakno motone kanggo delok barang-barang sing sekirane iso nguwei dampak elek nang moto.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3414", "text": "Wong sing wedi pas ngelakoni kesalahan iku berarti wong iku maeng isek rodok apik atine. Nag jareku wong iku maeng ben ora duwe roso salah maneh yo kudu iso tanggung jawab ambek kesalahan sing wes dilakoni. Tapi saiki golek wong sing koyok ngunuku yo rodok angel soale wong sing kadong elek iku angel oleh ngakoni kesalahan sing dilakoni, opo maneh dikongkon tanggung jawab yo tambah angel. Aku tau ngomong nang koncoku sing tau keweden soale proposal sing digarab iku maeng salah. Terus akhire tak omongi nang awaku ngeroso iku salah, yo awakmu kudu dandani ambek jaluk sepuro soale iku tanggung jawabmu. Terus nag wes diwei kesempatan iku gelakno maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9885", "text": "Kabeh wong padha bingung yen ana kancane meh ulang taun. Bingung meh ngewenehi suprise utawa kejutan apa lan bingung-bingung liyane. Padahal kadang wong iku ora perlu sakjane diwenehi surprise sing mewah lan ngentekna dhuwit. Sing dibutuhna sakjane mung ucapan selamat ulang taun sing tulus teka ati wae wis nggarai seneng banget. Ora perlu kudu ngewenehi kado sing larang, ngejak mangan sing larang, lan ngesurprisei sing ngerepoti banget. Sejatine kado sing paling dibutuhake yaiku donga supaya wong sing ulang taun iki tansah seger waras lan bisa luwih apik tingkah lakune ing uripe. Ora lali didungakna supaya dheweke tansah rezekine lancar lan beja terus.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9194", "text": "Onok akeh pol jenis tes utowo ujian boso asing sing diadakno nang Indonesia, salah sijine iku JLPT. JLPT iku singkatan teko Japanese-Language Proficiency Test, utowo singkate tes boso Jepang. Ngelakoni JLPT iku penting gawe ngukur kemampuan boso Jepangmu. Soale hasil ujian JLPT iki isok gawe akeh kepentingan. Nek wes ngantongi sertifikat JLPT, awakmu bakal luwe gampang gawe melu pertukaran pelajar bahkan isok gawe menuhi syarat nek awakmu kerjo nang kantor sing berbasis nang Jepang. Mbasio kadang guduk dadi syarat wajib, nek awakmu nduwe sertifikat JLPT, awakmu dadi nduwe poin tambahan soale terverifikasi nduwe kemampuan dasar tentang boso Jepang iku mau.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1574", "text": "Bocah-bocah sing isih sekolah lumrah banget sing polahe isih jail. Nanging seko polah-polah jail sing dilakoke dheweke, ono polah-polah jail yen ketaun kui marake isin. Polah jail sing marake isin sing kesiji kui pas bocah sekolahan kui nyontek. Nyontek kui ora mung isin sing dirasake, nanging awak dhewe iso keno nesu guru neng kelas. Mending yen awak dhewe nyontek terus bijine dadi apik, nek bijine tetep elek, isin sing dirasake dadi nambah meneh. Sing keloro kui pas bocah cilik kui delike barange koncone. Neng ketaun guru, awak dhewe uga ngerasake sing mirip koyo ketaun nyontek. Awak dhewe ngeroso isin lan wedi bakal diseneni.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "353", "text": "Wong kui iso trauma yen tau dikuciwake wong. Pengalaman kui marake sedih tekan ora gampang dilaleke. Sangking kepikirane, tabiate dhewe iso dadi berubah. Tandane wong sing tau ngerake sedihe trauma kui salah sijine, dadi angel percoyo karo wong. Dee ora gampang percoyo kar omongan utowo janji-janji. Dee ngangep nek kui mung omangan sing kosong sing ora ono artine. Seko kui, dee dadi dhuwe lingkaran konconen sing cilik. Dee ora ngolehke akeh wong sing ngerti perkoro uripe. Dee butuh wektu sing luwih suwe kanggo nrimo wong. Dee uga luwih selektif pas kudu milih konco. Sing ketelu, wonge kui luwih angel diajak kerjo ning tim/kelompok mergo dee angel ngepercayake tanggung jawab neng konco kerjone.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7640", "text": "Sak marine kuliah, aku langsung cepet-cepetan moleh sak durunge kenek macet. Saiki jam 3 sore, dan biasane puncak macete iku jam 4 sore. Aku nyetir mobil nang arah kosku. Buru ae metu teko area kampus, langsung mandek jegrek dan marai aku bingung. Biasane dalan iki sek sepi pas jam sak mene, lah kok saiki koyok ngene. Pas aku nggolek info, dadakno onok tabrakan truk sing nutup setengah dalan dewe. Gara-gara iku, dalan dadi dialihno dadi sak jalur dan kabehe podo ngantri gawe puter balik. Aku langsung misuh saking mangkele, tapi gak isok lapo-lapo soale wes kadung ndek tengah-tengah dalan gawe puter balik. Niat kate moleh awal, malah kenek macet.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7547", "text": "Gak onok uwong sing kepingin ketinggalan kendaraan umum sing ditumpaki gawe lungo, salah sijine iku pesawat. Mungkin awak dewe wes berangkat ket awal, tapi onok ae sing marakno awak dewe dadi ketinggalan pesawat. Dadi nek awak dewe wes kadung ketinggalan pesawat, gak usah panik nek tiketmu bakal hangus. Soale onok cara ben duitmu isok dibalekno mbasio awakmu ketinggalan pesawat. Mbasio ngono, pengembalian dana iku gak bakal isok balik 100 persen sisan, tapi setidake onok sing balik kan. Carane iku laporan nang web resmi teko pesawat iku. Engkok maskapai bakal ngeproses pengembalian dana iku sesuai ambek ketentuan sing berlaku. Tapi nek jareku seh, koyok ngene iki ojok sampe kedaden maneh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1147", "text": "Misale ono asu sing gong-gongi awak dhewe. Dheweke wis ketok cepak-cepak ameh ngoyak awak dhewe, sing kudu awak dhewe lakoke kui, dudu mlayu, nanging awak dhewe kudu nunjuke yen awak dhewe kui luwih kuat seko khewan kui. Asu ku gong-gong alesane dudu nesu karo awak dhewe utowo pengen ngusir awak dhewe. Sing sebenere dirasake asune kui, dheweke wedi karo menungso. Dhewek gong-gong kui kepengen ngusir awak dhewe seko wilayahe. Yen awak dhewe iso nunjuke sopo sing kuasa lan sopo sing luwih kuat, dheweke uga bakal meneng lan bakal manut karo awak dhewe. Mungkin ora manut sih, paling ora dheweke ora ngincim awak dhewe meneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7915", "text": "Jaman mbiyen, wong-wong iku ngomong nek Jogja iku dadi kota sing aman teko kejahatan. Pas aku kuliah nang kono, aku isok ngomong nek iku mek omong kosong tok. Akehe klitih nang Jogja iku marakno tambah suwe Jogja wes gak aman maneh. Opo maneh jaman saiki, pelaku klitih iku tambah wani. Nyerange iku gak mek nang dalanan sepi, tapi nang dalanan gede sisan. Wes ngono, sing diserang iku gak mek arek sekolahan tok, tapi sopo ae, pokoke mereka isok nyerang wong iku mau. Nek koyok ngono, endi onok Jogja dadi kota sing aman? Sing onok ketar ketir ben dino, wedi ketemu karo pelaku klitih.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1064", "text": "Diancim kui ora kudu nganggo lading utowo senjoto-senjoto sing landep. Ngancim kui uga iso kanggo omongan. Malah ngancim kanggo omongan utowo kata-kata kui luwih medeni timbangane ngacim nganggo senjoto. Yen ono wong diancim nganggo omongan kui, wonge bakal terus kepikiran soal ancimane. Misale, ono wong diancim yen dheweke ora ngelakoke opo sing dikon wong sing ngancim, aibe dheweke bakal disebar neng Internet. Iki uga anciman sing luwih manipulatif. Wong dadi nurut karo wong sing ngancim. Aku ora ngomong yen ngancim nganggo senjoto kui luwih apik, loro-loro ono ora ilok lan ora patut dilakoke sopo wae. Nanging aku mung arep ngandani yen inciman nganggo omongan kui luwih medeni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4979", "text": "Taun 2020 kanthi taun saiki, bahasan babagan investasi iki mulai akeh diomongake ning Indonesia. Akeh bocah enom sing sregep ndelok lan maca babagan investasi, saham, lan aplikasi panggon pasar saham. Investasi iki mulai rame amarga generasi enom iki wegah ngerasakake getun amarga ora duwe pensiunan lan celengan kanggo ngopeni keluwarga lan nguripi ing wektu sepuh. Kamangka kuwi, saiki ayo kudu luwih melek lan sinau babagan investasi amarga ekonomi ning dunya iki tambah maju lan cepet banget mutere. Awak dhewe kudu duwe cara sing pinter kanggo ngakali krisis lan ngumpulake celengan pribadi. Awak dewe uga aja nganthi getun pas wayah sepuh. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1402", "text": "Delok mukokan kui marake awak dhewe jijik. Yen awak dhewe gateke tenan, mukokan kui ono jenis-jenise. Mukokan kui iso awak dhewe bagi jenise seko akeh aspek. Seko teksture, ono mukokan sing bentuk cair. Mukokan sing jenis iki mirip karo banyu. Ono uga mukokan sing ono teksture. Teksture kui dihasile seko panganan sing dikunyahe ora bener utowo panganan sing luwih angel terurai neng lamung. Mukokan kui uga ono werno. Wernone kui ono sing dientoke seko panganan sing dipangan sak durunge. Misale, awak dhewe bar mangan buah naga sing akeh. Mukokan awak dhewe iso dadi werno abang. Nanging werno kui ono uga dihasilke mergo awak dhewe lara. Biasane kui werno mukokan sing jenis iki tergantu karo werno asam lambunge dhewe, ono sing wernone ijo lan ono sing kuning.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1524", "text": "Salah mlebu toilet kui rasane pancen isin banget. Nanging sing paling isin kui, yen cah lanang mlebu neng toilet khusus wedhok. Yen misale wong wedhok mlebu toilet lanang kui, paling dheweke tok sing ngeroso isin. Sing lanange yo mesthi memaklumi lan ora bakal nesu. Sing masalah kui, yen wong lanang mlebu toilet wedhok. Sing lanang ora mung ngeroso isin, nanging sing lanang kui bakal keno amuk wong wedhok neng jerone. Wong-wong wedhok kui bakal bengok-bengok, soale awak dhewe kiro bakal ngelakoke hal sing ora-ora. Awak dhewe iso wae diantem rame-rame karo wong sing ono neng jero. Mumetlah yen wong lanang kui mlebu toilet wedhok.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1586", "text": "Yen awake awak dhewe kui mambu, kui bakal ganggu wong liyo. Akeh wong sing neng sekitare dhewe bakal risih mergo ono ambu sing ora enak mlebu neng irunge. Awak dhewe uga dadi isin mergo kui. Supoyo awak dhewe ora patio mengganggu wong-wong, ono beberapa cara supoyo awak kui ora terlalu mambu. Sing kesiji, awak dhewe ora entuk lali nganggo deodoran. Sing keloro, awak dhewe kudu kerep salin kelambi yen awak dhewe wis ngeroso keringetan. Sing ketelu, awak dhewe kudu gowo parfum nek arep lungo-lungo. Sing kepapat, awak dhewe iso ngurangi gerakan sing ora perlu. Misale, yen awak dhewe ora kudu mlayu, awak dhewe ora sah melayu.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7946", "text": "Awak dewe iku pasti gak onok sing seneng ambek keberadaan makhluk ghaib sing ngusik awak dewe. Wes marakno keganggu, terus gak tenang sisan rasane. Onok hal sing isok mbok lakoni gawe ngelindungi awakmu teko gangguan demit, yaiku ruqyah mandiri. Carane ruqyah mandiri iku guampang. Siji, awakmu nangkup tanganmu koyok nek kate dungo. Loro, moco surat-surat Al-Qur’an. Mulai teko ayat kursi, Al-Ikhlas ping telu, Al-Falaq ping telu, ambek An-Naas ping telu. Telu, lanjut moco dungo gawe wong tuwo ambek dungo kebaikan dunyo karo akhirat. Papat, sebul iku mau nang tanganmu. Limo, usapno iku nang kabeh awak. Lakoni iku ben kate turu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9529", "text": "Kanggo saben wong, gagal ing urip iku akeh banget maceme. Wiwit samubarang sing cilik nganti sing gedhe. Misale gagal kanggo ngerabi pacar sing wis disenengi banget, nganti mung gagal kanggo tuku tas sing limited edition. Nanging kabeh kegagalan iku pancen nggarai gela lan sedih banget. Supaya ora nganti gagal ing urip, ayo padha nggawe rencana sing apik sadurunge ngelakoni apa wae. Misal nalika kepengin banget mlebu ing universitas ya kudu sinau lan donga sing tenanan. Ora oleh mung ngimpi nanging ora dibarengi karo tindakan utawa usaha kanggo ngewujudake iku kabeh. Mula ayo padha usaha sing tenanan supaya ora gelek nemoni kegagalan ana ing urip.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "710", "text": "Cilikanku kui aku kuru. Nanging, pas kelas 5 SD tekan 1 SMP utowo kelas 7 ku, aku dadi lemu banget. Saking lemune kui, aku ngasi napas wae rodo kangelan. Pas pelajaran olahraga, aku sing dadi paling alon. Opo meneh pas kelas 5. Pas kui, aku lagi pindah neng Yogyakarta. Mergo ora iso bosone, aku mung akeh meneng tok neng kelas. Aku dadi kerep dirundung pas kui. Sangking kerepe kui, aku nesu banget rasane. Nanging, mergo aku ngeroso dhewekan, aku ora iso ngopo-ngopo. Aku mung iso nangis pas lagi garapi neng sekolahan. Yen pas ngiling-ngiling kejadian kui neng omah, aku dadi bengak-bengok ora cetho.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "723", "text": "Mungkin akeh seko awak dhewe sing ora ngerti rasane diselingkuhi utowo dadi wong sing selingkuh. Awak dhewe ora ngerti rasa lara atine tekan iso nesu karo takdir sing dialami. Mungkin, liwat film awak dhewe bakal luwih iso paham sudut pandang selingkuh kui koyo piye. Neng taun 2022, akeh film sing ngankat tema selingkuh. Ono film Garis Waktu sing disutradarai karo Hanung Bramantyo. Ono Mendarat Darurat sing genrene komedi romantis sing disutradari karo Pandji Pragiwaksono. Ono uga film sing digawe ulang seko sinetron sing gedhe neng jamane, Noktah Merah Perkawinan, sing disutradai karo Sabrina Rochelle. Sing terakhir ono film sing judule Mendua. Film kui disutradai karo Pritagita Arianegara.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7106", "text": "Sopo ae jelas kepingin ketompo nang kampus ambek jurusan sing dipingini. Gawe isok mencapai iku kabeh, kudu onok usaha sing kuat, opo maneh nek awakmu gak ketompo nang jalur undangan dan kudu tes tulis maneh. Sing pertama, latihan kisi-kisi soal tes iku mau. Wes akeh banget toko sing ngedol buku latihan kisi-kisi soal, dan awakmu isok tuku sing ndi ae. Usahakno ben dino awakmu rajin latihan cek engkok isok lancer pas ngerjakno tes. Sak dino isok ditarget sesuai kemampuanmu. Contohe sak dino ngerjakno 2 paket soal, dan koyok ngono iku kudu intensif dan gak oleh putus. Terus onok hal sing paling penting dan gak oleh lali, yaiku dungo sing akeh. Nek awakmu sinau tok tapi gak atek dungo, engkok kuliahmu isok-isok gak bakal barokah. Dadi selain rajin nggarap latihan kisi-kisi soal, ojok lali dungo sing akeh sisan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9820", "text": "Dina Rebo sore aku wis ana kangsen karo bocah kelas 5 SD, ya pancen jadwalku mulang les basa Jawa kanggo bocah SD saben dina Rebo lan Jemuwah. Bengi sakwise mulang les, awakku krasa kaya adhem panas, \"alah mesthi masuk angin iki, ngombe paracetamol njur turu sesuk lakyo mari\" batinku. Tekan omah aku pancen langsung adus, maem, njur ngombe obat. Niat arep turu, lhakok oleh WA saka kancaku muni njaluk ditutor materi kuliah mau awan. Akhire takladeni nganggo zoom meeting. Isuke awakku tetep krasa ora penak. Awit jadwal kuliah dina iki wiwit jam 11 awan. Mula jam 7.30 aku wis budhal klinik njaluk dipriksa dokter. Ora nyana karo ature dokter yen aku kudu istirahat seminggu full sebabe aku tipes. \"Adhuh\" batinku. Aku mung bisa nyuwun \"Gusti paringana sehat, paringana kuat\". Lha piye, mbasan aku bukak tanggalan lhakok full rundown kuliah, rapat event, rapat hima, karo jadwal mulang les.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7600", "text": "Rencanane dino iki aku kate belonjo wulanan. Pas aku ngecek dompetku, dadakno duit tunaiku wes entek. Nek koyok ngene wes wayahe njupuk duit nang ATM. Akhire aku sekalian metu njupuk duit sekalian engkok belonjo. Pas tutuk Bank, dadakno ATM e lagi nguantri dowo. Gelem gak gelem aku melu ngantri gawe njupuk duit. Pas wes wayahe aku melbu, moro onok ibu-ibu nyerobot dan nyelenong melbu ngono ae. Aku gak terimo lah, wes ngantri sak mono dowone dan diselat ngono ae. Aku langsung buka pintu ATM dan ngomeli ibuke. Sing marai aku mangkel pindo, ibu iku alesane lagi gopoh dadi kudu cepet-cepet. Sakjane aku wes kate ngomeli maneh, cuma ibu iku langsung kabur dan marai aku mbuengok murka. Tapi timbangane marakno antrian tambah suwe, aku cepet-cepet njupuk duit dan langsung njujuk Swalayan gawe belonjo wulanan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7285", "text": "Kadang, awak dewe ngeroso eman ngono nek ndelok pasangan suami-istri sing kudu cerai. Onok nang pikiran, opo’o kudu cerai, opo’o gak nyoba diselesaino dengan baik-baik. Tapi iling, awak dewe gak onok sing eroh peyebab wong milih gawe cerai. Mereka pasti nduwe alasane dewe, dan awak dewe kudu ngehargai iku. Semisal onok istri sing gugat cerai mergo suamine KDRT dan gak menafkahi keluargane dengan bener, iku jelas kudu didukung. Kan gak mungkin awak dewe ngongkon wong iku terus bertahan. Sing onok si istri bakal luwe nelongso, bahkan anak-anake pasti melu menderita sisan. Dadi ancen kadang onok alasan sing perlu didukung nek semisal onok uwong sing milih gawe cerai, terutama nek iku tujuane gawe kebaikan bersama.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5653", "text": "Akeh wong sing ngira yen ngelekake fisik kuwi dudu kalebu perundungan utawa bully. Nanging, ning jaman saiki, akeh wong sing mulai paham kenapa wawasan marang perasaaan lan titik sensitif wong kuwi perlu amarga anane perundungan secara fisik. Jenis perundungan iki terkenal disebut body shamming utawa perundungan fisik. Wong sing duwe kondisi fisik sing bedha mesti diwenehi sikap sing ora adil karo lingkungane lan uga nduweni isu kaya sering diisin-isin utawa dilecehake. Nanging ana sing bisa nyikapi iki dadi babagan sing postif kaya diet ben awak dadi apik utawa ana sing malah milih meneng lan dadi depresi amarga ora kuat dielek-elekake. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1518", "text": "Yen awak dhewe kelepasan ngentut neng panggon umum sing akeh wonge, awak dhewe ora usah cepet-cepet ngaku. Mungkin wong-wong ngerti yen awak dhewe sing ngentut. Nanging yen awak dhewe ora ngomong, ora ono wong sing bakal nyalahke awak dhewe, teruma yen wong-wong neng sekitare dhewe kui wong sing ora kenal-kenal banget. Soale, wong sing ora kenal kui ora bakal nuduh wong liyo perkoro sing elek, termasuk nuduh wong ngentut. Benke wong-wong neng kono kui gawe asumsi sing koyo piye wae. Soale dheweke ora bakal dhuwe bukti sing kuat kanggo nuduh awak dhewe. Yen misale ono buktine, awak dhewe paling pol mung ngerasake isin tok.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9172", "text": "Satuan Pengamanan utowo biasa disingkat Satpam iku kelompok petugas sing dibentuk karo badan usaha gawe ngelaksanakno pengamanan dalam rangka nyelenggarakno keamanan swakasa nang lingkungan kerjane. Satpam iku biasane manggoni Pos Penjagaan dewe utowo kelompokan. Satpam iki sisan isok bertugas ngewangi PORLI nang bidang penyelenggaraan keamanan ambek ketertiban masyarakat. Jenjang pelatihan ambek karir satpam iku onok telung tingkatan. Mulai teko pelaksana utowo gada pratama, penyelia utowo gada madya, sampe manajer keamanan utowo gada utama. Kegiatan Satpam iku onok pitu. Mulai teko nyegah ambek deteksi dini penyusup, nyegak ambek deteksi pencurian, ngelakoni pengawalan, ngelakoni pengendalian, ngelakoni upaya kepatuhan, ngelapor ambek nangani nang tahap awal utowo TPTKP, sampe ngelapor dan nangani kejadian.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8485", "text": "Sopo ae gak seneng sembarangane sing mambu badek. Salah sijine iku wong sing mambu badek. Awakmu pasti tau papasan karo uwong sing ambune buadek pol sampe marakno awakmu dadi mukok? Pasti tau lah. Opo maneh nang Indonesia iku onok kepercayaan sing nganggep sembarang jenis wangi-wangian iku haram, dadine mereka gak tau nganggo deodoran utowo parfum. Wong koyok ngono iku sing marakno awak dewe pasti risih pol. Opo maneh nek onok nang siji ruangan sing podo karo wong iku, pasti rasane pingin pindah ae. Sak ruangan ae emoh, opo maneh cedek-cedek, gak katene. Keberadaan wong-wong kemproh koyok ngono iku ancene nrawasno kok.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9150", "text": "Dino iki wayahe Kiya kuliah nang Laboratorium. Hal iku soale materi kali iki tentang percobaan bahan kimia. Koyok biasa, sak kelas iku dibagi dadi pirang kelompok dan ngelakoni percobaan koyok biasane. Mbarine mari kabeh, Kiya langsung nulis laporan tentang penelitian iku mau. Terus de’e sisan kebagian gawe nyuci kabeh alat-alat Laboratorium iku mau. Siji-siji dikorai ambek de’e alon-alon. Terus pas lagi nyabuni gelas ukur, moro tangane Kiya keselip dan marakno gelas ukur mau logor nang wastafel. Kiya langsung panik dan njupuk gelas iku mau. De’e tambah panik maneh pas eroh nek gelas ukur iku retak. Jelas ketar-ketir lah de’e, soale nek wes koyok ngono de’e kudu ngganteni gelas ukur sing anyar. Durung maneh nek engkok diseneni dosen e. Akhire gelem gak gelem de’e nyiapno diri gawe laporan, dan nyiapno diri sisan nek engkok bakal diseneni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6019", "text": "Toilet sing jorok kuwi salah siji sumber penyakit amarga ana penyakit sing nulari saka kotoran kaya tipes lan uga hepatitis. Toilet sing rusuh lan njijiki iki bisa dadi sarang kewan-kewan kaya nyamuk sing uga nyebabake DBD. Amarga kuwi, ayo dadi wong sing sregep reresik jedhing ben ora ketularan penyakit. Penyakit iki uga kadhang ora disangka tekane, nanging potensi penularan liwat kontak cairan uga kotoran ning jedhing kuwi gedhe. Sing paling penting uga yaiku nggawe jedhing sing aman lan uga aliran banyune lancar ben sanitasi iki tetep kejaga lan uga ora nimbulake masalah sosial kaya WC mampet lan mambune menyang ngendi-ngendi lan dadi guneman. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5238", "text": "Wong kuwi duwe wates kesabaran dhewe-dhewe lan ora kabeh wong bisa nduwe selera guyon sing padha. Kadhang ana sing gampang tersinggung, nanging ya uga ana sing sabar lan bisa maklum marang kelakuan kancane. Guyonan sing sering marai pedhot kekancan kuwi yaiku prank utawa ngapusi, amarga akeh wong sing bisa kaget lan kadhang ngira yen apus-apus iki temenan lan ora sadar yen lagi dikerjani kancane. Apa maneh yen wonge polos lan gampang emosi. Babagan iki sing sering dilalekake ning lingkungan kekancan. Kamangka, kanggo njaga emosi kuwi, awak dhewe uga kudu njaga omongan marang kanca lan ora gampang ngapusi utawa ngerjani kanggo lucu-lucuan. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3409", "text": "Masio wong gede tibake yo ono wong sing wedi ambek suntik. Biasane ngunuku kedaden polahe trauma ket cilik utowo pengalaman sing elek pas suntik pas waktu cilik biyen. Terus, ilingan iku maeng isek ke gowo sampek saiki. Tapi iku kabeh iso diilangno janji wonge iku maeng gelem ngelatih. Jarene dokter roso ngunuku ancenen kudu dilateh ben iso ilang gal saitik, dadi sarane iku maeng nag iso dijajal ben iso ngilangno roso ora wani iku maeng. Tapi iku kabeh kan karek wonge gelem opo ora. Nag ancene wonge iku maeng gelem jajal yo mesti iso ilang, tapi nag ora gelem yo pancet ae masio dilatih nag ora ono niat sing kuat yo bakal pancet.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7217", "text": "Gawe muslim, wajib hukume nyolatno jenazah. Tata carane pun yo wes onok dewe. Siji, niat nang njero ati nek kate sholat jenazah. Sholat jenazah iku moco takbir ping papat dan mek ngadek tok. Loro, mari niat, takbir. Takbir pertama iki moco Al-Fatihah. Telu, takbir maneh. Takbir kedua iki moco sholawat. Papat, takbir maneh. Dungane pas takbir ketelu iki “Allahhummaghfir lahu warhamhu wa'aafihi wa'fuanhu” gawe lanang utowo “Allahhummaghfir laha warhamha wa'aafiha wa'fuanha” gawe wedok. Limo, takbir maneh. Dungane pas takbir kepapat iki “Allahumma laa tahrimnaa ajrahuu walaa taftinaa ba'dahu wagfirlana wa lahu” gawe lanang utowo “Allahumma la tahrimna ajraha wala taftinna ba'daha waghfirlana walaha” gawe wedok. Terakhir, salam koyok sholat biasane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8005", "text": "Pas awak dewe ngelakoni vaksin utowo imunisasi liyane, coba gatekno deh. Lokasi suntikan ben imunisasi sing dilakoni awak dewe iku bedo-bedo lho. Kadang onok sing nang lengen, sampe onok sing nang bokong sisan. Dadakno, bedo lokasi penyuntikan koyok ngono iku mergo bedo fungsi obate rek. Lokasi suntikan iku tergantung teko obat sing dikekno, penyakit sing menyertai, pirang cepet obat iku perlu bekerja, ambek jenis suntikan sing diterimo. Jenis suntikan sesuai lokasi iku sisan dipengaruho ambek berat badan, usia, biaya, frekuensi pemberian, ambek faktor liyane pisan. Perbedaan lokasi penyuntikan iku sisan ben obat sing dikekno iku isok bekerja secara maksimal dan marakno pasien sing lara isok waras luwe cepet.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9422", "text": "Omahku wis kebak karo novel. Aku wis seneng maca novel wiwit kelas 1 SMP. Bapak ibuku uga mesthi ndukung apa sing dadi kesenenganku. Aku tuku macem-macem novel saka penulis ngendi wae nganggo dhuwitku dewe. Ning omahku ana kurang luwih 50 novel, iku isih durung ketambahan novel sing durung teka. Novel-novel iki tak lebokke ana ing lemari kaca, taktumpuk miring supaya tetep bisa didelok teka njabane lemari. Saliyane seneng macane, aku tuku novel uga seneng marang ambune. Novel anyar ambu kertase khas banget. Kabeh novel iki taktuku nggawe dhuwitku dewe sing takcelengi saka sangu saben wulan amarga aku ora pengin kesenenganku iki malah ngerepoti wong tuwaku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3888", "text": "Saiki iku mesti wong akeh sing isen nag ambune iku ora enak. Tapi asline yo kudu didelok disek ambune iku polahe opo disek. Nah koncoku tau ngalami perkoro koyok ngene nang kelas, deke iku tau ambune klambine iku ora enak sampek sing pinggire ae ambu. Pas deke ngerti nag iku teko ambune klambine deke iku langsung metu. Terus aku sing ngerti perkoro iku ngandani nag ambune koyok ngunuku iku angel ilangane soale iku kan teko klambi sing ora gareng, dadi nag pengen ilang yo kudu diumbah maneh. Terus nag mari ngumbah kudu langsung dipemeh ben iso garing sedino. Nag ora iso garing sedino yo bakal balik ambu maneh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7103", "text": "Uang pangkal iku biaya awal sing ditokno pas melbu kuliah dan mek dibayar ping siji pas semester pertama. Biasane sing kenek mbayar duit pangkal iku mahasiswa sing melbu lewat jalur mandiri dan biayane iku gede banget. Uang pangkal iki diterapno nang hampir kabeh kampus nang Indonesia. Tapi onok beberapa kampus sing jalur mandirine gak atek bayar uang pangkal. Siji, Universitas Indonesia. Mbasio gak onok uang pangkal, tetep onok BOP-B utowo BOP-Pilihan sing terbagi sesuai rumpune. Tapi iku pun gak sampe selarang uang pangkal sing biasane. Loro, Universitas Sriwijaya. Kabeh jurusan gak atek onok uang pangkal, kecuali nang jurusan Pendidikan kedokteran. Telu, UIN nang seluruh Indonesia. Papat, UGM. Gawe UIN ambek UGM, bener-bener gak onok uang pangkal, dadi mek perlu bayar UKT tok.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1419", "text": "Pas awak dhewe lagi kebelet nanging kamar mburi sing arep awak dhewe leboni jebul reged banget, meding awak dhewe golek sing liyo. Soale, kamar mburi sing reged kui tandane akeh kumane. Artine uga, akeh wong sing wis nganggo kamar mburi kui nanging ora tau diresiki. Awak dhewe iso wae gowo penyakit bar nganggo kamar mburi kui. Yen awak dhewe ngeroso keresikane kui elek banget, mending awak dhewe golek kamar mburi sing liyo. Yen misale durung kebelet-kebelet banget, mending awak dhewe tahan disik. Awak dhewe iso ngising utowo nguyuh pas ketemu kamar mburi sing layak utowo pas wis tekan omahe dhewe-dhewe,", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6166", "text": "Utang kuwi bisa ana amarga akeh kondisi, salah sijine yaiku amarga kebutuhan. Nanging ya ana wong sing ora duwe ati malah utang amarga nuruti gaya hidup lan utang kuwi numpuk banjur angel ditagih. Kamangka, kanggo ngindari isin amarga ora bisa mbayar utang, perlu banget ana tindakan perventif. Salah sijine yaiku pengelolaan dhuwit sing ana ning rumah tangga. Miturut para ahli, dhuwit kuwi bisa dikelola kanthi apik yen ego kanggo boros kuwi uga bisa diatur. Ana pembagian antara kebutuhan lan uga kepentingan sing perlu diurutake. Barang sing sekirane ora perlu ya ora usah dituku ben ora marai boros lan ujunge malah nyilih dhuwit. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7976", "text": "Wong sing nduwe fobia ambek kolam renang utowo laut iku biasane mergo pengalaman traumatis. Iku hal sing wajar kok. Cuma, rasa wedi iku nek isok diatasi ben gak terlalu berlarut-larut sampe marakno rasa cemas sing berlebihan. Onok cara ben awakmu isok ngilangno rasa wedi iku mau. Siji, mulai buka diri sendiri. Mulai teko ndelok klambi renang, ndelok video uwong sing lagi seneng seneng dolanan nang kolam renang, ambek teko langsung nang kolam renange. Loro, yakino nang awakmu dewe, gak kabeh aktivitas nang njero kolam iku bahaya, onok sisan aktivitas nang njero kolam sing nyenengno awak. Telu, mulai nyoba celupno ujung jari nang njero kolam, terus alon-alon bagian awak sing liyane, sampe kabehe wes melbu nang njero kolam. Nek misal cara-cara iku gak isok ngatasi rasa wedimu, awakmu mending nang psikiater ben isok entok penanganan luwe lanjut.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5633", "text": "Ning film manca negara, akeh wong sing tau krungu babagan 911 utawa unit nomor darurat. Nomor iki gunane kanggo darurat pitulungan marang North American Numbering Plan (NANP). Kaya nomor darurat sing ana ning kabeh negara, nomor iki mung dinggo kanggo nomor darurat. Nomor iki nangani akeh kasus kaya kecelakaan, sekarat, bencana alam, kerusakan sing ana ning omah lan mbahayakake nyawa, perampokan, lan akeh kasus kriminal liyane. Nomor 911 iki uga dadi saksi akeh wong sing sekarat nanging isih bisa ketulung amarga isih ana petugas sing ngewenehi instruksi saka adoh. Banjur nomor iki uga ngewenehi solusi kanggo masalah sing ana lan dadakan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7965", "text": "Awakmu tau ndelok gak, onok uwong nek diancem iku pasti akeh nyerahe. Onok akeh banget alesan opo’o wong iku milih gawe nyerah. Salah sijine sing paling akeh dialami iku mergo korban gak nduwe kuasa blas nang pelaku pengancaman iku. Korban sing koyok ngono iku ngeroso de’e iku luwe lemah, dan nduwe bayangan nek gak nurut pasti bakal diapa apakno. Semisal gak isok bela diri dadi nek ngelawan pasti akeh kalahe, utowo gak duwe duit terus wedi engkok bakal dijaluki duit luwe akeh nek gak nurut. Bedo nek misal karo uwong sing nduwe kuasa, pasti gak bakal ngeroso wedi dan isok pede ngelawan pelaku sing ngancem de’e mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2632", "text": "Trauma nag waktu cilik ancene iso diarene gilamen nag wong jowo. Trauma yaiku perkoro sing paling diwedini ambek sing paling digeting sing tau dialami pas waktu cilik. Tapi sing jenenge trauma iku ora kabeh wong ngalami perkoro sing podoh tapi akhire tetep podo nanggonane siji roso sing podo masio sebabe bedo. Salah sijine contoh traumo nag waktu cilik yaiku koncoku tau biyen cilike iku dicakar ambek kucing sing dadekno koncoku wedi ambek kucing sampek saiki. Tapi koncoku sing sijine maneh yo ono sing trauma ambek kucing, tapi ora polahe dicakar, tapi deke diambusi ambek didilati pas deke biyen turu. Akhire sampek saiki nag ono kucing mesti wedi. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2906", "text": "Jumbol polahe delok begejel iku asline metu teko perkoro sing iso dadekno wong maeng wedi. Nah kedadean maeng asline iku ora kekiro ambek pikirane menungso nag bakal ono perkoro maeng, nah sing koyok ngunuku maeng sing garai ngetokno roso jumbul nang menungso. Opo maneh sing diwasi iku demit ambek begejel yo tambah ora jumbul tok sing metu tapi yo wedi barang yo metu soale iku wes ancene sifate menungso sing ancene gawan kat asline. Mangkane nag ono wong sing moro-moro masi setan iku terus meneg sampek ora iku ngomong yo polahe jumbule kenemenen mangkane sampek ketingginggen terus ora iso obah, kadang sampek ono sing angkles barang yo ono.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5767", "text": "Wong sing biasa dewean kuwi uga mbutuhake wektu sing suwe kanggo adaptasi ben ora gampang wedi amarga wong sing biasa dewean kuwi mesti nduwe cara kanggo ngendalikake awake dewe lan pikirane kaya tetep nduwe pikiran positif senajan suasana ning omahe ora ena. Ben ora wedi dewean, wong biyasane ngelakoni akeh kegiyatan. Kaping siji yaiku reresik omah ben omah saya enak yen didelok. Kaping loro, yaiku nyetel lagu nganggo volume sing gedhe lan uga nyanyi-nyanyi. Kaping telu yaiku nonton film sing lucu lan ora ndelok acara horor ben ora kepikiran. Sing pungkasan, uga ngecek kabeh lawang lan jendela wis dikunci ben tetep aman. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3476", "text": "Masio saiki jaman wes sangar, tapi sing jenenge roso wedi sing ndodok ambek roso kuwatir sing kenemenen iku ancene tambah gelek dialami wong. Nah roso ngeniki ancene ora enake pol soale iso dadekno wonge sing ngalami ngeneki mentale ora karoan mergo moro-moro wedi ambek kuwatir sing nemen iku teko dodok sing akhire dadekno ora iso lapo-lapo. Nah wong sing garai perkoro ngeniki maeng iku ora ono pirang-pirang perkoro yaiki trauma sing tau dialami sing iso dadekno deke iku sampek kepekso ambek pikirane sampek kebingungen. Terus yo ono maneh yaiku masalah sing diadepi nang uripe sing dadekno deke sampek kebingungen terus sampek stres.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5604", "text": "Kanggo para artis, demam panggung kuwi biasa amarga kuwi nduduhake yen artis kuwi pengen ngewenehi sing paling apik kanggo para penonton. Demam panggung sing dialami para artis iki uga bisa diolah dadi energi sing apik amarga bisa dadi energi positif. Artis sing wis nduwe karir lan pengalaman sing akeh mestine wis bisa ngatasi. Nanging tetep wae ana rasa grogi, nanging grogi iki bedha. Sing diwedheni karo para artis iki yaiku ora anane perlengkapan sing bener pas ana ning nduwur panggung lan bisa pengaruh marang penampilan. Kamangka, demam panggung kuwi bisa dipengaruhi saka faktor ning jaba penyanyi utawa artis, yaiku lingkungan lan urusan teknis sing ngaruh marang kualitas. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8073", "text": "Akeh banget uwong sing madak madakno serangan panik karo gangguan kecemasan. Gejalane ancen mirip, cuma rong gangguan iku nduwe sejumlah perbedaan. Siji, bedo definisi. Serangan panik iku episode teko rasa wedi sing kenemenen dan marakno reaksi fisik tertentu nang wong sing ngalami. Serangan panik iku terjadi tanpa alasan dan gak isok diprediksi. Nek gangguan kecemasan iku payung gede sing ngelingkupi akeh macem gangguan psikologis, mulai teko generalized anxiety disorder (GAD), gangguan panik, obsessive-compulsive disorder (OCD), post-traumatic disorder (PTSD), dan liyane maneh. Loro, bedo pemicu timbule gejala. Serangan panik iku muncul secara spontan dan isok terjadi tanpa alesan sing jelas. Nek gangguan kecemasan, muncule mergo onok pemicune iku mau, misal fobia duwur.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6183", "text": "Deodoran yaiku zat sing digawe ning awak kanggo ngilangi mambu ning awak amarga aktivitas bakteri kaya ning kelek, siki, lan uga ning selangkangan. Deodoran kuwi ana zat antipespiran sing bisa nahan keringet ben ora metu lan ngecap ning klambi amarga keringet iki bisa ngganggu. Deodoran iki bisa ngurangi interaksi bakteri sing ana ning awak. Asosiasi obat ning Amerika Serikat, yaiku Food and Drug Administration wis nggolongake yen deodoran iki dadi obat bebas lan dudu dadi kosmetik amarga kandungan sing njerone. Nanging senyawa sing ana ning deodoran iki bisa ningkatake aluminium iki jarene bisa ningkatake risiko kanker payudara senajan penelitian durung ana sing mbuktikake hubungan kuwi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2089", "text": "Ono neng panggon sing ora familiar kui pancen marake awak dhewe wedi. Awak dhewe ngeroso ono sing ora pasti seko kahanan koyo ngono. Nanging wedi kui pertondo sing apik. Awak dhewe pancen kudu ngeroso wedi yen ono neng panggon sing asing kanggo awak dhewe. Soale yen awak dhewe ora ngeroso wedi, awak dhewe dadi ora ngati-ngati. Yen awak dhewe ngeroso aman-aman wae ono neng panggon kui awak dhewe malah duwe kemungkinan celoko luwih duwur. Awak dhewe kudu ngeroso wedi nanging wedine kui ojo tekan ngelakoke hal-hal sing ora masuk akal. Yen awak dhewe keweden uga iso gawe awak dhewe ciloko.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2679", "text": "Wingi tau moco salah sijine situs sing gelek bahas masalah mental sing ono nag menungso. Lah ketepak'an bahas masalah getun sing paling jeru nag uripe menungso. Nag kono dijelasno nag kabeh uwong ben ora kejebak ambek roso koyok ngunu maeng kudu bener-bener iso balikno pikiran, sing awitane pikirane maeng ora ngolehe perkoro sing dadekno getun iku kedaden diwalik dadi mikir apek koro perkoro iku maeng. Ancen malikno pikiran iku maeng ewo, Tapi nag dijajal mesti iso, lah carane ben berhasil koyok opo, yo pikiran iki dijak mikir-mikir sing positif wae ben ati iki melok lego. Mangkane jajalen mikir sing apik-apik ambek perkoro sing tau garai awakmu getun nag jeruni uripmu.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7616", "text": "Gawe awak dewe sing mesti motoran nang ndi-ndi terus lali gak nganggo selontongan tangan, pasti sering banget ngalami tangan belang. Dadi sing area pergelangan ireng, terus sisane putih. Sing koyok ngono iku gak enak banget gawe didelok. Wes ngono, isok dadi bahan enyekan sisan. Kulit belang iku mau sek isok dibalekno maneh kok. Onok carane gawe mbalekno werno alami kulit belang iku mau. Siji, rutin adhus nganggo sabun sing ngandung bahan aktif sing isok nyerahno kulit. Loro, nganggo pelembap awak sing onok kandungan aktif sing isok nyerahno kulit dan sing ber-SPF. Telu, ojok sering-sering nang ngisor terik matahari. Papat, ojok lali nganggo selontongan tangan ben metu numpak motor.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4323", "text": "MEsti roto-roro wong iku ngerti ambek teleke pitik, kejobo wong sing nang kota terus ora tau ngingone pitik. Nah telek pitik iku maeng bentuke iku ora wok siji tok, tapi sak pirang-pirang karek pitik opo sing nelek maeng, terus warnai barang yo sak bajek karek panganan opo sing ancene dipangan ambek pitik iku maeng. Yo ancene se pitik iku ora karoan panganane mangkane iku sing dadekno deke iku duwe werno telek sing pirang-pirang. Nah nag ono wong sing jijik ambek jember karo telek pitik iki yo mesti ae, polahe sing jenenge telek iku mesti basine megilan ambek ora enake pol. Mangkane yo wes lumrah wae mergo iku ancene barang rusoh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5314", "text": "Wong ning dunya iki mesti duwe kekurangan lan kelebihane dhewe-dhewe. Yen miturut kitab suci, menungsa iki diciptakake kanthi bentuk sing paling apik uga paling sampurna. Ana sing rambute kriting, ana uga sing lurus. Ana sing kulite kuning langsat, ana sing sawo mateng, uga ana kulit sing pucet. Kabeh iki wis dadi identitas ninng awake menungsa. Kamangka, yen bentuk fisik iki dilecehake liwat omongan, padha wae karo ngelekake hasil ciptane Gusti. Untung akeh generasi enom sing wis paham karo aturan iki lan wis ana kekhawatiran kamangka luwih bisa njaga omongan lan perasaan ben ora tatu lan marai nesu amarga bentuk awak sing dilecehake. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9984", "text": "Salah siji contoh lingkungan kerja sing negatif miturut glints.com yaiku anane pembagian kerja sing ora adil. Wong sing wis diwenehi jobdesk siji malah penggawean iku dialihna ning wong liya tanpa ana wara-wara lan konfirmasi ing wong iki. Lumrah banget yen wong sing penggaweane dijupuk iki akhire muring-muring lan njaluk keadilan. Kanggo ngadepi lingkungan kerja sing negatif kaya ngene kene ora perlu ngadepi kanti muring-muring. Nomer siji kene bisa terus duweni pikiran sing positif. Nomer loro kene bisa ngilangi pikiran sing ora-ora lan diganti karo geguyonan bareng kanca. Sing terakhir kene bisa fokus wae ning penggaweane kene lan ora perlu mikiri wong liya. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4830", "text": "Ora ana sing nyangka amarga tuku sabun wae bisa menang undian.Ya iki sing dadi ceritane budheku. Budheku dodolan ning warung sembako. Saban minggu, budheku mesti blanja kanggo kebutuhane warung. Barang-barang sing biasa dituku kuwi ana beras, gula, tepung, odol, sabun, lan liyan-liyane. Barang-barang kuwi ora dituku eceran, nanging ditukune kerdusan lan ning kerdus kuwi biyasane ana tulisan utawa stiker undian. Kaya ning salah sawijine produk sabun sing dituku budheku. Pas mbongkar barang sing diblanjakake, budheku nemu stiker ning njero kerdus sing ditutupi nganggo hologram sing kudu digosok nganggo dhuwit receh. Barang wis digosok, jebul oleh hadiah setengah juta, nanging hadiah kuwi dipotong pajak. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "758", "text": "Awak dhewe kudu ngendari koncone dhewe sing lagi nesu sing ora cetho. Nesu sing ora ono wong sing ngerti penyebabe opo. Soale, awak dhewe iso dadi objek emosi dheweke senadyan awak dhewe ora salah opo-opo. Awak dhewe uga ora iso ngelakoke opo-opo kanggo ngilangi rasa nesune. Awak duwe kanggo semetara wektu kui kudu jaga jarak karo koncone dhewe mau. Yen misale, awak dhewe dijak neng endi ngono, mending awak dhewe gawe alasen supoyo ora bareng karo dheweke. Paling awak dhewe mung iso nukoke, panganan sing kiro-kiro biasane dheweke seneng. Sopo ngerti nesune ilang. Naning ora nutup kemungkinan, yen dheweke malah soyo nesu mergo ngerti-ngerti dheweke emoh mangan panganan kui.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7149", "text": "Yaopo rasane awakmu pas nemu barang sing mbok goleki? Pasti seneng sekaligus lego kan ya. Terus semisal awakmu nemu barang ilangnang dalan terus awakmu gak eroh pemilike, opo sing bakal mbok lakoni. Nek aku sih jelas bakal ngeviralno nang kabeh media sosial seng tak nduweni. Mulai teko Twitter, Instagram, TikTok, sampe Facebook. Tujuane cek postingan iku kesebar dan isok nyampe nang pemilik barange. Nek pemilike wes ndelok postingan iku, pasti awakmu bakal dihubungi nek ancen wonge nggoleki barang tersebut. Langkah koyok ngono iku bener-bener gampang dan efektif. Wes ngono, awakmu isok bantu uwong iku gawe nemukno barange sing ilang dan marai wong iku dadi seneng maneh. Mulai saiki nek nemu barang ilang, ojok ragu gawe viralno nang media sosial.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5229", "text": "Kolesterol kuwi salah sawijine penyebab penyakit sing paling bahaya. Kolesterol iki bisa teka kapan wae lan bisa marai gupuh amarga dadi salah siji penyebab struk sing paling kuat. Kolesterol iki nyebabake aliran darah sing ora lancar lan bisa dadi pemicu penyakit jantung. Ora mung wong lemu, nanging uga wong kuru lan bobot sing ideal bisa kena kolesterol. Kolestrol iki kudu dikontro. Kamangka kanggo generasi enom iki, aja lali kanggo ngontrol kesehatan lan bisa njaga awak. Ojo lali olah raga lan kudu akeh mangan sayur lan buah. Aktivitas ning jaba ruangan uga kudu ditambah ben ora mung lungguh ning ngarep komputer lan marai peredarane getih iki mandheg.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9130", "text": "Sammy iku sueneng pol gawe dolen nang kolam renang. Ben onok wektu luang, pasti de’e dolen nang kolam renang dan renang sak tuwuke. Koyok dino iki, Sammy wes tutuk nang panggon kolam renang sing biasa dikunjungi karo de’e. Mbari ganti klambi, Sammy pemanasan koyok biasa dan gak suwe langsung nyemplung. Sammy renang koyok biasane. Tapi moro-moro Sammy ngeroso nek rong sikile iku kram. Mergo iku, de’e panik dan keweden pol soale sikile gak isok diobahno. Dan mergo iku sisan, Sammy dadi kelelep. Suwe pol de’e kecipak kecipuk mergo kelelep, dan akhire onok uwong sing nulungi. Mbari diangkat teko kolam, wong sing nulungi mau ngurut sikile Sammy sampe balik normal maneh. Mbari ngono, Sammy ngomong suwun nang wong iku dan cepet-cepet moleh. Bayang bayang kelelep mau sek keputer terus nang utekke, dan iku marakno de’e dadi keweden nemen.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8399", "text": "Nek jare wong-wong, misal awakmu dadi korban pelecehan seksual, laporno ae nang polisi. Jare sih ben pelakune isok ketangkep. Tapi opo, polisi iku gak bakal mlaku nek gak dikeki duit disik. Nek gak onok duite, gak bakal ditindak. Nek wes ngono, uripe korban pelecehan seksual iku maleh gak tenang kabeh soale pelakune sek keliaran ndek sekitare. Timbang lapor polisi, mending viralno ae. Nang jaman saiki, sembarang sing digawe viral iku isok luwe ditindak karo polisi. Wes ngono, nek konten speak-up iku wes viral, wong-wong pasti bakal ngenyek pelaku entek-entekan bahkan nge-bully pelaku iku mau. Dadi nek awakmu utowo koncomu dadi korban pelecehan seksual, viralno ae, ben pelaku iku mau isok entok sanksi sosial sisan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4896", "text": "Rampung lairan, mesti kondisi psikis ibu kuwi isih adaptasi lan mesti ana wektu ibu dadi luwih sensitif. Masio seneng ana anggota keluarga, ibu ya bisa ngerasakake kesel. Ana cara-cara sing bisa dilakoni ben awak dhewe bisa nyenengke ibu anyaran iki. Kaping pisan, yen lagi nyambangi, sak liyane bayi, para tamu uga bisa ngewenehi kado kaya klambi, voucher salon, lan panganan kesenengane si ibu sing ora oleh dipangan pas lagi ngandung jabang bayi. Kaping pindho, berusaha ora takon macem-macem sing sekirane bisa nyinggung prasaan kaya kena apa lairan casar ora normal lan perkara bobot awak sing nambah. Kaping telu, yen lagi repot ngurus anake, bisa dikancani uga direwangi. Yen ora ya dikancani ngobrol wae. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7926", "text": "Nyctophobia iku gangguan psikologis ndek ndi uwong ngeroso wedi sing berlebih nang panggon sing peteng. Wong sing nduwe fobia iki bakal ngeroso wedi pas ndek panggon sing gak onok sumber cahayane, termasuk nang kamare dewe. Fobia sing iki isok ditangani ambek tenaga ahline. Cara ngatasi nyctophobia iki koyok ngene. Siji, psikoterapi. Salah siji teknik psikoterapi sing dilakoni gawe ngatasi fobia iki yaiku terapi perilaku kognitif. Loro, terapi paparan utowo eksposur. Tujuan terapi iki yaiku ngelawan fobia sing diduweni dadi penderitane isok ngendalikno rasa wedi ambek cemas sing muncul. Biasane nek penderita wes siap, psikolog utowo psikiater bakal mandu penderita gawe nekani panggon sing peteng dan bakal dilatih ben gak wedi. Terakhir, terapi relaksasi koyok yoga. Terapi iki dilakoni ben penderita isok luwe tenang pas ngadepi rasa wedi sing dialami.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5646", "text": "Wedi marang dedemit kuwi dadi salah siji fobia sing bisa ngganggu urip amarga marai wong ora bisa lunga ning jaba omah. Kamangka kuwi, ana babagan sing kudu digatekake ben ora gampang wedi lan uga mbayangake dhemit. Kaping pisan yaiku kudu ngubah pemikiran, yaiku mbayangake yen dhemit kuwi dudu makhluk sing jahat lan bisa ngelarani wong sing isih urip. Banjur yen isih wedi, bisa ngadohi panggon sing peteng utawa panggon sing ngundang potensi kanggo mbayangake wujude para dhemit kaya omah kosong, gedung sepi, utawa kuburan wayag maghrib. Kanggo mbiyasakake ben ora wedi, uga bisa ngakehi kegiyatan wayah bengi kaya sembahyang uga reresik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "788", "text": "Awak dhewe sok ngeroso mangkel yen ono wong sing luwih disikan entuk gawean sing awak dhewe pengeni, senadyan wong kui lagi awal-awal jajal. Rasane pas nyelameti wong sing koyo ngono kui ora ono rasa senenge. Awak dhwe malah koyo arep nesu lan ngeplaki wonge lan ngomong, \"ojo jupuk gaweanku, Su!\". Nanging, awak dhewe kudu ora perlu emosi sing ora butuh pas kui kedaden. Awak dhewe entuk ngeroso mangkel karo wong kui nanging ojo ngasi dileboke neng jero ati. Awak dhewe mungkin ora ngerti wae selama iki dhewe duwe keterampilan-keterampilan sing dibutuhke neng industri sing awak dhewe pengeni tanpa wonge kui sadar.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8060", "text": "Dino iki Bilqis kate gawe KTP. Rencanane kate dikancani ambek Bagas sing jare kate nggawe KTP sisan. Arek loro iku janjian nang Dukcapil langsung. Bilqis akhire berangkat rodo isuk ben engkok Bagas gak ngenteni suwe. Pas tutuk kono, dadakno Bagas ngomong nek ibuke melbu Rumah Sakit dan gak sido gawe KTP dino iki. Bilqis langsung gondok, tapi gak isok nyalahno Bagas sisan. Masalahe, Bilqis iku gak pinter gawe ngomong dan wedi kate ngomong disik, makane de’e gak isok nang ndi ndi dewean. Nek wes ngene, de’e kudu yaopo? Kate melbu ae wedi soale de’e lagi dewean. Tapi wes kadung nang kene sisan, mosok kate langsung balik nang omah. Bilqis dadi bingung karepe dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "372", "text": "Perkoro sing tak getunke tekan saiki kui, ora kenal cerak karo bapakku. Bapakku kui wonge ora ekpresif. Aku yakin akeh perasaan sing ora diungkape mung dipendem neng jero ati. Mergo kui sing sifat sing ketok seko bapak kui galake. Bapak uga jail banget. Bapakku kerep nyorat-nyoret rupaku lan adiku dadi koyo kucing. Tabiat sing koyo ngono sing tak iling. Pas umur 20-an iki, aku dadi kepengen kenal bapak luwih cerak meneh. Nanging rosone wis telat, bapakku wis ora ono seko aku umur 9 taun. Pas kui, aku ora ngerasake butuh banget sosok bapak. Aku mung iso kenal bapak saiki liwat crito ibu lan keluargane bapak.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6134", "text": "Kanggo bocah sing isinan, presentasi kuwi dadi bagian sing paling ora ngenakake. Presentasi iki sajane ya ngelatih rasa percaya diri ning ngarep umum, nanging akeh sing ngira iki kaya diadili. Apa maneh yen gurune galak. Kamangka, akeh sing sering grogi lan uga salah ngomong. Salah ngomong iki kesalahan sing sering diguyu karo kanca sekelas. Respon saka wong sing ana ning ngarep pas presentasi iki kebukti bisa ngaruh marang penampilan sing dilakoni. Amarga kuwi, kudune kanca-kanca sing ana ning bangku iki ya ngewenehi dukungan saka nggatekake presentasi ben ora kacau alan uga ben presentasi iki bisa berkembang lan ana tambahan sing luwih apik. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6096", "text": "Ketombe iki dadi masalah sing kadhang angel dirampungke karo wong sing nganggo hijab. ketombe iki bisa marai rambut rontok lan uga kulit kepala mambu. Ketombe iki disebabake karo jamur, auto imun, lan uga kulit kepala sing berminyak banjur ditutup rapet bar keramas. Ketombe iki bisa rontok dhewe yen disisir, nanging ngerugikake amarga marai gatel. Cara ngilangi ketombe iki angel, nanging bisa dikurangi, yaiku nganggo sampo anti ketombe. Pas keramas uga bisa ditambah kopi amarga zat ning kopi iki bisa ngurangi rambut rontok lan uga ketombe. Banjur nganggo sampo sing ora ana alkohol lan bebas pewangi buatan ben ora nambah sisa zat sing ana ning rambut. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4872", "text": "Najwa Shihab utawa Nana iku salah sawijine wartawan putri ning Indonesia. Amarga sikap kritis lan pemikiran sing jero, Najwa Shihab iki terkenal dari wartawan uga presenter sing paling diwedeni karo politikus lan pemerintahan. Najwa iki putrine salah siji pemuka agama ning Indonesia, yaiku Quraish Shihab. Lair ning Ujung Pandang, Sulawesi Selatan tanggal 16 September 1977, Najwa Shihab iki terkenal amarga salah sawijining program dialog TV yaiku \"Mata Najwa\" lan portal berita \"Narasi\" sing dadi rujukan akeh media nasional. Najwa iki mulai karir ning jurnalistik taun 2001. Amarga liputan tsunami Aceh 2004, Najwa oleh penghargaan saka pemerintah lan oleh beasiswa kuliah ning Australia tahun 2007 jurusan media lan hukum. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8396", "text": "Akhir-akhir iki, lagi akeh banget kasus pelecehan seksual sing marakno awak dewe wedok iku dadi gak aman gawe metu-metu nang ndi ae. Mbasio talah metune iku nganggo motor, engkok moro onok sing siul-siul gak jelas. Sing nemen iku nek sampe pelaku iku ndemok-ndemok awak dewe. Nek wes ngono, wes wayahe awak dewe ngelindungi awak dewe. Salah sijine iku sedia stun gun gawe nyerang pelaku iku mau. Cara nggawe stun gun iku koyok ngene. Darik bagian pelatuke, terus tembakno nang penyerang selama 3—5 detik. Isok luwe suwe nek misal pelakune iku nduwe awak sing guede. Paling optimal iku tembak nang daerah gulu. Nek ketok penyerang mulai gak sadar dan ketok kesetrum, buru awakmu cepet-cepet kabur. Dekek stun gun nang panggon sing gampang dijangkau ambek tangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3717", "text": "Saiki akeh wong sing jember ambek mangkel nag delok jeding sing kemproh. Nah sing garai jijik utowo jember iku maeng ora merko kemproe tok tapi jedinge iku maeng biasane ora ditoto ambek ora diresiki sing akhire dadekno endut sing ora karoan. Contohne endute maeng yoiku koyok metu lumute, terus ono bekas koyok kenek linet sing ono nang tekele, mari ngunu tekele barang iku lunyu. Terus sak liyane iku maeng ono sing marakno luweh jemberi maneh yoiku ambune sing ora karoan campurane ono sing banger, pesing, ambek ambu sing ora enak liyane. Yo ancene ambu-ambu maeng sing marakno wong-wong maleh jijik ora karoan mergane iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1407", "text": "Yen ono wong sing mukok terus mukokane kui langsung ngenani awak dhewe, awak dhewe mesthi ngeroso jijik. Kelambi dhewe dadi ono bekas muntahane. Nek kui kedaden, pas awak dhewe lagi neng panggon umum sing awak dhewe rodo angel salin kelambi sing resik. Nanging ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, yen ono toko kelambi neng cerak kono, awak dhewe iso mlipir dono kanggo tuku kelambi sing resik. Sing keloro, awak dhewe iso ngerik kui ngango tisu utowo kain neng cerake awak dhewe. Sing ketelu, awak dhewe uga iso ngekei banyu setik neng bekas mukokane seko kamar mburi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1192", "text": "Sing iso marake kecalakaan kui, ora mung rem sing ora pakem utowo blong. Kecelakaan montor kui iso kedadean yen kondisi bane awak dhewe kui wis ora apik. Normale ban montor kui ono corak-corak lan ono legok-legokane. Yen legokane kui wis tipis utowo ora ketok kui tandane awak dhewe kudu ganti ban. Awak dhewe ora entuk ngejarke kondisi bane dhewe ngono terus, opo meneh dijarke tekan bane dadi mulus. Kui wis ciloko banget. Yen kondisi bane kui ora apik, awak dhewe dadi ngeroso was-was sak ben numpak montor. Awak dhewe bakal wedi ono kedadean sing ora-ora lan awak dhewe uga durung siap kanggo kelangan nyowo mergo perkoro sepele koyo ngene.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6107", "text": "Nangani celana sing suwek iki pancen kudu ati-ati amarga ora kabeh celana nduweni bahan sing padha lan bisa langsung dijahit. Ana cena sing dijahit malah mbrodol kaya katun batin lan uga celana jins. Kamangka, sak durunge njahit kudu ndelok dhisik bahan celana ben ora salah njahit lah malah marai rusak. Njahit celana sing butuh ditambal iki luwih becik menyang tukang jahit tinimbang njahit dhewe amarga isih ana kemungkinan kanggo rusak lan suwek maneh yen dinggo. Alternatif liyane yaiku nambah tambalan model badge ben ana senine amarga badge iki manika werna, kandel, lan gampang njaite. Sing paling penting yaiku njait kudu ati-ati ben ora suwek banget. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9441", "text": "Lunga ing Jogja dadi seru amarga aku mesthi nggolek kain batik sing mung ana ing Jogja. Preian wingi aku bisa lunga maneh ning Jogja karo kaluwargaku. Numpak sepur, aku budal karo bapak, ibu, lan masku. Nalika tekan ana ing Jogja, aku ora langsung nang pasar beringharjo kanggo nggolek kain batik, nanging aku dolan sik ana ing Malioboro lan nyambangi dulurku sing lagi kuliah ana ing UGM. Sawise tuwuk dolan ana ing UGM, aku mutusake kanggo langsung menyang pasar beringharjo kanggo nggolek kain batik. Aku seneng banget akhire bisa milih pirang-pirang kain batik. Rencanae, kain iki bakalan tak dadekake klambi kanggo teka ana ing wisudae masku jange.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7288", "text": "Kadang, awakmu pasti tau ndelok uwong sing wong tuwone wes pisah, gak onok abang gak onok ijo moro ndeloki keluarga sing sek utuh pas lewat nang cedeke. Biasane sing koyok ngono iku mergo de’e kangen ambek suasana omahe sing mbiyen sek ‘utuh’, durung pecah koyok saiki. Dadi nek awakmu lagi karo koncomu sing bapak ibuke pisah, ojok sekali-sekali pamer afeksi berlebihan ambek wong tuwomu nang ngarepe koncomu langsung. Hal iku isok marani rasa iri gawe koncomu iku mau dan suwe-suwe koncomu iku mau bakal ninggalno awakmu soale wes gak kuat. Mending awakmu ngajak dolen koncomu iku wong loro ae nang panggon liyane.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "311", "text": "Arya urip bareng karo pakde lan buleke ket cilik. Wong tuwo Parto nitipke dee neng kakaknge pas umur 2 sasi. Nanging tekan saiki, ora ono kabar seko wong tuwone kui. Dadi Arya wis nganggep Pakdhe Bima lan Bulek Maimunah koyo wong tuwone dhewe. Pas pakdhene sedo, Arya getun banget. Sadurunge pakdhe kui keno kecelakaan, dee lagi neso karo pakdhene. Arya pengen banget dadi polisi nanging ora diolehke. Sebenere dudu mergo ora olehe, nanging Arya kui memeng ora memenuhi syarat ben iso mlebu akademi. Soale, perawakane kui cendek. Arya uga ngomong neng pakdene kanggo golek jalur jero ben dee iso mlebu. Iki sing pakdhe Bima ora setuju. Menurute, polisi kui kudu jujur, yen coro mlebune wae wis ora apik, piye carane dadi polisi sing genah. Pakdhe bima uga sempet ngandani yen wong cilik kui iso dadi pahlawan lan gagah kanggo corone dhewe. Nanging Arya tetep ora terimo, malah tambah nesu. Pas bali neng omah, ngerti-ngerti pakde wis ono neng jero kerondo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "700", "text": "Pas lagi ngantre neng swalayan, aku tau delok ibu-ibu nesu malah arep tekan gelud. Gari sak uwong meneh aku iso bayar barang belonjoanku neng kasir. Ngerti-ngerti ono wong bengok-bengok neng rong antrean sebelahku. Jebul kui ibu-ibu sing nesu mergo antreane diserobot. Ibu e sing siji kui lagi jupuk barang sing kelalen. Nah ibu e sing liyane kui pas teko langsung jupuk antreani ibu sing mau. Dheweke ngiliwate keranjang ibu siji lan anake sing isih TK. Ibu e sing nyerobot kui ora ngeroso salah, soale iso wae dheweke jipuk barange suwe. Ibuku mung padu neng kono, ora rampung-rampung tekan satpam kudu nekani ibu-ibu e kui.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3857", "text": "Sing marakno wong isin polahe gawe klambi kembar ambek wong liyo sing ora dikenal yoiku pikirane ambek atine dewe sing akhire ngetokno roso iku maeng. Nah ben ora metu roso iku maeng asline yo gampang ae, karek ora atek mikir sing kenemenen masalah klambi sing digawe, terus nag ancene petuk sing podo yo anggep ae pabrik gawene ora mok siji terus mikir sing apik-apik wae contone wah tambah akeh wong sing gawe klambi iki berarti klambi iki apik. Biasane nag ora ono sing madani iku klambine elek manggkane ora ono sing tuku ambek sing madani. Yo mikir sing apik-apik ae ben ora dadekno pikiran isin ambek gengsi sing akhire dadekno roso isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2631", "text": "Aku wingi petok koncoku sing ono nang kampung inggris. Deke biasane mangan sego pecel sing sambel pecele akeh. Mari ngunu pas wingi mangan ambek aku bocahe ora tuku pecel tapi tuku soto. Jarene deke pengen jajal soto lamongan sing wes terkenal nag endi-endi. Tapi pas waktu mulih teko mangan maeng ono sing jenege wong gendeng sing biasane koyok wong jaluk. Karo koncoku maeng dikei duwek receh soale disangkakno wong jaluk. Tapi mas koncoku marek langsung dipisoe ambek wong gendeng maeng ambek diajaki ate di oyok kabeh. Mari ngunu koncoku keplayon terus pingsan nag pinggir dalan. Pas iku akeh bocah sing podo nulungi, aku terus nyelok konco-konco sing nag asrama gawe mapak koncoku maeng. Pas sadar tak takoni lapo'oh awakmu sampek pingsan ngunu? aku trauma karo wong gendeng kat cilik cak.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3721", "text": "Pas aku ambek koncoku dolan nang omahe embah, iku mesti dijak nang kandang pitik kanggo jipik endoke sing ate didol. Nah koncoku mesti ora tau gelem mergone bocahe iku rodok jember ambek jijik karo sing jenenge telek. Nah asline perkoro jijik nang telek iku yo wes lumrah lah kanggo wong akeh. Tapi sing koncoku iki mesti kenemenen sampek kadang iku mutah-mutah ambek kuwok-kuwok, tapi sing garai aku seneg, koncoku iku ora gelem nyerah kanggo ngelawan roso jijike iku maeng, soale bocahe mesti seneng nag tak jak nanggone embah. Masio bocahe ora gelem mlebu kandange tapi mesti marek mbek delok teko jobo. Nah iki alasane lapooh mbah iku kadang ngomong koncomu kok aneh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3739", "text": "Nag ambu amis-amisan mesti ae ono sing ora seneng, masio iku jarene wong ono sing biasa ae. Tapi ora kabeh wong iku seneng ambek mabu iku maeng. Nag jarene bakul iwak ben ora ambu iwak iku yo diwei empon-empon ambek jahe ben pas iwake dimasak iku wes ora ambu amis terus ilang ambune amis maeng. Sak liyane iku empon-empon sing dicampur iku maeng yo kenek didadekno bumbu sing ambune sedepe pol koyok masakan wong biyen-biyen ambek kadang yo iso marakno wong lesu polahe saking enake ambuni. Tapi nag ancene temen-temen jijik nag ambu barang-barang sing iso marakno ambu amir yo palang kowo opo ngunu sing iso kenek digawe ngilangi perkoro sing amis. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4954", "text": "Tindakan sing paling ngecewakake wong tuwa salah sawijine yaiku kecanduan konsumsi narkoba. Narkoba iki bisa ngilangake rasa percaya marang awak dhewe uga bisa ngecewakake wong sing ana ning cedhake kaya wong tuwa, kanca, guru, uga pasangan. Narkoba iki bisa ngerusak mental lan kepercayaan. Barang haram iki wes kebukti marai akeh wong kejebak ning neraka dunya kaya utang lan piutang, penjara, lan sapanunggale. Sajane narkoba iki uga duwe peraturan masalah penggunaan ben ora disalahgunakake. Akeh wong sing ora bisa lunga saka narkoba lan ora bisa waras amarga pengaruhe narkoba iki kuat banget. Nanging, yen duwe keyakinan, wong bisa waras saka narkoba. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3470", "text": "Pas aku delok Film Train to Busan, aku rodok ngeri soale ceritone iku koyok zombi-zombi sing nyerang wong-wong polahe keleson. Nah terus nang kono iku ono salah sijine ilmuwan sing isek urip nang salah sijine labolatorium sing dikepung karo zombi iku maeng. Nah Ilmuan iku maeng nemokno obate ben virus sing nag zombi iso diatasi. Terus terum pemerintah iku maeng ngongkon tentara jipek obat iku maeng. Pas nag perjalanan jipek iku maeng zombi iku moro-moro jumbulno tentara iku meaeng mabek ngeroyok tentara sing dikongkon iku. Serangan sing dodok iku maeng marakno tentara liyane sing isek nang teng iku wedi. Akhire Tentara sing kesiso maeng mundur golek bantuan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1019", "text": "Yen awak dhewe dibekep lan ditodong karo senjoto kui, awak dhewe ojo mlayu kabur. Opo meneh awak dhewe ngerti yen neng daerah kui akeh konco-konco penjahate kui. Awak dhewe bakal dicekel karo salah siji wong kui. Awak dhewe uga ojo mikir kanggo mlayu yen awak dhewe ngerti fisike dhewe kui luwih elek timbange wong sing bekep kui. Awak dhewe ojo jajal ngakali penjahate koyo neng film-film. Mungkin, wae kui berhasil, nanging yen ora awak dhewe iso luwih ciloko. Film kui ora tenanan. Cetho wae lakone iso kabur lan ngalahke penjahate. Awak dhewe mung iso mlayu yen awak dhewe wis ngitung lan bener yakin iso metu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2667", "text": "Nag awakmu takok nang koncomu utowo sopo wae wong sing ono nag pinggirmu mesti tau ngalami sing jenenge pengalaman sing paling elek nag jero uripe. Pengalaman iku maeng asline teko perkoro sing awak dewek ora tau mikirno perkoro maeng terus perkoro maeng teko pas waktune ora pas, akhire dadi perkoro sing mbok getingi. Terus ambek atimu perkoro iku maeng dianggep dadi pengalaman sing paling elek nag jero urip soale gawe masalah akeh nag jero uripmu. Asline teko perkoro ngeneki wong maleh duwe pengalaman sing iso gawe ngadepi ben pengalaman sing elek koyok ngunu ora bakal kedaden maneh. Tapi saiki akeh wong nganggep nag perkoro ngunuku iso dadi elek.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "6110", "text": "Saban isuk, Bayu mesti sarapan lan ora tau lali ngombe banyu putih. Nanging ing dina kuwi, Bayu kepengen banget ngombe susu sing ana ning kulkas. Karepe ben kaya wong sing ana ning TV utawa wong-wong mana negara. Amarga keisuken yen ngombe susu, Bayu ngerasa yen wetenge ora kepenak. Ning sekolah, ana upacara lan Bayu baris paling mburi amarga dekne rada dhuwur. Pas lagi hening, yaiku amanat upacaram Bayu ngerasa ora betah lan ngerasakake ana angin sing pengen metu saka wetenge. Banjur ana swara gedhe banget. Banjur Bayu kisinan lan mlayu menyang jedhing amarga ora tahan kudu buang air. Pas wis rampung upacara, Bayu dadi bahan guyonan sekelas. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "286", "text": "Sebagai konco sing apik, awak dhewe kudu melu seneng krungu kabar ono koncone awak dhewe sing nikah. Senenge kui ora mung diucapke neng jero ati, naning iso ditunjuke secara langsung. Awak dhewe kudu nyempetke ning pesta pernikahane, opo meneh yen dee wes repot-repot ngekei undangan. Awak dhewe dadi iso nunjuke ekspresi sing nunjuke melu seneng pas konco kui seneng. Luwih apik meneh yen awak dhewe iso ngewehi hadiah pernikahan. Hadiah pernikahane kui nek iso ora sing biasa, koyo jam dinding, sprei, lan piranti-piranti omah sing biasa banget. Awak dhewe iso ngewehi barang sing koncone opo sing bojone seneng. Misale, bojone koncone dewe kui seneng masak. Awak dhewe iso ngekei hadiah sak set peso.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2508", "text": "Seneng getrio nag perguruan tinggi saiki wes umum dirasakno ambek bocah sing lagek mari tes utowo ujian sekolah SMA terus melok tes perguruan tinggi. Roso seneng iki asli apik ae kanggo bocah-bocah iku maeng. Tapi kudune bocah-bocah iku maeng ngerti keadaane gawe ngerasakno roso seneng iku maeng. Soale biasane bocah-bocah nag wes kadong keroso seneng polahe perkoro maeng sampek lali keadaan nag pinggir-pinggire opo maneh ambek koncone. Sing diilingi yo mok roso seneng iku tok. Dadi bocah-bocah sing iso ngerasakno roso seneng ditrimo nag perguruan tinggi, ayok podo delok kondisi utowo keadaan gawe ngecolno roso seneng maeng ojo angger ngecolno roso seneng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9906", "text": "Kedadean wong-wong sing senengane nyerobot antrean iku ora mung dirasakke Andin pisan pindho, nanging wis bolak balik. Iki mono amarga Andin uga bakalan meneng ae yen diserobot dadine wong sing nyerobot tambah sakpenake dhewe. Terakhir, Andin tau muring-muring nganti ngolok-olok wong sing nyerobot antrian nalika Andin tuku bensin ning pom bensin. Kanggo Andin, cara supaya ora diselak nalika lagi antri antarane yaiku, nomer siji kudu sabar nalika antri. Aja nganti ninggal nyengkreh antriane. Nomer loro, kudu teges nalika ana sing kate nyerobot antrian. Kanggo sapa wae sing wani nyerobot antrian, kene kudu wani kanggo ngandani yen wonge ora bisa dikandani ya bisa diseneni.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3895", "text": "Nag menurutku pengalaman sing tau dialami koncoku telong tahun biyen iku yo biasa wae se soale aku gelek ngalami. Pas iku koncoku kleru munggah panggung gara- gara bocahe ngantuk. Ket iku deke sampek saiki kepikiran terus ambek ngeroso isine pol nag eleng masalah iku. Padal aku yo tau ngalami perkoro koyok ngunu tapi yo biasa wae. Tambah aku sing paling nemen soale pas iku wes kleru munggah terus ora gowo telono tapi tlenengan menisan. Tapi aku biasa ae, ora sepiro kepikiran. Yo bener kabeh iku karek pikirane wong sing nanggepi iku maeng. Nag ancene wonge iku kenemenen oleh mikirno opo-opo yo mesti bakal kepikiran terus ambek iso-iso dadi perkoro sing eleke pol.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2952", "text": "Aku wingi iku jumbul mergane petuk ambek konco lawas. Bocahe saiki kerjo nang jakarta, dadi manager salah sijini perusahaan swasta sing ono hubungane ambek pariwisata, yo koyok usaha travel ngunuku loh. Bocahe saiki wes seje ambek biyen pas isek sekolah mbek aku. Saiki wes sugehe megilan, duwe omah tingkat loro, montor sing koyok pajero ae loro, mari ngunu yo duwe villa barang. Areke saiki yo wes duwe anak loro lanang ambek wedok, sing isek umur sekitar telong tahunan. Nah areke ketemu aku pas bocahe pengen rapat nag Kota Pahlawan. Mangkane nyambangi ambek mamper nang usahaku sing saiki wes lumayan gede. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5297", "text": "Harta karun kuwi wujude akeh. Salah sijine yaiku foto-foto lawas jaman perang sing akeh nyimpen kenangan jaman biyen. Nanging, amarga kualitas kertas sing bedha ditambah jaman biyen durung ana gambar digital, foto-foto iki cepet rusak lan bisa ilang. Kamangka, ana cara-cara sing bisa dinggo produksi ulang foto-foto kuwi. Kaping pisan yaiku bisa saka digitalisasi utawa scan liwat piranti elektronik. Proses iki ora bisa sembarangan amarga ana foto sing sensitif lan bisa ilang yen kena cahaya. Kaping pindho yaiku bisa digitalisasi liwat aplikasi telpon. Banjur yen wes dipindai, gambar iki bisa didandani ning komputer kanthi hasile luwih cetha lan luwih apik. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2065", "text": "Wong sing ketok akeh koncone ku lan iso gawe wong guyu terus durung mesthi wong sing bahagia. Mungkin dheweke ngelakoke kui mergo dheweke ngeroso dhewekan lan wedi yen kudu urip neng donyo iki dhewe. Wong sing koyo ngono ngelakoke opo wae supoyo donyo neng sekitare kui ketok urup. Dheweke ngelakoke kui ora mung kanggo wong liyo, nanging uga kanggo dheweke dhewe. Dheweke ora kepengen yen urip sing dilakoni kui boseni. Wong kui ngerti yen urip mung sepisan dadi dheweke ngelakoke opo wae ben ora ngeroso dhewekan lan atine iso seneng terus. Dheweke wedi yen uripe kui kudu dheweke enteke dhewekan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7205", "text": "Covid-19 sing ndorong penerapan kebijakan Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB) nang sejumlah daerah ndek Indonesia berdampak nang kemerosotan ekonomi ndek kabeh lini warga. Akeh banget perusahaan sing gak sanggup nerusno produktivitas usaha sampe kudu ngelakoni PHK. Total onok 5 juta lebih pekerja sing ke-PHK mergo pandemi iki sesuai pernyataane Menkeu Sri Mulyani. Sejumlah perusahaan ngelakoni PHK iki mergo kesulitan cash flow. Faktor utamane yaiku mergo konsumsi masyarakat nang barang-barang teko perusahaan iku tambah suwe tambah mudun, dan iku ngaruh banget nang cash flow perusahaan. Beberapa perusahaan sing sek pingin mertahano karyawan ngelakoni langkah cuti tak berbayar utowo jeneng liyane dirumahkan.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8043", "text": "Ben awak dewe ngimpi sesuatu, iku pasti onok artine dewe. Contohe awak dewe ngimpi dikejar karo kewan sing buas. Arti ngimpi dikejar kewan buas iku bener-bener erat kaitane ambek kehidupan nyata. Artine yaiku indikasi pengalaman negatif sing selama iki durung diatasi. Iki sisan isok dadi petunjuk onokne ancaman sing diuraino nang tingkat emosional. Ngimpi dikejar kewan buas iku nyudokno nek awakmu gak isok ngatasi suatu agresi utowo situasi sing marakno awakmu wedi. Nek misal nang ngimpi iku awakmu isok lolos, berari gambaran ngimpi iku nyudokno nek awakmu percoyo ambek kemampuanmu dewe. Tapi nek misal awakmu gagal gawe lolos nang ngimpi iku mau, berarti awakmu sek lagi nggolek jalan keluar atas masalah sing lagi dialami.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5385", "text": "Ngerampungke gawean kuwi ora mung butuh kemampuan lan kerja sama sing apik, nanging uga komunikasi sing lancar ben gawean iki ora tumpang tindih marang liyane lan dirampungke karo wong liya. Yen komunikasine ora lancar, gawean iki bakal morat-marit lan marai stres. Yen gawean iki dijupuk karo wong liya, mesti ana rasa mangkel lan ngerasa ora mampu. Kamangka komunikasi iki dadi salah siji kunci penting ning gawean. Kelompok sing komunikasine elek mesti dadi guneman amarga kerjane uga katon ora apik lan gampang oleh koreksi. Nanging akeh wong ngorbanake komunikasi kelompok kanggo kepentingane dhewe, misal golek jabatan lan njegal kancane ning gawean.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4400", "text": "Pas aku ngopi nang pinggire kampus islam negeri nang Kota Pahlawan. Koncoku moro-moro teko ambek gowo pesenane maeng, nah deke pas lunggo maeng langsung digetno wae mergo awake iku rodok lemu terus telonone iku lepete megilan. Nah pas lunggo moro-moro ono suora \"krek\" terus koncoku meneng ae ambek plerak-plirek nang kiwo tengene maeng. Terus pas tak takoni, lapo koen plirak-plirek?, bocahe ngomong \"hus menengae telonoku suwek\". Nah pas jawapi maeng bocahe raine ambeng mergo telonone moro-moro suwek. Nah akhire deke iku lunggo ae ambek menenge pol ora wani pola koyok biasane mergo kuwatir nag konangan wong sing ono nang gurine. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6187", "text": "Njaga mambune awak ben ora isin yen ketemu wong liya kuwi penting, apa maneh yen lagi kerja ning instansi. Ngeresiki awak lan nganggo wewangian kuwi pancen bisa ngilangi mambu nanging pengaruhe ora sepira gedhe. Sing paling gedhe pengaruhe kuwi saka panganan sing dipangan lan uga zat sing dikonsumsi. Rokok lan alkohol iki bisa marai ambu sing orang enak lan angel banget diilangi senajan nganggo parfum. Yen njaga panganan kuwi yaiku akeh mangan buah lan uga sayur ben akeh cairan sing ana ning awak lan keringete ora mambu. Banjur yen pengen luwih seger awake, uga ngombe jamu saka seduhan kayu secang kanggo ngilangi mambu keringet. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6140", "text": "Aku lan mbakku pancen mirip, apa maneh umurku mung jarak setaun. Dhuwure padha lan uga padha nduwe rambut dawane. Aku lan mbakku uga seneng banget ngepang rambut dadi 2 lan saka mburi mirip banget. Ning sawijining dia, aku diseneni karo kancaku sing ana ning amarga aku dianggep sombong ora nyauri pas dekne ngundang aku ning kantin. Banjur aku bingung banget amarga wiwit jam isuk, aku isih ning kelas amarga males metu lan ora jajan. Nanging kancaku panggah ngotot amarga dekne wis yakin nek kuwi aku. Ora suwe, mbakku nglinguk ning kelas arep mbalekake buku. Kancaku sing salah ngundang kuwi ngguyu nanging ya isin amarga jebul salah ngundang, ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "338", "text": "Wong tuwo kepengen anake duwe tabiat sing apik. Makane, pas anake ngelakoke kesalahan wong tuwo mesthi ngandani utowo ngewehi nasihat. Naning, ono wong tuwo sing ora sabaran dadi pas anake salah kui langsung dibentak nganggo nanda sing duwur. Maksud wong tuwone apik, nanging yen keseringan bentak anak kui iso dadi pengaruh buruk neng psikologise. Anak dadi cenderung menghindari kesalahan mergo ora gelem dibentak karo wong liyo. Pikirane dadi sempit. Dee bakal ngelakoke ben wong liyo utowo atasane kui ora marah, dudu sing bener. Senadyan, sing dikon atasan kui ora mesthi cocok lan bener. Sing paling parah, anak dadi wedi kanggo jajal opo-opo. Dee mending meneng wae timbange dee ngelakoke hal sing marake wong-wong liyo ora seneng karo dee. Makane kui, penting kanggo wong tuwo iso sabar terus pas ngemong anake.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7239", "text": "Trauma iku istilah sing umum banget ndek kalangan masyarakat. Wong sing nduwe trauma pun yo akeh, mulai teko sing ringan sampe sing abot. Wong sing nduwe trauma akut biasane bakal ngaruh banget nang kehidupane. Gak jarang pisan moro-moro mereka kenek serangan panik tanpa kenal tempat. Uwong sing traumane koyok ngono butuh banget berobat nang psikiater dan ditangani langsung secara medis. Kondisi koyok ngono iku isok bahayano korban mau pun wong ndek sekitare. Nek wes ditangani ambek psikiater, kondisi korban isok luwe terpantau dan sek onok kesempatan gawe disembuhno cek isok urip normal maneh. Dadi gawe awakmu sing nduwe konco koyok ngono, utowo awakmu dewe sing koyok ngono, segera berobat nang psikiater yok.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1577", "text": "Pas lagi mlebu kerjo bar prei sing dowo, awak dhewe rasane malas banget mangkat neng kantor. Dadi pas neng kantor, awak dhewe isih males-malesan. Supoyo awak dhewe ora patio ketoro yen lagi males neng kantor, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, sing kudu awak dhewe lakoke kui tetep ono neng ngarep laptop terus. Supoyo awak dhwe etok-etoke lagi garap tugas. Sing keloro, awak dhewe iso ngobrol karo konco kerjo dhewe. Timbangane dhewek males-males garap lan gawe kwalitas kui midun. Mending awak dhewe ngobrol karo konco kerjane dhewe alesane kanggo bahas teknis koordinasi. Sing ketelu, yen isih ora niat nyambut gawe, mending awak dhewe jaluk cuti meneh nek isih iso.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6177", "text": "Pelecehan seksual ning panggonan umum kuwi isih dadi isu sing marai wong kuatir amarga bisa ndadekake lingkungan kuwi ora aman, ngisin-ngisini, lan uga ngakibatke rusake moral amarga aksi porno sing ana ning lingkungan. Nganggo klambi sing sopan wae ora cukup yen miturut para peneliti amarga akeh pelaku pelecehan sing nekat ngelakoni aksi senajan pakaiane korban kuwi wis tertutup rapet. Kamangka, sing perlu dilakoni yaiku ngewenehi pengetahuan marang anak, bagian ngendi sing oleh dicekel lan ora karo wong liya ben ora ana kasus pelecehan ning kendaraan umum lan uga mbentengi awak nganggo ilmu bela diri yen sewayah-wayah pelaku iki nekat nyerang korban. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4493", "text": "Keceret yoiku termasuk perkoro sing ancene paling ngisine, opo maneh nag kedaden nang panggonan sing wong akeh bakal ambu perkoro iku maeng, nah sing jenenge keceret maeng yoiku termasuk barang sing metu teko dalan gure tapi bentuke iku koyok banyu terus warnai kuning. Nah ambune iku luweh jemberi ambek mangkelno timbak kotorane menungso. Nah wong sing ngalami perkoro iki nang ngarepe wong akhe koyok koncoku pas SD biyen yo bakal isine megilan, mergo perkoro iku termasuk perkoro sing ancenen digetingi wong akeh. Nah nag sampek kedaden perkoro koyok iki berarti deke iku ora sehat wetenge, tapi wetenge iku pas eror utowo loro. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7574", "text": "Alat kontrasepsi iku alat sing digawe nyegah kehamilan sing gak dipingini. Umume, kehamilan terjadi nek sel sperma karo sel telur iku ketemu, dan alat kontrasepsi iku isok nyegah hal iku. Alat kontrasepsi iku onok gawe lanang dan gawe wedok, dan iku onok jenise dewe-dewe. Tapi, alat kontrasepsi iku bakal sia-sia nek takdire awakmu iku bakal nduwe anak. Contohe koyok kondom sing suwek dan marakno sel sperma melbu nang rahim dan isok membuahi sel telur. Dan sek akeh maneh kecelakaan pas nggawe alat kontrasepsi sing marakno wong tetep kebobolan. Tapi nek ancene iku wes takdire, kate seketat apa pun nganggo alat kontrasepsi, bakal tetep onok celahe.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8007", "text": "Biasane pas awak dewe kate disuntik, pasti ngeroso wedi disikan. Nek awakmu sek ngeroso wedi nek kate disuntik, onok cara sing isok mbok lakoni. Siji, keki eroh kondisimu. Sopo eroh tenaga medis ngekeki alternatif pengobatan liyane. Loro, lakoni applied tension. Nek misal mentok gak onok alternatif liyane selain kudu disuntik, coba lakoni applied tension. Lakoni iki sak dino ping telu selama sak minggu sak durunge disuntik. Telu, latihan pernapasan. Hal iki ben awakmu isok luwe rileks pas kate disuntik. Terakhir, tatakno ati dan hadepi ae. Njaluko suster gawe ngancani nek awakmu butuh cekelan tangan utowo sing liyane. Sugesti utekmu sisan nek disuntik iku gak bakal selara sing mbok bayangno.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8070", "text": "Dino iki, aku moleh kuliah koyok biasane. Berhubung jare lagi gak onok rapat kepanitiaan, yo aku langsung moleh ae gawe garap tugas kuliah. Pas aku ngelewati Ruang Sekre, aku gak sengojo ndelok konco-koncoku sing lagi ngobrol serius pol. Sing marakno aku kaget iku pas krungu onok jenengku disebut. Akhire aku seliden gawe nguping obrolan mereka. Dadakno mereka iku ngomongno nek kinerjaku nang kepanitiaan iku bosok pol. Aku langsung mak dheg lah. Wong mereka ngomong nang aku dewe nek mereka puas karo kerjaanku, lah kok saiki mereka ngelek ngelekno aku? Awakmu langsung gemeter nemen, dan napasku wes mulai sesek. Weroh onok tanda tanda serangan panikku kumat, aku cepet-cepet mlayu dan melbu nang mobilku. Pas tutuk mobil pikiran pikiran elek mulai teko nang utekku. Aku berusaha ngelawan iku ben serangan panike gak tambah nemen. Aku nyoba ngatur napas terus, sampe akhire isok rodok lego. Mbasio atiku sek ndredeg nemen, setidake saiki wes gak ngeroso sesek maneh dan isok ambekan lego.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7910", "text": "Dino iki aku buru moleh teko kampus rodok bengi, sekitar jam 11an. Hal iku mergo aku onok rapat gawe penutupan acara Bulan Bahasa sing skalane gede, makane kudu dibicarakno sampe tuntas dan iku sing marakno suwe. Akhire aku moleh dan ndelok dalanan wes sepi buanget. Rodo ngeri sih, tapi untunge aku numpak mobil, dadi sek aman lah. Enak-enak nyetir, moro-moro aku ndelok onok motor ngeluyur terus mbacok uwong sing lagi mlaku nang pinggir dalan terus ditinggal ngono ae. Aku sing ndelok iku langsung gemeter nemen. Iku sing sek tas klitih, dan ancen jam sak mene lagi rawan pol klitih. Ancen guduk aku sing diserang, tapi aku melu gemeter. Cepet-cepet aku tancap gas terus ngebut gawe moleh nang kos dan gak wani gawe nolongi korban iku mau. Guduk maksud jahat, Cuma keselamatan diri nomer siji saiki.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1017", "text": "Aku ora ngenyaranke yen lagi ditodong nganggo senjoto kui awak dhewe ngelawan. Nanging yen arep ngelawan, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu nyerang pas penjahate kui lengah. Awak dhewe iso ngenteni lan iso uga gawe kesempatan kui dhewe. Awak dhewe iso gawe wonge kui lengah kanggo cara nguncal barang sing ngalangi pandangane. Sing keloro, awak dhewe kudu golek benda-benda neng sekitaran awak dhewe sing kiro-kiro iso digawe senjoto. Sing ketelu, yen misale perawakan penjahat kui gede, awak dhewe kudu usaha ben senjoto sing dicekele kui lepas. Awak dhewe ora mungkin ngalahke wong kui, dadine pilihan sing paling apik kui gawe wonge kui ora iso nyilakani awak dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "228", "text": "Ibadah haji kui mlebu rukun islam sing terakhir. Kabeh wong muslim duwe cita-cita neng Mekkah kanggo ngelakoke ibadah sing paling angel kui. Nanging, saiki ngelakoke ibadah haji kui dadi luwih ribet. Soale, awak dhewe kudu ngenteni 20 tekan 30 taun disik. Bayangke nek awak dhewe daftar pas umur 40 taun. Paling cepet awak dhewe, iso mangkat neng tanah suci kui pas umur 60an. Pas umur sak mono, awak dhewe ora ngerti kondisi fisike dhewe bakal koyo piye. Lan ora ono sing iso jamin, nek awak dhewe ora kenopo-nopo selama ngenteni antrian kui. Makane kui, awak dhewe kudu nyepak dana haji kui seko awal. Misale iso daftar pas umur 20-an, sak suwe-suwene awak dhewe iso mangkat pas umur 50.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8447", "text": "Keseleo lidah iku isok dialami sopo ae, kapan ae, dan nang ndi ae. Keseleo lidah iku sisan sing marakno kadang awak dewe keliru nyeluk jenenge wong liyo soale ketuker-tuker iku mau. Tapi eroh gak rek, awakmu iku isok ngelatih ben resiko keseleo lidah iku isok berkurang. Carane iku mbelit ilat alias boso gaule iku tongue twister. Tongue twister iki isok ngeminimalisir keseleo lidah iku mau. Carane iku lakoni alon-alon, terus ditambah kecepatan sampe nang tempo awakmu ngobrol koyok biasane. Terus pas laithan iku coba digawe sing ualay ben sekalian ilatmu iku kelatih gawe ngatasi kebelit iku mau. Salah siji kalimat sing isok mbok gawe latihan yaiku “Kakaktua kakak kakekku kenal kakaktua kakak kakekmu”. Baleni terus sampe isok ngomong sing jelas dan gak keliru maneh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3729", "text": "Teleke kewan iku ancene jijiki lo yo. Masio iku garing, tapinag kenek yo isek mangkel opo maneh nag isek teles, yo tambah jembere ora karoan soale ono ambune sung isek asli ambek basine oramblok. Yo mangkane nag duwe roso jijik ambek sing jenenge teleke kewan yo nag liwat sing adoh ae ambek panggonan sing sekirane akeh kewane koyok pitik sing biasane teleke ngawor ambek kucing barang kan yo ngunu neleke ngawur. Dadi nag dolan utowo mlaku-mlaku iku sing ati-ati ben ora kenek teleke kewan, nag kenek kan yo mesti metu roso jijike maeng. Terus nag wes kadung kenek yo gagih nang diumbah soale kan ambune ora enak terus akeh penyakite.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6089", "text": "Wisata kuliner kuwi pancen dadi daya tarik pariwisata sing kudu dipertahanke. Nanging sing paling penting saka usaha kuliner sak liyane konsep sing menarik, panganan sing enak, layanan sing apik, yaiku kebersihan panggon lan panganan sing kudu dijaga banget. Babagan karesikane panganan iki penting banget amarga panganan sing didol iki nduweni pengaruh karo pelanggan, mulai saka rasa, tampilan, lan uga karesikane. Ana wong sing jijikan nemen yen ndelok panganan sing rusuh utawa ana benda asing kaya rambut, kerikil cilik, lan sak panunggale. Kamangka, kanggo kanca-kanca sing duwe udaha kuliner, babagan iki pancen kudu dipertahanke ben bisa marai para pelanggan betah lan ora ragu yen ngomongake babagan kesehatan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "734", "text": "Anak-anak kui seneng ngelakoke opo sing dhewe lagi seneng lakoke utowo ngelakoke sing lagi anyaran digateke. Kui iso perkoro sing apik lan sing elek. Ono anak sing seneng napuk. Pokokmen delok opo wae dhewe mesthi ditapuk. Yen misale, awak dhewe ditapuk karo wong kui, awak dhewe ora oleh nesu. Awak dhewe gak perlu repot-repot bales anake kui. Soale, anak kui ora ngerti opo-opo. Dheweke mung pengen seneng-seneng. Dheweke durung ngerti yen ditapuk kui rasane lara. Yen ono anak sing ngono, awak dhewe kudu ngajari anake kui yen ora elok ngeplak wong tanpa sebab sing jelas. Supoyo dhewe ngerti lan ora bakal ngelakoke kui meneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9425", "text": "Cara nabung saiki akeh banget maceme. Wiwit sing paling gampang nganti sing paling ribet iku ana. Kanggo nabung sakjane bisa nggawe cara sing paling gampang supaya nalika butuh dhuwit kanggo tuku barang sing dipengeni, bisa langsung dijupuk utawa dicairake. Nabung sing paling gampang sakjane nabung ing celengan sing ana ing omah. Kowe bisa saben dina ngelebokna dhuwit ing celengan. Nanging sing gaenak saka nyelengi dhewe ana ing omah yaiku dhuwit iku gampang kanggo dijupuk saengga celengan iku ora cepet kebak. Sing paling aman yaiku ngelebokna dhuwit ana ing bank utawa diinvestasikna ana ing pasar saham. Akeh banget cara sing bisa dilakoni kanggo nabung, mula kowe bisa wiwit nabung supaya bisa gampang yen pengin tuku barang sing dipengini.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3751", "text": "Pas aku dolan nang kota Beriman aku muangkele pol soale ono wong idu ngawur pas nang dalan. Nah aku sing posisine nang gurine wonge yo otomatis kenek lah. Koncoku sing tak gonceng barang yo kenek, mari ngunu koncoku terus ngongkon mandek terus gantian deke gonceng aku, terus bocahe nguamuk oleh nyetir soale ngajaki wong sing idu ngawur maeng. Pas petuk wong iku maeng bocahe ngamuk-ngamuk ambek ngilingno wong iku maeng nag idu ojo ngawur soale kenek wong liyo. Mari ngunu polahe bocahe jijik maeng, deke akhire langsung minggir nang masjid kanggo ngilangno idune maeng. Nah pas deke ngumbah maeng koyok kudu kuwok-kuwok soale jarene ambune ora enak ambek gilani.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7905", "text": "Awakmu nek ndelok pembawa acara sing biasa mimpin acara, tau gak mikir, kok isok mereka iku ketok suantai dan isok asik nek gawakno acara iku mau. Kadang onok sisan sing isok berinteraksi bebas karo penontone. Alesane siji tok, soale jam terbang e wes duwur. Wong sing wes nduwe pengalaman akeh iku jarang banget ngalami demam panggung. Misale ngono gugup, de’e pasti isok ngatasi iku kabeh dengan profesional. Tambah duwur jam terbang e, tambah isok bersikap profesional pembawa acara mau, dan luwe jarang ngalami demam panggung. Saiki coba bandingno pembawa acara sing nduwe pengalaman sak tahun ambek sing nduwe pengalaman limang tahun, teko cara ngadek e ae wes buedo, opo maneh cara ngomonge. Dadi jam terbang iku ngaruh banget demi kelancaran ngomong nang duwur panggung utowo nang ngarep wong akeh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2064", "text": "Aku ora kepengen pas aku wis tuwo sesok urip dhewekan. Dhewekan kui ora penak. Aku dadi kudu ngelakoke opo-opo dhewekan. Aku ora masalah sebenere yen kudu masak, reresik omah, lan ngumbah dhewe. Nanging ora ono wong sing bakal iso tak ajak ngobrol lan bagi opo sing lagi tak rasake. Aku wedi yen misale yen wis duwe keluarga, anak-anakku wis podo gedhe lan uga wis duwe keluargane dhewe-dhewe. Mergo siji lan alesan liyone, anak-anakku wis ora iso sak omah meneh karo aku. Terus bojoku disiki aku lungo ninggalke donyo iki lan sedulur-sedulur tinggale adoh seko aku. Aku wedi kui kedadean. Aku ora iso bayangke yen aku kudu urip dhewekan pas tua.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7523", "text": "Salah siji vonis penyakit sing paling akeh didapeti iku vonis kanker. Dokter sing wes ngevonis kanker iku bakal nyarano pasien e gawe kemoterapi nek sek isok diselametno. Kemoterapi iki pemberian obat-obatan cek ngehambat utowo ngehentikno pertumbuhan sel-sel kanker. Pasien isok ngelakoni prosedur kemoterapi iki ndek omah dengan ngonsumsi obat kemoterapi, utowo nerimo cairan infus sing dilakoni nang Rumah Sakit dengan pengawasan dokter. Kemoterapi iki isok berlangsung selama pirang wulan dan kebagi dadi pirang sesi. Kemoterapi iki pengobatan gawe kondisi sing serius, dadi perencanaan e kudu mateng sisan. Perencanaan iku meliputi metode sing kate digawe, efek samping sing kemungkinan bakal muncul, karo tingkat keberhasilan kemoterapi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7691", "text": "Aku lagi kepingin me-time mergo sumpek ambek kerjaanku sing gak mari-mari iku. Tak putusno gawe mangan nang salah siji Restoran sushi favoritku nang Gresik. Saking luwene, aku langsung kalap dan pesen akeh buanget. Mulai teko ramen daging, sushi tuna, gyoza, karo blueberry cheesecake. Berhubung lagi rame, dadi aku kudu ngenteni luwe suwe timbang biasane. Akhire pesenanku teko dan aku langsung sumringah maneh. Pas tak delok, kabeh pesenanku gak onok sing sesuai karo sing mau tak omongno. Aku langsung protes nang pelayane, opo’o kok pesenanku salah kabeh. Pelayane njalu sepuro dan ngomong nek pesanan sing wes dadi gak isok dibalekno maneh. Atiku tambah mrengkel dan pingin nyentak pelayane, cuma timbang tenagaku tambah entek, mending tak jarno ae. Akhire aku mangan sambil gondok. Niat me-time seneng dadine malah gagal.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9490", "text": "Akeh wong sing padha rabi suwi nanging isih durung diwenehi anak. Iki uga dirasakke karo Iren. Wis kurang luwih 2 taun mlaku dheweke urung meteng. Iren saben dina donga lan ngelaksanakake urip sing sehat kayata mangan sayur terus, olahraga, lan turune uga diatur ora ngawur. Ora tekan setaun, Iren akhire meteng. Iren lan bojone sing wis ngenteni 2 taunan seneng banget lan matur nuwun marang Gusti. Wis 9 wulan, Iren ngenteni anake lair. Akhire ing dina Minggu, anake Iren lair. Bayine wedok, putih lan resik banget persis karo Iren. Anake diwenehi jeneng Andin. Pangarepe Iren lan bojone, Andin bisa dadi bocah sing sholehah, nurut marang bapak ibune, lan sregep ibadah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4803", "text": "Salah sawijining beasiswa sing mbutuhake usaha gede nanging hasile ya gedhe kuwi salah sijine GKS utawa Global Korea Scholarship. Beasiswa iki penyalure saka pemerintah Korea Selatan, yaiku saka mentri pendidikan gawe mahasiswa manca negara sing kuliah ning Korea Selatan. Ana akeh kampus lan jurusan sing bisa dipilih, nanging beasiswa iki duwe prioritas kanggo mahasiswa sing ana ning jurusan teknik, ilmu-ilmu alam. lan kesehatan. Jurusan humaniora sing diprioritaske mung jurusan bisnis lan hukum. Beasiswa iki uga nyediakake beasiswa kanggo sinau basa korea khusus guru lan pengajar lembaga. Beasiswa iki mbayari kabeh biaya pendidikan, biaya kanggo urip, transportasi, sinau bahasa, lan kabeh asuransi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7698", "text": "Awakmu tau gak, dilayani karo pelayan sing kerenge kenemenen dan iku marai awak dewe melu emosi sisan? Padahal kudune kan pelayan iku ramah dan senyum terus nang pelanggane. Setidake nek lagi gak mood, tetep atur wajah cek tetep enak didelok, utowo atur cara ngomong ben enak dirungokno. Ojok malah dilampiasno nang pelanggane. Nek awakmu ketemu ambek pelayan iku, awakmu isok laporan nang bagian manajer, opo maneh nek pelayan iku wes rodok kebacut. Laporane isok langsung nek manajer e onok nang panggon iku, utowo awakmu isok laporan lewat email. Dadi nek awakmu nemoni pelayan sing malesi, ndang lapor nang bagian manajer cek ditindak luwe lanjut.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5329", "text": "Selingkuh iki bisa marai hubungan sing wis dibangun iki ajur lan bisa ngorbanake anak-anak sing ana ning ngombah amarga bisa ndadekake pegat. Kasus pegatan iki dadi kasus utama sing diakibatake karo kasus perselingkungan amarga kasus iki marai wong bingung karo hubungane dhewe. Wong sing wes selingkuh iki mesti cenderung golek perkoro uga golek kurange pasangan ben nduwe pilihan kanggo pisahan lan setuju karo tindak lan tanduk sing dilakoni padahal selingkuh kuwi wis jelas salah. Kamangka, yen duwe hubungan, awak dhewe kudu duwe pertimbangan babagan apa wae sing oleh lan ora oleh dilakoni, supaya ora ana perselingkuhan lan pegatan sing bias ngorbanke akeh wong.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5769", "text": "Wayah pandemi pancen dadi wayah sing kritis amarga akeh wong sing ngerasa kesepian ning jero omah, apa maneh wong sing lagi ana ning manca negara lan adoh saka keluarga. Pandemi iki marai wong kudu ning omah. Kurange aktivitas iki marai depresi lan uga mudhunake kekebalan awak. Depresi iki bisa marai lara ning awak lan mental. Kamangka akeh perusahaan hiburan sing melu ndukung wayah isolasi mandiri iki lan nyediakake akeh layanan kaya film gratis, diskon ning aplikasi gim, lan sak panunggale ben para pelanggan iki bisa ngolah stres. Amarga kuwi, ning wayah pascapandemi iki, ayo sinau babagan ngolah stres bin uripe awak dhewe bisa normal maneh kaya sak durunge pandemi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5637", "text": "Salah siji cara kanggo nyelametake nyawa wong sekarat amarga henti jantung. Aja wedi lan aja ragu yen wis ngerti ilmune, kabeh wong bisa ngelakoni CPR iki. Salah siji proses sing ana ning CPR iki yaiku napas buatan. Cara ngewenehi napas buatan yaiku kaping pisan ndeleh lambe ning irung utawa lambene pasien. Yen ngewenehi napas buatan lewat lambe, irung kuwi kudu ditutup. Udara sing ana saka lambe kuwi disalurake kanggo mbuka dalan napas. Banjur digatekake dadane pasien munggah mudhun kaya lagi ambegan apa ora. Yen wes digatekake lan durung ana perubahan, awak dhewe kudu ngelakoni kompresi dada pasien kanthi ping 30.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "327", "text": "Kegalan sing kerep dirasake wong-wong kui gagal neng perkoro hubungan. Hubungan sing dimaksud iso kancanan, asmara, keluarga, tekan pernikaha. Yen awak dhewe pisah karo wong sing awak dhewe tresnani, awak dhewe ngeroso koyo donyo arep kiamat, sesok srengenge terbit seko kulon. Nanging ono coro ben hubungan awak dhewe karo wong sing ditresnani kui langgeng terus. Kunci utamane kui komunikasi. Gatuke rong sirah dadi siji kui ora gampang. Masing-masing dhuwe coro pikir sing bedo lan pengalam urip sing bedo. Sak podo-podone sifat awak dhewe karo wong kui, tetep luwih akeh bedone. Dadi awak dhewe kudu ngomong opo sing ono ning pikirane awak dhewe, opo sing dipengeni. Sewalike, awak dhewe uga kudu ngerungoke opo sing pasangan, konco, utowo anggota keluargane dhewe sing dee arepke.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "645", "text": "Yen sepur sing arep ditumpaki kui telat, awak dhewe mesthi kagete bukan main. Iso-iso jadwale awak dhewe dadi semrawut. Nanging ora perlu kuwatir, saiki yen misale awak dhewe numpak sepur saiki mesthi tepat waktu, ora telat 1 menit lan ora kecepetan 1 menit. Saiki pegawe-pegawe KAI wis iso ngedalike kendala-kendala teknise. Kabeh kui disiapke tenan-tenan ben ora ono sing ngerti-ngerti rusak neng tengah dalan. Tepi tetep, yen misale ono bencana opo perkoro-perkoro sing iso nyilakani penumpange, sepur tetep iso telat. Sing keloro manajemen neng lapangane wis sae. Pegawe KAI wis disiplin karo jadwal sing wis ditetepke. Pegawe neng sepur utowo neng stasiun uga iso saling kontak-kontak yen ono masalah, supoyo iso digolek solusine bareng-bareng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8464", "text": "Ngutang iku intine nyilih duit nang wong liyo. Nek jaman mbiyen, wong iku akeh isine nek kate ngutang nang wong liyo. Tapi tambah berkembange jaman, uwong iku tambah gak nduwe isin nek kate nyilih duit. Malah kadangan, wong sing nyilih duit iku mau maleh dadi luwe kereng ben isok nyilih duit. Wes ngono, wong-wong sing ngutang iki tambah suwe tambah gak tau diri. Nek misal ditagih utange, malah kabur. Nek gak, malah nyentak wong sing nagih utang iku mau. Padahal sing ngutang sopo, sing ngutangi sopo, kok malah sing ngutang sing luwe kereng. Ancen jaman tambah edan, wong-wong e podo edan sisan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "791", "text": "Bar pengemuman UTBK, aku ngejak adiku mangan neng daerah Giwangan. Awak dhewe arep mangan mi ayam sing paling terkenal neng Yogyakarta. Kui dadi salah siji bentuk ucapan slamet mergo adiku mlebu kuliah. Kebetulan banget panggone kui lagi rame. Bejone, awak dhewe isih entuk panggon lungguh. Pas awak dhewe rampung mangan lan arep bayar. Ono ibu-ibu sing nesu-nesu. Pegawe sing ngeterke pesenenane ora sengojo kepleset. Mi ayame kui tumplek neng duwur sirah ibue mau. Ibui bentak-bentak karo ngeplak-ngeplak petugase kui. Untunge, kui ora suwe. Sing duwe panggon, ngomong langsung karo ibu apik-apik. Nanging mergo kebacut mangkel lan klambine reget, ibu-ibu kui karo rombongane langsung metu.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8356", "text": "Idu iku ancen akeh banget manfaate gawe kesehatan cangkem. Tapi, nek produksi saliva iku mau dadi berlebihan, iku berarti onok sing bermasalah ambek kondisi kelenjar idune awak dewe. Kondisi iki diarani hipersalivasi. Ancen gak langsung mbahayakno, tapi isok marakno uwong dadi gak pede soale ngeces terus. Biasane hipersalivasi iku mergo untu berlubang, refluks asam lambung, infeksi nang rongga cangkem, sariawan, dan liyane aneh. Hipersalivasi iku isok marakno lambe garing, iritasi kulit ndek sekitar rongga cangkem, mambu cangkem, dehidrasi, angel ngomong, sampe angel ngerasakno panganan. Onok cara gawe nyegah hipersalivasi iki. Siji, nyikat untu terus nganggo obat kumur. Loro, nganggo obat-obatan teko dokter. Telu, ngelakoni prosedur medis.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5230", "text": "Dewi wis kesel banget amarga bali kerja lan kudu lembur. Apa maneh iki dina Jum'at sing kudune bali kuwih cepet malah Dewi kudu ngerampungke gawean ning kantor. Kanca-kancane wis padha bali amarga gaweane wis rampung. Banjur Dewi dewean ning kantor lan nggarap kerjoan ning ngarep komputer. Banjur wektu wis maghrib lan ora kerasa. Dewi sing wiwit mau ning ngarep komputer saiki arep mudhun menyang mushola, nanging dekne ngerasa yen ditutno uwong lan diundang. Pas dekne mudhun lan mlayu-malyu, Dewi dikageti karo kancane saka mburi sing jebul durung balik amarga isih ngopi ning kantin. Dewi ya njingkat kaget banjur arep nangis. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7160", "text": "Aku ambek keluargaku siap-siap gawe nang studio foto. Tujuan utamane iku gawe foto adekku sing dimelokno lomba bayi lucu nang salah siji klinik nang Gresik. Nang kono, adekku sing sek umur 4 wulan iku tergolong ekspresif banget. Dikudang sitik amber fotografere wes nguyu kemekelen. Pas wes mari sesi fotone adekku, aku sak keluarga mutusno foto keluarga sisan. Mari fotone dicetak, langsung dikumpulno nang klinik ngono ae. Pas wayahe pengumuman, mamaku sing berangkat nang klinik. Sedangkan aku nang omah njogo adek-adekku sing sek cilik iku. Acarane lumayan suwe, sampe mamaku buru teko nang omah jam 11an, padahal acarane ket jam 8. Mamaku melbu omah sambil cengar cengir. Mbari ngono mamaku ngetokno pigura sing isine fotone adekku dan onok tulisan juara 1 bayi lucu. Aku langsung bengok banter dan meluk adekku sing sek bayek iku saking senenge. Mbasio adekku sing juara, tapi aku melu seneng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3329", "text": "Sing keweden kenemen biasane iki iso dadekno roso pobia sing nemene. Nah anjurane dokter iku macem-macem ben iso ngilangno roso pobia iku maeng. Contone anjuran sing kudu dijalal yaiku ngantengno pikiran ambek ngerelexno awak ben iso tetep anteng pikirane soale nag pikirane iku maeng keweden terus yo pancet ora tambah iso waras. Mari ngunu kon nantang pikiran sing negatif utowo sing keweden iku maeng ben iso ilang gal saitik, yo ancene nag ora ditantang koyok ngunu yo bakal pancet ambek suwe ilange tambah nag dibarno yo tambah nemen terus tambah angel ilange. Anjuran iku maeng ora kok sokor anjuran tapi iku ancen wes tau dijajal, dadi iku perlu dipraktekno.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8075", "text": "Tanpa awak dewe sadari, kadang opo sing awak dewe konsumsi iku isok ngaruh nang munggah mudune emosi sing onok nang njero awak dewe. Salah sijine nek awakmu kakean ngonsumsi kafein, iku isok marakno potensi serangan panik luwe duwur. Kafein iku zat sing bekerjo nang area otak sing disebut sistem saraf pusat. Cara kerjane iku ngeblokir bahan kimia sing disebut adenosin, sing marakno kewaspadaan sing sering muncul pas mbarine ngombe kopi utowo teh. Konsumsi fisik iku isok marakno perubahan sensasi fisik sing dikhawatirno dadi permulaan serangan kecemasan sing intens. Rasa wedi iki berubah dadi kecemasan sing engkok bakal memicu serangan panik. Makane psikiater sing nangani penderita serangan panik mesti nyarano gawe ngurangi konsumsi kafein ben kondisi penderita iku gak tambah nemen.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9955", "text": "Nesu iku dadi salah siji alesan wong liya ora gelem nyidek. Sapa sing ora wegah yen duweni kanca wong sing tukang nesuan. Nesu yen ana sebabe iku ora apa-apa amarga kabeh wing wis mesti tau nesu amarga ana sing jalari. Nanging yen nesu-nesu sing ora ana sebabe iku sing garai wong liya wegah. Kayata contohe nalika ana bocah sing pacaran. Sing wedhok ora ana angin ora ana udan mara-marah nesu. Sing lanang ya mesti langsung kepancing lan akhire melu nesu, ujung-ujunge dadi tukaran. Sing kaya ngene iki garai hubungan dadi rusak. Mula kene kudu bisa jaga ati supaya ora gampang nesu.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6164", "text": "Budhaya pinjaman online iki sajane marai penyakit ning masyarakat, apa maneh yen pinjaman online iki nduweni jaminan sing gedhe kaya identitas kanca, wong kantor, uga tangga. Pinjaman online iki akeh banget ning desa sing wargane kurang wawasan babagan keuangan lan bahayane pinjaman saka online. Bunga saka pinjaman online iki gedhe banget lan kadhang uga nyiksa wong sing ngutang amarga jangka wektune uga tipis lan ora bisa ditundha. Yen wis kaya iki, mesti ana debt collector utawa penagih utang sing teka menyang omah lan nakoni kabeh wong kanggo nagih utang. Banjur yen wes kaya iki mesti gari isin amarga diomong tangga lan wong akeh. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4861", "text": "Aku seneng banget nulis cerita cekak lan sering tak kirim ning media-media nasional. Ing salah sawijining dina, aku nemu lomba sing sekirane cocok kanggo ngasah kemampuanku. Lomba kuwi sing ngadakake Fakultas Ilmu Budaya UGM. Lomba kuwi arane Etnikafest. Ning Etnikafest kuwi lombane macem-macem, ana nulis, lomba nggawe poster, lan liyan-liyane. Aku ngirim cerpen sing judule \"Pisau Cukur Agus\". Cerpen utawa cerita pendek kuwi nyeritakake tukang cukur sing nduwe pelanggan saka macem-macem wong. Saka cerpen kuwi aku oleh penghargaan yaiku juara 2 nasional nulis cerpen lan oleh piagam. Amarga prestasi kuwi, aku dadi gampang banget oleh beasiswa saka kampus lan tambah semangat nulis. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9135", "text": "Kabeh iku pasti podo ngomong nek pantai iku dadi panggon sing cocok nek kate digawe healing. Soale nang kono awak dewe isok ndelok keindahan alam sing uapik pol. Wes ngono, awak dewe isok sisan dolen sampe kemping nang kono. Tapi kadang onok sisan uwong sing gak seneng dijak nang pantai. Kate dipekso koyok yaopo, pasti mereka bakal nolak. Nek onok uwong koyok ngono, onok siji kemungkinan gede, yaiku de’e nduwe trauma. Isok ae mbiyene arek iku tau kelelep nang pantai terus trauma nek kate nang pantai maneh. Nek wes trauma, yo gak isok diapa apakno maneh, kecuali nek arek iku nduwe tekad gawe ngilangno rasa wedine iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9117", "text": "Sopo ae isok dadi pelaku bullying, termasuk arek cilik. Arek cilik iku utekke durung isok mbedakno endi salah endi tepak, dadi kadangan mereka iku melu melu ae ambek sembarang kalir perbuatan sing dilakoni koncone. Awak dewe sebagai wong tuwo jelas kudu mbatesi iku kabeh ben anake awak dewe gak dadi pembully pas gede. Cara gawe ngajari anak ben gak ngelakoni bullying iku koyok ngene. Siji, keki eroh nang anak nek perbuatan iku salah dan elek. Loro, ajari anak gawe ngehargai perbedaan. Telu, kembangno empati nang njero atine anak iku mau. Papat, dadio contoh sing apik. Terakhir, konsultasi nang dokter utowo psikolog.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8459", "text": "Roto-roto uwong iku bakal ngeroso isin nek papasan karo wong liyo sing kembaran klambi karo de’e. Tapi dipikir-pikir maneh, lapo isin kan ya. Opo’o gak pede ae. Soale secara gak langsung, awak dewe dadi weroh nek onok wong liyo sing selera fashion e podo karo awak dewe. Kudune awak dewe bangga dong. Mulai saiki, nek misal awakmu ketemu karo uwong sing klambine kembar karo awakmu, pede ae. Ajaken foto sekalian, terus pamerno nang media sosialmu nek awakmu mbari ketemu wong iku mau. Ojok lali sisan gawe muji nang wong iku nek de’e nduwe selera fashion sing apik. Nek wes ngono, awakmu yo gak dadi isin, dan wong iku mau pasti bakal ngeroso luwe seneng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7904", "text": "Awakmu tau gak, melu seminar nang ndi, terus sing dadi narasumber ngomonge koyok gedandapen dewe ngono? Terus nek ben ditakoni, njawabe yo bakal ngalor ngidul karepe dewe. Koyok ngono iku narasumber e ngalami demam panggung. Pasti awakmu nggumun, kok onok narasumber tapi malah kenek demam panggung, tapi sing koyok ngono iku temenan onok. Biasane narasumber sing koyok ngono iku durung nguasai materi seminar sing lagi diadakno, sing marakno de’e demam panggung dan wedi ngekeki jawaban sing kurang memuaskan gawe penonton e. Nek misal narasumber iku nguasai materi, pasti gak bakal wedi dan isok nyampaino materi dengan lancar dan nek ditakoni gak atek bingung langsung tas tes was wes njawab.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5754", "text": "Akeh sing ngomong yen ditutake wong kuwi mung perasaan wae. Nanging babagan iki uga kudu waspada amarga jaman saiki akeh wong padha nekat. Biyasane para penguntit iki wis oleh data saka sosial media lan informasi sing wis kesebar. Informasi iki muat kaya omah, foto, lan uga kadhang jam kerja lan jam sekolah. Para penguntit iki uga alesane ora jelas, ana sing obsesi amarga senneg sing berlebihan utawa murni dadi penguntit kanggo golek informasi. Nanging apa wae alesane ya marai kegiyatan iki ora nyaman lan medeni amarga ora ana sing weruh sikap nekate wong. Kamangka kuwi, sosial media iki bisa dadi salah siji sumber anane informasi penguntit. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9991", "text": "Wis sejam aku ngamuk-ngamuk ning petugas sing ana ing stasiun. Aku ngamuk amarga aku ora diwenehi kejelasan babagan sepur sing ujug-ujug diganti jadwale lan ora ngabari apa-apa. Ya jelas iki kesalahane petugas stasiune, aku njaluk ganti rugi ning petugase. Wong petugase sing ana ing kantor gur njaluk sepura tok nanging ora ana sing nyauti panjalukanku kanggo ganti rugi. Petugase padha lelet padahal wis tak nyelatu entek-entekan. Aku wis mangkel banget lan ora bisa ngempet maneh. Ora peduli senajan kabeh wong padha ndeloki aku amarga aku muring-muring ana ing stasiun sing penting aku oleh ganti rugi. Aku uga kepengin kedadean ngene kaulang maneh. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1544", "text": "Momen sing paling isin kui, pas awak dhewe salah ngudang wong lan wonge kui langsung awak dhewe ajak ngobrol dowo banget. Awak dhewe kebacut ngomong ngalor ngidul. Ngomong opo sing awak dhewe alami jaman biyen karo wong sing awak dhewe kiro kenalane dhewe mau. Jengene wong sing lagi nostalgia, awak dhewe dadi angel mandeg certio. Pas dheweke lagi ngenalke, yen dheweke kui dudu wong sing awak dhewe kenal, awak dhewe lagi sadar. Awak dhewe langsung ngeroso isin pas kui. Awak dhewe ora iso narik opo sing awak dhewe ceritake mau. Wong sing ora awak dhewe kenal kui wis kebacut ngeroroke ceritane dhewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3784", "text": "Panganan sing wes endut iku ancene rodok gilane terus nag endute iku rodok nemen yo maleh marakno roso jijik nang wong sing masi. Nag prosoku panganan endut iku yo durung karoan iso marakno roso jijik, karek delok endute iku maeng piye, nag endute karo barang sing ora rusoh alias mok kenek lemah tok yo durung karoan iso marakno roso jijik, tapi nag endute maeng ambek perkoro sing ruso contone dirubung laler utowo muring, yo mesti marakno noro jijik ambek jember campur dadi siji. Mangkane yo ora gaok nak ono wong sing masih panganan sing model ngunuku terus mireh ambek ora sido mangan utowo panganane langsung dibuak mergo ora kenek di pangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9482", "text": "Rabi ing Bali dadi impenane Lisa, dulurku sing paling tuwa. Senajan omahe Lisa ana ing Jakarta, nanging dheweke ora gelem yen rabine dilaksanakake ana ing Jakarta. Dhuwite wis dicelengi kanggo nggawe pesta rabine ing Bali. Nalika aku teka, aku nggumun banget karo swasana pesta rabine Lisa. Kwadene dipasang ana ing pinggire pantai. Temane putih-putih dadine kursi, meja, kembang, lan dekorasine kabeh warna putih. Upacara rabine uga dilaksanakake ing wayah sore dadine bisa karo ndelok srengenge sing mudun utawa senja sing uapik bangett. Tamu sing teka uga ora akeh banget, Lisa mung ngundang kurang luwih 50 wong tok supaya luwih raket swasana kaluwargane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1439", "text": "Yen awak dhewe ngerti koncone dhewe kui ora kuwat ngambu amis, awak dhewe ojo ngejak dheweke neng panggon sing bener-bener ambune amis. Apike awak dhewe ojo ngejak koncone kui neng pasar. Misale, awak dhewe lagi dolan neng pantai, awak dhewe ojo ngejak koncone dhewe mau neng panggon pasar iwak. Yen dipaksake, mesake koncone dhewe kui. Dheweke dadi ora iso nikmati kebersamaane karo awak dhewe. Awak dhewe kudu golek panggon dolan sing marake dheweke nyaman. Awak dhewe uga ora gelem kan, koncone dhewe kui tekan mukok-mukok neng tengah dalan. Neng misale ambune parah banget, mungkin wae koncone dhewe dadi nesu karo awak dhewe mergo wis dijak neng panggon sing dheweke ora senengi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "319", "text": "Obrolan perkoro kematian kuwi dianggap ora lumrah. Jarane, ojo ngomongke soal mati mengko nek ono malaikat liwat iso diaminke. Padahal, ngobrol perkoro kematian kui penting kanggo wong sing ngeroso wektu wis cerak. Kanggo wong tuwo banget utowo sing wis lara-laranan kui, pikiran soal kematian ora iso ilang. Dheweke pengen nyepake mentale wong-wong di sekitare ben ora sedih banget pas dee sedo. Luwih seko kui, yen wonge sing ngeroso wektu wis cerak kui ngomongke soal kematian dee uga nyepake mentale dee dhewe ben luwih kuat ngeliwati proses sakaratul maut. Ngobrol kematian kui, iso ngelagani loro piha kui, sing arep meninggal lan ditinggalke. Dadi kabeh iso ngiklaske lan nompo takdir seko Tuhan luwih legowo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9166", "text": "Plagiat iku salah siji tindakan sing gak isok disepurani. Bahkan tindakan plagiat iki bakal dikeki sanksi mergo keaslian karya iku wes dilindungi ambek undang-undang negara. Plagiat iku isok dihindari kok, dan iku isok dimulai teko awak dewe. Upaya ngehindari teknik nulis atek plagiasi iku koyok ngene. Siji, macu budaya nulis ambek kesadaran literasi. Nek awak dewe wes kulino nulis ket cilik, keinginan gawe plagiat iku tambah cilik. Loro, sosialisasi tentang plagiarisme. Sebarno ilmu tentang plagiarisme nang sopo ae, termasuk koncone awak dewe. Telu, nyiptakno iklim akademik sing sehat. Salah siji contohe iku manfaatno aplikasi pendeteksi plagiarisasi. Terakhir, ngekeki sanksi sing tegas ben pelaku plagiarisme iku isok kapok. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5262", "text": "Lotre utawa undian sing paling gedhe ning dunya yaiku ana ning Spanyol. Lotre iki arane El Gordo lan wis dilakoni 200 taun kepungkur. Lotre tahun 2015 yaiku sing paling gedhe amarga sing melu telung prapate wong sing ana ning Spanyol. Karcis El Gordo iki didol ning Roquetas de Mar, bagian kidul pantai ning Spanyol. Sekabehe hadiah sing ana ning undian lotre iki yaiku US$ 2,43 miliar utawa padha kaya Rp 33,2 triliun. Lotre iki ora dimenangke karo wong siji, nanging bisa dimenangke wong sing luwih saka siji. Lotre iki diadakake saban wayah natal lan dadi sing paling gedhe amarga hadiahe. Koordinatore undian iki yaiku agen judi The Golden Witch.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5694", "text": "Akeh bocah cilik sing gedhe ning keluarga sing teges lan ora kenal ampun yen ngelakoni kesalahan. Keluarga iki sering disebut strict utawa keluarga sing lurus lan disiplin marang aturan. Nanging uga ana keluarga sing kebablasen yen nggunakake hak kanggo ndisiplinke anak. Ana sing ketegesen kanthi nyiptakake keluarga sing ora demokratis. Keluarga sing ora demokratis iki nyiptakake anak sing mesti wedi diseneni lan uga anak sing manipulatif. Anak sing manipulatif utawa sering nggawe gara-gara banjur direkayasa iki marai ana tekanan sing ana ning jero awake lan bisa mledak kapan wae. Mestine iki ya ora apik marang pertumbuhane anak lan uga prestasi ning sekolah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5611", "text": "Biyen, Ruri sekolah ning salah siji STM sing paling kondhang ning Jakarta. Kondhange ya ora merga prestasine, nanging sekolah iki isine bocah nakal sing senengane tawuran. Ruei sekolah ning kene amarga STM iki paling cedhak saka omahe lan mung butuh mlaku. Ruri ora ngerti len STM kuwi rawan tawuran amarga Ruri ya wong anyar ning daerah kuwi. Dina pertama MOS, Ruri diundang marang WC sekolah karo para senior. Ruri dijaluki dhuwit lan ditodong pecahan botol. Amarga wedi, Ruri ngewenehake dhuwit sangune saka omah. Nanging, sing ora dingerteni, Ruri iki atlet judo. Pas Ruri mulai diserang, Ruri mbales balik lan mlayu saka WC kuwi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4373", "text": "Panganan bosok iku termasuk panganan sing ancene wes mambu terus dadekno panganan iku maeng maleh sing akhire ora kenek diapak-apakno sak liyane dadi bosok maeng. Nah nag ono wong sing ora mentolo ambek jijik karo panganan bosok iku wes lumrah, mergo biasane wong ngunuku iku iso ketok-ketoken nag mangan panganan sing isek apik terus ngerti pnganan sing bosok maeng dadi maleh ora koluh mangan. Yo ancene ora masalah ambek panganan sing bosok maeng, tapi sing dadi masalah yoiku ketok-ketokene maeng iso dadekno wong sing delok iku maleh gilamen nag masih panganan sing ancene bosok maeng, terus akhire ora mentolo mangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5777", "text": "Ngobati serangan panik kuwi dadi masalah sing angel-angel gampang amarga mbutuhake konsistensi sing kuwat saka wong sing lara lan keluarga sing kudu ngewenehi dukungan kang gedhe. Yen kena serangan panik, wong kuwi kudu bisa latihan ambegan amarga napas kuwi dadi sing paling penting ning pengobatan serangan panik. Kaping loro yaiku sinau babagan teknik grounding ben bisa latihan fokus marang masalah sing ana. Kaping telu yaiku istirahat sing cukup uka ngombe banyu putih kanggo normalake fungsi otak. Kaping papat yaiku meditasi lan uga akeh-akeh melu olahraga. Sing pamungkas, ngobati panik iki ngelatih panca indra ben luwih fokus kaya ngerangkul guling utawa mangan permen. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9068", "text": "Aku tau dikandani nek panganan ambek ombean iku akeh ngaruh e gawe penampilan e awak dewe nang duwur panggung. Onok jenis panganan sing dianjurno gawe dipangan, onok sing kudu dihindari sisan. Awak dewe sing gampang kenek demam panggung nek isok gak ngonsumsi sembarang kalir jenis panganan utowo ombean sing ngandung kafein. Misale koyok kopi, teh, dan sejenise. Wong-wong iku roto-roto mikire nek ngombe kopi pasti bakal luwe bersemangat, padahal iku malah isok marakno luwe gelisah ambek gugup. Hal iku mergo kafein isok ngundakno tekanan darah luwe cepet dan marakno awakmu luwe gampang ndredeg. Gawe awakmu kabeh sing kate nampil, nek isok hindari kafein yo ben gak kenek demam panggung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9483", "text": "Wis seminggu kepungkur aku rabi karo wong sing taktresnani. Aku lan bojoku wis seminggu sisan manggoni omah anyar, hadiah kanggo aku lan bojoku sing diwenehi karo bapak ibuku. Aku seneng banget amarga omah iki cocok banget karo kepenginku. Warna omahe putih soklat marakke swasanae adhem. Ora amba banget amarga aku ora seneng omah sing kegeden. Ana 2 kamar kanggo turu lan 1 jeding. Mbalene amba bisa diisi karo kursi kanggo nrima tamu. Pawone nyambung karo sumur sing bisa digawe kanggo panggon mepeh memean. Garasine bisa amot 1 montor lan 2 sepeda montor uga sepeda pancal. Aku matur nuwun sanget marang bapak ibuku amarga wis diwenehi omah iki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9073", "text": "Preman sing biasa ngebegal iku biasane nduwe akeh senjata sing dinggo gawe nyerang target e, salah sijine iku nganggo benang. Biasane serangan nganggo benang iku diarani jerat benang. Jerat benang iki biasane dilakoni atek cara ngelilitno benang nang salah siji anggota tubuh target ben pergerakane dadi terbatas. Area sing paling sering dadi serangan jerat benang iku gulu, ben target iku mau maleh angel gawe ambekan terus mbatesi pergerakan e target iku mau. Benang sing dinggo gawe njerat iku biasane werno ireng. Tekstur benang e yo kaku pol, meh koyok kawat tapi luwe lentur sitik ben luwe gampang gawe dililitno nang target iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5752", "text": "Ing industri hiburan Korea, ana sing arane sasaeng. Sasaeng iki yaiku wong sing seneng ngetutake urip para artis lan ngewenehi foto kegiatan marang sosial media nanging carane ideal. Sasaeng kuwi ana tingkatane, saka sing paling gampang dilawan, kanthi sing paling nekat. Sasaeng iki yaiku rata-rata wong sing ora duwe gawean banjur ngedol foto sing ora dirilis marang media. Nanging, sasaeng iki uga didukung rasa obsesi sing lebih lan bisa marai para artis keganggu. Kabeh kegiyatan artis kuwi bisa direkam, didol, lan uga nggawe berita palsu. Ben ana perhatian saka artis lan kehebohan, biyasane para sasaeng iki uga ngewenehi anceman mateni artis kuwi ben bisa mlebu media.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1491", "text": "Awak dhewe sing ngeroso awake kurang apik utowo pengen dadi luwih sehat mesthi awak dhewe kepikiran kanggo neng pusat kebugaran. Nanging mergo awak dhewe durung tau merono sak durunge, awak dhewe rodo ngeroso asing neng kono lan kaget. Salah sijine sing gawe awak dhewe kaget kui jebul panggon kui rodo jijiki. Ono mambu keringete wong-wong neng kono lan awak dhewe isih iso delok bekas keringete wong sing bar nganggo piranti-piranti sing ono neng pusat kebugarane kui. Iki persis koyo pengalamanku pisanan neng pusat kebugaran. Senadyan, aku merono barengan karo konco. Nanging aku tetep ngeroso gilo sak ben arep nganggo piranti angkat beban neng kono. Awal-awal kae, aku mesthi ngelap pirantine disik kanggo andhuk sing dikei sakdurunge mlebu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "680", "text": "Durung suwi iki, aku delok video neng Twitter. Neng unggahane kui ono tulisan slamet ulang taun. Videone kui delok awak dhewe ono wong akeh, langan kabeh ketoke wis bapak-bapak. Wong-wong kui mlebu neng siji ruangan sing gede. Ruangane kui akeh nuansa putihe lan kosongan, ora ketok prabotane blas. Neng kono ono, wong lanang, ketoke isih enom, lagi turu. Bapak-bapak kui nangike cah-cah enom mau sambil nanyike lagu slamet ulang taun. Bukane seneng, cah-cah enom kui malah bengok-bengok. Bengoke kui ora krungu koyo bengok seneng nanging luwih koyo wedi. Pas tak matke meneh, bapak-bapake kui ora gowo hadiah utowo kue. Jebul pas aku delok neng kolom komentare, kui lagi nyekel gembong sabu.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2070", "text": "Entok wawancara kui uga iso gawe keno serangan panik uga. Aku tau ngeleboke neng salah siji lamaran kerjo neng salah siji agensi kreatif neng Yogyakarta. Aku wis ngelobake lamaran kui wis suwe banget, mungkin ono luwih seko sesasi. Nanging lagi wingi entuk kabar meneh. Aku entuk surel yen aku sesoke kudu melu wawancara. Pas entuk surel kui bengine, langsung panik aku. Aku ngeroso wedi sekaligus seneng. Aku seneng mergo akhire aku entuk kesempatane. Nanging aku wedi soale aku wis ora siap. Seminggu bar aku ngeleboke lamaran kui, aku wis nyepake opo wae sing mungin bakal tak omongke pas wawancara. Nanging yen wis suwe ngene iki, aku dadi wedi lan bingung. Bengi kui aku arep ora iso turu mergo kepikiran.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8302", "text": "Muntah iku kondisi ndek ndi isi lambung metu mergo kepekso teko lambung. Muntah iki disertai kontraksi nang lambung ambek otot weteng. Muntah iku guduk penyakit, tapi gejala teko gangguan kesehatan. Muntah iki kadang isok marakno uwong sing mual ngeroso enakan, setidake gawe sementara waktu. Tapi nek kedaden ping bolak balik, isok marakno dehidrasi. Pirang penyakit utowo gangguan kesehatan sing isok marakno muntah iku mulai teko keracunan panganan, morning sickness, maag, batu empedu, infeksi, batu ginjal, migrain, meningtis, radang usus buntu, dan akeh liyane. Sak liyane mergo gejala kesehatan, muntah iku isok mergo mabuk perjalanan, mabuk mergo mari mendem, stres, dan liyane maneh.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9436", "text": "Duwe Twitter lan bisa manfaatke bisa dadi samubarang kang apik. Aku wis setaun nggawe Twitter kanggo melu undian sing arane giveaway. Hadiahe akeh banget lan rata-rata oleh dhuwit saka 100 ewu nganti pirang-pirang yuta. Bisa kerep menang undian ing Twitter ya ana tata carane. Nomer siji, nalika nemu ana sing nggawe undian lan syarate bisa diterima, langsung melu wae. Nomer loro, kabeh syarat sing dijaluk kudu dilakoni. Sing terakhir, nalika wis rampung ngelakoni kabeh syarate ora usah diiling-iling supaya ora ngarep-arep lan aja lali dunga marang Gusti. 3 babagan iku mau sing mesthi taklakoni lan akhire bisa kerep menang undian.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4858", "text": "Kanggo bocah jaman saiki, nulis blog kuwi bisa dadi sarana ngetokake uneg-uneg lan ngetokake ide kreatif. Konten-konten babakan pengalaman sing nyenengake ya uga bisa dadi salah sawijining konten ing blog iki. Yen ora seneng nulis ning blog ya bisa rilis instagram pribadi lan nulisake kabeh pengalaman karo foto ning kono. Nulis iki bisa ngilangake stres amarga beban urip sing akeh lan bisa ngiling-iling pengalaman apa wae sing bisa marai semangat. Yen ilang motivasi, tulisan-tulisan kuwi bisa dibuka maneh lan bisa dadi tuntunan gawe mbalikake prasaan sing ora kepenak. Dadi, ayo belajar nulisake kabeh pengalaman lan ide-ide ben ora krasa sumpek. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4888", "text": "Saiki ning sosial media lagi akeh berita sing nayangake pengiring manten sing nggawe kerusuhan ning mantenane kancane, kaya nggawa kado sing ora pantes utawa nggawa atribut flare ning jero ruangan lan nyebabake akeh keluk lan ngganggu tamu undangan liyane. Rasane pengiring manten iki wis ilang fungsine. Sejatine pengiring manten iki tugase ya ngewangi manten ben acarane saka lamaran kanthi resepsi bisa lancar. Nanging, ana sing malah dadi beban kaya pengiring sing tekane telat uga ora melu ngiring manten utawa mung kanggo seneng-seneng. Pengiring manten iki kudune bisa ngerti lan mawas diri. Kamangka kuwi, yen kanca-kanca diamanati dadi pengiring manten, aja sampek ngerusak acara mantene dewe ben ora dadi guneman. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9901", "text": "Wis setengah jam aku ngantri kanggo tuku jajan ing ngarepe sekolahku. Bakul iki pancen misuwur enak banget panganane lan murah dadine kabeh padha gelem antri kanggo tuku. Aku wis seneng amarga diluk ngkas giliranku dimasak. Nanging pas mari dimasak malah ana mbak-mbak sing langsung nyerobot lan njupuk panganane sing sakjane dikekna nak aku. Gak kesuwen Mbak iku langsung tak seneni. Dheweke ora ngerti patrap, wong kabeh padha antri kok dheweke gur nyelat. Kabeh wong padha melu nyuraki Mbake supaya mbalekna panganan iku nak aku. Akhire Mbak iku kaisinan lan ngekekna panganan iku nak aku lan akhire nyengkreh mulih karo raine song wis gak wenak. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5258", "text": "Kanca sing apik kuwi yaiku kanca sing bisa ngewenehi pitulungan nalika kancane isih susah. Kadhang, kanca sing lagi susah iki uga akeh sing ora wani ngomong amarga sungkan. Kanca kuwi kadhang ya mung ngewenehi kabar babagan sing penting wae utawa kabar sing ana saka wong liya. Kamangka, awak dhewe kudu dadi kana sing apikan lan bisa ngerteni kondisi wong liya. Tepa slira lan pangerten kuwi penting amarga bisa mbuka dalan rejeki lan bisa wae mbangun hubungan seduluran. Awak dhewe uga kudu ikhlas nulungi kanca ben sewayah-wayah awak dhewe lagi susah, ya ana pitulungan sing saka Gusti amarba bisa njaga kekancan sing apik. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4813", "text": "Tradisi ujian paling angel ning manca negara iki salah sawijine ujian Suneung, utawa ujian kanggo mlebu universitas ning Korea Selatan. Ujian iki wektune ana 9 jam lan materi sing digawe ujian ana sasta, bahasa, IPA, matematika, IPS, basa Inggris, lan basa asing. Ujian iki dilaksanakake setahun sepisan dina Kamis ketelu ning wulan November. Kanggo nyiyapake ujian iki, kabeh peserta ujian kudu sinau lan melu les amarga ujian iki bisa salah sawijining cara ngubah panguripan. Ujian iki dianggep penting banget kanggo pemerintah, ing dina kuwi kabeh industri kalebu pasar saham, bank, lan pabrik dibuka luwih awan ben ora ngganggu ujian dina kuwi. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4921", "text": "Didi ngerasa uripe poyang-payingan amarga dekne ora lulus pendaftaran dadi TNI utawa tentara. Wis akeh cara sing dilakoni ben dekne lulus, kaya olah raga saben dina, nggawe rancangan sinau, lan meriksakake fisik. Nanging dekne mesti gagal ning ujian terakhir lan iki taun terakhire Didi melu ujian. Usahane iki wis angel amarga umure san saya nambah lan kesempatane ora bisa dikejar. Fisike uga sajane cukup kuat lan ora ana penyakit. Nanging ya pancen dudu rejenike wae. Didi melu ujian mlebu perguruan tinggi swasta kanggo ngobati lara atine. Amarga wis akeh latian soal saka ujian TNI, Didi bisa gampang banget mlebu perguruan tinggi. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5753", "text": "Bedha maneh karo pelaku kejahatan sing ana ning Amerika. Kejahatan iki sejenis sasaeng nanging ning kana yen ngarani stalker utawa penguntit. Nanging pengguntit iki luwih akeh ning sosial media amarga bisa nggali informasi kanthi informasi sing dirahasiakake uga dibagi karo para penguntit iki. Umume, penguntit iki ora mbahayakake kaya sasaeng, nanging para penguntit iki nyebarake teror amarga dendam marang korban. Para penguntit iki uga nerima jasa sewaan kanggo ngelakoni tugase lan dibayar larang. Pasa penguntit iki wis ana sing ngerambah profesi dadi hacker utawa pembobol informasi ning internet. Kamangka ning Amerika saiki undang-undang kanggo ngelindungi data pribadi iki dikuatake pemerintah lan direwangi para FBI. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "762", "text": "Pejabat bangsat. Kowe ora tau ngerasake dadi wong cilik po? Jarane biyen pas wingi lagi kampanye, bakal ngerungoke swarane wong cilik. Endi janjimu woii bajingan. Jarene meh gawe lapangan kerjo sing akeh, endi buktine? Aku lan konco-koncoku tekan saiki durung duwe gawean. Jarene, awak dhewe arep diewange golek gawe. Saiki, endi pelatihan sing cetho? Ora butuh aku gur kelas daring sing ora mutu kui. Kowe malah bagi-bagi proyek kanggo wong-wong sing wis pinter kui. Aku ngerti yen aku lan konco-koncoku kui pendidikane elek. Nanging, aku iki tetep rakyatmu Su. Aku uga duwe hak supoyo aku iso ngenafkahi kaluargaku. Aku ora jaluk akeh, sing penting aku iso mangan lan anakku iso sekolah. Aku ora perlu barang-barang mewah sing koyo tok duweni saiki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8499", "text": "Kabeh uwong iku pasti nduwe pengalaman sing ngisin-ngisini awake dewe. Aku yo sisan nduwe kok. Salah sijine iku pas aku sek kuliah alias sek dadi mahasiswa. Pas iku, aku nduwe tugas dan engkok tugase iku bakal direvisi bareng-bareng nang Kelas pas kuliah. Aku ngelakoni revisi ping bolak balik ben hasile iku sempurna dan akune gak isin dewe. Terus onok kesalahan, yaiku aku lali gak ngganti jeneng berkas sing tak kumpulno nang dosenku. Pas kuliah, terus jeneng berkasku bedo dewe dan gak sesuai ambek formate. Tulisane iku ‘bismillah fix’. Mergo iku, arek sak kelas ambek dosenku langsung ngguyu kemekelen dan aku isin pol sumpah. Dadi gawe awakmu para mahasiswa, ojok lali ngganti jeneng berkas sing kate mbok kumpulno nang dosenmu yo rek.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5789", "text": "Kos-kosan kuwi dadi salah siji panggonan sing wargane kudu akrab senajan mung ketemu pas wayah bali kuliah utawa arep turu. Bocah kos iki paling gampang cedhake amarga kadhang duwe lingkungan sing padha uga panggon asal sing padha. Nanging cara adaptasine uga bedha-bedha. Sing paling penting yaiku njaga komunikasi lan sering ngetok ben ora kerasa dewean, sepi, lan dadine stres. Tangga kos kuwi uga dadi faktor sing bisa dadi pitulungan secara mental uga fisik. Yen apikan karo kanca kosan, rasa wedi marang panggon sing ora dikenal kuwi bakale ilang. Amarga kuwi, kanggo bocah kos, aja nyenuk wae ning jero kamar. Ayo mulai nyapa kanca kosmu. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5263", "text": "Joan Ginther yaiku salah siji wong sing diarani wong paling bejo ning Amerika Serikat. Joan iki asale saka Texas lan dadi pelayan toko wiwt taun 90-an kanthi saiki. Joan iki kesohor amarga wis menangke 4 undian paling gedhe ning Amerika lan ndadak dadi wong paling sugih saka lotre kuwi akeh banget. Joan menangake undia sing kaping sepisan ing taun 1993. Ning undian kuwi, Joan oleh 5.4 yuta dolar. Taun 2006, Joan menang 2 yuta dolar. Kaping telune yaiku ing taun 2008 menang 3 yuta dolar, lan sing pamungkas yaiku taun 2010, Joan oleh 10 yuta saka undian kuwi. Banjur dekne dicekel polisi amarga ada indikasi mbeling, nanging ora kebukti lan dibebasake. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2655", "text": "Gelakno wong sing paling penting iku asline penggawean sing ora pantes kedaden nang uripe menungso. Tapi ang ora ngunu jenenge ora menungso normal koyok umume, soale sing jenenge menungso mesti tau ngelakoni kesalahan masio iku saitik utowo akeh, opo maneh gelakno wong liyo mesti iku yo tua. Tapi sak marini nggelakno wong sing paling penting kudu disusul ambek soro salah terus jaluk sepuro karo ati sing legowo ben iso disepuro, soale jaman saiki akeh wong seng salah tapi ora rumongso salah tambah rumongso bener. Nag wes kadung koyok nginiki seng angel soale ora tambah gelakno maneh tapi tamabah garai musuhan ambek wong sing penting maeng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7253", "text": "Sopo ae isok ngalami dikecewakno wong liyo, termasuk awak dewe. Onok akeh banget alesan awak dewe ngeroso kecewa. Siji, ekspektasimu nang wong liyo keduwuren. Wong liyo gak wajib gawe nuruti ekspektasimu, dadi duno ekspektasimu iku. Loro, pas berbuat apik, meneng-meneng awakmu berharap balesan sing podo. Nek awakmu ikhlas dan gak berharap opo-opo, pasti gak onok perasaan kecewa nang ati. Telu, ancen dasarane, wong-wong nang sekitarmu iku gak sebaik iku. Istilah liyane lingkungan sekitarmu iku toxic, dadi ancen mereka gak onok apik-apike gawe awakmu. Papat, awakmu tipe sing gampang kesepian dan seneng ambek perhatian. Limo, awakmu terlalu tertutup sampe wong liyo angel gawe nyesuaino sikap nang awakmu.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "294", "text": "Awak dhewe kudu bahagia pas anake dhewe lahir, ora mandang piye kondisine. Bayi sing lahir ora mesthi sempurna. Beberapa diantarane diwehi kekurangan marang Gusti Allah. Koyo piye kondisine, awak dhewe kudu tetep seneng lan bersyukur wis diparangi keturunan. Neng jobo kono, akeh wong sing dongo terus marang Gusti Allah ben cepet metheng. Ono sing tekan usaha neng dokter-dokter, bayar puluhan yuto tekan atusan yuto, ben iso duwe darah daging dhewe. Malah tekan ono sing bela-belane nganggo metode bayi tabung utowo ibu pengganti. Koyo ngopo wae kekurange sing anake dhewe duwe, awak dhewe tetep kudu bersyukur. Awak dhewe kui isih luwih untung timabange won tuwo liyane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4368", "text": "Saiki sampah iku wes ono nang endi-endi, ora nag kota tok, tapi nag deso-deos barang saiki wes numpuk ora karoan. Masio ngunu, sing jenenge wong jijik ambek jember nag delok sing jenenge tumpukan sampah yo akeh. tapi isek akeh sing buak sampah ngawur. Nah kudune sing buak sampah ngawur ngunuku yo kudu ditertipno ben ora sak karepe dewe nag buak samapah sing akhire engko dadi tumpukan sampah sing ora karoan, terus nag wes numpuk akeh biasane marakno pirang-pirang perkoro contohne koyok ambu sing ora enak, terus marakno lingkungan sing ono nang pinggir-pinggire dadi ora sehat mergo kenek ambune sing ora karoan maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1499", "text": "Awak dhewe nek dadi wong kui ojo dadi wong sing jijikan. Ngeoro jijik kui pancen perkoro sing lumrah. Kabeh wong iso lan tau ngerasake jijik. Alesane wong ngeroso jijik uga werno-werno. Ora ono sing salah seko kui. Nanging, sing kudu awak dhewe gateke kui, awak dhewe ojo terlalu ngetoke yen awak dhewe wonge kui jijikan utowo sekadar ngeroso jijik. Yen wong liyo ngerti yen awak dhewe jijik, dheweke dadi ngeroso ora penak. Dikirane, penyebabe awak dhewe ngeroso jijik kui dheweke. Dheweke dadi ngeroso sungkan neng awak dhewe lan angel cerak-cerak karo awak dhewe. Makna kui, yen awak dhewe wonge pancen jijikan, sak iso mungkin awak dhewe ojo ngetoke neng ekspresi rupane dhewe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8369", "text": "Ben uwong iku pasti tau setidake pisan sak umur hidupe gawe ngadakno tasyakuran utowo jenis pesta liyane maneh. Terus ben marine pesta iku mau, pasti ngasilno sampah sak bajek keret saking akehe. Biasane nek dikumpulno, isok sampe enem kantong kresek abang sing gede iku. Utowo nek nganggo kantong sampah sing gede, isok sampe telung kantong sampah dewe. Biasane, wong-wong bakal ndekek sampahe iku nang tong sampah sing onok nang ngarep omahe. Tapi biasane iku tong sampahe keciliken dan malah dadi tumpukan sampah sing gak enak didelok wong liyo. Timbangane ngono, mending sampah iku mau langsung didekek nang TPS ae. Alesane ben sampah iku mau isok langsung dipilah terus diolah ambek pihak TPS e iku. Dadi gawe awakmu sing buru ae ngadakno pesta dan bingung kate ngguwak sampah nang ndi, guwak nang TPS cedek omah ae. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3469", "text": "Nag wedi polahe dewean iku kudune ora atek dinemen-nemeno soale nag dinemen-nemeno oleh wedi tambah ora karuan kedadeane. Mangkane nag wes kadung keweden nag dewean iku kudune nganteng no pikiran. Nah ngantengno pikiran iki termasuk perkoro sing gampang tapi angel dilakoni soale wong nag wes kadung wedi nag dewean yo ora iso ngelakoni iku. Tapi iku kabeh asline yo teko pikirane mangkane wong sing pikirane nang elek-elek biasane deke iku gampang keweden ambek opo-opo. Dadi nag iso antengno pikiran iku ben ora dadi sing aneh-aneh. Terus angger kondisi iku sing nentokno asline yo pikiran opo maneh nag pas dewean yo jelas tambah keweden.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4461", "text": "Jaman saiki ancene sejene pol ambek biyen, saiki nag utang iku wes gampange pol ambek ora gampang konangan wong liyo nag duwe utang akeh. Nah tahun wingi pas aku muleh, aku isek eleng nag salah sijine tonggoku sing sing duwe usaha mebel gedeh nang kecamatan, iku moro-moro ora ketok nang omah blas, padal nag aku muleh biasane mesti jandon ambek aku, mboh iku bahas bisnise utowo berita sing ancene anyar. Jarene bapaku, wong iku maeng ancene ora muleh wes pirang-pirang dino polahe nunggoki tokone nang kecamatan mergo wong deso akeh sing ngerti nag deke iku duwe utang akeh nang Bank terus durung lunas. Yo ancene wong nang desoku nag ngerti ngunuku rodok dianggep perkoro sing paling ngisin-ngisine.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5270", "text": "Rosa kuwi salah siji kanca kerjaku. Dekne wis rabi suwe banget lan pengen duwe anak. Nanging Rosa iki divonis angel duwe anak amarga nduwe kelainan hormon. Rosa lan bojone wis ora ngoyo lan fokus kerja wae ning Kalimantan. Rosa sing maune dadi ibu rumah tangga banjur melu kerja lan dadi sekantor karo aku. Pas wis oleh setahun kerja, Rosa kerasa awake lara kabeh lan rasane kaya masuk angin. Rosa uga bingung amarga rasane wetenge lara kaya wong kena maag. Nanging Rosa ora duwe maag, banjur dekne ijin ora kerja. Sesuke, Rosa nelpon aku lan ngandani yen dekne kaget amarga pas periksa jebul dekne lagi meteng enom. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1455", "text": "Bingung aku karo wong-wong sing sok ngidu sembarangan neng dalan kui. Opo penake ngono lo ngidu kui. Aku ora paham penak ngidu kui tekan saiki, nanging sing aku ngerti kui delok idu neng dalan kui marake wong-wong sing liwat kono podo jijik. Tak delok neng dalan-dalan kui, wong penak banget ngidu sembarangan. Ono wong sing ngidu kui arahe neng pinggar dalan, iki isih mending soale idune dadi ora patio ketok. Nanging, uga ora sitik wong sing ngidu neng tengah dalan. Iki sing marake jijik. Opo dhewe ora kepikiran ngono loh, wong-wong podo bakal jijik pas delok idu neng dalan. Wonge kui delok idune dhewe ora masalah, naning wing sing liyo kan mesthi ngeroso gilo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4314", "text": "Wingi nane pas aku dolan karo koncoku nang warung sing ono nang pinggire kampusku, aku moro-moro kudu nguyu. Nah nang kono maeng ancene panggonanane enak mergo ombo ambek resike pol, tapi pas aku mlebu jero jedinge lakok ora karoan rupane, koyok durung diresiki, yo mangkel lah delok ngunuku opo maneh aku iku paling jember ambek suker nag delok jeding sing koyok ngunuku, tapi piye maneh jenenge wong kudu nguyo, yo tetep ae mlebu timbang ngempet loro. Nah sing garai jember iku maeng iku yo rusoe iku, terus jelas mambu sing garai irunge maeng slentang-slenting koyok ate gebres. Nah perkoro iku sing garai akeh wong sing jember nag delok perkoro koyok ngunuku.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3760", "text": "Pas aku muleh nang kota Soto 3 ulan wingi, aku jumbule ora ukur soale akeh sampah pateng gletak nang pinggire dalan sing pareke alas perbatasan ambek kota Beriman. Terus aku sing lewat pinggire delok iku yo rodok jijik, opo maneh mambu ambune yo tambah nyumpet irung. Ket iku aku nag muleh ora tau liwat kono maneh, nag ancene kepepet mesti gawe masker sing kandel ben ora ambu sampah maeng. Sampah ancene mangkelno soale iso dadekno masalah nang lingkungan, opo maneh ambuni sing ora karoan nag pas wayai ketigo, nag rendeng masio mabune ora sepirooh nemen, tapi nag blotrok kenek banyu udan opo gak tambah garai njijiki ambek jemberno wong sing lewat pinggire.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8011", "text": "Dino iki, aku ambek konco koncoku buru ae berangkat nang Jogja gawe preian nang kono. Ndek tengah dalan, awak dewe mandek gawe sholat dhuhur disik nang Rest Area. Aku wes ngilingno gawe dijama’ ae sholate soale awak dewe kan lagi bepergian. Tapi gak onok sing ngandel dan milih mek sholat dhuhur tok. Berhubung arek-arek podo ngomong nek engkok bakal mandek maneh gawe sholat ashar, akhire aku melok arek-arek sisan dan sholat e gak tak jama’. Mari sholat awak dewe lanjut budhal. Pas tutuk Solo, onok kecelakaan beruntut sing marakno dalanan muacet pol. Sakjane sek aku isok sante. Berhubung iki wes jam 5 sore dan aku durung sholat, aku dadi panik dewe. Aku wes ngomong nang koncoku gawe mlipir nang Masjid cedek kene, tapi podo ngomong nek gak onok Masjid cedek kene. Alhasil awak dewe kabeh dadi gak sholat ashar soale buru isok metu teko dalanan macet iku mau jam 6 dan iku wes maghrib. Nang kono aku langsung getun banget, opo’o mau sholat e gak tak jama’ ae. Wes getun, wedi duso sisan, rasane marakno gak mood kabeh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4395", "text": "Koncoku iku tau nyekel telek pas waktu mancing mergo deke iku ora ngerti nag iku telek mergo warnae iku wes ora kuning maneh tapi wes dadi ireng. Nah bocah-bocah sing ngerti yo ngelokno nag iku termasuk perkoro sing gilane kok dicekel, terus pas bocahe iku maeng dikandani nag iku telek, akhire bocah langsung buak barang iku maeng ambek langsung mentas teko got terus ijok nang banyu sing miline banter. Nah mari ngunu bocah-bocah ngenyek nang koncoku maeng mergo dianggep koproh ambek gilane, mosok telek kok dicekel padal akeh wong sing jember ambek jijik karo barang iku maeng. Tapi sing jenenge wong kan seje-seje mergo ora ngerti barang iku maeng asale opo.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1193", "text": "Neng dalan-dalan propinsi utowo dalan tol utowo dalan sing kerep diliwati karo wong-wong seko luar kota kui awak dhewe sok nemu panggon sing aneh. Neng kono akeh ban-ban lawas lan digawe koyo dalan buntu. Nah, sebenere kui ono fungsine. Panggon kui dienggo yen misale ono kendaraan, mobil utowo montor, sing reme blong. Neng dalan tol kui biasane ono neng pinggir dalan. Makin suwe dalane kui makin munggah lan neng ujunge akeh ban-ban sing ditoto. Dalan sing munggah kui fungsine kanggo ngurani kecepatan ben pas nabrak neng ujunge, dampake ora parah. Neng dalan neng daerah pegunungan yo ono, naning dalane kui digawe luwih munggah banget neng jejere tebing.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2537", "text": "Seneng polahe menang undian wes ora dadi perkoro sing aneh maneh kanggo wong-wong saiki. Saiki iku wes dadi perkoro sing lumrah kedaden nang uripe masyarakat indonesia polahe akeh sing ngadaknpo undian berhadiah kanggo promosi pabrik utowo kantor anyar ben rame utowo mancing minate masyarakat setempat. Masio iku maeng dadi promosi tapi roso seneng nek menang no undian yo dadi perkoro sing megilan kanggo wong sing menangno undian maeng mangkane kadang nag ono undian-undian ngunuku masyarakat kota biasane senenge pol. Dadi seneng polahe menang undian saiki wes akeh ambek lumrah kanggone masyarakat soale wes gelek kedaden mboh iku nag deso utowo kuto.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5717", "text": "Bilik pengakuan kuwi salah siji media masyarakat umat Katolik kanggo ngelakoni pengakuan marang duso. Wong sing wis ngelakoni pengakuan iki biyasane bakalan luwih lega amarga bisa ngelakoni babagan sing angel yaiku ngakoni kesalahan. Yen arep ngelakoni pengakuan duso, umat Katolik kudu ngerti wayah lah jam gereja Katolik buka kanggo sesi pengakuan duso. Biyasane uga ana sesi konsultasi karo pastor ben luwih ngerti tata cara lan ben tambah dimantepake karo Gusti. Banjur umat kudu ngerasa yen temenan tobat lan ora ngelakoni maneh uga ora bakal kena gudo. Sing pamungkas, ngelakoni pemeriksaan batin lan renungan uga maca alkitab karo ngarepane ben Gusti ngewenehi kelembutan ati. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5745", "text": "Pengalaman diuber kewan kuwi ora mesti amarga kewan sing tertarik marang menungsa, nanging uga amarga tingkah menungsa sing wani ngganggu kewan lan uga wani nggodhak omah kewan kuwi. Omah sing keganggu kuwi marai kewan stres lan bisa nyerang para menungsa banjur para kewan iki dadi bumerang. Salah siji contone yaiku tawon. Yen wong ngganggu omah tawon, mesti karo para tawon kuwi diuber utawa dientup amarga serangan iki dadi salah siji bentuk pertahanan diri. Kamangka, akeh wong sing diuber kewan banjur diserang kanthi seda kuwi biyasane diwiwiti saka kewan sing kerasa diganggu ning alas banjur menungsane ora siap diserang kewan lan ora bisa ngelindungi awake.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5256", "text": "Biyasane, yen wayah riyaya, alumni sekolah padha ngadakake reuni. Ning reuni iki, akeh banget kedadian lan pertemuan sing kadhang ora diprediksi. Kamangka, ana tindak tutur sing kudu digatekake. Kaping pisan yaiku ora usah nggumun yen kentemu kanca sing wis suwe ora ketemu lan ora usah kaget amarga akeh perubahan sing ana ning kancane awake dhewe. Kaping pindho yaiku ora usah ngetokake pitakonan sing ora penting utawa basa-basi sing sekirane bisa ngelarani ati kata status nikah, jumlahe anak, lan uga ngungkit cerita sing ora penak dirungokake. Kaping telu yaiku ora perlu mbanding-mbandingke urip kanca siji lan liyane amarga kabeh wong duwe siklus sing bedha. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3498", "text": "Akeh wong sing kebingungan ambek keweden nang mlaku adoh terus moro-moro reme blong. Iku kabeh polahe wonge ora tau ngecek reme pas mlaku adoh ambek ora ngerti trike gawe rem nag pas mlaku adoh. Ben reme ora blong nag pas mloku adoh iku kudu ngerti carane. Terus kaebh wong bengkel mesti ngandani nag remu ora pengen blong iku kudu diceki disek sak durunge budal terus nag gawe rem ojo dipekso terus-terusan ge gawe soale iso manasno kampase sing akhire dadekno kampas iku maeng maleh gembok polahe kepanasan sing akhire ora iso ngerem. Mangkane nag gawe rem iku dikongkon alon-alon ambek ora dipekso ben ora cepet panas.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2986", "text": "Kabeh uwong nesti nag koncone ulang tahun mesti mikir yopo iso jumbulno wong sing ulang tahun. Mangkane saiki nag ngerayakno ulang tahun bocah-bocah enom iku aneh-aneh sampek ono sing ulang tahun maeng diedel edel sampek klenger terus lagek diwei hadiah ben bocahe maeng jumbul polahe ualng tahune. Nah nguwei hadih ben iso jumbulno bocah sing ulang tahun maneg iku ora ewo-ewo asline cukup diwei hadiah ora atek rencana sing mateng cukup dijak nandi ngunu terus moro-moro diwei hadiah ambek barang sing ancene disenengi mesti bocahe jumbul. Mari ngunu bocahe yo bakal seneng soale duwe konco sing bener-bener seneng amek perhatian karo deke.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7930", "text": "Keisha lagi enak-enak beres-beres sak marine kerjo dan wes siap-siap kate moleh sisan. Pas enak-enak nyetir, moro de’e ditelpon karo ibukne sing ngongkon de’e gawe cepet-cepet nang Rumah Sakit. Gak atek takon, de’e wes eroh sopo sing dimaksud ibukne dan langsung tancap gas nang Rumah Sakit sing dimaksud. Gak suwe, de’e langsung mlayu nang ruang tunggune ICU dan takon yaopo keadaane bapake. Jare mau bapake kumat maneh, dan saiki lagi ditangani nang ICU. Sing marai Keisha tambah ketar ketir iku pas ibukne ngomong nek bapake lagi kondisi sekarat. Akhire Keisha mek isok dungo gawe keselamatan bapake, soale de’e sek kepingin urip bareng bapake.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9167", "text": "Jaman saiki, nek kate ndeteksi kecurangan mergo plagiarisme iku wes gampang, soale mulai akeh aplikasi sing dikembangno gawe ndeteksi iku kabeh. Salah siji aplikasi online sing mulai akeh dinggo iku Plagiarism Checker X. Aplikasi iki dinilai gampang terus cepet gawe ngentokno hasil e. Cara gawe nganggo aplikasi iki koyok ngene. Siji, siapno berkas sing bakal dicek. Bentuk berkas e iku isok dalam format PDF utowo Word. Loro, buka aplikasi Plagiarism Checker X. Pas awal buka aplikasi iki, bakal onok pemberitahuan, awakmu petek “Continue”. Telu, pilih menu “Online Plagiarism”, terus petek “Load Document”. Pilih berkas sing wes mbok siapno dan enteni sampe berkas iku ke-upload. Nek wes, petek “Analyze It”. Papat, enteni sampe hasil plagiat muncul. Terakhir, simpen hasil cek plagiat iku nganggo format sing disediakno aplikasi iku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9893", "text": "Harta karun iku akeh pol maceme. Salah sijine dhuwit lawas jaman kerajaan. Ing kelasku saiki kabeh padha ngelumpuk ning mburine lemari amarga nemu dhuwit logam jaman biyen. Kene kabeh padha wedi iki dadi tandha bakal ana sesuatu sing ala. Bocah 30 padha ngelumpuk mbunder ndeloki kresek sing isine dhuwit iku. Ana sing jajal kanggo golek ning internet, ana sing jajal takok ning guru, ana sing nelpon kaluwargane, lan liyan-liyane. Raine padha bingung kabeh amarga ora ngerti iki sakjane dhuwit apa. Grup kelas dadi rame banget lan ngundhang bocah kelas liyane teka ning kelas iki. Swasana ing kelas iki rame banget amarga kaneh padha kepengin ero kaya piye dhuwit jaman biyen iku. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4335", "text": "Akeh wong sing ora seneng ambek sing jenenge ambu amis-amisan. Terus sing jijikan barang yo ono ambek barang sing amis-amisan maeng. Nah ambu amis iku mesti akeh sing ora seneng mergo ambune iku iso dadekno weteng iku neg ambek mbunek-mbunek nag mangan opo-opo. Terus amis iku ancene biasane ono hubungane ambek sing jenenge barang sing entah-entahan teko iwak-iwakan sing durung mateng. Yo teko kono maeng wong sing jijik ambek amis iku maleh metu jijike mergo nang pikirane maeng iku kelingan iwak entah masio ora ono wujute. Tapi kabeh iku kan karek wonge sing mambu iku maeng. Masio wonge iku ono sing jijik tapi kadang jijike iku ora nemen mog angger jijik ngunu tok.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "647", "text": "Yen awak dhewe krunge kabar yen penerbangan sing awak dhewe arep tumpake telat kui, awak dhewe mesthi kaget. Awak dhewe ora nyongko yen penerbangane iso telat. Padahal, mungkin wae, awak dhewe duwe jadwal sing padet sing ora iso diundur-undur meneh. Ngenteni neng bandara kui uga jelehi. Nanging, awak dhewe duwe hak sebagai penumpang yen maskapaine kui mendadak telat mangkate. Hak sing kesiji, awak dhewe duwe hak kanggo dilayani petugase kanthi ramah lan bersimpati. Petugas bandarane ora entuk judes opo meneh nesu-nesu neng awak dhewe. Sing keloro, awak dhewe iso jaluk petugas ngewangi awak dhewe nyusun meneh rencana penerbangane dhewe. Petugas kui uga diwajibke ngewange awak dhewe pas mesen pindah jadwal penerbangan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "300", "text": "Pak Wasiman salah siji wong tata usaha neng sekolahanku sing paling ramah karo murid-muride. Pas ketemu karo awak dhewe, Pak Was seneng guyon. Sok-sok melu awak dhewe garapi guru. Bapake kui sak liyane dadi TU, dee uga wong sing dipercoyo kanggo jogo sekolah. Pak Was lan keluargane tinggal neng buri sekolah. Bojone duwe warung sing dadi panggon awak dhewe biasane jajan. Nanging pas ganti kepala sekolah, Pak Wasiman arep dimandegke dadi pegawe TU lan penjogo sekolah. Sing luwih parah, Pak Was lan keluargane kui diusir seko omahe kui. Mergo lemah kui sing duwe sekolaha, kepala sekolah anyar kui arep gawe taman ing panggon kui. Aku lan murid-murid liyone wis nyobo protes ben Pak Was tetep iso kerjo neng sekolahanku. Nanging, usahane awak dhewe kui sio-sio. Akhire, awak dhewe mung iso nangis bareng ngelepas Pak Wasiman lungo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5640", "text": "Wingi aku ngerungokake crita saka Tama. Ning kampunge, Tama iki terkenal dadi pemuda sing paling aktif lan kerep rapat karang taruna kanthi bengi. Ing sawijining dina, Tama iki bali saka bale kelurahan lan kudanan ning dalan. Omahe Tama iki paling adoh lan kudu numpak motor. Tama keadaane wis teles kebes amarga udan lan angin. Ning tengah dalan, Tama weruh ana kebon sing akeh wit gedhange. Banjur ning tengah dalan, ana wit gedhang sing ngalangi dalan. Karo Tama, wit gedhang kuwi dideleh ning pinggir dalan. Tama uga ora ngereken babagan wit kuwi kanthi sesuke dene liwat kebon kuwi lan ndelok yen kuwi sawah pari. Banjur Tama dadi merinding lan keweden dhewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5610", "text": "Ali balik saka omahe kancane jam 12 bengi amarga kudu nggarap tugas gambar teknik. Sajane Ali uga wedi amarga ana isu klitih sing nyernag para mahasiswa ning Jogja sing bali tengah wengi. Ali ngatasi kuwi lan balik ning liwat dalan protokol. Banjur pas Ali wis ngelewati wilayah Ringroad, Ali kanget amarga ana wong ning mburine sing nggawa gaman gedhe kaya samurai. Motor kuwi mlaku kanthi sejajar karo motore Ali. Banjur Ali ditodong gaman kuwi. Nanging Ali ora wedi lan malah markirake motor ning salah siji supermarket 24 jam. Motor sing ngetutake Ali kuwi mandheg ning ngarepe. Banjur Ali nelpon polisi kanggo nangkep para klitih kuwi amarga dekne wes wedi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7513", "text": "Dino iki dadi dino sing paling marakno aku kaget buanget. Kronologine iki dimulai ket jam 10 awan, pas moro-moro onok tamu gak dikenal teko nang omah. Tamu iku mau awale disambut karo supirku mergo mama sek metu. Mbari ngono aku diceluk ambek supirku gawe nemoni tamu iku mau. Pas aku ngobrol, dadakno tamu iku ngomong nek de’e dikon bos e gawe ngeterno TV nang omahku gawe hadiah nang mama. Aku kaget campur bingung, soale rodok curiga nek iki penipuan. Aku takon iki teko endi, tamu iki ngomong teko pak Majedi. Pas jam 10.15, mama teko dan kaget pas ndelok onok TV nang ngarep omah. Luwe kaget maneh pas ndelok tamu iku dan langsung disopo. Aku tambah kaget pas eroh mama kenal karo tamu iku mau. Terus tamu iku ngomong nek TV iku hadiah teko pak Majedi gawe mama. Mama langsung melongo dan ngomong suwun ping bolak balik nang tamu iku mau.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9134", "text": "Kasus kelelep nang kolam utowo laut iku wes akeh pol kedaden nang sekitare awak dewe. Salah siji penyebabe iku mergo mereka gak isok renang. Hal iku opo’o sing marakno aku nduwe pendapat nek isok renang iku dadi skill sing puenting. Nek awak dewe wes nguasai teknik renang dan isok renang, awak dewe dadi gak gampang panik. Opo maneh nek wes kenek banjir, awak dewe dadi gak gampang kelelep soale wes nguasai teknik ngapung iku mau. Wes ngono, awak dewe isok sisan dadi relawan dan isok nyelametno nyawane akeh uwong. Selain nyelametno nyawane wong liyo, awak dewe isok sisan nyelametno nyawane awak dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3807", "text": "Akeh wong sing isine megilan nag telonone suwek, tapi yo ono wong sing ora ngereken nag telononr moro-moro suwek soale sing suwek ora nemen. Nah sing garai bedone perkoro iku maeng yo karek panggonan suwek iku, nag ancene nang panggonan sing kudune ora suwek iku sing ngisini, contone koyok nang bokong, mestak, ambek nang ngisore weteng mesti iku bakal garai owng isine ora pokroh. Mari ngunu sak liyane kan ora masalah suwek nang endi-endi, nah saiki tambah bocah-bocah enom akeh sing disuweki telonone tapi yo ora nang bagian sing ora kudune suwek koyok iku maeng. Mangkane nag iso pas gawe telono iku dideloki disek ben ora isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9499", "text": "Bayi sing sik mentas lair iku kulite sensitif banget. Miturut website rumah sakit Hermina, akeh banget penyebabe kulit bayi iku sensitif lan akhire dadi abang-abang utawa nganti muncul ruam. Antaring penyebabe yaiku popok sing ora cocok, klambi sing kaine nyebabake gatel, ora cocok karo sabun, wedak, utawa hawa sing berubah. Saliyane iku kanggo wong sing seneng banget ngambungi utawa nyekel bayi iku uga bisa pengaruh. Wedine tangane nggawa bakteri sing bisa nyebabake kulite bayi dadi sensitif lan muncul abang-abang. Mula yen duweni bayi sik ket lair kudu ati-ati anggone nyekel. Kudu dipastikna nalika tangane resik lan kudu mesti wisuh tangan sadurunge gendong utawa njempok bayi.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6023", "text": "Teletong utawa telek sapi iki biyasane dibuwang utawa diolah dadi pupuk amarga ambune lan kandungan ureane sing marai wong jijik. Nanging, ning sawijining wilayah sing ana ning lombok, teletong sapi iki malah dadi lulur kanggo jogan. Kebiasaan iki yaiku bagian saka adat sing ana ning Dusun Sade sing ana ning Lombok Tengah, Nusa Tenggara Barat. Ning dusun iki, para warga isih ngelakoni tradisi melulut utawa ngelapisi jogan sing ana ning omah nganggo kotoran sapi. Kebiasaan iki mung ana ning desa adat lan dadi pertunjukan wisata. Fungsi saka tradisi iki yaiku madhetake struktur jogan lan pondasi sing retak amarga digawe saka tanah lan uga ngurangi awu wayah musim garing. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4466", "text": "Nag sing jenenge utang iku asline kan wes perkoro lumrah ambek sing wes gelek kedaden nang uripe menungso kat jaman biyen. Nah sing aneh lapooh wong sing utang terus nag konangan wong kok tambah isin, padal perkoro iku maeng asline kan yo wes biasa. Nah sing garai isin iku maeng tibake uro mergo utange, tapi mergo gengsine wong maeng karo perkoro sing jenenge utang maeng. Nah mergo gengsi iku maeng akhire wong sing utang mesti sengedan-sengedan, padal akhire yo tetep konangan wong barang. Yo ancene utang iku ono sing ngarani termasuk perkoro sing ngelambangno nag wong iku maeng termasuk wong sing ora duwe ambek wong sing kekurangan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "611", "text": "Selama aku lan konco-konco sanggarku sing liyo dadi pengurus, ketuane awak dhewe kui ngayomi banget. Dheweke ora ngeroso abot lan awak dhewe repoti terus. Ketune awak dhewe yo apikan, sok-sok nukoke awak dhewe cemilan pas lagi ono acara. Aku lan konco-koncoku sepakat yen ketua sing iki, wong sing dadi ketua paling apik disanggare awak dhewe. Neng punkasan kepengurusan, neng Musyawarah Gedhe awak dhewe rencana gowo kue kanggo apresiasi terakhir kanggo ketuane kui. Rampung musyawarahe kui, kuene langsung metu. Ibu ketua sing delok kui kaget, ora percoyo. Suwe-suwe, dheweke nangis terharu delok wong-wong neng sekitare. Terakhir, awak dhewe nutup acara iki kanggo foto bareng kanggo kenang-kenangan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "625", "text": "Awak dhewe ora iso ngemanjake wong-wong sing wis divonis karo dokter penyakit sing abot, koyo kanker contohe. Ngerasa mesake marang dheweke kui ora opo-opo, malah sebagai menungsi sing apik awak dhewe kudu ngerasa mesake, nanging ora kudu tekan ngasi dimanja. Wong-wong sing lara kui tetep duwe semangat kanggo ngelakoni hal-hal koyo biasane. Cetho, dheweke ora iso garap aktifitas fisik sing abot-abot, naning dhewe tetep iso ngerjake hal-hal sing sepele. Dheweke kui isih iso jupu opo-opo sing dheweke butuhke utowo dipengenke dhewe. Yen awak dhewe terlalu ngeladani, kui malah ngaruh neng kondisi psikis pasiene. Dheweke malah iso ngeroso ora bisa ngopo-ngopo.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "760", "text": "Pas aku lingguh neng kelas 10 utowo kelas 1 SMA, aku duwe konco sing secara ora sadar dikucilke karo konco-konco sak kelas. Koncoku kui asale dudu seko Yogyakarta dadi emang model pergaulan lan cara ngomoge kui rada bedo. Trus, dheweke uga wonge kerep telatan lan bolosan. Mergo alesan kui dheweke ora gelem dikancani karo cah-cah kelas, tekan ora ono sing gelem sak kelompok karo dheweke pas lagi ono tugas. Ono siji wektu, koncoku kui dinyek. Dheweke nesu banget pas kui, tekan gebrak-gebrak mejo. Koncoku uga tekan ameh molo sing ngenyek mau. Untunge, koncoku 2 kui ora tekan gelut tenanan. Nanging koncoku kui mutung lan langsung metu seko kelas.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4448", "text": "Wong kecelek iku mesti gelek kedaden nagn endi-endi. Nah perkor nginiki ora kedaden nang wong gerang tok, nang wong sing enom ae yo gelek kedaden mergo kurange ati-ati utowo mergo lalian. Nah nag wes kadung nginiki ancene adalan siji-sijine yoiku kudu jaluk sepuroh nang wong sing salah dicelok jenenge maeng ben wong sing diceluk jenenge iku ngerteni nag deke iku ora sengojo ambek lali karo jenenge. Nah wong sing ngeneki ancene arang saiki. Nag wes kadung kleru ngunuku biasane diterusno ae soale wes kadung isin. Nag ngunuku maeng yo tambahora tepak soale marakno wong sing diceluk iku tambah mangkel ambek jengkel.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9411", "text": "Ujian basa Jawa ana ing sekolah dadi ujian sing paling diwedeni karo arek-arek. Ing kelasku, mung aku sing bisa lan tenanan ngerti pelajaran basa Jawa. Aku bisa ngerti bedane ngoko lan krama. Bisa ngapalne macem-macem arane anak kewan lan sapanunggalane. Pokoke apa wae sing ana ing buku basa Jawa aku bisa ngerti. Ndilalah semester wingi, ujian basa Jawane angel. Ana pelajaran sing durung tau diwenehi karo gurune, dadakno metu ana ing ujian. Nanging aku tetep percaya karo awakku dhewe yen aku bisa. Iki kebukti karo biji ujian basa Jawaku dadi biji paling apik ana ing sekolah lan aku dinyatakna lulus ujian sekolah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1034", "text": "Wong sing delok wong liyane sekarate kui podo wedine karo wong sing ngerasake langsung. Utamane, yen wong sing lagi sekarat kui wong sing cerak utowo isih sak keluarga karo dheweke. Senadyan, awak dhewe ora ngerti persise opo sing dirasake pas lagi sekarat kui. Wong, sitik okehe, iso ngerasake opo sing dirasake wong sing lagi lara kui. Mungkin, neng sebelah sisi kui, wong sing ngancani wong sing sekarat kui ngerasake sing luwih abot, dudu larane nanging tenogone. Wong sing ngerawat wong lara pas sekarat kui kudu ngopeni seharian penuh. Yen ora gentian, iso dibilang kui kegiatan sing ora ono lerene. Opo meneh yen dheweke kudu bayange yen wonge kui bakal ninggalke dhweke neng donyo iki.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1500", "text": "Aku mlebu sanggar tari neng kampusku. Tekan aku wis lulus aku kerep dolan neng kono. Aku dadi kerep ketemu adi-adi tinggkatku neng sanggar kui sing lagi mlebu. Saiki, aku sing ngelatih bocah-bocah anyar kui. Ono siji kedadean, sing marake salah siji seko adiku neng kono isin. Awak dhewe lagi latian kanggo pentase bocah-bocah mau. Sesok kui pentase adi-adiku kui sing perdana. Supoyo luwih manteb, dheweke podo latian sing tenanan. nanging ono salah siji adiku sing latiane kemantepen. Sikile diunggahke banget tekan kathoke suwek. Muni kui kerungu banter banget. Adiku sing kui langsung melayu neng kamar mandi. Dheweke banjur nelpon koncone sing liwe supoyo digawani sarung. Ora kebayang aku isine dheweke koyo piye pas latian pas kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5380", "text": "Dina Sabtu, aku lunga menyang kantor amarga ana gaweyan sing kudu cepet dirampungake. Gaweyan iki marai sumpek amarga angel lan akeh banget, yaiku ngurus akreditasi lan sertifikasine kantor. Ana dokumen-dokumen sing kudu disiyapake lan kudu cepet. Sajane aku wegah amarga kudune dina Sabtu prei lan ora ana penggawean malah dikongkon nang kantor. Pas aku teka marang kantor lan kesusum jebul ning kono wis ana kancaku sing ngadep komputer. Jarene gaweanku wis dipindahake marang dekne, nanging ora ana pengumuman saka koordinator. Aku ning kono wis arep nangis lang mangkel amarga aku wis adoh-adoh saka omah nanging gaweanku malah dilimpahake kanggo wong liya. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7100", "text": "Dino iki pengumuman SBMPTN dan aku wes ndredeg ket isuk. Bener-bener ket tangi turu sing tak pikiri pertama kali yo pengumuman iku, soale nasibku ditentukno teko iku. Gak koyok biasane, dino iki kabeh ngomong nek aku meneng banget. Yo yaopo kate nyocot koyok biasane nek nang njeru utekmu mek hasil SBMPTN sing diumumno engkok awan. Sakjane aku rodo pede sih mergo pas tes aku isok ngerjakno dengan lancar, tapi tetep ae onok rasa wedi nek gak ketompo. Akhire ket jam 1 aku wes ndekem nang ngarepe komputer, padahal pengumumane sek engkok jam 2. Ping bolak balik tak refresh terus iku web e. Pas jam 2 teng, langsung aku ngisi nomer pesertaku gawe eroh hasile. Dan Alhamdulillah aku ketrimo nang UGM jurusan Sastra Indonesia. Saking senenge, aku bengak bengok sampe adekku bingung dewe. Aku sampe nangi mamaku sing lagi turu awan dan langsung ngeki eroh nek aku lolos SBMPTN. Mamaku langsung melek dan meluk aku saking senenge.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1444", "text": "Neng kamar mburi kui kerep dileboni karo serangga. Seranggane kui kaya kalajengking nanging bentuke bedo seko apa sing kerep awak dhewe delok neng foto utowo neng video. Ukurane kui luwih cilik. Buntute kui ketok luwih cekak lan bentuk buntute kui ora melengkung nanging malah cendurung luwih lurus memburi. Bentuk capitan serangga sing ono neng kamar mburi kui rada luwih gedhe timbangane kalajengking. Seranggane kui yen dipatani bakal ngetoke mambu sing ora enak. Serangga iki biasane metu seko lobang saluran banyu neng jero kamar mburi. Seranggone kui jedul seko kono lan nek ora mati bakal balik liwat lobang sing podo. Sakben serangga kui muncul aku ngeroso jijik lan dadi ora betah neng kamar mburi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7974", "text": "Pantai iku dadi panggon wisata sing paling akeh nang Indonesia. Hal iku mergo akehe kekayaan laut sing onok nang Indonesia dan isok dinikmati karo sopo ae. Gak mek wong lokal tok sing seneng nang pantai, bahkan wong luar negeri iku sampe nang Indonesia mek gawe nikmati pantai sing onok nang negara iki. Tapi kadang, awak dewe iku onok sing wedi gawe nang pantai soale tambah akeh kasus wong sing keserat ombak pantai sing gede. Iku opo’o penting banget onok lifeguard utowo tenaga ahli sing berjaga nang setiap pantai sing onok nang Indonesia. Lifeguard iku engkok sing bakal ngawasi kondisi pantai dan bakal dadi wong sing pertama terjun gawe nyelametno wong sing kintir nang laut utowo kelelep. Wes ngono, lifeguard iku isok sisan ngelakoni pertolongan pertama nang korban iku mau ben isok ketulung.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3769", "text": "Sampah iku ancene jemberi wong opo maneh nag ketok moto. Padal nang endi-endi iku wes ono sing nganjurno nag buak sampah iku kudu nang panggonane ora sak enake dewe. Opo maneh jaman saiki nang endi-endi mesti akeh sing jenenge sampah sampek numpuk-numpuk nang pinggir-pinggir dalan. Aku sing gelek masi iku yo jembere pol, opo maneh nag wayae udan-udanan garai suker kabeh. Mangkane janeh kabeh wong-wong iku gelem meloki opo sing dianjurno pemerintah kanggo jogo kebersihan mesti yo aman terkendali ora koyok ngene, nang endi-endi akeh sampah ora karoan sing iso dadekno penyakit nang endi-endi ambek pirang-pirang penyakit sing kudune ora kedaden.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5382", "text": "Crab mentality utawa mental kepiting kuwi salah siji istilah ning psikologi sing njelasake babagan perilaku sing bisa ngerugikake utamane ding bidang kerja. Mental kepiting iki dijupuk saka tingkah kepiting ing jero ember sing ora gelem kancane munggah lan metu saka ember. Kepiting iki diibaratake menungsa sing ora gelem kalah ning penggaweyan lan nggremet wong liya ben uga melu ana ning level paling isor. Pokoke, nek wong kuwi gagal, kanca liyane uga ora oleh nggawa hasil ben padha gagale. Salah siji bentuk mental kepiting iki yaiku njupuk gawean wong liya tanpa kordinasi amarga iki bisa ngerusak rante penggawean lan komunikasi ning kantor.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3485", "text": "Aku tau dolan nang salah sijine pinggiran kota sing ancene iku bener-bener durung digawe wisata umum terus isek mok wong sekitar kono tok. Nah pas mlebu panggonane iku maeng ancene rodok medeni soale mlebu alas terus dalane iku cilike pol. Mestine nag ancene di gawe panggonan wisata yo kudune dibangun dalane terus ojo lali diwei lampu soale pas aku lewat kono rodok dalu titik sekitar jam setengah enem wes peteng dedet terus ora ketok opo-opo mok sak kotake lampu iku tok. Yo ancene medeni se dalanane polahe aku kan lagek liwat kono. Tapi aku yo rodok gelek ono wong liwat sepeda ontel barang yo wonge biasa ae. Terus koyokane wong daerah kono yo oo sing cangkruk nag peteng-peteng barang. Yo mungkin iku termasuk daerah asing sing durung tau tak lewati akhire yo rodok wedi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4380", "text": "Pas aku dolan nang Kota Soto, aku dijak ambek koncoku dolan nang pasar malem sing ancene keetepakan ono nang pinggire desone koncoku. Nah pas iku, aku dijak deke mangan panganan sing ono nang kono, panganane ancene enak-enak ambek aneh-aneh mergo iku termasuk panganan asli ambek digawe dewe karo wong-wong sing ono nang kono. Nah ono salah sijine wong sing tuku panganan sing jenenge pasung, nah panganan iku moro-moro cicir mergo oleh nyegel luput. Terus deke iku moro-moro gedek-gedek ambek jimprak-jimprak delok panganane maeng. Jarene koncoku, nag wong koyo ngunuku biasane wong sing ancene jijikan ambek panganan sing endut, nah sing garai jijik maeng iku yo poloahe endute maeng wes ora kenek diilangi maneh soale panganan maeng termasuk panganan sing teles ora sing garing.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9890", "text": "Harta karun pancen dadi rahasia umum ana ing Desa Sekaranom. Kabeh wong ngerti yen ing desa iki ana harta karun nanging ora ana sing ngerti ning endi harta karun iki disingitna. Ndilalah ana bocah 5 teka kutha sing dolan menyang Desa Sekaranom iki nemu ciri-ciri panggon sing gawe nyingitna harta karun iki. Bocah 5 iki seminggu luwih ana ing Desa Sekaranom kanggo ndoleki tandha-tandha harta karun sing ana ing desa iki. Sawise seminggu mubengi kabeh panggon sing ana ing Desa Sekaranom, 5 bocah iki mandheg ana ing omah suwung sing ana ing tengah-tengah kuburan. Kabeh padha wedi nanging diwani-wanina. Akhire salah siji bocah iki ngedhuk lemah sing ana ing njero omah suwung iki lan kabeh padha kaget amarga tenanan ana pethi sing isine emas lan perak. 5 bocah iki padha tulung tinulung kanggo nggawa pethi iki metu saka Desa Sekaranom lan mbagi harta karun iki kanggo wong 5.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2681", "text": "Biyen aku tau ngalami sedih polahe pisah ambek konco-konco sing biasane runtang-runtung bareng terus sinau bareng ambek gawe proyek-proyek bareng seng sekirane iso dadi duwek sampek lulus kulia. Mari ngunu pas delok bocah-bocah podo lulus kulia tibak'e bocah-bocah yo podo bingung. Bingung ora mergo golek penggawean tapi bingung polahe bakal ora petuk ambek konco-konco maneh soale podo balek nang kampunge dewe-dewe. Tapi yo ono sing isek nag kota soale isek pengen kumpul ambek bocah-bocah. Termasuk aku iki yo isek urip nag kota soale pengen kumpul ambek konco-konco sing isek ono nang kota kerja. Yo kadang-kadang isek tau ngumpul gawe silahturahmi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9818", "text": "Jaman saya suwi saya maju banget. Wong-wong uga gampang kanggo ngirim hadiah kanggo wong liya. Salah sijine lewat sing jenenge ekspedisi utawa kurir kayata JNE, Sicepat, JNT, lan liyane. Ngirim barang kaya ngene uga bisa karo anonim utawa ora nganggo ngetokna jeneng asli. Iki sing bisa nggarai wong kaget lan bingung banget nrima kado utawa hadiah sing ora ngerti sapa pengirime. Kadang malah wedine paket iki dadi paket nyasar utawa salah alamat. Kanggo kowe yen ujug-ujug ana sing ngirimi hadiah, aja lali kanggo ngecek ya!. Cek sapa sing ngirim lan kudu dipastikna yen iku didu barang aneh lan dudu teko wong sing ora dikenal lan duwe niat jahat. Ayo padha ati-ati!. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5281", "text": "Pak Doni kuwi salah siji pegawe ning kantorku. Pak Doni kerjane dadi satpam, nanging bapak iki uga ngewangi pegawe yen ana mati listrik amarga Pak Doni iki uga lulusan STM kelistrikan. Ing salah sawijine dina, Pak Doni iki ulang taun. Nanging ya Pak Doni ora sadar amarga lagi sibuk ngamanke acara rapat ning kantor sing ditekani akeh pegawe gedhe. Banjur aku lan pegawe liyane nyiyapake kejutan kanggo Pak Doni. Kejutan iki yaiku saka kantor ngewenehi roti ulang taun, kembang, lan hadiah jam tangan kanggo wujud rasa matur nuwun. Pas Pak Doni weruh, Pak Doni kaget uga ngerasakake rasa haru lan kekeluargaan sing raket saka kantor. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6135", "text": "Kelas kuwi dadi ekosistem sing paling ngenakake yen ora ana manipulasi lan uga tetep kekancan kanthi apik. Kamangka, ana kanca SMP lan SMA sing bisa awet kekancan kanthi pirang-pirang taun lan uga tetep awet kanthi tuwa yaiku amarga kelase biyen ya kompak. Kunci kekompakan iki yaiku anane cerita-cerita lucu ning kelas sing isih bisa dibahas bareng pas wayah reuni. Ana cerita salah siji kanca sing kisinan amarga diguyu ning kelas. Pas ning kelas ya kerasa isin lan kadhang pengen ngamuk, nanging pas wis reuni, dadi salah siji cerita sing ora bakal dilalekake uga mesti dadi hiburan sing apik ben kekancan iki tetep awet. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9928", "text": "Wong lanang utawa wong wedhok ora ana jaminan kanggo gampang selingkuh apa ora. Akeh banget kedadean selingkuh mbuh saka sing wedhok apa sing lanang. Nanging miturut fimela.com, ana tipe wong wedhok sing nggarai wong lanang akhire milih kanggo selingkuh. Nomer siji, wong wedhok sing meneng banget. Nomer loro, wong wedhok sing overprotective lan gampang cemburuan. Nomer telu wong wedhok sing ora pati perhatian lan cuek banget. Sing terakhir, wong wedhok sing tau selingkuh. Sing paling sering kedadean iku alesan sing nomer terakhir. Wong lanang ngerasa kudu bales dendam amarga tau diselingkuhi dadine dheweke melu selingkuh. Mula ayo padha jaga atine kene dewe-dewe yen wis duwe pasangan supaya ora nganti ngelakoni tindakan selingkuh iki.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7975", "text": "Indonesia iku negara sing berbentuk kepulauan dan dikelilingi ambek perairan ndek setiap pulaune. Hal iku sisan sing marakno Indonesia dadi langganan banjir ben tahune. Bencana banjir iki wes tau kedaden nang ndi ae, ket Sabang sampe Merauke. Nek wes banjir bandang, iku isok marakno omah kelem bahkan sampe onok sing mati sisan mergo kelelep. Wong-wong sing meh kate kelelep mergo banjir, pasti dikon nggolek barang sing isok terapung terus dikekep sambil telentang nang duwur banyu banjir. Barang-barang sing dimaksud iku koyok bambu plastik, kursi, botol plastik, galon, utowo sing liyane. Cara koyok ngono iku dadakno isok nyelametno akeh nyawa teko korban banjir mau. Soale barang-barang iku isok bantu uwong ben terus isok ngambang nang duwur banyu dan ngurangi potensi kelelep.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8327", "text": "Salah siji telek kewan sing isok dimanfaatno iku teleke wedhus. Telek wedhus iki isok dimanfaatno gawe pupuk cair. Nek awakmu kepingin gawe pupuk cair teko telek wedhus, koyok ngene carane. Siapno disik kabeh bahane mulai teko telek wedhus, gulo abang, bioaktivator, karung bekas, oyone wedhus, godhong-godhongan, banyu, karo tong plastik. Cara nggawene ngene. Siji, campur telek wedhus ambek gulo abang nang tong plastik. Loro, lebokno godhong sisan. Telu, keki banyu terus diudek sampe roto. Papat, campur gulo, urin, karo bioaktivator nang 5 liter banyu. Limo, lebokno cairan mau nang tong plastik. Persentase ideal e iku 70% bahan cair 30% bahan padet. Enem, nek wes keudek roto, tutup tong plastik mau sing rapet terus keki lubang nang samping duwur gawe selang. Pitu, hubungno selang karo botol banyu gawe njogo suhu ndek njero tong tetep stabil. Wolu, simpen selama 10—20 dino. Pokoke enteni sampe wes metu ambu koyok tape, berarti tong e wes isok dibuka. Terakhir, saring adonan pupuk gawe misahno bagian cair karo ampase. Cairan iku mau sing bakal digawe pupuk taneman.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3078", "text": "Srengen polahe SARA saiki wes kedaden nang endi-endi mboh iku nang berita, nang deso, sampek nang kota yo akeh. Padal anjurane pemerintah perkoro SARA iku ora atek dipek ati, soale iso dadekno pecahe umat ambek dadekno bejate persatuan negoro sing wes dibangun angel-angel ambek leluhur sing wes pamitan. Sak liyane iku, kabeh tokoh agama ambek suku yo wes podo sepakat nag ono perkoro sing garai pecahe agama ambek suku kudune dirembukno sek ojo sampek salah kedaden. Saiki Srengen polahe SARA iku wes gelek kedaden padal pemerintah ambek undang-undang mes ngilingno ambek nganjurno ojo sampek perkoro sara digedek-gedekno soale iso garai wong gegeran.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9847", "text": "Musibah kadang ora ngerti tekane saka endi. Salah sijine yaiku kari nalika numpak pesawat. Akeh banget kedadean iki lan akhire wong sing kari padha bingung kudu ngapa. Iki cara sing bisa dilakoni nalika kari teka pesawat. Kaping siji, langsung telpon ning pihak pesawat. Pihak pesawat bisa wae kanggo mbantu nggolekna jadual pesawat liyane. Kaping loro, yen wis ora bisa nemu jadual pesawat liyane bisa telpon hotel kanggo turu lan ngenteni jadual sesoke. Sing terakhir yaiku nggolek transportasi liyane. Bisa nganggo sepur utawa bis nalika isih bisa dijangkau. Yen ora bisa dijangkau, ya wes kudu sabar kanggo ngenteni jadual liyane sesok.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5709", "text": "Suntikan kuwi wis dadi momok medeni wiwit cilik amarga kadhang wong tuwa ora ngerti carane nuturi babagan pentinge suntik lan imunisasi. Suntikan iki dadi senjata sing paling medeni lan mapuh kanggo bocah sing nakal amarga isih ana tuturan yaiku yen bocah nakal mengko disuntik karo Pak Dokter, padahal suntik kuwi uga tujuane apik. Amarga kuwi, kanthi gedhe, akeh wong sing isih wedi karo jarum suntik. Trauma marang jarum suntik iki bisa ngalangi wong sing mbutuhake pengobatan. Kamangka, aja meden-medeni bocah lan marai trauma marang jarum suntik amarga bisa ninggalake trauma, yen bisa wong tuwa kudu ngenalake babagan bentuk perawatan kedokteran.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3711", "text": "Wingi nane pas aku dolan nang salah sijine wisata nang kota Gudeg, iku jumbul polahe jedinge iku ora diresiki, yo iku sing garai aku mangkel mangkane aku ora sido mlebu palang golek nang panggonan liyane. Akeh-akehe wong sing delok jeding utowo sing wc endut ambek ora diresiki mesti mangkel ambek jembere ora karoan. Opo maneh sing ambune iku garai wong kudu mutah, sing akhire dadekno mangkel ambek jijik nang awak. Aku masio wong lanang nag delok ngunuku yo mangkel opo maneh wog wedok yo tambah ora karoan mangkele. Iso-iso ae kadang mutah-mutah polahe saking jembere. Dadi nang iso jeding utowo wc iku yo kudu diresiki ben ora dadekno wong iku mangkel.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9889", "text": "Duweni kanca lan kaluwarga sing apik banget iku kaya rejeki nomplok. Apa maneh sing mesti eling karo ulang tahune kene. Sakjane mung oleh ucapan selamat lan donga wae wis ora apa-apa lan wis cukup. Nanging kadang ana sing usaha banget kanggo ngewenehi surprise. Yen diwenehi surprise karo kanca ing omah, yen bisa kene uga mbales keapikane kancane kene karo ngewenehi suguhan sing akeh supaya bisa dipangan. Kanca-kancane kene mesti ngetokna dhuwit kanggo ngerencanakna surprise iki. Ora kudu ngewenehi panganan sing enak, sing penting ketok kene ngeregani kancane kene. Mula aja nganti medhit karo kanca dewe lan aja nganti kancane kene mung ngemut driji nalika nak omahe kene. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8315", "text": "Sopo ae pasti bakal gilo nek ndelok toilet sing rusuh bahkan sampe mambu pesing. Wes gak enak didelok, isok marakno penularan penyakit maneh. Salah siji penyakit sing isok ditularno mergo toilet sing rusuh iku tipes. Hal iku mergo bakteri tipes iku isok ditularno teko telek dan kadangan teko oyo sisan. Nek misal awakmu nganggo toilet sing buru ae dinggo uwong sing lagi lara tipes, awakmu isok sisan ketularan teko kono. Opo maneh nek iku kedaden e nang toilet umum sing jarang diresikno, wes piro iku uwong sing bakal ketularan. Makane iku akeh dokter sing ngomong nek toilet sing rusuh iku isok marakno penularan penyakit tipes.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9481", "text": "Kanca kenthelku sing jenenge Yeri dina iki rabi. Aku minangka kanca rakete wiwit SD wis mesti teka lan dadi pager ayu. Aku ndelok Yeri lan bojone saben ana tamu sing teka bakalan ngguyu lan padha bisik-bisik wong loro. Anggepanku, Yeri lan bojone seneng banget amarga kanca-kancane padha teka. Aku minangka kancane uga seneng banget ndelok manten kekaro iku ngguya ngguyu ana ing kuwade. Yeri ora lali nyeluk aku kanggo foto bareng ning kuwade. Foto iku bakal takcetak lan takpajang ana ing kamarku. Aku saben dina bakal dungakke Yeri lan bojone supaya uripe mesti bagya mulya lan diadohke karo Gusti saka cilaka.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2675", "text": "3 ulan wingi pas aku dolan nang kediri aku petok ambek koncoku. Deke cerito nag deke waktu iku tau ngalami getun sing paling nemen nag uripe. Jarene bocahe getun iku ancene ora oleh digedek-gedekno soale nag iku digedek-gedekno tambah dadekno wong iku maeng tambak ora akruan pikirane nang perkoro sing digetuni. Koncoku yo ngomong nag polahe teko roso iku maeng deke saiki nag ate ngelakoni perkoro sing dianggep penting maleh ati-ati ben ora dadekno getun nag burine. Dadai kanggo deke roso iku mane gyo ono apike soale iso dadekno awak iki maleh ati-ati nag ate ngelakoni perkoro sing sekirane iku penting kanggo awake.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1139", "text": "Yen ono bencono alam neng daerahe dhewe, awak dhewe kudu pasarah. Bencana kui pancen ngilangke akeh bondo lan wektune awak dhewe. Uripe dhewe mungkin ora iso balik koyo sing biyen. Nanging tetep, awak dhewe ora entuk wedi karo masa depan. Awak dhewe uga ora entuk gamak. Awak dhewe kudu percoyo yen bencana iki musibah utowo ujian saking Gusti Allah. Opo wae sing awak dhewe rasake saiki kui, kanggo kebaikane awak dhewe dhewe. Ora ono sing ngerti yen bencana kui, iso gawe berkah kanggo awak dhewe. Mungkin ora kanggo awak dhewe, nanging mergo anak-putune dhewe. Koyo misale gunung jebluk kui, mesthi gawe subur lemah-lemah neng sekitare.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7192", "text": "Bayi tabung iku kehamilan sing kedaden terus diawali teko sel telur sing dibuahi karo sperma ndek luar tubuh. Pembuahan iku dilakoni ning njero wadah sing bentuke tabung, makane jenenge bayi tabung. Biasane program bayi tabung dilakoni mergo wong wedok gak ndang isok meteng mbasio wes ngelakoni berbagai macam cara pembuahan. Alesan dilakoni bayi tabung iku biasane mergo alasan kesehatan sisan, koyok sumbatan utowo kerusakan tuba fallopi, gangguan ovulasi, endometriosis, tau ngelakoni sterilisasi, ngalami fibroid rahim, utowo fungsi sperma sing terganggu. Nek kate ngelakoni program bayi tabung, kudu tes sembarang kalir disik. Mulai teko pengujian cadangan ovarium, analisis air mani, skrining penyakit menular, praktek transfer embrio, karo pemeriksaan rahim. Nek iku kabeh isok lolos, berarti program bayi tabung isok dilakoni.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5358", "text": "Wayah haid iki bisa dadi salah siji wektu sing angel kanggo bocah wedhok sing wis diwasa. Emosi sing ora stabil amarga awak lara kabeh, hormon sing berubah, lah ditambah urip sing kudu dipikirake iki marai wayah haid iki dadi luwih ora kepenak. Prasaan uga dadi luwih sensitif. Prasaan sensitif iki pancen ora sepira yen dibandingake karo ibu sing langi ngandhut bayi. Nanging hormon sing marai emosi iki uga ngganggu urip saben dinane. Ana kanca salah sithik kena sentak, ana sing sensitif sithik uga bisa nangis. Kamangka, kanggo kanca-kanca lanang sing ora tau ngerasakake, ayo luwih paham lan luwih peka karo sekitar lan ora malah nggarai mangkel. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "337", "text": "Trauma sing awak dhewe alami seko cilik kui ono pengaruhe pas awak dhewe wis gedhe. Trauma kui kerep ora awak dhewe sadari tekan perasaan aneh terus-terusan ganggu awak dhewe. Ben iso lepas seko trauma masa cilik kui, sing peratama awak dhewe lakoke kui tenang. Awak dhewe kudu fokus neng diri sendiri. Yen wis tenang, awak dhewe iso ngewiwit iling-iling kejadian pas awak dhewe cilik kui. Opo sing awak dhewe rasake lan awak dhewe kudu iso mengidentifikasi perasaan opo kui. Yen awak dhewe wis paham banget opo sing awak dhewe rasake biyen kui, awak dhewe kudu nrimo kui opo anane. Ojo dilawan. Kui bagian seko awak dhewe sing ora iso dipisahke.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9079", "text": "Ben aku ngerungokno seminar utowo berita tentang begal, pasti onok siji cara sing podo pas disampekno, yaiku ngajak konco. Tapi temenan lho, ngajak konco iku mayan ampuh gawe kehindar teko begal. Nek tak delok-delok, pelaku begal iku mesti nyerang e uwong sing luwe lemah dan iku biasane pengendara motor sing dewean. Jarang pol begal iku nyerang pengendara sing nggowo konco. Alesan mereka nyerang pengendara sing dewean iku ben pembegal siji isok nyerang, dan pembegal sing loro isok njupuk tas sing digowo target e iku mau. Dadi istilahe siji lawan loro. Nek misal ambek pengendara sing nggowo konco, pelaku begal iku maleh ngelakoni siji lawan siji dan gak efektif gawe pembegal e. Dadi gawe awakmu kabeh, ojok lali ngajak konco nek wes bengi gawe ngehindari begal.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2018", "text": "Isih okeh wong sing mung wedi ngelakoke doso yen lagi didelok karo wong liyo. Nanging yen misale lagi dheweke utowo ora ono sing delok, dheweke iso ngelakoke doso sing podo. Kudune awak dhewe ora ngono. Doso kui tetep doso. Arep ono wong sing delok opo ora kui ora ono hubungane. Awak dhewe kudu iling yen Gusti Allah kui iso delok awak dhewe. Opo wae sing awak dhewe lakoke neng ruangan paling peteng lan dikancing, Gusti Allah kui tetep iso delok. Awak dhewe kudune wedi karo Sing Kuoso. Sing nentuke awak dhewe wong apik opo olo kui Gusti Allah dudu menungso.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9510", "text": "Pak Hong ora nyangka yen simbah putrine bakalan mati. Kedadean iki pas Pak Hong lagi ana ing Amerika. Pas iku pancen simbah putrine wis lara. Pak Hong balik ning Amerika karo kepikiran kepiye kabare simbah putrine. Ana ing Amerika Pak Hong uga gelek ngebel kaluwargane ing omah. Ndilalah isuk-isuk Pak Hong diwenehi kabar yen simbah putrine wis mati mang bengi. Pak Hong sedih banget amarga ora bisa melu ngubur simbah putrine amarga perjalanan Amerika-Indonesia uga mbutuhane wektu sing suwi. Teka saka Amerika ing omah simbah putri wis dikubur. Pak Hong namung bisa ngirim dunga kanggo simbah putri supaya bisa lancar dalane kanggo ketemu Gusti.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9446", "text": "Wis sewulan aku ngenteni rukuh kanggo riyaya. Rukuh iki saben metu mesti bakalan padha royokan kanggo tuku amarga pancen kualitase apik. Dina iki wayahe rukuh iku didol lan aku kudu siyaga kanggo tuku. Sawise ngenteni kurang luwih sejam, akhire aku bisa entuk rukuh iki sing wis takgoleki lan takpengin tekan suwi. Iki pirang-pirang cara supaya bisa entuk rukuh iki nalika tuku ing toko online. Kaping pisan, kudu wis siyaga ing toko online iku paling ora 30 menit sadurunge barang iku didol. Sadurunge iku, kudu didelok dhisik lan kudu siyaga menawa saldo ing akunmu kudu wis pas. Kaping pindho, nalika wis jame pas kudu langsung klik tombol \"tuku saiki\". Kaping telu, akeh dunga supaya bisa menang lan oleh barang sing wis dienteni.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1054", "text": "Ngerundung kui perilaku sing olo lan ora iso dibenerke. Korban sing dirundung kui ngerasake hal-hal sing ora ngepenake. Dhewke ngeroso wedi lan ngeoroso dheweke ora ono harga dirine. Ono pelaku sing ngerundung kui ngomong yen opo sing dilakoke kui mung kanggo gojekan wae, ora ono niatan ngelarane wong liyo. Mungkin, wonge kui jujur, nanging sing cetho wonge kui ora duwe simpati karo wong liyo. Mosok ono wong kewedan tekan nangis-nangis, kui tandane seneng mergo dijak gojek. Dheweke sadar ora sadar mesthi pengen ngeroso yen dheweke kui wong sing luwih apik. Nanging carane sing salah, dheweke ngerendahke wong liyo supoyo dheweke ketok luwih duwur.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3837", "text": "Asline sing garai wong iku isin nag diguyu konco sak kelas, iku ora mergo guyune, tapi perkoro sing marakno diguyu iku sing garai isin. Nah perkoro iku maeng yo reno-reno ambek ora kepikiran nag perkoro iku bakal kedaden sak durunge. Mangkane wong sing diguyu sak kelas mesti isin yo polahe perkoro isng diguyu. Nah perkoro iku maeng contone yo koyok perkoro sing ancene ora pantes dilakoni nang ngarepe konco-konco sak kelas sing marakno bocah-bocah sak kelas iku ngeroso perkoro iku dadi perkoro sing aneh ambek ngguyokno. Dadi nag kelas iku kudu ati-ati ben ora ngelakoni perkoro sing ancene marakno isin ambek diguyu bocah akeh sak kelas.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8357", "text": "Wong sing ngeroso idune wes kebak nang cangkem, pasti bakal ngidu gawe ngguwak idu iku mau. Ngidu iku penting dan akeh banget manfaate gawe kesehatan, terutama gawe organ cangkem. Tapi, ngidu iku tetep onok adabe. Kadang awak dewe iku dinilai teko cara awak dewe ngidu. Nek gelem dinilai dadi wong sing nduwe adab, awak dewe kudu beradab sisan nek kate ngidu. Adab ngidu sing bener iku koyok ngene. Siji, ngidu iku gak oleh sampe ketokan wong liyo, opo maneh pas ambek wong sing lagi awak dewe ajak omong. Loro, ngidu nang panggon sing tepak, guduk nang tengah panggon umum. Telu, ngidu iku nek isok dilakoni dengan cara gak diselidekno. Maksute gak usah setengah-setengah, tuntasno ae. Terakhir, ngidu iku atek ritme sing teratur.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4490", "text": "Pas dolan delok pameran laptop nang mall ambek koncoku nang Kota Pahlawan, koncoku iku moro-moro nang SPG sing ayune pol, terus deke iku moro-moro takok daftar regone lapto ambek takok jenenge wonge menisan. Nah aku sing ngetotno yo rodok isin lah soale aku didadekno tebeng ambek bocahe nag aku sing jarene pengen kenalan ambek SPG-ne maeng. Mari ngunu mergo wes kadung ngunu yo wes tak terusno menisan, nag koncoku maeng ngomng nag SPG-ne maeng ayu nang wonge. Terus koncoku langsung maleh isin mergo deke iku mikir nag aku ora bakal wani ngomong sing koyok ngunu nang SPG-ne. Nah SPG-ne maeng mok guya-guyu tok mergo ngeroso deke ayu temenan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5616", "text": "Korban klitih iki ora kenal ngendi warga asli Jogja utawa wisatawan. Sing paling diwaspadai yaiku para wisatawan sing nyewa motor saka warga lokal, apa maneh sing plat nomore wis diapalake karo para pelaku klitih. Kamangka, ana cara sing bisa dinggo kanggo ngindari para pelaku klitih kaya kaping pisan aja metu wayah jam 2 kanthi subuh utawa wayah lingsir wengi. Kaping pindho yaiku ngindari numpak motor amarga para pengendara motor iki sering diincer. Kaping telu yaiku tetep waspada. Kaping papat yaiku kudu lunga karo para rombongan amarga yen rombongan, mesti dikenali dadi wisatawan. Kaping lima yaiku ora liwat dalanan lan panggonan sing sepi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7172", "text": "Indonesia iku dadi negara sing mesti dadi langganan konsere artis teko Korea Selatan. Kota tujuane pun wes pasti ndek Jakarta. Dan akeh banget venue sing wes dadi panggon konsere artis Korea, salah sijine yaiku Tennis Indoor Senayan, sing biasa disingkat dadi Tendoor. Tendoor iki lokasine ndek komplek Gelora Bung Karno, jalan Pintu Satu Senayan nomor B, RT 1 RW 3, Gelora, kecamatan Tanah Abang, kota Jakarta Pusat. Tendoor nduwe fasilitas sing lengkap banget. Mulai teko AC ndek njero venue, toilet, mushola, sound system dengan 4 speaker, 2 subwoover, ambek 68.000 watt gawe penerangan. Kapasitas tribune isok sampe 3300 kursi dan ancen cocok banget digawe nonton konser.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2917", "text": "Aku karo koncoku wingi pas dolan nang koncoku bocahe moro-moro berok-berok soale diwei hadiah sing jareku iku ora apik. Lah Koncoku sing diwei maeng jumbule pol soale moro-moro oleh hadiah iku maeng. Ancene sing jenenge wong nag jumbul iku mesti duwe coro sing aneh-aneh kanggo mujudno roso jumbul maeng, ono sing berok-berok, ono sing tolah-toleh, ono sing tengor-tengor ambek mlolong, ambek pirang-pirang pola iku iso metu kabeh. Dadi masio jumbul oleh hadiah mboh iku teko konco, wong tuo, utowo teko wong liyo sing disenengi, mesti wong iku duwe corone dewe kanggo mujudno roso seneng iku maeng. Terus yo gayae aneh-aneh koyok sing iku maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7158", "text": "Roto-roto, pengalaman menyenangkan sing tak alami iku justru teko kejadian sing sederhana. Salah sijine iku iseng ngekeki mangan gawe kucing dalanan. Awale aku tuku pakan kucing gawe kucing nang omah. Terus aku ndelok onok pakan kucing sing diwadahi botol-botol plastik. Akhire aku tuku iku sisan. Berhubung aku males langsung moleh, aku mandek nang taman kota. Nang kono, aku ndelok onok akeh kucing sing ndekem nang kono. Aku inisiatif gawe ngekeki mangan gawe mereka. Akhire aku njupuk pakan kucing botolan mau dan nyedek nang gerombolan kucing iku. Pakan kucing iku tak deleh nang tanah dan kabeh kucing langsung ngrubungi aku. Teko kono, aku langsung ngeroso bahagia soale isok ngekeki mangan kucing sing keluwen. Teko kono, aku mulai rajin street feeding gawe kucing ndek ndi ae. Gawe awakmu pecinta kucing tapi gak oleh mlihara kucing, awakmu isok menyayangi kucing lewat cara street feeding kucing dalanan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1062", "text": "Pas awak dhewe isih cilik kui awak dhewe kerep diincim karo koncone dhewe. Senadyan incamane kui ora nyilakani lan sebenere kui gojek wae, awak dhewe tetep wedi pas kerungu kuwi. Sing paling kerep kui, kancane dhewek arep ngewadulke dhewe neng bapake sing polisi. Tekan saiki, aku isih ora yakin yen bapake koncoku kui polisi tenanan. Sing keloro, kui kancane dhewe ngincim ora bakal ngejak awak dhewe dolan meneh opo ora dianggep konco meneh. Iki sing marake mangkel soale kui biasane kui mergo perkoro sing sepele, mosok dadi ora konconan. Nanging arep piye-piye, pas kui awak dhewe isi cilik lan ora ono niatan seko koncone dhewe ben awak dhewe kui wedi utowo ciloko.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7147", "text": "Bank iku wes dadi pilihan utamane wong-wong gawe nyimpen duit sing paling aman. Umume wong-wong nek kate setor duit iku budhal nang bank disik terus nyetorno nang teller bank e. Cuma kadangan nek nominale terlalu cilik, teller bank pasti bakal ngarahno awak dewe gawe setoran langsung nang ATM. Cara setor duit nang ATM iku gampang kok. Siji, siapno disik duite. Nek isok, nominal duite ndek ngisore 10 juta cek transaksine isok cepet. Loro, golek ATM sing khusus gawe setor tunai. Telu, lebokno kartu debit dan lebokno PIN koyok biasane. Papat, pilih opsi setor tunai nang layar. Pas bilik duite kebuka, lebokno duitmu nang kono. Terus enteni sampe mesine mari ngitung duitmu. Nek wes mari, tekan ok. Terakhir, nek buktine wes kecetak, jupuken kartu debitmu. Wes deh, awakmu wes mari setor duit nang rekeningmu dewe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9943", "text": "Aku lan kanca-kanca ku plesiran ning batu numpak montor. ning jerone montor iki diisi arek enem . amarga aku budal e kawanen dadine ning dalan wis rame pol macet . durung maneh ning batu iki bendinane udan deres sing nggarai nambah nambahi macet e batu. panggon sing kate dijujuk iki alun-alun batu . amarga budale kawanen lan kenek macet ning dalan, kanca-kanca ku podo nesu saking suwene meneng ning dalan . dino iki kebarengan preian sekolah macet e tambah dowo nemen. kanca ku wes podo nesu nesu ono sing buka kaca montor ben rodok isis onok sing bukak jilbab e onok sing ngombe obat ngelu sirah wes pokok e rame pol ning jero montor iki. tapi sing jenenge mimi iki masio dalan e macet pancet ae turu tok ning jero montor . ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7593", "text": "Arkeologi utowo ilmu kepurbakalaan iku ilmu sing melajari kebudayaan umat menungso nang masa lalu teko kajian sistematis atas data bendawi sing ditinggalno. Kajian sistematis iki ngeliputi penemuan, dokumentasi, analisis, nilai-nilai budaya, norma, kebiasaan, hukum adat, ambek interpretasi data berupa artefak ambek ekofak. Wong sing mengkaji ilmu iki jenenge arkeolog. Kerjaane arkeolog iki kudu nggolek peninggalan-peninggalan peradaban sing engkok bakal dikaji. Kadangan, mereka iki sisan isok nemukno harta karun berupa relief kuno jaman kerayaan mbiyen sing nilaine iku duwur banget. Tapi tujuan mereka nemukno iku mau gawe nyusun sejarah. Nek uwes, barang temuan iku pasti bakal dimuseumno, utowo dilelang nang uwong liyane.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1505", "text": "Kathok suwek kui salah siji hal sing paling ngisin-ngisin sing tau awak dhewe alami. Kabeh wong ketoke mesthi tau ngerasake. Paling ora sepanjang uripe kui pisan. Kahahan sing paling ora kepenake kanggo kathoke dhewe suwek kui pas awak dhewe lagi neng kantor. Opo meneh kantore dhewe kui ora neng jero ruangan dhewe. Awak dhewe nyambut gawe karo konco-konco kerjo neng sak ruangan sing gedhe sing ora ono sekate. Awak dhewe bakal diguyoni sak kantor lan kedadean kui bakal digowo-gowo terus selama awak dhewe isih sekantor karo wong-wong kui. Kathoke sih ora masalah, awak dhewe iso tuku meneh utowo iso dijait. Nanging, isine kui sing ora iso diilangi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "674", "text": "Biasane pasangan sing wis nikah wis duwe rencanane dhewe. Dheweke pengen duwe anak kapan, sak piro akehe, lan jarak antara anak siji neng sing liyane kui pirang taun. Senadyan ngono, sebagai pasangan sing sah hubungan seks kui tetep dilakoke. Nanging, ono kemungkinan, yen bojone dhewe kui metheng neng jobo rencana sing wis dicepake. Yen amit-amite kedadean, koyo ngono awak dhewe ora entuk panik. Anak kui tetep anugrah saking Tuhan sing kudu awak dhewe syukuri. Perkoro kui ora usah digawe mumet. Yen urasan biaya persalinan karo biaya anak sak lanjute kui, wis diatur karo Allah. Awak dhewe tugase nompo amanah kui lan ngejalankene kanthi sae.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5200", "text": "Sabtu wingi aku ndelok salah siji film sing kondhang amarga akeh sing nonton uga ceritane apik. Judul film iki yaiku \"Pengabdi Setan 2\". Film iki sajane ya lanjutan saka film sing pertama, sing judule padha. Nanging latar ning cerita iki bedha lan hubungan sosial tokoh karo lingkungane uga luwih ruwet lan luwih akeh benang abange. Pas awal nonton, aku ngerasa tenang amarga ora ana sing ngageti lan isih akeh mbahas latare cerita kuwi. Nanging pas tengah-tengah aku mulai ora tenang amarga akeh penampakan kaya pocong uga dhedhemit gentayangan sing ditayangake. Aku kaget sampe njingkat pas medi bocah cilik kuwi ana ning ngarep layar. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6003", "text": "Hairball utawa muntah bulu kucing yaiku salah siji proses metabolisme kanggo pencernaan kucing. Amarga kucing sering ndilati wulu, kucing iki mesti sering tinemu wulu sing melu kepangan. Wulu iki bisa metu saka feses, nanging yen akeh, bisa metu saka hairball iki. Yen ana muntah bulu, berarti kucing iki nduweni pencernaan sing fungsine isih apik lan reaksi fisik iki wajar, apa maneh kanggo kucing ras sing wulune akeh lan seneng ndilati awake dhewe. Kucing muntah wulu iki normale ping 2 kanthi 3 sewulan kajaba kucing iki uga ngalami lemes lan uga muntah cairan lan uga ora gelem mangan. BIyasane iki kalebu gejala enyakit sing serius lan uga butuh penanganan sing cepet saka dokter hewan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5617", "text": "Kasus kriminal sing ana ning kutha gedhe kuwi bisa mbahayakake kanggo wong sing sering bali bengi. Sing sering kena begal yaiku wong wedhok sing kerja lan mulih bengi lan numpak kendaraan. Kamangka kuwi, ana babagan sing sering digatekake kanggo ngindari serangan kriminal kaya gaman sing ditodongake karo para rampok. Kaping pisan yaiku nyiyapake mental lan pikiran yen ning dalan iki kudu tetep waspada. Kaping pindho yaiku latihan keseimbangan nyetir ben ora gampang tiba lan kaget yen diserang wong orang dikenal. Kaping telu yaiku kudu ngerti rute ben ora kesasar lan kudu apal panggon pos polisi. Banjur sing pungkasan yaiku ngamanake barang sing berharga ning panggon sing ketutup. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3063", "text": "Srengen polahe ora diperlakokno adil iku wes lumrah kedaden nang endi-endi. Aku biyen yo tau ngunu pas isek kerjo nang kota pahlawan, oleh ora adil iku polahe sepele yoiku managere maeng seneng ambek koncoku sing wedok sing biasane sak tim karo aku dadi FO. Penggawean FO ancene ora gampang soale kudu ngelayani ambek nyambut wong sing teko nang kantor, terus jelasno produk, ambek ngelayani opo sing dikeluhno karo pelanggan sak marine pesen produk iku maeng. Nah aku mesti gelek dikongkon-kongkon ngerjakno penggaweane koncoku maeng soale ben deke iso dikongkon ngerjakno data sing ono nang ruangane manager maeng. Terus kadang sampek sedinoan. Yo aku ora ngerti.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9145", "text": "Roto-roto uwong ben dokter wes ngelakoni diagnosa kudu dioperasi, pasti podo ngendas kabeh. Opo’o? Soale biaya operasi iku larang pol. Nek isok di-cover BPJS yo untung, cuma gak kabeh tindakan operasi iku di-cover karo BPJS. Nek wes ngono, yo kudu nganggo duit dewe gawe ngelakoni operasi. Tapi ancene sih, kabeh biaya operasi iku pasti larang, gak onok sing murah. Eroh gak alesane opo? Soale dokter sing ngelakoni operasi iku kudu “bertarung” dan bakal akeh berkorban. Mereka iku bakal ngorbano awake mereka dewe soale proses operasi iku gak dilut. Isok ae sampe sak dinoan, dan mereka rela fokus ngelakoni operasi gak atek leren utowo mangan disik. Wes ngono, mereka iki sisan berupaya ben nyawane pasien iku mau sek isok diselametno. Teko akehe pengorbanan iku, gak heran nek biaya operasi iku larang.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7609", "text": "Onok istilah nek kebaikan sitik iku bakal isok nulari wong sing onok nang sekitare. Hal iku isok berlaku sisan pas awak dewe lagi ngantre. Awak dewe kudu mulai sikap tertib mulai teko awak dewe disik, baru ngilingno wong liyo. Semisal awak dewe lagi ngantre, terus onok wong kate langsung maju, awak dewe cepet-cepet ngilingno nek iki kudu antre. Teko kono, wong iku bakal melu ngantre nang mburine awak dewe. Nek onok wong liyo sing kate maju maneh, onok kemungkinan wong sing mau ditegur awak dewe bakal melu negur wong liyo iku sisan. Dan iku bakal berantai dan antrean isok luwe tertib. Dadi, mulai tertib ngantri teko awak dewe disik rek.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "687", "text": "Momen ulang taun kui momen sing ora oleh diliwatke. Yen pas ana koncone dhewe sing ulang taun awak dhewe kudu ngerayakene. Nanging, pas pandemi wingi awak dhewe ora iso neng endi-endi. Kahanan kui ora ngemunginke awak dhewe kangga nyepake pesta kejutan kanggo koncone dhewe. Gelem ora gelem, awak dhewe kudu ngelakonine kanggo coro daring. Sing kesiji, awak dhewe iso ngirim hadiah neng koncone dhewe sing ulang taun. Wonge kui ora perlu ngerti isi opo. Kado kui mengko bakal dibuka pas, lagi nge-Zoom. Sing keloro, awak dhewe iso ngunda konco-konco cerake dheweke neng ruangan Zoom e mau. Mengko wong-wong kui bakal gentian ngucapke ucapan slamat ulang taun.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1547", "text": "Awak dhewe mesthi tau salah nyapa utowo salah ngundang wong neng panggon-panggon sing rame. Pas ngelakoke kui, awak dhewe ngeroso isin. Supuyo awak dhewe ora ngeroso terlalu isin, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe mending lansung kenalan wae karo wonge kui. Yen awak dhewe langsung lunga kui rasane uga aneh. Dadi lewih mending, awak dhewe kenalan karo dheweke itung-itung awak dhewe iso nambah konco. Sing keloro, awak dhewe iso jaluk ngapuro yen awak dhewe mau salah wong. Bar kui, awak dhewe iso ngelanjut ngobrol-ngobrol sedilit. Sing ketelu, awak dhewe iso nyeraki wong sing awak dhewe kiro mau koncone dhewe banjur iso melu lungguh neng jejere.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6044", "text": "Omah sing sering dikerubungi serangga iki pancen njilehi banget. Kadhang omah sing resik uga ora adoh saka sasaran serangga kaya coro, kumbang, lan uga ngengat. Apa maneh yen wayah musim udah lan saluran banyu ora ditutup. Kewan-kewan iki bakal metu kabeh lan kaya ngeroyok owng sing duwe omah. Wong uga mesti ora nyaman, nanging kewan iki uga angel diprediksi kapan metu lan ngilange. Kadhang kewan iki uga ngendhok sak karepe dhewe. Kamangka, ora ana wong sing bisa ucul saka pengaruh kewan-kewan sing nggilani iki. Wong sing duwe fobia, mesti bakal ora betah lan lemes yen ditinggal ning omah sing akeh serangga kaya iki. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "748", "text": "Ora iso dihindari, yen awak dhewe pengguna dalanan kui mesthi mengkone bakal keno macet. Macet kui marake awak dhewe mangekel. Awak dhewe ora terimo yen wektune awak dhewe keguak ngono wae mung neng dalan. Kanggo ngindari emosi lan macet kui, awak dhewe iso numpak kendaraan umum. Emang ora kabeh iso, soale fasilitas kendaraan umum kui durung tentu ono neng cerak omahe dhewe. Nanging, yen ono awak dhewe kudu jajal numpak kui. Awak dhewe dadi iso luwih sante mergo awak dhewe ora kudu nyetir. Yen misale kono macet, awak dhewe iso ngelakoke aktivitas liya sing enteng-enteng, koyo moco buku utowo balesi surel liwat HP. Yen wong wis akeh sing numpak kendaraan umum kui iso wae mengko kemacetan neng daerahe dhewe bakal ngurang.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5210", "text": "Aku wis kerja ning perusahaan iki 3 taun. Aku ora ngarep apa-apa amarga ya aku ngelakoni penggawean iki amarga aku seneng. Penggaweyan iki ana ning bidang layanan pelanggan lewat telpon uga lewat online. Layanan iki dadi tugas sing ngisi saben dinaku. Amarga kuwi, iki dadi penting lan kudu ngati-ati yen kerja. Nanging ing sawijining dina, aku diundang marang ruangan manajerku. Tak kira ana sing salah saka gaweanku. Jebul amarga manajerku pengen ngewenehi hadiah yaiku tiket liburan kanggo aku amarga wis kerja luwih saka 3 taun lan uga nduwe prestasi sing apik. Kamangka, aku kaget lan seneng banget amarga bisa nyenengake awakku dhewe. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8098", "text": "Awakmu sing sering ngendarai montor nang dalan tol, pasti wes sering papasan karo truk gede. Tapi tau gak, awakmu ngalami hal koyok ngene. Enak-enak nyetir, moro onok truk sing ngebel ping bolak balik dan nyalakno lampu darurat. Nek awakmu ngalami koyok ngono, cepet-cepet minggir dan keki jarak sing uadoh teko truk iku mau. Truk sing ngekeki tanda koyok ngono iku biasane mergo rem e blong dan ngekeki peringatan nang pengendara kendaraan liyane ben podo minggir. Hal iku sisan gawe ngurangi resiko kecelakaan isok isok kedaden. Dadi nek awakmu ngendarai montor dan ketemu ambek truk sing koyok ngono, cepet-cepet mlipir nek sek sayang nyawa.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3881", "text": "Aku biyen pas SMP iku duwe konco sing ayune orambloko sampek kakak kelas wae akeh sing seneng ambek dekek. Mari ngunu ono koncoku sing lunggoh sandingku iku ngerti nag deke iku ngentut, terus garai bocah sing nang pinggire iku mambu kabeh. Nah koncoku iku maeng akhire ngelokno bocae, jarene \"ayu-ayu tibake oleh ngentut kok yo basin\". Terus bocah-bocah sing keringi akhire guyu kabeh. Terus deke akhire isin sampek raine abang. Yo ancene koncoku iku kendele megilan masio deke iku senengane godoe konco-koncone, tapi bocahe iku asline pintere megilan. Nah ket iku deke saiki nag ngetut mesti dewe utowo mereh ben ora kambu ambek konco-koncone.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "678", "text": "Kehamilan kui sak yogyane kudu direncanake. Sak liyane, ben awak dhewe sebagai pasangan bojo-garwa kui ora kaget pas ngerti-ngerti metheng, iki uga penting kanggo perkembangan anake dhewe mengko lan uga awak dhewe sebagai wong tuwone. Yen awak dhewe duwe rencana kui, awak dhewe iso nyepake mental sing luwih mateng. Awak dhewe uga iso moco-moco buku piye carane dadi wong tuwo sing apik lan buku-buku babagan perkembangan lan pertumbuhan anak. Awak dhewe uga iso nyepake kebutuhan finansial kanggo persalinan lan kebutuhan anak mengko. Yen misal kepengen duwe anak luwih seko siji, awak dhewe uga kudu ngerancani pirang taun interval anak siji neng anak sak lanjute.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2597", "text": "Seneng polahe ono anggota keluarga sing lahir iku wes biasa. Sing ora biasa yaiku sing gawe mujudno roso seneng iku maeng, biasane sing gawe mujudno yaiku koyok syukuran, bacak'an, mangan-mangan bareng ambek tonggo-tonggo, ambek liyan-liyane. Asline perkoro sing gawe mujudno maeng ora ono masalah. Tapi sing masalah yaiku nag kebacot utowo kenemenen. Opo maneh saiki ono madia sosial sing kenek gawe nyudohno roso seneng maeng. Roso seneng sing kebacut diwujudno maeng biasane wes ora asli roso senene polahe roso syukur. Tapi roso seneng sing wes kecampuran roso pamer. Mangkane nag pengen mujudno roso seneng iku kudu ati-ati ojo sampek kecampuran roso pamer.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8441", "text": "Aku janjian karo koncoku sing jenenge Silva. Alesane iku mergo aku kate mbalekno buku sing tak silih teko Silva. Arek iku ngomong nek de’e lagi ndek Taman Perpustakaan Pusat. Aku yo langsung meluncur nang kono, soale ketepakan Fakultasku gak adoh nemen teko kono. Aku mlaku dan gak sampe limang menit wes tutuk kono. Pas tak nggoleki, aku ketok onok arek kudungan biru dan model kelambenane plek koyok Silva teko mburi. Akhire aku langsung ngampiri dan nepuk pundake terus nyeluk jenenge. Pas arek iku noleh, dadakno iku guduk Silva. Aku langsung njaluk sepuro dan cepet mere mergo isin. Pas aku noleh, dadakno Silva onok nang bangku sebelah lagi ngerekam awakku sing salah nyeluk jeneng uwong. Cepet-cepet kamera hp ne tak tutupi ben de’e leren ngerekam awakku. Sumpah rasane nggladak rai pol.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9990", "text": "Dina iki aku mara ning fakultas knggo daftar wisuda. Aku wis melui aturane fakultas babagan dhaftar wisuda iki. Kabeh berkas sing dikongkon gawa wis cepak tak gawa ana ing map. Pas aku mlebu ana panggone petugase, wonge malah ngamuk ning aku amarga jarene berkasku kurang lengkap. Ya aku melu ngamuk wong aku wis melui aturan sing ana ing website. Jebule petugas liyane ngomong yen aturane ganti lan iku ora ana ing website gur diwara-wara ana ing ngarepe panggon petugas. Aku langsung nyelatu kabeh petugas amarga kepiye kok ngekei info ora jelas blas lan ora mesisan. Ngene iki aku rugi amarga aku wis adoh-adoh nanging jebule ora ngasilake apa-apa. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4851", "text": "Ana pengalaman sing paling mbungahake pas jaman kuliah, yaiku pas aku melu festival teater ning Jogja. Festival iku pesertane saka Jogja lan Jawa Tengah. Festival iki dimulai ing dina Jum'at lan ditutup ning dina Minggu. Aku lan kanca-kancaku dari tim produser salah sawijine tim teater senior saka jurusanku. Sak durunge melu festival, aku lan kanca-kancaku nggawe piranti artistik lan panggung. Lakon sing ditampilke yaiku lakon sing judule \"Pasar\". Lakon iki nyeritakke lurah pasar sing bingung amarga akeh keluhan saka wargane. Saka festival kuwi, aku lan kanca-kancaku oleh juara 1 sak Jogja lan Jawa Tengah. Pengalaman kuwi nyenengake uga nambah kepercayaan nang timku. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4995", "text": "Nanging ana wong sing ora bisa urip dewean utawa ora betah urip dewean. Urip dewean iki padha kaya neraka amarga ora ana wong sing bisa dadi sendenan urip utawa wong kang bisa tulung-tinulung. Wong kang duwe sikap kaya iki biyasane kulina urip karo keluwarga. Urip dewean iki kadang nyusahake amarga marai repot lan bingung amarga wedi yen ana bahaya ora ana sing digawe cekelan. Wong sing ora bisa urip dewean iki dudu wong sing ora mandiri lan wong sing duwe semangat sing rendah kanggo urip. Nanging wong sing ora bisa urip dewean iki salah sijine ya amarga wong kang duwe jiwa sosial sing dhuwur. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5301", "text": "Ana kedadian sing marai Tino trauma yen arep nonton konser. Tino tau nonton konser ning taun baru lan wis tuku tiket wiwit sak sasi sak durunge konser amarga pengen oleh panggon sing luwih ngarep. Tino wis nyiyapke kabeh kebutuhan saka obat-obatan, tiket, identitas, uga sangu kanggo mangan lan ngombe. Pas dina konser, jebul Tino malah dadi susah lan suker amarga pas ngantri tiket malah diserobot karo wong sing ora dikenal. Penonton kuwi nyebabake antrean kuwi rusuh lan ana sing gelut uga siram-siraman. Tino sing maune arep seneng-seneng malah dadi mumet amarga akeh sing semaput ning bagian antrian. Kayane Tino mendhing nonton konser ning TV wae. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4374", "text": "Panganan bosok iku ancene jemberi soale panganan sing bosok iku ambuni ngalah-ngalahi sampah sing bosok, ora enake megilan. Terus sak liyane iku rupane panganan bosok yo ora jelase pol wes blotrok ambek koyok ono iler-ilere ngunu. Nah jarene koncoku panganan bosok iku teko panganan sing asline mambu terus ora keopen mangkane dadi bosok. Nah sing garai jember yo iku mesti ono sete sing pateng kluget puteh-puteh nang panganan sing bosok maeng. Nah sak liyane iku yo ambune barang sing ora enake megilan ambek rupane barang sing jengkeli. Mangkane ora gaok nag akeh wong sing mangkel ambek ora seneng nag delok panganan sing bosok maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3441", "text": "Biyen pas isek SMP nang kampunge koncoku iku akeh pitik sing manak. Nah anake iku nak dolanan iku ngawur kabeh dicekeri ambek diteleki. Mangkane aku pas dolan mrono dikongkon gorak ambek koncoku, terus pas tak gorak moro-moro mbokne iku ngamuk terus neradung aku, tapi aku langsung mlayu nag jeru omah tapi isek diajaki gawe neradung. Terus koncoku sing ngerti iku langsung gowo sapu disawatno nang pitik iku maeng. Aku sing keweden maeng langsung ngombe banyu soale saking jumbul ambek wedi nag pitik iku maeng. Dadine koncoku maeng sing nyawat yo akhire nutup lawang omahe ben pitik-pitik iku maeng ora mlebu ambek ora gawe perkoro eneh. Soale pitik sing wes koyok ngunuku biasane ora kenek digoroi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7973", "text": "Thalassophobia iku jenis fobia nang ndi penderitane ngeroso wedi kenemenen ambek laut utowo samudera. Rasa wedi iki fokuse nang bentuk laut sing juembar terus jero, dan iku dianggep bahaya ambek penderitane. Biasane uwong sing ngalami fobia iki mbiyene tau kelelep utowo kintir nang laut dan dadi trauma dewe. Gelaja fobia laut iki mulai teko jantung berdebar, sira lara, mual, kemeringet adem, ambek sesek napas. Biasane gejala fobia laut iku muncul pas penderitane lagi ndek pantai, ndelok ombak gede, utowo pas numpak pesawat terus lewat nang duwur laut. Nang kasus sing nemen, penderita iku wes ngeroso keweden pas ndelok foto laut tok, utowo pas krungu kata “laut”.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3444", "text": "Kudune wong sing duwe kewan sing ancene diwedeni ambek wong akeh iku dikandang ben ora marakno wong keweden. Aku iku tau keweden polahe ono asu gone tonggo sing moro-moro ngajaki aku ambek melet-melet, terus ilati iku maeng bek ambek iler. Asline sing tak wedeni iku ora kirike utowo asune maeng tapi sing tak wedeni iku penyakite ambek najise sing angele pol oleh ngilangi. Yo ancene ngingoni kewan koyok ngunuku apik ora opo-opo tapi yo kudu dijogo ben ora garai wedi wong sing liwat. Nag jareku wong sing ngingoni ngunuku yo kudu ngeramut sak apike ben ora sampek nyusahno tonggo utowo medeni wong liwat opo maneh nag sampek godak. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6189", "text": "Parfum kuwi dadi salah siji identitas amarga ana wong sing bisa dikenali saka mambune sing khas. Akeh banget jenis parfum, mulai saka wangi, jenis, merek, kandungan alkohol, lan uga sak panunggale. Kemasan parfum sing akeh jenise iki bisa marai konsumen iki nduweni akeh pilihan. Nanging senajan diproduksi sak pabrik, parfum yen kena keringete wong iki ambu sing dihasilake uga beda. Pilihan parfum iki ndadekake wong bisa luwih ngenali awake dhewe. Konsumen iki uga bisa nguji kandungan parfume ben tetep enak lan ora marai wong risih. Kamangka, ayo milih parfum sing bener lan uga bisa ngenali respon parfum marang awake dhewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8406", "text": "Salah siji kemampuan sing kudu dikuasai karo awak dewe kabeh iku njait. Tujuane iku ben nek awak dewe nduwe klambi utowo celono sing suwek, gak usah leren nang penjait disik gawe ngecikno, tapi dijait karo awak dewe. Nek awak dewe kate mulai gawe njait, onok teknik dasar sing kudu dikuasai karo awak dewe ben gak kangelen. Teknik iku mau onok enem. Siji, nglebokno benang nang jarum sing kate digawe njait. Loro, ngiket ujung benang sing digawe pas ngawali njait karo wes mari njait. Telu, latihan njait lurus disik. Papat, nyoba teknik njait jahitan seam. Limo, nyoba njait nganggo teknik pressing. Terakhir, nyoba njait nganggo teknik njait kancing.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7225", "text": "Akeh wong sing gagal iku malah tambah terpuruk dan gak bangkit. Wes gagal, tambah ngenes. Padahal, kegagalan iku isok dadi awal kesuksesan nek awakmu isok ngatasi kabeh dengan bener. Nek awakmu tambah terus larut dalam kesedihan, yo sampe kapan ae awakmu gak bakal isok maju. Awakmu kudu yakin disik nek awakmu isok, dan mulai teko kono awakmu mulai bangkit. Awakmu isok berbenah diri dan isok belajar teko kegagalan sing terjadi gawe berkembang luwe apik maneh. Gak masalah berusaha teko nol maneh, tapi awakmu dadi eroh endi letak kesalahan sing marai awakmu gagal. Alon-alon nek wes ngono, awakmu isok ngeraih kesuksesan sing mbok pingini.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5706", "text": "Imunisasi kuwi akeh banget jenise lan efek sampinge. Salah sijine yaiku sumeng. Gangguan sumeng utawa paanas sak uwise suntik imunisasi kuwi babagan sing wis biyasa amarga iki salah siji bentuk respon awak marang zat sing dadi bentuk kekebalan sing anyar. Yen bocah mulai sumeng, wong tuwa kudu ngompres bekas suntikan lan ora oleh bingung. Kaping lorone, yaiku kanggo bayi sing isih nyusu marang ibune, kudu ngonsumsi ASI kanggo nambah cairan ning jero awak. Kaping telu, wong tuwa kudu nggatekake klambi sing dinggo anak ben ora kerasa kadhemen utawa sumuk. Kaping papat. yen isih panas, wong tuwa oleh ngewenehi obat kanggo mudhunake panase. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7994", "text": "Onok tipe uwong sing nduwe sifat sumbu pendek, alias disumut titik tok wes nyaut dan langsung nyeneni wong sing nggoroi de’e. Cara de’e nyeneni iku sambil ngomel-ngomel. Biasane, wong koyok ngono iku bakal lego nek ngomel-ngomele wes puas. Istilahe ngono ngelampiasno emosine nang marah, terus bakal mari. Sakjane sing koyok ngono iku plus minus sih. Plus e iku, wong sing marah iku isok ngguwak energi negatif iku dadi awak keroso enteng dan luwe lego. Minus e, kadang omelane de’e iku isok ngelarakno atine wong liyo saking ngawure omongan sing dilontarno. Teko kono, kadang muncul cikal bakal permusuhan antara wong sing marah-marah mau karo korbane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2999", "text": "Wong sing nemokno harta karun mesti jumbul opo maneh biasane harta karun iku akehe megilan ambek regane iku mesti ora kenek dinalar ambek pikiran. Nah nginiki kudune ora oleh utowo ojo sampek digembor-gemborno nang wong-wong soale biasane dadekno roso sing elek metu teko pikirane menungso mboh iku pengen maling, utowo pengen ngoyok. Mangkane nag wes kadung jumbul ojo sampek garai wong sing kepikiran sing aneh-aneh cukup jumbul sak perlune ae. Soale nag saking nemene oleh jumbul iku iso dadekno wong iku angkles soale pikirane barang maleh kepikiran sing ora-ora. Tapi biasane nag jumbul karo perkoro sing apik, yo mesti dadi roso seneng. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3802", "text": "Sing garai wong iku isin nag pas telonone iku maeng moro-moro suwek iku ora mergo telonone sing suwek maeng. Tapi lingkungane maeng sing marakno isin, nag lingkungane utowo keadaan sing nang pinggire maeng iku ora ono opo-opo utowo ora ono wong sing masi mesti ora isin, tapi nag sampek diwasi uwong utowo nang panggonan sing rame mesti jelas ramene megilan. Nah perkoro iku maeng ancene wes gelek kedaden nang endi-endi mergo wong-wong iku mesti nganggep perkoro ngunuku maeng dadi perkoro sing ngguyokno. Tapi jarene wong sing ngalami maeng yo mesti dadi perkoro sing ngisini ambek ora karoan rasane oleh isin maeng. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7121", "text": "Koncoku sering banget takon nang aku, opo’o aku seneng banget nganggo sepatu ireng pantofel, gak nganggo sepatu kets koyok arek liyane. Sakjane aku yo pingin, Cuma mesti gak tau dioleni tuku ambek mamaku. Jarene dinggo disik sepatu sing onok, wong sek sedeng dan durung jebol kok. Awale aku nrimo ae, cuma ndelok kabeh koncoku sing nganggo sepatu kets marai aku dadi iri. Akhire aku meneng meneng nabung gawe tuku sepatu sampe aku gak jajan. Pas ditakoni mamaku opo’o kok gak jajan, yo tak jawab duite tak tabung gawe tuku sepatu kets. Awale diomeli, tapi aku gak terimo dan iki aku bakal tuku sepatu nganggo duitku dewe. Akhire ambek mamaku dijarno. Pas duite wes kekumpul, aku langsung ngajak koncoku gawe tuku sepatu nang Ramayana. Koncoku milihno sepatu sing apik banget dan langsung tak tuku ngono ae. Tutuk omah, aku langsung nyudokno nang mamaku nek aku nduwe sepatu anyar teko nabung. Mamaku langsung muji aku hebat dan aku langsung seneng banget. Seneng soale entok sepatu anyar ambek seneng soale dipuji mamaku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4837", "text": "Salah sawijining modus penipuan undian yaiku nomor sing dilebokake ning aplikasi judi online. Nomor iki biasane oleh SMS utawa pesen saka whatsapp yen menangke undian. Nanging ya ora katon ngapusi kaya modus SMS amarga ana link sing ngehubungake ning web undian. Moduse luwih alus. Nanging modus iki biyasane bisa dikenali saka desain web sing ora profesional. Wong sing ora ngerti bakal ngira iki undian tenan lan dijaluki tebusan kanggo hadiahe. Ben ora ketemu tukang ngapusi kaya iki, pancen aja gampang percaya link internet lan kudu gelem ngecek undian saka instansi sing atas namakake. Banjur nomor utawa web sing dinggo ngapusi diblokir lan laporke marang polisi. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5785", "text": "Wong sing angel adaptasi marang lingkungan kuwi mesti angel yen dideleh ning panggonan sing ora dikenal, apa maneh wong iki ora ana persiapan kaya misale wong sing pindah negara nanging ora bisa bahasane, utawa wong sing pindah saka daerah laut marang gunung tanpa ana persiapan kaya klambi lan kemul. Adaptasi kuwi penting lan butuh persiapan amarga wong sing ora siap iki bakal kena seleksi alam lan bisa gagal urip ning panggonan anyar kuwi. Wong sing ora lolos seleksi alam kuwi bakalan stres amarga akeh tekana ben bisa sepadan karo penduduk asli lan marai nambah tingkat persaingan sing gedhe ning panggonan sing padha. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2587", "text": "Dino bahagia polahe pernikahan ancen pantes diramekno. Masio iku mok sedino tapi iku ancene pantes soale iku wes dadi adat nang endi-endi. Terus ono maneh nag pas dino bahagia iku yo macem-macem ramene, ono sing ambek pengajian, ngetokno adat budayae wong kono, ambek mangan-mangan bareng sing digawe simbol bahagia nag dino iku. Masio dino iku kebek ambek roso seneng utowo bahagia, ono wong sing teko karo raih mrengut ambek ati sing ora karuan soale wong sing duwe roso bahagia nag dino iku tau duwe salah ambek wong sing teko maeng. Masio tekoe iku maeng merungut akhire mbalik kadang iso maleh seneng, soale ketularan roso bahagia maeng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3022", "text": "Koncoku wingi iku srengen megilan soale pacara iku nyelingkuhe deke. Nah selingkuhane maeng bocahe iku ora patek ganteng tapi sugehe megilan, bapake iku bupate, terus bocahe iku maeng yo dadi PNS. Terus koncoku maeng asline ora terimo tapi bocahe yo guyu soale pacare durung ngerti nag koncoku maeng wes duwe usaha sing saiki cabange nang endi-endi, terus bocahe yo duwe montor apik-apik, kelas pajero iku sing biasane gawe ngangkuti blonjoane nang usahae maeng. Polahe srengen meng akhire bocahe maeng liwat nang ngarepi pacare sing nyelingkuhe deke karo ngejak aku gowo montore sing BWM karo epok-epok kesusu ben iso ngebel-ngebel wonge. Pas sing nyelingkuhi deke ero, nag koncoku iku asline sugeh, bocahe getune pol.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9175", "text": "Kabeh menungso nang bumi iki gak onok sing sempurna dan pasti tau ngelakoni kesalahan, termasuk petugas utowo pelayan sing onok nang panggon pelayanan publik. Onok sing kesalahane sek isok ditolerir, onok sisan sing nggatheli pol. Sebagai sesama menungso, awak dewe iku isok lho negur petugas sing ngelakoni kesalahan iku mau. Cara paling efektif iku nganggo boso sing teges dan nyudokno nek awak dewe iku mangkel. Tapi ngomong e iku tetep nang kondisi sing tenang. Ojok atek pisan-pisan gawe misuhi petugas iku mau. Selain gak sopan, pisuhan iku mau maleh nyulut amarah e petugas iku mau. Guduk diterimo dengan apik, teguran mau dadi mental dan petugas iku maleh gak evaluasi diri.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9811", "text": "\"Pakeetttt\" swara ngageti ing wayah 10 esuk kuwi marai aku gage marani teras ngarpan. Aku rumangsa ora blanja online lhakok ana paket teka? Paket banjur daktampa lan dakbukak ana njero omah. Bareng tak bukak lha isine pepakan, ana banyu zam-zam, coklat, kurma, kacang arab, tasbih, sajadah, lan cetakan foto ilustrasi kakbah lan sijine cetakan gambar kakbah kang asli. Ing sapinggiring kothak, aku nemu kertas warna putih mempur. Bareng tak bukak jebulane surat mau kang nulis kancaku sing lagi sekolah ana Mesir. Dheweke bubar umrah ana Mekah banjur kepengin dongakke muga aku bisa nyusul ana Mekkah, mula aku dikirimi barang kang pepakan. Aku kaget lan setengahe bingung sajak terharu. Mula sesasi kepungkur dheweke njaluk alamatku, jebulane arep ngirimi aku angsal-angsal. Maturnuwun, Ca.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2983", "text": "Koncoku wingi iku jumbul soale pas ulang tahune bapake nguwei hadiah klambi sing koyok model-model cino ngunu. Hadiahe iku maeng ancene ditukokno ambek pakne teko cino soale pakne iku duwe kenalan sing teko cino. Klambine iku maeng modele plek podo ambek podel klambi-klambi sing digawe wong sing kunfu-kunfu ngunu. Terus kaene barang alus ambek jahitane bedone ora pokro ambek sing nang kene, yo jelaslah iku barang teko kono ambek iku kan pesenan sisan, nag regane se mesti lumayan, tapi nag kanggo pakne se ora sepiro nag kanggo awak dewek yo jebol dompete. Sak liyane iku, ro ono koyok model rangkepane sing nag jerone klambine mboh iku paling digawe ngnangetno awak paling. Dadi klambine maeng apike megilan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1589", "text": "Kanggo wong sing ngeroso awake gampang mambu, wong kui kudu seregep nganggo deodoran. Deodoran kui kanggo wong sing awake mambu banget ora iso ngilangi ambune secara keseluruhan. Deodoran mung iso ngurangi ambune ben ora terlalu nyegrak lan ora ganggu wong-wong neng sekitare. Wong sing gampang mambu kui uga wajib gowo parfum neng endi-endi. Misale dheweke arep ketemu wong sing akeh, dhewke dadi iso gunake parfume kui. Parfume apike nganggo sing ambune luwih kuwat. Supoyo ambu ora enak sing ditoke awake iso ketutupan. Yen wong sing awake gampang mambu kui paling ora kudu gowo rong barang kui lan ora entuk lali nganggo salah sijine.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4336", "text": "Akeh-akehe wong mesti ngerti ambek sing jeneng ambu amis, nah ambu iki ancene kadang iso marakno wong sing mambu, mboh iku singojo utowo gak sengojo mambu, mesti bakal ono sing jember. Nah sing marakno wong iku jember ambek barang sing amis iku biasane ora mergo ambune tok, tapi kadang iku ono perkoro liyane sing marakno wong sing ambu perkoro sing amis maeng iku sampek mangkel. Contohne pas mangan iwak moro-moro ambune amis terus iwake iku tibake durung mateng. Nah perkoro koyok nginiki iso dadekno wong sing ambu amis maleh duwe pikiran ang ambu amis iku termasuk perkoro sing ora apik, padal ora kabeh perkoro sing ambu amis iku elek.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2610", "text": "Tahun 2018 dadi tahun sing nyenengno kanggo keluargaku soale dulurku ngelahirno anak'e sing nomer loro. Tapi tahun iku yo dadi tahun sing garai sedeh soale mbah sedo pas aku, Pak'e ambek mak'e ora nag omah kabeh. Sing ngerti sedoh'e mbah yaiku bibik sing sak bendinoe nang kono nunggok'i mbah. Aku pas iku pamitan budal karo mbak mok sedino gawe jipek nomor test ujian nang kota. Terus sing Bapak ambek emak pas budal Haji. Mangkane dulurku waktu iku bingung kudu piye soale wonge barang yo lagek mari operasi dadi ora kenek gawe lapo-lapo awak'e. Sing ngurusi kabeh iku yo bibik sing biasane nungguk'i mbah sampek sedo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3481", "text": "Biyen sekitar tahun 2012, Aku awit-awitan munggah gunung iku senenge pol. Tapi pas sampek alas yo rodok wedi soale nag kono iku ora ono uwong terus mok urip dewe ambek konco-konco sing budal mungga iku maeng. Yo sing garai wedi kan ora mergo ora ono wonge tok tapi ancene isek durung ngerti ambek panggonan sing anyar. Dadi mesti perlu kenal ambek panggonan iku. Opo maneh iku ono nang tengah alas sing campus ambek sembarang-barang sing ancene nang alas iku kat jaman biyen. Tapi koncoku sing biasane munggah gunung yo wes biasa. Deke ae iso turu angler, aku sing isek awitan yo rodok keweden sampek ora iso angler oleh turu polahe wedi nag ono opo-opo terus ora iso lapo-lapo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3369", "text": "Nang endi-endi wong nag diancem mesti wedine megilan, opo maneh wong sing ngancem iku kerenge megilan yo tambah dadekno wong sing diancem kewedene sampek jepiping kupinge karo mengkeret. Nah kabeh iku maeng asline iso ae diadepi ben ora ketok wedi nag pas diancem karo wong sing kerenge koyok ngunuku. Nah salah sijine ben ora ketok wedi yoiku ojo sampek mikir sing ora-ora mergo wong sing ngancem iku biasane ora ngiro ngapk-ngapakno wong sing diancem kejobo wong sing diancem maeng kakean pola, mangkane nag diancem iku cukup sing anteng wae ambek golek coro yo opo wong sing ngancem maeng iso dilawan. Nah iku maeng so kedaden nag wong sing diancem maeng iku anteng pikirane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7553", "text": "Dino iki bakal onok pesta nang omahku gawe ngerayakno adekku sing entok juara siji nang sekolahe mbari melu lomba hafalan Al-Qur’an. Jam 4 sore, aku berangkat gawe tuku panganan nang Restoran chinese food langgananku. Aku tutuk nang tujuan jam setengah limo soale ancen panggone rodok adoh teko omah. Nang kono, aku melbu dan pesen bihun kuah, koloke ayam, fuyunghai, mie goreng ayam, nasi goreng seafood, ambek capjay. Buru ae aku kate melbu nang ruang tunggu, aku disenggol karo wong liyo dan iku get pol. Aku langsung ngelus pundakku soale lara pol. Aku wes kate protes, tapi wong iku njaluk sepuro disik. Pas aku noleh, aku kuaget pol pas ndelok wajahe Rizal, konco lawasku ket SD. Emosi iku langsung ngowos ngono ae dan aku malah nyopo Rizal sueneng. De’e yo nyopo aku dan ketok seneng sisan ketemu aku. Awak dewe ngobrol terus sampe jam limo. Barengan sisan karo pesenanku sing wes dadi kabeh. Rizal langsung njaluk nomerku ben isok kabar-kabaran maneh ndek lain waktu. Mbari wes beres kabeh, baru aku moleh nang omah.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9140", "text": "Brenda iku nyadar nek de’e nduwe andeng-andeng cilik nang bagian ngisor kiwo lambene. Mbiyen de’e gak tapak ngurusi soale gak sepiro ketok. Pas de’e tambah gede, andeng-andeng e iku melu gede sisan. Mergo iku, Brenda dadi rodok keganggu. Tapi berhubung sek isok ditutupi nganggo foundation, Brenda gak sepiro masalahno. Tapi tambah suwe andeng-andeng iku tambah gede dan marakno Brenda tambah gak pede. Terus de’e cerito nang koncone sing jenenge Lina. Ndek kono, de’e curhat nek de’e kepingin ngilangno andeng-andeng iku mau, terus takon yaopo cara ngilangno e. Lina langsung nyeletuk nek iku isok ilang atek operasi. Krungu kata operasi, Brenda langsung geleng-geleng banter dan langsung kabur ngono ae. Mending de’e tuku foundation sing akeh timbang dioperasi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8460", "text": "Nafla ngajaki koncone sing jengene Ninis mlaku-mlaku nang Mall pas lagi preian. Jarene refreshing soale utekke wes njembel mergo mikir tugas kuliah. Sak durunge sesok garap tugas maneh, Nafla pingin refreshing dilut. Ninis ngajaki mangan ndek Marugame Udon dan diiyani karo Nafla. Pas bayar, Nafla ngomong nang Ninis nek engkok nganggo duite Ninis disik bayare, soale de’e males ngetokno dompet dan posisine de’e wes nyekel nampan isi udon ambek gorengan. Pas tutuk mejo, Ninis nyeletuk nek Nafla berarti wes ngutang 578 ewu nang de’e. Nafla kuaget lah, perasaan de’e pesene gak seakeh iku. Ninis jelasno nek Nafla wes tau ngutang sisan pas mben dan durung dibayar. Nafla jelas isin lah soale wes ngutang sak mono akehe. Akhire Nafla langsung bayar kontan ndek tempat sak durunge lali maneh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9413", "text": "Saiki aku lan kulawargaku lagi mangan bareng-bareng ana ing warung mangan kang paling masyhur ing kuthaku. Bapak lan ibuku wis janji yen aku bisa lulus ujian basa Jawa, aku bakal ditukokke panganan enak ana ing warung iki. Nalika lagi mangan aku uga crita, kepiye kahanan nalika ujian iku. Sakjane aku ora ngerasa angel nalika ngerjakke ujian basa Jawa iku, nanging ora ngerti kenapa kahanan ana ing panggon ujiane surem banget. Pengawas sing ana ing kelas uga medeni. Dheweke ngilingke yen ora oleh contekan kanti swara sing banter lan mripate sing mendelik. Sawise ujian aku lega akhire bisa metu saka panggon ujian iku lan bisa lulus kanti biji sing apik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3798", "text": "Akeh wong sing ngalami perkoro utowo pengalaman sing ancene dianggep ambek wonge iku jijiki, tapi jarene wong liyo iku yo biasa wae. Tapi nag ancene iku pengalamane ora pantes diceritakno nang wong liyo palang yo ora atek diceritakno soale iso dadekno perkoro sing mangkelno ambek gilani wong liyo. Dadi nag iso palang disimpen ae ben ora dadi perkoro anyar sing sekirane dadekno perkoro anyar. Kadang yo ono ae wong sing esek gelem nyeritakno pengalaman sing jijiki iku mergane kanggo deke iku wes dudu pengalaman sing jijiki maneh. Terus deke iku mikir nag iku ben iso nguwei manfaat nang wong liyo ben ora kedaden nang liyane.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3473", "text": "Pas aku olah raga, moro-moro ono asu nang ngarepku terus ambek berok-berok, aku yo langsung bingung ambek mlayu. roso wedi sing sampek kebingung maeng iku iso ae diarani serangan panik. Terus serangan panik iku opo? serangan panik yaiku roso sing jenise koyok roso kuwatir sing moro-moro metu polahe keweden ambek perkoro sing tekane maeng dodok. Terus roso iku maeng yo ora suwe mok sedelok soale sing marakno roso iku biasane yo ora suwe mok sedelok. Terus biasane wong sing ngalami ngunuku iku duwe reaksi sing luweh cepet ambek nag dipikir iku ora masuk akal soale nag nang kondisi normal iku paling ora iso kedaden kejobo wong sing ancene wes terlatih.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4427", "text": "Saiki ancene wes rodok arang kedaden kleru mlebu jeding, mergo mesti ono tengerani gedene megilan nag nang ngarepe jenge maeng, nah masio wes ditengeri ambek tengeran sing gedene megilan, tapi yo isek ono ae wong sing kleru mlebu jeding maeng. Nah sing marakno wong kleru iku biasane nag gak kebelek yo kesusu. Nah biasane nag wong sing kleru ngunuku mesti nag konangan yo bakal isine setengah mati opo maneh nag sampek marakno antri ora karoan yo tambah isine pol. Nah sing garai isin maeng iku ora kok mergo kleruni tok, tapi yo mergo marakno wong sing natri maeng terus marakno antri sing ora nang panggonan sak mestine.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9101", "text": "Sebagai budak event, wes biasa sing jenenge moleh sampe bengi soale melu rapat kepanitiaan. Berhubung aku iku ketua divisi, dadi aku moleh e mesti paling terakhir dan mastikno anak-anak divisiku wes moleh kabeh. Mari ngono, buru aku moleh. Pas aku mlaku, aku ngelewati gedung C FIB. Moro-moro aku krungu onok suara wong latihan gamelan ket njero gedung C. Batinku, oh paling kate onok lomba makane latihane sampe bengi koyok ngene. Terus pas lewat pos satpam, aku nyopo satpam e iku. Terus aku iseng takon, iku sopo sing latihan gamelan. Terus satpam e bingung, soale lift gedung C iku wes dikunci dan akses tangga wes digembok sisan, dadi gak mungkin onok wong nang duwur. Aku langsung mak dheg dan cepet-cepet pamit nang satpam e gawe moleh. Saking wedine, aku nyetir montorku sampe gemeteren dewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9946", "text": "sakjane akeh carane digawe nggindari macet e dalan dalan sing rame pol iku. salah sijine ojo tangi awan awan ben budal e rodok isuk yen katene sekolah utawa kerjo, sing ke loro ojok metu wayah e wong wong mulih utawa budal kerjo. sing ketelu liwato dalan dalan cilik sing ora macet. nek isok iki numpako sepedah ojok numpak montor ben iso nyelip nyelip ning dalan cilik. yen cara-cara iku di gawe koyok e aman teko macet e dalan sing rame pol iku. nanging yen isih macet ae yo mesti kudu diakeh i sabar sabar e . soale ora mung awakmu tok sing pingin tutuk cepet nak panggon sing arep ditekani .", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3768", "text": "Jijik utowo jember pas delok tumpukan sampah iku mesti wes gelek dialami menungso opo maneh saiki wes akeh sampah sing numpuk nang endi-endi, terus tumpukan sampah iku wes dadekno masalah lingkungan ora karoan. Kabeh tokoh-tokoh masyarakat teko jaman biyen sampek saiki yo wes nganjurno nag ojo sampek buak sampah nang endi-endi ben ora bejati lingkungan tapi ujute saiki akeh wong sing ora gelem nurut ambek anjuran iku mergane bingung ate buak sampah nang endi. Nah kabeh iku maeng asline nag wonge ora beling yo iso ae dibuak terus diolah mane gawe bahan-bahan liyane ben ora dadekno tumpukan sampah sing mangkelno uwong.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2051", "text": "Koncoku tau cerito yen dheweke kui pernah dietuti wong numpak motor pas bengi-bengi. Pas kui, dheweke lagi bali seko acara neng kampuse. Dheweke kui omahe rodo adoh. Biasane dheweke kui baline ora tau luwih seko jam 8 bengi. Nanging mergo dheweke dadi panitia penting neng acara kui dheweke kepekso ngenteni acarane tekan rampung. Dheweke uga ora ono barengane bali. Pas bali seko acara kui, neng bangjo, dheweke wis ngeroso dieuti karo wong. Dheweke ora wani delok buri kanggo ngecek. Sing dheweke kerungu kui swara knalpot sing banter. Sepanjang dalan neng omahe, motor kui ngikuti terus. Tekan neng ngarep gerbang kompleke motor kui tetep ngetuti. Jebul motor sing ngetuti kui, tonggone dhewe sak komplek nanging arang ketemu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1550", "text": "Aku tau mlaku-mlaku neng mal karo konco-koncoku. Awak dhewe wong papat, telu lanang lan siji wedhok. Awak dhewe neng kono rencanane arep nonton neng biokop. Nanging ngerti-ngerti, awak dhewe ketemu karo cah wedhok sing awak dhewe ora kenal sing kelambine podo karo koncoku sing wedhok mau. Dheweke dadi isin delok kui. Wong wedhok sing liwat kui uga ketok ngeroso isin. Koncoku mau banjur langsung jaluk bali. Jarane dheweke bakal isin meneh yen ketemu meneh karo cah wedhok mau. Nanging ora iso, mergo awak dhewe wis tuku tiket bioskope. Akhire, awak dhewe tetep nonton neng mal kui. Nanging, awak dhewe kudu ngenteni neng jero mobil.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9180", "text": "Gisel iku sedih pol soale de’e kepekso gap year mergo gak ketompo nang kampus negeri ndi ae. Kate daftar kampus swasta yo wes telat saking fokus ngejar kampus negeri. Ambek mama e disarano gawe daftar beasiswa ben isok kuliah nang luar negeri. Krungu saran koyok ngono, Gisel dadi nemu harapan maneh. Mulai saat iku, de’e dadi tambah rajin sinau. Gisel bener-bener manfaatno wektu sak tahun iku ben isok lulus tes beasiswa dan isok kuliah nang luar negeri. Teko kono, de’e nyoba daftar nang Columbia University. Dan pas pengumuman, dadakno Gisel isok ketrimo nang kampus impian e iku mau. De’e temenan sueneng pol. Mbasio kudu gap year, tapi akhire dibayar isok melbu nang kampus sing luwe apik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2080", "text": "Aku arang metu seko kota panggonku tinggal. Biyen pas neng Bogor aku arang metu lan pas wis neng Yogyakarta aku arang plesiran, tekan saiki. Nanging metu seko kota kui ora mungkin ora. Awak dhewe paling ora tau kudu lungo seko kotane dhewe beberapa kali setaun. Pas metu, aku lali neng kota opo, aku ngeroso aneh banget. Aku yakin yen aku durung tau neng kota kui, nanging aku ngerosone wis tau. Seko bentuk dalan, bentuk bangunan, lan suasana dalane, aku koyo yakin banget tau merene. Nanging aku ora duwe bukti opo-opo yen tau mrono. Soale iso wae panggon kui tau jedul neng mimpiku. Mikirke kui aku dadi merinding dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2924", "text": "Teko media sosial saiki akeh-akehe wong sing nang dokter mesti meriksakno kesehatane soale ono sing bermasalah. Biasane wong sing teko dokter terus ngerti hasile kesehatane sing ora podo ambek sing dikarepno mesti jumbul. Masalahe wong sing perikso iku sakdurunge ora ngiro nag bakal kedadean sing koyok ngunu. Mangkane hasil kire dokter gelek jumbulno pasiene. Terus pasien sing jumbul maeng kadang yo ono sing percoyo yo ono sing ora percoyo soale opo sing dirasakno iku kadang seje ambek dokter. Opo maneh wong sing ono nang daerah gonanku. Nag ono dokter sing ngekire ngawor ambek sing diarani ora bakal ono wong sing moro rono.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2542", "text": "Seneng polahe polahe nemokno barang sing digoleki yaiki roso emosi apik sing megilan nang jero ati sampek dadekno roso seneng nang ati ambek pikiran terus mrambat nang liyane sampek bagian awak seng liyane yo ketut, Akhire bagian awak sing liyane iku maeng maleh elkok ngerasakno roso emosi sing apik maeng terus diwujutno ambek kelakuan karo bagian awak sing liyane. Roso seneng iku yo iso wae kedaden teko pirang-pirang penggawean, pirang-pirang sebab, utowo pirang-pirang perkoro. Salah sijine yaiku seneng polahe nemokno barang sing digoleki. Seneng sing model nginiki iku wajar ae asline sing pengting ora sampek kebangeten soale iso dade maleh ora apik.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9127", "text": "Sembarang kalir bentuk ancaman sing gak onok hubungane ambek penggunaan senjata iku jenenge ancaman non militer. Hal iku polane ancaman non militer iku gak bersifat fisik tapi dimensi liyane. Ancaman non militer iki gak mesti berhubungan ambek negara liyane, bahkan isok kedaden nang njero negara iku dewe. Teko onoke konflik nang njero negara, suwe-suwe isok ngerusak negara iku dewe. Sakjane sing nduwe peran gede gawe ngatasi hal iku kabeh yo pemerintah e. Cara ngatasi ancaman non militer iku isok koyok ngene. Siji, ningkatno kualitas SDA ambek SDM. Loro, mbangun lapangan pekerjaan sing luwe akeh. Telu, ningkatno pembangunan. Papat, ningkatno sistem pendidikan. Terakhir, ningkatno perekonomian negara.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3710", "text": "WIngi pas aku ngopi nang salah sijine kota Gudeg, tibake wetengku ora enak terus. Mari ngunu aku jajal nang wcne, teko jobo ancene ketok resik, tapi pas aku mlemu tibake ambune langsung bel, ora karoan sampek mangkelno wong. Teru aku ora sido mlebu, mari ngunu ono mbak-mbak sing moro rono, pas buka lawange mbake iku maeng langsung nyengir-nyengir ambek kuwok-kuwok. BIasane nag ngunuku wonge sing jijikan ambek perkoro sing koyok ngunuku. Yo roto-roto wong sing delok wc endut kan ngunuku, mesti jember polahe dianggep kemproh. Biasane ancene wong sing ngunuku iku wes kebiasaan urip enak ambek lingkungane iku roto-roto resik mangkane delok ngunuku langsung kudu mutah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "352", "text": "Respon wong bar dikuciwake karo wong kui umume sedih. Dikuciwake kui iso ngaruh neng emosi utow psikologise. Respon sing umum pas wong dikuciwake kui nesu-nesu. Nesu kui metu mergo awak dhewe kaget karo polah utowo tabiat wong kui sing ora iso awak dhewe maklumke. Awak dhewe dadi getun wis ngewehi kepercayaan marang dee. Iki mlebu neng respon sing keloro, wong dadi angel percoyo, utame karo wong sing wis ngelarani kui. Yen wis dikuciwake, wong kui arep janji utowo wis berubah koyo ngopo wae, awak dhewe tetep duwe keraguan neng ati. Sing ketelu, wong iso lungo ninggalke wong sing nguciwake kui. Iki respon sing paling parah. Kui artine wong kui isih ngelakoke tindakan sing ngelarani ati banget lan wis ora ono cara meneh kanggo golek titik tengah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "771", "text": "Jaman saiki wong iso tersinggung mergo alasan-alasan sepele. Misale komedian, Pandji Pragiwaksono kui tau disomasi karo perkempulan sing pencinta kunci. Certane ngeneki. Dheweke duwe pertunjukan taun lawak 2018, judule Pragiwaksono. Pas akhir taun 2019 utowo awal taun 2020 dheweke ngunggah beberapa video pertunjukkane kui neng Youtube. Salah sijine dheweke duwe guyonan babakan kucing. Neng kono dhewe crito yen dheweke kui rada mangkel karo kucing opo meneh pas lagi mangan pecel lelenan neng pinggir dalan. Nah videone kui viral. Neng Twitter, wong-wong akeh sing ngomong yen dheweke kui ora seneng kucing. Tekan akhire, dheweke ngejak ngobrol wong-wong pencinta kucing kui kanggo klafirifkasi lawakane.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5624", "text": "Kadhang uga kepikiran karo wong sing nduwe trauma ning panggon dhuwur nanging kerjane ana ning panggonan sing kudu manjat kaya wong tukang masang lampu, tukang ndandani kabel, lan uga para kuli bangunan sing lagi ana proyek gedung. Kanggo nguwasai profesi iki, pancen ora mung butuh minat lan bakat, nanging uga cara nguwasai rasa wedi nanging uga tetep waspada. Jarene, trauma utawa fobia ning panggonan sing dhuwur kuwi bisa ilang alon-alon amarga kebiyasaan lan uga kebutuhan kaya butuh bayaran dadi ora peduli karo traumane. Kamangka kuwi, bisa disimpulake yen fobia iki bisa alon-alon diilangi lan sing penting ana motivasi kanggo dadi luwih normal.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4994", "text": "Urip dewean iki pancen penak amarga ora direpoti karo bojo, anak, utawa keluarga ning omah. Akeh wong sing milih dewean amarga pengen fokus karo awake dewe kanggo nata urip sing luwih apik. Urip dewe iki akeh sing ngomong yen bakal rugi amarga ora ana kanca kanggo crita. Nanging anggepan iki kebantah amarga jaman saiki wis akeh akses kanggo nyiptakake hiburan dewe. Kadang urip dewean iki mbosenake, nanging ya akeh cara kanggo ngilangkake kebosenan kuwi. Wong kang milih urip dewe iki mesti duwe kesibukan lan kanca sing akeh kamangka bisa tetep nyaman ning njaba omah uga ora melu direpoti karo keluwarga liyane. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2504", "text": "Aku wingi petok ambek koncoku sing ngulang nang salah sijine bimbel nag kota gudeg. Deke ngarani nag bocah saiki nag seneng polahe diterimo nag perguruan negeri iku luweh sopan. Soale deke wes ngerti carane ngregani koncone sing durung ketrimo nag kampus sing dipingini. Jarene koncoku seneng getrimo nag perguruan yo apik wae tapi sing garai ora apik nag iku dadekno roso geting teko wong liyo nang awake. Soale akeh kedaden bocah sing awitane konconan apik maleh dadi ora apik soale koncone maeng ketrimo nag kampus sing dipingini lah koncone ora ketrimo. Polahe sing ketrimo iki maeng rodok ceplas- ceplos sampek garai koncone maeng mangkel polahe roso iri sing metu teko ati.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "238", "text": "Mesthi awak dhewe tau ngerasake entuk bejo terus, koyo awak dhewe mung meneng wae nanging rejeki teko terus neng awak dhewe. Rejeki kui kudu disyukuri nanging yen awak dhewe nganggep rejeki kui teko mergo awak dhewe bejo kui keliru. Ora ono sing kebetulan neng donyo iki. Yen awak dhewe ngeroso bejo entuk rejeki kui wis dadi takdire dhewe. Timbangane awak dhewe terus ngadelke kebejoan kui kanggo ngetuke rejeki, awak dhewe kudu bersyukur marang Sing Maha Kuasa. Ben awak dhewe ora ngadelke bejo terus. Awak dhewe kudu nanemke neng pikirane dhewe yen asil sing awak dhewe entuke kui seko usahane dhewe, ora mung seko kebetulan wae.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9841", "text": "Preian semesteran iki, kelasku ngadakna plesir ing Jogja. Akeh panggon sing meh ditekani kayata malioboro, keraton, lan pantai sing ana ing Gunungkidul. Aku lan kanca-kancaku dadi siji terus nalika ing kabeh panggon iku supaya ora ilang. Beda nalika wis ana ing malioboro aku lan kanca-kancaku padha misah amarga kabeh padha pengin ndolek oleh-oleh dhewe. Aku uga kepisah ijen amarga aku mlebu ing mall sing ana ing malioboro kanggo nggolek es grim. Aku lan kanca-kancaku padha janjian balik ning bis pas jam 9 bengi. Nanging nalika aku balik, aku bingung bise wis ora ana. Aku ngebel kabeh kancaku ora ana sing ngangkat. Kayane aku kari lan ditinggal karo bise. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5361", "text": "Dewi kuliah ning Jakarta lan saiki melu urip ning omahe sedulure amarga dekne durung nemu kos sing regane pas miturut dhuwit beasiswane. Ning omah sedulure kuwi uga ana pakdhe, budhe, lan simbahe. Sing marai Dewi ora seneng kuwi yaiku dekne mesti dibedhakake karo sedulure, kaya misale Dewi ora ditumbasake panganan sing padha kaya sedulure. Pas liburan, Dewi uga ora dijak lunga menyang Bandung lan kudu ngeresiki omah. Dewi ngerasa iki wis ora bener. Dewi pengen ngamuk nanging kok ya ora pantes. Banjur Dewi golek kos anyar masio adoh saka kampus, ora ngapa tinimbang saben dina mangan ati terus lan ora duwe kesempatan kanggo sosialisasi. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7165", "text": "Penghargaan iku isok dikekno nang sopo ae dan dalam bentuk pencapaian opo ae. Penghargaan isok pisan dikekno nang arek cilik dan iku isok sisan digawe bentuk pembelajaran sifat gawe arek iku mau. Salah sijine ngajarno arek cek gelem jujur dalam hal opo ae. Mulai teko ucapan sampe perasaane arek iku dewe. Dadi ben arek iku ngomong utowo berlaku jujur, awakmu isok ngekeki penghargaan. Penghargaane yo isok macem-macem, mulai teko dikeki pujian utowo dikeki jajan. Nek wes ngono, nang utekke arek cilik mau bakal terbentuk pemikiran nek awakmu jujur, pasti bakal entuk sesuatu sing positif. Mulai teko kono, arek cilik iku bakal terlatih gawe jujur.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "668", "text": "Judi kui iso marake awak dhewe seneng. Rasa entuk rejiki seko arah sing ora disongko-songko kui senenge ora iso dijelaske. Nanging, awak dhewe kudu ngerti yen judi kui iso gawe pengaruh sing elek kanggo awak dhewe, terutama neng kondisi finansiale awak dhewe. Dadi yen awak dhewe seneng judi, judi kui iso dadi mung sekadar hobi wae. Maksude, awak dhewe tetep ngelakoke beberapa dolanan judi nanging sing ora gawe ciloko. Misale, awak seneng dolanan poker. Awak dhewe iso ngundang wong-wong liyane sing pengen dolanan poker nganggo duwit palsu utowo mung toh-tohan cipe wae. Yen ora awak dhewe iso dolanan judi opo wae nanging, duwit konggo toh-tohane cilik wae.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7951", "text": "Kelly iku paling males nek wes wayahe melbu sekolah. De’e pasti bakal dibully karo arek sak kelase. Padahal mek mergo de’e penerima beasiswa nang kelas iku, dan kabeh arek sak kelase dadi ngebully de’e. Mergo de’e miskin, dadi arek-arek kelase tambah semangat gawe ngebully de’e. Onok siji kejadian pas de’e kate moleh sekolah, Kelly malah diseret nang jedhing sekolah dan disiram banyu sampe teles kebes. Gak mek klambine tok, bahkan sampe bukune yo teles kabeh. De’e langsung berontak dan cepet-cepet mlayu teko sekolah. Pas tutuk omah, de’e nangis kejer dan ngomong nang ibukne nek de’e gak gelem melbu sekolah sesok. De’e wedi engkok dibully maneh karo konco-koncone.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7663", "text": "Umar bin Khattab iki salah siji sahabate Rasulullah Muhammad SAW dan dadi khalifah sing wes dipastikno bakal melbu surgo. Umar iki lahir 13 tahun sak wise Rasulullah lahir utowo sekitar 581 Masehi. Umar iki lahir teko keluarga bangsawan Quraisy sing dibekali ambek pendidikan sing apik terutama nang bidang perniagaan ambek bela diri. Umar iki terkenal dadi pemimpin Islam sing adil nang rakyate dan bertanggungjawab gawe ngemban amanah dadi pemimpin. Bahkan beliau iki rajin mrikso kondisi rakyate sampe nang pelosok. Sikap adil e Umar iki didelok teko yaopo beliau gak gampang kesulut emosi ben onok wargane sing laporan iku. Beliau pasti bakal ngumpulno kabeh pihak sing terlibat karo saksi. Teko kono, Umar bakal eroh sopo pelaku sing asli dan gak bakal ragu gawe mukul pelaku iku mau.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3005", "text": "Sopo se sing ora srengen nag pas ngantri tuku opo-opo mari ngunu moro-moro disrobot ambek wong liyo. Mesti kabeh wong srengen nag ngadepi perkoro iku maeng, tapi ojo sampek roso srengenmu maeng dadekno awakmu dadi wong sing elek nag ngarepe wong liyo sing ono nag sekitarmu. Jarene koncoku srengen oleh tapi nag iso dadekno roso srengen maeng maleh dadi omongan sing iso jengkelno wong sing nyrobot tanpo ngetokno nag awakmu maeng srengen nang wong iku. Dadi masio awakmu srengen nag awakmu iso ngatur roso srengen maeng wang sing nyrobot bakal ngregani awakmu soale awakmu ora langsung ngetokno roso srengenmu maeng. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1511", "text": "Pas SD, ono koncoku sing tau ngentutu neng kelas. Pas kui lagi pelajaran matematika. Guru sing mulang matematika kui terkenal galak banget sak sekolahan. Awak dhewe ora wani ngelawan yen wis gurune kui ngomong utowo ngekon awak dhewe opo wae. Tau kedadean, kelasku kui akeh sing ora garap PR. Sak kelas diseneni entek-entekan wektu kui. Awak dhewe kudu ngeroke gurune kui nesu luwih seko setengah jam. Ngerti-ngerti, awak dhewe sak kelas krungu swara ngentut. Guru matematikaku langsung guyu krungu kui, awak dhewe uga dadi melu-melu. Kahanan kelas dadi ora tegang meneh. Nanging ono koncoku, Alif, sing ngerti-ngerti melayu metu kelas. Karo bengok yen dheweke arep neng kamar mburi. Aku ora ngebayangke sakpiro isine dheweke pas ngentut neng kelas mau.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3787", "text": "Ora kabeh panganan sing kenek endut iku iso marakno wong sing masi iku jember ambek gilanen. Contone iku koyok iwak sing dipaggang utowo dibakar, iku kan endut tapi akeh wong sing seneng. Dadi panganan endut sing marakno wong sing delok utowo nyawang iku maeng endute biasane polahe kenek barang sing jemberi. Nah barang sing jemeberi iku pirang-pirang karek wonge nganggep barang sing jijiki iku maeng opo soale angger wong nag delok barang iku kan yo duwe takeran mental sing seje-seje. Nah teko kunu maeng iso marakno roso jijik wong iku ketok sepiro. Nag wong sing biasane ngalem ambek resikan masio endut saitik yo mesti bakal dianggep jijiki.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "258", "text": "Mumpung isih enom, awak dhewe kudu ngolehke pengalaman sak okeh-okehe. Awak dhewe kudu jajal werno-werno kegiatan lan organisasi sing menarik. Seko kono awak dhewe iso sinau lan dadi luwih ngerti babagan perkoro neng donyo iki. Masa enom kui wektune wong sing paling akeh tenogone lan akeh wektu selone. Makin tuwo, wektu lan tenogo awak dhewe bakal ngurang. Semakin awak dewe ngudur-undur, kesempatan kanggo eksplorasi, awak dhewe iso ilang kesempatan gawe memori sing paling berkesan neng urip iki. Awak dhewe kudu wani jupuk resiko pas isih enom. Keuntungane pas isih enom kui awak dhewe ora duwe tanggungan opo-opo yen misale pilihan sing dijupuk kui salah utowo kurang pas.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6154", "text": "Kadhang ning panggonan umum, sering banget ditemoni wong sing ngangglo klambi padha karo wong liya. Iki marai isin, nanging faktor utamane ana peristiwa iki yaiku model klambi sing wis umum lan anane kebebasan pasar lan akehe produk ning toko online. Wong sing klambine padha iki mesti ngerasa yen produke wis pasaran. Produk sing wis pasaran iki pancen bisa wae kesebar ning wilayah amarga pasar sing gedhe lan peminat sing akeh. Salah siji pemicune yaiku klambi iki digawe karo artis-artis ning TV, kamangka akeh wong sing pengen niru lan uga pengen ngeramekake tren iki. Amarga kuwi aja kaget yen akeh selebriti sing dadi panutan gaya wong liya. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6046", "text": "Ngilangi rayap ning omah kuwi gampang nanging uga angel. Kanggo wong sing gampang jijikan, rayap iki bisa diilangi kanggo nyemprot obat anti rayap, nanging rayap kuwi uga cepet mbalik maneh. Solusine yaiku barang sing ngandung rayap iki kudu disisihke lan dipepe ning panggonan sing panas ben rayape padha metu. Banjur yen wis metu, rayap kuwi disemprot obat rayap. Yen ratune durung metu, berarti rayap iki isih duwe kemungkinan kanggo manak maneh. Dicek menawa ratune isih urip amarga kuwi kunci sing kudu dipateni. Banjur yen rayap sifate wis ngerusak, barang sing ana rayape kuwi kudu dibong ben rayap ora mbalik maneh. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6085", "text": "Jajanan sing ana ning ngarep sekolah kuwi pas jaman biyen kalebu dadi kategiosi jajanan sing diwaspadai karo para ibu amarga anak-anake dadi larane sak uwise njajan aneh-aneh. Panganan utawa jajanan sing rusuh iki dadi penyebab lawa pencernaan kaya diare lan muntaber. Jajanan iki uga bisa marai keracunan. Amarga kuwi, akeh wong sing jijik ndelok panganan sing ora higienis lan ndelok bakul yen arep njajan. Yen bakule resikan, kamangka panganan kuwi aman kanggo anak. Yen ora ya bakal ngundang penyakit lan ngilangake pelanggan. Ning jaman saiki, para pelanggan uga wis cerdas lan bisa mbedhakake ngendi jajanan sing resik uga aman kanggo bocah sekolah. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1051", "text": "Awak dhewe kenal ono istitilah dirundung kui kerep kedadean neng sekolaha. Biasane, sing ngerundung kui, bocah sing paling okeh ngomong lan uga akeh disengiti guru-guru neng sekolahe. Mungkin, wong tuwane tau diundang neng sekolahan mergo dheweke akeh gawe perkoro. Bentuk rundungan neng sekolahan pas jamaku disik kui, sing paling kerep kui ngeceni fisike wong. Ono sing mergo kulite ireng bangetlah, ono sing untu wis ono sing ompong, lan bagian awak sing ora dianggaep sempurno sing liyane. Terus, paling-paling, delike barange wong tekan wonge nangis mergo ora ketemu-ketemu lan ora ono wong sing gelem ngaku delike barang kui. Arang banget ono sing tekan ngantemi pas ngerundung neng jamanku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4943", "text": "Yen jurusan IPA nduwe kedokteran, jurusan IPS nduwe psikologi sing mlebu jurusan paling angel dileboni. Jurusan psikologi iki kalebu humaniora, nanging sing disinaoni ya ana sing seputar fisik menungsa kaya biologi uga kimia. Amarga kuwi, standar mlebu jurusan iki ya dhuwur. Nanging masalah karir, psikologi ya uga aman kaya kedokteran. Biaya kanggo mlebu psikologi ora larang kaya kedokteran uga psikologi luwih santai. Nanging sing angel ya bab analisis amarga ora bisa sembarangan. Jurusan iki uga duwe jumlah bangku sing saban taun kuotane tambah akeh amarga ning lapangan penggawean akeh sing mbutuhake. Kamangka, bocah saka IPS akeh sing ngincer jurusan iki. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2668", "text": "Sing tau nduweni pengalaman paling elek nag urip iku wes akeh. Ora wong siji loro tok sing tau, awit teko bocah cilik sampek wong gedeh yo mesti tau ngalami perkoro elek. Tapi sing jenenge pengalaman paling elek nag jeru urip iku ora mok dadi pengalaman urip tok, tapi so iso ae dadi ilmu sing bakal nyelametno uripe awak dewek nag masa sing atene teko utowo sing bakal didepi. Mangkane dadi uwong ojo nganggep pengalaman paling elek nag urip iku dadi perkoro sing mangkelno, soale iku yo termasuk salah sijine ilmu utowo pengetahuan sing durung karoan awakmu oleh nag pas sekolah. Dadi ayo dadekno pengalaman elek nag urip iku dadi ilmu sing iso gadekno awak dewek dadi wong sing luweh bijak.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2594", "text": "3 ulan wingi aku petok koncoku nang kampung inggris. Deke senenge pol polahe anake, sing garai koncoku seneng yoiku anake wes iso mlaku ambek iso ngomong. Tapi polahe iku maeng jarene koncoku sing sijine ngomong nag seneng koyok ngunuku iku ora apik. Mari ngunu tak takok'i lapooh ora api. Jarene koncoku sijine \"iyo soale nag pinggire ono tonggone sing anake durung iso ngomong ambek mlaku padal disikan tonggone mok kacek sak ulan oleh lahiran, terus ambek bocahe nyudoh-nyudohno nag anake wes iso ngomong ambek mlaku, ngunuku sing garai ora apik, koyok-koyok dadi ora seneng maneh, tapi dadi roso pamer malehan.\" ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5728", "text": "Kecelakaan ning panggon kerja kuwi wis diatur marang undang-undang ketenagakerjaan, nanging ya undang-undang iki kadhang ora bisa dingerteni amarga bagian personalia ora njelasake. Kecelakaan kerja iki ora mung kanggo wong sing ana ning pabrik utawa ning tambang. Nanging ya bisa ana ning kantor. Prinsip K3 iki kudu dikenalake marang karyawan, apa maneh kanggo karyawan sing mengko nyakseni potensi kecelakaan ning panggon kerja ben aja wedi dadi saksi lan kudu bisa nyegah kecelakaan kuwi. Kamangka, kanggo para karyawan, sak durunge mlebu kantor, ayo kudu paham apa wae prinsip teknis K3 sing ana lan apa wae sing bisa diterapake ning lingkungan kerja. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4918", "text": "Kadhang, ana wong kang lali lan ora duwe tata krama amarga ledhok kuburan durung garing nanging wis mbahas warisan. Pancen warisan iki penting, nanging ya ana wektune kanggo ngomongake warisan. Warisan iki ana ilmune lan pancen kudu dibahas, apa maneh kanggo keluwarga sing anake akeh lan wong kang seda wis nulis surat wasiat. Nanging ing sawijing keluwarga, babakan warisan iki dadi alat kanggo perang sedulur lan marai ora berkah. Kamangka kuwi, ayo ninggalake warisan sing apik kaya ilmu lan amal ben ora dari padu lan perang ing jero keluwarga. Rasa tepa slira kuwi kudu diutamakake kanggo keluwarga lan kudu ngerti tata krama. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5600", "text": "Pas aku isih sekolah, aku melu salah siji lomba pidato. Lomba kuwi dipeloki karo kabeh bocah sing ana ning kecamatanku. Lomba iki tingkat SMP lan uga ana tingkat SMA nanging bedha kategori. Sak durunge lomba, aku wis pidato. Nanging pas arep maju, aku ngerasa yen tanganku dadi adhem, kemringet, lan uga ngerasa yen aku kudu muntah amarga ndredeg. Jare kancaku, aku lagi ngalami demam panggung amarga grogi. Pas aku munggah panggung, aku langsung narik ambegan lan mulai konsentrasi pidato ben ora ngerasa ndredeg. Jebul ya ora kerasa moro wis rampung. Kuncine kabeh iki yaiku mung konsentrasi marang pidatoku ben ora ndredeg.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6064", "text": "Wis rong taun kepungkur iki akeh berita babagan bocah kosan sing seneng numpuk sampah ning kamar. Kebiasaan iki kadhang ora disakseni karo kanca kos amarga wonge duwe kepribadian sing tertutup. Bocah sing seneng numpuk sampah iki kadhang uga ora katon saka fisik amarga pinter leh macak lan uga ora ketara. Pas dibuka kamare, jebul sampah kuwi wis numpuk. Ana sisa panganan, kertas, lan uga sak panunggale. Miturut pengalaman lan penelitian, kabeh iki kalebu gejala penyakit kejiwaan sing bisa ngaruh marang sosial. kebiasaan iki bisa dadi indikasi depresi sing wis numpuk. Kamangka kebiasaan sing njijiki iki bisa ana lan uga ngganggu lingkungan. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "736", "text": "Yen awak dhewe mangkel mergo dijotos utowo ditapuk wong neng dalan, supoyo luwih elegan awak dhewe ojo langsung bales neng kono langsung. Luwih apik awak dhewe ngejak dheweke gelut ning ring tinju sing tenanan. Carane kui, sing kesiji, awak dhewe iso nelpon panggon sing nyepake ring tinju. Sing keloro, awak dhewe iso nyebar yen awak dhewe bakal ngadake pertarungan tinju neng panggon kui. Ojo lali awak dhewe uga ngeki kronologine kenopo pertarungan iki diadake. Yen misale, peminate akeh, awak dhewe iso nariki tiket kanggo nonton pertandingane. Nek nganggo coro iki, awak dhewe iso bathi seko pertandingan kui lan iso dadi ngeroso artis-artis sing kerep golek sensasi.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4805", "text": "Ditrima ing salah sawijining perguruan tinggi kuwi pancen pengalaman sing nyenengake . Nanging sing mahasiswa pada lali, penerimaan iki mung awal perjuangan ning bangku kuliah amarga dalane isih dawa banget lan akeh tantangane. Klebu ing salah siji perguruan tinggi iki bisa dari motivasi kanggo ningkatake potensi mahasiswa ning fokus bidange dhewe-dhewe. Nanging kadang ana mahasiswa sing lali yen perguruan tinggi iki ya sing dienteni kontribusine kanggo masyarakat uga pengabdiane kanggo bangsa lan negara. Ketrima dadi mahasiswa ing salah sawijining perguruan tinggi kuwi pancen tanggung jawabe gedhe, nanging ya bisa dadi berkat sing kudu disyukuri amarga ora kabeh wong bisa kuliah. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2941", "text": "Pas aku budal nang Suroboyo aku petuk koncoku sing bingung ngalor-ngidul nang terminal gresik. Nah maringunu tak takoni lapooh bingung. Tibak'e deke kari bis alias ketinggalan bis soale bocahe maeng medun nguyo. Awitane bocahe yo jumbul lah soale jarene mandeke suwe moro-moro pas metu teko jeding bise wes ora ono, ngunuku lak mangkelno teruse duwek sing dibayarno ora balik menisan. Akhire nginiki koncoku yo mesti bayar dobel soale golek bis maneh ambek bayar karcis maneh. Nah karo aku terus tak jak bareng ae ben ora ketinggalan bis maneh soale ono sing ngandani kondekture nag penumpange durung jangkep. Biasane ngunuku kedaden soale kondekture ora ngerti penumpange wes jangkep opo durung.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6094", "text": "Kabeh sumber panganan kuwi kudune saka awal kanthi akhir produksi kudune diproduksi nganggo cara sing apik lan resik. Salah sijine yaiku ternak, utamane ternak lele. Ternak lele iki babagan sing angel-angel gampang amarga lele iki kanibal lan seneng mangan sing padha spesiese. Amarga kuwi, peternak kudu nyediakake panganan sing cocok lan uga sehat kanggo lele sebabe ana sawijining wilayah sing ngopeni lele nganggo cara tradisional, yaiku nyambungake tambah karo pembuangan septik tank. Biasane, ternak lele iki isih tradisional. Nangig ndelok miturut carane, iki wis ora bener amarga bisa dadi rantai hepatitis lan uga njijiki yen dibayangake. Tambah uga bisa dadi mambu lan iwak lele kena penyakit. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5330", "text": "Sabtu bengi, Ari lan kanca-kancane lunga menyang angkringan. Kanca-kancane Ari iki kanca sekolah SMA biyen sing ora tau nggawe masalah lan ya yen dolan mung kumpul, nonton bal, dolanan PS, utawa dolanan gim ning warnet. Kancane Ari lan Ari dhewe ya dudu bocah sing duwe masalah ning sekolah. Nanging ning wayah bengi kuwi, ndadak ana wong teka ning angkringan lan ngakune kancane Ari. Wong kuwi awake gedhe dhuwur lan uga duwe rupa sing sangar. Banjur Ari digebug amarga jare durung mbayar utang. Ari bingung, amarga ora tau duwe utang. Dekne mbalik nggebug amarga mangkel lan ora ngerasa salah. Pas ditakoni, jebul tukang gebug kuwi mau salah sasaran amarga wong sing ditagih jenenge padha.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "263", "text": "Pas entuk penghargaan, kabeh wong mesthi ngerasake seneng. Nanging wong iso bedo-bedo corone neng ngerayake penghargaan kui. Ono wong sing nunaike nazare. Biasane nazar sing dilakoke bentuk poso utowo sedekah neng anak yauim/fakir-misin. Sujud syukur. Dee ngiling-iling yen penghargaan kui dee entuke uga mergo bantuan saking Gusti Allah. Bar entuk penghargaan, ono sing langsung unggah brita kui neng sosial media ben sak donyo ngerti. Ono sing, ora secara harfiah, sirahe dadi gede. Prestasine kui dipamerke neng wong-wong tekan digaweke berkat ben tangga-tanggane pada ngerti. Malah iso tekan ngece konco-koncone sing ora entuk opo-opo. Dee dadi wong sing paling nyebai sing tau awak dhewe kenal.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7281", "text": "Dino iki dino terakhir gawe persidangan cerai wong tuwone Kiki. Nang kono, Kiki isok ndelok bapak ambek ibukne dewe sing duduk terpisah dan ngenteni keputusan akhir hakim. Setelah akeh banget diskusi dan debat, akhire diputusno nek hak asuhne Kiki ambek adikne jatuh nang ibukne. Dadi mulai saiki, mereka bakal tinggal bertiga ambek ibukne. Bapakne bakal pindah jauh. Jujur, Kiki sedih banget pas hakim wes ngeresmino nek bapak ibune temenan berpisah dan wes gak dadi suami istri maneh. Biasane bapak ibukne sing mesti bareng-bareng nang omah saiki bakal pisah dan Kiki gak bakal maneh isok ndelok mereka berdua bareng sampe kapan pun.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2995", "text": "Saiki wes ora ono wong sing iso nemokno harta karun. Sing ono iku yo mok nang film-film tok utowo ancene digawe ono ambek wong sing nemokno maeng. Mangkane nag ono wong sing nemokno harta karun mesti jumbulah soale iku kan termasuk barang sing ora kabeh wong iso nemokno nah biasane saiki sing diarani harta karun iku ora rupane emas, tapi yo iso ae barang-barang sing ancene duwe rego sing larang nag didol, koyok contone iku podo ambek mutiara, keris, utowo barang-barang sing ancene duwe nilai sing ora kenek diitunng. Wong sing jumbul mesti iku duwe roso seneng sing ora karuan ambek barang sing ditemokno maeng. Soale iku termasuk barang langkah sing ora kabeh wong iso nemokno.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5666", "text": "Kanggo para wong tuwa sing ngerasa anak kurang motivasi kanggo sinau, perlu diselidiki penyebabe amarga bisa wae ana tekanan pas proses sinau kaya ana ancaman ora munggah kelas, biji elek, lan uga ancaman saka kanca sing berujung marang perundungan. Psikologi anak iki angel dibedhek, kamangka cara sing paling gampang yaiku anane ruang kanggo ngomong perkara apa wae sing dipikirake anak. Kanggo nggolek akar masalahe, anak iki uga dikongkon nulis apa wae kedadian sing ngganggu selama ana ning sekolah. Yen wes ana hasil, wong tuwa iki kudu uga bisa ngadakake komunikasi karo guru pengajar lan nggolek penyelesaikan kanggo masalah sinau iki. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4357", "text": "Masio wong iku ora sengojo nag kenek idu, tetep wong iku bakal mangkel ambek jijik nag kenek barang iki. Nah barang iki dijemberi mergo dianggep dadi barang sing rusoh mergo metu teko cocote wong liyo. Sak liyane iku barang iku yo iso marakno perkoro sing ancene marakno jember. Contohne bentuke sing koyok iler tapi ono uroe sak itik, terus sak liyane iku yoiku ambuni sing paling mangkelno basine ngalah-ngalahi telek nag ancene wong sing idu maeng iku ora tau sikatan lambene. Nah perkoro-perkoro iku maeng sing ancenen gelek dadekno wong sing kenek idu iku maleh jember ambek geting. Dadi nag ancene kadung kenek idu yo kudu nang diresiki.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5661", "text": "Ning cedhak omahku, ana objek wisata anyar, yaiku coban sing rada gedhe lan kondhang amarga rame ning sosial media. Coban kuwi arane Coban Pelangi lan dikelola karo para karang taruna. Sing dadi masalah ning panggon wisata ning cedhak omahku kuwi ana preman sing nguwasai wilayah kono. Ana para preman sing ora setuju amarga ora diwenehi bagian dhuwit saka panggonan wisata iki. Kamangka ning ndalan, akeh preman sing njaluk dhuwit marang wisatawan sing lewat. Para bocah karang taruna iki diancem karo para preman ben ora ngelarang dhuwit keamaan kuwi. Banjur ketua karang taruna lapor marang polisi kanggo nindakake para preman iki. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5268", "text": "Awak dhewe aja sampe arep-arep undian amarga undian kuwi sifate ya ora pasti. Pancen nyenengake yen lagi oleh berkat menang undian. Rasane ya kaya dadi wong sing paling sugih amarga undian kuwi ya biyasane ora dibagi kanggo wong akeh, apa maneh mung pemenang utama sing dipilih. Nanging, undian kuwi ya bentuk dhuwit panas utawa dhuwit sing bisa wae ilang amarga oleh saka proses sing untung-untungan lan ora bakal ngerti saka ngendi. Undian iki uga ora bisa dadi mata pencaharian amarga sifate sing ora bisa diprediksi. Amarga kuwi, ayo dadi menungsa sing sregep lan bisa dadi menungsa sing mandiri ben ora nggantungke urip marang undian. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4993", "text": "Ana buku sing njelaske babakan urip dewean, yaiku The Art of Living Alone utawa versi Indonesiane Seni Hidup Sendiri. Buku iki ditulis karo salah siji penulis kondhang saka Korea yaiku Honjok lan nyeritakake piye perkembangan lan cara-cara urip dewean ning jaman saiki. Buku iki diterbitake tanggal 23 Juli 2020 lan miturut wong sing wis maca, buku iki cocok kanggo nggambarake urip wong jaman saiki sing isih tergantung karo teknologi. Buku iki uga ngajari piye carane ben tetep seneng urip dewean lan ora ngerasa kesepian. Banjur uga buku iki nyeritakake untung lan rugine urip dewean sing kadang ora disadari karo wong. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4440", "text": "Aku tau dijak koncoku dolan nang Malioboro Jogja, nah pas iku aku ambek koncoku lunggo nang kursi sing ono nang ngarepe museum. Nah pas enak-enake mangan jajan moro-moro ono wong sing jawel ambek nyelok koncoku, \"hei piye kabare ngilang ae?\". Terus koncoku masih nang guri ambek ngomon \" awakmu iku sopo? aku ora ngerti awakmu iku sopo\". Terus wong sing nyeluk maeng moro guya-guyu ambek misep raine, terus ngomong \"sepurane mas salah uwong\". Nah koncoku maeng ngomong nang aku nag deke iku gelek dikonokno wong ngunuku maeng. Yo deke barang yo ora ngerti mesti nag dolan nang kono mesti akeh wong sing nyelok deke ora jelas ngunuku.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3360", "text": "Biyen pas aku SMP, koncoku sing lunggoh sak bangku ambek aku tau diancem ambek bocah sing belinge ora pokro nang kelas. Deke iku mesti nyontoni bocahe nag ono PR soale diancem. Terus akhire deke iku loro polahe saking wedine dikonokno ngunu terus. Mari ngunu aku sing ngerti kebiasaane bocah sing beling iku, akhire ganti aku sing ancem nag ora nyontoni deke ngerjakno PR-re deke. Aku oro ngurusi, tibake pas muleh moro-moro bane sepedaku iku kempes. Aku se ora ngurus soale aku wes ngerti nag iki bakal kedaden. Dadi aku yo ngerti endi ono tukang ban nang daerah sekolahku. Mari ngunu esoke ganti aku sing ngancem bocahe, nag sampek dibaleni pisan engkas bakal tak buwak nang got sepedae.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7972", "text": "Kelelep iku gangguan nang sistem pernapasan mergo awak kelem sebagian utowo kabehe nang njero banyu. Kondisi iki isok marakno kematian nek gak cepet ditulungi, terutama gawe bayek ambek arek cilik. Kelelep iku isok kedaden nek uwong gak isok njogo irung ambek lambene nang duwur permukaan banyu utowo gak isok nahan ambekan nang njero banyu. Pas kelelep, banyu bakal melbu nang saluran pernapasan. Iki sing marakno pasokan oksigen nang njero awak bakal mandek. Akibate, terjadi kerusakan utowo gangguan nang fungsi awak, koyok jantung ambek utek. Kelelep iku isok disebabno teko pirang faktor. Mulai teko gak isok renang, panik pas nang njero banyu, tibo utowo kepleset nang njero kolam, dadi korban banjir, dan liyan liyane maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3831", "text": "Aku isek iling biyen pas isek SMA, koncoku sing pengaweane ngantuk nang wes awan iku dikongkon maju gurune ngerjakno soal sing urute oleh nerosno gurune. Nah deke iku maeng bingung ora ngerti urute endi, polahe wes kadung kebingungan deke langsung maju ae. Tok papan deke iku mok meneng tok, terus gurune iku maeng takok, \"lapo kok meneng tok nang dikerjakno\". Terus dek jawab \"bu kulo mboten semerap urute niku pundi, solae kulo wau ngantuk\". Kerungu jawabane ngunu bocah-bocah sak kelas langsung guyu kemekel. Nah deke yo isin soale jawabane ora logis ambek aneh. Masio bocahe iku rodok isin tapi deke iku pinter dadi deke iku iso ngerjakno ambek jawabane betul. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9532", "text": "Pas iku Dewi lagi dolan karo kancane ning Dufan. Salah siji panggon rekreasi sing ana ing Jakarta. Dewi dolan dolanan sing muter-muter lan dolanan prau-prauan. Sawise iku, Dewi dijak karo kanca-kancane numpak tornado utawa wahana sing muter-muter ana ing nduwur. Sakjane Dewi rada wedi amarga Dewi rada trauma ning panggon dhuwur, nanging Dewi njajal kanggo melok kanca-kancane numpak wahana iki. Sawise tekan nduwur, Dewi ndelok ing ngisor lan langsung gemeter kabeh sak awak banju nangis ana ing nduwur wahana tornado. Rampung dolanan tornado, Dewi lagek crita ana ing kanca-kancane babagan traumane iki lan kanca-kancane pada ngrasa sedih amarga wis nggarai Dewi nangis.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3776", "text": "Pangan sing bosok ancene gilani, opo maneh nag wes ono sete, yo tambah gilani. Yo sing garai gilani ambek nyabe nang panganan sing bosok iku ora panganane asline, tapi sing garai nyabe iku bentuke panganan sing wes bosok iku maeng, soale nag wes bosok iku rupane wes ora karoan ora kenek digambarno soale wes ajore pol. Terus nag wes ono sete ngunuku tambah mangkelno ambek marakno wong sing delok wetenge maleh loro kabeh . Yo ancene ora kabeh se wong sing delok panganan sing bosok iku jember. Soale kadang yo ono wong sing ora masalah nag ono panganan sing bosok masio wes ngeset barang. Yo ancene iku kabeh kan karek wonge.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7130", "text": "Pas acara 17 Agustusan, wes rutin banget pasti onok jalan sehat nang RT ku ben tahune. Rute jalan sehate iku bervariasi. Berhubung tahun iki sek onok pandemi, dadi gak adoh-adoh koyok mbiyen. Sing saiki mek muteri perumahan dan balik nang Pos Kamling maneh. Nang kono, wong-wong entok jajan dan aku mangan jajan iku soale aku yo durung sarapan sisan. Terus acar sing ditunggu tunggu yaiku doorprize. Kali iki hadiahe gede-gede, mulai teko kipas angin sampe sepeda onthel. Tapi ket awal aku wes gak berharap opo-opo seh soale aku mesti apes nek perkoro ngenean. Moro-moro nomerku diceluk dan aku sempet plonga plongo disik saking gak percoyone. Pas aku maju, dadakno aku menang entuk rice cooker. Gak mek aku tok sing seneng, tapi mamaku sisan melu jingkrak-jingkrak. Bener-bener ketepakan banget soale rice cooker nang omah rusak, eh malah entok doorprize rice cooker anyar.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5217", "text": "Ana akeh cara kanggo nyiyapake hadiah, nanging uga ana sing digatekake sak durunge ngewenehi kado utawa hadiah ben hadiah kuwi ninggalake kesan sing apik. Kaping pisan yaiku nyediakake hadiah sing dibutuhake karo wong sing nampa hadiah kuwi. Kaping pindho, golek apa sing disenengi karo wong sing arep nampa lan kudu ngerti apa wae sing dilarang, misal ora mungkin ngewenehi hadiah kaya barang sing bisa marai trauma utawa panganan sing ana alergine. Kaping telu, hadiah sing diwenehake kuwi mau kudu hadiah sing diwenehake saka ati. Banjur kaping papat, hadiah iku kudu diwenehake ning situasi sing pas ben kado kuwi ana memorine. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9958", "text": "Biasane wong sing ujug-ujug ngamuk lan ora ana sebabe iku wong sing PMS. Masa PMS utawa Pre Menstruasi iki wektu nalika sadurunge kene ngalami mens. Biasane emosi isih ora stabil, gampang ngamuk, gampang nangis, pokoke sensitif banget. Wong sing kaya ngene ora bisa diganggu lan diguda amarga yen diguda bakale ngamuk ora karu-karuan. Yen nemoni kanca sing kaya ngene, aja lali kanggo tetep dijak ngomong biasa pokoke ora nganti diguda lan mbahas samubarang sing sensitif lan garai dheweke ngamuk. Sing terakhir yaiku wong sing kaya ngene mung kepengin diperhatikna wae lan luwih disayang karo wong-wing saubenge amarga pengaruh hormon PMS iku mau.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1171", "text": "Pemantik seko serangan panik kui ora iso awak dhewe atur. Penyebabe kui akeh banget. Kabeh kui asale seko opo sing neng jobo kendaline awak dhewe. Kanggo anak-anak utow cah sekolahan, kui penyebabe iso mergo masalah sing ono neng sekolahan. Dheweke ngeroso kawatir ora entuk biji sing apik neng ulangan, opo mungkin ono masalah sing ora rampung-rampung karo guru utowo karo koncone. Penyebab iso wae kelangan wong sing cerak karo dheweke. Iso wae kui tekanan seko wong-wong neng sekitare, supoyo dheweke dadi wong utowo ngelakoke sesatu sing dipengeni lingkungane. Dhewke ngeroso stres mergo ora iso dadi awake dhewe. Pemantik kui werno-werno lan setik sing iso awak dhewe supoyo iso ngedalike perkoro-perkoro kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4809", "text": "Salah sawijining berita sing paling dienteni saka murid SMA sing wis lulus yaiku ananing pengumuman ditrima ning perguruan tinggi. Berita iki wis dadi pangarepan saka kabeh murid amarga sak wise wayah SMA iki dadi penentu arep kepiye masa depane para bocah SMA iki. Akeh sing ngira yen ditrima perguruan tinggi iki gampang. Amarga kuwi akeh sing pada nyepelekake biji pas SMA. Barang wis ana ujian penerimaan, baru para bocah SMA iki bingung poyang-payingan golek cara piye ben bisa kuliah. Padahal kabeh kuwi perjuangan saka nol. Kamangka perjuangan iki, wajar yen mahasiswa anyar bangga amarga ngerasa yen kabeh perjuangan iki wis bis ketebus. Mulane, saiki bocah-bocah SMA ayo padha sregep sinau kanggo masa depan sing luwih gedhe iki. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1563", "text": "Utang budi kui jenis utang sing paling angel disaurine. Soale, ora koyo utang dhuwit sing iso diitung, nanging yen utang dhuwit kui ora iso diitung. Wong sing ngekei utang budi neng awak dhewe ora ngeroso ngutangi. Dheweke ngelakoke kui niate kanggo nulungi awak dhewe. Sebenere awak dhewe ora kudu nyauri kui. Nanging mergo awak dhewe kui menungso sing duwe nurani, awak dhewe kudu bales opo sing kudu ngebales opo sing dheweke lakoke neng awak dhewe. Biasane wonge kui ora pengen dibales. Nanging, biasane dhewe ngomong yen ketemu karo wong sing butuh bantuan, awak dhewe kudu nulungi wonge kui. Senadyan, awak dhewe ora nyauri neng wong sing nulungi awak dhewe, awak dhewe kudu tetep bales kebaikan kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "218", "text": "Bar pengumuman kelulusan, awak dhewe kerep delok bocah-bocah coret-coret seragame nganggo pilok. Bar kui, sing SMP lan SMA, montoran bareng-bareng karo koncone neng dalan. Dalan dadi keroso kebak banget lan ribut soale bocah-bocah kui seneng banget bleyeri knalpot. Awak dhewe iso ngerti yen kui corone bocah-bocah kui kanggo ngungkapke roso bahagiane. Nanging, menurutku, ono coro sing luwih elok kanggo nunjuke rasa seneng kui. Carane iso nganggo ngucapke terima kasih marang wong tuwo lan guru-guru sing selama iki wis mulang. Kelambi seragam kui iso disumbangke karo wong-wong sing ora mampu, adine, tonggone, utowo sop wae sing butuh. Lan bocah-bocah kui ora perlu montoran keliling-keliling kota karo bleyar-bleyeri. Yen arep plisiran iso nganggo coro sing luwih sopan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8352", "text": "Opo sih idu iku? Idu utowo saliva iku komponen sing paling penting sing onok nang rongga cangkem. Saliva iki bentuke kentel terus wernone bening. Saliva iki diproduksi ambek telung kelenjar idu nang cangkem, yaiku kelenjar parotis, kelenjar sublingual, ambek kelenjar submandibula. Telung kelenjar iki isok mroduksi saliva mulai teko siji sampe rong liter ben dinone. Kandungan saliva iki terdiri teko 98% banyu ambek 2% zat liyane. Zat liyan sing dimaksud iku mulai teko protein, mineral, ambek enzim amilase. Enzim amilase sing onok nang saliva iki nduwe fungsi mecah karbohidrat dadi gulo ben dadi struktur sing luwe sederhana dan isok luwe gampang diserap nang awak. Saliva iku gak bakal entek soale mesti diproduksi awak gawe ndukung keseimbangan metabolisme.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5235", "text": "Akeh wong sing nggawe acara ning saluran youtube kanggo nggolek penghasilan saka konten sing dibayar. Konten utawa tayangan iki kadang ya ana manfaate kanggo wong liya, nanging ya ana konten sing ora mendidik kaya konten sing isine ngageti wong lan ngapusi kaya konten prank. Konten iki kaya dadi kurang ana manfaate masio bar kuwi korbang sing diapusi kuwi oleh dhuwit utawa hadiah liyane. Konten iki bisa marai wong mangkel, kaya misale konten wong gelut lang mbengok ning jero omah. Yen wong sing trauma karo swara banter, mesti bakal keweden lan ora nyaman. Kamangka sajane konten iki kudune diilangake amarga ora ana gunane lan mung digawe karo wong sing kurang penggaweyan. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7952", "text": "Bullying utowo penindasan utowo perundungan iku sembarang bentuk penindasan utowo kekerasan sing dilakoni dengan sengaja karo siji utowo sak kelompok arek sing luwe kuat utowo berkuasa nang wong liyo. Biasane ngono tujuane gawe nyakiti korban dan bakal dilakoni terus terusan. Bullying iku isok kedaden mergo pirang faktor. Siji, arek sing nduwe kontrol rendah. Loro, faktor keluarga. Biasane pelaku bullying iku teko keluarga sing broken home. Telu, onok sing dukung. Papat, kebijakan sekolah sing lemah dan gak mihak nang korban. Limo, media massa. Penyebab bullying sing liyane iku sisan ngeliputi penampilan fisik, perbedaan kelas utowo strata sosial, tradisi senioritas, ambek karakter buruk pelaku bullying iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4483", "text": "Ambu iku ono sak pirang-pirang, terus ora kabeh ambu iku marakno wong isin mergo ambu yo ono sing marakn0o wong sing ambu iku maeng maleh seneng. Nah sing jenenge ambu sing marakno wong isin iku maeng yoiku ambu sing iso marakno roso mangkel nang wong sing ambu perkoro iku maeng. Contohne ambu kecute keringet, ambu basine entut, ambu pakean sing ora garing, ambek liyan-liyane maeng. Nah kabeh ambu iku maeng, roto-roto marakno wong sing ambu iku maleh mangkel nag ambu perkoro-perkoro maeng. Terus sing ambu yo bakal ngomong ambek ngelokno nang wong sing gowo ambu iku maeng mergo ganggu ambune angin sing digawe ambekan nang pinggir-pinggire.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5656", "text": "Perundungan kuwi dadi salah siji kasus sing paling dihindari ning dunia pendidikan. Nanging peran wong tuwa ning omah iki uga penting amarga para siswa sing dadi tukang bully iki mesti duwe masalah ning omah sing luwih serius tinimbang korban. Korban kuwi bisa ngerasakake trauma lan bisa waras yen tatu ning batine kuwi wis diobati, nanging watak para pelaku isng ala kuwi ya luwih angel diobati. Kamangka, para wong tuwa kudu waspada yaiku carane luwih kenal kanca dolane anak, banjur ngecek sosial media yen anak kuwi isih di bawah umur. Sak liyane kuwi, ajak anak komunikasi ben luwih bisa ngungkapake uneg-unege babagan apa wae. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "259", "text": "Pengalaman paling ngebahagiake kuwe ora teko seko tuku barang mewah, mangan panganan larang, opo lungo neng luar negeri. Nanging kebahagian kui uga iso diolehke seko moco buku. Koyo ngerampungke buku Filosofi Teras karya Henry Manampiring. Buku sing sempet dadi paling laris neng Indoensia kui duwe akeh coro kanggo urip kui iso seneng terus. Salah sijine kui, awak dhewe kudu nrimo disik yen urip iki isine rangkaian kesedihan. Mergo ngerti yen sedih neng urip iki ora bakal ilang, awak dhewe ora duwe ekspektasi kanggo bahagia. Bahagia neng kene artine dadi bedo. Bahagia kui artine ora ngerasake kesidihan dudu entok kesenangan. Entuk kesenengan kui ekspektasi sing bahaya. Yen ora kesampain malah marai tambah lara ati.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7175", "text": "Ono akeh banget artis sing aktif banget nang negara tropis iki. Salah siji artis Indonesia sing paling tak senengi iku Duta, vokalise Sheila on 7. Wes suarane apik, sikap e yo gak kalah apike. Wong wong pasti podo ngomong nek iki opini bias, tapi aku ngomong ngene soale aku langsung ndelok dewe yaopo apike Duta. Pas So7 dadi bintang tamu pensi nang sekolahku, Duta gak njaluk sing neko-neko. Mangan pas awan de’e nerimo opo sing disediakno panitia, dan gak atek protes. Dan sing paling berkesan gawe awakku, Duta iki gak segan gawe ngomong terima kasih ben mbari direwangi iki iku. Jarang banget artis sing gak ragu ngomong koyok ngono.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8383", "text": "Cina iku ancen wes terkenal karo kulinere sing eksotis ngerambat nggilani. Salah siji kuliner teko Cina sing nggilani iku jenenge virgin boy egg. Bentukane seh koyok ndhog rebus biasane. Cuma sing mbedakno iku ndhog mau direbus nganggo oyohe arek lanang sing sek perjaka. Biasane penjual ndhog iki bakal milih banyu oyone arek lanang nang ngisore umur 10 tahun. Banyu oyo iku dientokno teko Sekolah sing nampung urin murid lanang. Biasane masyarakat Dongyang nang Cina Timur iku bakal ngonsumsi dhog iki gawe nyambut pergantian musim ambek nyambut musim semi sing wes teko. Biasane proses pembuatan ndhog iki bakal sampe sak dino soale ndhog iku mau bakal direndem suwe ben oyohe nyerep nang ndhog e. Oyone arek lanang perjaka iku jare luwe harum soale sek ngonsumsi panganan sing sehat, dan iku ngaruh nang cita rasa ndhog iku mau.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3407", "text": "Ono wong sing wedi karo suntik iku sampek gede kadang sampek tuwek abarang yo ono, perkoro iku maeng biasane ono sing garai contone koyok duwe pengalaman elek utowo trauma sing ono hubungane ambek suntikan, mboh iku maeng keweden, pas cilik utowo pas awitan iku maeng suntike loro utowo liyane. Terus gelek diwedeni ambek keluargane sing ancene duwe wedi ambek sing jenenge suntik iku maeng. Terus gelek olah informasi utowo kabar sing elek-elek sing ono hubungane ambek suntik iku maeng. Nah perkoro-perkor iku maeng ancene gelek kedaden nang urip soale ancene kadang urip iku ora kebek dibadeh. Terus lingkungan barang yo iso ae garai wong wedi ambek suntik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3083", "text": "Tahun 2018, penggawean ku dijipek wong sing akhire dadekno aku mangkel ambek ngamuk. Iku asline penggawean sing enak ambek gaji sing lumayan gede. Pengawean iku jenenge FO utowo kenek diarani resepsionis. Fo iku wong sing bagian nerimo wong sing teko nang kantor iku, sak liyane iku, yo sing jelasno produk-produke kantor sing didol nang wong sing mrono, ambek nyudohno promo-promo karo rego sing anyar nag pelanggan maen. Mari ngunu, yo ngadepi masalah sing teko pelanggan nag pelanggane geloh karo produk sing didol maeng. Terus kudu iso nyenengno pelanggan sing teko utowo sing geloh polahe produk sing wes dituku karo pelanggan maeng.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5636", "text": "Pertolongan pertama marang korban kecelakaan iki kudu dilakoni kanggo wong sing ngerti ilmu lan ngerti carane. Kaya misale wong sing saka medis utawa wong awam sing wis terlatih. Kanggo ngurangi pendarahan, sajane ana babagan sing dasar sing kudune bisa dingerteni kaya tekanan getih ding metu saka awak lewat pecah pembuluh darah kuwi kudune luwih duwur saka jantung. Kamangka, yen ana luka sing parah kaya sayatan ning urat nadi, pertolongan sing paling pertama yaitu metode TET utawa \"Tutup- Elevasi- Tekan titik tekan\". Tatu sing ana ngetokake getih kuwi kudu ditutup kanggo tangan, banjur diunggahake kanthi posisine luwih dhuwur tinimbang jantung, lan tatu sing ditutup kuwi ditekan kanggo ngurangi pendarahan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8401", "text": "Budi lagi enak-enak ngopi nang ngarep omahe. De’e lagi menikmati waktu santai mbarine kerjo enem dino, dan saiki wayahe de’e santai-santai. Moro onok anake tonggo sing nangis kejer sing marakno Budi penasaran. Pas diampiri, dadakno kucing e kesangkut nang wit pelem. Ibuke arek iku mau njaluk tulung nang Budi gawe njupukno kucinge. Akhire dituruti karo Budi dan de’e langsung menek wit e ngono ae gak atek njupuk tangga disik. Tapi berhubung Budi wes kulino menek-menek koyok ngono, dadi gak masalah. Mbari ngangkat kucing iku mau dan mencolot mudun, moro celonone Budi suwek dan munine banter pol. Budi langsung ngepretno sikile ben suwekane gak ketok. Mbari ngekekno kucing iku mau, Budi cepet-cepet moleh gawe ganti celono.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8335", "text": "Iwak iku dadi salah siji jenis panganan sing paling gampang mambu amis. Nek gak diolah dengan tepak, marakno iwak iku mau sek tetep ninggalno ambu amis. Biasane, ibu-ibu iku nganggo jeruk nipis utowo lemon gawe ngilangno ambu amis nang iwak sak durunge dimasak. Terus kadangan mbari dibaluri jeruk nipis, bakal dijarno disik ben ambu amise isok ilang. Dadakno, cara koyok ngono iku gak disarano lho. Ancen iyo ambu amise isok ilang. Tapi asam sing onok nang jeruk nipis iku isok ngerusak tekstur iwak iku dewe. Terus sisan isok matengno daginge luwe awal. Makane akeh koki sing mulai beralih nganggo alternatif liyane gawe ngilangno ambu amis nang iwak iku mau, contohe koyok nganggo susu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2975", "text": "Saiki akeh berita nang media sosial, koran, ambek TV sing garai wong tuwo wedi. Berita iku sing nyiarno perkoro akeh bocah-bocah wedok sing moro-moro meteng sing garai wong tuwek jumbul. Ancene jaman saiki iku ora kenek macem-macem nag gembulan ambek bocah-bocah masio iku ketok alim tapi akhiro yo ngunuku. Dadi perkoro koyok ngunuku saiki wes gelek kedaden nang endi-endi mboh iku bocah SMA utowo wes kulia soale kabeh doh podo ngerti liwat internet sing ono nang Hp-ne dewe-dewe. Asline perkoro ngunuku yo iso ae ora kedaden nag ati-ati dolanane. Terus kudu pinter nag milih konco, masio saiki jamane ora karoan, lanang wedok wes podo gelek mlaku bareng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7182", "text": "Biasane nek onok uwong nikahan, pasti onok sing jenenge maskawin. Maskawin iku harta sing dikeki oleh pihak mempelai lanang nang pihak mempelai wedok pas pernikahan. Maskawin iki podo ambek mahar. Maskawin iki pemberian wajib nang rangkaian akad gawe simbol rasa cinta suami nang istrine. Nang hukum islam, maskawin sing dikekno yo onok syarate. Siji, maskawin sing mbok kekno iku guduk teko barang nyolong. Barang iku kudu ngekeki manfaat sing apik. Loro, mbasio gak onok jumlah ketetapane, awakmu gak oleh ngekeki maskawin sing gak berharga. Telu, maskawin sing mbok keki guduk tekne wong liyo. Nek tetep mbok kekno, maskawine dadi gak sah. Papat, jenis, sifat, karo bentuk maskawin kudu diketahui dan diperhitungkan sing jelas.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4955", "text": "Saiki ning Surabaya lagi akeh kasus serangan sing disebabake karo gengster. Umur bocah gengster iki sekitar 15 kanthi 17 taun. Serangan iki ngeresahake warga amarga gengster iki nggawa gaman kaya lading, samurai, lan geraji. Sing dadi pikiran lan diskusi ning sosial media iku akare saka perguruan silat sing bubar ngelulusake anggotane. Tingkahe para bocah tanggung iki disorot amarga marai jeneng perguruan dadi elek. Akibate, polisi dadi luwih waspada lan para wong tuwa anggota gengster iki diundang marang kantor polisi. Akeh wong tuwa sing padha kuciwa amarga gengster iki ya bolos saka sekolah kanggo nyerang wong ning dalan lan mbacoki wong sing ora salah. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7215", "text": "Ben onok wong sing meninggal, pasti wong sing ditinggal iku sedihe bukan main, opo maneh nek iku wong kesayangane. Contohe koyok anak sing ditinggal mati karo wong tuwone. Nek wes berlarut ndek lubang kesedihan, biasane uwong iku gak bakal kuat lapo-lapo. Ditakoni mek mantuk-mantuk ae. Padahal, gawe seorang anak, sak iso mungkin awakmu melu ngeramut wong tuwomu. Mulai teko ngadhusi, ngafani, sampe ngeterno nang pemakaman. Iku ben dadi bukti baktimu nang wong tuwo, dan iku hukume wajib selama sanggup. Rasane ancen abot banget, tapi anggep ae iku buktimu nek selama iki awakmu sayang nang wong tuwomu dan iku dadi wujud baktimu nang wong tuwomu.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5747", "text": "Kadhang diuber kewan kuwi marai jantung kaya arep copot amarga kaget lan medeni, apa maneh yen kewan kuwi gampang nyokot kaya aku uga gampang ngabyuk kaya pitik lan uga menthog. Akeh banget wong sing trauma lan wedi marang kewan amarga tau diuber. Amarga kuwi, ana babagan sing bisa dilakoni yen lagi diuber kewan. Kaping siji yaiku ora usah panik amarga kewan kuwi mesti nguber ya ana kesele. Kaping loro yaiku kudu pinter ngalihake perhatian para kewan kaya ngewenehi panganan lan uga ngusir nganggo kayu. Uga ana wong sing milih meneng amarga kewan kuwi bakal tambah nyedhak yen ana wong sing obah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5795", "text": "Adegan ning sinetron sing marai wedi lan trauma yaiku ana wong sing seneng ngerusak lan uga nyabut kabel rem sing ana ning mobil utawa motor ben lakon sing ana ning sinetron kuwi cilaka. Nanging kedadian iki rada ora mungkin ning jaman saiki amarga keamanan motor lan mobil iki wis canggih amarga ana kendaraan sing wis dilengkapi alarm. Nanging, sing perlu dipahami kuwi makna ning sak walike adegan iki, yaiku akeh wong sing bisa ngelakoni babagan sing nekat lan ora kepikiran kaya mendhot kabel rem ben bisa celaka tanpa ana tuduhan pembunuhan. Nanging senajan rada ana unsur khayal, adegan iki wis digawe ning akeh sinetron. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "790", "text": "Mas, iki kok acarane gak mulai-mulai? Kudune sanggar iki wis tampil loh saiki? Kan wingi perjanjiane, awak dhewe tampil jam 10. Kok iki wis jam 10 acarane wae rung mulai. Iso gawe acara ora to Mas? Yen wis ngudang awak dhewe ki bok yo sing profesional. Awak dhewe bakal nampilke sing terbaik yen awak dhewe dilayani kanthi apik. Awak dhewe kui uga isih mahasiswa, Mas. Awak dhewe duwe kesibukan liya sak liyane tampil iki. Mbok yo mikir to Mas? Jenengan ya mahasiswa to? Kok uteke ora dienggo. Utekmu kececer neng burjo, ho'o? Utek kok cuer banget koyo burjo murah neng samping kosanku.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4811", "text": "Pas SMA, aku melu sawijining ekskul bela diri ning sekolahku, yaiku taekwondo. Taekwondo iki sak liyane bisa nyehatake awak, taekwondo iki uga bisa dari perlindungan diri. Apa maneh aku bocah wedhok sing kerep lunga dhewe, Nanging, ing kelas 3, aku wis mulai males latihan amarga wis kesel sekolah lan les. Nanging, bapakku pengen aku oleh sabuk ireng, kamangka bapakku njanjekake yen aku lulus ujian taekwondo, aku bisa oleh seragam anyar. Bar kuwi, aku dadi sregep latihan lan teka terus. Pas dina ujian, aku malah lara. Nanging aku kudu bisa tetep melu ujian.Banjur aku tetep melu ujian munggah sabuk lan lulus. Aku bungah banget bisa lulus ujian kuwi. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5349", "text": "Apa sing ana ning dalan kuwi ora ana sing weruh, salah sijine yaiku babagan kemacetan. Nanging kemacetan iki ora bisa ditangani karo ngamuk lan nesu marang wong liya. Sing kudune bisa ngontrol emosi lan stres wayah macet yaiku awak dhewe amarga macet iki ujian kanggo kesabaran ben awak dhewe ngerti lan duwe persiyapan sak durunge budhal marang nang endi wae. Sak liyane barang-barang, awak dhewe uga nyiyapake mental uga fisik ben ora kaget lan gampang kesel ning dalan. Amarga kuwi, saiki awak dhewe kudu dadi pengendara sing pinter lan uga bisa ngatur waktu ben ora ana kedadian sing marai sumpek ning dalan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3719", "text": "Nag delok jeding reget yo mesti mangkel, opo maneh sing ora gelek diresiki kan yo tambah mangkelno soale ketok kemproh. Terus sak liyane iku, yo mesti bakal marakno wong jember nag ate mlebu opo maneh nag jeding iku kanggo wong-wong koyok sing nang warung utowo kafe, yo tambah dadekno wong sing mrono iku jember ambek ora nyaman. Nag wes kadung ngunuku, ben ora marakno roso jember yo kudune nang diresiki soale nag ora nang diresiki biasane marakno ambu sing ora enake rambloko terus ambu anjok endi-endi sing marakno wong liyo sing ate mlebu iku ora seneng. Dadi nag iso yo kudu diresiki ben ora marakno wong sing butoh jeding ora jengkel.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3833", "text": "Biasane sing garai bocah iku isin nag diguyu kancane sak kelas iku polahe ngelakoni perkoro sing ora pantes. Nah perkoro sing ora pantes iku maeng yo pirang-pirang wong jenenge bocah kok, yo ono sing disengojo, ono sing ora disengojo barang. Nah sing jenenge diguyu bocah utowo koncone sak kelas mergo ngelakoni perkoro sing marakno diguyu maen iku termasuk perkoro sing ancene marakno wong iku guyu. Nah biasane nag perkoro iku maeng ora disengojo mesti bocahe sing diguyu iku maeng bakal kisinen. Tapi nag disengojo yo jelas nag diguyu tambah senenge pol soale rumongso opo sing dilakoni maeng iso marakno wong seneng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1191", "text": "Aku tau numpak montor sing reme blong. Kui motore koncoku. Sebenere iso wae, awak dhewe boncengan kanggo montorku. Nanging mergo aku ngerti yen montor dheweke luwih penak dienggo boncengan, aku luwih milih nganggo montore dhewe. Pas lagi neng tengah dalan, aku lagi sadar yen reme kui ora pakem. Rasane langsung panik aku. Banjur aku ngurangi kecepatan montore. Sepanjang dalan kui, aku mung mlaku 30 km/jam. Aku wedine yen tak peksoke banter, malah awak dhewe iso ciloko. Aku luwih milih tekan telat timbangane mlebu rumah sakit. Bar kui, aku ngekon koncoku supoyo cepet-cepet dandani montore. Aku uga ora kepengen dheweke ciloko pas numpak montore dheweke dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7948", "text": "Gangguan jin karo setan iku isok marani awak dewe teko ndi ae. Dan iku sing marakno awak dewe wedi gawe ngelangkah, opo maneh gawe metu omah. Tapi gak usah atek wedi, onok siji cara sing isok mbok lakoni, yaiku dungo metu omah sesuai ajarane Rasulullah SAW. Dungone iku “Bismillahi tawakkaltu 'ala Allahi wa laa hawla wa laa quwwata illa bi Allahi”. Arti teko dungo iku isok gawe ngelindungi awak dewe teko gangguan opo ae, salah sijine iku gangguan jin karo setan iku. Nek awakmu ngeyakini kekuatan dungo iku, nisyaca awakmu bakal dilindungi karo gusti Allah SWT. Dadi ojok lali gawe dungo iku yo rek sak durunge metu omah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4999", "text": "Urip dewean iki pilihan sing angel amarga akeh tanggungan sing kudu dirampungke sak durunge mutusake urip dhewe kaya biaya kanggo keluwarga, biaya sekolah, lan liyane. Urip dhewe iki uga gedhe banget risikone yen ora siap amarga mbutuhake adaptasi ben ora stres. Nanging, pancen wong kabeh kudu tau ngerasakake urip dewean ben ngerti pentinge wong liya kanggo awake dhewe. Kamangka kuwi, yen kanca-kanca arep urip dewean, aja lali nyiyapake sekabehane kayak dhuwit, kemampuan, utawa kontak sing bisa dihubungi yen ana kebutuhan sing ndesak. Sak liyane kuwi, urip dewean iki bisa dadi cara awak dhewe kanggo nguji piye carane awak dhewe ngerampungake masalah. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9870", "text": "Isuk-isuk Mbak Firda bengak bengok ana ing omah. Kabeh wong omah pada njingkat saking kagete. Aku uga melo ndelok ana apa kok Mbak Firda sampe bengak bengok. Ndilalah Mbak Firda nduduhake testpack utawa alat sing digawe ngecek wong meteng. Alat iku nunjukake bukti yen Mbak Firda meteng. Alhamdulillah, kabeh kaluwargaku padha seneng pol amarga iki pancen wis dienteni banget karo kaluwargaku. Bapak lan Ibuku padha nitip ning Mbak Firda supaya tansah njaga awake. Uga padha nitip ning bojone Mbak Firda supaya ngancani Mbak Firda terus sampe babaran. Aku wis ora sabar ngenteni ponakanku sing bakal lair iki. Aku wis siap kanggo dadi Bulik.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7174", "text": "JBJ iku salah siji boygroup teko Korea Selatan sing pas iku lagi naik daun banget mergo anggotane iku jebolane salah siji acara survival sing terkenal banget nang kono, yaiku Produce 101 season 2. Dan pas tanggal 7 April 2018, JBJ bakal ngadakno konser perdanane nang Indonesia. Sebagai Joyful—jeneng fandome JBJ—aku jelas berangkat gawe nonton. Dan kudu tak akoni, konser JBJ iki dadi konser sing fans e paling santai. Gak koyok konser biasane sing rusuh, para Joyful bener-bener tertib pas ngantri gawe melbu nang venue konsere nang Kota Kasablanka Mall. Malah pas gerbang wes dibuka, staf e kudu ngumumno ping bolak balik cek para Joyful ndang melbu venue. Saking santaine, wong wong e gak onok sing gopoh blas. Melbu venue yo antri tertib tapi santai, melbu venue yo podo tertib, dadi keseluruhan acara berjalan lancer banget.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2624", "text": "Jarene koncoku gagal nag jero urip iku akeh penyebabe. Ora polahe awak dewek salah mritungno tok. Tapi anjene iku ora sak dalan ambek sing kudu awak dewek lakoni mangkanei iku dadi gagal. Gagal nag urip iku ancene ora apik nag dibarno suwe-suwe, soale bakal ngetokno perkoro anyar koyok ganggu pikiran, terus mental sing ngalami gagal maeng yo iso dadi elek. Nag jareku gagal nang jeru urip iku wajar ambek ora opo-opo soale teko kunu maeng iso dadi oleh pengalam kanggo ngadepi masa depan sing awak dewek yo ora ngerti koyok opo. Mangkane ojo wedi nag awakmu gagal. soale iku kenek gawe sangu ngadepi masa sing bakal ate teko.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3323", "text": "Wong sing biasane wedi nang gone barang utowo opo ngunu nang janji ora kenemenen ora masalah, tapi nag sampek kenemenen iku iso dadi sing jenengen trauma. Trauma iku iso metu kapan ae terus awak dewe yo ora iso nentukno kapan iku metune. Terus trauma iku yo duwe pirang-pirang jenis koyok contone trauma akut, trauma kronis, ambek trauma kompleks. Nah sing garai trauma iku yo asline ora iso ambek angel prediksine tapi asline sing jenenge trauma iku biasane disebabno karo perkoro utowo masalah sing dadekno emosine iku maeng tegange megilan sampek akhire dadekno roso wedi nang mentane deke ambek pikirane deke. Nah salah sijine contoh sing biasane dadekno trauma yaiku teror.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1582", "text": "Yen awake awak dhewe mambu kui, awak dhewe dadi isin ketemu wong. Neng sak ben bagian tubuhe awak dhewe, ono bagian-bagian tertentu sing ngetoke mambu sing ora enak. Sing paling kerep ngetoke mabu sing ora sedep kui nen gok kelek. Kelek dhewe kui kerep keempit dadine udara sing ono neng kono ora methu kanthi lancar. Bagian sing liyane kui sikil. Yen awak dhewe kerep nganggo kasut nanging ora nganggo kaos sikil biasane sikil awak dhewe dadi mambu. Bagian sing ketelu kui rambut. Rambut iso ngetoke ambu sing ora enak pas rambute awak dhewe teles lan kesuwen ora digaringke. Mergo kui, rambute awak dhewe dadi mambu apek.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "290", "text": "Bapakku kui wonge ora terlalu ekspresif. Angel banget nebak ekspresi seko raine bapak, lagi sedih, marah, seneng, utowo kuciwo. Nanging seko critone ibuku, ono siji-loro momen pas bapakku ketok seneng banget. Momen kui pas aku lan adiku lahir, iyo, pas bapakku pertama kaline delok anak-anake. Pas aku lahir, jarena ibu lan eyang putriki, bapak seneng banget. Saking senenge bapakku iso jingkrak-jingkrak koyo cah cilik. Bapak langsung gendong lan meluk aku sing isih bayi. Bapak delok aku kanggo mripat sing brambangi. Jarene eyangku, bapak ket disik kepengen duwe anak lanang. Pas kui, bapak ora tau ngeterke ibu neng USG dadi jenis kelaminku ora ono sing ngerti sadurunge aku lahir. Dadi pas ngerti neng anake sing pertama lanang, bapak seneng banget.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9162", "text": "Salah siji jenis plagiarisme iku self-plagiarism. Plagiarisme jenis iki yaiku kondisi nang ndi penulis nerbitno maneh kabeh karya utowo sebagian karyane dewe nang karyane sing anyar. Self-plagiarism iku isok sisan kedaden pas penulis ngutip sebagian karyane sing mbiyen tau diterbitno nang karya anyare tanpa nyantumno sumber e. Self-plagiarism iki bersifat mbujuki publik dengan manfaatno kepercayaan publik ben isok ngentokno keuntungan. Contoh kegiatan self-plagiarism iku onok akeh. Siji, nerbitno ulang paper sing podo tanpa diketahui pembaca ambek penerbit. Loro, nerbitno utowo ngepromosikno maneh buku-buku anyar padahal buku iku mau hasil teko nyalin buku lawase sing wes tau diterbitno. Telu, mublikasikno penelitian sing podo nang rong kegiatan seminar sing bedo.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4863", "text": "Salah sawijine pertandingan bulu tangkis sing paling bergengsi yaiku piala Thomas lan Uber Cup. Piala Thomas iki kanggo atlet putra lan Uber kanggo atlet putri. Peserta pagelaran iki yaiku saka negara-negara ing dunya lan ana ning lingkaran federasi. Kabeh kategori ana kecuali ganda campuran amarga piala iki dipisah putra lan putri. Indonesia dadi negara sing langganan menang turnamen Thomas Cup lan Uber Cup. Amarga sponsor, Thomas lan Uber Cup sing biyen dipisah, saiki diadakake ning siji panggon sing padha lan duwe sponsor sing uga padha. Tahun iki sing menang Thomas Cup kontingen saka India lan Uber cup saka Korea Selatan. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2588", "text": "Dino bahagia pas pernikahan ancene anjurane kudu diramek-ramekno ben wong-wong iku ngerti nag wong iku ngerayakno dino bahagia polahe nikah. Dino bahagia sing koyok ngeneki ancene wes wajar kedaden nang endi-endi koyok nang kota, deso, ambek liyan-liyane. Lapoo kudu diramek-ramek no? Soale iku ben ngadohi fitnah kanggo sing ngalami dino bahagia polahe nikah maeng. Dadi kanggo awakmu kabeh sing duwe dino bahagia polahe nikah dadekno rameh ben ora dadekno wong salah sangka ambek awakmu sing moro-moro gawe dino bahagia, soale dino bahagia iku ora mok nikahan tok, koyok contone pas lahiran, pas sunatan, ambek pas lulusan iku yo termasuk dino bahagia.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "243", "text": "Aku sempet kepengen banget tuku soto mie khas Bogor. Neng Yogyakarta kui, angel banget golek bakul soto sing asale seko kota sewu angkot kui. Sakjane, ono sih mi instan rasa soto mie nanging aku kepengen sing asli. Kebetulan pas, aku ono keperluan neng Bogor aku nyempetke tuku soto mie. Sadurunge, aku takon karo dulurku sing neng tinggal neng kono, endi bakul panganan kui sing paling enak. Rasane kui sakjane koyo soto biasa, nanging luwih berlemak. Sayurane nganggo kol karo kecambah. Daging sing dienggo daging sapi. Pas banget, daging neng soto mi sing tak pesen kui ora terlalu alot, isih penak dicokot. Akhire, aku iso mangan soto mie, saiki wis ora penasaran meneh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8338", "text": "Kabeh awak dewe sing wedok iku eroh nek vagina iku nduwe ambu khase dewe dan isok berubah-ubah sesuai siklus ovulasine awak dewe. Tapi onok pirang mambu vagina sing kudu mbok gatekno. Nek misal awakmu ngambu ambu sing kuat terus amis koyok iwak asin teko vagina, awakmu kudu mulai waspada. Isok dadi iku tanda lagi ngadepi krisis kesehatan. Mambu amis iku mau dimarakno teko bakteri apik ambek bakteri jahat nang vagina sing gak seimbang. Kondisi iki iku infeksi umum mergo onok gangguan ndek vaginamu. Dadi nek awakmu mulai ngeroso metu cairan keputihan teko vagina sing dibarengi karo mambu amis koyok iwak amis, awakmu kudu ngelakoni penanganan dini ben gak dadi penyakit sing serius.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8046", "text": "Akeh uwong iku wedi banget ambek ulo, opo maneh sing nduwe bisa. Hal iku mergo bisane ulo iku akeh-akehe beracun. Nek uwong dicokot ulo terus bisane nancep nang kono, kudu cepet-cepet ditulungi sak durunge wong iku mau gak isok diselamatno. Onok cara gawe ngelakoni pertolongan pertama pas nulungi wong sing buru kepatok ulo. Siji, langsung telpon tenaga medis. Loro, selagi ngenteni sampe tenaga medis teko, kongkon korban istirahat dan ojok oleh akeh obah ben racune iku gak ndang nyebar. Telu, posisikno anggota tubuh sing kecokot mau luwe endek timbang letak jantung. Papat, coploken sembarang kalir jenis aksesoris sing onok nang sekitar gigitan ben gak memperparah bengkak. Limo, resikno luka nganggo banyu terus tutup luka nganggo kain resik. Sing paling penting, luka iku ojok mbok otak atik sak durunge tenaga medis teko.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2578", "text": "Nag petuk ambek idola mesti wong senenge megilan, opo maneh bocah-bocah saiki tambah ora karuan tingkahe. Tapi kabeh wong yo kudu sadar nag seneng karo idola sing kenemenen bakale garai roso sing gilane metu teko idola sing mbok senenge nang awakmu. Dadi nag duwe roso seneng polahe petuk ambek idola iku ojo enemen-nemen ambek kontrolen ben awakmu ora garakno idola iku amngkel ambek keteng nag petuk wong. Terus sak liyane ngendalikno roso seneng maeng yo kudu ngendalino carane mujudno roso seneng maeng ben idola yo duwe roso seneng ambek wong sing seneng ambek idola maeng. Dadine ayo podo ngendalikno rosos seneng nak ketemu idola. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4868", "text": "Jaman saiki akeh lomba-lomba sing diiklanke ning sosial media. Lomba-lomba kuwi ana sing hadiah lan penyelenggarane gedhe, ana uga sing cilik. Nanging yen arep melu lomba-lomba iki ya wayahe kudu luwih selektif amarga ana lomba sing niate mung golek sponsor lan ora ana juri profesional. Sing akeh kedadian ya lomba nulis sing diadakake penerbit sing abal-abal tur ora jelas. Njuk data-data peserta kuwi bisa dilolosake lan bisa didol yen ora ati-ati. Pindhone, tulisan utawa karya peserta uga bisa diakuisisi. Kamangka, saiki yen arep melu lomba kudu didelok paneh sapa war panitia sing nyelenggarakake lan kudu bisa nggolek lomba sing cocok lan bisa nambah mutune awak dhewe. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2973", "text": "Bocah wedok saiki iku akeh sing jumbulno wong soale moro-moro meteng dodok. Nah meteng iku maeng ora perkoro gampang opo maneh iku nag ora teko pasangan sing ancene sah, tambah eleke megilan iso dadekno sak keluarga maleh elek, terus mentale barang yo keganggu. Wong meteng iku ora sepele, soale yo kudu jogo fisike , soale angger ulan, mesti tambah gede wetenge, mari ngunu kudu jogo kesehatane, soale nag jero wtenge iku ono bibit sing kudu dicukupi panganane ben engko lahire sehat. Terus biasane wong meteng iku ora oleh pegel soale nag pegel iku ora apik kanggo awake ambek calon anake sing ono nang jero wetenge, dadi kanggo ibu-ibu sing meteng kudu jogo kesehatane.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7262", "text": "Onok salah siji dino pas aku KKN sing bener-bener dadi dino tersial dan tersedih. Bener-bener ket isuk sampe bengi onok ae sing kedaden nang awakku. Mulai isuk pas aku ngajar nang TK, aku kudu berpisah ambek arek-arek TK soale iki dino terakhir aku ngajar nang TK iki. Gak aku tok, bahkan arek-arek TK melu sedih. Onok sing nangis dan meluk aku, gak ngoleni aku moleh. Mbari teko TK, aku moleh numpak motor koyok biasa. Tapi aku lagi apes, soale moro-moro rem motore blong dan marani aku tibo teko motor. Wong-wong deso langsung nulungi aku dan nuntun aku sampe nang pondokan. Tutuk pondokan aku langsung diobati karo koncoku. Pas awan, onok arek cilik dolen nang pondokan dan mecahno meja koco. Alhasil aku dan konco-koncoku kudu ganti rugi. Sorene, stop kontak nang pondokan kobongan dan hampir bakar sak omah. Aku sing gak isok opo-opo tambah panik, opo maneh awakku sek kaku mergo tibo mau. Untunge koncoku sergep gawe madamno api dan kabeh aman terkendali. Bengine, pas lagi ngeinput laporan kegiatan harian, moro-moro onok gempa. Kabeh koncoku wes mlayu metu teko pondokan, sedangkan aku mek isok meneng dan keweden dewe nang njero omah. Bener-bener sedih banget nek diiling-iling maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1474", "text": "Panganan mambu sing ono neng meja makan kui marake napsu mangane wong-wong dadi ilang. Senadyan, panganan sing liyo kui ish enak-enak lan lagi wae mateng, tetep wae panganan sing mambu ngerusak suasana. Misale, awak dhewe ngerti panganan sing mambu kui telat. Kabeh wong sing arep mangan wis podo ngumpul. Banjur, mergo ngerti panganan ono sing mambu, panganane kui disingkirke. Nanging panganan mambu sing disingkirke kui, tetep wae napsu mangane wong-wong ora iso balik. Wong sing neng kono iso-iso ora sido mangan kabeh. Awak dhewe malah dadi repot, soale panganan sing wis digawe kui dadi ora kepangan. Malah panganane kui iso dadi mambu sesoke yen ora dipangan pas kui.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1552", "text": "Neng mal kui, akeh wong-wong podo ngumpul. Wong-wong sing awak dhewe ora kenal iso awak dhewe temuke neng kono. Senadyan ora kenal, nanging wong-wong kui kelambine akeh sing podo. Yen kelambi sing awak dhewe uga ono sing madani neng mal kui, awak dhewe bakal ngeroso isin, koyo koncoku. Koncoku iki wonge nyentrik banget gaya lan pemikirane kui bedo banget, termasuk pilihan model kelambine. Pas kui dheweke lagi nganggo kelambi sing wernone nabrak-nabrak. Celane werno ijo, kelambine werno abang, lan nganggo jaket werno kuning. Terus dheweke ketemu wong sing nganggo gaya sing mirip banget karo dheweke. Wernone mirip nanging gaya kathok lan kelambine rodo bedo sitik.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7997", "text": "Salah siji penyebab paling gede wong gampang marah iku mergo stres. Stres iku gak marakno uwong gampang marah tok, tapi efek elek sing liyane iku onok akeh sisan, terutama gawe kesehatan. Makane iku, butuh banget sing jenenge ngelola stres ben gak gampang marah ambek ben isok urip sehat. Siji, ungkapno keluh kesahmu. Mendem perasaan iku isok marakno stres, dadi mending ceritakno ae. Bah iku nang dulurmu utowo koncomu. Loro, olahraga rutin. Gak butuh olahraga sing abot, cukup olahraga sing enteng ae ben otot tubuh iku luwe rileks. Telu, lakoni meditasi. Meditasi iku isok nuruno hormon kortisol. Nek hormon iku berkurang, kadar stres nang awakmu isok mudun sisan. Papat, lakoni aktivitas sing menyenangkan. Contohe koyok ngelakoni hobimu. Terakhir, terapno pola urip sing sehat. Mangan sing bernutrisi, turu sing cukup, gak ngerokok, gak mendem, dan gak nganggo obat-obatan terlarang.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8326", "text": "Awak dewe pasti muangkel nek montore awak dewe ketelekan manuk. Wes marakno rusuh, teleke manuk iku bahaya sisan gawe cat montor. Nek teleke sek teles, isok langsung disiram dan langsung ilang. Sing angel iku nek teleke wes garing, kudu ngelakoni cara khusus ben cat mobile gak rusak sisan. Cara gawe ngeresikno telek manuk iku koyok ngene. Siji, siram permukaan mobil sing kenek telek manuk nganggo banyu panas ben nyonyor. Loro, mbari disiram banyu panas, semprot nganggo insect remover terus dilap nganggo kain lembut. Telu, bilas nganggo sabun cuci mobil sampe resik. Terakhir, garingno area sing iku mau nganggo lap microfiber.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9826", "text": "Aku saiki lagi angel-angele ngatur wektu amarga lagi diuber karo dosenku. Skripsiku wis kudu rampung wulan iki. Nalika nggarap skripsi wingi, aku ngerasa awakku panas, ngelu banget, lan kaya meh watuk. Aku mutusake kanggo priksa ning dhokter supaya ngerti aku kena apa. Sawise dipriksa karo dhokter, aku dikandani yen aku positif Covid-19. Aku kesel banget amarga mikir ana-ana wae. Aku wis siap kanggo marikna skripsiku minggu iki ndilalah aku kena Covid-19. Aku diwenehi saran karo dhokter supaya ndang waras. Kaping siji, ora perlu mikir sing ora-ora. Kaping loro, mangan lan ngombe sing wakeh supaya awake cepet waras. Sing terakhir kudu caring lan kudu bagya, ora oleh sumpek. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1059", "text": "Yen awak dhewe dirundung kui, ngeroso wedi kui wis wajar banget. Ora ono wong sing ngelarang awak dhewe ngerasake wedi lan gemeteran pas awak dhewe lagi digarapi sing keliwatan. Sing awak dhewe ora entuk lakoke kui meneng wae babagan perkoro iki. Yen awak dhewe meneng wae, masalah kui ora bakal rampung lan awak dhewe tetep kesikso terus. Misale kui kedaden pas lagi sekolah, sepanjang awak dhewe isih sak sekolahan karo sing ngerundung, awak dhewe ora iso lepas seko dheweke. Awak dhewe ora kudu ngadepine kui dhewe. Awak dhewe kudu jaluk tulung karo wong sing awak dhewe percoyo. Wonge kui ora bakal ninggalke awak dhewe lan bakal terus dukung awak dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6072", "text": "Pseudomonas marginalis yaiku salah siji jenis bakteri sing bisa mbosokake panganan. Senajan panganan sing dibosokake, bakteri iki kalebu salah siji bakteri sing bisa mbosokake akar lan uga godhong. Panganan sing bisa mbosokake iki sering ana ning sayuran lan bisa ana ning panganan sing ora dimasak kanthi mateng. Panganan sing kena kontaminasi bakteri iki bisa dadi mambu ora enak lan rasane dadi kecut. Bakteri sing nyerang tanduran iki bisa nyerang daging amarga kontaminasi silang ning alat masak lan panganan sing kurang mateng. Senajan wis dideleh ning kulkas, tetep wae ora bisa ilang lan malah ngasilake lendir sing ambune uga marai mlukok. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8068", "text": "Gawe wong wong sing nduwe kepribadian introver, salah siji cara gawe ngecas energi iku ngelakoni me-time. Contohe koyok mangan dewean nang restoran senengane, nongkrong nang kafe dewean, mlaku mlaku dewean, nonton film nang bioskop dewean, dan sek akeh maneh kegiatan sing dilakoni dewean pas lagi me-time. Tapi, kadangan iku onok wong sing salah sangka dan nyongko wong-wong koyok ngono iku sakno mergo ketok kesepian. Padahal wong-wong introver iku malah butuh wektu gawe dewean cek isok ngecas energine dan isok balik berinteraksi maneh ambek wong liyo. Dadi gawe awakmu arek introver dan butuh wektu me-time tapi wedi dienyek ambek wong liyo, wes gak usah ngurusi cocote wong liyo. Lakonono me-time iku mau dan nikmati momen momen dewean iku mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7696", "text": "Pas suatu hari awakmu ngunjungi restoran, awakmu pesen panganan A ambek ombean C. Wes dicatet iki karo pelayane. Tapi pas pesenane teko, dadakno gak sesuai karo sing mbok omongno mau. Sing teko malah panganan B karo ombean D. Pasti awakmu emosi ndelok pelayan sing ndlahom koyok ngono. Tapi sak durunge ngamuk-ngamuk, mending awakmu ngomong apik-apik disik. Carane awakmu nyegah pelayan sing mau ngeterno pesenanmu dan ngomong nek iki guduk pesenanku, cekne pelayan iku ngecek disik. Nek misal sek ngeyel, njaluko struk e ben ketok jelas keterangan panganan ambek ombean sing mau mbok pesen. Nek sek ngeyel maneh, baru kon protes sampe gontok-gontokan karo pelayane yo gak masalah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9874", "text": "Ana kasus wong sing kaget lan ora ngerti yen dheweke meteng. Iki kedadean ing Amerika Serikat. Miturut website hellosehat.com, ana sebabe kenapa wong wedok kadang ora ngerti yen dheweke meteng. Nomer siji amarga ora ana tandha-tandha umum sing biasane dialami karo wong sing meteng kaya mutah, lan telat mens. Iki kasebut kehamilan kriptik. Nomer loro kadang wong wedok nalika testpack negatif nanging bisa wae positif amarga ora dicek ning dhokter langsung. Sakjane bahaya yen wong wedhok ora ngerti yen dheweke meteng, amarga bayi ing kandungan iku butuh asupan vitamin lan panganan sing akeh lan bergizi. Mula yen wis ana tandha-tandha kaya wong meteng sing penting kudu dipriksakna ning dhokter.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4422", "text": "Koyoke kabeh wong nag salah mlebu jeding nang panggonan sing wes ditengeri ambek disejekno mesti isine megilan, opo maneh nag iku ono wonge sing antri yo tambah isine ora pokroh. Nah sing jenenge jeding iku maeng yoiku panggonan sing biasane digawe wong ngising, nguyo, ambek ados barang. Nah mangkane sing garai isin yoiku maeng, ang ancene ono wong sing gawe terus iku ora tepak jedinge padal wes ditengeri yo mesti akeh isine. Mangkane saiki nag panggonan umum mesti jedinge iku disejekno adoh ben ora kleru wong sing ancene pengen nang jeding. Tapi yo ono ae panggonan umum sing jedinge iku maeng ora ono tengerani terus nag gawe yo ora ngurus lanang wedok pokoke mlebune maeng gantian.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1423", "text": "Yen awak dhewe wis mutuske kanggo kuliah neng jurusan peternakan utowo pertanian kui awak dhewe wis ora entuk jijik-jijik meneh karo sing jenenge telek khewan. Neng rong jurusan kui, awak dhewe mesthi ketemu karo telek khewan. Neng jurusan pertanian kui telek khewan dienggo kanggo pupuk. Ono telek sing diolah nanging ono uga telek sing bentuk isih ketok telek banget. Yen neng jurusan peternakan kui awak dhewe soyo ora mungkin meneh ngindari telek. Soale khewan sing kudu awak dhewe rawat utowo diingu kui mesthi nelek. Yen ora nelek, malah kui tandane khewan ternake dhewe ora sehat. Makane kui, awak dhewe kudu ora jijik karo telek nek mlebu salah siji seko jurusan kui. Yen isih gilo karo telek, awak dhewe bakal keangelan ngerampungke studi neng kono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "632", "text": "Saiki akeh sing ngelakoke prank-prank neng TV lan Youtube utowo media sosial liyane. Sangking akehe, prank-prank iki akeh banget jenise. Sing kesiji, prank telepon. Prank jenis iki sengojo ngasal nelpon wong lan ditakoni pitakonan sing marake wong mangkel. Salah siji acara TV sing modele koyo ngene kui Ups Salah. Sing keloro, prank hadiah. Prank iki ngebagi hadiah-hadiah neng wong-wong padahal hadiah sing dikei kui ora sesuai karo opo sing diomongi. Sing ketelu, prank gembel. Prank iki dandan dadi wong gembel supoyo iso delok reaksi wong-wong neng sekitare. Sing kepapat, prank horor. Jenis prank iki sing paling marai wong kaget. Lan ono akeh meneh, jenis-jenis prank sing liyane.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6082", "text": "Ngomongake kuliner India ning jaman saiki kuwi angel. Kuliner India iki dadi pertemuan antara tradisi nanging uga ana babagan kebersihan sing ora dicantumake ning obrolan. Salah siji panganan India jenis iki yaiku Dhoh Kileh. Dhoh Kileh iki panganan sing rupane kaya salad. Panganan iki digawe saka irisan bawang abang sing dicampur karo daging babi. Ora mung daging, otak babi uga melu dimasak. Sing marai jorok yaiku panganan iki dicampur nganggo tangan kosong tanpa alat amarga jare ora enak. Nanging, pengolahan iki isih ora cocok kanggo wong liya lan uga bisa marai wong gilo kanthi ora gelem mangan senajan rasane jare enak. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3408", "text": "Biasane sing gelek utowo biasane wedi nag disuntik iku bocah cilik ora wong gede. Jarene dokter sing wes gelek nangani perkoro ngeniki, iku nganjurno nag wedi sing koyok ngeneki iku kudu diilangno gal saitik ben ora kegowo anjok gede utowo ketalep sampek kede, mergane nag ketalep sampek gede iku ngesakno bocah iku maeng. Opo maneh kabeh keperluan medis mboh iku obat, perikso nang dokter, utowo keperluan liyane mesti ora adoh ambek sing jenenge suntik. Dadi nag iso bocah cilik iku maeng ojo diwedekno ambek sing jenenge suntik ben kebiasaan soale nag wedi terus-terusan nag gede iku ngesakno bagal dadi wong sing ora wani terus nang suntik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5638", "text": "CPR kuwi salah siji kemampuan sing kudune dikuasai masyarakat kanggo pertolongan pertama marang henti jantung sing nyebabake kematian. Salah siji contoh kasus sing ngilingake awak dhewe yen CPR kuwi penting yaiku ning kedadian pesta halloween ning Itaewon. Akeh pelajar lan masyarakat sing wis dibekali karo CPR saka pendidikan sekolah utawa pelatihan saka pemerintah. CPR utawa pertolongan pertama kanggo jantung kuwi bisa nyelametake wong akeh saka kematian lan bisa nulungi petugas sing ngamanake Itaewon. Kamangka, kanggo masyarakat lan pelajar ning Indonesia, ayo padha sinau babagan CPR ning sekolah amarga Indonesia uga rawan bencana lan CPR iki bisa nulungi akeh wong ben korban bencana ora tambah akeh lan ora trauma marang kematian. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4904", "text": "Akeh sing ora setuju karo kebijakan PHK amarga kebijakan iki nyengsarakake kanggo karyawan. Ana sing ngomong yen kebijakan iki ya bisa dadi jalan tengah yen perusahaan ora duwe dhuwit kanggo bayar karyawan, nanging yen ora ana pesangon, perusahan luwih milih ora ngelakoni PHK nanging pegawene diwenehi jatah prei lan ora dibayar utawa istilahe \"dirumahkan\". Biasane PHK model iki dilakoni amarga perusahan krisis lan ora bisa mbayar pesangon. PHK wis dijelasake ning undang-undang lan ketentuane wis ana. Nanging akeh perusahaan sing ora bisa sak jodo lan ora sepakat karo undang-undang sing wis digawe pemerintah iki amarga bisa ngerugikake perusahaan uga masyarakat. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7587", "text": "Nek awakmu lagi nduwe budget berlebih dan kepingin ngekeki surprise ulang tahun nang koncomu, awakmu isok ngelakoni hal-hal sing gak biasa dan spesial. Siji, awakmu sekongkol disik karo koncomu sing liyane. Loro, siapno opo ae sing bakal mbok lakoni. Semisal ngehias kamar kos e karo ngekeki karangan bunga. Telu, siapno ket jauh hari. Misal pesen karangan bunga ket jauh hari ambek nyiapno printilan gawe ngehias kamar kos e koncomu. Papat, pas hari-h, ajak koncomu gawe keliling mboh nang ndi disik, pokoke ojok oleh moleh disik. Sementara iku, koncomu sing sekongkolan mau kongkon melbu kamar kos e koncomu dengan bantuan penjaga kos e. Nek karangan bunga e wes tutuk, dekek nang ngarep bangunan kos e. Enteni sampe koncomu wes mari ngehias kamar, baru ajak koncomu sing ulang tahun iki balik. Nang kono, engkok koncomu sing ulang tahun iki pasti bakal ndelok karangan bunga dan kamare sing wes dihias. Rodo effort ancen, tapi iku isok dadi surprise sing berkesan banget gawe koncomu.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9119", "text": "Nek tak delok, pelaku bullying pasti bakal nge-bully korban sing luwe lemah timbang mereka. Mbasio status ekonomi korban iku mau luwe duwur, tapi nek mereka luwe kuat, mereka sek wani gawe ngelakoni bullying. Soale iku mau, korban e pasti gak wani gawe ngelawan pelaku. Nek misal korban iku mau ngetokno nek de’e wani ambek pelaku, wes jelas pelaku bakal mundur alon-alon. Dan iku kedaden nang ndi ae. Nek korban iku mau wes ketok nek de’e isok ngelawan pelaku, pasti pelaku iku bakal nggolek korban sing luwe lemah dan dadi dolanan anyare. Dadi gawe awkamu sing dadi korban bullying, sudokno nek awakmu iku isok luwe kuat timbang mereka ben pelaku iku mau isok jera.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6171", "text": "Ning kampungku, ana langgar cilik sing isih tas wes diresmikake 3 sasi. Langgar iki sajane isih pembangunan amarga akeh fasilitas sing durung lengkap kaya panggonan wudhu sing kurang tertutup lan uga tandon banyu sing kurang gedhe. Para warga uga sering banget gantian ngerewangi ngumpulake dhuwit lan nyateti ben sumbangan kuwi bisa kanggo lan migunani kanggo anane langgar iki. Nanging sawijining dina, langgar iki rame amarga kelangan dhuwit sumbangan ning kothak amal. Pas didelok pirang-pirang dina, jebul sing njupuk yaiku Salim, salah siji pemuda kampung anak Pak RW. Banjur Salim iki digebuki kanthi babak belur. Sing isin ya keluwargane amarga Salim iki dikenal apikan bocahe. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9406", "text": "Salah siji impenku sing kawujud taun iki yaiku ketampa ana ing UI. Kampus sing kanggo aku butuhake usaha lan dunga sing kuat supaya bisa mlebu ana ing kana. Nalika aku dolan ana ing sekolahku, ana bocah sing kepengin pisan kanggo mlebu UI. Aku ngewenehi weruh yen mlebu UI iku ora angel nanging kanggo bisa ketampa kudu duweni pirang-pirang usaha. Kaping pisan, aja pisan-pisan duweni ati sing mamang kanggo milih UI. Kudu tenanan duweni pikiran yen bakal bisa ketampa UI. Kaping pindho, kudu ngerti apa wae babagan sing kudu disiapake kayata biji kelas telu SMA, piagam utawa sertifikat juara, lan liyane. Kaping telu, kudu terus ndelok informasi babagan pendaftaran UI. Babagan informasi iki sakjane sepele nanging akeh banget sing nyepelekke kayata tanggal terakhir pendaftaran lan liyane. Akhire pada kelewatan lan dadine ora bisa daftar ana ing UI. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7597", "text": "Zakat mal iku zakat sing kudu dibayarno karo wong muslim sing nduwe harta berlebih. Zakat mal iki sifate wajib nek hartamu wes mencukupi. Ngitung zakat mal sing kate dibayarno iku onok tata carane dewe. Jumlah duit sing diduweni, emas, perak, tabungan, surat berharga, ambek aset sing diperjualbelikan iku diakumulasikno dadi siji nang penghitungan nisab e sing bakal ditokno gawe bayar zakat mal. Rumuse zakat mal iku setara karo 2,5 persen harta sing mbok duweni selama sak tahun. Contohe, awakmu nduwe kekayaan duit sebesar 200 juta. Teko kono, dijupuk 2,5 persen e gawe bayar zakat mal. Berati hasile dadi limang juta.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8053", "text": "Stalker iku uwong sing secara ilegal ngetuti utowo nguwasi uwong liyo dalam jangka wektu tertentu. Jenis jenis stalker iku onok macem-macem. Siji, domestik. Sasaran stalker domestik iku biasane mantan bojo utowo mantan pacar. Loro, nafsu. Jenis stalker iki yaiku pemangsa berantai sing ngintai korban-korbane. Biasane sing ngelakoni iku pemerkosa utowo pembunuh berantai. Telu, penolakan cinta. Jenis stalker iki berasal teko kenalan korban sing pingin njalin hubungan intim, tapi ditolak. Papat, selebriti. Jenis stalker iki biasane nguntit artis-artis sing diidolakno. Limo, politik. Jenis stalker iki termotivasi ambek keyakinan politik, bah iku sebagai pendukung utowo bertentangan ambek korbane. Enem, pembunuh bayaran. Pembunuh bayaran iku isok dikategorikno dadi stalker soale de’e bakal ngintai korbane sak durunge mbunuh. Terakhir, dendam. Jenis stalker iki bakal nguntit gawe ngelakoni balas dendam nang korban.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5796", "text": "Rem blong yaiku gangguan sing ana ning kendaraan lan bisa mbahayakake kanggo para pengendara. Yen tinemu kedadian mobil rem blong iki, sing kudu dilakoni kaping sepisan yaiku aja panik amarga yen pani, mesti ora bisa mikir. Banjur ngedukake gigi alon-alon ben kendaraan iki bisa mlakune rada stabil. Yen wes ngurangi gigi, sing dilakoni yaiku manfaatke rem tangan. Sekirane mobil wis bisa dikendalikake, aja nganthi mateni mesin amarga kuwi kuwih bahaya kanggo rem, banjur aja midak pedhal gas lan pedhal rem kudu diobahake terus. Yen cara iki ora berhasil, cara terakhir yaiku nabrakke mobil marang panggonan sing sekirane bisa nahan mobil kuwi. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "274", "text": "Akeh sing nomong yen tokoh politik kui kerep marake kuciwa. Awak dhewe sing seneng mergo aspirasine digowo, getun pas tokoh kui kepilih. Nanging opo kui bener? Politik kui ono sing ngarani reged. Wong-wong sing nyemplung neng politik kui duwe kepentingan pribadi sing diperjuangke. Sifat-sifat apik sing awak dhewe delok neng TV kui apus-apusan jarene. Awak dhewe bakal getun nek wis ngerti sifat asline. Nanging, awak dhewe kudu paham yen politik kui ora sederhana. Politik kui mesthi neng ranah awu-awu, ora tau cetho koyo iteng karo putih. Awak dhewe kudu paham kui ben iso midunke ekspektasi. Awak dhewe uga kudu percoyo karo wong sing awak dhewe pilih tetep iso jalanke aspirasi sing disik tau dijanjeni.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2589", "text": "Akeh-akehe wong sing urip nag dunyo bakale tau ngerasakno dino bahagia polahe nikahan. Dino bahagia polahe nikahan ancene anjurane dikongkong ngeramekno. Tapi sing diarani ngeramekno nang kene iku sak cukupe ae, soale nag ngeramekno maeng kelewat bates yo ora bakal dadekno dino bahagia tok, tapi yo iso dadekno dinoe wong kakean ngerasane polahe kebarus oleh ngeramekno dino bahagia maeng. Dadi kanggo wong-wong sing pengen duwe dino bahagia polahe nikah nang diramekno tapi kudu ngerti kondisi lingkungan ambek keadaan sing ono nag sekitarmu ben iso dadekno dino bahagia polahe nikahanmu maeng iso luweh tambah nyenengno ambek iso nularno roso bahagia maeng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8311", "text": "Pas nang Jakarta, aku ambek dulurku iki sakjane bener-bener buta arah pol. Bahkan saiki ae awak dewe gak eroh lagi nang ndi. Pokok ilinge engkok nek kate balik Hotel njujuk MRT Senayan ngono ae. Awak dewe nang daerah Senayan, cuma emboh iki Senayan sebelah endi. Berhubung awak dewe pegel mlaku, diputusno nek awak dewe melbu Mall sing ketok biasa-biasa ae. Berhubung wes bengi, panggone yo wes suepi pol. Tujuane awak dewe siji, yaiku toilet. Mbarine mangan ngombe akeh marakno awak dewe kebelet. Pas wes ketemu toilet e, awak dewe langsung cepet-cepet nyedek. Buru ae mbuka pintu toilet terus midak lantaine, awak dewe langsung mundur dan gak sido kebelet. Wes mambune pesing pol, lantaine buecek dan akeh bekas cap sepatu sing durung diresikno. Akhire awak dewe mutusno gawe langsung moleh ae numpak gocar.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2057", "text": "Yen awak dhewe ora pengen dieuti karo wong liyo, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe gateke lan awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe ojo gawe masalah. Yen awak dhewe ora duwe perkoro opo-opo karo wong liyo, ora bakal ono wong sing bakal gelem ngetuti awak dhewe. Sing keloro, awak dhewe iso lungo seko omah nganggo rute-rute sing ora koyo biasane. Wong sing ngetuti kui bisane golek datane awak dhewe liwat ngendi wae nek lagi lungo. Yen awak dhewe iso gawe pola rute sing acek, wong sing ngetuti kui dadi bingung. Sing ketelu, awak dhewe iso gonta-ganti model klambi lan ngubah werno rambute dhewe ben ora gampang dikenali.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7563", "text": "Salah siji jenis permainan sing mbutuhno keberuntungan iku jenenge gacha. Gacha utowo gachapon iku istilah sing digunakno gawe mesin dolanan nang Jepang. Mesin dolanan iki nyediakno berbagai produk mainan secara acak nang kapsul cilik dan gak onok sing eroh opo isine nang njero. Gacha tradisional iki biasane isine figuran sing biasa digawe dolanan gawe arek cilik. Mesin gacha iki isok didoleno nganggo koin sing kudu bayar disik buru entok koine. Gacha iki nduwe sistem sing meh meh podo karo spinning wheel utowo lucky draw. Dadi gak onok kepastian gawe ngentokno sesuatu sing khusus, bahkan peluange ae iku mek 0,01 persen. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9431", "text": "Leni wis suwi kepengin duwe novel anyar karangan Abel Khaizure. Saben ana bukaan kanggo pesen novel iki, Leni mesthi kaentekan amarga sing pengin duwe novel iki ya uwakeh dadine mesthi royokan. Ndilalah ana sing nggawe undian ning Twitter lan hadiahe yaiku novel anyare Abel Khaizure. Leni langsung gumregah kanggo melu undian iki. Seminggu sawise Leni melu undian iku, dheweke kaget nalika dheweke oleh kabar yen menang undian. Leni njingkat sak get-get e krungu kabar iku amarga ora nyangka bakalan oleh undian novel Abel Khaizure sing paling disenengi. Leni njajal kanggo nakok ning panitae apa ana sing keliru nanging nyatane ora lan wis jelas yen Leni sing menang oleh undian iki. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2037", "text": "Nek ora salah taun 2006, Yogyakarta kui tau keno puting beliung. Nanging aku durung tau ngerasake langsung. Soale pas kui aku durung pindah pas kui. Aku ora ngebayangke ngerine pas ono neng tengah-tengah angin sing mubeng banter kui. Nanging aku wingi golek-golek opo sing kudu awak dhewe lakoke pas keno angin puting beliung. Sing kesiji, awak dhewe kudu nebangi wit-wit sing wis duwur, terutama wit sing wis tuwo. Awak dhewe uga kudu ngetok ranting-rangting sing kedawan. Sing keloro, awak dhewe kudu ngencengke atap omahe dhewe, sing paling kerep mabur kui atep sing seko seng. Sing ketelu, yen awak dhewe kudu berlindung neng ruangan sing kokoh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8413", "text": "Kentut iku peristiwa gas sing metu teko anus. Kentut iku pasti dialami karo kabeh menungso sing dadi hal alami dan normal. Teko laman Healtline, kentut iku ncermino aktivitas bakteri nang usus sing nandakno pencernaan kerjo yaopo mestine. Kentut iku isok nentukno kondisi kesehatane uwong. Onok limang jenis kentut ambek artine gawe kesehatan. Siji, kentut gak mambu. Kentut iki nandakno sistem pencernaan sing sehat. Loro, kentut mambu. Kentut iki nandakno onok sesuatu sing keliru nang sistem pencernaan. Telu, sering ngentut. Normale menungso iku ngentut ping 15 ben dinone. Luwe teko iku, berarti onok sing gak tepak nang sistem pencernaan. Papat, sering ngentut tapi jarang ngising. Iku berarti tandane lagi bedegelen. Terakhir, kentut sing dibarengi kembung ambek lara weteng. Iku biasane mergo onok intoleransi panganan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4313", "text": "Jeding kemprok iku termasuk jeding sing ancene ora karoan rupane, contohne koyok ono rusohane sing ora tau diresiki koyok tegesan rokok sing ono nang jeding, terus ono maneh koyok uyo sing ambune isek mbekas polahe oleh guyang kurang resik, terus ono maneh sing paling jemberi yoiku jambane ono bekas kuning-kuninge sing isek ono. Nah roto-roto wong yo mesti mangkel ambek jembere megilan nag delok perkoro maeng. Terus perkoro iku maeng yo wes biasa ditemokno nang menungso normal mergo mesti marakno akeh wong sing mangkel ambek jember. Yo perkoro ngunuku maeng yo mesti gelek kedaden nang endi-endi. Mangkane nag duwe jeding iku nag iso diresiki ben ora marakno wong sing ate melbu ora jember.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3350", "text": "Biyen pas isek cilik mesti nag mari potongan gundul ora tau gelem metu teko omah soale mesti diece karo bocah-bocah sing sak pantaran sing rambute wes ora gundul. Yo perkoro ngunuku mangkane akeh bocah cilik mesti wedi nag dicukurno nang pasar. Aku dewe nag rambutko dowo biyen mesti emoh potong nang pasar soale nag nang pasar mesti dicukur gundul polahe bocah cilik. Nag wes ngunuku yo mesti singedan terus ambek ora wani dolan polahe wedi diece ambek dielokno karo bocah-bocah. Terus timbangane ora wani metu polahe dielokno yo turu ae nag omah ambek ngenteni bengi mari magrib lagek wani dolan ambek bocah-bocah terus ditutupi ambek ketu ben ora konangan nag gundul. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2614", "text": "Sedeh polahe keluarga mati iku yo perlu minonggko simbole roso sayang sing ora iso digambarno pas kelangan. Tapi roso iki yo elek nag kesuwen ono nang jero ati soale iso dadi roso sing aneh-aneh ambek pikiran sing macem-macem. Jarene koncoku roso koyok ngunu iku wajar ae ono nang atine menungso soale roso seneng ambek roso kelangan sing tubrukan dadi roso sedeh sing anyar. Nag jareku roso iki ancene kudune ono nang atine wong opo maneh nang keluargane dewe sing mati. Tapi roso ngene iki ojo sampek digedek-gedekno soale ora apik ambek iso ganggu mentale wong sing duwe roso iku maeng. Lah nag pengen roso iku cepet ilang teko atine, yo diadem-ademno ae atine.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2608", "text": "Sedeh polahe PHK iku ancene roso sing kudu diadohi. Masalahe roso iku iso mblahei kanggo wong sing ngerasakno roso iki. Roso iki iso dadekno wong sing sedeh maleh pikiran sing macem-macem. Padahal asline roso iki kenek diadepi karo pikiran sing apik-apik ambek ngelakoni penggawean sing iso gantekno roso sedeh maeng. Lah penggawean iku contone koyok penggawehan sing iso mbok lakoni terus iso mbok arahno kanggo ganteni penggawean sing wes tau mbok lakoni sak durunge PHK. Nag wes ngono roso sedeh iku bakal ilang gak saitik. Mangkane ojo sedeh-sedeh nag kenek PHK soale asline wong seng kenek PHK iku iso ae ngelakoni penggawean liyane. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5214", "text": "Kanggo pegawe sing wis kerja luwih saka wektu kontrak, apresiasi kuwi penting banget. Kudune para bos bisa luwih ngeregani usaha kuwi nganggo cara ngewenehi hadiah kaya oleh-oleh utawa wektu libur. Nanging ya ana hadiah sing bisa marai para karyawan ngerasa oleh welas asih yaiku hadiah liburan gratis. Ning akeh perusahaan, cara iki akeh digawe amarga dipercaya bisa nambahi produktivitas saka para karyawan, uga bisa nambah semangat karyawan. Nanging cara iki akeh ditentang yen keadaan keuangan perusahaan kuwi kurang stabil amarga karyawan uga bisa ngerasakake stres maneh amarga kudu kejar target. Amarga kuwi kebutuhan iki kudu dipikirake lan digawe alternatif liyane. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4951", "text": "Wingi ana rame-rame ning kampungku amarga ana kemalingan. Jebul pelakune bocah isih sekolah, anake Pak Yoyok, tanggaku. Bocah kuwi wis njupuk HP lan dhuwit ning omahe Pak RT. Untung warga wis dikandani yen ora oleh main hakim dhewe dadi bocah kuwi ora nganthi babak belur. Sing marai ora mentala kuwi Pak Yoyok lan bojone sing nyusul ning pendopo RT. Pak Yoyok lan bojone katon kuciwa lan ora nyangka. Bocah kuwi digawa balik karo bapak ibune lan diseneni. Banjur sesuke bocah kuwi ora katon maneh. Ana sing ngomong yen disekolahake ning pondok pesantren. Ya ana sing ngomong yen bocah kuwi dititipake ning Cirebon, ning omahe pakdhene.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3877", "text": "Wong sing ngelakoni perkoro elek mesti nag konangan iku mesti isine. Tapi nag anjene perkoro iku dianggep ora elek yo mesti ora bakal isin nag apan konangan. Tapi biasane wong sing isin nag apan konangan yo mesti biasane perkoro sing dialkoni iku elek, terus dadekno atine iku ora enak ambek pikirane barang yo ora anteng akhire dadekno perkoro sing ora enak. Mangkane nag ancene pikiranmu iku ora anteng pas ngelakoni perkoro sing menurutmu iku iso bejati regane awakmu palang ora atek dilakoni ben pikirane ora ajor ambek atine anteng soale nag dilakoni terus atine ora anteng yo mesti marakno roso wedi nag konangan wong akeh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8056", "text": "Onok gak di antara awakmu sing lagi dituti stalker dan pingin cepet cepet lepas teko jeratane stalker iku mau? Pasti kabeh pingin lah isok urip bebas dan tenang tanpa onok sing ngetuti. Aku nduwe cara ben awakmu isok nyingkirno stalker sing ngetuti awakmu. Siji, memperjelas posisi. Ngomong nek awakmu gak kepingin berhubungan ambek stalker iku mau. Lakoni dengan tegas, dan batesi interaksi sisan nek stalker iku mau ngehubungi lewat telpon. Loro, gawe catetan tentang kabeh sing mbok ketahui tentang stalker iki. Catetan iki isok digawe bukti nek awakmu laporan nang polisi. Telu, jaga jarak ben ngeroso stalker iku nyedek dan usahakno tetep onok nang lokasi keramaian. Papat, ngekeki eroh kabeh uwong sing onok nang sekitarmu gawe perlindungan. Limo, lindungi privasimu. Mulai teko ganti nomer sampe ganti email dan keki kontak anyarmu nang wong sing mbok percoyo. Enem, tingkatno keamanan, terutama nang omah. Terakhir, gowo kasus iki nang pengadilan nek wes temenan kebacut.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "713", "text": "Asu kabeh pancenan konco-koncoku. Aku iki paham yen aku iki ora iso ngomong kanthi cetho. Iki mung salah siji kekurangaku wae Sat. Tok kira awakmu wis sempurna po koyo malaikat? Mbok yo sadar, awakmu kui duwe kekurangan, mung ora sadar wae. Matamu picekmu ora iso ngoco? Aku uga ora kepengen dilahirke sumbing koyo ngene. Aku wis usaha kanggo iklas nerimo awakku opo onone. Tapi nek tok lok-loke terus, piye carane aku trimo. Yen kowe ora gelem ngewangi aku, mbok yo ora sah ganggu uripku to. Kowe kurang bahagia po opo kurang digateke. Wanine karo wong sing lemat, karo wong sing cacat.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3349", "text": "Setan iku ancene ngeridu utowo godohi menungso sampek dino kiamat ben akeh menungso sing kesasar dalane. Nah wong sing wedi polahe delok setan iku maeng yo wes biasa soale moro-moro metu ambek gowo rupo sing ora karoan oleh medenine. Terus jarene koncoku ambek guruku sing tau ngadepi perkoro koyok ngunu maeng, nag ancene temen-temen keweden iku disaranno ben moco dongo ayat kursi ambek dongo liyane sing iso ngantengno wong sing wedi maeng ben ora sampek keweden nemen. Nah ujute pas aku tau diketoki tapi tetep ae isek keweden, tibake jarene koncoku maeng, sing garai wedi iku ancene atimu sing ora mantep ambek pengeran polhae dongo iku maeng, dadi nag dongo iku dikongkon sing mantep ben dongone maeng mandi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8077", "text": "Serangan panik iku isok dialami sopo ae. Nek misal awakmu ngonangi onok koncomu utowo wong liyo sing nyudokno gejala serangan panik, cepet cepet tulungono. Cara gawe nulungi wong sing kenek serangan panik iku ngene. Siji, tenang dan tetep damping wong iku mau. Loro, nek lagi nang lokasi keramaian, gowo korban nang panggon sing luwe sepi dan tenang. Telu, gak usah kakean asumsi. Langsung ae takon nang korbane, “Awakmu butuh opo?”. Papat, nek korban nduwe obat, cepet tawarno. Limo, ajak ngomong nganggo kalimat sing endek dan sederhana. Enem, hindari faktor gangguan opo ae sing marakno kaget. Pitu, pandu wong iku gawe tetep fokus dengan njaluk de’e ngelakoni kegiatan cilik sing diulang-ulang. Terakhir, pandu gawe ngatur ambekane, carane diajak ambekan alon sampe hitungan sepoloh alon-alon.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5359", "text": "Dadi wong tuwa kuwi bisa katon kesel banget amarga anak kadang tingkahe uga ana wae. Dadi wong tuwa iki angel lan kudu sabar. Kamangka sing kudu dijaga yaiku emosi lan mulai nyontohake kebiasaan sing apik saka omongan lan kelakuan. Aja muring-muring tanpa sebeb lan kudu bisa misahake masalah sing anak perlu ngerti lan ora kamangka masalah kuwi bakal ngaruh marang perkembangane anak yen wis gedhe. Nanging ya kadhang wong tuwa sing isih enom iki mung mikirake emosine dhewe nanging ora ngerti akibate marang mental anake. Kamangka anak kudu bisa dijak komunikasi ben bisa ngerteni emosine wong tuwane dan dibiyasakake wiwit cilik.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7931", "text": "Dino iki, wayahe mbah kakung gawe operasi sikile sing putung mergo tibo nang dalan. Kabeh anak ambek putune melu ngenteni nang Rumah Sakit, termasuk awakku. Awak dewe kabeh bener-bener dungo trus ben operasine mbah kakung lancar dan isok selamat. Suwe banget operasine, bahkan awak dewe sampe sempet mangan awan bareng nang kono. Mbarine mangan, moro-moro aku ndelok suster podo wara wiri melbu metu teko ruang operasi. Mergo penasaran, pakdheku takon nang salah siji sustere. Jarene operasine berhasil, tapi mbah kakung malah kenek serangan jantung. Awak dewe kabeh sing ngerungokno iku langsung mak dheg dan podo ketar ketir. Iku berarti mbah kakung lagi kondisi sekarat gak seh? Aku ndredeg nemen nek misal mbah kakung gak selamat. Dan gak suwe, doktere metu dan ngomong nek nyawane mbah kakung gak isok diselamatno. Aku langsung lemes pol sampe gak isok ngomong opo-opo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5676", "text": "Kelelep ning kolam kuwi kadhang ora bisa diprediksi amarga awak dhewe kadhang ora ngerti kepiye persiapan fisik sak mestine sak durunge renang. Nanging apa sing bisa dilakoni ben ora tambah kelelep senajan bisa renang? Kaping pisan yaiku tetep tenang lan ora panik amarga panik kuwi marai pernapasan lan gerak ning banyu ora lancar. Banjur yen wes tenang lan bisa mikir, obah alon-alon lan ngelemesakae awak ben bisa ngambang maneh karo golek pitulungan ben bisa diangkat marang pinggir kolam. Sing paling penting yaiku nggolek cekelan sing ana ning pinggir kolam lan ngelemesake sikil uga ngatur maneh ambegan, yen ana pitulungan, jajal dadi wong sing kooperatif. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1431", "text": "Aku lan keluargaku kui neng omah ora biasa gawe sambel terasi. Sing ora seneng kui, sebenere ibuku. Mergo ibu ora tau masak kui, aku dadi uga melu ora biasa karo ambune sing nyegrak kui. Pas kui, aku tau karo konco-koncoku sekelas neng omahe koncoku sing lagi nikah. Dheweke wis nikah seminggu wingi, nanging awak dhewe lagi sempet ketemu pas kui. Tekan kono, awak dhewe disugui mangan awan. Bojone masak akeh banget. Sayuran lan lawuhe lengkap. Dheweke uga gawe sambel terasi sing okeh banget. Mergo aku ora kuat, aku langsung metu seko ruangane kui. Aku madange bar liyane wis madang. Timbangane, aku mukok mergo ngambu sambel mau. Malah ngerusak napsu mangan konco-koncoku sing liyane.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4939", "text": "Ora kabeh wong bisa nerima yen ana trauma jaman cilik sing ora bisa diilangi amarga wong kuwi mesti mbuka memorine dhewe. Ana terapis profesional sing bisa nyehatake lan bisa ngerungokake cerita, nanging malah diarani edan amarga nang dokter jiwa. Anggepan iki sing marai wong ora gelem lunga marang psikiater utawa psikolog. Sejatine menungsa iki ya butuh marang spesialis jiwa amarga kekuatan menungsa kanggo nanggung masalah iki terbatas lan ora bisa dipadhakake. Masalah iki kalebu trauma jaman cilik, kamangka saiki ayo aja isin yen kudu lunga marang ahli jiwa amarga kesehatan jiwa kuwi ya penting kanggo kelangsungane urip ning jaman sing abot iki. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2657", "text": "Gelakno wong sing dianggep penting nang urip ancene gelek kedaden. Opo maneh saiki wes jamane ora karoan. Biasane sing gelek kedaden perkoro maeng yaiku teko omongan sing ora dipiki disek nag ngomong. Teko omongan maeng akhire terus dadi kelakuan sing bakal mujudno omongan iku. Opo maneh saiki jamane media sosial sing iso garai wong sing konconan apik iso dadi gelut ora karuan. Mangkane ojo sampek omongan iku iso gelakno wong sing paling penting nag uripmu, dadi nag iso ojo kakean omong ben awakmu slamet soale saiki akeh wong sing ora slamet polahe omongan sing gelakno atine wong liya sing akhrie dadi loro ati ambek marakno gegeran.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9061", "text": "Kabeh uwong nang keluargane iku wes apal nek Juna iku arek e nduwe demam panggung sing nuemen. Ndelok panggung ae wes gemeter, opo maneh munggah nang kono. Tapi siale, onok pakdhe ne sing gak eroh nek de’e iku demam panggung. Terus pakdhe ne iku ngongkon Juna gawe dadi MC nang nikahan anake alias sepupune Juna. Arek iku wes nolak, ngomong nek de’e nduwe demam panggung. Kabeh wes ndukung Juna sisan. Tapi pakdhe ne gak ngandel dan tetep mekso Juna gawe nge-MC pas hari-H. Akhire pas acara, Juna bener-bener kepekso dadi MC. Selama nggawakno acara, Juna ngomong sambil ndiluk dan moco teks tok, gak wani gawe ndelok tamu-tamune.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6193", "text": "Pengalaman sing marai isin liyane yaiku marai macet ning tol amarga kartu e-toll ora bisa dinggo banjur marai macet. Nanging senajan ana babagan sing macet, karcis tol sing wis diganti dadi kartu e-toll iki marai kabeh luwih cepet. E-toll yaiku kartu sing bisa dinggo mbayar biaya mlebu ning dalan tol. Wong mung cukup nemplekake kartu ning mesin tol banjur gerbang tol iki bisa kebuka. E-toll iki nggawe sistem RFID (Radio Frequency Identification) sing marai ana kemungkinan transaksi saka jarak adoh. Ning Pulau Jawa lan wilayah Bali, meh kabeh tol wis ngaggo teknologi iki. Wiwit taun 2017, pemerintah wis mulai ngadakake sosialisasi kanggo mbayar e-toll.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3792", "text": "Pengalaman sing mangkelno iku asline mesti tau dialami karo wong-wong sing urip nang dunyo iki, mboh iku ancene mangkelno, utowo ancene pengalamn biasa ang didelok wong liyo tapi jarene pikirane sing ngalami termasuk pengalaman sing ora karoan eleke. Mangkane kabeh pengalaman sing jenenge jijiki iku kadang durung karoan jarene wong liyo iku jijiki, tapi kadang jarene wong liyo iku tambah lucu, contohne koyok ngitai telek kocing, terus keceret, ambek liyan-liyane iku maeng. Yo ancene rodok aneh ambek sing jenenge pengalaman sing jijiki maeng. Kadang wong ngarani lucu, tapi sing ngalami perkoro iku dadi perkoro sing jijiki mergo marakno sing ngalami perkoro iku maeng isin.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1040", "text": "Selama urip 24 taun iki, aku durung tau delok demit. Nanging aku wedi banget neng ketemu langsung. Tekan saiki ora akeh film horor utowo sing nyeritake dedemitan. Film sing tak tonton wae kui nonton barengan karo konco, ora ono neng sing tak tonton dhewe. Aku biyen uga wong sing ora iso ono neng ruangan sing peteng lan sepi. Soale aku wedi banget. Dadi tau pas kui, aku neng omah dhewekan bengi-bengi. Ngerti-ngerti neng panggonku udan deres banget. Sangking deres dadi mati listrik. Pas lampune mati wedi aku langsungan. Opo meneh, pas kui batu HPku entek lan internete melu mati. Timbangane aku mikir sing ora-ora, aku pengen turu wae. Nanging, aku iling durung salat. Aku langsung cepet-cepet neng kamar mandi. Wudlu salat, banjur turu. Kui wae pas aku merep, aku ngerungke wuni-wuni sing aneh. Tambah aku wedi lan dadi soyo angel turune.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "776", "text": "Belakangan iki akeh banget kedadean rusuh mergo wong bedo suku. Koyo sing kedadean neng Yogyakarta iki, ono tawuran antar suku mergo ono wong seko salah siji suku kui sing ora gelem bayar bubar rampung karokean. Tawuran kui ngeri banget ono sing tangane putul mergo kebacok. Beberapa fasiltas neng sekitaran kui uga podo rusak. Ben awak dhewe sebagai warga Indonesia urip rukun terus, ono beberapa hal sing kudu awak dhewe tanemke neng wong-wong, terutama kanggo ngenerasi enom. Sing kesiji, awak dhewe ora entuk terlalu bangga seko suku asal. Sing keloro, awak dhewe kudu ngerti yen sak ben suku kui duwi keunikan lan ciri khase dhewe-dhewe. Sing ketelu, yen misal ono keteganan, usahake dirampungke nganggo dialog, dudu nganggo tangan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9538", "text": "Aku wedi banget yen wiruh mobil jeep, pokoke wedi. Mbok menawa saperangan bocah uga duwe rasa wedi kang padha karo mobil kuwi. La kok isa? Ya bisa wae, la biyen ki mobil jeep identik karo mobile penculik sing seneng ngajak bocah cilik lunga adoh ora ngerti ngendi tujuane. Sansaya suwe, yen dipikir maneh, ora kabeh trauma masa kecil kuwi kudu dinut nganti tekan dhiwasa. Saiki bayangke, kowe mudhun seka mobil jeep nganggo kacamata ireng, kathokan jeans karo jaketan denim, yen disawang lakyo gagah tenan. Mula, aku duwe pangarep marang kowe kabeh, bisaa padha ngolah rasa, supaya ora salawase duwe penggalih yen trauma kuwi mesthi dadi bab kang ala lan nistha. Ananging, yen awake dhewe bisa ngrubah sudut pandang, trauma mau bisa dadi bab kang nambah value dhiri pribadhi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9486", "text": "Dadi manten pancen pegel. Kudu nyalami puluhan kanti atusan wong sing diundang. Ora mandeg tekan kana, manten uga kudu sumeh kanggo nyalami saben wong. Iki pirang-pirang tata cara supaya ora gampang pegel lan bisa ngguyu terus nalika dadi manten. Nomer siji, kudu iling yen iki dadi salah siji dina paling nyenengke ana ing urip. Nomer loro, aja nganti sedina sadurunge adicara malah ora turu utawa begadang. Kudu turu sing suwi lan cukup sarta njaga kasihatan. Sing terakhir, aja lali ngajak omong bojone kanggo geguyon ing ndukur kuwade supaya ora sepaneng. Muga-muga ana ing dina sing paling dienteni iki bisa ngguyu tekan wiwit nganti adicarane buyar.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3746", "text": "Roto-roto wong nag petuk ambek sing jenenge coro guweng iku mesti mangkele setengah mati. Sing garai mangkel setengah mati iku maeng iku merko kewan iku iso marakno penyakit gatel-gatel sing ilange suwene megilam. Terus yo iso marakno ambu ora sedep barang sing akhire nag akeh iso dadi pengok ambek ora enah nag diambu. Terus sak liyane iku kadang yo marakno ati jengkel barang polahe nag digorok nag gak nyokot yo nguyoi sing gurak sing akhire nag kenek kulit iku iso gatel-gatel ambek ora karoan gatele. Mangkane nag ono kewan iki kudune ati-ati soale ora kenek dianggep sepele masio kewan iki termasuk sing paling gampang dipateni.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9594", "text": "Menawa duwe pepinginan utawa mutusake urip dhewe, langkung prayoga menawa urip ana desa kang isih kenthel rasa guyube. Pamanggih mau nyata benere, awit cirining masyarakat desa kuwi paguyuban. Sapa aruh, seneng tetulung, kerep nangga, pambiyantu tanpa pamrih, wus dadi adat sabene masyarakat desa. Yen kowe urip dhewe lan manggon ana desa, adate isih ana tangga kang melu ngawasi urupmu. Tegese menawa kowe ora ngetok sawetara bae wus mesthi dikaruhke. Yen kowe rumangsa kurang ya bakal diewangi ngemonah supaya bisa cukup. Perangkat desa uga langkung gatekake wargane kang urip dhewe apamaneh menawa wis klebu yuswa lanjut usia. Kowe ora perlu bingung yen nandang susah, misale banyu ing omahmu ora mili, yen ora bisa ngatasi, tanggamu isih gelem melu ngewangi. Mula pamanggih mau penggalihna.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9878", "text": "Wong meteng iku pancen wis direncanakana sadurunge rabi. Ora mungkin ora ana rencana apa-apa njuk ujug-ujug bisa meteng. Proses meteng iku ya bisa didelok kanti ilmiah. Ana pertemuan sel telur lan sel sperma sing ana ing rahime wong wadon saengga akhire bisa dadi janin. Senajan kaget amarga ujug-ujug meneng ya ora papa. Ning ora perlu keweden. Sing dibutuhake mung persiapan kanggo calon wkng tuwa supaya ora culture shock nalika bayine lair. Bisa langsung konsultasi ning dhokter supaya diwenehi ngerti babagan ngeramut kehamilane supaya bisa seger waras nganti wayahe lair. Mula ayo padha jaga kasarasan nalika meteng supaya jabang bayine bisa seger waras tanpa kurang apa-apa nalika lair.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5738", "text": "Gempa bumi kuwi dadi salah siji bencana alam sing ora bisa diprediksi kapan tekane, nanging anane gempa bumi iki bisa disiyapake, apa maneh yen wilayah kuwi ana ning daerah sing berpotensi kaya gunung utawa laut. Akeh cara sing bisa dilakoni yaiku ana pendidikan siaga bencana ning sekolah-sekolah lan bisa uga saka BPBD. Kanggo siaga bencana, babagan liyane sing bisa dilakoni yaiku ngawasi informasi sing ana ning twitter ben ora panik. Sosial media iki cepet lan bisa ngewenehi informasi sing akurat saka BMKG. Kamangka, ayo saiki dadi wong sing luwih siyap ngadepi bencana lan dadi wong sing aktif nyebarake informasi babagan siaga bencana iki. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "313", "text": "Ditinggal wong lunga seko donyo iki, awak dhewe mesthi ngeroso sedih, piye wae carane wong sing awak dhewe sayangi kui sedo. Tiyang iso sedo mergo umure wis tuwo. Kematian kui wis dadi takdir kabeh menungso. Sak sihat-sihate awak dhewe, ora bakal iso ngindari kematian. Wong uga iso mati mergo penyakit. Penyakit kui ono sing penyakit turunan, koyo diabetes, ono uga isng penyakit sing nular, koyo COVID-19. Wong uga iso sedo mergo kecelakaan. Kacilakaan kui iso kadadean mergo korban sing ora ngati-ngati utowo wong liyo sing nyetir sembrono. Sedo uga iso disebabke mergo ono bencana alam. Yen kedadeane dadak banget, ora ono wektu kanggo wong nyepake persiapan nyelamete awake dhewe. Wong uga isa sedo mergo bunuh diri.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9428", "text": "Duwit sing wis suwe ditabung iku wis sak mestine ditokna kanggo tuku barang sing wis dipengeni. Nanging aja lali kanggo ngatur dhuwit tabungan iku mau supaya ora langsung entek lan koe bisa duweni tabungan maneh. Senajan wis seneng banget nalika tuku barang sawise nabung, aja lali sisan kanggo nyimpen sisa dhuwite. Supaya ora kalap, sadurunge kudu nggawe cathetan dhuwit iku bakal ditukokne barang apa wae. Pancen angel apa maneh yen wis kalap bakale lali lan nuku apa wae sing ana ing ngarepe mripat. Ayo padha eling kanggo nabung supaya ora ndromos lan isih duweni dhuwit kanggo tuku barang liyane ya!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3019", "text": "Wong sing dadi korban enyek-enyekan polahe kurange fisik sing diduweni biasane mesti srengen utowo ngamuk. Mangkane bocah-bocah saiki mesti dianjurno ojo sampek ngelakoni perkoro iku soale iso dadekno wong utowo bocah iso kenek ganguan mental utowo sikologine keganggu. Nag wes kadung kenek nginiki urusane iku maleh angel soale sing jenenge mental iku angel dandanane. Sak liyane iku sing jenenge ganguan iku maeng iso mengaruhi uripe nang lingungan sekitara. Mangkane sing jenenge bocah nag wes kenek nginiki kudu oleh roso perhatian sing luwih. Ono sing sampek ngajurno nag kudu digowo nang sikolog ben ngerti kondisi mentale koyok opo ambek cara nanganine.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7218", "text": "Ben awakmu nyelawat nang omahe konco utowo dulur sing ditinggal mati, pasti wes gak asing ndelok uwong sing kakean nyocot sampe marai wong sing ditinggal tambah lemes. Nah awak dewe ojok dadi wong sing koyok ngono rek. Wes gak onok untunge, malah nambah duso. Nek wes ketemu ambek wong sing ditinggal mau, ngomong nek awakmu melu berduka. Terus didungakno cek tetep sabar dan tabah. Terus dihibur ambek disemangati sisan. Wong sing buru ditinggal mati iku pasti atine lagi ndek fase terpuruk dan super sensitif. Kudune mereka istirahat, tapi iku jelas gak mungkin. Mereka kudu nyambut tamu-tamu sing nyelawat. Dan perane awak dewe cek ngeringano bebane wong iku dengan cara didungakno dan dihibur iku mau. Dadi nek awakmu nyelawat, praktekno rong cara mau yo rek.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4459", "text": "Klambi kembar ambek wong sing ora dikenal jane wes ora atek digawe masalah sing gede ambek digawe isin, lah wong iku munun wes kedaden nang endi-endi, terus kembare klambi iku kan ora mergo nag klambi iku nemok ambek dikei, dadi yo wes ora atek isin mergo klambi iku kembar. Nah sing marakno kembar maeng kan yo pabrike mergo pabrik kan gawene mesti ora mok siji tok, dadi yo wes wajar ambek lumrah nag perkoro iku maeng kedaden nang endi-endi. Sing biasa ae ora atek isin mergo perkoro sing sepeleh ambek ora atek digedek-gedekno polahe perkoro klambi, lah wong podo-podo klambi tukune ae kok sampek isin lapo nag podo. Sing penting klambi iku kan gone dewe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1569", "text": "Senadyan ora ono sing ngewajibe awak dhewe kanggo bayar utang budi, nanging awak dhewe tetep usaha kanggo nyauri. Biasane wong sing ngutangi budi kui ora ngeroso koyo ngutangi. Niate dheweke kui nulungi awak dhewe lan ora ngarepke opo-opo seko awak dhewe. Nanging, awak dhewe tetep kudu usaha kanggo bayar utang kui. Awak dhewe ora kepengen dadi kacang sing lali karo kulit. Senadyan, awak dhewe ora ngerti jumlah sing kudu awak dhewe sauri. Nanging awak dhewe tetep ngelakoke hal sing paling apik kanggo bayar niat tulus wong sing nulungi awak dhewe. Yen awak dhewe wis sukses lan ketemu wong sing nulungi awak dhewe, awak dhewe ora kepengen ngeroso isin mergo durung ngelakoke opo-opo kanggo wonge kui.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9123", "text": "Ancaman iku sembarang kalir usaha utowo kegiatan sing dinilai isok mbahayakno objek sing terancam. Ancaman non militer iku ancaman sing gak nduwe sifat fisik, soale ancaman iki dimensine nang ranah ideologi, politik, ekonomi, sosial budaya, teknologi, informasi, ambek keselamatan umum. Ancaman non militer iki dinilai isok luwe berbahaya timbang ancaman militer mbasio gak onok peran senjata nang kono, soale pergerakane iku perlahan tapi pasti. Contoh bentuk ancaman non militer iku mulai teko gerakan kelompok radikal, intimidasi gawe ngelakoni tekanan politik nang negara liyane, inflasi, duwure pengangguran, daya saing perekonomian sing rendah, sampe nang ranah alam koyok bencana alam, contohe tsunami ambek banjir.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2028", "text": "Yen ora ono awak dhewe omahe tonggo dhewe kobongan, awak dhewe ora usah panik. Yen awak dhewe panik kui, awak dhewe malah ora iso ngewangi opo-opo. Wong sing panik pas kobongan kui malah iso gawe kisruh kahanan sing wis ribet neng kono. Yen awak dhewe ora iso ngewangi opo-opo mending awak dhewe meneng wae. Neng kahanan koyo ngono kui yen awak dhewe ngeroso panik kui wajar. Nanging yen awak dhewe iso ngendalike panik kui, awak dhewe iso nulungi. Panik kui iso nular. Wong liyo sing awale biasa wae yen delok wong panik kui iso dadi melu panik. Panik kui bahaya soale wong-wong dadi iso ngelakoke perkoro-perkoro sing ora masuk akal.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3354", "text": "Ngenyek uwong iku asline penggawean sing ora pantes dilakoni soale iso dadekno wong iku maeng loro ati. Opo maneh nag ngenyeke iku maeng teko kekurangane awake yo mesti tambah garai wong iku maeng srengene pol ambek wong sing denyek maeng. Sing paling nemen nag sing dienyek iku sampek keweden nag dienyek terus iso garai wonge maeng wedi nag metu teko omah ambek nak lapo-lapo dadi ora iso anteng pikirane. Mangkane penggawean sing jeke nginiki iku yo ora oleh dilakoni ambek wong, opo maneh nag enyek-enyekan sing garai sampek gelot terus iso dadekno perkoro anyar yo tambah ora apik. Mangkane nag undang-undang ae sampek diatur polahe perkoro ngunuku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4938", "text": "Yen lagi ana beban lan trauma sing ora bisa dirampungke dewe, salah sawijine cara kuwi yaiku bisa cerita karo wong liya sing dipercaya. Trauma iki pancen ora bisa langsung waras lan langsung ilang. Nanging ya bisa langsung nuwuhake rasa percaya sing anyar. Akeh wong padha bingung banjur ngilangake nyawane dhewe ben bisa ngelalekake trauma. Nanging cara iki sing paling ora disenengi karo Gusti Allah amarga isih akeh harapan sing bisa dikembangake. Kamangka, apa wae masalah sing dirasa abot, aja dipendem dewe lan suwe-suwe dadi bom waktu sing efeke ngajurno awake dhewe. Wong sing dipercaya kuwi mau bisa nulungi masio mung ngerungokake. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "2649", "text": "Asline roso sedeh sing dialami bocah-bocah polahe ketolak mlebu universitas iku ora perlu. Soale opo? nak universitase iku nolak artine awakmu iku ora jodoh ambek universitas maeng. Jajalo nang universitas liyane, engko lak mesti ketemok universitas sing gelem nerimo opo onone awakmu. Nag awakmu tetep mekso nag kampus iku yo bakal loro ati maneh. Mangkane wes ora atek sedeh polae getolak mlebu kampus. Kampus loh isek akeh, dadi wes ora atek sedeh, ilangno sedehmu iku, urip ojo itik-itik sedeh, itik-itik sedeh, dadi generasi enom iku ojo gampang sedehan. Mosok sedeh polahe getolak mlebu universitas. Mbok yo sedeh iku sing berkelas titik ngunuloh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4324", "text": "Preian semester 7 biyen, bocah-bocah ngejak nyambangi koncone awak dewek kabeh sing ono nang kota Mojokerto, nah pas tutuk kono tibake omahe iku isek deso, terus wong tuwone iku ngingoni pitek sing digeleh pinggire omahe. Nah salah sijine koncoku iku maeng langsung nyumpet irung ambek gedek mergo delok ambek ambu teleke pitik sing ono nang ngisore wit pinggire bocah-bocah parkir sepeda montor. Jarene deke, ambune telek sing basine megilan iku sing marakno deke iku jembere megilan, terus sak liyane iku sing marakno deke iku geting ambune iku angel ilangane neg gak disabun peng bolah-balik lagek iso ilang. Yo mesti se sing jenenge telek yo ambune basin nag wangi yo kembang.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9546", "text": "Salah sijine impene Jeno yaiku bisa mlebu universitas apik sing ana ing Singapura. Jeno wis sinau kanti tenanan supaya bisa mlebu universitas iku, nanging nyatane Jeno isih ditolak amarga ana salah siji bijine sing kurang. Jeno sedih lan mikir apa usahane kurang gedhe, apa dungane kurang akeh. Nanging nalika Jeno kanda ning gurune, Jeno diwenehi saran utawa cara supaya bisa lolos universitas. Nomer siji, nalika wes tau ditolak universitas coba kanggo didelok maneh apa universitas sing dipilih kedukuren. Nomer loro, ngaso sik yen wis siap berjuang maneh baru sinau maneh kanggo merjuangno universitas iku. Sing penting yaiku ora pegel kanggo berjuang.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "335", "text": "Awak dhewe kerep ketemu karo wong-wong sing opo-opo dicritake. Misale, dee lagi keno musibah mesthi crito karo konco-koncone. Pas dee lagi oleh sesuatu, barange kui langsung dipamerke. Yen dee lagi mangkel karo wong, dee crito koyo opo eleke wong kui, koyo arep ngehasut sing liyane ben mangkel karo wonge kui. Wong-wong sing koyo ngono kui pancen jaluk perhatian utowo pengakuan. Opo sing dirasakene kui bener. Dee butuh wong liyo kanggo mengkonfirmasi opo sing dirasake. Biasane, wong-wong sing koyo ngono pas cilik kerep ngeroso dhewekan. Ora ono wong lan konco sing iso dijak berbagi perasaan. Kui sifat sing sok mangkelke. Nanging awak dhewe kudu paham, tabiat kui asale seko ngendi.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1533", "text": "Pas isih sekolah, awak dhewe sekelas sok guyon. Awak dhewe guyoni siji karo liyane. Alesane supoyo suasana kelas dadi sero wae. Ono sing iso nerimo nanging ono uga sing ora iso. Dheweke ngerosi isin pas diguyoni. Reaksine wong-wong sing isin diguyoni neng kelas kui werno-werno. Ono sing pas diguyoni dheweke langsung nutupi raine. Dheweke langsung balik neng bangkune. Banjur deleh sirahe neng duwur mejo. Ono uga sing sangking isine langsung metu seko kelas. Dheweke mending dhewekan neng panggon sing sepi, koyo ruang UKS lan kamar mburi sekolah. Ono uga sing isin kui, ketok biasa-biasa wae. Nanging pas bel bali sekolah kerungu, dheweke langsung menyang omah. Dheweke isih isin yen isih dolan neng sekolah.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "229", "text": "Nabung kui ora mung kanggo barang seng disenengi utowo sing dipengeni. Luwih apik yen duwit sing ditabung kui kanggo barang-barang atau kegiatan sing iso gawe awak dhewe iso luwih produktif. Misale, awak dhewe seneng karo fotografi. Selama iki, awak dhewe mesthi nyilih utowo nyewo kamera pas pengen foto-foto. Yen tabungane kui, dienggo tuku kamera bakal luwih produktif timabange dienggo tuku PS 5. Terus mergo wis duwe kamera dhewe, awak dhewe makin jago. Seko kui, awak dhewe iso nawarke jasa foto pas awak dhewe lagi selo. Seko asil dadi juru foto kui, awak dhewe iso nabung meneh kanggo tuku laptop utowo komputer sing luwih apik. Awak dhewe saiki dadi iso ngedit foto luwih profesional. Lan jasa awak dhewe kui iso diregoni luwih larang.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5347", "text": "Akeh wong kang ora betah yen wayah macet ning dalan. Biyasane macet iki malah marai mumet amarga ora ana persiapan sing mateng, apa maneh yen nggawa anak cilik. Kamangka kuwi, akeh cara sing kudu disiyapake kanggo ngindari macet ning perjalanan. Kaping pisan yaiku, ben ora sumpek, bisa nyetel lagu-lagu sing disenengi ben ora bosen ning jero mobil, siyapake lagu-lagu sing disenengi sak keluarga kamangka bisa ngilangi bosen lan njaga suasana ben tetep nyenengake. Kaping loro yaiku nyiyapake jajanan ben ora keluwen, amarga yen luwe iki marai kemangkelen ning dalan. Kaping telu yaiku tetep dicek bahan bakar lan banyu kanggo ngombe ben kendaraan lan penumpang tetep stabil keadaane. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3856", "text": "Isin polahe gawe klambi sing podo saiki wes gelek dialami ambek bocah-bocah enom saiki. Padal asline kan yo ora opo-opo soale pabrik sing gawe klambi kan yo ora mok siji. Mosok polahe klambi podo ae kok isin. Nah sing garai isin iku maeng kan ora klambine sing podo tapi atine sing wes dikemuli ambek pikiran sing gengsi akhire dadekno roso isin sing metu nang awake maeng. Jajal nag wong iku maeng biasa ae, yo jelas ora bakal isin ambek mesti ora ngereken perkoro iku maeng. Mangkane nag ancene duwe roso ngunuku yo sangu pakian liyane sing sekirane ora ono sing ngembari ben ora isin nag gawe klambi. Contone koyok jaket ambek liyan-liyane.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5760", "text": "Aku lan ibuku ana rencana ning Jakarta dina Senin iki amarga sedulurku ana sing nikahan. Adhiku ana ujian ning sekolah, kamangka adhiku ora melu ning Jakarta lan kudu jaga omah. Kira-kira ana seminggu aku ning Jakarta. Dina pertama, adhiku ngerasa yen biyasa wae. Nanging amarga omahku kuwi omah tuwa, adhiku keweden lan milih nginep ning omahe budheku. Kamangka omahku kuwi kosong, adhiku ngerasa yen sering dideloki kawo wong sing ora katon lan ngerasa yen omah iki katon singup. Ditambah ning ngarep omahku ana wit ringin gedhe banget, adhiku wedi yen dewean jebul ana dhemit sing melbu omah. Amarga keweden, adhiku uga dadi ora bisa turu ning omah. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7504", "text": "Onok gak sing sering banget diketokno makhluk-mkahluk alus koyok jin, hantu, dan liyan-liyane, padahal awakmu gak lagi mbari lapo-lapo, utowo gak nggoroi opo-opo. Isok ae nang njero awakmu iku onok jin e. Istilah liyane awakmu lagi ketempelan. Menungso biasa iku ancen gak bakal isok ndelok makhluk-makhluk alus koyok ngono, nek gak hantune sing ngetokno diri. Tapi wong-wong sing lagi ketempelan iku dadi luwe peka ambek sekitare dan setan sing nempeli iku nyalurno energine sing marakno wong iku isok ndelok jin-jin sing onok ndek sekitare. Alesan wong iku ketempelan iku biasane mergo ‘pertahanan diri’ ne lagi lemah dadi luwe gampang gawe ‘dikendalikno’.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2572", "text": "Roso seneng iku asline kedaden teko perkoro sing aneh-aneh ambek ora kepikir karo wong sing bakal ngerasakno roso seneng iku maeng. Lah roso seneng sing disebabno petuk ambek idola yaiku roso seneng sing ancene kedaden mergo tekone perkoro liyo utowo wong liyo nang uripe wong sing bakal ngerasakno seneng iku maeng. Roso seneng koyok ngeneki biasane oleh mujudno ora karuan ambek biasane langsung diwujudno karo wong sing duweni roso seneng maeng. Tapi biasane nag mujudno roso seneng sing model nginiki ora iso ucul bebas emosine soale ketahan ambek sifat sing ati-ati, roso kuwatir, ambek wedi sing moro-moro teko nang ati karo pikiran.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8323", "text": "Kopi luwak iku salah siji jenis seduhan kopi sing bijine dijupuk teko sisa teleke luwak utowo musang kelopo. Biji kopi iki nduwe roso sing bedo mbarine dipangan terus ngelewati saluran pencernaane luwak. Biji kopi iki mulai dipasarno sekitar tahun 1980-an. Biji kopi luwak iki dinilai dadi biji kopi paling larang sak dunyo sing regane isok sampe USD100 per 450 gram. Awal mulane onok biji kopi luwak iku mergo luwak iku dewe senengane mangan buah kopi, terus biji kopi sing gak isok dicerna mau bakal metu bareng karo telek e luwak iku mau. Teko kono, petani kopi mulai mburu biji kopi luwak sing kececeran dan didolno.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9835", "text": "Ngerayakna ulang taune kanca saiki bisa akeh banget carane. Salah sijine kanti cara ngeprank. Prank iki bisa sing gampang wae supaya ora nggawe cilaka wong sinh diprank. Misale pas kanca ulang taun, kene ora perlu ngucapke lan apen-apen lali. Biasae bocahe bakal ngamuk amarga dilalekke, lah pas ngamuk iku langsung kene teka nggawa kue ulang taun. Prank kanca ulang taun sing penting ora nggawe sing ulang taun lara ati banget. Aja nganti nggawe prank sing bisa ngilangake rasa seneng dina iku amarga dina iku dadi dina sing paling dienteni yaiku pas ulang taun. Prank kanca sing biasa wae supaya dheweke tetep kerasa seneng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9455", "text": "Pengalaman mlebu TV iku ora diduweni karo kabeh wong. Mung wong bejo sing duweni kesempatan iki. Senajan mung dafi figuran ana ing acara TV, nanging rasane kok seneng banget. Kabeh wong bisa ngerti ana raiku ing TV. Raiku didelok karo kabeh wong sak Indonesia. Rasane aku dadi terkenal ana ing sak wengi. Kabeh padha ngomongna cara aktingku sing apik lan nggarai nangis amarga pas iku aku akting dadi wong sing ora duwe dhuwit. Tibakne ngene rasane melbu TV. Bayarane uga akeh senajan mung figuran. Mulane akeh banget wong sing kepengin pol dadi artis supaya bisa mlebu TV lan oleh bayaran akeh.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "792", "text": "Pas kui, aku lagi dhewekan ngeteni rombonganku metu seko kamar hotel. Awak dhewe arep dolan bengi kui. Aku ngenteni suwe banget. Aku tekan ngerungoke wong sing nesu-nesu neng ngarep respsionis. Jarene kamar sing dipanggonine saiki elek banget. Sing pertama dheweke keluhke kui lawange kui angel dikancing. Sak liyane kui, pas dheweke lagi mlebu jobine reged lan ora ono tanda-tanda wis disapu utowo dipel. Kamar mburine uga durung diresiki. Peralatan mandi koyo sabun, sampo, karo anduk kui durung ono dicepak neng jero kamar. Neng jero kemul, dheweke nemu rambut sing rontok okeh banget. AC kamare uga rusak. Pokokmen dheweke komplain akeh perkoro kamare kui. Dheweke ngomong nganggo suara sing banter.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3465", "text": "Roso wedi polahe dewean ancene mesti tau dialami uwong-uwong, mboh iku polahe manggoni omah anyar, nang gon sing ora tau ditekoni utowo ancene dolan terus koncone maeng mere diluk polahe kebelek yo iso ae koyok ngunu. Tapi asline roso wedi sing koyok ngunuku iku iso dadi sak lawase nang awake wong iku maeng soale ancene dibarno. Tapi kudune roso ngunuku kudune nang diilangno utowo dilateh gal saitik ben ora kacel terus akhire iso ilang. Nag ancene dibarno terus akhire dadekno wong sing duwe roso wedi iku maleh dadi wong sing jere. Nandi-nandi mesti jaluk diterno utowo dikancani soale wes kadung kebiasaan koyok ngunuku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5234", "text": "Jaman saiki akeh banget acara TV sing ngawur amarga ngerjani wong kanthi wonge kaget utawa keweden. Apa maneh yen pas ngerjani kuwi, mesti ngageti lan marai wong kemangkelen. Pancen acara ngene iki mesti ana hiburane, nanging ya kudu digatekake babagan sapa wae sing bisa dikerjani. Ora mungkin wong tuwa sing arep nang masjid diwedeni karo setan-setanan. Sing melas yaiku mesti kerasa kaya arep jantungen. Kanggo wong sing ora wedinan ya mesti acara ngene bisa dadi ajang sing nyenengake, nanging kanggo wong sing wedinan ya uga bisa trauma lan bisa ndredeg. Dadi, sajane acara ngene iki kurang mingunani yen tujuane kanggo hiburan. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2946", "text": "Akeh wong sing mikir nag wong kaget polahe kari bis iku perkoro sing guyokno, padal wong koyok ngunuku yo duwe penggawean utowo perkoro sing ancene dadekno deke kari bis. Perkoro maeng sakjane yo sepele mangkane kadang gdiguyu wong nag ono sing jumbul polahe kari ambek bis. Contone perkoro maeng salah sijine koyok telpon wong utowo koncone soale ngeteni bis saking suwene terus moro-moro bise budal, terus kadang saking suwene bis akhire wong iku maeng rokoan, terus ono sing nang jeding soale wetenge loro. Dadi pirang-pirang perkoro maeng asline yo lumrah ae asline kanggo wong. Dadi ora kenek diremehno soale iku ora pantes.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2010", "text": "Pas bulan poso utowo bulan Ramadan kui, awak dhewe bakal entuk pahala luwih akeh seko biasane. Misale biasane kui ngelakoke hal sing apik kui entuk siji pahala, pas Ramadan kui iso entuk peng sepuluhe malah iso luwih seko kui. Nanging aku lagi ngerti doso sing dilakoke neng bulan poso iki uga dipingke koyo pahalane. Aku pisanan krungu kui pas khutbah tarawih. Biasane aku ora tarawih neng masjid. Nanging pisanan aku mangkat, entuk khutbah sing ngeri koyo ngono. Bar bali seko masjid pas kui, aku dadi luwih wedi yen arep ngelakoke dosa pas Ramadan. Rasane mending tak tahan wae tekan bakdo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1502", "text": "Pas isih cilik, aku karo konco-konco neng ngarep omah kerep dolan bareng. Awak dhewe sok dolan neng kampung-kampung sing liyo. Biasane, awak dhewe tanding bal-balan ngelawan cah-cah seko kampung liyo. Awak dhewe ora golek menang neng pertandingan kui. Awak dhewe mung golek seneng-senenge tok. Nangig ono kedean, kenopo awak dhewe ora tanding bal-balan neng salah siji kampung. Pas lagi tanding, kathoke koncoku suwek. Suwek gedhe banget. Kathoke pas kui kathok cendek lan soweke kui seko duwur tekan ngisor. Dadine kui kathoke kui langsung coplok seko kathoke. Bar kui awak dhewe langsung bali. Mesake yen awak dhewe suwe-suwe neng kono. Pasti koncoku kui isin banget.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3096", "text": "Saiki wes akeh wong sing kendel sampek wani nyeneni petugas utowo ngamuk nang petugas polahe saking jengekeli ambek petugas, mboh iku petugas keamanan, utowo petugas liyane koyok satpam ambek liyan-liyane. Tapi sing asline garai wong iku ngamuk nang petugas iku mok perkoro-perkoro cilik sing biasane dianggep enteng tapi kanggo wong sing srengen iku maeng abot utowo gede contone pas bayar utowo blonjo terus duwete iku kurang susuke, kanggo petugase iku lak perkoro cilik, tapi kanggo wong sing belonjo iku abot, soale duwek iku angel gelekane. Nah mangkane dadi petugas ben ora diseneni ambek wong iku kudu ngregani wong liyo utowo wong sing teko mrono ben ora diseneni. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7941", "text": "Dino iki aku moleh teko les rodok bengi soale mau lagi keasiken mbahas soal kisi-kisi UNAS. Mergo moleh bengi, portal perumahan wes podo akeh sing ditutup. Mbarine muter-muter nggolek dalan, akhire ketemu siji portal sing sek bukaan. Tapi aku langsung iling nek lewat portal iku, berarti bakal ngelewati pohon beringin. Sakjane aku wes wedi pol, soale akeh banget kejadian sing gak ngenakno. Tapi aku berusaha gak ngurusi iku dan tetep gas ae, timbang gak moleh kan ya. Pas aku kate lewat pohon beringin iku, moro onok mbak-mbak sing ngadek nang tengah dalan. Pas ndelok onok getih sing netes teko sirane, aku langsung tancep gas ngono ae. Atiku wes gak karu-karuan rasane. Tanganku wes gemeter pol saking wedine, tapi tetep tak gasno ae iku motorku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5783", "text": "Antisosial kuwi salah siji gangguan kepribadian sing menyimpang saka norma-norma masyarakat. Antisosial iki uga dadi salah siji gejala psikopat utawa sosiopat. Wong sing ngonsumsi obat terlarang iki uga bisa dadi antisosial. Gejala antisosial iki yaiku sering ora ngereken hak wong liya, ora duwe empati, ora mawas diri, ngerasa yen luwih hebat saka wong liya, lan uga manipulatif. Penyebab gangguan kepribadian iki bisa disebabake saka eksploitasi pas isih cilik, gangguan mental, lan dadi korban kekerasan saka keluarga. Anti sosial iki bisa diobati kanggo obat-obat resep dokter, psikoterapi, uga bisa rawat inap ning rumah sakit jiwa lan diawasi karo dokter spesialis kejiwaan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9423", "text": "Kamarku duweni pojok khusus kanggo sepatu-sepatuku. Aku duweni macem-macem sepatu saka macem-macem merk lan negara. Sepatuku kurang luwih ana 20 macem lan ana 20 warna sing beda. Aku ndeleh sepatuku iku ana ing rak ing pojokan kamarku. Rak iku warnae putih resik, lan ana bagian sing warnae biru dadi nambahi warnae rak iku dadi tambah murup. Saben minggu, rak iku tak resiki supaya tambah resik. Seaptune uga tak umbahke ana ing panggon khusus ngumbah sepatu. Macem-macem koleksi sepatuku iki tak deleh ana ing kamarku supaya dadi pangiling yen aku nyatane bisa tuku barang sing larang nganggo dhuwitku dewe masio kudu nyelengi pirang-pirang taun. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9864", "text": "Menang undian iki pancen mung ngandelna hoki utawa beja. Sapa sing bisa nebak yen ana 1000 jeneng nanging sing diundi utawa dijupuk mung 1 jeneng. Mula yen melu undian aja nganti ngarep banget ndak mengko yen ora oleh dadi gela. Melu undian sakjane diniati wae kanggo iseng lan ora ngarep menang supaya ora kepikiran. Nanging ya ora ana salahe yen melu terus nalika ana undian supaya bisa ngerti lan ngetest sak pira hokine kene. Yen wis menang undian ya ajak lali kanggo ngewenehi wong liya supaya tansah berkah lan bisa kanggo mbukak lawang kanggo rejeki liyane supaya bisa mlebu maneh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8361", "text": "Dino Minggu kali iki, aku lagi bingung kudu lapo saking gak onok sing isok dilakoni. Ambek mamaku dikon nyapu halaman omah sing wes suwe gak diresikno. Akhire tak iyani ae timbangane luntang-lantung kan ya. Mulai deh aku nyaponi godhong sing wes akeh pol iku. Terus godhong iku mau tak dekek nang cekrok. Pas kate tak guwak nang tong sampah, dadakno tong sampahe lagi kebak. Aku mbatin, iki kok dengaren pak pemulung sing biasa njupuki sampah nang kene durung njupuki. Suwe-suwe ndelok marakno gilo dewe, opo maneh mambune sing gak nguati. Akhire godhong nang cekrok mau tak guwak nang tong sampah nggon e tonggo mergo sek kosongan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9803", "text": "Tengah wengi pancen ora apik metu-metu. Dalanan nalika bengi iku mesti peteng apa maneh dalanan ning cedhak sawah. Wingi aku lagek sepisan liwat ing sawah pas mulih kerja. Aku kaget nalika noleh ning sawah ana samubarang sing mabur-mabur. Aku ora mikir apa-apa amarga aku gur mikir paling kain memean e wong-wong mawut ning sawah. Nanging sayah suwi samubarang sing mabur iku sayah ketok jelas. Dadakna iku lelembut wedhok. Rambute dawa, matane abang, pas takdelok langsung guyu mringis, lan kain putihe iku ketok rusuh kaya cabet lemah. Aku langsung nggawa sepedaku buanter lan ora ndelok mburi maneh amarga wedi yen isih diuber.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "744", "text": "Awak dhewe sepakat yen macet kui marake awak dhewe emosi. Nganggo kenderaan opo wae, ora ono sing seneng yen kejebak macet. Nanging menurutku, sing paling parah kui yen awak dhewe keno macet pas numpak montor. Montor kui ora koyo mobil sing duwe atep. Yen misale lagi panas ngentang-ngentang kui opo pas lagi udan deres, ora ono atep sing ngalangi sinar utowo banyu kui. Yen keno macet, awak dhewe wis pasrah mergo awak dhewe ora mungkin iso nguyup. Perkoro iki, sing gawe pengendara montor luwih emosi yen keno macet. Sing numpak montor kui mesti mangkel banget, naning dheweke ora iso ngopo-ngopo. Paling mung iso gerundel karo misuh alon-alon.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5695", "text": "Kinerja kantor kuwi dinilai nganggo akeh standar lan kudu melu aturan sing sak mestine. Kamangka, ning saban divisi kuwi mbutuhake wong sing teges lan bisa dadi pemimpin sing bijak lan uga ngerti marang karepe para karyawan. Nanging, ning sawijining perusahaan, ana pemimpin sing gawene nyenengi karyawan nanging ora ana tumindak sing bener. Kamangka, karyawan kuwi kejebak ning situasi sing ora nyaman. Karyawan iki dadi ora tulus kerja lan sering ngomongake para bos. Senajan kerja, nanging atine ya ora lega amarga akeh beban kerja sing ketumpuk. Amarga kuwi, saiki ning kantor negara utawa kantor swasta sering ngadakake pelatihan piye carane dadi bos sing wicaksana. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "368", "text": "Hal sing gawe sedih wong liyo kui bedo-bedo. Ono sing ngeroso ditinggal karo pasangane kui hal sing paling sedih. Ono sing ngeroso diselingkuhi kui luwih sedih timbangane mung ditinggalke. Rong perkoro kui hal sing nyedihke lan kui betul. Ora ono seko loro kui sing ora ngelarani ati. Nanging, ora ilok kanggo awak dhewe ngebandingke kesusahane awak dhewe karo wong liyo. Pengalaman wong kui bedo-bedo lan kabeh wong dhuwe proses pendewasan sing bedo-bedo. Mungkin, pancen wong sing ngeroso diselingkuhi kui paling lara wis duwe pengalaman sing luwih akeh. Nanging, opo gunane ngaku-ngaku dadi sing paling ngerasake lara? Awak dhewe kudune iso saling bersimpati lan iso ngewangi wong kui paling ora secara moril.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3353", "text": "koncoku sak kelas biyen ono isng keweden polahe tau dienyek ambek diece karo koncone. Saking nemene oloh ngece ambek oleh ngenyek sampek bocahe iku keweden nag petok deke. Nah sing jengen ngenyek, ngece, garai, utowo ngelokno iku yo kelakoan sing nindes utowo kelakoan sing ancene disengojo ambek wing kanggo ngelarakno wong liyo mboh iku karo ngelokno, ngelarani utowo jenise maeng iku. Perkoro iki biasane dilakoni ambek wong sing ancene duwe utowo rumongso nag deke iku luweh hebat, kuat, ambek kuasa ben deke iku ketok joyo ambek ora ono sing ngelawan. Terus sing dadi korbane biasane mesti keweden terus akhire dadekno gangguan mental nang korbane maeng.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3355", "text": "Nag ono wong sampek keweden polahe diece ambek dienyek iku asline yo lumrahlah nag oleh ngenyek ambek ngece iku kenemenen. Terus kadang sampek madak-madakno kekurangane awake ambek kewan utowo barang liyane sing garai wong iku kisinen. Yo perkoro sing nginiki kudune gecegoh ben ora sampek kedaden, soale nag kedaden jelas iso dadekno wong iku maeng kenek gangguan mental. Terus ora wani campur uwong mergo kekurangane sing digawe perkoro ambek wong-wong sing nang pinggire. Asline wedine iku yo kudu diilangno, tapi sing jenenge wong wedi yo mesti ae wes ora iso mikir apik ambek bening. Akhire yo mok iso sengedan nang omah ambek ora gelem campur wong.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3320", "text": "Biyen pas ponakanku cilik mesti tak wedeni ambek sing jenenge grantek. Mesin iku ancene buangete megilan mangkane mesti garai bocah cilik kuweden. Mangkane kadang nag ono grantek mesti tak wedeni. Terus jarene pakne ora oleh diwedekno ngunu soale nag kadung kewedene iku enggo iso marakno sawanen utowo gilamen (trauma) polahe iku maeng terus iso ae iku dadekno kacel sampek tuwek. Terus kat iku aku tambah gelek ngejak bocahe delok grantek kadang tak jemokno barang ben bocahe ora wedi. Dadi saiki nag ono grantek bocahe saiki yo wes ora bakal wedi maneh soale ancene dierohno karo sing jenenge grantek iku maeng. Terus disudohno nag grantek iku ora lapo-lapo.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5770", "text": "Tino ora ngerti yen dekne nduwe gangguan cemas lan uga gampang panik yen weruh kejadian sing bisa marai dekne trauma amarga dekne iki tau ngalami kecelakaan. Nanging rasa traumane Tino amarga kecelakaan iki mung bisane kesimpen lan ora ketok saka njaba. Tino baru paham yen dekne nduwe gangguan iki pas dekne weruh kecelakaan ning dalan. Tino ndelok kecelakaan kuwi pas budhal kuliah. Pas ndelok kuliah kuwi, dekne langsung ngerasa mumet lan sesek. Jantunge kaya arep copot amarga ndredeg. Tangane kebak kringet lan rasane dekne kaya arep tiba saka motor. Pas ndelok kecelakaan kuwi, dekne langsung melu minggir ben bisa ngombe banyu putih kanggo nenangake awak. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5797", "text": "Ngatasi rem blong ning mobil utawa motor bebek sing isih ana sistem gigi paling gampang. Nanging kanggo motor matic, kuwi rada angel lan marai gugup uga panik amarga mbutuhake perilaku sing bedha. Yen tinemu kasus rem blong ning motor matic, sing perlu dilakoni yaiku ngeculake gas lan ngedukake kecepetan alon-alon amarga mbutuhake wektu kanggo visikositas oli ben bisa mbalik normal maneh lan ora ngerusak mesin. Yen wis bisa rada stabil, rem ngarep uga mburi bisa digawe bebarengan. Motor sing ana ning kondisi ngene iki, aja digawa ngebut dhisik amarga bisa marai tambah rusak lan bisa ngentekake biaya kanggo ndandani mesin.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1173", "text": "Sing iso keno serangan panik kui ora mung wong gedhe wae, bocah sekolahan kui uga iso ngalami kondisi sing podo. Awak dhewe, sebagai wong sing wis gedhe, sok lali yen awak dhew kui biyen tau cilik. Awak dhewe ngerti carane dadi anak-anak. Dadi bocah cilik kui, uga ora gampang. Cah cilik duwe beban pendidikan sing ora sitik. Dheweke uga nggowo ekspatasi sing dikei wong tuwane. Dheweke dadi stres dhewe mergo kudu entuk biji ujian sing apik, durung ditambah perkoro-perkoro bocah-bocah sing lagi akil balig. Awak dhewe sebenere tau ngeroso kui kabeh, nanging awak dhewe ora iling perasaan kui pas awak dhewe wis gedhe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4819", "text": "Bocah jaman saiki duwe akeh cara sing bisa dilakokake kanggo ngerayakake kelulusan lan seneng-seneng. Salah sawijining tradisi ngerayakake lulus ujian ning Indonesia iki yaiku corat-coret seragam SMA sing wis ora dinggo. Tradisi iki biyasane ana ning SMA lan dilanjutake karo pawai motor ngideri lingkungan sekolah. Nanging kebiasaan iki luwih akeh negatife amarga ora ana manfaate. Tinimbang diorek-orek, seragam kuwi kudune bisa disumbangake marang adhi kelas utawa wong sing ora mampu tuku seragam. Uga pawai motor kuwi bisa mbahayakake kanggo lingkungan amarga bisa marai kecelakaan. Kamangka kuwi, ayo ngerayakake kelulusan nganggo cara sing apik yaiku ndunga lan sukuran bareng wae. Yen bisa ya uga ngadakake bakti sosial kanggo wujud kesenengan marang kelulusan. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9959", "text": "Ngamuk lan muring-muring nanging ora ana sebabe iku bisa wae ana gangguan emosional. Gangguan iki bisa disebabake karo pirang-pirang babagan kayata stress, gangguan tempramen, lan liyane. Kadang ngamuk lan nesu tanpa ana sebabe bisa wae dilampiasna karo pengin nyilakai wing liya. Yen wis nganti duwe kepenginan nyilakai wong kiya iku sing kudu diwaspadai. Tandha-tandha kaya ngene yen wis muncul kene kudu langsung konsultasi ning psikolog supaya bisa diwenehi saran lan kepiye carane jaga emosi. Mula ayo padha bijak lan peka karo kondhisi awake dewe lan ora perlu wedi yen pengin ning psikolog supaya gek ndang oleh pengarahan lan ora nggawe tambah parah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4454", "text": "Gawe klambi kembar ambek wong sing ora dikenal iku ancene rosone koyok piye ngunu. Yo isin se, tapi piye maneh mosok langsung ganti klambi, kan yo aneh. Yo tapi ngunuku ancene saiki gelek kedaden nang endi-endi, tapi kabeh yo karek wonge sing nanggepi ambek sing gawe klambi kembar maeng, nag wong e ora nguru ambek biasane gampangan yo ora masalah. Lah wong saiki pabrik gawe barang iku ora mok siji tok kok, tapi sak pirang-pirang. Dadi yo wes lumrah ambek biasa nag perkoro iku kedaden. Yo nag jarene koncoku se ora lapo-lapo se, toh barang iku yo podo-podo tukune, ora nyilah ambek nemok barange owng liyo. Dadi asline se isin oleh tapi ojo nemen-nemen.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "284", "text": "Wong akeh sing wedi nikah. Alasane werno-werno. Salah sijine mergo modal pernikahan kui larang. Padahal, nikah sing nganggo modal gedhe karo sitik kui podo wae. Ora ono sing iso ngejamin yen nikah kanggo modal sing gedhe kui bakal bahagia pernikahane. Sing penting seko nikah kui niate. Awak dhewe kudu niat ngebangun keluarga seko awal. Awak dhewe ngerti yen pernikahan kui dudu ibadah sing gampil. Mengko, penganten anyar kui bakal entuk banyak masalah. Senadyan ngono, awak dhewe kudu iklas utowo keiklasan awak dhewe diuji pas pernikahan kui. Yen niate wis bulet, pengen gawe keluarga sing sakinah, mawadah, lan warahmah kui langsung dilakoni wae. Ora kudu ngenti duwit kangge pesta sing meriah.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9445", "text": "Dadi wong sing seneng ngelumpukna barang iku rada megelna amarga sayah akeh barange sayah gampang barang iku ilang utawa ketelisut. Barang sing biasane gampang ketelisut iku barang-barang cilik kaya kunci, dhuwit, kartu, remote tv, lan barang-barang cilik liyane. Senajan yen nggoleki barang cilik iku ora gampang, mula kudu duweni cara supaya barang iku ora gampang ilang. Antarane yaiku barang cilik kaya ngono iku dilumpukna dadi siji supaya gampang golekane. Sawise iku yen barang iku ilang ora perlu gupuh. Kudu bisa ndoleki kanti sabar. Yen ilange ana ing panggon umum kaya mall, bisa langsung nuju ing pusat informasi kanggo ngelapor supaya bisa diewangi nggolek. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2654", "text": "Minggu wingi pas aku dolan nag kota pahlawan, aku nyambangi koncoku sing akhir-akhir iki bisnise lancar tapi gelek update status bingung. Lah pas petok bocahe moro-moro jaluk pendapat nang aku perkoro gelakno wong sing paling penting. Lak jareku gelakno iku yo iso kedaden kapan ae soale sing jenenge menungso iku akeh salahe. Lah terus nag wes kedaden yo kudu sabar ambek jaluk sepuro sak cepete. Soale jaluk sepuro iku penting ben awakmu iku iso legowo ambek ngerti nag kelakoan sing wes mbok lakoni iku maeng salah terus iso gelakno wong sing paling penting nag uripmu. Dadi, gelakno wong sing paling penting iku wajar ae kedaden, nag ora tau ngunu berearti wong iku maeng ora normal koyok umume menungso.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4485", "text": "Wong sing dielokno ambu ora enak utowo keambun mesti isin. Nag prosoku iku yo ora perlu kudu langsung digawe isin, tapi karek delok ambune maeng polahe opo, nag polahe ora tau ados yoiku pantes digawe isin, nag polahe loro koyok weteng loro terus ngentut yo ora masalah se, mergo iku kan wes biasa kedaden. Tapi yo ancene akeh-akehe wong ang dielokno ambu mesti rumongso nag deke iku koyok dadi wong sing kemproh padal yo gelek resik-resi terus. Mari ngunu ro ora tau gawe sing aneh-aneh sing marakno ambune ora enak. Tapi sing jenenge wogn ngelokno iku yo ono ae. Ben iso gawe goro-goro wong sing dielokno maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4468", "text": "Utang iku wes lumrah kedaden nag uripe wong saiki. Mergane nag ora utang yo bakal kuwalaan kanggo yukupi kebutuhan sing ancene kebutuhan menungso iku ora kenek dibade. Nah kanggo wong sing utang yo ora atek isin nang ancene konangan wong iku yo ora termasuk penggawean elek. Yo ancene ono ae sing isin, tapi nag polahe utang yo ora tepak mergane sing jenenge utang iku ora masalah ambek kabeh wong yo wes akeh ngelakoni penggawean iki maeng, dadi yo ora masalah. Nah sing marakno isin iku nag utange gede terus ora dibayar iku lagek isin. Dadi, ben ora sampek isin iku yo kudu nang dibayar nag ancene duwe utang ojo sampek ditagi sing marakno rame.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9107", "text": "Film horor iki dadi salah siji genre film sing disenengi akeh uwong soale isok macu adrenalin. Alur cerita sing misterius, penampakan hantu sing medeni pol, sampe teori sing onok nang film iku sing marakno akeh uwong dadi tertarik karo genre film horor. Sing ndelok yo gak sing wani tok, sing gocik sisan akeh sing seneng. Nek misal awakmu iku gocik tapi sek kepingin nonton film horor, aku nduwe carane. Siji, nggolek o spoiler film ben awakmu eroh ceritane sekilas. Loro, tonton nganggo volume cilik ben engkok pas onok jumpscare gak kaget nemen. Telu, tutup mripat pas wayahe jumpscare. Papat, petek tombol pause gawe ngatur jantungmu. Terakhir, ojok fokus nonton tok, sesekali alihno atek aktivitas liyane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4958", "text": "Salah siji perusak ekonomi keluwarga kuwi yaiku alkohol. Alkohol iki kesane ya mung ombenan kanggo seneng-seneng, nanging ya nduwe risiko kang gedhe yen kakean utawa dadi salah siji kewajiban. Alkohol iki nyebabake kerusakan fisik lan mental uga bisa mancing perkara ning rumah tangga lan masalah sosial sing angel dirampungake. Akeh rumah tangga sing rusak amarga kecanduan alkohol. Pancel ana alkohol sing kadare ora dhuwur, nanging akibate ya bisa ngerusak liver lan uga bisa ngerusak saraf amarga kuwi zat kimia sing kadare dhuwur. Kamangka, ayo pada ngindar saka alkohol kanggo kepentingan kesehatan utamake pencernaan lan liver uga kanggo ngamanake keluwarga saka penyakit sosial.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5609", "text": "Amarga pandemi, akeh wong kang kelangan kemampuan kanggo ngomong ning ngarep umum. Swasana ning ngarep layar lan ning ngarep umum iki bedha lan bisa marai wong kuwi ngerasa luwih ndredeg. Kamangka, pas sekolah mulai mlebu lan ora saka omah, akeh siswa lan mahasiwa iki kelangan rasa komunikasi ning ngarep wong akeh lan angel banget ngomongake babagan sing penting. Gaya omonge sing kaku uga akeh jeda marai pamirsa kuwi ya ora nyaman. Ning masa transisi iki, kamangka ayo padha sinau saka nonton video Youtube sing mbahas babagan ngomong ning ngarep umum lan sinau cara-carane ben ora gampang lali marang topik sing disampekake. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3017", "text": "Saiki ancene nag elok-elokan mesti jurus nag awak utowo ngelokno rupone wong maeng koyok, areng, bajak laut, ambek liyane-liyane. Wong sing dilokno maeng yo mesti muring-muring lah wong jenenge menungso normal kok. Tapi nag tek-tek srengen polahe dilokno rupo yo ora apik soale iso dadekno gampang srengen. Dadi roso srengen iku maeng nang iso kudu diempet sak iso-isone ben atine iki wes kandel ampek kupingek iki wes mingkup ambek lok-lokan sing koyok model ngunuku. Terus nag ancene ora iso ngempet yo, mlayu ae mireh ben ora ngringekno suora sing iso dadekno ati loro maeng. Mangkane masio duwe terbatase fisik tapi pikiran kudu tetep bening.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7658", "text": "Trauma sing dialami pas sek umur belia iku isok marakno timbul luka nang ati dan efek e bakal elek nek iku berlanjut sampe gede. Trauma pas cilik iku marakno mental e uwong dadi gak stabil, dan iku isok marakno uwong dadi isok marah-marah tanpa sebab. Nek iku terjadi nang awakmu, onok siji hal sing kudu mbok lakoni, yaiku berdamai ambek masa lalu. Luka sing sek durung mbok obati iku sing marakno awakmu luwe sensitif dan marakno awakmu emosian. Nek gak ndang mbok obati, efek e isok ngerembet nang liyane maneh, koyok depresi sampe gangguan bipolar. Dadi mulai saiki, ayo berdamai karo masa lalu cek atimu isok terobati dan awamu gak bakal marah tanpa sebab maneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9497", "text": "Kamar bayi ora sembarangan. Kudu diisi samubarang sing pancen dibutuhake karo bayi. Iki cara kanggo nggawe kamar bayi supaya bayine uga seneng lan ayem ana ing kamare. Nomer siji, kudu didelok bayine lanang apa wedok supaya bisa mutusake model kamare bakal kepiye. Nomer loro, barang-barang sing dilebokke antaraning klambi, perkakas kanggo adus, bedong, dulinane, lan samubarang sing sekirane diperlokake. Nomer telu, nalika kamar bayi dipasang AC utawa kipas angin uga kudu didelok. Ora oleh kademen lan ora oleh kepanasen. Kudu pas supaya bayine ayem. Sing terakhir, minangka bapak ibune uga kudu seneng nalika dolanan karo bayi ing kamar iki, supaya bayine uga kerasa seneng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3834", "text": "Jarene koncoku pas diguyu bocah sak kelas iku asline yo isin. Tapi karek delok perkoro sing diguyu iku maeng opo, nag ancene perkoro sing diguyu iku perkoro sing dianggep ngisin-ngisini yo mesti bakal isin, tapi nag sing diguyu iku perkoro sing biasa wae yo ora masalah. Polahe kabeh iku karek perkoro sing ancene diguyu maeng. Nah koncoku iku pas diguyu bocah akeh ambek sak kelas iku ancene deke iku ngelawak polahe gurune maeng rodok judes. Mangkane koncoku iku maeng rodok gudoe gurune maeng ben bocah sak kelas ora keweden ambek gurune maeng. Mangkane bocahe ora nganggep perkoro iku dadi perkoro sing ngisin-ngisini.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3767", "text": "Sing jenenge sampah iku ancene barang sing endut, tapi ono ae sing nganggep nag iku iso dadi perkoro apik nag iso ngolah. Terus, yo ono ae wong sing nganggep nag iku dadi perkoro sing jemberi ambek mangkelno polahe sampah iku dianggep barang sing endut ambek ngerusohi, terus dianggep dadi barang sing elek polahe iso marakno lingkungan iku rusoh, terus ono ae sing ngarani nag sampah iku iso dadekno penyakit barang soale sampah sing numpuk iso dadekno set terus dirubung laler sing akhire dadi penyakit. Teko alasa-alasan iku maeng akhire wong-wong akeh sing jijik ambek sing jenenge sampah maeng. Tapi yo isek ono ae sing nganggep nag sampah yo iso diolah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3307", "text": "Wong sing saiki sukses mesti tau ngalami sing jenengene grogi nag panggung. Ben ora grogi utowo ora ngalami demam panggung iku yo ono carane contone opo sing ate diomongno utowo opo sing ate diketokno nang wong akeh ang panggung iku kudu disiapno mateng-mateng ben pas nag panggung iku ora kotong pikirane, terus nenang no awak ambek pikiran ben pas waktu tampil nang panggung iku wes bener anteng ambek ora kepikiran nang endi-endi terus awake barang seger ora kepegelen, mari ngunu nambah wawasan utowo pengalaman iku yo kenek ae gawe ngatasi utowo ngurangi demam panggung ben ora nemen, terus ojo lali kanggo latihan terus ben tambah siap.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3480", "text": "Sekitar tahun 2018, aku ambek koncoku iku dolan nang daerah Pacitan yaiku Guo Gong ambek Pantai Klayar. Pas muleh iku aku kedalon terus akhire liwat alas ponorogo. Nah nang kono iku aku kuweden soale ora ngerti daerah kono terus dalane barang iku kan sepine megilan terus ora ono wong liwat blas. Nak ono yo mesti wong ngaret sing kebengen, nag pas waktu iku bensinku iku karek sak strip ambek ketip-ketip mesisan terus aku tambah bingung koncoku sing keweden yo kebingung nag sampek mandek nang tengah alas kan yo medeni wong. Mlaku sekitar setengah jam ambek strip kelip-kelip mari ngunu nang kono iku alase peteng tambah garai pikiran ora karuan wedini. Akhire pas sak jam lagek metu terus liwat kota akhire legohe pol. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4305", "text": "Prosoku sing jenenge utahan iku yo mesti jemberi masio ono wong sing masih iku koyoke ora jijik tapi asline yo rodok mangkel. Nah perkoro deke iku ora jijik utowo jijik iku kabeh karek wonge mergo sing jenenge wong delok utahan iku maeng karek wonge. Nag wonge iku biasa delok ngunuku contohne koyok dokter yo ora lapo-lapo. Tapi nag wong umum biasa mesti jimprak-jimprak mergone jember ambek perkoro iku maeng. Nah roto-roto wong nag delok bekase utahan utowo utahan maeng mesti mangkel ambek jembere megilan polahe utawan iku ambune ora enak ambek bentuke iku koyok panganan mambu sing wes ngiler. Nah terus nag kenek uwong barang ambune ora enake megilan. Mangkane yo layak nag akeh wong sing jijik ambek perkoro iku maeng.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7557", "text": "Ketemu karo konco lawas iku marakno dadi lali sekitar. Kadangan, awak dewe iki ketemu karo konco lawas ndek panggon sing gak disongko, salah sijine iku nang dalan. Nek wes ketemu nang dalan, awak dewe kudu mere cek gak ngalangi wong liyo sing kate lewat dalan iku. Awakmu isok mlipir nang panggon-panggon sing cocok digawe ngecewes suwe, salah sijine iku Historica Café. Nek awakmu kate mrono, itutono rute iki. Berangkat teko Balai Kota Suroboyo nang jalan Walikota Mustajab, lurus ae, terus njupuk nengen dalan nang jalan Gubeng Pojok. Mbari lewat Hanamasa, jupuk dalan tengah terus lurus nang jalan Sumatera. Lurus terus ae terus njupuk dalan nang Jalan Gubeng. Tuti dalan lewat jalan Biliton, terus belok nengen nang jalan Kalimantan, terus belok nengen maneh melbu nang jalan Raya Gubeng. Tutono dalan, terus belok ngiwo nang jalan Sumatera. Lokasine engkok onok nang tengen dalan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4801", "text": "Salah siji pengalaman sing ora bisa tak lalekake yaiku pengalaman ketrima ning salah sawijining kampus ning Jogja. Sak durunge kuwi, aku ragu-ragu amarga bijiku ora sepira apik. Aku milih jurusan ning Sastra Indonesia, Pariwisata, lan Arkeologi amarga aku seneng banget karo jurusan sing ana kaitane karo sastra lan sejarah uga humaniora. Aku sinau kanggo melu ujian perguruan tinggi iki. Sak durunge, aku jurusan IPA lan pengen mlebu jurusan arsitektur, nanging ndelok biji fisikaku sing ora apik, aku ngurungake niyatan amarga aku wedi kuliahku suk mben ora lancar lan kangelan ning pas arep lulus. Tapi aku seneng amarga usahaku ora sia-sia amarga aku klebu ning sastra Indonesia UGM. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1125", "text": "Sing marake wong-wong wedi dadi saksi kecilakaan kui, ono wong ngeri delok korbane. Korban kacilakaan kui ora mung metu getihe tok, nanging mungkin uga awak dhewe iso delok balung-balunge metu seko daginge. Isih untung yen korbane kui isih wutuh. Awake isih iso diweruhi sebagai menungso. Iso wae awake kui remuk kelindes ban utowo ketetusuk serpihan koco. Awake wis ora bentuk menungso meneh. Bagian awake iso nyebar neng endi-endi. Yen ono wong sing delok kui, sopo sing ora wedi. Wonge sing delok kedaean kui iso dadi trauma. Dheweke mungkin makin wedi sakben ono neng dalan. Dheweke terus kebayang-bayang kacilikan sing dideloke biyen.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3091", "text": "Pas aku perpanjang sim-ku ulan limo winggi aku ono masalah saitik ambek petugase sing ngelayani nang kono. Sing digawe masalah iku sing durung mati isek kurang sak ulan engkas, jarene petugasi kudu sak minggu sak durunge mati lagek iso diperpanjang, padal nang ketentuane iku sak ulan yo iso. Mari ngunu petugase maeng isek ngeyel. Akhire aku srengen ambek petugase terus tak tinggal nyerobot wae nang polisi sing ancene ngelayani sim. Petugas sing nang ngarep maeng isek ngetutno aku ambek kondo nang petugase sim. Terus akhire petugas sing awitan maeng moro-moro balik terus aku diceluk dikongkon foto sim terus digawekno. Mari ngunu pas metu petugas sing awitan maeng tak parani ambek aku ngomong \"lo pak iso\".", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2938", "text": "Konco-konco nag kelasku biyen iku ancene koplone megilan nag nang kelas. Opo maneh nag waya jam kosong mesti ono sing di prank. Mari ngunu koncoku maeng jumbule megialan mas kenek prank. Tapi sak durunge iku ono bocah sing ngomong nang gonku nag aku sing lunggo jejere iku dikongkon menengae, terus aku ora ngerti karepe yo aku melok ae. Terus aku dikongkon kondo nang koncoku nag maeng ono sing nguwei hadiah nang ke jero tase. Akhire koncoku buka tase tibake bocahe langsung jumbul ambek berok-berok soale nag jeru tase diwei ambek coro guweng sing ancene koncoku maeng wedine ora pakat. Terus koncoku maeng akhire buwak tase. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "720", "text": "Konco cerakku kui arep gelut mergo mantan yange kui cerak karo wong lanang sing liya. Pas kerungu kui, dheweke nesu bianget. Dheweke ngiro yen lanangan kui sing ngerubut yange. Pas ngerti kui, koncoku wis duwe rencana kanggo ngelabrak wong lanang mau. Dheweke wis ngejak konco-koncone kanggo ngewangi dheweke gelut. Konco kui telpon langanan sing ngerubet yange. Dheweke pengen ketemu neng kafe. Ngeteni sekitar 30 menit seko jam sing ditentoke, dheweke lagi teko. Senadyan koncoku emosi banget pas kui, sing lanange kui jaluk damai wae lan ora ngedaweke perkoro iki. Untunge, konco kui mutuske ora gawe rusuh neng kono. Dheweke tetep bali ngaggo rupa sing mrengut.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "4850", "text": "Pengalaman sing ora bisa tak lalekake kuwi pas aku melu lomba pramuka ning Cibubur. Lomba kuwi tingkate nasional lan nyenengake banget amarga bisa ngumpul karo anggota pramuka sak Indonesia lan bisa kekancan karo wong saka beda suku lan budhaya, Lomba kuwi dilaksanakake seminggu. Materi lomba kuwi macem-macem, yaiku tapak kemah, tali-temali, sandi, semaphore, lan akeh lomba liyane. Lomba-lomba kuwi diadakake ning Cibubur karo ning Gunung Pancar amarga ana materi lomba lapangan. Ning dina terakhir, ana lomba karnaval budhaya sing nampilake kesenian. Ning lomba kuwi, aku lan reguku oleh juara harapan 2 tingkat nasional. Pengalaman kuwi dadi pengalaman sing paling nyenengake. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5799", "text": "Ning dalan tol, kadang ya uga tinemu tanjakan sing sengaja digawe kanggo kendaraan sing sering ilang kendali amarga rem blong. Nanging, masyarakat akeh sing durung ngerti fungsi tanjakan kuwi lan kadang tanjakan iki uga ora kopen amarga ora ana pager pembates, lan ora ana rambune. Tanjakan darurat sing kurang pengawasan iki sering ana ning wilayah pantura, padahal pantura kuwi rawan kecelakaan lan uga durung akeh bengkel resmi sing bisa ngatasi kanggo cara cepet kaya Jasa Marga. Kurang waspadane pengendara iki, marai masalah serius. Kamangka kuwi, awak dhewe kudu bisa mahami fungsi tanjakan darurat iki ben bisa jaga-jaga seumpama ana kecelakaan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "268", "text": "Wong Indonesia durung tau entok penghargaan nobel. Penghargaan sing jenenge dijupuk seko pengusaha sugih asal Swedia, Aflred Nobel, kui ngewehi penghargaan ning bidang fisika, kimia, sastra, perdamaian lan kedokteran. Kategori pernghargaan kui dijupuk seko bidang-bidang sing paling duwe pengaruh neng kehidupan. Yen ono wong Indonesia sing iso entuk penghargaan nobel neng bidang opo wae, awak dhewe sebagai bangsa kudu bangga. Mergo awak dhewe wis iso nunjuke karo wong-wong sak donyo, yen Indonesia kui iso ngekei kontribusi ning bumi iki. Sebenere, ora sitik wong Indonesia sing karyane mendunia. Nanging seko pengharagaan nobel iki, bangsa-bangsa sing liyo luwih percoyo kontribusine awak dhewe. Dadi awak dhewe sebagai generasi penerus, kudu duwe cita-cita entuk penghargaan kui.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1501", "text": "Pas aku SD, kathokku tau suwek gedhe. Aku isin banget pas kui lan aku bakal iling terus kedadeane koyo piye. Pas kui, lagi jam istirahat. Aku lan konco-koncoku jajan neng kantin kui. Nanging awak dhewe ora jajan neng kono. Awak dhewe gowo panganan sin ono neng kono neng jero kelas. Neng kelas awak dhewe mangan bareng. Awak dhewe geret-geret kursi supoyo iso mangan barengan sak mejo. Pas kui ono koncoku sing jail jikuk pangananku. Awak dhewe dadi oyak-oyakan. Pas lagi ngoyak kui, aku keresempit banjur tibo. Mbuh, ngopo kathokku pas kui uga dadi suwek. Aku diguyoni sak kelas dadine. Akhire, aku melayu dhewekan neng kamar mburi sekolah, nangis.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9857", "text": "Duwe kanca akeh bisa nguntungna. Misal lagi ana ing panggon sing kene ora ngerti, lan ujug-ujug ketemu kanca lawas iku bisa dijaluki tulung. Nanging ora kabeh bisa ngerti kepiye carane njaluk tulung ning kanca lawas, kadang wing uga sungkan sisan. Nomer siji, disapa sik lan kudu dipastikna dheweke iki kancane kene tenananapa kliru wong. Nomer loro, ngajak ngomong sik. Bisa ngomong apa wae nanging aja nganti nggarai dheweke kesinggung kayata nakok wis duwe omah apa durung, wis duwe jabatan apa durung, lan liyane. Nomer telu, ngomong yen kene kate njaluk tulung misal dudokna dalan mulih lan njaluk tulung babagan liyane.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3860", "text": "Nang desoku, iku ono wong sugehe ora ukur. Nah deke iku termasuk wong sing paling diregani ambek wong sing ono nang desoku polahe wonge sugehe pol. Terus salah sijine dino iku ono wong teko bang mrono sing jarene wong-wong sing kerjo ambek wong iku, nah deke iku asline duwe utang sing akehe megilan nang bank. Polahe kedaden perkoro iku akhire deke saiki iku ora tau gelem campur wong akeh. Paling deke iku yo isin soale saiki akeh wong deso nag ngerti deke iku duwe utang bang akeh. Yo asline ngunuku yo ora masalah se, kan ora nyolong. Tapi kanggo deke sing wes terkenal sugeh nang kampung iku yo dadi perkoro sing ngisin-ngisine deke. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9063", "text": "Demam panggung iku kadangan dihubungno sisan ambek fobia mergo ngadepi akeh uwong sing dadi audiens e. Fobia iku sering dikaitno sisan ambek kecemasan sosial. Kecemasan sosial iku kondisi pas uwong ngeroso cemas utowo wedi pas kate bersosialisasi utowo berinteraksi ambek wong liyo sing gak dikenal utowo sing dikenal. Onok sing berpendapat nek wong sing kenek kecemasan sosial iku nduwe kecenderungan gawe ngehindari uwong sing kedudukane luwe duwur timbang de’e. Gejala kecemasan sosial iku onok akeh. Mulai teko benjolan nang gulu, kemringet, awak gemeter, jantung ndredeg, otot tegang, nyeri, mual, ngelu, gugup berlebih, moro-moro ngeroso bersalah, onok kecenderungan pingin ngehindar pas kudu tampil ndek ngarep umum, ngehindar pas dadi pusat perhatian, dan sek akeh maneh liyane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6032", "text": "Panganan unik ning Indonesia salah sijine yaiku lawar plek. Lawar plek iki panganan khas saka Bali. Bentuke kaya bumbu urap sing digawe saka cincangan gori utawa nangka enom, bumbu rajang kaya lombok, bawang, kencur, sereh, lan uga ana campuran daging. Sing marai unik saka panganan iki yaiku anane getih sing dicampurake marang panganan iki. Getih sing dinggo yaiku getih babi, kadhang uga dicampur daging babi sing isih mentah ben tambah sedep. Nanging, amarga ana campuran getih, akeh wong sing ora seneng lan ngerasa mblenek amarga senajan wis dicampur bumbu manika werna, lawar plek iki tetep kerasa amis lan uga ngandung lenga ning lambe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2092", "text": "Awak dhewe kudu wedi yen ono rem montore dheweke blong. Nanging awak dhewe kudu sadar kahanan montor sing iso nyilakake kui ora mung kui. Kabeh kondisi motor kui neng kahanan sing apik lan kabeh bagiane lengkap. Contone yen, montore dhewe ora duwe koco spion utowo mung dipasang siji, awak dhewe dadi ora iso delok kendaraan sing bakal liwat seko mburine awak dhewe. Terus yen misale lampu sen awak dhewe mati, wong dadi ora ngerti yen awak dhewe kui arep tetep lurus, menggok kiwo, opo menggok tengen. Yen spion ora ono lan lampu sene podo mati, kemungkinane awak dhewe ditabrak dadi duwur banget.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7163", "text": "Uwong sing menang sesuatu pasti bakal entuk penghargaan. Salah siji bentuk penghargaan sing biasa dikenal nang kalangan masyarakat yaiku piala. Piala iki benda sing dikekno nang uwong mergo suatu pencapaian tertentu. Paling sering piala iki dikekno nang event olahraga. Beberapa jenis kejuaraan dunia sing ngehadiahno piala contohe Piala Duna FIFA (sepak bola), Thomas Cup (bulu tangkis), Grammy Award (musik), Wimbledon (tenis), Formula One (balap mobil), ambek MotoGP (balap motor). Tapi nang kalangan masyarakat umum nang Indonesia, piala iku dikekno nang berbagai macam perlombaan. Salah sijine iku nang sekolah. Biasane piala iku dikekno nang arek sing dadi juara kelas mergo wes entok nilai ujian tertinggi sak sekolahan. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2617", "text": "Sing jenenge roso sedeh polahe anggota keluarga matih iku wajar nag ono sing ngalami nag uripe. Roso iku metu teko ati polahe roso sayang sing megilan nang keluarga, Akhire pas salah sijine anggota keluarga maeng ono sing mati akhire dadi roso sedeh. Tapi roso sedeh sing koyok maeng jane ora oleh sampek suwe-suwe. Soale dampake iku akeh nag sedeh iku diterus-terusno. Salah sijine yaiku iso wae ngerusak mentale wong sing sedeh. Mangkane kabeh wong akeh sing ngarani nag sedeh sing kesuwen iso dadekno pirang-pirang penyakit ambek perkoro sing ora kepikiran sak durunge. Dadi nag iso roso sedeh iku nang diilangno ae teko ati utowo pikiran.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5289", "text": "Kadhang, wong ora bisa ngerti keadaan lan ora bisa ngerti kapan wayahe kudu melu njupuk bagian kanggo mengeti ulang taun kanca, misale kaya pas lagi ora nduwe dhuwit tetep dipeksa kanggo urunan, nguruni kejutan kanggo kanca sing lagi ulang taun. Kanca liyane uga kadang ora bisa paham situasi iki. Yen ora ngewenehi dhuwit mesti dianggep medhit lan uga ora dianggep kanca sing apik. Banjur yen wes kaya iki, situasi kekancan iki dadi kurang apik. Kamangka sak durunge mikirake acara lan nggawe kejutan kanggo wong, awak dhewe kudu ngerti kondisi kanca liyane. Ora usah meksa urunan uga meksa acarane kudu rame. Nanging yen ana sing kesusahan padha ngalih. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "213", "text": "Lulus Ujian Nasional pas SMP kui sing paling berkesan seko ujian-ujian liyane. Biji UN SMP kui penting kanggo golek SMA sing paling apik. SMA sing apik kui ngaruh karo kemungkinan ketompo perguruan tinggi liwat jalur SNMPTN. Pas sadurunge ujian polahe konco-koncoku werno-werno, ono sing aneh banget malah. Sing akeh kui, isih podo sinau. Ono sing mung ngiling-ngiling materi sing disik, ono sing sinau grusak-grusuk mergo durung sinau blas wengine. Ono sing ngelangi gerogi karo madang. Sing alim, podo neng mushalla, salat duha. Ono sing gur meneng wae neng pojokan. Koyoke, dee lagi meditasi ning embuh nek jebule kui turu. Ono sing mung gojek tok, nanging ket biyen bijine ora tau elek.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8456", "text": "Kembaran klambi iku wes dadi hal sing sering banget kedaden. Akeh banget uwong sing wes tau ngalami, termasuk awakku dewe. Biasane kasus kembaran klambi ambek wong liyo iku mergo tuku teko e-commerce. Biasane mergo regane murah terus kualitase yo lumayan. Tapi nek maleh kembaran karo wong liyo, marakno males sisan sih. Aku nduwe tips gawe belonjo nang e-commerce ben gak kembaran maneh karo wong liyo. Siji, hindari seller sing nganggo foto sing podo karo seller liyane. Loro, andelno keyword sing tepak. Telu, ojok ragu gawe petek swipe up nang Instagram. Papat, tuku klambi sing nduwe signature style. Limo, tuku nang brand sing segmented. Terakhir, thrifting klambi vintage.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7962", "text": "Doxing iku tindakan berbasis internet gawe neliti ambek nyebarluasno informasi pribadine uwong utowo organisasi nang publik. Informasi pribadi sing dimaksud iki sembarang kalir informasi pihak tentang sing dimaksud, termasuk data pribadi. Uwong sing ngelakoni doxing iku onok akeh alesane, salah sijine iku gawe ngancem korban sing terkait ambek iku ben korban iki gelem nurut ambek de’e. Jenis doxing iki onok telu. Siji, deanonymizing sing tujuane gawe ngungkap identitas uwong sing selama iki nyelidekno indentitase. Loro, targeting sing dilakoni dengan cara nyebarno data pribadine uwong sing engkok bakal isok dihubungi. Telu, delegitimizing sing tujuane ben kredibilitas korban dadi elek dan biasane dialami karo pejabat.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5252", "text": "Ning sawijining lingkungan, kadhang wong ngerasa yen tau ketemu utawa ngalami kejadian. Perasaan iki arane dejavu. Miturut penelitian psikologi, dejavu iki wajar amarga sering wong enom ngalami kedadian iki lan ning dunya iki sekitar 70% wong tau ngalami dejavu. Salah siji bentuk dejavu iki yaiku ana perasaan tau ketemu kanca sing lawas lan kaya tau kenal wong sing sajane ora dikenal. Dejavu iki penyebabe macem-macem, salah sijine yaiku penyakit saraf kaya epilepsi, migrain, utawa gejala pikun. Nanging dasare, kabeh iki normal. Dejavu iki bisa dadi bahaya yen ana gejala liyane kaya kejang, angel konsentrasi, perilaku sing ora stabil, uga gampang pikun. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2006", "text": "Ono sing wedi donor darah. Biasane alesane kui podo koyo wong sing wedi disuntik. Nanging sebenere, donor darah kui ora medeni, koyo disuntik pas lagi vaksin wae. Prosedure donor darah kui uga ora ribet. Supoyo ora wedi mungkin luwih apik yen awak dhewe ngebahas prosedure. Sing kesiji kui, awak dhewe daftar disik neng mejo ngarep. Awak dhewe kudu ngisi formulir lan entuk tiket antrean. Tiket kui fungsine kanggo nunjukke awak dhewe entuk urutan mlebu ruangane sing kepiro. Sing keloro, awak dhewe ngelakoke cek keshatan disik. Sing dicek kui mung tensi, kekentelan getih, lan golongan getih. Sing ketelu, yen awak dhewe dinyatake sehat, awak dhewe lagi diolehke donor darah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1412", "text": "Pas aku isih cilik, aku tau dijak bapakku neng omahe koncone neng deso. Bapakku wektu kui arep gawe peternakan neng daerah sekitar omahe koncone kui. Makane kui bapakku dolan neng omahe. Neng kono, bapaka uga ngejak ibu lan adiku. Aku sebenere ora patio masalah karo panggon turune karo panganane sing sederhana. Sing dadi perkoro kanggo aku kui kamar mburine. Kamar mburi sing nganggo adus karo nguyuh utowo ngising kui dibedake. Sing iso dienggo adus kui cerak karo panggon omahe. Nanging, panggon kanggo ngisihe kui adoh. Panggon ngising utowo nguyuhe kui diarani helikopter. Kamare kui digawe seko pring sing ora ono atepe lan digawene kui neng duwur empang. Jobine sing seko pring utowo kayu kui dibolongi gok tengahe, kanggo awak dhewe guak taine dhewe. Jijik aku sebenere karo kamar mburi sing modele koyo ngono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1492", "text": "Banyu PAM kui ora selamane apik. Biasane pas musim udan sok-sok banyu PAM sing ngalir neng omahku kui reged. Aku lan wong-wong omah dadi jijik arep nganggo banyu kui. Soale, banyune kui ngerti-ngerti werno coklat. Banyune kui koyo kecampur karo lumpur. Wernone sok-sok werno coklat koyo lumpur mau nanging sok-sok uga wernone coklat keabangan. Ambune banyune kui dadi ambu lemah. Untunge, ora keambu ambu-ambunan sing busuk utowo mambu belerang. Aku ora wani ngerasake banyune kui. Mungkin rasane uga kaya lemah. Nanging timbangane dadi lara, mending banyu reged kui ora usah dicicipi. Biasane nek banyune wis reged koyo ngono, awak dhewe ngenteni meneh banyune tekan resik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1132", "text": "Gunung Kelud tau jebluk taun 2014. Ketoke kui jebluk sing paling gedhe neng beberapa taun kepungkur iki. Soale, senadyan gunung ono neng Jawa Timur, nanging awune iso tekan Yogyakarta. Neng taun 2010, Merapi uga tau jebluk lan kui sing paling gedhe neng beberapa taun iki. Kui wae awune ora sekandel jeblukan Kelud neng 2014. Merapi 2010 kui awune koyo udan biasa, nanging Kelud kui luwih parah, luwih mirip badai timbangane udan. Sekitar sak jam seko awune kui tekan Yogyakarta, dalan-dalan kui kabeh wis ketutup awu. Awune kandel banget luwih kandel timabange lemari ora diresiki limang taun. Aku ora ngebayangke piye kahanan daerah sing cerak banget karo gunung kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3748", "text": "Akeh wong sing nag petok kewan iki ngeroso jember ambek jijik. Nah sing garai jijik iku ora polahe kewane, tapi rupane ikuloh sing gilani ambek eleke megilan. Opo maneh sing ora ono elare mok wetenge tok sing ketok tambah sing masi iku bunek-benuk rasane. Mangkane ben ora jijik nag ono kewan iki yo langsung mirih wae, ojo tambah didelok suwe-suwe soale tambah ngeroso jijike tambah nemen soale rupane ae wes koyok ngunu. Dadi sing tepak iku ben ora ono kewan iki nang omahmu iku kudu gelek diresiki omahe ben bibit-bibite kewan iki ora iso berkembang nang omah. Tapi sing jenenge coro goeng iku mesti iso manak nang endi-endi sing penting iku rodok meles.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3361", "text": "Pas aku sekolah SMA, ono salah sijine koncoku sing diancem ambek kakak kelase polahe ora gelem nyelai kamus Boso Arab. Nah bocahe maeng wedi soale ancene bocah wedok, terus deke iku nag muleh mesti dewean polahe konco-konco desone iku ora sak sekolahan ambek deke. Terus polahe keweden iku maeng akhire bocahe nyelahno kamus iku maeng, padal deke iku ngerti nag nyelah mesti ora tau dibalekno. Terus karo konco-konco kelas sing ngesakno ambek deke iku ora tego nag bocah iku maeng dingonokno, akhire bocah-bocah moro nang bagian akademik ngelaporno iku maeng. Tapi koncoku sing ancem maeng yo tambah keweden nag deke diapak-apakno. Tapi karo kepala sekolah jamin keselametane deke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7206", "text": "Gawe awakmu sing ke-PHK teko kantor lawasmu, gak onok pilihan liyane selain nggolek kerjo nang panggon liyane nek awamu sek gelem urip terus. Ngelamar kerjo jaman saiki yo akeh banget opsine, dan isok dilakoni secara offline utowo online. Platform pencarian kerja jaman saiki yo wes akeh banget, salah sijine JobStreet. Cara ngelamar kerja nang JobStreet iku gampang banget. Pertama, isi disik kabeh data diri lengkap sampe riwayat pekerjaanmu mbiyen. Nek awakmu nduwe kelebihan sing luyane, isok dilebokno nang kono sisan. Ojok lali upload CV terbarumu. Nek wes, mulai nggolek pekerjaan sing mbok pingine karo tentukno lokasine nang bagian pencarian. Nang kono, awakmu isok milih kantor sing buka lowongan pekerjaan sing mbok golek sesuai lokasi sing wes mbok tentukno. Terus garek petek lamar, dan nek dijaluk surat lamaran, garek tulis ae. Wes deh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1154", "text": "Sing wedi yen dalan dhewekan kui ora mung wong wedok wae, nanging sing lanang juga wedi. Mungkin neng jumlah kasuse aku wong wedok sing diituti wong sing ora dikenal lan ciloko, nanging kui dudu artine sing lanag uga iso lepas seko resiko kui. Neng dalan kui, kabeh dianggepe podo. arep wedok opo lanang. Yen misale ono wong sing arep ngejambret barang-barange dhewe. Banjur dheweke gowo lading neng tengene. Sing iso luka keno lading kui kabeh wong sing duwe kulit, dadi sing lanang uga iso keno. Lanang karo wedok kui podo wae, podo-podo nyowone mung duwe siji. Yen awak dhewe kenopo-nopo, arep lanang opo wedhok, ora ono sing iso dilakoke meneh sak liyane pasrah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3429", "text": "Wedi pas dadi saksi iku ancene lumrah kanggo wong sing durung tau dadi saksi, opo maneh nag dadi saksi kecelakaan. Terus ben ora wedi pas dadi saksi kecelakaan maeng iku ono pirang-pirang anjuran sing kenek digawe, masio iku ora kabeh tapik yo kenek dipilehe endi sing tepak ambek sing ora tepak. Anjurane yoiku ngomongno sak temene piye kedadeane iku maeng soale nag ono sing ditambahi iku iso dadekno perkoro sing ngelarakno atine wong sing kecelakaan maeng. Terus ojo sampek bujuki nag pas dadi saksi soale nag sampek bujuki mesti garai wong sing kenek kecelakaan maeng loro ati. Terus ojo niseh, maksudte iku kudu ngomong opo anane.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9447", "text": "Dina iki ana HP anyar sing ditokke karo merk terkenal, yaiku Apple. Saben taun, Apple mesti ngetokke produk anyar Iphone sing beda saka taun wingi. Taun 2022 iki, Apple ngetokke produk Iphone 14 sing bakal metu jam 10 isuk. Kabeh wong sing wis ngeteni produk anyar iki bakaln ngantri ana ing ngarepe toko supaya bisa oleh Iphone 14 iki. Aku wis melu ngantri pirang-pirang taun lan iki cara supaya entuk produk Apple sing misuwur banget iki. Nomer siji, kudu wis teka lan antri ana ing ngarepe toko jam 4 isuk nalika bukae jam 10 isuk. Nomer loro, kudu siyaga kanggo gawa klambi anget nalika lagi mangsa rendheng amarga bakal ngenteni pirang-pirang jam. Sing terakhir, kudu sabar, tetep dunga, lan pasrah marang Gusti supaya bisa oleh barang iku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6067", "text": "Sampah organik kuwi pancen sampah sing paling gampang diolah amarga bisa langsung diiajurake karo tanah. Sampah organik kuwi yaiku sampah sing ana ning dapur kaya sayur, buah, daging, balungan, kulit ndhog, lan sak panunggale. Sampah organik iki pemanfaatane sing paling apik yaiku kawe pupuk. Cara pengolahan pupuk iki akeh banget. Ana sing langsung dikubur, diolah lan dipepe, pengolahan takakura, lan uga diolah dadi molase pupuk cair. Kondisi tanah iki bisa sehat amarga sampah organik iki ngandung nutrisi sing gampang dicerna karo tanah kaya natrium, urea, lan akeh nutrisi liyane. Pupuk tanah sing subur iki bisa nyehatake tanduran lan ora mbutuhake pupuk kimia gawenan menungsa. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "6042", "text": "Kewan sing paling dihindari karo para pecinta furnitur kayu yaiku rayap. Rayap iki salah siji serangga sing nyebabake kerusakan. Senajan cilik, rayam iki bisa ngentekake lemari kanthi omah kayu sing gedhe. Rayap iki uripe koloni utawa kelompok lan dipimpin karo ratu rayap sing tugase kaya ratu tawon, yaiku ngendhog lan ngasilake pasukan rayap. Yen gerombolan, rayap iki katon nggilani amarga ngerubung kabeh jenis kayu lan kadhang ana sing marai gatel. Sajane, rayap iki isih sebangsa karo coro, nanging ukurane luwih cilik lan sifate luwih ngerusak. Rayap iki ana sing seukuran semut lan wernane transparan utawa putih uga uripe ning panggonan sing lembab. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1593", "text": "Salah siji perkoro sing marake awak dhewe isin pas sekolah kui pas entuk biji sing elek bar ujian opo bar garap tugas. Senadyan, awak dhewe wis ngejanjike karo wong tuwone dhewe bakal entuk biji apik utowo wis ngomong karo konco-koncone dhewe yen awak dhewe bakal entuk ranking, awak dhewe tetep ora iso ngentoke kui. Nguciwake wong-wong lan ora iso memenuhi opo sing wis awak dhewe janjike kui tambah rasa isin sing dirasake. Opo meneh yen, awak dhewe wis sregep sinau lan wong-wong podo ngerti. Entuk biji elek kui ora iso dibenake. Awak dhewe ora iso baleni ujiane kui supoyo entuk biji sing luwih apik. Makane kui, entuk biji elek kui rasane isin banget.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9503", "text": "Grup whatsapp sing biyasane rame karo guyonan saiki wis sepi. Kabeh amarga kanca-kancaku padha di-PHK dina iki. Wis ora bisa janjian mangan bareng, dolan bareng, rempon bareng amarga wis ora sak kantor. Grup iku saiki wis ora ana sing ngechat maneh. Sepi lan kabeh pada metu siji-siji. Wis ora ana sing nyauti nalika ana sing ngejak guyon utawa ngejak dolen. Nalika ana sing ngechat uga mung bocah siji sing bales. Liyane wis ora duweni tenaga kanggo bales amarga wis ngelu nggolek penggawean dhewe-dhewe. Suwi-suwi, grup iki bakalan ilang lan mati akhire aku lan kanca-kancaku ora duwe panggon gawe ngomong utawa guyon bareng.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3312", "text": "Koncoku mesti keweden nag mlaku bengi soale deke tau kewedene polahe ditodong clorit ambek wong sing begal deke tahun wingi. Barang sing digawe begal iku maeng jarene blantonge pol koyok bulan sing tanggal pituan. Terus barang iku maeng diarakno nang gulune deke. Barang iku maeng jarene warnae rodok ireng koyok warnae kopi ngunu terus yo ono danganene sing teko kayu. Tapi sing jarene wong wedi, terus posisine yo koyok ngunu yo mesti ora iso lapo-lapo. Akhire barang-barange deke iki dikehno kanggo nyelametno nyowone deke ambek pacare sing pas iki ancene dolan nang kota Sate. ket perkoro iku deke nag mlaku bengi mesti rodok wedi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3887", "text": "Ambu iku ancene ono sing disenengi wong ambek sing digetingi wong. Nah sing biasane marakno isin yo sing ambu ora enak. Ben ora ambu ora enak awake iku wong-wong siki mesti akeh-akehe gawe pewangi kanggo ngilangno ambu iku maeng ben ora ganggu irunge tonggone. Tapi nak iso gawe wangi-wangian nang awak yo kudu ngerti iku aman opo ora nang awake, soale ono sing iso marakno gatel barang nang awak mergo ora tawar ambek wangian iku maeng. Yo ancene urip nang jaman saiki iku repot ora koyok biyen sing ambune biasa wae ora masalah. Yo ben ora ambu apek biasane yo kudu gawe sabun sing ancene awet wangine ambek ora kampang ilang ambune.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "8340", "text": "Tahun iki, koyok biasane, acara kemping nang jurusan iku bakal ngadakno jurit malem. Kali iki diputusno nek panggon sing digawe iku omah kosong sing gak sepiro adoh teko panggon awak dewe kemping. Tapi yaopo yaopo kudu survei panggon e disik. Akhire diputusno aku karo Agil sing survei mrono. Mbari omong-omongan karo penjogone, awak dewe diolehi nganggo panggon iki gawe jurit malem nang kene, dengan syarat gak bakal ngelakoni hal-hal sing aneh-aneh. Awak dewe sepakat. Buru awak dewe dioleni melbu gawe ndelok keadaan omahe. Buru ae pintu utamane dibuka, langsung akeh coro sing metu. Aku langsung mbuengok dan jejingkrakan ngindari coro iku mau. Sumpah nggilani pol ndelok coro sak mono akehe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7925", "text": "Kadang, aku heran ambek uwong sing nduwe fobia sing aneh-aneh. Contohe ablutophobia sing wedi adhus, pagophobia sing wedi ambek es watu, pogonophobia sing wedi ambek jenggot, dan sek akeh maneh jenis fobia sing ndek dipikir iku rodo gak masuk akal. Awak dewe mikir koyok ngono iku mergo awak dewe gak ngalami dewe opo sing dirasakno penderita fobia iku mau. Rasa wedi sing dirasakno mergo suatu objek tertentu iku tetep nyata, dan tetep wajar sisan. Pasti sing koyok ngono iku onok penyebabe sing marakno akhire penderita iku sampe fobia. Dadi awak gewe gak isok ngeremehno ngono ae. Malah awak dewe kudu memaklumi dan kudu paham nek koyok ngono iku nyata.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3322", "text": "Aku biyen tau wedi ambek sing jenenge walang kadung. Saking wedine sampek kadang berok-berok terus kabeh kewan sing warnae ijo sampek tak anggep walang kadung mergo iku koyok wes dadi phobia. Yo nag iling-iling perkoro iku ancene yo guyu dewe kok iso aku phobia ambek walang kadung ya biyen. Nah walang kadung iku kewan sing warnai ijo, kadang yo coklat barang, terus deke iku duwe supet sing iku yo dadi tangane, terus yo duwe elar koyok umume walang. Sing garai aku wedi biyen iku supite, soale nag nyupek iku lorone pol. Terus sing garai aku ora wedi maneh ambek iku, yo gara- gara konco-konco sing medeni aku ambek walang iku terus, akhire suwe-suwe ora wedi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1542", "text": "Pas aku lagi dolan neng Bandung. Aku ketoke delok wong sing mirip banget karo konco kelasku pas SMP biyen. Konco sing tak maksud kui jenenge Rizki. Wong sing tak delok neng salah siji taman neng Bandung kui perawakan mirip banget karo Rizki. Wonge rodo duwur nanging uga ora iso diarani cendek. Rupa lan kulite awake kabeh putih. Rambute dicepak. Dheweke mesthi nganggo kumis sing tipis. Aku dadi yakin banget yen kui Rizki. Pas tak ajak omong, jebul wonge bedho. Perawakan iso wae podo, nanging sukune bedo. Wonge kui langsung nyauri aku nganggo basa Sunda, sendayan Rizki ora iso boso kui soale dheweke wong Jawa.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3727", "text": "Akeh-akehe wong nag kenek telek yo mesti jijik, masio iku wes garing yo tetep mangkel. Wong sing nang ternak kewan ae nak kenek teleke yo esik duwe roso jijik sing ono nang awake. Dadi iku asline yo lumrah ambek wajar nag kenek teleke kewan iku lumrah. Terus sing biasane garai wong iku iku jijik nag kenek telek kewan iku ora perkoro mok ambune tok, tapi yo ono sing bentuke ambek wujute maeng. Nah bentuke iku werno-werno ono sing blotrok, ono sing bedonggalan, ono sing ajor mumur koyok linet yo ono. Kabeh maeng karek kewane mangan opo? nak mangane iku maeng normal yo biasane normal koyok umume keyan. Tapi nag kewane iku maeng duwe penyakit koyok weteng loro yo mesti bentuke biasane ajor. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1598", "text": "Yen awak dhewe duwe pendapat utowo fakta sing menurut awak dhewe bener, awak dhewe ojo ngotot-ngotot banget mempertahanke kui. Soale, awak dhewe iso wae salah. Lan yen wis salah kui, awak dhewe bakal ngeroso isin. Wong-wong sing depat karo awak dhewe perkoro sing didebat kui bakal guyoni awak dhewe. Timbangane ngotot, awak dhewe iso ngerungoke jawaban seko wong liyo. Awak dhewe pikire kui mateng-mateng. Sopo ngerti pendapat utowo pengetahuane kui luwih tepat timbangane awak dhewe. Awak dhewe kud iling yen awak dhewe kui ora pinter-pinter banget lan mesthi duwe salah. Misale, awak dhewe kui termasuk wong sing pinter tetep wae, sebagai menungso kui awak dhewe iso banget salah.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3723", "text": "Taeke kewan ika ancene duwe pirang-pirang bentuk, ono sing ungkul, ono sing koyok linet utowo koyok bubur tapi warnai koyok lemah sing ajor ngunu. Nah mari ngunu ambune iku yo ora karoan nag sing ungkul iku ora sepiro ambu, tapi nag sing ajor koyok bubur maeng iku ambune ora karoan mergo iku termasuk kewan sing nelek iku wetenge loro utowo gereng. Nah telek sing koyok ngunuku mesti nag ono wong sing ngerti utowo sing delok mesti jembere megilan mergo deke iku ngeroso nag telek iku wes termasuk perkor sing paling jemberi sing tau dipetuki. Terus kadang ono sing kecampuran koyok cacing cilik-cilik sing kluget-kluget barang yo tambah gilanine pol.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3811", "text": "Biyen sekitar tahun 2011, aku isek kelingan pas awit-awitan aku mlebu kampus terus kenal ambek bocah-bocah sing saiki wes dadi wong sukses kabeh. Nah pas iku aku duwe konco sing iso dianggep bocahe iku paling rame dewe nang kelompokku. Tapi salah sijine dino pas diklat deke iku moro ngentut bangete pol, aku ora ngerti mboh iku disengojo utowo ora, tapi sing jelas pas waktu iku bocahe rodok ngantuk polahe acarahe orah mari-mari. Nah ngentut iku maeng yo jelas diguyu bocah akehlah soale nang pinggir-pinggire iku keringgi. Nah sing keringi iku moro-moro langsung nunjuk deke ben ngomong nag deke iku ngetut. Tapi karo bocahe ora direken soale ancene deke iku setengeah. ngantuk.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5784", "text": "Panggonan sing ora dikenal kuwi pancen marai ora nyaman amarga mesti ana rasa wedi lan waspada sing ngeluwihi saka panggon sing awak dhewe kenal senajan mung sepisan. Panggonan sing ora dikenal kaya negara manca, omah kosong, kutha sing ora tau dipanggoni, lan uga sapanunggale kadhang ora ana rambu-rambu uga petunjuk ben wong anyar iki bisa waspada, apa maneh wong iki nduweni rasa trauma marang wong anyar. Tanpa dukungan saka wong ning lingkungan kuwi, mesti wong iki bisa dadi antisosial. Nanging yen wong kuwi seneng karo petualangan anyar, mesti pangonan anyar iki dadi tantangan kanggo adaptasi. Kamangka, adaptasi kuwi pilihan saban wong. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9880", "text": "Dina iki dina ulang tahunku. Aku mlebu sekolah kaya biasa. Ora duweni pikiran aneh-aneh ya aku bakalan mlebu kelas kaya biasane. Ora disangka nalika mlebu kelas jebule ana tulisan gedhe banget ning papan tulisane \"happy birthday\". Sawise aku aku kaget pol nganti njingkat amarga ana wong-wong sing dadakna kanca kelasku metu teka lemari mburi gawa balon lan kue ulang taun. Aku ora nyangka kanca-kancaku padha ilinh karo ulang taunku. Kabeh uga padha nggawe topi ulang taun lan nggawe topeng raine Rizky Bilar salah sijine artis sing tak senengi. Aku matur nuwun banget marang kanca-kancaku. Sawise aku nyebul lilin lan ngetok kuene, aku foto bareng karo kabeh kanca kelasku kanggo kenang-kenangan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "208", "text": "Pas pertama kali ngerti pengumuman, awak dhewe ketompe neng jurusan sing dipengeni lan universitas sing diidam-idamke, rasane seneng banget. Kabeh usaha lan dongo selama SMA kui ora sio-sio. Koyone kabeh wong kui kudu ngerti berito sing nyenengke seko awak dhewe. Naning ketompo kuliah kui, lagi tahap awal banget neng urusan perkuliahan. Paling ora awak dhewe kudu buktike iso bertahan sak ora-orane 4 taun utowo 8 semester seko dino ketompo kui. Kuliah kui ora gampang. Awak dhewe ngatur wektu dhewe, kapan kudu sinau, kapan kudu berorganisasi, kapan kudu leyeh-leyeh. Akeh mahasiswa sing gagal utowo angel luluse mergo ora iso ngatur wektu-wektu kui. Sak liyane kui, awak dhewe kudu duwe pikiran sing kritis. Pikiran kritis kui kudu diasah terus. Dadi luwih apik, yen ketompo neng universitas idaman kui ora perlu dipamerke. Soale uga, ora ono sing iso jamin uripe dhewe sesoke luwih sukses timabange liyane.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4823", "text": "Kanggo wong sing pertama kali sinau babakan nyelengi saham lan investasi sing jangkane suwe, bisa nganggo aplikasi IPOTPAY. Aplikasi iki cocok kanggo wong sing awam perkara saham lan cara-cara ngolahe. Ning aplikasi iki, ana video sing bisa njelasake cara tuku saham mulai saka ngisi saldo lan pilihan-pilihan saham sing cocok. Aplikasi iki bisa dadi sarana nyelengi sing aman amarga yen dhuwite cukup, bisa langsung disimpen ning saham. Ning IPOTPAY ya nampilake grafik saham lan bisa dadi bahan pertimbangan kanggo ngedol lan tuku saham. Dadi, tinimbang tuku barang kanggo aset sing regane tambah mudhun, mending dhuwit celengan kuwi diblanjakake saham ning aplikasi iki. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5299", "text": "Ning dunya, akeh banget harta karun sing durung bisa ditemokake, kamangka akeh banget jurusan arkeologi sing ana ning Indonesia utawa ning manca negara. Pentinge ana jurusan iki yaiku amarga peradaban iki tambah maju, nanging tetep uga butuh referensi saka jaman biyen kanggo nentokake bangsa iki modele kepiye. Banjur ning jurusan arkeologi iki ora mung diajari golek harta karun, nanging kudu diteliti banget sejarah lan latar belakang saka barang-barang iki. Sing dadi masalah yaiku yen arkeologi wis ora diminati. Kamangka, kanggo kanca sing seneng sejarah nanging ya uga seneng petualangan, arkeologi iki cocok kanggo jurusan kuliah ben bisa melu njaga warisane bangsa. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9805", "text": "Ujug-ujug bisa ndelok lelembut pancen nggarai kaget banget. Apa maneh yen pikiran lagi sumpek, pikiran kosong, lan atine ora penak iku bakal gampang banget ngerasa ana hawa-hawa sing ora penak. Hantu sing ngetok iku uga kadang gur teka pikirane awakdhewe. Dadi iku mung imajinasi pikirane kene dhewe. Nanging yen kaget banget pancen biasane ora bisa mikir apa-apa. Dadine mesti lali kudu ngapa nalika ndelok lelembut. Sing penting ora lali wacanan kaya maca kitab sucine dewe-dewe utawa matra sing isih bisa diwaca nalika ndelok lelembut. Lelembut uga ra mungkin ngetok nganti sejam, biasane mung sekelebat lan mari iku ngilang. Kadhang lelembut gur pengin ngguda manungsa supaya tambah wedi lan akhire males kanggo ibadah. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "767", "text": "Sebagai guru, awak dhewe kudu ngekei perlakuan sing podo marang murid-muride dhewe. Opo meneh, awak dhewe ngajar murid sing lagi neng umur-umur pubertas sing lagi sensitif. Murid kui iso wae nesu utowo mutung yen ora diperlakoke ora adil karo konco-koncone opo meneh karo gurune. Supoyo murid-muride dhewe ngerasa setoro kabeh, ono perkoro-perkoro sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngekei kesempatan sing podo. Ojo ngasi awak dhewe ngekei tugas sing spesifik marang murid-murid sing kui-kui wae. Sing keloro, awak dhewe sak iso mungkin ojo ngewehi tugas sing angel utowo butuhke duwit sing akeh. Yen iso malah, awak dhewe ngekei biaya maksimal kanggo tugas sing arep dikei kui.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5697", "text": "Wiwit cilik, akeh bocah sing ngerasa yen kabeh tuturan saka wong tuwane kuwi bentuk rasa emosi yaiku diseneni, nanging bocah ya ora kenal yen kuwi tahap pendisiplinan amarga kesalahan informasi. Kamangka, butuh didelok dhisik apa wae komponen nasihat sing ana ning tuturane wong tuwa. Sing kudu digatekake sak liyane inti nasihat kuwi yaiku tujuan sing diwenehake marang anak, kaya misale aja udan-udanan amarga mengko lara. Nanging akeh wong tuwa sing ngewenehi penekanan marang pesen sing pertama nanging ora njelasake tujuane. Kamangka, anak ngerasa diseneni tanpa ana tujuan lan bakal luwih tertutup marang wong tuwa amarga penyampaian nasihat sing salah tanpa penjelasan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7194", "text": "Wes dadi hal sing biasa gawe awak dewe tilik bayi pas krungu onok dulur utowo konco sing mbari ngelahirno. Sing marai bingung iku awak dewe kudu nggowo gawan opo sing cocok gawe tilik. Ancen nek kate ngekeki gawan pas tilik iku nek isok sing bermanfaat dan isok digawe jangka panjang. Salah sijine iku peralatan mangan gawe bayi. Mbasio saiki bayine sek ngombe ASI tok, dijamin peralatan mangan iku bakal berfungsi banget pas anake wes mulai mangan MPASI. Wes ngono, alat mangan iku bakal tetep dinggo sampe arek iku umur 3 tahun. Dan nek ibuke meteng maneh, alat mangan iku bakal isok dinggo adine engkok.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6008", "text": "Perjalanan darat iki kadhang uga nyebabake mabuk darat, yaiku pas kondisi awak ora penak, masuk angin lan uga kepengen muntah amarga awak lagi kurang apik kondisine, mambu ambunan sing ngerangsang muntahan, lan uga goncangan saka kendaraan. Nanging ya ana wong sing digawa nang ngendi wae mesti muntah ning ndhuwur kendaraan lan bakal angek diresiki. Wong sing kaya iki biyasane angel yen dijak menyang ngendi-ngendi sing adoh. Kamangka, biyasane numpak kendaraan umum sing minim goncangan kaya pesawat uga sepur. Kamangka kuwi, kanggo kanca sing sering mabuk darat, sering-sering wae numpak kendaraan umum kanggo latihan lan ben ora gampang kepikiran mabuk darat uga ora kesugesti kanggo muntah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3348", "text": "Akeh wong sing keweden nag moro-moro masi sing jenenge setan, nah perkoro wedi ambek setan iku yo wes biasa kedaden nang endi-endi mergo iku wes dadi kodrate menungso wedi ambek rupane setan sing medeni ora karoan. Nah jarene wong-wong sing pinter termasuk karo koncoku sing penggaweane ngadepi barang lembut koyok ngunuku iku nyaranno, nag ancene awakmu iku keweden polahe masi utowo moro-moro diketoki setan, artine awakmu iku digodoi ambek setan, nag iso masio awakmu iku wedi, ojo sampek ketok keweden tapi rodok diempet ben setane sing godoe maeng rodok mangkel, tapi nag ancene sampek ora iso ngempet roso wedine maeng, paling gak ojo sampek kebingungen, soale nag sampek kebingungen jelas tambah diwedeni sampek sak kateke.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8458", "text": "Tuku klambi nang ndi ae iku pasti berpotensi gawe kembaran karo wong liyo. Bah iku nang Mall, bah iku nang e-commerce. Tapi yaopo maneh, tokone gak mek dodolan siji klambi tok. Kasus paling akeh kembaran klambi iku pas tukune nang e-commerce. Aku nduwe siji tips sing isok mbok lakoni sak durunge tuku klambi nang e-commerce. Siji tok, yaiku hindari tuku klambi sing sak set. Biasane klambi sak set iku bakal luwe akeh peminate soale wong sing tuku engkok gak usah bingung gawe madu madano klambi siji karo klambi liyane, garek tuku siji iku ae. Nek wes ngono, bakal gede potensi kembaran karo wong liyo. Gawe awakmu sing gak pingin kembaran klambi karo wong liyo, ngandelo karo saranku mau.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9804", "text": "Sapa sing ora njingkat nalika diketoki karo barang alus utawa lelembut. Barang alus kaya lelembut iki biasane ngetok ning wong sing pancen bisa ngerasa ana hawa-hawa sing ora penak. Yen diketoki lelembut uga kudu langsung donga utawa bisa langsung mlayu wae. Pikiran uga kudu tenang lan resik. Saliyane iku, lelembut kaya ngene uga seneng ning panggon sing petheng, rusuh, lan panggon sing wis suwi ora tau dinggoni. Panggon sing kaya ngono kui bakalan dadi omahe lelembut. Mulane yen ning ngendi-ngendi ora perlu mikir sing ora-ora. Kudu mikir sing apik-apik wae, amarga lelembut ngerti endi wong sing ngerasa wedi lan wong iku sing bakal diwedeni.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4924", "text": "Akeh wong kang gagal amarga salah rencana. Rencana-rencana iki kalebu kaya rencana tuku omah, peritungan biaya nikah, lan uga rencana-rencana liyane. Amarga kuwi saiki wong kudu nduwe rencana kanggo urip. Rencana kuwi ana jangka panjang kanggo wektu sing isih dawa uga rencana sing jangka pendek. Wong sing rencanane ora mateng, mesti bakal keteteran lan bakal kaget yen nemoni masalah. Ana sing ngomong yen gawe ngewujudake rencana kuwi ya butuh waktu kaya tuku omah, ora bisa langsung tuku. Nanging ana peritungan lan kira-kira jumlah biayane. Kamangka yen arep ngrencanakke kegiyatan butuh ana catetan lan tulisan sing bisa ngelingake apa wae sing kudu digarap. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9856", "text": "Akeh wong sing padha kaget nalika ketemu karo kanca sing wis suwe ora ketemu. Saliyane kaget, wong-wong ya bingung kepiye carane supaya ora canggung lan bisa ngomong wong loro. Iki cara supaya nalika ketemu kanca lawas sing bisa dilakokake lan nggarai ora canggung. Nomer siji, nalika ujug-ujug ora sengaja ketemu kanca lawas kudu langsung disapa. Nyapa iki dadi wiwitan supaya bisa ngomong ning babagan liyane. Nomer loro, senajan bingunh meh ngomong apa yen bisa aja ngomong sing nggarai nyinggung lan nggarai ati lara. Wis cukup takon babagan kabar wae supaya aman. Sing terakhir aja lali njaluk nomer Hp utawa media sosial liyane supaya sawise mulih isih bisa kekancan maneh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3869", "text": "Nag ancene utang iku dadekno masalah utowo isin nang uripmu, yo ojo sampek utang. Koncoku sing penggaweane utang iku nyaranno nag utang iku ojo sampek ono sing ero ben ota dadekno isin nang atimu, sak liyane iku keluargamu barang yo mesti maleh isin. Mangkane nag iso utang iku ojo rame-rame ben ora ono wong jobo sing ngerti kejobo sing utang dewe ambek wong sing temen-temen dipercoyo. Yo ancene utang iku ono sing nganggep nag iku termasuk perkoro sing ora apik, tapi yo ono ae sing nganggep nak iku termasuk perkoro sing wes biasa ae onone nang masyarakat utowo nang uripe mengungso jaman saiki. Opo maneh saiki wong utang iku digampangno.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9429", "text": "Yen wis duweni tabungan lan pengin tuku barang sing wis dipengeni iku ora apa-apa. Iku sejatine kowe wis nandur lan wis siap kanggo manen apa sing wis ditandur yaiku dhuwit sing cukup kanggo tuku barang iku. Supaya bisa terus tuku barang sing dipengeni, aja lali kanggo tetep nyisakake dhuwit supaya ora langsung entek babar blas. Dhuwit sing isih ana iku mau bisa ditabung ana ing bank utawa diinvestasikna. Nyimpen dhuwit ana ing bank iku gampang banget lan tujuane supaya dhuwit iku mau ora gampang kegawe kanggo tuku barang sing ora perlu. Mula ayo padha nabung supaya tansah bisa tuku barang sing dipengeni!.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3315", "text": "Pas aku keringi ceritone koncoku sing dirampok aku maleh wedi dewe nag aku sing ditodong gaman iku mesti yo tambah bingung setengah mati. Asline roso wedi iku maeng yo wes lumrah opo maneh kanggo wong sing ora ngerti kok moro-moro ditodong koyok ngunu opo gak tambah keweden, terus nag sing digawe nodong maeng bedel yo tambah iso-iso nguyo nang enggon. Dadi wedi polahe ditodong senjata asline iku yo wes dadi sifat alamine menungso, kejobo nag wong iku wes duwe mental apik utowo duwe kekuatan sing ancene wes dilatih kusus kanggo nangani koyok perkoro ngunuku contone koyok tentara, polisi, intel, ambek liyane sing jenise wong-wong iku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "347", "text": "Kenyataan ora mesthi sesuai karo sing awak dhewe arepke. Awak dhewe kepengen mlebu universitas sing paling apik neng Indonesia, nanging kenyataan ora. Pas ngerti kenyataan kui, awak dewe ngeroso sedih. Ngeroso sedih kui ora opo-opo, nanging ora oleh suwe-suwe. Awak dhewe kudu iling, usaha kui ora ngehianti asil. Mungkin, pas kui awak dhewe sinaune ora sregep utowo sregep nanging kalah sregep karo sing liyane. Kegalalan kui kudune iso dienggo motivasi. Saiki awak dhewe wis ngeroso sedih mergo ora ketompo kampus idaman, awak dhewe kudu duwe niat ben ora ngeroso sedih meneh koyo ngono meneh. Kesedihan kui iso dadi motivasi sing gerake awak iki menuju dino sing luwih cerah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "5681", "text": "Cerita babagan wedi dioperasi iki uga dialami karo kakangku. Dekne kuwi bar kecelakaan lan sikile ana patah tulang lan kudu dipasang pen. Kakangku iki malah bengok-bengok sak durunge mlebu ruang operasi amarga wedi yen dioperasi. Padahal ya kuwi amarga tingkahe dhewe. Para dokter sing arep ngoperasi uga melu ngguyu, nanging kakangku wis pucet dhisikan amarga dekne wedi yen sikile dileboni barang sing ora dikenal kaya pen wesi ben mbentuk sikil sing patah tulang kuwi mau. Nanging, rampung operasi, kakangku malah guyon amarga ben lali karo rasa wedine. Banjur yen iling operasine, kakangku dadi luwih atih-ati yen numpak motor ning dalan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "732", "text": "Bela diri kui penting kanggo awak dhewe, nanging resiko keno pukul kui mesthi ono. Aku sempet melu silat seko negoro Thailand, sing jenenge kui muay Thai. Kui rodo mirip-mirip silat seko Indonesia nanging gerakane luwih teges. Silat Thailand kui dikenal wong-wong dadi bela diri sing paling keras. Pas lagi latian kui, awak dhewe sok-sok latian pertandingan tenanan. Awak dhewe dipasangke loro-loro. Bar rampung latian, konco sing dadi lawan tandingku kui, buka klambine. Ono bekas jotosanku kui memar neng beberapa bagian neng awake. Ono sing ning weteng lan uga ono sing neng tangan. Pancen aku mukule rodo tenanan pas latian kui. Ora terimo, dhewe langsung bales mukul balik. Padahal, wis ora nganggo pelindung tangan karo sirah.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5322", "text": "Bocah taun 90-an mesti akrab banget karo acara TV sing judule \"Playboy Kabel\". Acara iki tayang taun 2007 lan ditayangake ning SCTV. Playboy kabel iki ngundang wong sing pengen nguji setya lan asihe pacar utawa bojone amarga acara iki nyediakake media kaya SMS, telpon, lan uga media liyane kanggo kenalan marang wong liya banjur didelok, wong iki sakjane setya opo ora. Sing mandu acara iki yaiku Joe Richard, Yulia Rachman, uga Uya Kuya. Acara iki tayang jam 17.00 kanthi jam 18.00. Nanging, saka acara iki, uga akeh sing malah kebuka kebiyasaane kaya tukang selingkuh lan marai hubungane pegat ning ngarep kamera. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1493", "text": "Ngeroso jijik kui lumrah dialami karo kabeh menungso alami. Alesane wong iso ngeroso jijik kui werno-werno, ono sing mergo ngambu sesuatu sing ora enak utowo delok sesuatu sing marake dheweke wetheng lara. Respone wong-wong uga bedo-bedo yen dheweke lagi ngeroso jijik. Ono wong sing nutup irung yen lagi ngambu sesuatu sing marake dhewe jijik. Ono sing gawe ekspresi sing elek pas lagi delok utowo ngambu sesuautu sing jijiki. Ono wong sing langsung ngindari sesuatu sing gawe dheweke gilo. Ono sing sangking ora kuwate delok utowo ngombe sesuatu sing jijik dheweke langsung mukok. Reaksine kui bedo-bedo nanging kui lumrahe wae. Kabeh wong mesthi tau ngerasake jijik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9533", "text": "Nining duweni trauma nalika mangan kepiting. Dheweke duweni alergi lan bakalan langsung ngerasa gatel kabeh sak awak. Ana ing sekolah dheweke ora ngerti yen panganan ing kantin ana sing ngandung kepiting. Sawise mangan panganan iki, raine Nining langsung abang mbranang. Mripate krasa panas, kulite langsun metu bentol-bentol abang, lan dee krasa kudu mutah. Wong sing ana ing kantin padha kaget lan padha teka nulungi Nining. Ana sing nyeluk gurune,ana sing langsung ngejak nggawa ning UKS lan njupukna tandu, lan ana sing golekna ngombe kanggo Nining. Nining langsung digawa ana ing rumah sakit kanggo dipriksa karo dhokter lan diobati supaya alergine bisa mari.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "1029", "text": "Awak dhewe ora entuk ngeloki wong sing duwe fobia sosial. Fobia sosial kui ngeroso kuwatir sing berlebihan pas lagi neng lingkungan sosial. Wong kui angel gaul lan kenalan karo wong liyo. Uripe kui wis angel tanpa awak dhewe ganggu. Dheweke mungkin ora gelem metu omah mergo ora kepengen ketemu akeh wong. Dheweke wedi wong-wong sing dheweke ora kenal kui bakal ngakimi dheweke mergo dadi awake dhewe. Makane, awak dhewe ora perlu nambah-nambah beban uripe. Yen awak dhewe ora gelem ngewangi dheweke sembuh seko penyakite kui paling ora awak dhewe iso meneng, ora perlu komentar opo-opo. Dadi wis sakyogyane, awak dhewe kudu apikan karo wong sing duwe fobia kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1411", "text": "Aku selama neng sekolahan kui arang banget neng kamar mburi. Yen ora kepepet-pepet banget, aku ora milih nguyuh utowo ngising neng omah wae. Jumlahe total aku mlebu neng kamar mburi kui iso diitung nganggo driji. Nanging aku tau kepekso nganggo kamar mburi neng sekolahan. Pas kui, wethengku lagi keroso mules banget. Aku pas kui awake lagi ora penak, masak angin ketoke. Seko kelas, aku langsung mlayu neng kamar mburi. Nanging kamar mburi sing cerak kelas, ono isine kabeh. Dadi aku golek inisiatif, neng kamar mburi sing arang dienggo karo wong. Jedinge kui kondisine sing paling ora kerawat. Nanging, timabangane, aku mlayu neng kamar mburi sing luwih resik ning kebak kabeh. Pas kui, aku wis pasrah ngising neng panggon sing reged. Sing tak pikirke, wethengku iso ngeroso lego disik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2968", "text": "Saiki akeh wong nang menang undian iku mesti jumbul. Nah sak liyane iku akeh wong sing ngandani nag pengumuman nag ono wong menang oleh undian iku ora bener soale kadang ono wong sing kenek tipu. Nag desok disek yo wes ono sing kenek perkoro ngunuku mangkane nag desok nag ono undian akeh wong ora percoro. Dadi kudune nang ono sing oleh telfon terus menang undian padal ora melok opo-opo iku kudu dicek ambek dipastikno bener opo ora soale saiki akeh model-model wong sing bujuki koyok ngunuku. Nag situs utowo media sosial iku yo wes akeh sing koyok ngunuku, tambah saiki wes bolak-balik metu soale akeh sing dirugekno ambek ono sing kebijuk sampek jutaan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4922", "text": "Ana wong-wong sukses ning dunya iki sing duwe pengalaman gagal sak durunge dadi sukses kaya saiki. Salah sawijine Colonel Sanders. Colonel Sanders iki wong kang nggawe label kuliner kondhang sak dunya, yaiku KFC. Colonel Sanders iki lair ning Amerika tanggal 9 September 1890 lan seda tanggal 16 Desember 1980. Wong sing duwe ciri rambut putih lan nganggo kaca mata iki tau nduwe akeh profesi kaya tukang tambal ban, sales asuransi, lan koki kanthi nemokake resep rahasia pithik sing digoreng nganggo tepung kaya saiki ning umure 50 taun. Usahane Colonel Sanders iki uga sempet rugi lan bola-bali gagal nanging Colonel Sanders iki ora nyerah. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7507", "text": "Salah siji uwong sing isok ndelok makhluk-makhluk alus iku nek uwong wes kebuka mata batine. Biasane mata batin iku wes onok ket wong iku lahir, tapi isok sisan nek wong iku kate buka mata batine dewe. Biasane mbuka mata batin iki kudu karo ahline, tapi onok cara ben isok mbuka mata batin dewe. Sak durunge kate buka mata batinmu, pastikno awakmu isok nerimo dampak-dampak sing bakal mbok alami ke depane. Kudu digatekno sisan nek mata batin sing wes kebuka gak bakal isok mbalik nutup maneh. Cara mbuka mata batin dewe iki koyok ngene. Siji, niat karo dungo. Loro, dilakoni tengah bengi. Telu, nganggo pakaian longgar. Papat, lunggo silo nang lantai utowo matras. Limo, ngatur napas. Enem, merem. Pitu, pusatno konsentrasi nang cakra ajna. Wolu, moco amalan wirid. Songo, ngucap syukur.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2635", "text": "Salah sijine situs kesehatan terkenal jelasno nag trauma nag pas waktu cilik iku kenek diwarasno ambek pirang-pirang metode, salah sijine ambek jaluk tolong nang ahli psicolog sing ahli nag bidang iku. Jaman saiki akeh bocah-bocah cilik sing duwe trauma ambek pirang-pirang perkoro sing angel siarekno ambek wong psikolog. Tapi nag wong biyen iku karek teko nang wong pinter utowo dukun disuwuk langsung ilang. Nag saiki kudu butuhno waktu suwe gawe marasno trauma iku soale saiki iku kabeh serba logika sing logika dewe ora iso getebak mlayune nangdi.Mangkane munggae kasus trauma nag waktu cilik saiki tambah akeh soale wong nganggepi wong trauma iki kenek diarekno nganggo ilmu sing logika padahal wong trauma dewe ora logika.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "703", "text": "Ket rego pertalite, pertamax, utowo jenis BBM liyone kui mundak emboh kenopo antrean neng pom kui makin dowo. Tak kiro mung gur sedolo, nanging tekan saiki antreane tetep wae dowo. Aku tau ngisi bensin pas lagi kesusu. Senadyan kudu tekan panggon latian cepet, nanging bensinku gari sitik. Gelem ora gelem, aku kudu mampir pom sek. Jebul, antreane dowo banget. Antrean ngarep tekan sing paling ujung kui ketoke ono 30 montor. Sangking suwene, wong-wong podo matine montore disik. Akeh sing HPan opo ngobrol ben ora bosen ngenteni gilirane. Pas wis arep giliranku, ono ibu-ibu nyerobot neng ngarepku. Dheweke jarene kesusu arep tuku panganan kanggo anake. Aku mangkel tur mung iso meneg wae. Saking mangkele aku ngomong \"asu\" mung neng jero ati.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5321", "text": "Salah siji acara sing paling ora tak senengi ning TV kuwi yaiku acara sing digawe-gawe kaya penggrebegan pacar sing selingkuh uga direwangi kru TV. Acara iki biyen tayang meh saban sore. Saban aku lagi nyapu, mesti ibuku nonton iki. Kadang acarane pancen ora jelas amarga seneng ngangkat crita sing ora mungkin kaya selingkuh nanging sampe duwe anak ning sak kutha lan ora ana komunikasi, padhahal ning jaman sing serba maju iki kudune ya bisa akses media sosial. Uga ana crita sing selingkuh kanthi bojone mati ora weruh. Pokoke program iki mancing perkara banget lan marai penonton ning omah muring-muring ora jelas. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2676", "text": "Roso getun sing jeru nag jerone urip iku iso blaheni kanggo wong sing duwe roso ngunuku. Masalahe nag wong iku maeng ora iso nyadari, wong iku maeng iso dadi wong sing ora bakal maju soale wedi getun maneh nag atene ngelakoni opo-opo sing iso gawe wong iku sukses nag masa depane wong iku maeng. Dadi roso iki iku koyok wong sing dolanan geni, nag kepareken ambek genine iku mblaheni. Sing apik yo iku dadekno roso iki dadi kekuatan utowo pengalaman sing bakale nguwei pelajaran ang masa depane ben ora ngalami getun sing koyok ngeneki. Utowo ben ora kejegur nang roso getun sing podo. Dadi nag lapo-lapo iso ngiro-ngiro engko bakal dadi opo.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "247", "text": "Awak dhewe tau nemu duwit neng dalan. Mungkin awak dhewe tau nemu sing lembaran werno biru utowo abang. Nemu kui rasane kanggo ketemu rejiki nomplok. Lumayan iso dienggo tambah-tambah sangu jajan. Nanging secilik opo wae, duwit sing ditemoke neng dalan kui dudu hake awak dhewe. Awak dhewe ora iso nganggo duwit kui kanggo keperluan opo wae. Neng Islam kui, duwit utowo barang liyane sing wong temuke kui uga ora leh dienggo. Wong sing nemu kui kudu ngumumke barang utowo duwit sing ilang kui selama setaun. Yen wis setaun liwat lan ora ono sing ngaku, barang kui lagi iso dadi hake wong sing nemu wae.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5725", "text": "Kecelakaaan kuwi dudu salah siji tontonan. Nanging, akeh wong sing durung pahama amarga isih sering nontoni wong kecelakaan nanging ora ngewenehi pitulungan lan marai macet. Keadaan iki uga ngganggu lalu lintas, apa maneh pas udan deres lan uga dalane cilik. Kamangka, para penonton kecelakaan iki bisa dadi masalah pas ana polisi utawa ambulans sing arep nulungi. Wong-wong iki ora wedi marang kecelakaan lan kondisi korban, nanging malah nggawe dokumentasi saka foto, video, lan sing parah kuwi kadhang melu nyebarake identitas korban. Wong sing dadi saksi kecelakaan iki isih melu ndredeg lan wedi ditakoni polisi, nanging wong sing ora duwe empati iki bisa sekarepe dhewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5718", "text": "Jaman saiki, wis dijelaske ning jerone kitab suci Al-Qur'an yen kabeh perbuatan kuwi ana ganjarane senajan tumindak ala lan apik sak gedhene winih sawi. Perbuatan iki diitung dadi dosa lan pahala. Miturut kepercayaan, kabeh tumindak apike menungsa kuwi dicatet karo malaikat Rakib lan sing ala dicatet malaikat Atid. Senajan menungsa ora bisa ndelok malaikat, menungsa wajib nduwe iman marang malaikat lan kudu wedi yen arep tumindak duso senajan ndelik-ndelik kaya mangan pas lagi poso, utawa mojok lan ngelakoni zina. Kamangka kuwi, saiki awak dhewe kudu sadar lan mawas diri kabeh ibadah kuwi dilakoni dudu mung kanggo sembahan, nanging uga kanggo nuwuhake kebiasaan apik marang awak dhewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3749", "text": "Sopo se sing ora geting ambek sing jejenge coro goeng. Lah wong biasa roto-roto se geting nag petuk ambek sing jenengen kewan siji iki terus mesti dipatenI. Kewan iki ancene marakno wong sing delok iku jijik. Nah ben ora petuk ambek kewan iki, omah utowo panggonan cepit-cepitan koyok lemari ambek liyane iku kudu gelek diresiki ben ora digawe panggonan. Yo ancene panggonan nang omah iku sing rodok rusoh ambek meles iku mesti akehe rambloko kewan iki, terus iku kan kesenengane kewan iku. Mangkane nag ono omah sing akeh kewan iki, berarti omah iku arang diresiki ambek omahe iku termasuk meles ora garing.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2054", "text": "Wong duwe utang kui wedi gampang ngeroso dietuti. Soale kui mau, dheweke duwe utang sing ngeroso kudu dheweke bayar. Sebenere kui wis kewajibane dheweke. Nanging mergo siji lan okeh alesan liyane, dheweke dadi ora iso nyauri. Pas lagi kahanan koyo ngeneki, sak ben wong sing ketoke koyo ngetuti dheweke kui dituduh arep nyilakani dheweke. Dheweke mikir wong kui preman seko bang plecit sing bakal ngantemi dheweke mergo ora bayar. Padahal kui, sebenere wong sing kebetulan duwe rupa sing sangar lan ngepasi arah mlakune dheweke. Atine dheweke dadi ora ayem ono neng endi-endi. Malah dheweke tetep ora iso kalem senadyan wis ono neng jero omahe dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7651", "text": "Dino iki aku kumat dadi macan saking galak e. Mulai teko dijaki ngobrol malah nyolot, dikeki jajan nyolot, dijak mangan bareng nyolot, bahkan dikon leren dilut karo bos ku yo nyolot. Akhire manajerku ngampiri aku, ditakoni opo’o, aku mek mbales mboh. Soale aku temenan gak eroh opo’o aku ngeroso suensi koyok ngene. Rasane iku aku pingin nyokot kabeh uwong sing nang kene. Manajerku ketok nek khawatir, dan akhire nyarano aku gawe moleh. Berhubung aku sek sensi, aku langsung nyentak de’e dan langsung nyolot, “Terus nek moleh gajiku dadi dipotong la’an, gak usah aneh-anehan”. Akhire kabeh bener-bener gak onok sing wani nyedek nang aku, setidake sampe suasana atiku dadi apik dan kabehe aman sentosa.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9440", "text": "Sadurunge sekolah, aku mesthi padu karo wong omahku. Ora tau ora nggoleki kunci sepeda montor. Kaya isuk iki, aku wis kerinan katene budhal sekolah nanging isih mbulet kanggo nggoleki kunci sepeda montor. Ibuku teka lan ngewangi nggoleki kunci ana ing kabeh panggon kayata kamarku, mbale, pawon. Aku uga ngiling-iling panggon terakhir aku ndeleh kunci iku. Kabeh panggon tak delok kayata ing tas sekolah, tas les, kesak clana, lemari lan liyane. Akhire Ayahku sing nemu kunci sepeda montorku. Kunci iku dadakno nyantol ana ing cantolan mburi lawang kamarku. Aku langsung budhal sekolah kanti rada ngebut amarga wedi kari lan bakal diukuk karo guruku.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7187", "text": "Ijab kabul iku dadi syarat utama sah e suatu pernikahan. Ijab kabul yo onok tata carane dewe. Siji, wali nikah ambek mempelai laki-laki dipertemukno. Mempelai laki-laki dan wali nikah dikancani rong saksi gawe ndelok proses akad berlangsung. Loro, bakal onok khutbah disik teko imam utowo penghulu sak durunge proses ijab kabul dimulai. Telu, dibimbing karo penghulu, mempelai pria dianjurkan gawe moco beberapa bacaan doa koyok moco istighfar, dua kalimat syahadat, karo sholawat. Papat, mempelai pria macakno ijab kabul. Mempelai pria karo wali nikah kudu berpegangan tangan sebagai tanda berlangsungnya proses akad. Bahas sing dinggo oleh opo ae, sesuai karo kemampuan kedua belah pihak. Limo, nek ijab kabul wes dianggep sah bagi para saksi, bakal dilanjut karo doa penutup. Terakhir, bakal dilanjut karo tanda tangan buku nikah oleh kedua mempelai sing disaksikno ambek petugas pencatat nikah ambek penghulu.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5255", "text": "Kadhang ning dunya iki ana perasaan tau ketemu, yaiku dejavu. Perasaan iki mesti ana lan kadhang marai terganggu amarga mesti ana perasaan sing ora nyaman. Banjur rasa dejavu iki uga marai wong ngira-ngira yen dekne tau ketemu wong utawa kanca lawas. Nanging ana wong sing nanggepi perasaan dejavu iki secara serius lan malah kaget lan dadi bingung karepe dhewe. Kadhang uga marai wong ora nyaman amarga melu ditakoni uga dikira-kira tau ketemu. Sajane perasaan iki uga ana hubungane karo kelainan utawa kejang cilik ning otak, kamangka mesti ana perasaan sing mbayang utawa pancen ya tau ketemu sekilas nanging ora disadari. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "6087", "text": "Balita kuwi wis bisa diajari kanggo mangan yaiku ning umur 6 sasi. Balita iki bisa ngawali mangan nganggo bubur sing teksture alus banget. Ora mbutuhake panganan sing larang kaya salmon, jamur sing regane dhuwur, buah impor, lan uga panganan larang liyane. Sing dibutuhake yaiku cara masak sing resik lan uga cara konsumsi sing teratur. Senajan bayi iki bisa mangan sembarang kalir tanpa paham apa sing dipangan, wong tuwa kudu nggatekake alat masak. Aja nyampur alat masak ben ora kotor lan ngerusak kandungan gizi. Ibu uga kudu dadi wong sing jijikan yen pas masak rusuh lan akeh sampah ben panganan kuwi luwih higienis lan cocok kanggo bayi. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7501", "text": "Dino iki aku moleh sekolah luwe awal mergo guru-gurune onok rapat kurikulum. Tapi guduk moleh, aku malah jajan ambek dolen karo koncoku. Mbarine asyik ngecewes suwe, akhire siji-siji podo moleh dan aku milih moleh sisan. Buru ae aku melbu omah, dadakno lagi sepi. Batinku sih iki mergo mama sek turu nang kamare dewe dan adek-adekku sek podo nang sekolah. Kate ngelangkah melbu kamar, moro onok sing nyekel pundakku kuenceng banget marai aku kuaget. Pas noleh, aku ndelok wong wedok wajahe pucet dan drijine metu getihe kabeh. Aku langsung mbuengok saking kaget campur wedi sisan. Moro mbari aku mbengok, wong iku ngilang ngono ae. Cuma sing marai aku was was iku getih sing sek nyiso nang seragamku.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "600", "text": "Pas isih SD, aku lan konco-koncoku sering garapi siji karo liyane. Senadyan, ngerti yen opo sing arep dikei koncone dhewe kui marai awak dhewe kaget utowo jijik, awak tetep wae manut utowo nompo barange kui. Salah siji sing tak iling kui, sing kon delok perbedaan gambar neng komputer. Dadi, koncoku duduhke rong gambar. Gambar kui mirip banget. Dheweke ngomong yen gambar-gambar kui ono limang perbedaan. Jarane, mung sitik sing iso nemu limang perbedaan kui. Wis ditantang koyo ngono, aku ora gelem deloke neng aku ora iso. Mripatku fokus banget neng layar. Wis tak pantengi nganti telaten nanging ora nemu-nemu. Ngerti-ngerti gambar kui berubah dadi gambar dedemit. Aku langusng kaget lan koncoku mau kui guyu.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1092", "text": "Awak dhewe kui mesthi duwe rasa wedi pas lagi utowo arep diseneni. Nanging wong kui nyeneni kanggo cara sing bedo-bedo. Nyeneni kui ora kudu nganggo swara sing gedhe sing marake jantunge dhewe madheg sedelo. Ono wong sing nyeneni kui nganggo swara sing alon, tapi seko swarane kui awak dhewe wis ngerti yeng wonge kui lagi mangkel neng awak dhewe. Wong sing koyo ngono kui luwih medeni timbangane wong sing nesune karo bengok-bengok. Soale, tabiate ora ketebak, iso wae bar nyeneni kui dheweke isih nesu karo awak dhewe. Nanging sing paling ngeselke kui, wong sing nesu neng awak dhewe neng ngarepe wong akeh. Kui marake awak dhewe isin banget.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7519", "text": "Sopo ae iku bakal seneng nek dikeki hadiah. Tapi onok salah siji hal sing biasane uwong lali ben dikeki hadiah, yaiku ngomong suwun nang pemberi hadiah iku mau. Wong sing ngekeki hadiah iki wes akeh berkorban mek gawe ngekeki hadiah nang awak dewe. Mulai teko berkorban duit gawe tuku hadiah sampe berkorban waktu gawe milih hadiah, mbungkus kado, ambek ngeterno hadiahe. Mbasio mereka gak berharap imbalan opo-opo, setidake mereka iki berharap kata suwun teko awak dewe ben ngeroso diapresiasi. Setidake nek mbari diomongi suwun iku, pengorbanan sing dilakoni iku gak sia-sia. Dadi gawe awakmu, ojok lali ngomong suwun ben mari dikeki hadiah.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2554", "text": "Kabeh wong sing urip nag dunyo mesti duwe pengalaman sing apik nag jeruni uri. Jarene koncoku, pengalaman iku iso wae dadi pengalaman sing paling apik polahe pengalaman iku maeng ora disongko-songko sak umur uripe maeng. Tapi pengalaman iku maeng kudune iso diolah dadi pondasi nag masa sing ate teko ben iso dadi ilmu sing apik. Pengalaman iku maeng ancene iso nguwehi warna sing luar biasa kanggo uripe wong soale iso ngubah cara pikire pas ngadepi perkoro-perkoro sing meh podo ambek perkoro maeng. Tapi kabeh iku karek sing duwe pengalaman iku maeng. Nag pengalaman sing paling nyenengno iku digawe sombong-sombongan utowa pamer nang liyane tambah dadi elek.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9520", "text": "Dimas wis kekancan karo Rina kait umur 7 taun. Pas iku, Dimas lan Rina ana ing SD Mekarsari dadi kanca sak bangku wiwit kelas 1 nganti kelas 6. Saiki Dimas karo Rina wis padha kerja. Dheweke isih njaga komunikasi karo Rina. Amarga saben dina bareng-bareng terus, Dimas ngerasa kaya ana sing aneh karo atine. Dimas kayane seneng karo Rina. Pas iku, mulih seka kerja Dimas ngejak Rina kanggo mangan bareng. Ora mung mangan, Dimas uga ngomong yen meh ngejak Rina pacaran. Nanging Rina ora gelem amarga wis nganggep Dimas kaya dulur dhewe amarga saking cedhake. Dimas sedih pol amarga ditolak karo Rina, akhir Dimas mutusake kanggo pindah ning kutha liyane supaya ora kelingan terus karo Rina.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3314", "text": "Kabeh wong nag ditodong senjata yo mesti wedi, opo maneh oleh nodonge iku maeng nang tengah alas. Terus sing medeni iku nag sing nodong iku ancene niat begal utowo ngerampok wong ditodong iku maeng tambah wedi lah. Masio iku wonge gede ambek aparat menisan nag wes kadung ditodong yo mesti keweden. Soale nang kondisi koyok ngunuku wong iku wes nak titik sing paling wedi polahe ora iso lapo-lapo ambek kepepet. Sing ono nang pikirane yo mog carane iso slamet tok. Yo perkoro nginiki yo wes wajarlah soale sing jenenge menungso mesti duwe roso wedi ambek perkoro sing ngancam awake. Nah roso wedi iki maeng teko mentale deke sing durung kelateh ambek durung tatak.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1150", "text": "Pas SD, aku tau arep diculik karo wong. Pas kui umurku 11 taun. Awaku lemu banget lan kulitku putih. Biasane, aku bali sekolah kui dipetuk karo ibu yen ora bakal dipetuk karo budheku. Nanging pas kui, sekolahku bali gasik. Durung ono pemeberitauan sak durunge, yen kelase bakal rampung luwih cepat. Mergo ora duwe HP lan ora gowo duwit kanggo numpak becak, tak putuske aku mlaku dhewe wae timbangane mung meneng wae neng sekolahan. Durung mlaku adoh kui, ngerti-ngerti ono wong sing mekso aku mlebu gang. Aku wedi. Aku mikir opo iki aku bakal diculik. Bejone, ono pegawe seko dinas pendidikan liwat cerak kono. Dheweke ngewangi aku lepas seko wong kui lan ngeterke aku balik neng ngarep gerbang sekolah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5642", "text": "Phasmopobia yaiku rasa wedi marang dedemit sing lebih. Phasmopobia iki marai wong sing ngerungokno crita setan wae wis keweden, ndredeg, lan trauma, padahal ora ngerti wujude memedi kuwi kaya apa. Salah siji cirine yaiku rampung ngerungokake crita, wedi arep nang ngendi-ngendi banjur bisa keganggu turune nganti insomnia lan ngganggu aktivitas saban dinane. Jenis fobia sing iki bisa uga ngganggu fisik kaya kondisi jantung sing ora normal, tekanan darah sing ora normal, lan uga bisa marai sesak napas. Amarga kuwi, fobia iki bisa ngganggu urip kaya wedi urip ning panggonan sing peteng lan uga nyabang dadi jenis fobia liyane lan dadi kurang turu kamangka kurang sehat. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5702", "text": "Trauma marang jarum suntik iki uga bisa disebabake karo isu lan bayangan babagan suntik euthanasia. Suntik euthanasia yaiku prosedur kedokteran sing bisa ngilangake nyawa utawa suntik mati. Prosedur iki dilarang ning Indonesia ing kondisi apa wae kecuali dokter hewan sing nyuntik kewan amarga penyakit sing ora bisa diobati. Suntik euthanasia ning Indonesia iki hukume isih ilegal amarga akeh norma-norma sing ngatur babagan hak asasi manusia sing isih duwe martabat, norma agama, lan uga etika kedokteran. Wong sing ngelanggar lan melu ngelakoni prosedur suntikan iki bisa diganjar penjara 12 taun, kalebu suntik euthanasia sing dijaluk karo pasien lan wis ana persetujuan saka keluarga pasien. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7993", "text": "Marah iku salah siji jenis perasaan sing paling umum dirasakno akeh uwong. Biasane rasa marah iku muncul pas ngeroso gak seneng karo sesuatu. Kabeh uwong iku tau nyeneni utowo diseneni, dan iku normal. Jenis marah sing umum iku onok limo. Siji, marah stres. Marah sing siji iki penyebabe beragam. Terus luwe gampang dikendalikno dengan cara ngindari penyebab stres iku mau. Loro, marah pasif-agresif. Wong sing ngalami iki bakal ngatasi amarah dengan ngindar. Biasane iku ngomong nek lagi marah, tapi igak karo alesane. Telu, marah verbal. Marah verbal iku marah sing marakno wong iku ngomel ngomel sak karepe dewe dan kadang isok ngelarakno atine wong liyo. Papat, marah volatil. Marah sing iki guduk sing marah terus-terusan, isok barengan ambek perasaan liyane. Limo, marah pembalasan. Tujuane iku mbales rasa kesel iku mau nang wong liyo sing mancing perkoro nang de’e.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8434", "text": "Ngguyu iku kadang perlu gawe ngeculno rasa stres sing onok nang sira. Kadang sembarang kalir kekonyolan iku isok marakno awak dewe ngguyu. Salah sijine iki kelakuan bodoh utowo ndlahom e koncone awak dewe. Kadang arek iku mau yo sisan melu ngguyu pas ndelok awak dewe ngguyu, melu ngguyu ambek kebodohane. Tapi kadang, arek iku mau dadi isin terus maleh gak pede kate lapo-lapo. Makane kadangan ngguyu mergo kesalahane wong liyo iku isok dadi salah siji bentuk pembullyan. Mungkin awak dewe gak sadar nek wes ngelakoni iku, tapi gawe korbane iku pasti bakal mbekas pol. Nek wes ngono, korbane iku maleh isin, wedi, dan isok maleh menarik diri teko kehidupan sosial.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7686", "text": "Plagiarisme iku isok dicegah, salah sijine iku nganggo situs web utowo aplikasi sing khusus gawe ngecek onok unsur plagiarisasi ta gak nang tulisan iku mau. Situs sing paling digawe nang dunia akademisi iku jenenge Turnitin. Langkah-langkah nggawe Turninit iku koyok ngene. Siji, buka website turnitin.com. Loro, melbu nganggo akun pelajarmu. Telu, nek kate unggah berkas, petek menu Submit nang sebelah kanan. Papat, mbari metek menu Send, halaman bakal otomatis dialihno nang dialog unggah berkas tunggal sing berisi ID dokumen. Isi jeneng ngarep, jeneng mburi, sampe judul penelitian. Mbari ngono pilih berkas sing kate diunggah. Limo, nek berkase wes dipilih, petek menu Up, enteni sampe berkas berhasil diunggah. Enem, nek wes mari, petek menu Confirm terus balik nang menu Assignment List. Pitu, enteni sampe metu persentase ne. Terakhir, nek wes mari kabeh, petek menu View gawe ndelok hasile.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7944", "text": "Gawe wong tuwo sing nduwe bayek, pasti sering banget ngadepi anake sing rewel. Tapi kadangan, rewele iku mergo alesan sing gak jelas. Wes diombeni ASI, sek ae nangis. Utowo wes diganti pampers e, sek tetep ae kejer. Digendong ambek ibuke, yo sek podo ae. Kemungkinan gede, bayek iku mau gak sengojo ndelok makhluk ghaib. Ancen angel gawe dipercoyo, tapi bayek iku nduwe indera sing luwe peka timbang wong dewasa. Hal iku mergo mereka iki jiwane sek resik, dadi panca inderane isok luwe peka. Hal iku sisan sing marakno bayek iku kadang isok ndelok makhluk ghaib dan keweden sampe akhire rewel.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4874", "text": "Jaman saiki, bocah-bocah enom akeh sing seneng lagu-lagu Korea utawa K-Pop. Budaya Korea lan lagu-lagune iki bisa marai semangat amarga makna lagune sing apik lan ngewenehi pitutur sing kadang ora ditemokake ning lagu liyane. Akeh sing nganggep yen idola saka Korea iki mung didelok saka rupa lan awake, nanging ya ana sing didelok saka bakate. kesuksesan saka idola Korea iki ya ora adoh saka peran fans sing gede lan sregep ngadakake promosi ning sosial media. Kontribusi idola iki ya ana saka tuku album, jumlah penonton ning youtube, jumlah wong sing ngerungokno lagune, lan jumlah wong sing voting ning acara musik. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7283", "text": "Onok akeh banget penyebab uwong milih berpisah karo koncone. Salah sijine nek konco iku malah nyikso batiniah uwong tersebut. Onok salah siji sikap uwong sing dinilai ‘beracun’ nang hubungan pertemanan, yaiku perdayaan mental utowo boso mboise iku gaslighting. Gaslighting iki salah siji jenis pelecehan emosional terselubung ndek ndi wong sing ngelakoni sengojo nyesatno korban utowo nggawe narasi palsu cekne korban iku bingung ambek realitase. Pelaku gaslighting iki ngelakoni pelecehan emosional gawe memanipulasi korban. Contoh perilaku gaslighting iku antara lain ngeremehno emosi ambek perasaan, sengojo mendistorsi pikiran, balik nyalahno, ngubah perilaku sementara, marakno korban ngeroso dewean, dan koar-koar ngeroso wes akeh ngelakoni banyak hal demi korban.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9545", "text": "Masa depan sing cerah ora mung ditentokake karo ning endi sekolahe. Senajan kowe ditolak karo universitas sing paling kok pengeni, nanging kowe ora perlu putus asa. Mlebu universitas sing apik durung mesti duweni masa depan sing cerah, lan sak walike nalika mlebu universitas biasa ora mesti dadine masa depane ora cerah. Kabeh iku tergantung karo bocahe dewe-dewe kepiye cara manfaatne kesempatan iku. Akeh banget sing bisa dilakoni senajan ora bisa mlebu universitas sing dipengeni kayata nambah melu organisasi sing aekh, magang ing akeh panggon, lan mesti melu lomba. Iki dilakoni supaya value awake dewe bisa munggah lan bisa duweni masa depan sing cerah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7676", "text": "SARA iku ancen dadi hal sing paling sensitif nang Indonesia. Hal iku opo’o SARA iki kudu dikenalno nang arek cilik ben mereka eroh dan paham ambek perbedaan kultural sing onok nang Indonesia iki. Onok cara sing isok dilakoni gawe ngajari arek cilik tentang SARA. Siji, kenalno macem-macem suku sing onok nang Indonesia. Kenalno nang arek cilik iku mau de’e iki termasuk nang suku opo, dan suku opo ae sing onok nang sekitare disik. Loro, kenalno macem-macem agama nang Indonesia. Mulai teko Islam, Kristen. Katolik, Hindu, Budha, karo Konghucu. Telu, kenalno opo iku ras dan kenalno sisan nek ras iku hubungane karo fisik, dadi gak oleh asal ngelokno wong liyo mergo fisike. Nek wes paham kabeh, baru alon-alon kenalno antargolongan sing onok nang Indonesia.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2567", "text": "Wong-wong saiki akeh-akeh nag ngerasakno roso seneng polahe oleh penghargaan iku macem-macem. Ono sing nyudoh-nyudohno nang media sosial ambek tulisan sing koyok-koyok bersyukur padahal wes kecampuran roso pamer. Mangkane kadang wong sing oleh penghargaan maeng iku ora suwe oleh ngerasakno seneng soale langsung ilang kegusek ambek pamer maeng. Mangkane nag duweni roso seneng polahe oleh penghargaan ojo diumbar-umbar nag ngarepe wong akeh soale ora kabeh uwong iku seneng ambek opo sing mok rasakno. Dadi akhire, oleh elok-elokan sing elek, terus ono sing ngarani sombong, ambek pamer barang. Nag seneng sing koyok ngunuku jane cukup seneng wae seng sekirane iso makili roso senengmu maeng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9086", "text": "Fonophobia iku fobia sing marakno penderitane ngeroso cemas utowo wedi ambek muni-muni sing isok memicu emosi negatif. Biasane penderitane iku ngalami rasa wedi pas krungu muni sing mbrebeki kuping koyok petasan, konser, utowo pesta. Tapi nek sek nang taraf ringan, fobia iki sek isok disembuhno kok. Soale yaopo maneh muni-muni koyok ngono iku wes gak isok dihindari maneh nang jaman saiki, dadi awak dewe sing kudu luwe wani ngadepi iku kabeh. Cara gawe nyembuhno fonophobia iku koyok ngene. Siji, mikir positif nang sembarang kalir sing mbok wedeni. Loro, ubah pola pikir dan ndelok objek sing mbok wedeni iku secara objektif. Telu, visualisasikno utowo bayango hal-hal positif pas krungu muni iku mau. Terakhir, lakoni relaksasi pas ngadepi muni sing mbrebeki mau.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2606", "text": "Sedeh kenek PHK iki roso sing wajar dirasakno ambek wong sing kenek PHK. Tapi wong sing kenek PHK kudune ngerti PHK iku asline ora kok mergo awakmu ora oleh kerjo maneh ambek ora oleh penghasilan maneh. Roso sedeh iku asline teko roso kuwatir nag jeru pikirane wong sing kenek PHK maeng. Nah roso kuwatir iku maeng metu soale teko beban urip sing bakal dirasakno pas kenek PHK maeng. Lah terus piye ben wong ora sedeh polahe PHK maeng. Carane yoiku awakmu kudu ngilango roso kuwatir sing ono nag jeru pikiran ambek atimu maeng. Dadi atimu maleh mantep ngadepi urip masio kenek PHK tanpo ono ne roso kuwatir. Padal roso kuwatir maeng ono polahe roso wedimu ambek urip.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3836", "text": "Wong nag diguyu wong akeh mesti yakin isine. Tapi yo karek delok sek diguyune iku maeng polahe perkoro elek opo apik. Nag apik biasane iku yo tambah seneng. Nah biasane wong sing isin nag diguyu iku biasane ngelakoni perkora sing ancene ora pantes dilakoni masio iku jarene sing ngelakoni iku apik tapi nag jarene wong akeh iku ora pantes yo tetep ae bakal diguyu wong sak pirang-pirang. Nah pas nang kelas biyen aku tau isin gara-gara diguyu bocah sak kelas. Nah sing garai perkoro iku kedaden yo polahe salahe koncoku sing moro-moro nempleki tulisan sing ora pantes ditulis terus ditemplekno nang gegerku. Bocah-bocah sing ero yo mesti guyu kabeh sak kelas.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4474", "text": "Kabeh wong iku mesti tau ngelakoni perkoro elek sing iso dadekno wong iku maeng isine megilan nag konangan. Nah mergo iku maeng nag ancene perkoro iku maeng wes kadung kelakon yo ojo sampek kelakon maneh. Nah ono wong sing ancene iku nganggep perkoro sing elek maeng iso dadi perkor sing ngisine deke mergo deke iku termasuk wong sing ancene ora tau ngelakoni elek utowo wong sing dianggep apik nang wong-wong mangkane deke iku isin nag sampek ono perkoro eleke sing konangan wong. COntohne wong sing sugeh iku konangan utang nang wong sing biasa-biasa. Nah perkoro iku maeng asline kan ora termasuk elek, tapi maleh dadi elek mergo wong sing utang maeng wong sugehe pol.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6074", "text": "Restoran gedhe kuwi ora luput saka kesalahan kaya panganan sing bosok. Panganan ikii bisa ngerusak kualitas panganan lan uga bisa marai para pelanggan mlayu jijiken lan ora napsu mangan. Kasus restoran sing nyimpen panganan bosok iki bisa kena macem-macem kaya udara sing nggawa bibit kewan kaya laler lan kewan liyane bisa dadi faktor kenapa panganan bisa mambu lan bosok. Penyimpenan sing kurang apik lan uga suhu sing ora pas bisa mbosokake panganan sing luwih cepet. Kamangka, ning restoran gedhe kuwi kudu nduwe kulkas utawa ruang penyimpanan sing gedhe lan kudu dikontrol saban dina lan ditata panggonane ben ora kena udara lembab. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4825", "text": "Wiwit cilik, bocah-bocah ning sekolah wis diajari carane nyelengi dhuwit. Salah sawijine nganggo lagu sing judule \"Mari Menabung\" sing dinyanyekake karo Titiek Puspa. Lagu iki efektif kanggo ngajari bocah babakan carane hemat lan carane nyimpen dhuwit sing bener. Uga ning sekolah ana kegiyatan sing dibiasakake yaiku nyelengi nganggo buku tabungan sing dikumpulake marang guru wali kelas. Hasil dhuwit sing dicelengi iki biyasane kanggo tuku alat tulis utawa kanggo rekreasi akhir tahun. Kebiyasaan iki pancen apik lan kudu dipertahanke ben generasi enom duwe semangat nabung ben ora mbebani wong tuwa yen pengen tuku barang lan ana kepuasan dhewe yen bisa ngumpulake dhuwit. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1093", "text": "Wong-wong sing ngelakoke salah kui polahe dadi aneh-aneh. Mergo ngeroso wedi utowo ben wedine ora ketok karo wong liya dheweke ngelakoke hal-hal sing ora biasa dilakoke. Pas wong wedi mergo diseneni kui rupane kui biasane dadi pucet lan awak dhewe sio delek wonge kemringet neng rupane. Ono wong sing ngerti-ngerti meneng. Dheweke dadi ora akeh gerak lan ora akeh ngomong. Ono wong sing ngerti-ngerti ngilang. Mungkin, maksude supoyo ora ketemu karo wong sing kira-kira bakal nyeneni dheweke. Nanging, ono uga wong yen arep diseneni kui malah nyeraki wong sing bakal nyeneni. Dheweke dadi luwih perhatian lan dadi apik banget karo wong kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "789", "text": "Bajingan Pak. Opo ora iso dipertimbangke meneh ben aku iso ketompo neng perusahaan iki. Aku iki wis jajal daftar neng perusahaan iki nganthi peng 3 loh.Tak bela-belani, ora ngelamar neng perusahaan liyo ben aku iso nunjuke loyalitasku. Yen aku ora nyambut gawe kui, aku sinau. Aku sinau 10 jam sak ben dino. Opo kui ora nunjukke yen aku ora cukup pentir mlebu perusahaanmu po? Aku meshti ngopo meneh iki. Asu. Yen aku jajal sing kepapat kali ne, opo Kowe tetep arep nolak aku Pak. Opo sing kudu tak buktike meneh ben aku iso tok tompo? Aku wis kesel Pak nganggur terus.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6055", "text": "Kebiasaan ngomong cepet kuwi bisa dadi salah siji penyebab kenapa wong bisa nduweni kebiasaan ngomong nganggo idu sing muncrat. Wong sing ngomong cepet iki kadhang ora bisa ngontrol apa wae sing diomongke lan uga energi sing dinggo, dadine ora bisa nggawe perkiraan idu kuwi bakal kena marang wong liya apa ora. Kamangka, wong sing ngomong cepet iki sering banget oleh sindiran yen lagi ngomong ning ngarep kelas amarga ora sengaja ngetokake idu. Kanggo wong liya, babagan iki kadhang ora sopan, nanging kepiye maneh yen pancen ora bisa dikontrol. Banjur sing kudu dilakoni yaiku ngelatik artikulasi ben ora keganggu karo produksi liur. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2086", "text": "Ono neng panggon sing ora awak dhewe kenal kui pancen medeni. Senadyan awak dhewe neng panggon kui kanggo plesiran utowo dolanan, yen awak dhewe ora familiar klo panggon kui roso wedi kui tetep bakal jedul. Supoyo awak dhewe ora patio wedi neng panggon sing asing kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso ngerongoke lagu selama awak dhewe neng kono. Lagu sing diputer kui uga kudu sing iso gawe seneng lan semangat. Sing keloro, awak dhewe iso gowo konco pas awak dhewe plesiran neng kono. Sing ketelu, awak dhewe iso golek ngerti disik kondisine kota utowo panggon sing arep awak dhewe kunjungi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4829", "text": "Ngajari bocah babakan kebiyasan apik kuwi pancen akeh carane, kaya hemat lan sneneg nyelengi yen arep tuku barang, alat tulis, utawa dolanan. Kebiyasaan iki kudune wis bisa dimulai pas bocah wis sekolah lan wis oleh dhuwit jajan. Kebiasaan iki uga ngajari bocah cara ngatur dhuwit. Misal bocah kuwi nduwe kekarepan tuku dolanan dan bisa dijak nggawe perencanaan celengan sing pas ben bocah ngerti rasane yen arep tuku barang, kabeh wong kudu duwe usaha sing dilakoni. Kamangka, ana bank sing nyediakake rekening junior kanggo bocah sing belajar nyelengi. Rekening iki bisa dadi salah sawijining cara sing efektif kanggo ngelatih anak luwih tertib babakan nyelengi. Ayo saiki latih adhi utawa ponakan ben dadi bocah sing irit lan peduli bab keuangan. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2039", "text": "Wong sing dadi korban bencana alam kui mesake banget. Dheweke kelangan akeh banget harta-bandane. Dheweke kelangan omah, usahane, lan gaweane. Dheweke ora ngerti kapan kahanane bakal balik meneh koyo sak durunge keno lindu. Makane kui, sak liyane, korban bencana kui butuh bantuan koyo panganan, tendo, lan kelambi, wong-wong kui tetep kudu dikei bantuan psikologis. Pitulangin psikologis iki pancen angel nek kudu dijelaske lan kudu dideloke bentuke. Mungkin salah siji sing awak dhewe iso lakoke supoyo mental utowo kondisi psikologis korban tetep stabil kui, awak dhewe ora usah meden-medeni yen ono becana susulan. Senadyan kui mungkin pancen bakal ono, nanging awak dhewe sing nulungi kui kudu iso ngevakuasi wong-wong kui tanpa dheweke ngerti yen bakal ono bencana susulan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "355", "text": "Tiyang sing paling ora entuk dikuciwake kuwi menurutku wong tuwo. Neng ajaran Islam, awak dhewe pancen diajari kudu hormat marang wong tuwo, ngomong ah wae iso doso. Kui bener. Nanging, ono alasen liyane kenopo awak dhewe ora entuk ngecewake wong tuwo. Sing kepisan, wong tuwo kui wis berkorban akeh kanggo awak dhewe. Ibu wis berkorban seko awak dhewe isih ono ring rahim. Awak dhewe, terutama sing lanang, angel kebayangke piye lorone nyimpen wong neng jero weteng, durung meneh proses ngelahirkene. Bapak uga berkorban wektune. Bapak nyambut gawe seko isuk tekan wengi kanggo golek duwit sing iso memenuhi kebuthan keluargane. Neng jero atine, dee golek duwit supoyo anake iso urip luwih enak timbangane dee pas isih cilik.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7906", "text": "Ben uwong iku pasti tau ngalami sing jenenge demam panggung, bah iku nang taraf enteng utowo nang taraf sing abot. Opo maneh nek wes katene acara berlangsung, wah tambah nemen ae iku demam panggung e. Nek wes ngono, onok hal sing isok dilakoni. Siji, atur pernapasan ben detak jantung luwe rileks. Loro, ojok terlalu mikiri opo sing kudu dilakoni pas nang duwur panggung. Biasane kan podo bingung engkok kudu ngelawak koyok yaopo ben suasana isok cair. Nah pikiran koyok ngono iku guwaken. Pokok awakmu mek perlu gawe nyampaino materi, engkok tambahan liyane bakal ngalir dewe. Terakhir, mikir nek penonton iku gak kenal ambek awak dewe. Yakinono nek awakmu ambek penonton iku gak bakalan ketemu maneh. Nek wes ngono, awakmu isok luwe bodo amat dan marakno luwe lancar pas ngomong.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "666", "text": "Awak dhewe bakal seneng banget pas menang judi. Awak dhewe ora nyongko ngerti-ngerti awak dhewe iso nyekel duwit sak momo akehe. Ben awak dhewe iso menang terus pas toh-tohan, awak dhewe iso gateke beberapa perkoro iki. Sing kisiji, awak dhewe ora entuk toh-tohan kanggo kabeh duwit sing awak dhewe duwe, opo meneh yen awak dhewe tekan ngutang. Sing keloro, awak dhewe ora entuk pilih jenis judi sing ora iso awak dhewe kendalike. Misale koyo judi bal-balan. Menang utowo kalahe awak dhewe neng judi iki tergantung karo kemenangan tim sing awak dhewe pilih. Padahal, akeh banget kemungkinan sing iso kedadean neng lapangan. Luwih apik, awak dhewe milih judi sing jalane permainan kui iso awak dhewe kendalike.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1116", "text": "Sak ben awak dhewe gawe kesalahan utowo doso kui seharuse awak dhewe ngeroso wedi. Wedi mergo awak dhewe bakal entuk ganjarane neng akherat sesok. Salah siji cara supoyo awak dhewe ora ngeroso wedi kui, awak dhewe ora ngelanggar aturan neng agamane dhewe. Supoyo awak dhewe ora ngelanggar aturan kui ono sing kudu awak dhewe gateke. Sing kesiji, awak dhewe kudu ngerti opo wae aturan-aturan sing ono neng agamane dhewe. Piye carane awak dhewe arep ora ngelanggar yen awak dhewe ora ngerti blas opo-opo wae sing kudu dilakoke lan ora oleh dilakoke. Awak dhewe iso sinau neng ustaz utowo awak dhewe iso maca buku sing jelaske perkoro aturane kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2988", "text": "Saiki akeh wong nag ulang tahun wong sing dikenal iku nganjurno gawe surprise utow hadiah sing marakno wong ulang taun maeng jumbul tapi seneng. Nah pas ulang tahune bojone koncoku wingi aku dijaluki tolong ambek dikongkon koncoku gawekno hiasan nang omahe soale aku biasane yo gawe desain ambek dekorasi nikahan. Nah jarene koncoku iku ngongkon desaine sing koyok nang acara pesta tapi rodok cilik ben bojone teko kerjo langsung jumbul ambek seneng. Soale deke ora bakal ngiro nag ate oleh hadiah koyok ngeneki. Mari ngunu aku yo gawekno opo sing dianjurno ambek sing dikongkon koncaku maeng. Sak liyane iku bojone maeng pas mlebu langsung mlongo ambek tolah toleh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7199", "text": "Pas awakmu tilik bayi, pasti awakmu isok ndelok nek wong-wong iku pasti fokuse nang bayine. Meh gak onok sing fokus ambek ibukne. Padahal nek digatekno maneh, ketok nek wajah ibune iku gak karu-karuan. Mulai teko wajane sing pucet, kantong matane sing tambah tebel, mripate sing ngantuk mergo kurang turu, bibire sing tambah garing, wes pokoke gak karu karuan lah. Nek wes koyok ngono, awak dewe isok banget nyemangati ibukne. Dukungan spiritual koyok ngono iku ngaruh banget gawe ibu sing buru ae ngelahirno. Suasana hati ibu iku biasane luwe sensitif, dadi butuh dukungan teko akeh uwong liyo cek isok semangat ngeramut anake. Dadi nek awakmu tilik bayi nang dulur utowo koncomu, ojok lali ngekeki semangat dan motivasi gawe ibukne sisan yo.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2532", "text": "Seneng polahe menang undian yoiku roso seneng sing teko polahe oleh rejeki. Roso seneng nginiki asline termasuk roso seneng sing ora kesongko-songko soale tekone rejeki yo ora ono seng ngerti. Tapi sing jelas roso seneng polahe menang undian ancene roso seneng sing jarang wong tau ngerasakno saole yo arang wong sing menang undian. Mangkane nag ono wong seng menang undian terus bungae orambloko mesti kabeh wong sing nang pingire rodok ora percoyo soale undian dewe iku ora mesti terus akeh wong sing kenek bijuk barang. Masio ngunu roso seneng iku yo kenek ae dadi simbol roso syukur polahe oleh rejeki.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "254", "text": "Awak dhewe selama urip iki akeh ngerasake legi paite kehidupan. Ono pengalaman sing awak dhewe iling mergo kui marake seneng banget, ono sing awak dhewe iling mergo kui ngelarani ati. Nanging sak sedih-sedih pengalaman urip sing awak dhewe alami kui, mesthi ono sisi padangane, ono hal sing iso awak dhewe jupuk dadi pelajaran. Misale, wong tuwo awak dhewe sedo. Awak dhewe ora mungkin ora ngeroso sedih. Nanging ora nutup kemungkinan, ono hal sing apik seko kejadian kui. Mungkin, awak dhewe iso kumpul bareng meneh karo kakang-adi sing wis suwe ora ketemu. Seko kui hubungan seduluran awak dhewe adoh luwih cerak dibanding sadurunge. Dadi ono neng kedadean sing sedih kui, awak dhewe iso ngerasake kehangatan sing wis suwe awak dhewe ora rasake.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8410", "text": "Dino iki dino ke-3 aku ngelakoni outbound nang acara Science Camp. Isuk iki, awak dewe senam terus lanjut sarapan nang Aula. Aku bareng karo koncoku, Ririn karo Shasa. Awak dewe bareng terus soale sak kelompok dan sak kamar sisan. Dadi nang ndi bareng terus. Mbari sarapan, awak dewe balik Kamar gawe langsung adhus. Tengah perjalanan, moro Shasa ngeluh nek wetenge mules pol dan kebelet ngising. Ambek Ririn dikon nahan soale lokasi Kamar e ancen adoh pol nek mlaku teko Aula. Moro gak suwe, krungu muni ngentut buanter sing asale teko Shasa. Wajahe ketok luego pol pas marine ngentut, tapi malah aku sing isin dewe ngerungoknoe.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9491", "text": "Umur wetenge Dini wes 8 wulan. Itungane kurang 1 wulan maneh, anake bakal lair. Dini lan bojone wis ora sabar ngenteni bayine lair amarga iki anak mbarep lan dadi putu nomer siji ana ing kaluwargane Dini utawa bojone. Dini wis nyepakke klambi kanggo bayine. Senajan Dini durung ngerti bayine lanang opo wedok, dheweke tuku klambi sing warnane netrak kaya biru lan ijo supaya ora keguwak. Bojone Dini uga wis nyepakke kamar kanggo jabang bayine. Kamar iku wes digambari maneka warna kayata gambar awan, rembulan, srengenge, lan gambar lucu liyane kaya kembang, kupu-kupu. Dini lan bojone uga donga saben dina supaya lairane bakalan lancar, sehat kabeh ibu lan bayine.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8425", "text": "Maleh akehe uwong sing wani ngungkapno nek de’e iku transgender, tambah akeh sisan uwong sing manfaatno situasi iku. Mereka sing manfaatno iku biasane bakal nyamar gawe menuhi fantasi seksuale. Semisal, onok wong lanang nyamar dadi wedok, sampe pacakan dadi koyok wedok, terus melbu nang toilet wedok dan ndeloki kabeh wong wedok. Iku berlaku sisan gawe wedok sing nyamar dadi lanang dan melbu nang toilet lanang. Sing koyok ngono iku isok dikategorikno dadi pelecehan seksual nang wong liyo. Soale kan mereka iki gak ngijino wong sing nyamar iku mau gawe melbu toilet sing dadi panggon privasi gawe akeh uwong. Dan kasus koyok ngono iku tambah suwe tambah akeh, marakno akeh uwong maleh ngeroso gak aman maneh bahkan nang panggon sing dianggep privasi.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9564", "text": "Pengalaman sing paling menyedihkan iku ora bisa dilalekke. Apa maneh pengalaman iku nyangkut awake dhewe. Tegese kene ngalami langsung lan iku dadi kenangan pait ing urip. Kadang kene mikir kepiye carane supaya pengalaman iki bisa diilangke. Nanging ora perlu kanggo mikir ngono, amarga pengalaman menyedihkan iku bisa dadi penyeimbanv uripe kene. Masa ya urip ngerasakke seneng tok lan ora tau ngerasakke babagan sing sedih?. Anggep wae pengalaman sing menyedihkan iki dadi pemanis ana ing uripe kene supaya tambah maneka warna. Mula aja sedih banget lan wegah yen wis tau ngerasakke pengalaman paling menyedihkan ana ing urip. Dadekke pelajaran wae supaya ing sawise bisa luwih apik maneh.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7661", "text": "Masa KKN iku masa “neroko dunyo” bagiku. Selama KKN iku aku ngeroso menderita banget. Pokok kabeh sing tak lalui iki keroso abot banget. Sing marai aku muangkel iku mergo arek siji sing mesti nggawe senjata “aku lagi depresi” ben gak dikeki program kerja sing abot. Wes ngono aku kudu berkorban pas de’e kate nusuk aku nganggo beling kaca. Aku wes laporan nang dosen penanggungjawab tim KKN ku, cuma beliau iki asal iya iyo ae dan marai aku mangkel. Aku semakin ngeroso menderita iku mergo aku kudu tinggal sak pondok karo de’e. Yaopo yaopo kudu tak tahan sampe KKN mari. Pas mari dan nilai KKN ku metu, aku langsung mangkel pas mek entok nilai A/B. Aku tambah emosi pindo pas arek sing marai aku menderita iku entok A. Sak dinoan iku isine aku misuh misuhi arek iku terus.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "211", "text": "Aku pindah neng Yogyakarta kui pas umur 10 taun. Pas kui, aku lagi munggah neng kelas 5 SD. Neng Yogyakarta kui, ono mapel muatan lokal yaiku mata pelajaran basa Jawa. Aku pindahan seko Bogor. Cetho melo-melo, aku ora iso boso Jawa blas pas kui. Dadi sakben pelajaran basa Jawa, aku awale mung clingak-clinguk. Aku ora dong opo sing guru lan konco-koncoku omongke. Tekan pas ujian kelulusan kelas 6, aku isih ora pinter-pinter banget basa daerah kui. Neng ruangan ujian kui, aku mung pasrah wae entuk biji piro. Tekan guru sing jogo neng kelas kui, ngolehke awak dhewe nyontek sak kelas. Nanging sarate, awak dhewe kudu kiro-kiro, ora ngeluwihi seko kemampuane dhewe-dhewe.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "697", "text": "Ket aku sinau boso Jerman, aku seneng banget karo penyair Jerman sing jenenge Johann Woflgan von Goethe, utowo sing kerep dicelik Goethe. Aku bejo banget iso nemu film soal dheweke. Aku wis golek film kui seko biyen-biyen, ora nyangka iso nonton kui saiki. Ben nonton film sing awak dhewe senengi kui makin mantep, ono sing awak dhewe kudu cepake. Sing kesiji, pastike jaringan internet dhewe lancar. Sing keloro, awak dhewe kudu nyepake panggon nontone. Ojo tekan ono barang-barang utowo wong sing mlebu-metu kamare awak dhewe. Sing ketelu, masak berondong jagung utowo cemilan liyane. Nonton disambi karo nyemil kui rasane luwih mantep.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9964", "text": "Adil iku samubarang sing angel banget dilakoni. Senajan manungsa wing ngerasa bisa nindakake samubarang sing adil, nanging kadang kanggo wong liya isi kurang adil. Adil uga ora mesti ana hubungane karo wong liya. Kanggo awake dewe, kene uga kudu nindakake samubarang sing adil. Tuladhane nalika kene wis sinau 7 jam sedina, kene uga kudu ngewenehi pirang jam kanggo mangan utawa kanggo seneng-seneng supaya ora nganti spaneng lan ngelarani awake dewe. Yen wis bisa adil marang awake dewe, bisa gampang kanggo adil ing wong liya. Mulane yen bisa kene adil wiwit ana ing pikiran lan tindakan supaya kene gampang lan bisa sinau kanggo adil karo wong liya.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9105", "text": "Onok pepatah nek sembarangane iku bakal isok kewujud sesuai ambek prosongkomu, termasuk wujud e jin iku koyok yaopo. Biasane wong-wong sing diketokno wujud e mereka iku mergo mereka penasaran dan maleh nggolek sosok makhluk halus iku mau. Terus nek wes disudokno wujud e maleh keweden dewe. Padahal makhluk halus iku gak bakal bertingkah nek awak dewe meneng tok. Mereka nampakno diri iku mergo dipancing, mbasio kadang onok sisan sing dasarane resek. Tapi nek misal awakmu percoyo tapi gak nggolek eroh luwe lanjut maneh, biasane iku mereka gak bakal nampakno diri blas. Mergo awakmu gak ngurus mereka, mereka dadi gak ngurus awakmu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3079", "text": "Tokoh-tokoh agama, suku, ambek adat sing ono nang negara iki wes nganjurno ojo sampek iso SARA utowo permasalah sing mareki iku maeng dadekno wong nag negoro iki srengen sing iso dadekno gegeran. Nah saiki perkoro iku maeng wes ora kenek didohi maneh soale akeh wong sing politik manfaatno perkoro SARA ben iso oleh dukungan teko kelompok agaman, suku, ambek adat sing dibelo. Mangkane perkoro SARA maeng nag iso kudu didohi ben ora dimanfaatno wong politik sing ora duwe akhlak sing apik. Poko'e, Nag ono wong sing srengen polahe SARA kudune diamano ambek didelok opoto iku bener opo ora perkoro SARA sing digowo maeng.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7592", "text": "Harta karun iku sejumlah harta utowo kekayaan liyane sing tersembunyi sing ditemukno tapi gak eroh asal-usule koyok yaopo. Harta karun iku pasti sesuatu sing bernilai duwur dan kelem utowo kekubur nang njero perut bumi. Istilah harta karun iki onok asal-usule, yaiku teko kisahe sepupu Nabi Musa AS sing jenenge Qarun. Diceritakno nek mbiyen Qarun iku miskin kenemenen sampe gak isok nafkahi anak-anake. Qarun iki akhire njaluk tulung nang Nabi Musa AS gawe dungakno cek de’e isok sogeh, dan langsung dikabulno. Qarun dadi sogeh dan tambah suwe wong iku malah dadi sombong. Mergo kesombongane iku mau, Allah negekeki azab dengan ngelemno kabeh kekayaan Qarun nang njero bumi.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5655", "text": "Kasus perundungan iki dadi kasus paling gedhe ning para pelajar lan mahasiswa sing ana ning Korea. Miturut saka situasi saiki. Para pelajar iki dadi duwe sifat sing seneng yen ana penindasan amarga persaingan ning Korea kuwi ketat lan para wong tuwa kuwe uga duwe ambisi ben anake bisa dadi sing paling unggul. Persaingan iki nimbulake tekanan sing gedhe kanggo para pemuda sing ana ning negara adidaya kuwi. Kamangka kuwi, akeh wong sing ngerasa trauma lan mikirake yen ora gelem duwe anak amarga pengen bisa tenang lan ora mikirake ambisi. Ning Korea saiki uga lagi krisis penduduk utamane anak amarga ana rasa wedi ora bisa ndidik anak ning tengah persaingan iki.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3033", "text": "Srengen polahe digepuk iku wes wajar, tapi karek delok gepuke nag gepuke iku ora sanget yo ora masalah. Nah koncoku wingi srengen soale digleto dase. Gleto iku istilae koyok wong sing di tutuk dase tapi oleh nutuk iku karo pojoke driji, dadi kroso lorone megilan. Nah koyok ngunu mesti akeh sing srengen opo maneh sing digepuk iku das, yo mesti tambah ngamuk, koncoku disek sampek guyang banyu nang sing gepuk padal sing gepuk iku konco pareke. Mangkane nag gepuk iku ojo sampek gepuk endas. Polahe iso marakno das loro ambek ngulu, terus iso-iso ae dadekno gagar otak ringan, mencu ambek monar-monar soale saking nemene oleh nutuk.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "745", "text": "Dino Sebtu karo Minggu utowo dino preinan liyane kui, mesthi dienggo wong-wong sekitar Jakarta kanggo dolan neng Puncak, Bogor. Aku bingung karo wong-wong kui. Soale Puncak kui wis menurutku wis ora ono objek wisata sing menarik meneh. Nanging ngopo tetep podo bela-belani lungo menyang Puncak. Padahal, wong-wong sing mangket ngerti yen dheweke bakal keno macet neng kono. Dheweke uga sadar yen dheweke engko bakal nesu-nesu pas kejebak macet neng kono. Ora arang akeh wong sing arep gelut mergo macet sepanjang dalan kui. Dadi opo ngono loh intine, wong-wong kui dolan neng Puncak terus-terusan. Opo ora ono panggon wisata sing adem liyane?", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6145", "text": "Akeh wong mirip ning dunya iki. Ora mung kakang lan adhi uga kembaran, nanging uga ana wong sing pancen mirip amarga nduwe ciri rupa sing padha, mulai saka bentuk mripat, pipi, wajah, nganthi postur tubuh sing wis dadi ciri khas. Kemiripan iki pancen bisa marai wong salah sangka amarga ora ana babagan sing bisa mbedhakake kaya si A nganggo kacamata, banjur si B ora. Ciri khas iki bisa mbantu wong ben ora salah ngundang. Kamangka, ana wong sing mangkel banget yen dipadhakake lan karo wong liya kanthi wong liya salah ngundang amarga ngerasa wong liya ora duwe identitas lan ora bisa gampang dikenali. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4344", "text": "Prosoku sing jenenge coro iku ora medeni ambek ora jijiki, tapi akeh koncoku mboh lanang utowo wedok mesti mangkel ambek jembere megilan mergo deke iku jijik nak masih kewan iku maeng, padal yo ora ono perkoro sing rusoh sing marakno kewan iku jemberi. Nah pas aku tako koncoku sing wedi ambek coro maeng, deke iku ngomong nag sing garai jember ambek jijik iku rupane sing kelem-kelem ambek wetenge sing kedur-kendur terus sikile sing nggetet-nggetet iku lo sing mangkelno. Nah sak liyane iku bocahe yo ngomong nag sing marakno jijik maneh iku uyohe sing iso garai gatele megilan nag kenek kulit, iso-iso sampek borok barang.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1135", "text": "Faktane negoro Indonesia kui lokasine ono neng cincin geni donyo iki. Dadi akeh lempengan sing ketemu neng kene lan dadi akeh gunung merapi neng sepanjang negoro kepulauan iki. Sing artine, awak dhewe rawan bencana koyo lindu, gunung jebluk, tsunami, lan liya-liyane. Nanging, awak dhewe ora usah wedi. Mergone saiki fasilitas kanggo penanggulangan bencana iki wis luwih apik. Pancen ora iso dihindari yen misale ono bencane kui harta bondone dhewe mungkin akeh sing ilang, nanging dibandingke jaman biyen bakal luwih akeh nyowo sing slamet, termasuk uga nyowone awak dhewe. Mungkin awak dhewe ora iso urip koyo biyen wae, naning paling ora awak dhewe tetep iso ngelanjutke urip iki nganggo kahanan sing opo onone.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7680", "text": "Dino iki aku wes mulai nyiapno berkas-berkas sing dibutuhno gawe persiapan kerjo. Pas wes kate mulai kerjo, aku dikirimi email karo HRD kantor iku. Jarene aku gak sido diterimo dadi karyawan nang kantor iku. Aku langsung mak dheg lah. Padahal iki wes kesempatan banget aku isok entok kerjo setelah rong tahun nganggur terus. Pas tak takoni alesane malah gak dijawab. Akhire aku takon koncoku sing wes kerjo suwe nang kantor iku, opo alesanku kok gak sido diterimo nang kono. Akhire koncoku ngomong nek onok anake direktur kantor iku sing wes ngisi posisiku. Aku langsung misuh-misuh. Kedaden maneh, aku kalah ambek wong sing nduwe jalur orang dalam.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2007", "text": "Koyo wedi disuntik, ono wae wong sing wedi ngelakoke donor darah. Sebenere ngelakoke donor darah kui uga ono ditujeb jarume, dadi mungkin sing diwedeni kui podo. Supoyo awak dhewe ora wedi donor darah ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso bayangke yen awak dhewe kui dadi pahlawan. Awak dhewe dadi wong sing gelem berkorban kanggo wong liyo. Sing keloro, awak dhewe iso jaluk kancani konco pas donor darah. Konco kui iso uga melu donor utowo mung ono neng jejere awak dhewe. Sing ketelu, awak dhewe iso ngekei hadiah neng awak dhewe dhewe bar donor darah.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4871", "text": "Dina kuwi aku lagi kerja ning salah siji kafe ning Jogja. Dina kuwi pancen kafe lagi udan lan akeh pelanggan. Pas lagi ngeterake kopi, aku ndadak diundang karo salah siji pelanggan. Wonge pesen kopi 2. Aku kaya kenal karo wonge nanging aku ya ora fokus amarga sibuk karo pesenan. Barang kaping pindhone aku marani meja kuwi, aku ngematke kok jebul Noe, vokalise band Letto, yaiku band saka Jogja sing lagu-lagune kondhang jaman biyen. Banjur aku kisinan dewe amarga ora kenal. Aku kepengen ngobrol sithik nanging miturut aturan ora oleh amarga isih kerja. Nanging wonge sempet takon-takon babakan kuliah lan kerjaku. Pancen wonge asline ya apikan lan sumeh kamangka akeh sing seneng. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2019", "text": "Wong arep ngelakoke opo-opo sing olo kui kudu mikir-mikir disik. Soale, kabeh perbuatan kui bakal dipertanggungjawabke pas awak dhewe wis mati. Awak dhewe ora gelem yen neng akhirat sesuk, awak dhewe abot neng timbangan dosone. Makane kui, awak dhewe kudune wedi yen awak dhewe wis ngeroso ngelakoke akeh kesalahan neng donyo iki. Nanging sing paling kudu awak dhewe wedeni kui yen awak dhewe wis ngelakoke doso sing gedhe. Doso kui ora iso dimaafke karo Sing Kuoso. Awak dhewe ora iso ngebusak dosa kui sendayan awak dhewe wis salat tobat ping sewu. Makane kui, awak dhewe ket saiki kudu wis ngerti opo-opo wae sing mlebu doso gedhe lan ngindari seko perilaku kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7515", "text": "Yaopo perasaanmu pas dikeki hadiah karo koncomu? Kaget sih sing jelas, tapi kagete iku kaget sing seneng to? Saiki iku gak onok uwong sing gak seneng nek dikeki hadiah, kecuali wong iku wes kakean barang nang omahe dan wes gak butuh hadiah maneh. Tapi gawe awak dewe sing biasa-biasa ae, pasti seneng lah nek dikeki hadiah. Opo maneh nek hadiahe iku barang sing awak dewe wes suwe kepingin tapi gak ndang keturutan gawe tuku. Rosone iku koyok rejeki nomplok lah. Istilahe iku awak dewe gak usah ngetokno duit gawe tuku barang sing dikepingini awak dewe ket suwe, soale wes entok hadiah berupa barang iku mau.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1531", "text": "Koncoku ono wong tuwane isih ngeterke neng kelas. Pas kui, aku lan konco-koncoku kelas 2 SD. Kabeh wong neng kelasku wis podo neng kelas dhewe, kecuali koncoku sing jeneng Ahmad. Saking kerepe dheweke isih diterke karo wong tuwane, dheweke kerep digarapi. Dheweke dadi dinyek terus seko mangkat sekolah tekan bali. Dheweke dadi ngeroso isin. Sesokane, dheweke tetep diterke karo wong tuwane neng kelas naning dino kui karo nesu-nesu. Dheweke koyo wis ora gelem meneh diterke karo wong tuwane meneh. Senadyan wis nesu-nesu neng wong tuwane ngono, dheweke tetep dinyek karo konco-konco liyane. Akhire dheweke nangis. Dino kui dheweke diijinke bali gasik.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3778", "text": "Panganan sing bosok ancene garai gilane ambek jemeberi wong sing masih. Terus nag ora pengen jember utowo jijik nag pas delok iku nacene kudu kebiasaan disek. Tapi kan yo ora mungkin terus bendino delok panganan bosok ben biasa. Nah nag ancene jijik ambek panganan sing wes bosok yo carane mok siji yoiku ojo didelok soale nag didelok terus iso ae marakno pikiran sing elek terus akhire dadekno pikiran sing ora karoan sing iso dadekno pikiran elek iku metu terus nag masi panganan. Dadi nag iso ojo sampek kepikiran panganan sing bosok iku maeng. Yo ancene iku rodok angel tapi nag wonge iku maeng gelem usaha yo mesti iso.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1534", "text": "Alesan wong kui diguyoni neng kelas kui werno-werno, salah sijine mergo awak dhewe salah nganggo seragam neng sekolahan. Yen wis ngono kui, sak dino awak dhewe bakal ngeroso isin banget tekan bali sekolah. Soale, yen wis salah seragam kui awak dhewe ora iso dadak bali meneh kanggo salin seragam sing bener. Opo meneh yen omahe dhewe adoh seko sekolahan, kui dadi pilihan sing ora mungkin. Terus neng sekolahan, awak dhewe uga ora iso dilik. Soale awak dhewe tetep kudu melu kelas kanggo ngikuti jadwal pelajaran sing wis ono. Awak dhewe iso wae bolos pas kui, nanging opo ora eman. Awak dhewe dadi kelangan wektu kanggo sinau lan dolan karo konco-konco.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5371", "text": "Jare internet, negara paling rasis kuwi Korea amarga ning Korea iki wonge ora kenal pambedha warna kulit lan budhayane ora manika warna. sing mbedhakake yaiku logat daerah kutha. Aku percaya apa jare wong amarga aku tau ngalami dhewe ning Korea amarga werna kulitku bedha karo wong asli kono. Banjur aku tau disisihke antriane amarga aku ora bisa basa Korea lan dudu wong Korea. Pancen bener yen negara kuwi penduduke rasis nganthi aku wedi yen arep lunga adoh-adoh, nanging kuwi ora berlaku kanggo mahasiswane sing luwih terbuka lan mulai gelem nerima wong sing bedha asal daerah lan negarane amarga ana pengaruh globalisasi. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8038", "text": "Awak dewe wong Indonesia iku pasti wes biasa banget ambek berita banjir. Banjir nang Indonesia iku istilahe gentian. Nek daerah A banjire wes surut, engkok gentian daerah B sing banjir, dan siklus koyok ngono iku gak mari-mari. Salah siji penyebab banjir iku mergo saluran irigasi sing mampet. Akeh akehe iku mampet mergo tumpukan sampah sing diguwak sembarangan. Mulai teko diguwak nang dalan, sampe diguwak nang sungai. Dan akeh-akehe wong Indonesia iku sek lalai gawe ngguwak sampahe, terus pas banjir ujug ujug nyalahno pemerintah. Padahal banjir iku mau mergo kesalahane dewe. Dadi gawe awak dewe, mulai ngguwak sampah nang panggone gawe nyegah banjir iku gak kedaden maneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9559", "text": "Kabeh tindakan ana konsekuensine. Yen ngelakoni tindakan sing apik, hasile uga apik. Nanging sak walike, yen ngelakoni tindakan sing elek hasile uga bakal elek. Mula kabeh tindakan iku kudu dipikir sik mengko bakal nggawe wong liya lara ati apa ora. Aja nganti tindakan sing dilakoni iki nggarai kene getun mburi lan akhire ora bisa diapak-apakna kejaba mung getun. Senajan manungsa iku bisa gampang kanggo nyepura wong liya, nanging yen bisa aja ngelakoni tindakan sing nggarai wong liya lara ati lan bisa nggawe kekancan bakal pedhot. Mula, ayo padha waspada karo apa wae tindakan sing meh dilakoni supaya ora nggawe rugi lan gela wong liya.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3455", "text": "Pas aku liwat daerah Mojosemi sekitar jam setengah wolu bengi iku aku keweden polahe ditotno uwong guriku. Terus wong iku maeng yo mok ijenan podo ambek aku. Nang pikiranku terus kepikiran sing aneh-aneh koyok begal, maling, ambek rampok. Tapi aku kelingan jarene koncoku nag ono wong sing ngetutno awakmu nag pas mlaku terus ngeliwati daerah sepi awakmu ojo keweden, soale nag keweden engko tambah dicelokoi wong nang dalan. Terus wong sing ngetotno masio iku wong ora mok kenal iku yo durung karon nag wong iku duwe niat elek, iso ae iku uwong sing podo-podo keweden liwat daerah kono terus ngenteni wong ben ono barengane liwat daerah kono.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "671", "text": "Aku koconan karo koncoku iki wis suwe. Pas SD awak dhewe sempet sak kelas. Pas SMA awak dhewe dadi konco sak kelas meneh rong taun. Tekan pas nikahane, aku isih ngewangi dheweke nyepake persiapane. Pas kui isih pandemi, aku lagi ora ono gawean neng omah dadi mung ngelangut wae neng kasur karo nyekel HP. Ngerti-ngerti ono notifikasi pesan mlebu seko Nanto, koncoku sing tak maksud mau. Dheweke ngabari yen bojone wis metheng, pas kui wis mlebu sasi sing ke-5. Sing seko pikirane kosong, aku langsung seneng banget. Ora nyangka aku, koncoku dilit meneh wis ono sing dadi bapak. Sayange, pas bojone lahiran kui isih pandemi, dadi aku ora wani langsung niliki langsung bayine neng omahe.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7529", "text": "Vonis dokter iku berarti putusan dokter perkoro kondisi pasien sing lagi dalam pengawasane dokter iku mau. Wong sing tau lara, pasti tau divonis karo dokter. Mbasio talah vonis e iku penyakit sing remeh koyok flu, tapi iku tetep hasil teko putusane dokter. Nek mbari divonis penyakit, dokter pasti nyarano gawe ngelakoni pengobatan ben pasien isok waras. Nek awakmu wes divonis suatu penyakit dan dikon iki iku karo dokter, turutono ae. Dan nek awakmu sisan dilarang iki iku, turutono pisan. Sing eroh detail penyakitmu iku dokter sing ngerawat awakmu. Sing eroh pengobatan sing tepak gawe awakmu cek cepet waras iku yo dokter sisan. Dadi nek awakmu mbari divonis dokter kenek penyakit sesuatu, turutono ae opo jare dokter nek gelem cepet waras.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3708", "text": "Kabeh wong sing delok utahan yo mesti jember ambek jijik polahe ambune barang yo jemberi. Terus sak liyane iku biasane rupane yo jengkelno koyok bubur sing ajur terus kececer nang endi-endi. Nah ben ora jijik pas delok iku maeng, yo ojo dipikirno nag iku maeng termasuk bekase utahan, tapi mikiro nag iku barang sing liyo ben ora jijik. Polahe nag mikir iku termasuk utahan yo bakal jijike pol, terus yo ngeroso mangkel ambek risih polahe iku maeng. Mangkane ben ora jijik nag delok koyok ngunuku yo mikir sing apik-apik ae, ambek ojo bayangno nag iku termasuk bekase utahahan sing kececer nang panggonan iku maeng. Yo ancene mangkelno nag pertok koyok ngunuku.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7674", "text": "Akeh banget sembarangane sing kudu ngehindari unsur SARA. Contohe nek melu lomba nulis, pasti roto-roto onok syarat nek tulisan gak oleh mengandung unsur SARA. Hal iki kudu dihindari soale unsur SARA iki sensitif pol nang kalangan masyarakat Indonesia. SARA iki wes marakno perpecahan sampe konflik berkepanjangan nang Indonesia. Konflik SARA iki bahkan sampe marakno pertumpahan darah alias sampe onok sing bunuh-bunuhan. Contohe koyok konflik antar etnis sing terjadi pas tahun 1998 utowo konflik antar suku Sampit pas tahun 2001. Hal iku sing marakno SARA iki dadi topik sing sensitif banget dan gak isok sembarangan dibahas ngono ae, opo maneh sing mbahas iku teko luar golongan.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5779", "text": "Akeh wong sing ora bisa nangani serangan panik sak durunge ujian. Ana sing ora sanggup amarga ngerasa yen ujian iki abot lan uga mesti oleh hasil sing ora apik. Sing biyasane ngalami iki yaiku kanca-kanca sing sering gagal nanging ora nyiyapake langkah sing luwih apik maneh ben sawijining dina bisa dadi luwih apik. Nanging ya sapa wae bisa nduweni lan ngalami serangan panik iki amarga akeh pikiran sak durunge ujian. Kamangka, ana wong sing luwih seneng meneng wae sak durunge ujian ben energine ora kekuras lan entek uga gampang ora fokus. Amarga kuwi, kanggo kanca sing arep ujian, ayo saiki sinau ora mung materi, nanging uga cara ngatur stres ben hasil ujiane ya apik. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8055", "text": "Gawe awak dewe sing mbari putus karo pacar, kadangan onok sing sampe galau mergo sek durung isok move on. Kadangan ngono sisan, awak dewe sampe nguwasi opo sing dilakoni ambek mantane awak dewe. Biasane sih nguwasine teko media sosial. Suwe suwe rasa kepo iku dadi tambah gede dan bakal nggolek eroh kabare mantan iku mau. Tujuane macem-macem, salah sijine mergo gak ikhlas ambek kehidupan anyare mantan iku mau. Perbuatan nguwasi media sosial berlebihan koyok ngono iku isok dikategorikno dadi cikal bakal perbuatan stalking. Awale ancen kepo tok, tapi suwe-suwe iku male terobsesi dan marakno timbul niat elek nang awak dewe. Bah iku niat gawe nganggu mantane awak dewe utowo nganggu uwong nang sekitare.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "604", "text": "Pocong kui kerep mlebu neng film-film horor Indonesia. Seko kono kui, akeh wong sing makin wedi karo demit pocong iki. Awak dhewe wedi yen misale neng donyo nyata iki awak dhewe diget-geti karo pocong neng panggon peteng utowo angker. Padahal, yen dipikir-pikir meneh, pocong kui ora seserem sing dibayangke. Rupane mungkin iso wae semedeni koyo neng film, nanging ono perkoro sing marake pocong kui ora pantes diwedeni. Sing pertama kui, pocong kui sing dibungkus kain kafan. Senadyan duwe tangan, dheweke ora bakal iso demok awak dhewe mergo keiket neng jero kaine. Yen misale, pocong kui muncul neng ngarep utowo burine awak dhewe, awak dhewe iso langsung mlayu, mergo demit sing mung isone loncat-loncat kui ora mungkin iso ngoyak awak dhewe.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8367", "text": "Salah siji penyumbang sampah sing paling akeh iku sampah teko skincare. Tambah akeh uwong sing sadar ambek kesehatan kulit nang rai, tambah akeh sisan sing nganggo skincare, dan tambah akeh sisan sampah sing dihasilno. Padahal, wadah-wadah skincare iku termasuk angel gawe diuraino. Tapi awakmu gak usah kuatir, soale awakmu isok nukerno wadah-wadah bekas skincare mau nang Sociolla dan entok SOCO Points sing engkok isok digawe belonjo nang kono. Cara gawe tuker sampah nang Sociolla iku koyok ngene. Siji, collect the empties. Kumpulno disik wadah-wadah skincare kosongan sing mbok duweni. Loro, cleanse and rinse. Cucien kabeh wadah-wadah iku mau terus dikeringno. Terakhir, come and drop it off. Tekani toko Sociolla terus dekek wadah-wadah iku nang panggon sing wes disediakno. Teko kono, awakmu isok tuker SOCO Points.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4964", "text": "Saban wong duwe pengalaman sing ora ngenakke lan marai trauma seumur urip. Pengalaman sing marai sedih bisa dadi salah sawijine kenangan sing pengen dilalekake utawa pengalaman sing paling pengen dibuang. Ora jarang, pengalaman iki uga marai wong kuwi berubah lan bisa ndadekake dendam lan lara ati. Pengalaman iki pancen nduweni efek jangka wektu sing adoh kanggo penderitane. Salah sijine yaiku pelecehan seksual. Pelecehan iki bisa marai korbane ngerasa kelangan harga diri, uga ngerasa korbane dadi aib ning tengah masyarakat. Pelecehan iki dadi isu sing sampek saiki ora ana sing bisa nangani kanggo cara sing maksimal, utamane pelecehan seksual ning umur anak-anak. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7678", "text": "Ras iki pengelompokan menungso dadi pirang pirang golongan sing pertama kali dilakoni pas abad ke-18. Ras iki dadi parameter gawe mbedakno pirang kelompok etnis. Ras iki identik karo tampilan fisik, mulai teko werno mripat sampe rambut. Dadi istilahe ras iki sesuatu sing gak isok diubah soale wes bawaan fisike koyok ngono. Misal ras negroid roto-roto yo kulite ireng. Utowo ras mongoloid sing mripate sipit. Nek wes koyok ngono, awak dewe iku gak oleh asal ngelokno wong mergo fisike, soale iku termasuk tindakan rasisme. Mereka ket lahir wes diciptakno koyok ngono, dadi ancen mereka dan awak dewe pisan kudu nerimo opo onoke. Dadi mulai saiki mulai jogo mulutmu nek gak gelem dikondo rasis.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5369", "text": "Masalah sosial sing lagi akeh diomongake ning masyarakat yaiku generasi sandwich, yaiku generasi sing dadi tulang punggung kanggo garis keturunan sing ana ning ndhuwur ngisore. Generasi iki bakal angel nyelengi amarga kabeh dhuwite entek kanggo mbiyayani wong liya sing kudune wis pensiun lan uga dadi tanggungan wong liya. Dadi generasi iki uga bakal abot amarga ora bisa ngelindungi awake dhewe yen wayah krisis. Kadhang ya ngerasa ora adil nanging ora bisa ngamuk amarga ana rasa sungkan. Kamangka, kanggo para generasi sing dipepet isor lan ndhuwur iki, ayo sing pinter ngatur keuangan lan awake dhewe ben bisa dadi generasi sing tangguh. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7214", "text": "Awak dewe pasti langsung nyelawat nek onok konco utowo anggota keluarga sing meninggal. Kadang nek awak dewe luwe gatekno, wong-wong sing teko nyelawat iku bakal penasaran ambek penyebab kematiane almarhum utowo almarhumah. Dan sebagai tuan rumah sing ditinggal, mereka pasti bakal jawab opo onone. Dan wong-wong pas eruh jawabane mendadak macak dadi wong sing paling pinter sak dunyo. Semisal almarhum utowo almarhumah meninggale mergo lara, pasti sing dikomeni opo’o gaknang dokter iki, opo’o gak diobati nganggo metode iki, opo’o gak nang rumah sakit iki, dan sek akeh cocotan liyane. Padahal sing koyok ngono iku gak perlu lho, toh wonge wes gak onok, lapo atek bahas ngono maneh. Wes buang-buang waktu, terus marai sing ditinggal tambah kepikiran. Kan mending jogo mulut gawe menghargai wong sing ditinggal mau.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "654", "text": "Selama urip iki, awak dhewe akeh kenalan karo akeh wong. Ora nutup kemungkinan, awak dhewe bakal ketemu wong sing podo neng wektu-wektu sing awak dhewe ora sangka-sangka. Nanging pas ketemu, wonge kui ora nyapa awak dhewe. Padahala, kene yakin yen awak dhewe kui konconan. Ono beberapa alasan kenopo dheweke koyo ngono. Sing kesiji, awak dhewe kui penampilane wis berubah banget dadine wong kui dadi pangling. Mungkin, gaya rambute awak dhewe bedo bangat lan carane awak dhewe nganggo klambi bedo blas koyo biyen. Sing keloro, dheweke sak jane arep nyapa. Nanging dheweke wedi isin mergo iso wae dheweke salah wong. Iso uga dheweke males nyapa, mergo dikirane sok kenal utowo akrab.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3788", "text": "Koncoku tau ngandani nag panganan sing wes endut iku palang ora diketokno soale iso garai wong jijik. Terus kudune panganan iku yo disimpen ae ambek ora disele jobo ben ora kewasi ambek wong liyo. Opo maneh nag konangan ambek wong sing penggaweane nyelatu yo tambah ora enak. Nah nag jijik delok panganan sing ngunuku yo palang ora diwasi, soale sing jenenge panganan iku durung karoan berseh terus, ambek bisane panganan sing endut iku yo mesti ora ngiro disimpen mesti dibuak utowo diolahe dadi opo ngunu sing sekirane iso manfaati. Mangkani kudu ati-ati nag geleh panganan ben ora endut soale nag endut mesti ora kenek dipangan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5338", "text": "Kekerasan kuwi wis ana bibite wiwit cilik yen ning omahe wong tuwa ndidik nganggo cara sing kasar. Bocah iki bakal luwih sensitif yen ketemu wong, misale lagi dolanan banjur kesenggol uga ora sengaja kegepuk, mesti mbalese luwih lara lan luwih kasar amarga perasaane wis atos. Kamangka kuwi, yen awake dadi wong tuwa, awak dhewe kudu bisa ndidik anak ben dadi bocah sing sabar lan uga bisa ngendalikake emosi. Nanging yen digepuk sengaja, bocah kuwi wani ngelawan nganggo cara sing apik. Awak dhewe uga kudu dadi conto sing apik amarga anak kuwi bakal niru tingkah laku lan pitutur saka wong tuwane,", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2645", "text": "Jarene bocah-bocah sing tau tak ulang sing tau ngalami sedeh polahe ditolak mlebu kampus . Sedeh polahe perkoro iku ora sebanding ambek usaha'e sing wes mati-matian. Akhire bocah-bocah iku maeng ngomong nag roso sedeh iku maeng asline ora diperlokno saolae tambah garai kepikiran ora ono enteke. Terus garai mentale tambah ajor soale nanggung isin ambek konco-konco sing ketrimo. Akhire bocah-bocah maeng ben ora isen golek coro ben tahun ngarepe maneh ora ketemu koncone utowo melbu kampus sing sekirane apik masio ora apik-apik nemen sing penting ora ono konco sing dikenal. Dadi jarene roso sedeh iku ora perlu soale garai pikiran ambek mental ora apik.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "202", "text": "Masa orientasi mahasiswa kui acara sing paling dienteni karo mahasiswa anyar sing lagi mlebu taun kui. Opo meneh kanggo wong sing ketompo neng universistas bergensi, koyo UGM. Gajdah Mada enom, sebutan mahasiswa anyar sing mlebu UGM, ngenteni banget sesi orientasi kampus idamane. Acara perkenalan neng UGM kui jenenge Pelatihan Pembelajar Sukses bagi Mahasiswa Baru utowo sing biasa disingkat PPSMB. Acara penutupan neng dino terkahir PSSMB kui sing paling dienteni. Pas kui, kabeh mahasiswa anyar dikumpulku neng Lapangan Pancasila. Neng kono, wong-wong podo ngerayake wis dadi mahasiswa UGM. Mahasiswa joget bareng, nyanyi bareng. Biasane cah-cah anyar kui, dikon gowo kertas warna sing gedhe lan caping sing wis diwernoni sing bakal digawe formasi. Formasi kui iso didelok seko duwur. Kabeh wong seneng banget iso dadi bagian seko formasi sing gede kui.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2009", "text": "Misale awak dhewe ora gelem anake dhewe kui wedi disuntik, awak dhewe kudu ngadohi anak-anak seko tontonan utowo film kartun sing ora mutu. Tontonan koyo neng TV utowo neng Youtube kui apik nganggo anak. Dheweke dadi iso sinau ngomong lan ngerti carane ngomong karo wong liyo. Nanging yen awak dhewe ora nyeleksi tontonane, anake dhewe iso entuk pengaruh sing elek. Misale neng tontonan lawak utowo kartun. Neng kono biasane, opo-opo diluwih-luwihke. Contone ono suntikan sing digawe gede banget lan reaksi wong sing disuntik kui berlebihan. Anake dhewe durung ngerti yen kui sebenere ora tenanan. Delok kui sing anake dhewe ngerti kui yen wong disuntik kui mesthi ngerasake lara.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6112", "text": "Ana panganan-pangan sehat sing bisa marai buang angin luwih sering lan ora bisa diduga. Jenis panganan iki yaiku panganan sing ngandung susu, Ning jero susu, ana gula sing arane laktosa. Kanggo wong sing intoleran marang laktosa, gejala sing paling ketok yaiku awak mesti ngasilake gas sing akeh amarga kuwi marai sering buang angin. Iki disebabake karo enzim laktase sing ora cukup. Panganan iki kalebu golongan keju, es krim, lan akeh maneh bahan panganan sing bahane nganggo susu. Kamangka, kanggo wong sing ora cocok ngombe susu iki mesti sering ora sengaja ngentut amarga ngetokake gas. Amarga kuwi, wong-wong iki kudu nganggo produk pengganti saka almond utawa kedele. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7143", "text": "Salah siji barang sing paling penting gawe nyimpen berkas kantor iku jenenge document keeper. Document keeper iku panggon penyimpanan dokumen sing bentuke koyok album dan onok kantong-kantong transparan sing wujude koyok lembaran neng njerune. Kantong transparan iku mau bahane teko plastik. Cover document keeper iku onok macem-macem, mulai sing bahane hard cover sampe sing bahane plastik. Isi kantong nang document keeper onok macem-macem, mulai teko 20 lembar sampe 100 lembar. Document keeper iku fungsine gawe ngerekap dokumen ben wulane cek isok tertata rapi. Terus kantong transparan nang njero document keeper iku gunane cek kertas sing dilebokno kono gak gampang digrogoti rayap.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "365", "text": "Tinggal neng omah dhewekan kui dadi salah siji perkoro sing iso gawe awak dhewe sedih. Sing paling keroso kui, kahanan rumah sing biasane rame kui ngerti-ngerti dadi koyo kuburan, anteng nyenyet arep medeni. Biasane ono swara adi utowo anggota keluarga liyane sing ora cetho dadi ora krungu meneh. Pancen swarane kui marake mangkel, nanging luwih mending timbangane ora ono swara blas. Tinggal dhewekan kui marai awak dhewe ora duwe konco ngobrol. Yen arep ngobrol, awak dhewe kudu telponan disik. Pas lagi ora iso, kepeksone awak dhewe ngomong dhewekan. Ngomong karo dhewekan kui emang aneh, nanging kui dadi salah siji coro ben awak dhewe ora ngeroso sedih-sedih banget.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9076", "text": "Gak onok sing bener-bener eroh kapan mulane makna klitih dadi bergeser. Sing awal maknane mlaku mlaku pas bengi maleh dadi kenakalan remaja nang dalanan. Klitih iki terkenale kedaden nang Jogja. Makane kota Jogja sing mbiyen terkenal aman dan tentrem maleh dadi nrawasno. Hal iku mergo klitih iku nyerang e gak kenal wektu. Kadang sek durung tapak bengi banget, tapi wes onok ae sing nyerang. Nek wes ngono, awak dewe kudu ngelindungi diri teko klitih iku mau. Cara ngehindari klitih iku koyok ngene. Siji, hindari motoran dewe pas bengi. Loro, hindari ruas dalan sing jarang dilewati ambek wong-wong. Telu, pilih ruas dalan sing rame. Papat, hindari sekelompok arek enom sing gelagate mencurigakan pas bengi. Terakhir, nek awakmu ngonangi onok tanda-tanda keberadaan klitih, lapor nang masyarakat sekitar.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2948", "text": "Aku gelek delok wong sing keget ambek jumbul terus keplayon polahe kari bis. Padal iku kabeh kan polahe dewe, Soale saiki bis iku ono jame nang terminal terus kondektur mesti kadang ngebel-ngebeli wong-wong sing ate numpak. Mangkane kabeh wong sing numpak mesti dikongkon ati-ati ojo sampek dlewer nag nang terminal opo maneh sampek klewas-klewes yo jelas bis ora ngurus wong koyok ngunuku soale nyuwen-nyuweni wong liyone. Mangkane nag pengen ora kari bes iku ojo sak enake dewe, aturan teko bise yo kudu ditotno, soale nag ora ditotno yo bakal kari kadang yo dikongkon medun nang dalan barang. Dadi kudu ati-ati ancene nag numpak bis. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "3817", "text": "Asline entut iku ora marakno wong isin. Terus sing biasane garai isin iku nag gak ambune yo suarone sing kenek digawe lagune hp ben akeh wong sing delok. Nag sak liyane iku yo ora ono. Nah ben ora konangan nag ngetut, yo entute iku maeng ora digetno tapi ditokno gal saitik, ambek rodok diembet ben nag ngentut iku ora dadekno perkoro sing ngisin-ngisine. Tapi kabeh iku kan karek wonge maeng mikire koyok opo, nag wonge maeng biasane lapo-lapo kakean mikir yo bakal mikire ora megilan. Terus bakal mikir sing ora-ora amnbek entut sing wes kelakon maeng. Mangkane nag ngentut yo wes berno wong ngentut kok. Soale nag ora ngentut iku ora enak ambek mesti lorone.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9115", "text": "Cyberbullying iku tambah suwe tambah akeh dilakoni ambek wong-wong. Opo maneh jaman saiki wong-wong iku isok nganggo identitas palsu nang media sosial. Mergo status anonim iku mau, wong-wong dadi luwe bebas ngutarakno kebencian utowo nge-bully siji uwong sing didadekno target e mereka. Dan mereka sing nganggo identitas anonim iki isok ae bakal nge-bully luwe teko siji uwong. Soale kan gak onok sing eroh identitas e mereka, dadi mereka ngeroso luwe bebas gawe ngutarakno kebencian e mereka nang korban mau. Wong-wong sing ngelakoni koyok ngono iku asline gocik, soale mereka mek berlindung nang status anonim e tok. Coba kongkon gawe nge-bully nganggo akun sing sesuai ambek identitas asline, pasti gak bakalan wani.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5350", "text": "Dina minggu, aku tangi isuk-isuk nanging rasane kaya pegel linu. Kayane iki sing diarani salah bantal. Nanging lara ning awak iki marai aku ya melu kepegelen lan sewot amarga turu posisi apa wae salah lan tangi uga posisine mesti ora pas. Banjur barang wis metu saka kamar, aku muring-muring ora karuan. Kabeh wong tak sengiti amarga aku uga lagi ora penak awak. Aku ya bingung amarga ora biyasane aku kaya ngene pas tangi turu. Jare ibuku bisa wae aku kurang turu lan ngerasakake mangkel ning awak. Nanging pas tak iling maneh, aku pancen kayane kurang turu lan dadine ngerusak suasanane prasaanku dewe wayah isuk. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3457", "text": "Nag awakmu ancene wedi utowo keweden nag pas ditutuno wong sing ora mbok kenal utowo wong sing ancene ketok medeni, awakmu iku iso ngadohi wonge iku maeng mboh piye carane pokoke nag iso ang ngadoh teko wong asing iku maeng. Terus, nag ancene ora iso ngadoh polahe wong iku maeng saking cepete oleh ngetotno awaknmu kudu iso ngeles ambek golek panggonan sing ancene rame nag pas digawe liwat utowo mok gawe leren. Soale nag awakmu tambah liwat panggonan sing sepi engko nag singetotno iku niate elek iso blaheni awakmu. Mangkane nag iso liwato panggonan sing ancene bener-bener rame. Nag ancene kepekso ora iso liwat nang hubungono konco utowo keluarga. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2911", "text": "Pas aku SMP aku tau oleh hadiah teko sekolahan sing ancene kanggo bocah-bocah sing termasuk nilaine apik. Awitane prasaku yo ora kanggo aku soale aku rumongso nilaiku biasa wae soale ancene aku ora tau takok nilaine bocah-bocah. Tibak aku sampek parani ambek kepala sekolah soale diceluk-celuk ora moro. Pas iku aku langsung jumbul soale iku ancene aku terus hadiah sing diwehno iku termasuk hadiah sing lumayan apik yoiku buku sing ancene regane larang. Padal konco-koncoku sing sugeh ae bukune ora ono sing koyok iku. Mangkane aku yo langsung senenge megilan. Ambek ngeroso isin soale dicelok bolak-balik ora moro tapi tambah turu nang kelas.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8372", "text": "Sembarang kalir jenis panganan iku pasti onok bates wektune sampe akhire dadi mambu. Makane nang kemasan panganan sing biasa didol nang Supermarket, biasane onok label tanggal sing nandakno tanggal mambune panganan iku mau. Onok macem-macem jenis penandane. Siji, best before utowo sebaiknya digunakan sebelum. Tanda sing koyok ngene iku berarti panganan sing mbok pangan mungkin bakal sek gak popo mbok pangan luwe teko tanggal, cuma kualitase bakal berubah. Loro, expired by, expiration date, utowo exp. Tanda sing koyok ngene nandakno nek awamu kudu guwak panganan iku mau nek wes ngeluweni tanggal sing onok. Telu, sell by. Tandane awakmu sek gak popo mangan panganan iku ngeluweni tanggal sing tertera dan gak bakal onok penurunan kualitas, tapi gak suwe-suwe nemen. Terakhir, use by. Tanda iki biasane digawe nang panganan sing gampang mambu. Dadi nek wes pas tanggal iku mau, mending diguwak ae mbasio sek ketok apik.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2059", "text": "Misal ono wong sing lagi dietuti, awak dhewe kudu nulungi dheweke. Awak dhewe iso ngelakoke opo wae sak isone awak dhewe. Sing penting, wong sing dietuti kui iso ngeroso nyaman lan tenang. Soale, mesake wong sing lagi dietuti kui. Dheweke ngeroso kuwatir sepanjang dino kui, mungkin malah seko wingi-wingine. Mungkin kui, sing gawe perkoro pancen wonge kui. Senadyan, awak dhewe ora ngerti sopo sing salah lan perkorone opo. Awak dhewe tetep kudu nulungi. Soale, cara ngerampungke masalah nganggo ngetuti kui ora bener. Perkorone kui bukane rampung, malah iso nambah perkoro liyo. Soale yen wong kui ketauan ngetuti wong uga iso diukum kunjoro.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1106", "text": "Kanggo bocah cilik, disuntik kui salah siji hal sing medeni. Padahal disuntik kui penting kanggo cah cilik pas dheweke lagi lara opo pas arep diimunisasi. Supoyo dheweke ora wedi karo jarum suntik kui, awak dhewe iso ngelakoke beberapa hal. Sing kesiji, awak dhewe ora entuk ngaposi karo anak kui yen disuntik kui ora lara. Yen dheweke percoyo namung pas wis disuntik kui dheweke ngerasa lara. Dheweke iso wae ora gelem disuntik meneh. Sing keloro, awak dhewe iso ngiming-ngimingi hadiah sing dheweke seneng. Hadiahe kui ora kudu sing larang opo piye, sing penting kui hal sing dheweke pengenke. Iso wae awak dhewe ngejak neng restoran sing dheweke pengen.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7186", "text": "Jaman saiki, onok beberapa kalangan sing milih langsung nikah ndek KUA dan gak ngadakno acara resepsi. Biasane alesane iku gawe ngehemat pengeluaran. Tata carane pun wes onok dewe. Pertama, pastikno kedua belah mempelai umure wes legal sesuai aturan negara. Ojok lali sisan siapno kabeh dokumen sing digawe persyaratan nikah ndek KUA. Nek wes, teko nang ketua RT utowo RW domisili gawe njaluk surat pengantar. Mbari ngono berkunjung nang kantor deso utowo kelurahan gawe njaluk surat pengantar syarat nikah ndek KUA. Cara daftar nikah ndek KUA yaiku teko nang KUA maksimal 10 dino sakdurunge akad. Kurang teko iku kudu nyerahno dispensasi bertanda tangan camat. Mbari ngono, bayar biaya pencatatan nang petugas KUA. Terus serahno kabeh berkas sing dijaluk. Nek wes mari kabeh, engkok balik maneh nang KUA pas akad sesuai persetujuan karo wali nikah. Sing terakhir, ojok lali periksa buku nikah sing kate diserahno nang pihak KUA sakdurunge ditanda tangani.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7655", "text": "Marah tanpa penyebab iku isok dikatakan sebagai sesuatu sing gak wajar, soale onok hubungane karo gangguan mental utowo mergo onok lara sesuatu. Wes ngono, marah tanpa penyebab iki isok ngerugikno awak dewe ambek uwong-uwong sing dadi korbane awak dewe. Pas awak dewe marah-marah nang wong liyo, wong iku mau pasti takon disek lapo’o. Tapi nek awak dewe njawab e mboh, yo pasti wong iku bakal mangkel dewe. Hal koyok ngono iku marakno awakmu bakal dijauhi ambek wong-wong. Wes ngono, awakmu nek keseringen marah-marah dewe mergo gak onok penyebab iku suwe-suwe megelno awakmu dewe. Suwe-suwe awakmu tambah stres dan tambah dadi wong sempel nek dijarno terus.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "7589", "text": "Surprise ulang tahun iku wes dadi hal sing biasa banget ndek budayane awak dewe nang Indonesia. Nek awak dewe ndelok nang media sosial, ancen roto-roto uwong iku ngekeki surprise ulang tahun iku ketok megah dan mewah. Padahal, surprise iku gak kudu koyok ngono. Titik berhasile surprise ulang tahun iku nek sing ulang tahun ngeroso terkesan. Dan ngekeki surprise sederhana ae isok dadi berkesan nek carane unik dan sing dikeki teriman. Berkesan iki isok teko opo sing dikeki, utowo sopo sing ngekeki. Dadi awakmu kabeh ojok nyongko nek surprise sing berkesan iku kudu megah ambek mewah, sing sederhana pun yo isok berkesan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7171", "text": "Pas Westlife ngumumno kate konser nang Suroboyo, kabeh koncoku wes heboh gawe tuku tikete. Sedangkan aku gak melu-melu soale gak tapak ngefans. Terus pas H-1, moro-moro aku dikongkon ganteni koncoku nonton soale mbak yune lahiran dan kudu ngancani. Akhire gelem gak gelem aku terimo tikete, mumpung gratis sisan kan ya. Sesoke, aku berangkat nang Jatim Expo, panggon konsere Westlife iku mau. Untunge nang kono aku ketemuan ambek koncoku sing liyane, dadi gak krik krik nemen. Untunge aku entuk panggon ngadek nang tengah, dadi sek ketok panggunge jelas. Mbasio aku gak akeh eruh lagu-lagune Westlife, dadakno akeh banget lagune sing apik-apik dan enak. Jujur, aku bener-bener nikmati banget konser iki, dan moleh dengan perasaan seneng. Wes ngono, tutuk omah aku langsung nggolek lagu-lagu sing mau tak senengi. Dan pas ngerungokno lagune, rasane koyok onok sing kurang ngono. Dan iku marai aku bersyukur isok ngerungokno lagu sing enak iku dinyanyikno secara live.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2529", "text": "Wong saiki wes podo ngerti nag nabung iku pentinge pol kanggo uripe menungso soale nag ono opo-opo ben ora utang wong liyo. Lah roso seneng iso tuku barang sak wise nabung salah sijine kelebihane nabung sing biasane dirasakno menungso jaman saiki. Tambah bocah-bocah sekolah saiki ae wes iso nabung soale ngerti nag nabung iku ancene enake ora bloko. Sak liyane iku, teko nabung maeng awakmu dadi ayem nag ono keperluan sak waya-waya tanpo kuwatir kudu nandi nag butoh duwek. Opo maneh nag pengen tuku barang sing mok senengi dadak. Mangakane nag ono wong senenge megilan polahe mari nabung iku wes lumrah, mangkane nabungo masio sak itik soale iso dijagakno nag sewaktu-waktu butoh duwek.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9084", "text": "Aku iku ben ndelok bolong-bolong sing akeh terus nggerumbul iku rasane maleh ngelu dewe. Gak jarang sisan rasane mukok karepe dewe. Awakmu onok sing ngalami koyok aku sisan gak? Dadakno sing koyok ngono iku isok ngindikasikno nek awak dewe kenek trypophobia. Biasane rasa ngelune iku pas ndelok benda-benda sing berongga koyok spons, rongga nang kayu, kepala biji teratai, buah delima, keju sing akeh lubange, ambek karang sing akeh lubange. Gejala fobia iki rodok bedo ambek gejala fobia liyane. Sing ketok bedo iku mulai teko ngeroso jijik pas ndelok terus ngeroso gatel karepe dewe. Nek misal awakmu ngalami gejala iku pas ndelok benda sing bolong-bolong, kemungkinan awakmu kenek trypophobia.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "774", "text": "Perkoro suku, agama, ras, lan antaragolongan utowo SARA iki perkoro sing akare jero banget neng Indonesia, ora iso segampang jidat dibenahi. Saiki wong iso gelud mergo bedo pandangan perkoro agama. Wong iso saling ora seneng mergo asal suku sing bedo. Penyebab kui werno-werno. Salah sijine kui iso faktor sejarah. Indonesia disik kui negara kesatuan. Kerajaan-kerajaan cilik didadike siji dadi satu negara gede. Biyen kerajaan-kerajaan cilik iki ono sing saling perang. Ditambah meneh awak dhewe dijajah karo wong Londo. Penjajah kui gawe strata sosial sing sisane keroso tekan saiki. Disik kui etnis-etnis sing dianggep pendatang, koyo Tionghoa lan Arab, kui derajate luwih duwur seko pribudi. Tekan saiki, rasa wedi karo sing strata sosial kui isih keroso, senadyan sistem kui wis ora belaku meneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9065", "text": "Awakmu sing biasa bergelut nang dunia event pasti wes apal nek ben acara iku pasti onok sing jenenge gladi resik. Gladi resik iku fungsine gawe latihan terakhir sak durunge hari-H ben kabehe isok luwe lancar. Wes ngono, gladi resik iku isok gawe ngatasi demam panggung pisan lho. Nek awak dewe ngelakoni gladi resik, awak dewe dadi eroh panggung iku mau ukurane sak piro, kursi sing onok nang ruangan iku onok piro, dan isok ngiro-ngiro engkok uwong sing teko gawe ndelok de’e iku onok piro. Gladi resik iku ngewangi awakmu gawe adaptasi panggung ben pas hari-H acara kehindar teko demam panggung dan awakmu isok tampil luwe maksimal.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3773", "text": "Akeh wong sing ora mentolo nag delok panganan sing bosok, mergo panganan sing bosok iku maeng rupane ancene mangkelno ambek jemeberi, Nah panganan bosok iku termasuk panganan sing wes ora kenek dipangan ambek bentuke maeng iku wes ono ileri ambek ambune barang ora karoan mergo bosok maeng. Nah biasane panganan sing bosok iku maeng mergo wes ora kenek dipangan ambek wes mambu. Tapi akeh-akehe panganan sing bosok iku mergo wes mambu utowo metu ilere. Nah sing garai jijik utowo jemberi maeng yo polahe bentuke maeng terus ditambahi karo ambune barang maeng. Perkoro iki maeng yo wes umum dialami ambek wong-wong nang endi-endi.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5236", "text": "Dadi wong sing gampang diapusi iki pancen ora penak amarga mesti ngerasa kuatir lan ngerasa dadi wong sing waspada. Wong sing gampang diapusi iki dadi sasaran wong ning sekitare amarga dadi sing paling penak dikerjani. Yen dibiasakake, tipuan iki marai ora nyaman lan uga marai wong dadi bingung mbedhakake sing ngendi sing temenan uga ngendi sing mung apus-apus. Nanging ana cara ben dadi wong sing ora gampang diapusi yaiku kaping pisan dadi wong sing tanggap marang kanca, dadine kanca yen arep ngerjani dadi sungkan. Kaping pindho, kudu peka lan bisa paham lingkungan kerja kuwi kaya apa ben bisa dadi wong sing ora gampang kapusan karo kanca.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1422", "text": "Aku paling jijik karo telek kucing. Kui sing dadi alesanku ora kepikiran ngingu khewan kui tekan saiki. Senadyan bentuk lan rupane kucing kui lucu, nanging aku ora kuwat banget karo telek. Kanggo aku, teleke kucing kui mambu banget. Yen ngingu kucing kui mesthi diingu neng jero omah lan kotak pasire sing dienggo ngising kui mesthi ono neng jero omah. opo meneh omahku kui cilik. Soyo ora kuwat aku, ngambu teleke. Telek kucing kui yen pas lagi sehat meneh wae jijik opo meneh pas dheweke lagi lara. Teleke dheweke iso ono neng endi-endi. Bentuke ora mung padet koyo biasane nanging iso uga bentuk dadi cair. Yen wis koyo ngono, makin males aku ngingu kucing neng omah kui.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "7128", "text": "Jenenge nek kate nabung iku kudu onok duite. Gak mungkin kan awakmu meneng tok moro onok udan duit. Dadi gawe awakmu sing pingin duwe duit, mulai kerja sing rajin. Baru teko kerjo iku mau, awakmu entok duit terus isok nabung. Sak males malese kerjo, sak megelno opo ae, awakmu kudu kerjo nek gelem entuk duit dan isok nabung. Sopo eruh engkok nek awakmu rajin, awakmu dilirik ambek bosmu dan isok munggah pangkat dan gajimu jelas bertambah. Tambah duwur gajimu, tambah akeh duit sing isok mbok lebokno nang tabungan. Dadi gawe awakmu sing sek nganggur dan males-malesan ae tapi pingin sogeh, ojok kakean ngimpi. Mulai nggolek kerjo cek isok nduwe duit dan isok nabung.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2954", "text": "Jumbul polahe ora sengojo petok konco suwe iku yowes ancene lumrahe. Opomaneh nag konco sing pareke megilan terus suwe ora petuk. Masio jumbule maeng ora nemen kadang iku yo ono sing sampek gepuk-gepuk koncone barang. Nah jumbul sing koyok nginiki iku iso saking senenge karo koncone maeng. Mangkane kudune nag jumbul yo ojo sampek gepuk utowo ngelokoni kebiasaan elek sing dadekno konco lawasmu iku maleh mangkel ambek awakmu. Mangkane jumbule maeng kudune diwujudno ambek perkoro sing apik sing iso dadekno konco parekmu maleh iling sing apik-apik karo awakmu. Terus sak liyane iku perkoro sing apik iso maleh dadekno tambah rukun. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9871", "text": "Wis pirang-pirang dina, Surti ngerasa ora penak karo awake dhewe. Rasane nalika mangan kaya kudu mutah, nalika isuk kaya kudu mutah, ngambu bawang langsung mukok-mukok. Awake uga kerasa mesthi pegel saben dina, padahal mung ning omah wae. Saben wengi uga kerasa luwih ngantukan. Surti biasane turu jam 10, nanging saiki jam 7 wis kerasa ngantuk banget. Bojone Surti akhire ngejak ning dhokter supaya Surti diperiksa. Nalika wis mari dipriksa karo dhokter, Surti dikandani yen dheweke meteng wis sewulan. Surti lan bojone kaget pol amarga ora nyangka yen bakal diwenehi anak kaya ngene cepete. Surti lan bojone matur nuwun marang dhokter lan mulih karo perasaan sing seneng banget senajan sakjane isih kaget banget.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7196", "text": "Cara ngeden sing bener iku kudu dipelajari gawe ibu sing milih persalinan normal. Ngeden iku gak isok sembarangan cek gak onok kerobekan pas proses persalinan. Onok carane dewe gawe ngeden. Siji, kudu eroh kapan kudu ngeden. Biasane perawat bakal ngekeki aba-aba nek wes pembukaan sing kesekian dan wes oleh ngeden. Loro, pilih posisi sing nyaman gawe ngeden. Onok macem-macem posisi sing isok dipilih, dadi pilih sesuai ambek kenyamananmu dewe. Telu, ikuti aba-aba teko dokter. Ojok inisiatif dewe, rungokno opo jare doktere cek gak terjadi hal-hal sing gak diingino. Papat, lakoni teknik pernapasan sing bener. Teknik pernapasan sing bener isok marai awakmu luwe fokus dan isok ngencengno otot-otot tubuhmu. Terakhir, eroh kapan wayahe leren ngeden. Biasane sing ngene iki mergo serviks durung sepenuhe terbuka, dadi kudu leren sampe pembukaane wes pas.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2062", "text": "Kabeh wong bakal wedi yen ngeroso dhewekan. Mbuh kui bocah sing isih cilik tekan wong sing dewasa. Menurutku, dhewekan kui iso awak dhewe bagi dadi loro. Ono dhewekan sing tenanan dhewekan. Nanging ono uga wong sing ngeroso dhewekan senadyan dheweke kui dikancani karo wong akeh sing ono neng sekitare. Wong sing tenanan dhewekan kui bisane wong sing ora duwe konco. Dheweke ora duwe kemampuan supoyo ngomong lan nyambung karo wong liyo. Sing keloro kui, wong sing ngeroso dhewekan senadyan duwe konco akeh. Iki disebabke wong-wong ono neng sekitara, sing dheweke kero dadi koncone kui, ora iso memahami dheweke. Koncone ora ngerti opo sing dheweke pengeni lan opo sing lagi dirasake.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2672", "text": "Getun sing paling nemen nang urip iku kenek dijelasno nang macem-macem bentuke. Ono sing saking getune sampek wonge iku maeng ora gelem eleng-eleng maneh, ono sing saking getune sampek ora iso lali, ambek ono sing saking getuni sampek dadekno uripe wong iku maeng ora apik. Kabeh iku maeng kadang diawiti teko perkoro sing asline iso diadepi tapi polahe wes kadung kesasar akhire wong iku maeng aras-arasen utowo isen jaluk sepuro akhire dadi getun sing paling jeru nag uripe uwong iku maeng. Dadi sak durunge masalah sing iso dadi getun sing paling jero. Omongno karo uwong sing ono sangkut paute ben awakmu iku lego oara sapek dadi getung sing paling jero nag uripe.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3855", "text": "Jaman saiki kok yo isek ono ae wong sing nganggep klambi sing podo plek ambek wong liyo iku dadi perkoro sing ngisini. Padal asline iku yo ora masalah se, soale kan ora teko perkoro sing elek, koyok nyolong ambek sak piturute. Tapi ancene tuku, yo sing garai iku maeng dadi perkoro sing dadekno metu roso isin kan pikirane wonge dewe, nag deke ancene nganggep iku biasa wae, yo bakal dadi perkoro biasa. Tapi saiki yo isek ae yo sing nganggep iku dadi perkoro sing ngisine, padal iku kan ora masalah ambek perkoro sing ora disengojo terus ora dadekno wong liyo srengen lapooh isen barang. Nah kabeh iku karek pikirane wonge sing gawe klambi iku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "7633", "text": "IED utowo Intermittent Explosive Disorder yaiku gangguan nek uwong gagal gawe ngontrol emosine dan nduwe dorongan gawe ngelakoni hal-hal sing kasar. Ben onok masalah, mbasio talah iku mek perkoro remeh, amarahe isok sampe meledak-ledak. IED iki dewe isok disebut dadi episod impulsif, agresif, ambek perilaku kekerasan sing terjadi ping bolak-balik. Agresi sing timbul iku isok berupa verbal karo non-verbal. Verbal iku contohe koyok nyentak, misuh, mbengok, ngenyek, utowo ngomong elek sing liyane. Nek non-verbal iku contohe koyok ngerusak, nyakiti, nggepuk, dan liyane maneh. Penderita IED iki nduwe gejala fisik mergo ledakan amarahe, koyok sakit kepala, angel ambekan, tremor, dan liyane maneh.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "688", "text": "Gawe acara pesta ulang taun kejutan kui sia-sia. Akeh wong sing digaweke acara koyo ngono kui nanging ora ngerosoke opo-opo. Dheweke mung pura-pura kaget wae pas konco-koncone ngerti-ngerti jedul. Acara sing koyo ngene uga ora ono gunane yen acarane iki kerep digawe sak ben taun lan konco-konco liyane. Wong sing lagi ulang taun pas kui dheweke bakal wis ngebayangke yen bakal dirayake koyo konco-konco sing uwis-uwis. Mergo kui, pesta kejutane wis ora marai kaget meneh. Opo meneh gawe pesta koyo ngene iki ribet banget. Awak dhewe kudu ngumpulke akeh wong lan nyepake akeh banget barang-barang kanggo kebutuhan pestane. Yen wong sing ulang taun ora ngerasake opo-opo, kenopo awak dhewe kudu repot-repot nyiapke.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9879", "text": "Wong rabi ora mesti tujuane kanggo duweni anak. Ana wong sing rabi nanging tujuane ya mung urip wong loro karo bojone. Wong sing ora pengin duweni anak bisa kasebut child-free. Nanging ing Indonesia isih sithik banget wong sing childfree amarga rata-rata wong Indonesia iku rabi kanggo tujuan duweni anak supaya bisa nerusake keturunan. Supaya pas mari rabi bisa langsung meteng, akeh banget babagan sing kudu didelok lan dilakoni kanggo manten anyar. Misale ora oleh kepegelen, mangan sayur sing akeh, lan kudu olahraga. Nanging ora mung kuwi wae, saliyane iku uga kudu tansah donga marang Gusti supaya luwih gampang diwenehi anak. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "4350", "text": "Pas aku dolan nang Kota Apel ambek koncoku, moro-moro ono wong numpak montor terus buka kocone mari ngunu idu metu teko cendeloe montore, nah aku sing gonceng koncoku iku iso ngelese maeng, tapi koncoku sing nang guriku langsung kenek klambine. Koncoku nguamuk mego bocahae paling jember ambek sing jenenge idu maeng polahe ambune basine pol. Nah mari ngunu bocahe ngecak aku ngajaki montor iku maeng tapi ora nemokno nah aku ro ora sepiro delok plate. Koncoku iku ancene mangkele pol ambek sing jenenge idu sing teko wong liyo mergo jarene iku termasuk perkoro sing jemberi ambek mangkelno. Nah sing garai mangkel maeng yo polahe ambune basine megilan.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4969", "text": "Pacobaning urip iki macem-macem jenise lan bisa ndadekake wong ngerasa susah utawa bisa dadi edan. Pacobaning urip uga macem-macem penyebab lan jenise. Sing wis mesti iki ya pacobaning urip iki mesti ana solusine. Nanging ana sing nambani rasa susah iki nganggo alkohol lan narkoba. Sing kudu dipahami kuwi narkoba lan alkohol iki mung bisa dadi solusi sementara amarga bar kuwi masalahe bisa nambah. Akar masalah kuwi digoleki solusi miturut kekarepane, dudu kanggo narkoba lan alkohol. Amarga kuwi, awak dhewe kudu pinter golek solusi lan ngerteni yen kabeh masalah kuwi ana dalane lan kudu ngindari dalan sing sesat kaya alkohol lan narkoba.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4352", "text": "Akeh wong sing mangkel nag kenek barang siji iki, padal kabeh wong mesti duwe barang iku nang cangkeme. Nah barang opo iki? barang iki jenenge idu, nah idu iku termasuk barang sing koyok banyu warnae iku kadang bening kadang butek, karek wonge sing ngetokno idu maeng iku sehat opo ora. Nah nag sehat biasane bening ono uroe sak itik ambek rodok kentel. Terus ambune yo karek wong sing duwe idu maeng, ang ancene wong iku maeng gelek ngeresiki lambene utowo sikatan yo ora sepiro basin, tapi nag arang sikatan yo basine ora ukur, mergo kenek sing jenenge gidal. Mangkane roto-roto wong nag kenek idune wong iku mesti magnkel ambek jijik. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3038", "text": "Wong nag muring-muring polae digepuk iku wes lumrah, ora kenek dibantah maneh soale iku wes sifate menungso. Tapi kabeh wong iku asline wes dianjurno ojo sampek gepuk wong nag ora ono sebabe ambek alasan sing ancene kuat. Contone gepuk polahe pengen nyopo koncone parek sing wes ora tau petok, iku yo ancene ora opo-opo soale koncone mesti ngerti kebiasaan ngunuku. Tapi nag ambek wong ora patek parek yo ojo sampek soale iku iso dadekno srengene wonge. Dadi nag iso ojo sukur gepok wong masio awakmu kenal nag iso didohi, soale nag tepak atine ora gene masio konco iku tetep metu sing jenege roso senep nang ati.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "343", "text": "Rasane ditolak karo universitas sing awak dhewe pengenke kui lara banget. Awak dhewe wis ngarep-ngarep nanging akhire tetep ora iso kewujud. Repon sedihe wong pas ditolak kui bedo-bedo. Ono sing respone kui menyediri. Dee narik awake seko pergaulan mergo ngeroso dadi wong sing gagal. Dee wedi diece-eceni karo konco utowo wong disekitare. Uga ono wong sing jerit-jerit histeris pas ngerti ora ketompo. Dee ngelakoke kui mergo ono roso ora percoyo mergo sadurenge dee wis yakin banget yen mimpine kui bakal kewujud. Sing ketelu, wong kui bakal ngerasake kekosongan neng atine. Senadyan, wis ngeroso kerja keras lan ngorbanke akeh kanggo usaha mlebu neng kono, dee ora iso nerima kenyataan. Dee bakal ngeroso usaha-usahane selanjute kui bakal percuma", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "737", "text": "Awak dhewe sak wektu-wektu wae iso wae diantemi mergo alasen opo wae. Mungkin, neng panggon umum awak dhewe ora sengojo nyenggol wong. Ora terimo, wonge kui langsung ngantemi dhewe. Awak dhewe rasane kui pengen mukul walik. Sirah dhewe umum pengen ngetoke rasa mangkele dhewe. Nanging, yen awak dhewe manut karo emosi, iso-iso perkorone malah tambah dowe. Ben awak dhewe iso nahan emosi, awak dhewe iso gateke beberapa hal iki. Sing kesiji, sak iso mungkin awak dhewe nangkis utowo ngindari pukulane kui. Sing keloro, awak dhewe kudu tarik napas jero-jero. Awak dhewe kudu kalem lan usaha dialog disik kenopo wonge kui dadi agrasif. Misale, mergo perkoro kesenggol mau. Awak dhewe mending jaluk ngapura wae timbange kudu gelud.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8492", "text": "Sopo ae sing tibo, iku pasti bakal kelaran, tapi bakal luwe akeh isine nek atek dideloki wong akeh. Terus engkok pas diceritani buru weroh tibone iku posisine koyok yaopo. Boso Jowo iku nduwe kosakata sing uakeh gawe njelasno jenis tibo iku mau. Siji, kesandhung. Biasane mergo sikil iku nubruk sesuatu nang permukaan sing datar. Loro, kesrimpet. Biasane mergo sikil kesangkut ambek benda sing umume lentur tapi dowo koyok tali. Telu, kejeglong. Biasane mergo sikil melbu nang lubang terus tibo. Papat, kepleset. Biasane mergo midak sesuatu sing licin. Limo, kejlungup. Biasane mergo mlayu banter terus gak isok ngatur awak. Enem, kecemplung. Biasane mergo tibo nang lubang sing onok banyune. Pitu, kejegur. Biasane mergo disurung nang kolam. Dan sek uakeh maneh jenis-jenise tibo nang boso Jowo.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9974", "text": "Indonesia iku duweni akeh banget golongan, suku, ras lan agama. Keragaman iki sing dadekake Indonesia dadi negara sing paling sugih keberagaman. Sing kaya ngene kudu dijaga lan ora oleh dirusak karo wing sing ora duweni tanggung jawab. Akeh banget kasus ing Indonesia sing awal mulane saka ilok-ilokan. Contohe ana tawuran ing Jogja sing disebabake karo 2 golongan sing gelud lan tukaran. Sing kaya ngene iki garai adu domba lan garai perpecahan ana ing antarane suku lan ras sing beda-beda iku. Mula kene minangka bocah enom sing diharapkan karo negara saisane kudu bisa njaga kerukunan golongan lan suku sing akeh banget ana ing Indonesia.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "679", "text": "Yen awak dhewe kui wanita sing menikah kui, awak dhewe kudu mesthi siap yen ngerti-ngerti metheng. Opo meneh yen awak dhewe karo bojone dhewe wis sepakat yen pengen duwe anak neng jangka wetku kui. Awak dhewe kudu nyepake perkoro-perkoro opo wae sing kudu awak dhewe lakoke yen awak dhewe wis dinyatake metheng. Sing kesiji, awak dhewe kudu jogo pola makan. Pas metheng kui, awak dhewe perlu luwih akeh kalori timbange ning kahanan sing biasane. Kalori kui ora mung iso tercukupi nanging awak dhewe kudu mangan panganan sing duwe kondisi sing lenkap. Sing keloro, awak dhewe wis jajal ngiwiwiti olahraga. Olahraga kui penting kanggo gawe awake awak dhewe sehat lan uga iso ngelancarke proses persalinan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2664", "text": "Pengalaman sing paling elek nag urip yaiku pengalaman sing mangkelno. Jarene koncoku pengalaman sing ngunuku kudune ora perlu dieleng-eleng soale garai mangkel ambek ora iso berkembang ambek garai mental anjlok sak anjlok-anjloke. Nag jarene guruku biyen, Kabeh uwong iku butoh pengalaman, tapi ora pengalaman sing apik tok, pengalaman sing elek yo perlu ben nag urip sing nang masa ate teko iku iso ngadepi terus iso ati-ati ambek perkoro sing iso dadekno pengelaman sing elek iku. Dadi masio wong duwe pengalaman sing paling elek nag uripe iku maeng mangkelno, tapi wong sing duwe koyok ngunuku biasae wonge tambah ati-ati soale wes tau ngalami.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9907", "text": "Nalika ana ing panggon sing kudu antri, ora kabeh wong bisa antri kanti apik. Kadang ana wong sing sengaja nyelat antri. Wong sing kaya ngono iku kalebu wong sing egois utawa sak karepe dhewe. Yen ketemu wong sing kaya ngono, kene ora perlu wedi. Kene kudu bisa ngelawan utawa ngandani sing apik nanging uga ora nggarai wong iku kesinggung. Kaping pisan, diilingke apik-apik dishik. Aja langsung diseneni supaya ora dadi padu. Kaping pindo, nalika wis diilingke apik nanging ora nggatekke kudu bisa teges sitik. Nangis tetep kudu jaga supaya ora dadi tersinggung lan dadi padu. Sing terakhir, yen wis ditegesi nanging tetep ora nggatekke kudu bisa ngajak wong liya kanggo melu ngelengke supaya bisa nganut.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "9975", "text": "Tuladha wong sing senengane ngilokna SARA iki akeh banget. Ing sosial media apa maneh. Wis akeh banget ditemokake wong sing akhire tukaran lan gelud amarga awale mung ilok-ilokan ana ing sosial media. Senajan mung arup tulisan, nanging iku bisa nggarai wong liya kepancing lan akhire gelud utawa tukaran. Pancen wong sing senengane ngilokna SARA ing sosial media iku kebangeten banget. Mentang-mentang bisa singidan ing mburine akun anonim dadi tambah ngawur yen nulis. Mula yen nemu wong kaya ngene, kene kudu bisa ngempet hawa nafsu lan amarah awake dhewe. Kudu bisa ngatur ati supaya ora kepancing karo gaweane wong sing kaya ngono.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8086", "text": "Jaman saiki, sembarangane iku serba modern dan isok diakses nganggo hp. Salah sijine iku peta. Peta jaman saiki iku isok diakses nang hp, bahkan isok ngekeki navigasi sisan. Jenengen iku Google Maps. Aplikasi siji iki isok dinggo atek gadget jenis opo ae. Nek awakmu sek bingung cara gawene, tutono tutorial iki. Siji, aktifno GPS nang hpmu dan izino Google Maps gawe nganggo lokasi saat ini ambek speaker audio. Loro, buka aplikasi Google Maps nang hpmu. Telu, telusuri panggon nang bagian pencarian. Mbari ngono, bakal muncul rute dan jalur sing isok dilalui nganggo bedo kendaraan. Papat, pilih jalur sesuai ambek kendaraan sing mbok nggo. Terakhir, petek tombol ‘mulai’ gawe mulai navigasi.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8034", "text": "Tanah longsor iku siji peristiwa geologi sing terjadi mergo pergerakan massa batuan utowo tanah ambek berbagai tipe karo jenis koyok logore bebatuan utowo gumpalan gede tanah. Tanah longsor iku paling sering kedaden nang lereng sing duwur utowo jalur nang arah pegunungan. Nang musim udan iku paling sering kedaden tanah longsor. Soale pas musim kemarau, tanah iku bakal ngering dan mbentuk rongga pecah pecah utowo pori-pori. Pas musin udan, banyu udan iku mau bakal melbu dan ngeresep nang tanah sing retak iku mau dan ngisi rongga, makane marakno pergeseran tanah. Tanah sing geser mau marakno erosi tanah dan suwe-suwe isok marakno tanah longsor. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7546", "text": "Onok akeh banget alesan sing mergakno uwong ketinggalan kendaraan umum. Dan roto-roto alesan iku sek isok banget diatasi teko awak dewe disik. Aku nduwe beberapa tips ben awakmu gak atek ketinggalan kendaraan umum maneh nek kate lungo. Siji, siapno kabeh barangmu maksimal H-1 sak durunge dino keberangkatan. Loro, pastikno jadwal keberangkatane. Telu, usahakno awakmu wes onok nang Bandara utowo Halte iku sak jam sak durunge keberangkatan. Dengan kata lain, awakmu berangkat teko omah iku luwe suwe teko iku. Misal jadwale iku jam 1, berarti awakmu wes kudu berangkat nang Halte utowo Bandara sak durunge jam 12. Iku mau tips sing isok mbok praktekno.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8443", "text": "Ben uwong iku pasti tau ngalami salah nyebut jeneng utowo kuwalik njenengi siji uwong ambek wong liyone. Kesalahan iki nduwe pola sing podo, yaiku terjadi nang wong-wong sing dikenal apik, contohe nduwe hubungan keluarga utowo konco. Jare Prof Davin Rubin teko Duke University, hal iki kedaden mergo utek iku ngiling jeneng-jeneng mau dengan cara ngelebokno nang ‘rak’ kategori sing podo. Terus pas wong bertatap muka, utek isok ae gak sengojo ngetokno ‘arsip’ jeneng teko ‘rak’ sing podo padahal nduwene wong sing bedo. Hal iku sing nyebabno uwong maleh salah nyebut jenenge wong liyo. Dan iku guduk mergo lara utowo utekke gak tepak, tapi iku hal sing normal.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1107", "text": "Anak kui sitik sing wani disuntik. Yen misale ono anak sing ora wedi lan kepengen disuntik kui, awak dhewe kudu dukung. Ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke ben anak pas disuntik kui lancar. Sing kesiji, awak dhewe kudu mastike anak kui turune cukup. Sing keloro, awak dhewe iso ngekei pangan neng anak rong jam sakdurunge disuntik. Sing telu, awak dhewe iso nganggone klambi sing gampang dicopot utowo klambi sing lengan cekak utowo gampang digulung. Sing kepapat, awak dhewe iso gaweke dolanan sing anak senengi. Iki fungsine supoyo fokus anak iso dialihke neng dolanan mau lan ora neng jarum suntik.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1124", "text": "Delok langsung kacilakaan neng dalan kui iso gawe trauma. Wong kui iso wae bakal wedi sak ben dheweke delok dalan utowo kondisi-kondisi sing mirip koyo kacilakaan sing dheweke delok pas kui. Misale, dheweke delok kacilakaan kui pas lagi udan sing deres lan dalanan kui sepi banget. Iso wae wong kui sak wise seko delok kui sak ben dheweke neng dalan lan pas lagi udan gedhe uga dalanan sing rame, roso wedi kui bakal muncul. Dheweke ngebayangke kacilakaan sing tau didolek kui jedul meneh neng ngarep mripate meneh. Sing luwih parah, dheweke uga iso ngebayangke iso wae pas kui dheweke sing dadi korban.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6118", "text": "Yen weteng lagi lara, pancen ora kepenak yen kudu ngempet angin ning jero weteng, apa maneh rampung mangan panganan sing mambune ora enak kaya pete, jengkol lan sak panunggale. Rasane mesti isin banget yen uga wis kelepasan, apa maneh yen ana swarane lan bisa dirungokake wong akeh, rasane kaya arep nglentek rai wae. Amarga ngentut iki ana kaitane karo kesopanan, wong sing arep ngentut iki kudu paham babagan situasi ben ora ngerugikake wong liya. Amarga kuwi, yen kerasa wetenge lara, awak dhewe kudu peka lan rada ngempet setitik. Awak dhewe kudu negrti sopan santun ben ora kisinan kepentut ning ngarep wong akeh.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5360", "text": "Anti kerja dadi pramuniaga ning salah siji toko klambi. Anti iki bocah sing omahe adoh banget saka kutha lan saiki ngekos ning cedhak toko. Sakjane Anti ya sregep yen nggarap gawean mulai saka mbuka toko kanthi nutup toko. Banjur Anti uga natani lan ngeceki barang apa wae sing ana ning toko kuwi. Sawijining dina, tokone Anti ketekan pegawe anyar sing jarene titipan saka anake bos. Pegawe iki kerjane ora apik nanging pinter banget njupuk atine uwong. Pas gawean rampung ning akhir sasi, Anti ora nampa gaji penuh amarga jare ora ngajari bocah anyar kuwi, padahal bocah kuwi uga mesti teka telat kanthi Anti lan kanca-kancane melu mendhem mangkel.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1049", "text": "Yen awak dhewe delok demit mending awak dhewe langusung mlayu. Ora peduli awak dhewe percoyo demit opo ora, awak dhewe mending langsung mlayu. Soale, yen awak dhewe ora percoyo karo demit nanging pas kui jebul demit kui tenanan ono, awak dhewe dadi aman soale wis mlayu disik. Ora ono wong sing tenanan iso ngebuktike demit kui ono. Ono wong sing ngaku-ngaku iso delok demit lan uga ono wong sing jarene iso dadi perantara donyo demit karo donyone manungso. Nanging tetep wae, kui dudu bukti sing kabeh wong iso percoyo. Makane, awak dhewe matane kudu awas. Ojo nganti awak dhewe sing percoyo lan wedi karo demit ketemu adep-adepan. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "364", "text": "Yen awak dhewe ngeroso putus cinta kui hal sing paling nyedihke neng urip iki, awak dhewe keliru. Mengko, bakal ono meneh kedadean sing luwih nyedihke timbangane putus cinta kui. Awak dhewe durung ngerti bentuke koyo ngopo, kedadeane, kapan lan bakal seloro opo nanging sing pasti bakal tetep ono. Mergo urip iki koyo sepur sing ngangkut gerbong kesedihan. Awak dhewe wis usah pindah terus seko kerbong siji neng gerbong liyane. Neng gerbong kui, awak dhewe isih tetep ngerasa sedih. Awak dewe pengen roso nelongso iki ilang. Banjur, usaha sak kuat-kuate mlayu neng gerbong liyane, neng liyane meneh, nanging roso nelongso kui tetep ono, neng endi wae gerbonge.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4496", "text": "Wong urip sing nang dunyo mesti tau ngalami perkoro sing dianggep dadi perkoro sing ngisini. Contohne maeng koncoku iku tau gumoh nang ngarepe bocah akeh pas dikongkon jelasno salah siji bab nang pelajaran biologi. Nah pas iki maeng bocahe iku ancene maju nang ngarep ambek gowo buku, tapi yo ora ono opo-opo pas bocah-bocah iku merhatekno koncoku nerangno, moro-moro bocahe langsung glegeken sampek metu banyune, nah mari ngunu bocahe iku yo diguyu ambek bocah akeh terus yo isin mergo deke nganggep iku termasuk perkoro sing ngisine menggohe bocahe maeng. Padal bocah liyane yo ora nganggep nag perkoro iku maeng termasuk perkoro sing ngisini mergo kan ora sengojo.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4402", "text": "Kabeh wong ang telonone moro-moro suwek mesti akeh isine. Opo maneh nag perkoro iku moro-moro teko ambek dodoke pol terus nag mestak menisan, yo tambah isine pol. Nah sing diarani telono suwek, iku ora kabeh telono suwek sing nang panggonan sing pas kadang ono nang panggonan sing ancene iso marakno wong iku isine megilan, koyok nang bokong, terus tepak nag ngisore weteng, ambek gon liyane sing sekirane ngetokno perkoro sing ora pantes diwasi mesti dadekno isine wong sing ngalami pekoro iku maeng. Terus perkoro iku yo wes dadi biasa masio iku tetep ngisine wong kanggo wong sing ngalami perkoro iku maeng.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1446", "text": "Seronggo sing paling jijiki kui sing kerep metu neng omah kui coro. Khewan iki biasane awak dhewe temuke sing cilik lan ono uga sing gedhe. Yen ono seronggo iki liwat neng ngarepan awak dhewe, awak dhewe dadi ngeroso gilo. Supoyo wong-wong ora jijik karo coro kui meneh, khewan kui kudu cepet dipateni. Ono beberapa cara mateni coro. Salah siji carane kui, awak dhewe iso ngaggo sapu utowo parabot opo wae sing koyo tongkat. Piranti kui iso digawe ngatemi corone utowo kanggo ngewalike corone kui. Yen corone wis kewalik, awak dhewe tinggal ngentei corone kui mati. Utowo iso awak dhewe jipuk nganggo kertas lan diguak neng jobo. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "8330", "text": "Koyok biasane, ben lebaran, keluargane awak dewe iku pasti dioleni bandeng mentahan sing isok diolah dadi jenis masakan opo ae. Bukane seneng, tapi mamaku malah nelangsa. Alesane iku mergo mamaku gak isok ngolah bandeng ben gak amis. Ben mamaku masak bandeng, pasti engkok bakalan amis pol. Makane mamaku rodok ngeluh iki kudu diapakno. Akhire coba diasep ae soale iku sing paling gampang. Dadakno sek tetep amis dan ambu amise iku nyebar sampe sak omah dewe. Terus aku metu kamar, dan otomatis ngambu bandeng e iku mau. Aku langsung balik melbu kamar saking gak kuate karo ambu amis iku mau. Bahkan iki klambiku dadi mambu amis padahal mek metu dilut tok. Langsung aku nyemprot parfum uakeh sak awak.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "3827", "text": "Sing garai isin nag mlebu jeding iku maeng ora polahe salah mlebune, tapi sing garai isin iku maeng nag wes ancene dienteni wong akeh nang ngarepe jeding sing ancene kanggo wong lawan jenise iku lagek isin, tapi nag sepi yo ora isin. Buktine wes akeh ambek gelek kedaden perkoro ngunuku nang panggonan umum. Terus kadang nang panggonan umum koyok terminal kadang yo or diwei tondo ngunuku kejobo nag masjid ambek panggonan umum sing ancene berkelas soale kanggo jogo keamanan nang panggonan umum ben ora marakno perkoro sing ora-ora kedaden. Nah nag wes ono tondoe ngunuku pantes nag ngeroso isin soale salah utowo keleri mlebu polahe kesusu utowo kecelek. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9865", "text": "Salah siji adicara sing mesti rame iku adicara sing ngewenehi undian ing njerone. Contohe wae nalika ana jantung sehat pitulasan. Yen misal ora ana undiane, ora bakal ana sing melu jantung sehat apa maneh kudu mlaku adoh. Nanging kenapa jantung sehat mesti dienteni karo masarakat ya amarga ana undiane. Sapa sing ora ngiler karo undian sing hadiahe gedhe-gedhe kayata TV, kipas angin, kompor, nganti sepeda. Yen wis melu jantung sehat mesti rasane ngarep banget bisa oleh undian senajan olehe hadiah cilik kaya gula, beras, cebok, ora apa-apa banget. Menang undian senajan mung oleh hadiah ecek-ecek iku nyenengke amarga rasane beda lan kerasa mlakune kene janggo jantung sehat mau ana hasile.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7539", "text": "Wes dadi rahasia umum nek jaman saiki prank iku mulai menjurus nang arah sing negatif. Sing nemen iku, onok arek sing ngebully arek liyo dengan alesan ngeprank ben isok dilolosno ngono ae. Nek wes ndek tahap koyok ngono, hukume iku gak dilarang maneh, wes melbu haram soale marakno korban sampe keweden. Arek-arek koyok ngono iku biasane bakal nyikso korban sampe korban wes nangis kejer. Nek wes ngono, si pelaku iki pasti bakal ngomong, “Aku mek ngeprank tok kok, sepurane ya”. Pelaku iku pun njaluk sepurone jelas gak ikhlas, tapi pasti de’e gak peduli. Sing penting tujuane gawe ngebully iku wes tercapai, mari deh, garek nek ditakoni alesane mek ngeprank. Padahal iku wes gak prank maneh, opo maneh nek korban iku sampe keween dan trauma. Dadi gawe awakmu sing nemoni kejadian koyok ngono, beloen korbane cek entuk keadlian dan pelaku isok disalahno.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1105", "text": "Kanggo sebagian wong, disuntik kui dadi hal sing biasa wae. Nanging kanggo sebagian liyane, disuntik kui dadi momok sing marake dheweke wedi. Alesane wong sing wedi kui werno-werno. Ono wong sing ora gelem disuntik mergo wedi ngerasake lara. Dheweke durung ngerti sak piro larane yen kulit lan daginge kui ditusuk nganggo jarum. Ono wong sing wedi mergo, dheweke kui ora percoyo karo wong sing nyuntik. Senadyan, dheweke ngerti yen sing bakal nyuntik kui dokter utowo perawat sing wis ngerti ilmune. Kui iso awak dhewe pahami soale jarum kui uga benda sing landep, mirip koyo senjata. Yen dheweke iso ngelakoke salah sitik wae, awak dhewe iso wae ciloko.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "8065", "text": "Kadang uwong iku gampang banget ngenilai opo sing lagi dilakoni wong liyo, padahal durung eroh asline koyok yaopo. Contohe, ngondo nek wong sing opo-opo dewean iku bakal ngeroso kesepian dan ngesakno wong iku mau. Padahal, wong sing ngelakoni opo-opo dewean iku gak mesti kesepian. Isok ae wong iku kebarus mandiri. Roto-roto wong sing mandiri iku ngeroso isok ngadepi kabeh dewean, dadi wes gak butuh wong liyo. Isok ae sisan de’e ngeroso nek keberadaan wong liyo iku isok ngehambat kerjaane de’e, dadi de’e milih gawe dewean. Dan wong koyok ngono iku kadang sek nduwe konco, tapi pas dolen tok. Ndek luar iku, biasane dewe milih gawe dewean dan de’e isok ngeroso santai ae ambek kondisi iku.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7298", "text": "Arek sing kuliah nang kota rantau biasane bakal menetap nang kota kampus iku dan tinggal nang kos kosan. Ben awakmu isok nyaman dan gak ngeroso kesepian nang kos kosan, awakmu kudu kenalan ambek tonggo kosan sing mbok tinggali. Mulai teko kenalan ambek tonggo sebelah kamar disik ae, baru engkok alon-alon kenalan ambek sing liyane maneh. Kenal ambek tonggo kosan iku isok memudahkan permasalahan sing mbok hadepi selama urip ndek kota rantau iku mau. Semisal awakmu butuh bantuan, bakal onok sing bersedia ngerewangi. Utowo pas awakmu lara, bakal onok sing ngerawat. Terus nek kate nggolek mangan, onok konco barengane. Nek wes ngono, awakmu gak bakal ngeroso kesepian maneh. Dadi gawe mahasiswa rantau, mulai kenalan ambek tonggo kosan yo rek.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8402", "text": "Kain ripstop iku kain tenun sing digawe sedemikian rupo sing marakno kain iku nduwe ketahanan sing duwur nang suwekan. Nang proses nggawe kain tenun e, benang nilon sing kuat bakal dirajut beriringan ambek benang liyane nganggo pola jahit silang utowo kotak-kotak. Benang nilon ngekeki karakteristik tahan sobek nang kain ripstop, terus benang liyane iku sing nentukno tekstur, handfeel, ambek penampilan nang kain sing bersangkutan. Jenis kain ripstop iku onok papat. Siji, ripstop nilon. Kain iki murni mek nganggo benang nilon utowo onok campuran benang liyo tapi benang nilon e sing luwe akeh. Loro, ripstop poliester. Kain iki campuran teko benang nilon karo benang poliester. Telu, ripstop poplin. Kain iki campuran teko benang nilon karo benang katun. Papat, ripstop parasut. Kian iki campuran teko benang nilon karo benang polipropilen.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "2934", "text": "Mesti nak delok sosial media mbok iku Facebook utwo Youtube, akeh wong sing podo godoi wong ben kenek diguyu soale guyokno. nginiki asline yo ora apik, soale teko perkoro iku asline akeh wong sing ora seneng barang teko perkoro sing koyok ngeniki ambek prank ngeniki kan iso garai wong iku maeng jumbul terus bingung soale moro-moro dadi ngene-dadi ngunu, terus kadang kok iso maleh ngunu-maleh ngene. Yo ono salah siniji wong nang sosial media nag prank iku yoora masalah asline janji wong sing diprank maeng ora lapo-lapo, tapi nag wong sing diprang maeng ono masalah yo ora jumbul tok, tapi yo bakal diplekete wong sing ngeprank maeng. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1038", "text": "Yen ono anggotane keluargane dhewe utowo wong sing cerak karo awak dhewe lagi ngerasake sakaratulmaut, awak dhewe sak iso mungkin dampingi tekan dheweke ora ono. Iso dimaklumi yen awak dhewe ngeroso wedi. Proses kui pancen akeh ora pastine. Awak dhewe delok wong sing kelaranen. Seko ekspresine mungkin awak dhewe iso ngiro-ngiro sepiro larane. Mungkin, kui lara sing durung tau dirasake karo wonge kui. Lan awak dhewe sebagai wong sing cerak karo wong kui, awak dhewe kudu ngancani pas dheweke lagi ngeroso lara kui. Mungkin awak dhewe ora iso ngewangi opo-opo kanggo ngurangi rasa larane. Nanging paling ora, supoyo wonge kui ngerti yen awak dhewe tetep setya tekan akhir hayate.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4321", "text": "Aku ancene gelek dolan nang omahe koncoku, nag pas preian semester 7 wingi, aku dolan nang omahe koncoku sing ono nang Kota Onde-onde tapi rodok nang daerah perbatasan karo Pasuruan. Nah nang kono iku aku yo ngejak koncoku barang ben enak rodok rame. Pas tutok omahe koncoku tibake liwati ternak sapi sing lumayan gede, terus koncoku maeng moroh-moroh gedek-gedek ambek nyumpeti irunge mergone ambune barang ora enake pol. Terus mari ngunu koncoku ngongkon bater mergo deke ora mentolo delok teleke sapi sing mudung-mundung ora karoan nang pinggire kandang sapi maeng. Nah polahe deke saking jijike maeng akhire deke sampek gawe minyak wangi. Yo ora gaok se mergo deke ancene bocah kota sing ora tau ero ngunuku.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5714", "text": "Ning media sosial, saiki lagi rame kritik wong sing seneng ngafirke marang wong sing seneng konsumsi panganan haram kaya babi, ngombe alkohol, pamer aurat nanging ya uga isih ngelakoni duso kaya zina, ngecewakake wong tuwa, KDRT marang bojo, lan uga duso liyane sing ora katon. Babagan iki sering dadi perdebatan amarga akeh sing wong ngilingke nganggo basa sing kasar lan ora sesuai karo sabda Nabi. Senajan babagan sing apik kuwi kudu disampekake senajan awak dhewe durung sampurna, kabeh dakwah iki kudune disampekake ben wong kuwi ngerti manfaate, dudu wedi marang duso amarga perkara akhirat wong liya kuwi ora ana sing ngerteni.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1596", "text": "Awak dhewe tau wae ngirim pesan teks neng wong sing salah. Bar pesane kui dikirim, awak dhewe langsung ngeroso isin banget. Supoyo awak dhewe ora isin mergo kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke. Sing kesiji, awak dhewe iso nambahi embel-embel neng jeneng sing pasaran. Misale awak dhewe duwe akeh kenalan sing jenenge Arya. Yen wonge kui konco SMA dhewe, awak dhewe iso jenengine nganggo Arya SMA. Sing keloro, awak dhewe uga iso ngecek disik, wong sing dikirim pesane kui wis bener opo hurung. Dadi sak durunge mencet kirim, awak dhewe kudu ngecek disik. Sing ketelu, awak dhewe iso ngebusak pesane kui yen wis kebacut kekirim.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3089", "text": "Koncoku wingi iku cerito nag penggaweane sing kudune dilakoni ambek dek saiki disrobot wong mergane deke loro. Terus keadaan sing ngunuku tibake dimanfaatno ambek koncone maeng. Akhire bocae muring-muring polahe perkoro maeng. Terus tak wara ojo sampek srengen iku dadekno awakmu geting ambek uwong opo maneh sampek dasmu loro. Soale akeh dokter sing nganjurno nag uwong iku ojo seneng utowo gampang ngamukan soale iso dadekno wong iku maeng gampang stroke, mag, ambek endase loro. Anjuran maeng iku ora kanggo wong tuo tok tapik kanggo wong enom barang yo kudu iso ngendalekno roso srengen maeng. Ben ora dadekno pirang-pirang penyakit sing mrawasno.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2962", "text": "Ulan wingi koncoku iku kondo nag deke menang undian. Sing menang undian iku mok sekitar wong limoan ambek hadiah iku ora karuan apike. Mangkane pas menang yo mesti jumbul lah bocahe. Opomaneh hadiah teko undian iku ora karuan. Undian iku maeng hadiah iku macem-macem, sing menang nomer siji iku oleh omah ambek montor 1, sing nomer loro iku oleh omah tok, sing nomer telu iku oleh montor. Nah koncoku iku menang sing nomer telu. Tapi masio nomer telu bocahe wes senenge rambloko opo maneh bocahe kan durung duwe montor. Yo jelas senenge megilan. Mari ngunu bocahe iku ngejak aku kanggo jupuk montore soale bocahe ora iso nyetir montor.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2574", "text": "Nag delok TV biasane ono wong sing senenge megilan polahe ketemu ambek idola sing biasane ono nag TV tok. Wong seng saking senenge kadang sampek ilang pikire ambek lali karo kiwo tengene polahe saking senenge. Maringunu polahe saking senenge petuk ambek idolahe maeng deke sampek drongkok-drongkokan ambek wong liyo sampek kadang garai wong sing nag pingire mangkel. Roso seneng sing nginiki asline seng ora apik. Nak roso seneng iki maeng mok angger seneng terus ora sampek ngelarakno wong liyo iku lagek bener. Soale ora ono wong sing dilarani polahe roso seneng sing ono nang atine wong iku maeng. Mangkane nag ketemu idola iku ora opo-opo seneng tapi ojo sampek kiwo tengenmu loro atine.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5282", "text": "Ana akeh tradisi ulang taun ning dunya iki. Salah sijine yaiku tradisi mangan mie ning Tiongkok. Tradisi iki wis ana wiwit ewonan taun lan tradisi iki isih dilakoni wong keturunan Tionghoa kanthi saiki. Tradisi mangan mie iki nduwe arti yen mie sing bentuke dawa kuwi perlambang umur sing uga dawa. Mangan mie ning tradisi kiki uga kudu disruput lan ora oleh dicokot amarga miturut kepercayaan, tambah kuan nyeruput mie, uga tambah dawa lan tambah makmur uripe. Kamangka ana menu arane \"Bakmi panjang umur\" lan kadang bisa marai seneng ketimbang diwenehi kejutan sing rupa jajan utawa roti. Wong sing lagi ulang taun pas kerja utawa sinau, banjur disuguhi mie iki ben bungah atine. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1473", "text": "Aku duwe sego Padang langganan. Yen aku lan keluargaku arep mangan masakan Padang, awak dhew mesthi tukune mrono. Awak dhewe kerep tuku neng kono mergo, sak liyane enak, kwalitas panganan uga kejamin. Soale, aku tau tuku neng rumah makan Padang liyane kui ono sing wis mambu. Wis luwih seko peng loro aku entuk sego bungkus sing koyo ngono. Godong telone mambu. Kuah gulaine mambu. Lawuhe mambu. Segone atos. Rasane uga ora cetho banget. Rasa gurih tetep ono. Nanging tetep isih kalah karo rasa kecut, lawuh-lawuhe sing wis mambu. Suapan sing kepisan kui aku wis ngerasake ora enak. Panganane kui langsung tak guak sak ben entuk sing kondisine koyo ngono.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "4956", "text": "Urip ning bangku kuliah iki bisa duwe potensi kanggo marai wong tuwa kuciwa yen sampe ketinggalan lan ora migunani. Akeh mahasiswa sing akhire ninggalake kuliah amarga ora bisa ngatur wektune dhewe. Ben ora ndadekake masalah, sing kudu dilakoni yaiku milih pergaulan sing bener lan positif uga bisa ngewenehi dukungan lan bantuan wayah seneng utawa susah, nanging ya aja terlalu milih amarga bangku kuliah iki kesempatan kanggo ngenal wong luwih akeh saka latar belakang sing bedha. Kaping pindho, aja sepisan wae nyoba perkara sing dilarang agama kaya narkoba, mabuk, utawa seks bebas amarga akeh akibat ora apik sing bisa ngajurake panguripan lan kepercayaane wong.tuwa. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4834", "text": "Salah sijine cara sing bisa digawe kanggo promosi perusahaan yaiku ngadakake acara-acara gedhe sing ngejak masyarakat, salah sijine ya promosi lewat ananing undian. Biyasane, undian iki bakal diadakake akhir tahun yaiku wayah penutupan buku perusahaan. Sing paling akeh ngadakake undian biyasane bank, BUMN, utawa pusat perbelanjaan. Pelanggan mung butuh ngumpulake poin, kupon, utawa nggunakake layanan-layanan saka perusahaan banjur identitase bisa diundi. Undiane iki manfaatke penjualan saka masyarakat. Undian sing menarik iki biyasane bisa narik masyarakat ben nggunakake produk luwih akeh. Salah siji contohe yaiku perusahaan sabun sing oleh keuntungan akeh lan keuntungan kuwi bisa dadi timbal balik hadiah marang masyarakat lewat undian. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5639", "text": "Nyimpen nomor darurat kuwi penting banget dilakoni amarga awak dhewe ora ngerti peristiwa apa sing bakal kedadian kaya kecelakaan, gempa, lan kondisi darurat liyane. Salah siji kasus sing mbutuhake nomor darurat kuwi yaiku salah sijine kecelakaan amarga wong sing kecelakaan kuwi kudu cepet ditulungi, apa maneh sing parah lan marai korban bisa kilangan nyawa. Ning jam-jam kritis, nomor darurat iki manfaate gedhe. Nomor darurat sing dibutuhake iki yaiku ambulans rumah sakut, kepolisian, lan uga nomor liyane kaya pemadam kebakaran. Kamangka, ayo nggawe persiapan pribadi lewat telpon saka nyimpeni nomor darurat ben bisa nyelametake nyawa wong liya sing ana ning lingkungane awak dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "2052", "text": "Wong kui mesthi wedi yen dheweke dietuti karo wong asing. Awak dhewe mungkin ora tau delok wong sing dietuti langsung lan awak dhewe uga mungkin ora tau dietuti karo sopo-sopo. Nanging awak dhewe tau delok wong sing ngetuti neng film-film. Seko kui, awak dhewe duwe gambaran koyo piye wong-wong sing bakal ngetuti. Menurutku, wong sing ngetuti kui iso lanang lan iso wedok. Wong sing iso ngetuti kui ora ono kaitane karo bobot awake, dheweke iso kuru lan uga iso lemu. Sing cetho kui, kelambine wong sing ngetuti kui bakal nganggo sing ketutup banget. Dheweke bakal nganggo topi lan koco moto. Terus werno kelambine kui sing netral lan ora cetho banget, koyo werno ireng, awu, lan krem.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7198", "text": "Awak dewe pasti bakal tilik ben onok dulur utowo konco sing mbari lahiran. Dan pas ibukne nggendong bayine, awak dewe pasti gemes dewe dan mentolo gendong bayine. Tapi iku gak oleh yo rek. Ojok sembarangan gendong bayi sing buru lahir. Kondisi bayi sing buru lahir iku sensitif banget. Nek semisal awak dewe asal gendong tanpa cuci tangan utowo ganti klambi, iku isok marai bayine iritasi dan isok sampe ketularan penyakit sisan. Klambi sing sek rusuh isok marai kulit bayi abang-abang mergo iritasi. Terus tangane awak dewe sing durung wisuh isok nularno penyakit nang bayine. Dadi gawe awakmu sing tilik bayi, ojok atek macem-macem gawe gendong bayine.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "6093", "text": "Tungau demodex yaiku salah siji jenis tungau utawa kutu utawa tinggi sing urip ning awake menungsa, utamane bagian wajah. Tungau demodex iki ukurane cilik lan mung bisa didelok nganggo alat khusus. Demodex iki kalebu parasit sing bisa mangan kulit mati sing ana ning wajah. Ukurane 0,2 kanthi 0,4 mm lan duwe sikil 8. Pas ning mikroskop. tungau iki katon nggilani, nanging asline tungau iki akeh gunane amarga ngewangi ngeresiki wajah. Nanging yen wis ana ning njaba batas wajar, ya tetep wae njijiki lan kesane ora resik. Kamangka, wong sing kulite garing lan penderita HIV nduwe akeh demodex ning bagian wajah. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "1445", "text": "Yen neng omahe dhewe kui akeh semute kui tanda omahe awak dhewe lagi reged. Pas awak dhewe delok semut sing jumlahe sitik ono neng salah siji sudut omahe dhewe, awak dhewe ngeroso biasa wae. Nanging yen wis ketok akeh, awak dhewe makin gilo deloke. Yen misale, semut neng omah ngerti-ngerti dadi ono akeh banget kui tandane, omahe dhewe lagi reged. Mungkin, akeh panganan utowo remahan panganan sing tibo. Iso uga ono batang khewan cilik sing ono neng walik lemari. Semute kui dadi ngerubungi batang khewan kui. Tanda sing liyane sing iso didelok kui mungkin piring sing reged utowo piranti masak sing reged kui numpuk neng pawone dhewe.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2965", "text": "Kaget polahe menang undian saiki wes dadi perkoro sing biasa jarene uwong-uwong. Soale sing jenenge undian iku wes umum nang endi-endi ambek wes akeh sing ngadakno. Tapi sing jenenge roso jumbul mesti ono, opo maneh nag wong sing melok undian maeng koyok ora nganggep nag deke bakale oleh yo tambah jumbule megilan masio iku menggoi uwong-uwong wes lumrah ambek biasa. Tapi roso iku mesti metu teko awake wong sing menang maeng. Dadi roso jumbul ngunuku wes lumrah ambek wes dadi sifate menungso kat lahir nag awake menungso iku duwe sifat sing koyok ngunuku. Dadi iku isek aman-aman ae opo maneh iku yo iso nguwei efek sing apik kanggo kesehatan mentale wong maeng.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "2644", "text": "Jarene koncoku sedih perkoro ditolak mlebu kampus ancene mangkelno opo maneh nag rumonso wes usaha mati-matian kanggo mlebu kampus sing dipingini. Tapi iku asline ono apike, Jarene koncoku nag ancene ditolak berarti kudu golek liyane sing gelem nerimo ambek sing podo kualitasi karo kampus iku maeng. Nag gak ngunu yo sinau-ne kudu ditambahi sing asale 3 jam dadi 5 jam. Terus roso sedeh iki ojo sampek dadekno pikiranmu tambah bingung soale akeh bocah-bocah sing gagal terus atine bingung sampek ora gelem mangan, ora iso turu, terus isen ambek koncone sing ketrimo. Akhire pikirane tambah bingung terus aras-arasen sinau soale rumongso nag opo sing dilakoni ora adil.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4487", "text": "Penggawean elek iku ancene pirang-pirang maceme. Tapi sing paling gelek dilakoni ambek uwong yoiku ngelokno wong, ngerasani wong, nyolong barange wong, ambek liyane maeng. Nah iku nag jaman biyen, tapi nag jaman saiki yo iku tok delok perkoro sing ora apik nang hp-ne yo termasuk perkoro sing ora apik utowo elek contohne koyok film sing ora pantes didelok barang iku termasuk perkoro elek. Nah wong sing konangan ngelakoni iku maeng nag ancene biasane ora tau ngelakoni utowo biasane penggawean apik sing dilakoni mesti isine pol mergo ngelakoni perkoro elek kene maeng. Nah nag wes kadung konangan opo maneh sing ngerti iku termasuk wong sing kenal apik ambek deke mesti tambah ora karoan isine.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4908", "text": "PHK iki dadi titik balik kanggo akeh wong ning Indonesia. Amarga PHK iki bisa nyadarake yen penghasilan kuwi sifate ora tetap lan bisa gonta-ganti. Apa maneh perusahaan swasta lan perusahaan sing sik tas wae merintis lan angel oleh sokongan dana saka pemerintah. Akeh korban PHK iki sing dadi putus asa lan bisa dadi stres. Kesehatan mental iki penting kanggo korban PHK amarga kanggo ngelanjutake urip, wong-wong iki kudu duwe mental sing sehat lan semangat. Kudune perusahaan bisa nyediakake jasa konseling kanggo kontribusi lan mbayar konsekuensi PHK kuwi. Kamangka, kanggo kanca-kanca sing bar kena musibah PHK, ayo padha nggolek panggon kanggo konseling lan psikolog ben tetep bisa njaga kondisi mental.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "4914", "text": "Salah sawijining tradisi Jawa kanggo mengeti dina kematian keluwarga kuwi ana tahlilan. Nanging tahlilan iki uga bisa ngerusak esensi ibadah lan kirim dungo amarga dadi adu gengsi. Kadang ana wong sing ora duwe dhuwit nanging meksa slametan lan dibelan-belani ngutang ben bisa ngisi berkat lan ngeweni cindera mata kaya sarung, buku yasin lan tahlil, utawa liyane. Sak jane acara kirim dunga iki ya secukupe wae lan sak nduwene sing penting ikhlas lan ora nyusahake. Tamu sing melu ndunga ya uga kudu paham lan mbenerake niyat maneh ben ora ana masalah ning berkat lan luwih khusyuk ndungakake kanggo wong sing wis seda. ", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3899", "text": "Aku tau disarano ambek koncoku nag numpak bes iku ojo sampek keturon suwe nag ancene mlakuni maeng jarake parek soale iso marakno kelewat jalure. Nah aku tau ngalami perkoro iku sampek isine rambloko ambek diguyu karo kernete. Nah perkoro iku kedaden polahe aku rodok ngantuk soale kepegelen mari kerjo. Nah mari ngunu aku salah keringi ambek kernete sing ngomong salah sijine jenenge terminal. Aku langsung maju ambek jaluk medon. Nah slamete kernete ngeceki karcise dadi aku ora sido medun soale diilingno ambek kernete. Akhire aku balik nang lunggohku maneh, terus aku di guyu ambek mbak-mbak sing nang pinggirku. Yo isin se, tapi yo opo maneh wes kadung kedaden kok.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "371", "text": "Aku duwe paklik. Jenenge Bowo. Paklik Bowo iki opo sing biasa tak celuk Om Bowo kui adi kelorone bapaku. Keluargane bapakku kui pancen seneng banget kerjo. Termasuk Om Bowo iki. Om Bowo tau tekan gawa komputer pas preinan bakdo. Jarene, ben dee tetep iso kerjo neng omah eyang. Bojone paklikku sing kui uga tau crito, bojone kui saking seneng kerjo tekan angel dijak dolan. Ketoke dee ora kepenakan jikuk cuti. Tekan om ku kui keno serangan jantung. Saiki paklik wis ora kerjo, mergo seko lara kui paklik dadi ora iso gerak koyo biasane. Mungkin iki, carane Tuhan ben paklik iso leren neng omah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "3420", "text": "Biyen pas aku isek nag Kota Pahlawan mesti gelek maling digpuki ambek wong-wong sampek ajor kabeh awake. Tapi pas ono polisi wong-wong podo ngilang soale aras- arasen nag dijaluki dadi saksi. Lah sing garai aras-arasen iku maeng wong-wong wedi nag ditakoki sing aneh-aneh terus dadekno perkoro anyar maneh. Mangkane wong-wong iku maeng yo rodok wedi. Tapi sing garai wong-wong iku maeng sangar yoiku gelem ambek wani ngerosyok wong sing salah, soale nag sing koyok iku maeng dibarno wae yo mesti marakno tambah akeh perkoro sing koyok ngunu. Terus polisi yo ora ngiro gelem koyok ngunu soale mesti dipenjara terus barange wong sing dicolong yoora balik tambah disita soale didadekno bukti. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "212", "text": "Tekan saiki, aku isih berkarya neng sanggar tariku biyen, Rampoe UGM. Emang wis ora seaktif koyo pas jaman kuliah, nanging pas aku duwe wektu selo tak sempetke dolan neng FIB UGM. Aku isih iling banget koyo opo suasane pas seleksi kui. Kui sore-sore arep maghrib bar kuliah. Sak selasar gedung 3 tingkat ning FIB, sesak karo wong sing arep seleksi tari. Pas kui kiro-kiro ono 300 mahasiswa sing daftar. Seko 300 kui, ono 30 sing lanang. Awak dhewe cah 30 kui latian kanggo materi seleksi neng lantai paling duwur. Rampung kui, kabeh podo kesel. Jobin neng kono tekan teles mergo ketetesan kringet. Kanggo wong liyo sing lewat lantai kui mungkin ambune kecut, naning kanggo awak dhewe kui ambu wong-wong sing semangat.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8334", "text": "Aku iku paling males nek dikongkon nang Pasar. Alesane mergo mambune iku uamis pol. Soale nang kono iku kan sembarang kalir jenis bahan panganan sing sek mentah didol nang kono kabeh. Wes ngono nggon e iku podo nyampur dadi siji, dadi malah mulek-mulek pindo rasane wetengku saking amis e ambune. Saiki bayangno ae, panggon dodolan iwak mentah dijejer karo panggon dodolan daging wedhus mentah. Wes ambune iwak mentah iku amise koyok ngono, ditambah ambu daging wedhus sing khas dan onok amise sisan sing marakno siraku tambah ngelu. Iku sebabe aku gak tau gelem nek dijak belonjo nang Pasar dan milih nang Supermarket sing luwe gak ambu.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "9083", "text": "Salah siji fobia sing rodok aneh iku clinophobia. Clinophobia iku rasa wedi utowo fobia gawe turu. Jeneng liyane clinophobia iku hypnophobia ambek somniphobia. Rong jeneng iku nduwe arti sing podo ambek clinophobia, podo-podo wedi gawe turu. Penderita fobia iki bakal ngeroso wedi nek pas turu mergo mbayangno hal sing aneh-aneh, contohe iku wedi bakal mati utowo gak isok tangi maneh nek wes kadung turu. Penderita fobia iki bakal ngelakoni sembarang kalir ben de’e iku isok terjaga dan gak turu. Gejala clinophobia iku isok dititeni. Biasane mereka iku bakal turu, tapi sering ketangi pas tengah bengi mergo ngeroso sesuatu sing gak nyaman. Onok sisan uwong sing sampe panik, gemeter, utowo ndredeg pas mekso gawe turu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9558", "text": "Tindakane manungsa iku ora mung sing seneng wae. Kadhang ana tindakane manungsa sing nggawe wong liya gela lan iku akeh banget dirasakna wong liya. Sejatine manungsa ora bisa nyenengke kabeh wong. Nanging yen wis kadung ngelakoni tindakan sing bisa gawe wong liya gela, aja lali kanggo njaluk sepura. Yen isih dirasa ngganjel ana ing ati, ora apa-apa. Amarga iku lumrah kanggo manungsa ngerasa ora penak lan sedih wis nggawe wong liya gela. Sing bisa dilakoni saliyane njaluk sepura yaiku kudu bisa nrima rasa gela iku lan nggawe evaluasi kanggo apa sing wis dilakoni lan berusaha kanggo ngelakoni tindakan sing luwih apik.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "8099", "text": "Kadangan, uwong iku nduwe kendaraan tapi males gawe ngeramut. Terutama sing koyok ngene iku wedok. Jarene sing penting wes diisi bensin dan isok mlaku, kabeh aman. Padahal gak isok koyok ngono. Sing jenenge kendaraan, iku pasti nduwe mesin. Mesin kendaraan iku perlu banget gawe dicek rutin. Mulai teko dicek oline sampe dicek rem e. Nek misal mesin kendaraan wes podo rusak dan gak tau dicek, isok marakno kendaraan iku gak berfungsi dengan optimal dan malah marakno kecelakaan, salah sijine iku mergo rem blong. Dadi gawe awakmu sing nduwe kendaraan pribadi, ojok lali cek berkala nang bengkel resmi gawe ngurangi kerusakan mesin, salah sijine isok ngindari rem blong sisan.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1050", "text": "Aku uga ngerti rasane dirundung. Nangig disik, aku durung tau istilah kui. Pas aku ono neng kelas 5 SD. Aku lan keluargaku lagi pindah neng Yogyakarta pas kui. Kota asalku kui bedo banget seko kota pelajar iki, terutama basa daerahe. Aku ora iso boso Jowo blas plas pisanan aku melebu sekolah. Dadine, aku mung iso meneng pas jam istirahat. Soyo suwe, mergo aku ora bergaul karo konco-koncoku neng kelas. Aku mulai digarapi. Awale biasa wae. Nanging suwe-suwe, aku yo ngeroso keganggu. Pas kui, aku yo wedi kanggo ngelawan. Aku wedi yen perkorone malah ngerembet neng endi-endi. Aku sempet dadi wegah mlebu sekolah mergo kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7145", "text": "Barang-barang sing cilik iku luwe rawan gawe ilang, bah iku nang njobo utowo nang njero omah. Dan mergo ukurane sing cilik, biasane luwe angel digoleki nganggo cara biasa. Soale isok ae barang iku ketlisut nang sela-sela perabotan sing sulit dijangkau. Nek wes ngono, wayahe awak dewe resik-resik omah. Nek wes resik-resik omah, biasane awak dewe pasti bakal nggeser perabotan omah cek isok ngresikno sela-selane. Teko kono, pasti bakal isok nemu barang sing mau digoleki dan luwe gampang njupuke. Kadangan pisan awak dewe isok nemu “harta karun” alias barang sing wes ilang suwe sampe awak dewe lali nek nduwe barang iku, dan iku rasane pasti seneng banget.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "9152", "text": "Fobia iku onok akeh jenise, salah sijine yaiku ergophobia. Ergophobia iku rasa wedi berlebih sing gak normal dan kedaden terus terusan nang kerjaan. Wong sing ngalami iki biasane ngalami kecemasan sing gede mek mergo mikirno kerjaan utowo lingkungan kerjaan mereka. Onok sing ngomong ergophobia iki muncul mergo rasa wedi nek diseneni karo atasane penderita iku mau. Gejala uwong sing kenek ergophobia iku onok akeh. Sing umum iku ngalami kecemasan pas lagi nyandak kerjaan, ngehindari nduwe kerjaan tetap, angel gawe ngatasi emosi, ambek cemas mikirno perkoro kerjaan. Sak liyane iku, penderita isok sisan ngeroso sesek napas, hiperventilasi, ndredeg nemen, nyedi dodo, kemringet adem, ambek insomnia.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "4472", "text": "Perkoro elek iku ono pirang-pirang wernane. Nah wong sing ancene isin ngelakoni elek iku biasane wong iku maeng dianggep wong apik karo wong-wong sing ono nang sekitare mangkane nag ngelakoni elek terus konangan mesti dianggep perkoro sing ngisini kanggo wong iku maeng. Nah perkoro ngunuku maeng yo wes biasa kedaden nang endi-endi mergo wong ngunuku maeng mesti isin nag konangan perkoro sing ora biasa dilakoni terus perkoro iku maeng iso ae dadi perkoro sing elek kanggo wong sing ngerti deke maeng. Nah perkoro elek iku ora karoan, karek lingkungan sing dipanggoni wong iku maeng nganggep perkoro elek iku opo ae polahe seje enggon iku seje-seje.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "1123", "text": "Sing dadi saksi kacilakaan kui iso wae ora ngomong sing sebenere kedaden. Dudu maksude, aku nuduh yen saksi kui ngapusi. Dheweke mungkin wae ngapusi, nanging nek dipikir-pikir meneh kanggo opo dheweke ngapusi yen ora ono keuntungane kanggo dheweke. Saksi kui iso ngomong sing ora sebenere mungkin mergo dheweke kui isih ngeroso wedi. Mergo wedi kui, dheweke ora jelas nyeritake opo sing dheweke delok. Iso uga mergo wedi mau dheweke ora delok kabeh pas kedadean kacilakaan kui. Dheweke ora ono maksud kanggo ngapusi lan gawe angel perkoro kacilkaan kui. Dadine luwih aman, yen awak dhewe nakoni neng akeh wong timbangane mung siji karo loro wong sin ono neng kono.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7104", "text": "Akeh banget uwong sing ngutamakno anake gawe melbu kampus negeri. Bahkan sampe ngomong ojok sampe melbu kampus swasta. Alasan utamane sih mergo larang. Nek alesan sing iku sek melbu lah. Tapi pas onok sing ngomong nek kampus negeri iku jauh luwe apik timbang kampus swasta, aku langsung gak setuju. Dasare, kabeh kampus iku podo ae. Bahkan kampus swasta iku nduwe kecenderungan luwe apik timbangane kampus negeri nek didelok teko fasilitas kampuse. Mulai teko hal-hal sepele ae lah koyok panggon parkir, jedhing, ambek bangunan kampus sing luwe apik dan resik timbang beberapa kampus negeri. Wes ngono, roto-roto kampus swasta wes bekerjasama karo akeh kampus luar negeri, dadi peluang gawe exchange jauh luwe akeh dan gampang timbangane nang kampus negeri.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7524", "text": "Vonis dokter sing diomongno nang pasien e iku tujuane cek gak onok salah sangka antara dokter karo pasien. Ambekan ben dadi jelas sisan pasien iki lara opo dan yaopo cara penanganane sing tepak. Mbasio kenyataane pahit, tapi kudu diterimo. Tapi, vonis dokter, terutama nek vonis e iki perkoro umur pasien iku gak oleh dipercoyoi 100 persen ngono ae. Soale kabeh iku mbalik nang takdir e pasien iku mau. Semisal dokter ngevonis pasien mek isok bertahan sampe 3 wulan, isok ae takdir e pasien iku malah waras dan isok tetep urip. Dadi dokter iku mek isok memvonis, tapi keputusan akhir uripe uwong iku tetep onok nang tangane Allah SWT.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "8439", "text": "Kadangan, uwong iku gak mek ngguyu mergo kesalahane wong liyo. Onok sisan sing ngguyu mergo hal-hal sing konyol. Salah sijine impiane awak dewe sing kadang diluar nalar, iku isok dadi bahan ngguyune wong liyo. Nek misal awakmu ngalami koyok ngono, gak usah atek mbok rungokno. Jar jarno ae wong liyo ngguyu, saiki garek awak dewe sing mbuktikno nek impian iku temenan isok dicapai. Awakmu gak usah ngereken, dan fokus gawe usaha ben awakmu isok nyapai impianmu iku mau. Nek impian iku wes kecapai, awakmu pasti bakal bangga pol dan balik ngguyu wong sing mbiyen tau ngguyu nang awakmu, tak jamin wes.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "3766", "text": "Ancene ora kabeh wong iku jijik nag delok sing jenenge tumpukan sampah, soale yo ono wong sing uripe teko tumpukan sampah sing akhire diolah dadi barang sing manfaat. Nah terus opo sing garai wong iku jijik nag delok tumpukan sampah sing ono nang pinggir-pinggir dalan utowo nang ngarepe omah? Sing garai iku maeng biasane yo bosoke sampah sing marakno set ambek sing marakno ambe ora enak sing iso dadekno weteng loro kanggo wong sing ngambu ambu iku maeng. Terus kadang kan ono sete, iku sing marakno wong iku nyabe ambek gilamen sing kelingan terus nag mangan ambek nag lapo-lapo. Yo iku salah sijine perkoro sing marakno wong jijik ambek sing jenenge sampah.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "250", "text": "Pengalaman paling nyeneng pas cilik kui pas aku dijak dolan neng delok akurium sing gede. Aku dijak neng Sea World, Ancol Kui pas aku lagi seneng-senenge karo donyo ngisor laut. Aku seneng kehidupan di laut kui mergo nonton film Finding Nemo. Mergo delok film kui uga, pas umur sak mono aku duwe cita-cita dadi penyelam. Neng Sea World kui aku iso delok iwak hiu sing koyo ono ning film Finding Nemo. Aku uga iso liwat neng lorong akuarium sing digawe seko koco. Aku dadi iso ngeroso ono neng jero banyu, renang bareng karo iwak-iwak laut, senadyan pas kui ora ngerti carane renang.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3829", "text": "Koncoku iku mesti gelek ngandani akuh nag nang panggonan sing umum ben ora sampek salah mlebu jeding. Sak liyane iku ben ora sampek isin polahe keleru mlebu jeding. Nah ben ora salah mlebu toilet koncoku iku ngandani nag sak durunge mlebu iku deloken disek tulisane nang lawange utowo tembok sing ono nang pinggire iku maeng. Polahe biasane digeleh nang pinggir tembok tondoe iki maeng. Terus ojo sampek salah mlebu ben ora dadekno isin nag pas metu teko jeding. Maringunu nag wes kadung keleru yo wes kudu iso ngempet isin masio iku diwasi wong akeh yo kudu iso betahno. Soale nag wes kadung isin yo biasane bakal ilang dewe isine. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "9992", "text": "Swasana ning pesawat saiki lagi tegang banget. Ana penumpang sing ngamuk ning pramugarine amarga panganane nublek ana jng klambine dee. Wong sing ana ing pesawat padha keweden amarga wong sing ngamuk iki swarane gedhe banget, dheweke uga meh ngaplok pramugarine nanging dipisah karo wong liya lan pramugari liyane. Bahkan pramugarine nganti disiram balik karo wong iku. Padahal pramugarine wis njaluk sepura marang wong iku nanging wonge isih ora trima amarga jarene klambine iki klambi apik sing angel diumbah nalika ketumplekan ngombe. Nganti nangis pramugarine njaluk sepura ning wonge iku lan akhire wonge mandeg ora ngamuk-ngamuk maneh. Pesawat balik tenang maneh. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "3425", "text": "Nag jareku dadi saksi polahe kecelakaan iku yo ora perlu wedi, wong ora dadi sing kecelakaan ae kok. Yo cukup diomongno opo sing didelok ae ben ora dadekno perkoro anyar sing iso mloro awak. Nag ancene wong iku maeng jujur oleh ngomong yo mesti bakal anteng terus yo ora bakal wedi. Tapi biasane wong iku mesti keweden disiki polahe didadekno saksi sing ancene dikongkon jawab ambek jelasno lapooh iku iso kedaden terus critone iku maeng kok ngono maeng piye. Nah pertanyaan-pertanyaan sing akehe pol iku maeng yo termasuk sing garai wong wedi. Dadi nag ancene pengen wong sing dadi saksi iku ora wedi yo cukup ditakoni sak wajare ae. Ora atek sing aneh-aneh.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9449", "text": "Isuk kuwi omahe Pak Bardi keprungu ribut banget. Ibu lagi nyepakake sarapan ana pawon. Pak Bardi lagi ngresiki sawang ana teras ngarepan. Dita, anak wedoke katon upyeg kawit mau sajak kelangan barang kang wigati. “Ibuk pirsa topi sekolahku ora?” pitakone Dita mbengok marang ibune. “Ora” wangsulane ibune cekak. “Bapak pirsa topi sekolahku boten?” pitakone Dita karo mloya-malyu sajak kesusu. “Ora, Nok” wangsulane Bapak. Dita nerusake anggone golek topi karo nggerundel. “Nggoleki barang kuwi sing sabar Nok, orasah nganggo nesu” ngendikane bapak. “Luwih becik yen sing tumandang kuwi tangane, ora lambene, murih cepet mundhak ketemu” tambahane Ibu. Dita banjur ngeling-eling ana ngendi dheweke ndeleh topine mau, sawise ngeningake, dheweke ngangkat tas ransele, bener wae topine ana ngisor tas mau. Atine bungah banget, Lah bener kandhane Bapak lan Ibu yen goleki barang kuwi kudu sareh lan sabar, ora kemrungsung apamaneh nganggo nesu. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7690", "text": "Dino iki aku kepekso nang Bank mergo duit sing tak transfer wingi gak melbu rekeninge koncoku mergo gangguan sistem. Kesalahanku adalah aku teko nang Bank pas dino Senin, sing tandane Bank lagi rame-ramene. Akhire gelem gak gelem kudu ngantri CS sing akeh banget. Mbari ngenteni sampe telung jam dewe, akhire wayahku dilayani. Pas ditakoni kendalane opo, aku jelasno opo onone ae. Mulai deh ditangani. Awale dijaluk KTP karo buku tabungan, langsung tak keki. Pas wes difotokopi, dibalekno nang aku maneh. Terus mbak CS e sek leren wara wiri mboh lapo. Pas mbalik, KTP karo buku tabunganku dijaluk maneh, dan tak kekno maneh. Gak suwe, dibalekno maneh. Terus tengah-tengah ngutak ngatik computer, KTP karo buku tabunganku dijaluk maneh. Akhire aku langsung nyentak, “Nyoh, gowoen sek mbak, tuntasno disik kabeh baru dibalekno!” dan mbak CS e mek njaluk sepuro ala kadare. Wes emosi mergo antrian dowo, saiki ditambah emosi mergo mbak CS e gak jelas.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "2503", "text": "Roso seneng nag dideskripsekno iku iso dadi macem-macem. Opo maneh nag roso seneng polahe siji perkoro koyok seneng pas diterimo nag perguruan tinggi. Roso seneng sing koyok nginiki yoiku roso seneng sing teko utowo metu polahe perkoro liyane, sing dimaksud nag kene perkoro liyane yaiku ketrimo nag perguruan tinggi iku maeng sing dadi perkoro sing ngetokno roso senenge nang ati. Lah roso seneng iku dewe yo iso wae metu polahe perkoro-perkoro liyane sing iso dadekno ati iki seneng ora siji perkoro koyok maeng tok. Nag perkoro maeng kan ancene ono usaha sing teko wonge gawe mujudno roso seneng maeng yaiku melok ujiane utowo sinau sing mempeng. Tapi yo ono sing polahe delok opo-opo sing iso dadekno seneng koyok film lawakan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "4849", "text": "Kulkas bersama ning njero kos kuwi salah sawijining fasilitas sing kudune disukuri amarga ora kabeh kos nduwe fasilitas kuwi. Nanging akeh sing ora paham piye carane njaga fasilitas kulkas lan marai wong akeh mangkel amarga sak penake dhewe mangan lan ngombe sing dudu barange. Kebiasaan iki pancen ngerugikake kamggo wong liya. Salah sawijining cara sing bisa dilakoni ben ora dijupuk yaiku njenengi ning kotak utawa botol sing ana ning kulkas ben ora dijupuk wong liya. Nanging ya isih ana sing kelangan. Kamangka, ayo duwe kesadaran dewe kanggo njaga keamanan barang lan kudu ngerti yen njupuk panganan utawa ombenan wong kuwi ora apik lan bisa marai musuhan.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3840", "text": "Pas aku dolanan nang mol nang salah sijine kota Pahlawan, ono salah sijine SPG sing plek ketiplek ambek koncoku. Mari ngunu koncoku sing nang pinggirku maeng ngerti, akhire deke iku nyeluk SPG iku maeng, Tapi pas SPGne maeng mrono, tibake dudu. Nah koncoku wes kadung isen tapi iso bangkel polage deke SPG. Nah oleh ngeles maeng iku pawatan takok-takok produke maeng ono opo wae. Pas wes mari ambek wonge mereh bocahe guyu ngakak soale salah wong. Jarene \"slamet aku iso bangkel\". Tapi ancene nag salah oleh nyelok uwong iku ancene ngisin-ngisini. Opo maneh iku nag kedaden nang panggonan umum koyok iku maeng, yo tambah isine megilan.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4360", "text": "Wingi nane pas aku dolan nang dalah sijine kota wisata nang Jawa Timur, aku liwati panggonan sing ancene rodok sepi ambek kendaraan sing gede- gede mergo aku pengen nyantai ben enak iso ngerasakno perjalanane. Tapi pas tutuk enggon sing rodok ado teko deso, tibake uwakeh pondokan sampah sing garai aku sampek gedek-gedek mergo delok sampah sing sampek bosok maeng. Nah sing garai aku sampek gedek ambek gilo iku ambune sing ora karoan terus ono sing pateng blotrok maeng mangkane aku nag perok sampah sing wes mondok ora karoan mesti jemberi megilan ambek getinge pol polahe ngunuku maeng. Sak liyane iku kadang iso dadekno penyakit barang.", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "2543", "text": "Roso seneng sing metu nang menungso iku asline wes biasa ae ono nang jero atine menungso. Opo maneh kanggo mujudno menungso onoh sing aneh-aneh kelakoane, ono sing berok-berok, ono sing mencolot, ono sing ngangkat tangane ambek liyan-liyane. Roso seneng polahe nemokno barang sing digoleki iku roso sing dirasakano menungso polahe barang utowo perkoro. Roso iki asline kedaden songko perkoro utowo emosi sing apik mangkane iso dadekno roso seneng nang atine menungso. Dadi menungso sing iso ngerasakno roso iku maeng biasane ngerasakno roso seneng sing megilan. Mangkane kadang gawe mujudno utowo nyudohno roso seneng maeng wong iku tingkae aneh-aneh karek watake wong iku maeng.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "1137", "text": "Neng daerah Indonesia, arep neng endi wae, kui potensi kedadean lindu kui duwur banget. Mergo negoro iki pancen ono neng pertemuan akeh lempengan. Supoyo awak dhewe ora wedi lan ati ayem, sak ben ono lindu kui, ono beberapa hal sing iso awak dhewe lakoke lan gateke. Sing kesiji, awak dhewe ojo ngasi panik. Panik kui malah sing luwih nyilakani timabange lindune kui dhewe. Sing keloro, awak dhewe iso ndelik neng ngisor mejo. Tujuane yen ono atep sing tibo, ora langsung nibani awak dhewe. Sing ketelu, awak dhewe iso metu neng lapangan sing kosong. Yen ora ono mejo lan ora iso metu, awak dhewe iso ngadek neng samping tembok.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7210", "text": "Suasana rumah sakit pas iku lagi mencekam banget. Kabeh keluargaku lagi ngumpul ndek ngarep salah siji ruang rawat panggon budeku dirawat. Kondisine moro-moro kritis dan saiki lagi ditangani dokter. Awale kate digowo nang UGD, cuma bojone gak ngoleni dan njaluk tetep nang kamar ae. Akhire disetujui. Aku ambek dulur-dulurku mek isok dungo pas ngenteni nang njobo. Mboh opo’o doktere suwe banget nangani budeku sampe aku dadi wedi dewe. Pas doktere metu, beliau mek isok ambekan gede marai aku tambah wedi. Pas krungu pakdeku nangis gero-gero, awak dewe langsung mak dheg. Terus pas doktere ngomong nek budeku wes gak isok diselametno, aku langsung nuangis kenceng saking sedihe. Budeku iku wes dadi ibu keduaku, dan eroh beliau meninggal iku marakno aku suedih nemen.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "7536", "text": "Akhir-akhir iki prank iku ancen luwe cenderung nang hal-hal sing negatif. Padahal, prank sing sek dalam batas aman iku isok menghibur banget bah gawe pelaku sampe korbane sisan. Salah sijine iku ngeprank mobil mogok. Guduk mobil temenan, tapi mobil-mobilan sing onok nang game. Dadi carane awakmu dolen game tentang mobil mobilan nang hp, terus pas mobil iku mogok, screenshot en hpmu. Terus cepet-cepet ngechat arek sing bakal dadi korban prankmu. Usahakno cara ngechat mu iku sing nggopohi ben isok marakno panik. Terus nek korban wes ketok panik, baru kirim gambar mobil mogok nang game iku mau. Siap siap ae bakal dipisuhi karo korban, tapi setidake awakmu isok marakno korban iku ngguyu. Nek wes ngono, berarti prank iku berhasil.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5277", "text": "Akeh cah wedhok sing ora perhatian karo pergaulane kanthi ngelakoni pergaulan bebas lan seks tanpa pengaman sing bisa marai penyakit seksual uga kelairan sing ora diarepake. Biyasane, bocah sing meteng ora dikarepake iki bingung lang ora ngerti amarga ora ngerti tandane apa wae. Kamangka, sing perlu dipahami saka kasus isi yaiku kaping pisan, aja gampang percaya marang wong kang seneng mbujuk lan seneng ngapusi ben bisa ngerasakake seks bebas. Kaping pindho, yen nganut agama kudu sing kuat. Kaping telu yaiku ngerti wates ning pergaulan ben ora bablas lan nyusahake wong tuwa. Kaping papat, yaiku aja nyoba barang sing ora dikenal amarga penasaran lan ora duwe ilmune. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "7907", "text": "Nek awakmu kate presentasi utowo ditunjuk gawe nyampaino materi nang ngarep wong akeh, opo sing bakal mbok lakoni? Sing jelas awakmu kudu persiapan ket suwe ben awakmu gak sampe ngalami demam panggung pas hari-H. Onok pirang langkah sing isok mbok lakoni. Siji, siapno materi sing detail. Iki persiapan sing paling penting, ben awakmu isok luwe lancar nyampaino materimu dan gak saklek ambek teks tok. Loro, lakoni relaksasi dengan cara ngatur napas. Telu, latih artikulasimu pas ngomong, ben engkok gak belibet pas nyampaino materi. Papat, latih gestur tubuh ben penonton iku isok tertarik ambek materi sing lagi mbok sampaino. Terakhir, latihan luwe sering pas lagi dewean utowo nang ngarepe koncomu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "3850", "text": "Wingi pas aku ngopi ambek bocah-bocah nang warung pinggire kampus, aku sampek isin polahe moro-moro nang pinggirku iku ono wong sing aku dewe ora kenal iku klambine plek-ketiplek ambek aku. Nah pas lunggoh nang bocah-bocah langsung diguyu soale mirip klambine ambek bocah wedok sing nang pinggire bocah-bocah lunggoh. Mari ngunu aku yo diisin-isine menisan sing garai aku sampek isin. Terus bocah sing kembar klambine ambek aku, moro-moro langsung mereh, paling yo ngerti paling nag klambine podo ambek aku, akhire isen terus ngaleh. Nah iku sing garai aku isin maneh, soale bocah-bocah nag wes kadung godohi mesti ora leren-leren nag gak pegel.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "4821", "text": "Aku lagi mbuka toko online lan ndelok ana salah sawijine klambi sing apik. Klambi kuwi kaya jaket lan bahane apik tur awet. Nanging pas kuwi aku ora duwe dhuwit, dadine aku nyelengi dhuwit jajan. Saben dina, aku ngirit-irit jajan ben ora ngetokake dhuwit akeh. Aku nyatet pemasukan lan pengeluaran sing ana saben dina. Dhuwit kuwi mau tak kumpulake ning celengan lan rekening amarga luwih aman. Pas dhuwite wes kekumpul, aku langsung tuku klambi nganggo dhuwit kuwi. Nanging isih ana dhuwit sisa lan ora tak belanjakake lan tak nggo jaga-jaga. Aku ngerasakake manfaate nyelengi iki lan aku ngerasa seneng banget amarga duwe pengalaman nyelengi iki. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "5778", "text": "Serangan panik kuwi bisa ana ning kabeh wong amarga toleransi lan kepekaane wong uga bedha-bedha. Wong sing sensitif cenderung bisa cepet kena serangan panik lan bisa ngalami babagan sing ora enak. Kanggo wong sing gampang panik, pancen iki ora nyenengake amarga bisa marai stres lan lara ning awak. Amarga kuwi, evaluasi marang kepribadian iki uga penting. Carane yaiku luwih ngenali apa sing disenengi lan uga ora disenengi karo nemokake cara kanggo nenangake awak. Kamangka, awak dhewe kudu ngerti babagan mental lan kudu ngerti cara ngendalikake awak. Banjur yen wes paham carane, ayo dadi wong sing luwih pangerten marang awake dhewe. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "1168", "text": "Yen awak dhewe lagi dhewekan neng jobo, opo meneh neng panggon sing kanggo awak dhewe kui asing, awak dhewe sok-sok ngeoros wedi. Awak dhewe ora iso jajal hal-hal sing anyar mergo, awak dhewe ngebayangke ono wong sing bakal nyilakani utowo ngelecehke awak dhewe. Nanging kui mung neng pikirane awak dhewe. Awak dhewe kudu perocoyo yen luwih okeh wong apik timbangane wong sing jahat neng donyo iki. Dadi awak dhewe tetep wae ngelakoke opo sing awak dhewe pengeni lan menyang neng panggon sing gawe awak dhewe penasaran. Yen awak dhewe menangi rasa wedine dhewe terus, awak dhewe ora entuk akeh pengalaman.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "639", "text": "Prank saiki pancen dadi jenis video sing disenengi karo akeh wong. Buktine seko jumlah video lan jumlah sing nonton neng sosial media. Nanging, kegiatan prank koyo ngono kui mung nguntungke sing gawe konten. Dheweke iso entuk duwit seko ngunggah video kui neng Youtube. Video iki luwih akeh eleke timbangane apike. Konten-konten prank koyo ngeneki kerep ditonton karo cah cilik. Wong pas isih cilik kui kudune awak dhewe ajari ilmu pengetahuan utowo keterampilan sing ono manfaate. Yen cah cilik iki malah luwih kepengen gawe wong kaget timabange gawe wong tuwo bangga kui mengko bakal repot. Wis sak yogyane, awak dhewe ora gawe konten prank-prank koyo ngene iki meneh.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "5279", "text": "Ning Indonesia, pendidikan seksual iki dadi salah siji materi sing kurang pantes disampekake ning lembaga pendidikan kaya sekolah lan kampus, padahal pendidikan seksual iki sifate uga apik kanggo nyegah wong sing meteng nanging ora direncanakake. Wong tuwa uga kudu mulai kebuka pikirane ben bisa ndidik babagan seksual nang anak lan ngindarake saka marabahaya jaman saiki sing nyerang psikis lan mental anak. Akeh wong kang meteng nanging ora direncana amarga pendidikan seksual sing kurang apik lan kurang lengkap, wiwit perkara biologis kanti kontrasepsi. Kamangka kuwi, ayo dadi generasi sing kebuka pikirane lan uga bisa nerima pendidikan seksual iki dadi bagian saka urip ning masyarakat. ", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "360", "text": "Pengalaman sing paling sedih kanggo aku kui pas kudu pindah seko Bogor neng Yogyakarta. Aku wedi banget ora entok kehidupan sing podo koyo neng Bogor. Neng kota sing arep sak ben dino udan kui, aku duwe konco cerak banget. Aldi karo Rian. Awak dhewe kui cerak banget tekan awak dhewe duwe cita-cita bareng, dadi sak tim neng balapan F1. Pas sedino sak durunge aku mangkat neng Yogyakarta, aku ngamuk-ngamuk. Nangis, bengok-bengok ora cetho koyo wong kelebonan. Sangking ngamuke, aku tekan berantake kamar turu. Sperei tak buka-buka. Bantal karo guling tak lempar-lempar. Tekan kasur tak walike. Ketoke pas kui, aku pengen nunjuke koyo opo aku ora gelem pindah omah.", "label": 2, "label_text": "sad"} +{"id": "9448", "text": "Sapa kang wis tau ngalami kegiyatan kaya ospek banjur dikon golek piranti kang aneh-aneh? Contone: minuman po cari keringat, snack pembohong, buah yang sopan, lan liya-liyane. Iki critaku pas ospek biyen, wektu kuwi tugas kanggo dina senin dikon gawa rafia werna ungu. Dina minggune aku lan kanca-kancaku kangsenan gawe properti topeng kang digawa dina senin uga. Anggone rampung watawis tabuh 6.30 bengi. Ing dalan bali aku lagek kelingan yen durung tuku rafia werna ungu. Aku banjur mandheg ana toko, bakule muni ora ana. Dakteruske lakuku, mandheg ana toko liyane, wangsulane padha, ora ana. Dakterusake nganti toko cedhak omahku, wis meh pitung toko tak takoni, nanging kabeh ora duwe rafia ungu. Aku tekan omah wis meh jam sanga bengi. Aku bingung, yen arep nerusake golek, toko-toko ya wis dha tutup. Akhire, sesuk isuk jam 4, aku budhal pasar marani wong bakul kerdus, aku takon apa ana rafia ungu, dheweke mangsuli duwe, ning regane rada larang. Tanpa nganggo mikir langsung daktuku. Aku seneng banget, akhire oleh piranti kuwi sawise wingi mubeng-mubeng ora oleh. Mula yen ana tugas kang wus diparingake suwe nek bisa enggal dijangkepi, mengko mundhak kaya aku, bingung ing tembene. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "8419", "text": "Aku iku bingung. Opo’o menungso iku mesti ngguyu ben krungu suara entut. Bah iku mergo ndelok acara komedi sing pemaine ngentut, utowo wong nang sekitare sing ngentut, ujung ujunge pasti diguyu. Wong-wong iku sadar gak seh, nek de’e iku yo menungso dan pasti tau ngentut sisan. Opo’o nek onok uwong ngentut iku ngguyune sampe kemekelen nemen. Kan koyok ngono iku marakno wong sing diguyu maleh isin karepe dewe. Nek wes ngono, wong sing diguyu mau pasti maleh ngempet ngentut dan iku gak apik gawe kesehatane dewe. Dadi gawe awakmu sing krungu onok wong sing ngentut, bersikap o biasa ae, gak usah diguyu, wong iku normal kok.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "6180", "text": "Aku duwe kanca saka fakultas peternakan sing saban sore senengane ngopeni sapi ning gedung fakultas kanggo praktik lan uga njupuk data. Kancaku iki wedhok nanging ya gelem ngelakoni gawean kasar kaya ngarit ning lapangan kampus, ngeresiki kandang, lan uga nggiring kewan ternak menyang kandang senajan awake kuru lan cilik. Wayah KKN, aku dadi sak tim karo bocah iki. Saban rapat sore, dekne mesti mlayu-mlayu saka fakultas banjur melu rapat. Banjur kancaku ana sing ngomong terang-terangan yen awake mambu sapi. Kancaku iki ora nesu malah ngguyu kisinan, banjur sesuke dekne yen arep rapat KKN sore, nggawa klambi ganti lan nganggo parfum. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "5318", "text": "Latihan bela diri iki salah siji cara sing apik ben bisa ngontrol emosi, utamane kanggo bocah cilik sing mulai umur sekolah amarga kadhang omongan kanca kuwi ora bisa dikendalikake, apa maneh sing ning umur SD lan SMP. Latihan bela diri iki bisa ngindarake saka tantrum sing ana bocah cilik kuwi. Latihan bela diri iki uga dudu kanggo dadi jagoan, nanging uga dadi salah siji olah raga sing nyehatake awak lan ngelatih percaya diri kanggo bocah sing saka cilik mungkin ana kekurangan ning postur kaya kelebihan bobot, kurang dhuwur, utawa sing pengen mbentuk awak. Kamangka, ayo ajak adhine awak dhewe melu bela diri kanggo ngelatih kesabaran lan mental. ", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "5357", "text": "Nyiyapake ujian iki uga marai stres lan bisa marai lali mangan, istirahat, lan seneng-seneng. Emosi iki biyasane ketahan lan bisa dadi masalah gedhe uga bisa marai ujian ora lancar. Kamangka ujian iki dadi babagan sing serius amarga kudu diperhatekake. Amarga kuwi, sak durunge ujian usahakake ora sinau dadakan lan kudu disiyapake temenanan. Persiyapan iki ora mung fisik, nanging uga mental lan kemampuan. Piranti ujian kaya alat tulis lan komputer uga disiapake. Pas sinau, perlu ana wektu kanggo ambegan ben ora mumet lan ora stres. Kudu ana wektu kanggo mlaku-mlaku. Persiapan sing mateng iki bisa dadi salah siji cara kanggo ngurangi emosi sing ora stabil.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "8059", "text": "Gawe awakmu sing wes tau sinau bela diri, selamat rek awakmu wes nduwe siji senjata gawe ngelindungi diri. Nang jaman sing tambah akeh kejahatan, awak dewe kudu memperkuat pertahanan diri. Nguasai bela diri iku dadi salah siji senjata paling ampuh gawe mertahano awak dewe teko kejahatan. Nek awakmu isok bela diri, awakmu isok luwe tenang gawe lungo nang ndi ae. Soale nek misal onok sing nyerang, awakmu isok nyerang balik. Utowo onok sing netuti, awakmu isok nyerang disikan ben wong iku wedi ambek awakmu disikan. Dadi gawe awakmu sing sek pingin nguasai bela diri, mulai teko saiki. Gak onok kata terlambat gawe sinau hal-hal sing positif.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "9862", "text": "Bapak lan Ibuku saiki lagi padha nangis amarga bar ditelpon lek menang undian umroh ana ing bank. Bapak lan Ibuk pancen wingi ngomong lan njaluk dunga supaya bisa menang undian umroh ana ing bank. Raine Bapak abang banget, luhne ora bisa mandeg, mripate kaca-kaca saking seneng bakal umroh gratis. Ibu uga padha persis kaya Bapak. Mripate wis sembab amarga kakehan nangis, swarane bindeng, lan tangane isih gemeteran. Aku uga seneng banget nganti tanganku melu gemeteran. Nanging aku tetep mastikna ning bank iku apa undian iki tenanan. Aku nelpon bank sing ngandani Bapak lan Ibuku maeng, lan pancen tenanan babagan undian umroh iki.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "1028", "text": "Mergo tau dikhianati, wong kui iso dadi trauma lan ora gelem percoyo karo wong liya meneh. Mungkin, ora pas yen aku ngomong ora gelem percoyo karo kabeh wong, luwih tepate wong kui dadi milih-milih yen arep percoyo karo wong. Dheweke ora bakal ngomong sing opo sing iso dadi wadi kanggo dheweke neng wong sing durung kenal cerak. Sing paling parah kui, yen wonge dadi ora gelum jaluk tulung. Padahal, neng urip iki, awak dhewe butuh bantuan saking wong liya. Awak dhewe kui duwe kemampuan nanging ono watese. Yen awak dhewe ora gelem jaluk tulung karo wong, padalah awak dhewe sebenere butuh, awak dhewe dadi rugi dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "6005", "text": "Akeh wong sing ora nggatekake yen tandha gegar otak yaiku mual lan muntah. Kurange pengetahuan kedaruratan iki marai wong milkir yen sajane muntah bar kecelakaan utawa benturan iki disebabake saka syok. Nanging muntah iki bisa dadi tandha kerusakan otak lan bisa marai penyakit saraf lan otak sing permanen. Wong sing ora ngerti iki bakal ngewenehi ombenan sing anget, nanging sing kudune bener yaiku nggawa langsung menyang rumah sakit lan ngelakoni pengecekan, apa maneh yen muntahe parah kanthi ngetokake banyu. Amarga kuwi, wong awam sing ora ngerti kepiye tandhane gangguan fisik pas kecelakaan iki luwih becik nggolek pitulungan wae tinimbang salah. ", "label": 1, "label_text": "disgusted"} +{"id": "5649", "text": "Dhemit kuwi salah siji barang gaib sing diwedeni karo wong. Nanging karo para pendaki gunung, wedi marang dhemit iki bisa diolah dadi pikiran sing luwih positif kanggo jaga-jaga kaya anane kewan liar utawa tanduran-tanduran sing ceblok. Kewan kuwi uga macem-macem, yaiku musang, kethek, ula lan sapanunggale. Kamangka, melu pendakian ning gunung utawa dolan ning alam kuwi bisa dadi salah siji cara kanggo terapi ngurasi rasa wedi marang dedhemit amarga ning alam, awak dhewe diajari kanggo ngormati kabeh jenis penghuni kaya kewan uga barang gaib nanging kudu tetep mikir positif. Kamangka, ayo melu munggah gunung ben dadi wong sing luwih wani. ", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "5396", "text": "Ngurus BPJS iki angel-angel gampang amarga kadhang ana petugas sing kurang paham. Ngurus BPJS iki dadi masalah sing kadang ditemokake amarga kurang informasi lan kurang sosialisasi saka pusat. Yen kurang informasi, iki bisa dadi ngerugikake pelanggan lan bisa marai peserta BPJS iki kurang puas lan kurang bisa nerima layanan kerja uga bisa dadi emosi. Kamangka, awak dhewe kudu bisa nggolek informasi dhisik. Kaping pisan yaiku nggolek informasi saka internet dhisik. Kaping pindho catet apa wae sing perlu kaya nomor lan uga tingkatan BPJS. Kaping telu, aja nganti informasi iki kelewat amarga bisa ngaruh kanggo identitas lan proses pencairan. Yen bisa, awak dhewe sing golek info dhisik.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "6181", "text": "Ibu paling ora seneng ambu rokok amarga jare ibuku, ambu wokok kuwi tingkatan paling dhuwur lan angel diilangi yen wayah umbah-umbah lan bisa marai wong mual. Sawijining dina, bapakku bali saka pos ronda bar oleh piket jaga pos kamling. Banjur ibu sing isih nonton TV ngambu klambine bapak ambu rokok klobot, yaiku rokok sing dibungkus nganggo kulite jagung. Banjur Bapak bingung amarga ibu nesu-nesu, dikira bapak iki melu ngerokok, padahal bapakku dudu perokok. Jebul klambine bapak iki kena ambu rokok saka bapak-bapak sing lagi jaga pos ronda. Amarga kisinan, banjur bapak njupuk klambi lan adus ben ngilangi ambu rokok kuwi. ", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "765", "text": "Misale awake dhewe duwe sedulur, kakang utowo adi. Awak dhewe sok ngeroso perlakuan orang tuwane dhewe kui bedo neng anak-anake. Ketoke salah siji anake luwih disayang ketimbang sing sijine. Awak dhewe ngeroso kui ora adil lan dadi mangkel neng dulur utowo wong tuwane awak dhewe. Nanging wong tuwa duwe anak emas kui wajar. Wong tuwo kui uga menungso sing duweni kencenderungan marang suatu pilihan. Tapi awak dhewe ora entuk lali yen wong tuwa kui ora mungkin benci karo anak-anake. Awak dhewe kudu yakin wong tuwa kui selalu usaha ben iso adil karo anak-anak. Dheweke ora kepengen anake ono sing ngeroso diasingke utowo dadi koyo anak sambung.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1020", "text": "Adiku wedi banget karo duren. Itungane koyoke dudu fobia, nanging dheweke kui wedi banget yen wis delok duren. Dheweke ngeroso keri yen delok ri neng buah duren. Adiku uga ora seneng karo ambune duren. Tau, aku sak keluarga nyambangi neng dulur sing adoh neng Jawa Tengah. Panggone kui terkenal karo salah siji kebun duren sing paling ombo neng propinsi kui. Pas kui, ngepasi banget karo mongso panene. Dadine, awak dhewe disuguhi duren. Adiku seng ora seneng, langsung mlayu mlebu mobil. Dheweke watuk-watuk. Untunge, dheweke ora tekan mukok. Koyoke sifate eyangku nurun neng adiku. Eyangku uga ngindari yen ono wong dodolan duren. Eyangku kui tau semaput mung mergo ngambu buah kui.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7517", "text": "Hadiah iku biasane ditujukno gawe koncone awak dewe ben onok momen spesial tertentu, contohe koyok nek pas ulang tahun. Awak dewe pasti pingin banget ngekeki hadiah sing berharga gawe koncone awak dewe. Onok tips gawe milih kado sing tepak. Siji, pilih kado sing dadi wishlist e. Kadang ngono onok arek sing ngomong lagi pingin iki, lagi pingin iku. Nah nek onok koncomu sing ngomong koyok ngono, cateten jeneng barang iku gawe engkok mbok kekno pas ulang tahun. Loro, kekno kado sing pasti bakal dinggo dan gak bakal mubazir. Contohe koyok mie instan, pasti iku bakal dipangan karo koncomu. Terakhir, sing paling penting, sesuaino karo budgetmu. Ojok sampe mergo awakmu ngekeki kado gawe koncomu, awakmu sampe gak isok mangan.", "label": 5, "label_text": "surprise"} +{"id": "9989", "text": "Kerja wing pirang-pirang taun nanging ujug-ujug penggawean dipek wong liya pancen nyebahi banget. Manungsa wis pasti ngamuk lan muring-muring amarga ngerasa ora nduweni salah nanging kok malah penggaweane dipek wong liya. Senajan dudu salahe kene, nanging kene kudu crosscheck ning bos supaya ora ana salah paham lan supaya swasana ning kantor dadi penak. Ngono iku kadang ana wong njero sing akhire bisa nggawe kene geser saka penggaweane kene. Pancen ora bisa dipungkiri yen kedadean kaya ngono nyata anane. Mula yen nemu utawa ngalami kedadean sing kaya ngono ora perlu isin kanggo nakok ning bos supaya kabeh jelas lan ora ana salah paham.", "label": 4, "label_text": "angry"} +{"id": "1015", "text": "Wong sing nodong senjata neng awak dhewe wong sing sebenere wedi. Misale awak dhewe ditodong tenanan, ora mungkin awak dhewe ora ngeroso wedi. Ono lading nempel neng gulune awak dhewe. Jarake dhewe karo kematian kui mung sak irisan. Nanging sing sebenere wedi kui, wong sing nodong kui sing wedi. Yen awak dhewe deloke tampange dhewe sing keweden, dheweke ngeroso wani. Makin ketok wedine rupane dhewe, makin ngeroso kendel wong kui. Nanging, jajal awak dhewe ora nunjuke rasa wedi kui lan terus kalem. Dheweke mungkin ora sewani sakdurunge. Malah iso, wae gentenan wong sing nodong kui sing ngeroso wedi. Sing kemeringet iso dadi malah dheweke dudu awak dhewe.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "265", "text": "Malam Penganugrahan Piala Citra sing diadake karo Festival Film Indonesia, dadi acara taunan sing paling dienteni karo wong-wong ning industri film Indonesia. Neng kono ora mung pelakon wae sing dikei penghargaan, nanging uga wong sing ono nek walik layar, koyo sutradara, penata musik, penata busana, tekan perias. Ono perbedaan sesorah sing diucapke karo wong sing dadi aktor utowo aktris lan wong-wong sing kerjo dibalik layar. Perbedaan kui mungkin ono mergo gaweane sak ben dinone. Wong sing dadi aktor kui iso ngomong luwih lancar. Dee ngerti opo sing arep diomongke. Senadyan, wong-wong sing biasa kerjo neng walik layar kui ngomonge rodo belibet.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "2580", "text": "Tahun iki aku oleh undangan teko koncoku sing ngerayakno pernikahane nag kota magetan. Aku asline senenge pol ambek kepingin teko nag dino bahagiae koncoku iku, soale sing garai aku seneng ora mok dinoe nikahane tok, tapi delok perjuangane ikuloh sing garai aku sampek terharu megilan. Mangkane pas aku oleh undangan aku senenge pol. Terus janji ambek bocahe nag bakal mrono pas dino iku. Akhire nag dino sing ono nang undangan iku, aku karo konco-konco sing diundangi teko nang acara iku masio adoh teko jogja nang magetan. Tapi sing garai seru yoiku perjalanane mrono maeng. Nang perjalan ono pemandangan sing apike megilan ambek ora ono bandingane karo liyane soale awak dewek lewat gunung lawu terus iso delok pemandangan sing luar biasa. ", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "3812", "text": "Ngentut iku asline wes dadi perkoro sing dianggep lumrah utowo biasa kanggo wong sing ono nang dunyo iki, mergo nag ora iso ngentut mesti marakno perkoro sing dadekno wong sing ngalami iku maeng dadi ngetokno bondo akeh soale mesti marakno wonge loro mergo ora iso ngentut. Nah sing marakno wong sing ngentut iku maeng isin asline yo ora entute, tapi perkoro sing barengi ngentut iku maeng contone koyok ngentut sing unine banget megilan sampek wong-wong sing nang pinggire maeng keringgi polahe saking bangete. Nah nag model koyok ngunuku sing biasane dadekno wong sing ngentut mesti isin mergo entut iku maeng. Dadi, asline yo ora mok ngentut tok terus maleh isin.", "label": 6, "label_text": "shame"} +{"id": "273", "text": "Penggemar sing fanatik kui mesthi bakal seneng banget pas ketemu idolane. Sebenere, kabeh wong bakal ngeroso ora nyongko yen iso ketemu karo wong sing diidolake. Nanging, fan fanatik iki bedo karo penggemar sing biasa. Penggemar fanatik kui cepet ngerti informasi paling anyar seko idalane. Dee ora pengen ketinggalan lan pengen dadi sing paling awal ngerti. Fan sing koyo ngono kerep dianggep berlebihan. Soale, dee kepengen dadi mirip banget karo idalone, seko carane macak tekan klambi sing dienggo. Malah ono sing bela-belani, oprasi plastik ben iso pek-ketiplek rupane. Fan fanatik uga kepengen sing terbaik kanggo idolane sendyan idolane kui ora cocok karo pikirane. Nanging, idolane kui dipekso penggemare sing fanatik ben dituruti.", "label": 3, "label_text": "happy"} +{"id": "7968", "text": "Awakmu tau gak lagi diancem ambek uwong padahal awakmu gak tau nggolek perkoro nang wong liyo? Nek wes ngono, awakmu ojok wedi dan nyerah ngono ae. Awakmu nek gelem menang, kudu luwe tatak dan nek isok sudokno sikap arogansimu sisan. Sak isokne awakmu kudu isok mendominasi uwong sing lagi ngancem awakmu. Sudokno nek awakmu sek nduwe kuasa atas pelaku iku mau. Misal, wong iku ngancem bakal bakar omahmu nek awakmu gak ngekeki duit. Awakmu isok ngomong nek awakmu kerabat e polisi nang daerah iku dan awakmu isok ae langsung nelpon polisi iku detik iki pisan. Pokoke nek lagi diancem, awakmu kudu tatak ben pelaku iku isok balik wedi nang awakmu.", "label": 0, "label_text": "fear"} +{"id": "7928", "text": "Kadangan, awak dewe tau nemoni uwong sing ngeremehno fobiane wong liyo. Kadang ngono ngomonge, “Halah, mek ngono tok ae lho, lapo atek wedi”. Sing koyok ngono iku marakno penderita bakal mendem rasa wedine iku ben gak dienyek maneh ambek wong liyo. Padahal, fobia iku salah siji gangguan psikologis sing butuh penanganan khusus dan gak oleh dijarno ngono ae. Fobia sing gak ditangani dengan tepak bakal ngaruh rutinitase penderita iku mau. Efek sampinge iku mulai teko isolasi sosial, gangguan suasana ati, penyalahgunaan obat-obatan utowo alkohol, sampe isok berujung bunuh diri mergo wes gak tahan ngalami fobia iku mau. Dadi nek misal awakmu nduwe fobia, utowo onok koncomu sing nduwe fobia, cepetan nang psikiater cek isok ditulungi dan isok waras.", "label": 0, "label_text": "fear"}